Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Dongèng Asma Daya, Anonim, c. 1825, #348

Katalog:Dongèng Asma Daya, Anonim, c. 1825, #348
Sambung:-

Dongèng AsmadayaTeks asli tanpa judul.

--- 1 ---

Punika sêrat cariyos dongèng, ingkang dipun namakakên Dungèng Asmadaya, mila winastan asmadaya, sangking wontên ingkang nyariyosakên pêkangsaling nama, kapêndhêt sangking tênasuping têmbung, utawi cariyos sanès-sanèsipun.

Ingkang dados bêbukaning carita, ing nagari Kaliyoga, wontên abdi dalêm mantri, gêgriya sak lèr kilèning nagari, winastan dhusun Kasimpar, dene wastaning priyantun, nama Mas Ngabèi Sidalaku, gadhah rencang sakawan. Satunggal nama pun Pawaka, kalih pun Sutirta, tiga pun Samira, sakawan pun Kismara. Kacariyos, sangêt sihipun mas ngabèi dhumatêng rencang sakawan wau, tansah winulang patraping tiyang gêgriya, kasambadan batih sakawan wau samya miturut, anglampahi punapa pandamêl ingkang sampun kawajibakên. Mila anêmahi basukining lampah, sanadyan rencang amung sakawan. Mas ngabèi botên badhe kacuwan punapa sakarsanipun. Awit rencang sakawan wau, sampun putus saliring kagunan. Botên kewran dhumatêng ing agal-alus.

Kacariyos amarêngi wanci jam nêm enjing, dintên Soma Manis, tanggal kaping kawan likur, ing wulan [wula...]

--- 2 ---

[...n] Rêjêb, warsa Be, sinêngkalan, aningali dêdalan unggyaning tunggal.Sengkalan: aningali dêdalan unggyaning tunggal ( Sênèn Lêgi, 24 Rêjêb 1752 A.J., Senin 14 Maret 1825 A.D. ). Mas ngabèi mêdal saking griya, sasampuning lumampah punapa padatanipun, lajêng linggih ing pandhapi, ngundang batihipun sêkawan wau, sampun sami dhatêng sadaya, mas ngabèi ngandika, hèh Pawaka, Sutirta, Kismara, lan Si Samira, apa kowe wus tumandang apa gawemu wong omah-omah, padha matura dhewe-dhewe, kang kowe lakoni mau. Aturing Pawaka: inggih lurah, kula wau sampun rêrêsik sadaya ingkang rêgêt-rêgêt, punapa dene nyirnakakên ingkang saru-saru, amung kantun bangsanipun ngatêng-atêngi, punika dèrèng, awit kula manah tagsihtaksih (dan di tempat lain). enjing. Mas ngabèi, iya wus bênêr, lah kowe Sutirta, kêpriye. Aturing Sutirta, inggih lurah, kula punika wau sampun ngangsu sarta ngisèn-isèni, punapa ingkang badhe kajasat. Lajêng nyirami têtanêman, ngêjogi sadaya têtêdhanipun ingah-ingahan sampeyan, amung kantun maringi têdha, dhumatêng abdi sampeyan, utawi tiyang nyambut damêl punika dèrèng, sangking dèrèng wancinipun. Mas ngabèi: iya wus bênêr, lah kowe Samira kêpriye. Aturing Samira, inggih lurah, kula punika wau sampun amirsani ilènipun sadaya toya ing kalèn, punapa malih angêncêngakên

--- 3 ---

pandamêlanipun rencang sampeyan sadaya, ingkang sami gadhah garapan, amung kantun mirsani lêstantunipun margi agêng ingkang dèrèng, awit ngêntosi palapuran. Mas ngabèi: iya wus bênêr, lah kowe Kismara kêpriye. Aturing Kismara, inggih lurah kula punika wau, sampun anyimpên-nyimpêni, punapa barang ingkang botên kangge, utawi brongsongi sadaya wowohan, ingkang dawêg nêdhêng wohipun, sarta adamêl patarangan pêgsipêksi. utawi ayam, punapadene mirantosi susuhing mina ingkang dawêg mangsanipun nigan, amung kantun amadhahi, sadaya sêsaosan sampeyan, punika dèrèng, awit dèrèng wanci. Mas ngabèi, iya wus bênêr, samono iku padha lêstarèkêna. Ing salawase, aja rêbutan panggawean, mundhak gawe sêlang surup, aminihi rusaking tata. Aturipun batih sakawan sami sêndika sadaya. Mas ngabêi ngandika malih, hèh bocah papat, aku mau bêngi angimpi, kadhayohan wong lanang, rupane bagus, sarta anggawa wong wadon, kèhe limalas. Wong wadon mau rupane beda-beda, dalah pawakan utawa pasêmone, ora nana kang padha, iku kêpriye mungguh sesurupamu. Aturipun batih pun Samira, inggih lurah, kilap inggal lamènipun badhe wontên kang

--- 4 ---

pinanggih. Sinigêg kasaru, amyarsa swaraning turôngga. Mas ngabèi, he Samira, aku krungu bêrngingèhing jaran, kaya dudu jaran kene, mara age tilikana marang jaba. Pun Samira, inggal mêdal sajawining dhusun. Awas mulat wontên priyantun numpak kapal. Inggal dipun parêpêgi, sarwi maripih pitakèn, sampeyan punika pundi. Ingkang tinakèn, aku iki abdi dalêm mantri pandhe, jênêngku Ngabèi Mardisara, omahku ing kampung Pikiran. Samira: mênggah karsa sampeyan. Mardisara, karêpku arêp katêmu si kakang Sidalaku, apa ana dalêm. Samira, inggih wontên, sumôngga mas bèi lajêng kemawon. Pun Samira lumajêng marêk ing lurah, matur, lurah punika wontên tamu, abdi dalêm mantri pandhe, nama Mas Ngabèi Mardisara. Sidalaku, iya sapira, aturana bacut bae, lan kowe Kismara, jupukna ikêt kambi kêris. Dhatêng lajêng rinasuk. Lampahe pun Samira, sampun ngirit, dumugi sajawining regol, kapal cinêpêngan, mas ngabèi mudhun saking turôngga, laju pinapagakên ing tratag. Sidalaku: lo sampeyan dhi, punapa sami sugêng. Mardisara: pangèstu sampeyan kakang dene sagêt sowan mriki, wanci makatên nangunipunwangunipun. kakang dawêg wungu sare. Sidalaku: ênggih dhi bênêr, rada karipan wau bêngi, basa rada tuwa niki, undhake kêrêp botên olèh [o...]

--- 5 ---

[...lèh] turu, he Kismara, gêlara klasa ngèmpèr kene bae isis, môngga dhi lênggah ing ngriki, Kismara, jarane si adhi kae lêbokna gêdhogan. Lan kowe Sutirta prentaha golèk sukêt. Manawa kasuwèn jarane si adhi pakanana pari bae dhisik. Môngga dhi cêlak ing ngriki kemawon, sampun satata lênggah. Sidalaku: dhi, punapa sangking griya kemawon punapa ampir-ampiran. Mardisara: inggih kakang pancèn kula niyati sangking griya, sapisan kangên lami botên wicantênan, kaping kalih wontên parlonipun. Sidalaku: sokur ta yèn makatêna, Sutirta, kowe golèka banyu, Kismara, kang nakêr ing cèrèt. Si Pawaka kang ngatêngi. Mardisara: lo mangke ta kang, upami tiyang satunggal kimawon kadospundi. Sidalaku: inggih dhi, rekanipun kula punika radi apik. Rencang kula sakawan punika, kula manggènakên pandamêlanipun piyambak-piyambak. Supados ajêg raosipun. SamokawisSamukawis. punika, sok ewaha carane inggih gèsèh raosipun. Mardisara: inggih cik kang lêrês, manawi kirang wanuh sok damêl cuwa, têrkadhang dados nêpsu. Sidalaku: Kismara, jupukna teko, si lambangsari, lan cangkir jêpan sing nganggo tutup iku loro bae, sarta tèh anyar kang sôngka Surabaya [Suraba...]

--- 6 ---

[...ya] wingi wêtokna, nuli gawenên. Yèn wis panggawemu, sêdhêng rada adhêm, Si Samira, kon angladèkake mrene, sampun cumawis munggèng ngarsa. Sidalaku: môngga dhi sêlak asrêp, mangke mindhak suda raose, lajêng sami ngunjuk wedang. Sidalaku: mangke dhi, kok radi kasêsa manah kula. Pun adhi cariyos gadhah pêrlu, punika pêrlu punapa. Mardisara: inggih kakang, kula mirêng pun kakang ngriki badhe kêrsa iyasa dhuwung, manawi kapara yêktos. Kula gadhah tosan kalih wêrni, bokbilih pun kakang rêmên. Sidalaku: mênggah angslinipun tosan wau sangking pundi. Mardisara: inggih kakang tosan punika warni-warni, asli utawi jinisipun. Ingkang sawarni, tilas pir kareta, anggènipun nyukani abdi dalêm kusir Wlandi, Tuwan Sènsêni, kintên-kintên dados gangsal dhuwung, ingkang sawarni malih, bibrahan wuluh sanjata Minangkabu, anggèn kula ngrêbati gantosan pêkên agêng, kalêmpakipun sadaya, kula kintên dados pitung dhuwung, ingkang sajinis, anggèn kula tumbas saking Tuwan Panggrol, wastanipun Bêskuwitraja. Kula kintên dados kalih dhuwung, ingkang sajinis amung sakêdhik, tosan pêpêlikan utawi dêdamêl kina, kula kêmpêl dados satunggal. Kintên kula amung dados satunggal dhuwung, dados sadaya tosan wau, dados [dado...]

--- 7 ---

[...s] dhuwung gangsal wêlas iji, punika manawi kakang pinarêng ing panggalih, sadaya tosan wau kula aturakên pun kakang. Sidalaku: o, inggih dhi sangêt panuwun kula, kalêrêsan, dene kula sampun gadhah sêkar. Mardisara: sêkaripun sêkar punapa kakang. Sidalaku: inggih dhi sêkaripun sêkar prambanan. Mardisara: lo kang, menggah sêkar prambanan punika, liya panjênêngan nata botên wontên ingkang kagungan, punapa pun kakang angsal patêdhan dalêm saking kraton. Sidalaku: o botên dhi, sagêt kula angsal sêkar wau, inggih saking kagungan dalêm, nanging sampun dados uwah dalêm dhumatêng para ingkang sami gadhah garapan, punika lajêng kula têpangi, sarana kula lintoni arta, mila kula purun makatên, katimbang dhawah sanèsing praja, sumêrêp kula tumut ngopèn-opèni.sok tagsiha wontên kula, prasasat têksih wontên panjênêngan nata, awit kula punika dumunung kêwula,kawula. gumantung purba wêsesanipun panjênêngan narendra. Mardisara: inggih lêrês sampeyan kakang kalih dene panjênêngan ratu wau, mila sêsêbutan Ngabdur Rahman. Manawi botên kasupèn punika têmbung Arab, têgêsipun kawulaning Allah ingkang sampun kalilan murah. Sidalaku: inggih dhi amung nyumanggakakên kula. Mardisara: mênggah panumbasipun sêkar kakang

--- 8 ---

wau, saringgitipun pintên. Sidalaku: E la punika botên tamtu dhi, manawi nuju mirah saking ingkang gadhah butuh, satunggal ringgit kalih rupiyah, sêdhênganipun kalih rupiyah satêngah utawi tigang rupiyah, cariyosipun manawi pinuju awis, saking ingkang gadhah botên butuh arta. Ingkang tumbas sugihgihsugih. arta, punika ngantos sakawan utawi gangsal rupiyah saringgitipun. Nanging manawi kula dèrèng nate nglampahi. Mardisara: mênggah ing mangke sampun kagungan pintên ringgit, pun kakang. Sidalaku: inggih dhi, kados kirang langkung kawan dasa pitu ringgit, mênggah pangintêne si adhi, sêkar sêmantên wau, dadi pintên kêris. Mardisara: wha mangke ta kang kok sampun kathah têmên kagungan sampeyan, sangking pangintên kula, upami tosan ingkang sangking kula wau kagêm sadaya, sêkar samantên wau, kiranga amung sakêdhik, yèn makatên, kalêrêsan sangêt kula ngaturi tosan gangsal wêlas wangkingan wau, dene sêkar sampun mèh nyêkapi. Sidalaku: inggih dhi bêjanipun putra-putra sampeyan, kalihan malih, kula wau dalu supêna, mêntas kula ginêm kalihan lare sakawan punika. Mardisara: kados pundi kakang supêna sampeyan. Sidalaku: kula katamuan tiyang jalêr, kairing lare èstri gangsal wêlas, punika warni utawi pawakanipun sanès-sanès, dalah sawarninipun tuwin pasêmon dèrèng wontên ingkang

--- 9 ---

kula sumêrêpi, bokbilih pun adhi punika ingkang bêkta wahananipun. Mardisara: o inggih kakang, ingkang sampun kalampahan dêdamêl punika, wayanganipun sok warni manungsa nanging èstri, dados tumbukipun ing supênan. Saupami pun kakang saèstu iyasa dhuwung, dhapuripun kêdah warni gangsal wêlas, utawi sêmbadanipun kalihan supênan punika, wontêna karsanipun kakang angangge dhapur piyambak, dados dumunung andaradasihakên supênan wau. Sidalaku: inggih ta dhi, janji taksih sampeyan, bab punika kula damêl gampil. He Samira, jaluka srutu mênyang Si Kismara, sing anyar saka Sêmarang, nuli ladèkna mrene, môngga dhi, punika sami sês. Mardisara: inggih kakang mênggah namènipun srutu punika punapa, dene raosipun sruwa sêdhêngan. Sidalaku: saking cariyosipun êncik Ilyas. Namanipun punika insilar, mêgat klimah dhi, dumugèkakên bab tosan kagungan sampeyan wau, sapunika wontên pundi. Mardisara: taksih wontên griya kang, nanging sampun kula purih nusulakên, karêmbat ing kuli, pangintên kula sakêdhap dhatêng. Sidalaku: punapa sampun pirsa dhi, ingkang bêkta wau dhatêng griya kula ngriki. Mardisara: manawi kuli dèrèng

--- 10 ---

pirsa, amung sampun kairit sadhèrèk kula jalêr, nama pun Sucipta, inggih punika rencang kula damêl dhuwung sapanunggilanipun. Sidalaku: yèn makatên kalêrêsan dhi, lajêng sagêt angrêmbag sapunika, kajêng kula wau. He, Samira, layak sing mandhêg ing regol kae sadhèrèke si adhi, mara aturana bacut bae, sampun kairit minggah ing ngèmpèr. Mardisara: kok suwe têmên Sucipta, ngangsi lat rong jam kambi pangiraku, apa sababe. Sucipta: inggih kakang ragi kasandhung, wontên margi rencang sampeyan ngaso wontên bango, katungka wontên bêbau pulisi dhatêng, babêktan satiyangipun kairit dhatêng kadhistrikan, lajêng kapriksa dipun bikaki sadaya. Sarêng kula susul, kula kadangu kalihan ondêr, atur kula prasaja, punika tosan badhe kadamêl dhuwung sangking ing kampung Pikiran, badhe kabêkta dhatêng ing dhusun Kasimpar, sarêng makatên lajêng dipun lilahi kimawon. Mardisara: kados pundi punika kakang têgêsipun. Sidalaku: inggih dhi kados pangintên kula. Punika dipun wastani apyun. Mardisara: o, ah, ah, ah, dados saengga kacelik punika wau kang. Sidalaku: munggaha kene dhi Sucipta. Mardisara: bok kajêngipun ngandhap kimawon tiyang lare. Sidalaku: botên ta dhi manawi ginêman [gi...]

--- 11 ---

[...nêman] mindhak jêlah-jêlèh, munggaha burine kêng raka kene ta dhi. Sucipta: nuwun inggih, sampun satata lênggah. Sidalaku: Kismara, jupukna cangkir jêpan siji êngkas bae, lan Si Samira ngêjogana teko, Si adhi Sucipta iku caosana wedang. Ayo dhi, ngumbea wedang, banjur uduta srutu ngarêpmu kuwi. Sucipta: inggih. Mardisara: kakang sarèhning sampun mirantos, sadaya badhe yasan punika, kula cumadhong dhawah, têmtunipun ing karsa. Sidalaku: inggih dhi, rèhning dawêg nêmbe kula badhe damêl ingkang gampil mawon rumiyin. Pun adhi kula aturi nyariyosakên dhapuripun ing dhuwung. Mardisara: manawi ingkang gampil kêdah ingkang lêrês, utawi tanpa sêkar kacang. Sidalaku: inggih dhi môngga sampeyan cariyosakên saèngêt sampeyan kemawon dhapur ingkang ragi dhèmês. Mardisara: inggih kakang, satunggal Pasupati, mawi jalèn lambe gajah satunggal. Ing wingking mawi dhi, tikêl lalis sraweyan mawi sogokan. Dêdaginganipun pèpèt. Kalih Pasutama, punika kalihan Pasupati amung kaot lambe gajah rangkêp, daginganipun kruwing, tiga paningron, punika Pasupati, tanpa sogokan. Sêkawan Mandarang

--- 12 ---

punika, Pasutama tanpa sogokan. Sidalaku: inggih dhi, dene amung kaot sakêdhik kimawon, santun dhapuripun. Mardisara: inggih sampun makatên, dados upami tiyang ewah sakojuring badan punika, kêdah santun dhapur. Sidalaku: lo kok inggih angsal dhi, sêgsènipun tiyang sakit, manawi kalajêng cacad, inggih lajêng santun sipatipun. Ah môngga dhi kadumugèkakên. Dhapur punapa malih, mangke kula lajêng sagêt milih, badhe kajêng kula damêl dhuwung wau. Mardisara: inggih kakang satunggal dhapur tilam upih, punika ing ngajêng amung gandhik. Utawi tikêl alis, dêdaginganipun nglimpa. Kalih tilamsari, punika kalihan tilam upih, amung kaot mawi sraweyan, daginganipun pèpèt utawi kruwing, tiga, brojol. Punika tilam upih tanpa tikêl alis, sêkawan jalak nguwung, punika kalihan tilamsari, amung kaot tanpa tikêl alis, dagingipun kruwing. Wiwit pejetan dumugi pucuk, gangsal, ing wingking mawi ri pandhan. Gangsal jalak sangu tumpêng, punika kalihan tilamsari amung kaot mawi sogokan. Ing wingking mawi ri pandhan. Nênêm, jalak ngure punika kalihan tilamsari, amung kaot ing wingking mawi grènèngdha, amung punika dhapur ingkang radi katingal sae. [sa...]

--- 13 ---

[...e.] Sidalaku: inggih dhi, kula sapunika sampun gadhah pamanggih, sampeyan damêlakên dhuwung lêrês, gandhik kados Pasupati, mawi sogokan, dumugi sêpalihing badan, ing wingking mawi ri pandhan, dumugi sapuputing kèpèt gônja, mawi tikêl alis, sraweyan, dêdaginganipun kruwingan. Mardisara: inggih kakang dados dhapur punapa, punika pikantukipun. Sidalaku: inggih dhi, punika kula namakakên dhapur jalak sangupati. Mardisara: e lah da lha, inggih kang dhèrèk kula, angsal samukawisipun. Pêndhêtaning dhapur kalihan raosipun kajêng sampeyan, mara Sucipta, mèlua urun gunêman kono, wong kowe sing bakal nandangi. Sucipta: inggih kakang kados sampun kasinggihan, amung sogokan dumugi têngah, punika kula dèrèng sumêrêp. Mardisara: êmbuh iya dhi, kêrsane si kakang, kados pundi kakang karsa sampeyan bab sogokan punika. Sidalaku: mangke ta dhi, rayi sampeyan punika umur pintên. Mardisara: inggih kang dawêg nêm bêlas taun kapêngkêr punika, dawêg mêntas kula sunatakên, wontên punapa ta kang, dene mêgat kalimah. Sidalaku: inggih dhi, rayi sampeyan punika, manahipun katingal landhêp, dene ingkang kamanah, tilaripun saking padatan. Mardisara: [Mardi...]

--- 14 ---

[...sara:] o inggih bêgja kula kakang, gadhah sadhèrèk lêpas panggrahitanipun, kalih dene cumadhong dhawah karsa sampeyan badhe angawiti benjing punapa. Sidalaku: inggih dhi kajêng kula manggihakên, badhe dhuwung punika, benjing wulan kaping pitu ing dintên Sênèn Lêgi, wulan Ruwah punika. Mardisara: lah makatên lêga raosing manah kula. Sucipta, mêngko yèn mulih, jupuka wêsi pir kreta kuwi bae dhisik,wasuhên, cukupe kêris siji. Sucipta: inggih kakang, mênggah karsanipun ingkang raka, iyasan dhuwung wau, agêng punapa cêkapan sarta alit kimawon, kantênanipun anggèn kula dugi-dugi kathah kêdhiking tosan. Mardisara: e lah ya bênêr kakang kados pundi, kula aturi ngandikan pyambak kalihan rayi sampeyan pun Sucipta. Sidalaku: iya dhi Sucipta, rèhning kawitan, bêcik sing rada gêdhe dhuwur kandêl, gampang besuk ing buri, lan manèh apa ora dipèngêti, mungguh kèh sathithiking wêsi, kang pun dilakoni ngarêp, supaya gampang duga-dugane. Sucipta: inggih kakang kaengêtan kula, ugi mawi dipun pèngêti, punapadene kawawrat. Nanging makatên wau manawi sampun bibar kawasuh, manawi dèrèng kawasuh botên sagêt angintên, bokbilih katanggor tosan kirang tutut, manawi kabêsmi, lajêng kadhawahan palu, sok asring têlas dados kêrap [kêra...]

--- 15 ---

[...p] kimawon, mila sagêt kula andugi-dugi yèn sampun tosan rêsik, ewadene kula cumadhong dhawah, badhe pamoripun pintên ringgit, lagonipun ing pamor punapa kadadosakên pintên kêrtu. Awit kêrtonipun ing tosan. Punika badhe manut kathahing sêkar ingkang dados wit kaot satunggal kêrtu. Sidalaku: lo dhi Mardisara, rak yêktos ta pangintên kula dhatêng pun Sucipta, ginêmipun sansaya mapan. Mardisara: inggih kakang amung nyumanggakakên, kula tiyang nalar wiwit lare anggènipun arêmên nênggani wontên prapèn, dados saengga wanuh. Sidalaku: botên dhi, pancèn mêngkene Sucipta, têmêne aku kêpengin pamor bêras wutah, sing blebak-blebak. Kêpriye pikirên. Sucipta: inggih kakang punika krêtonipun ing sêkar, kêdah kandêl, têkukipun wasuhan para suda nanging manawi sêkar agal punika, manawi tanpa slarak tosan, warninipun sok kêmba, utawi kêdah tanpa dipun tatah, supados sansaya cêtha. Sidalaku: o, ya wis bodho bae dhi pun kakang, jangji katon priyoga, lan manèh upama têngahing ada-ada iku bisane irêng thok thok, ing pinggir bêras wutah kêpriye pangarahmu. Sucipta: inggih kajawi kêdah kodhokan nênêm, [nênê...]

--- 16 ---

[...m,] sasampunipun dipun wasuh, lajêng dipun têkuk. Yèn sampun rampung panêkukipun, lajêng mêndhêt ingkang kangge gônja, sakantunipun kadadosakên kodhokan sakawan, lajêng damêl kodhokan tosan miring kalih, dados jangkêp kodhokan nênêm, kalantunakên piyambak-piyambak. Ingkang cêmêng kagapit, wos wutah, manawi sampun dados kalih, lajêng badhe kapanggihakên kalihan waos, utawi karsa sampeyan, mawi wêngku sêkar punapa botên. Sidalaku: mêngkono, wêngku mono patrape kêpriye. Sucipta: inggih kakang wêngku punika, kêrton sêkar lajêng dipun damêl kados kodhokan nanging tipis, cacahipun kalih, manggèn wontên ngandhap nginggilipun waos salêbêting kodhokan. Malah manawi apik-apikan, yèn dhuwung mawi sogokan wêngkonipun, ing ngandhap kêdah kasigar têngah. Sidalaku: mungguh paedahe dhi kok rèwèl têmên. Sucipta: yèn saèstu mawi sogokan, môngka wêngku botên kasigar, ingkang lêrês kalenan punika sok asring katingal pêthak. Inggih punika têlasipun wasuhan kandhas dhatêng wêngku, dados warnanipun kirang wingit. Sidalaku: dhi Mardisara, sanès lare pun Sucipta punika. Mardisara: inggih kakang, lakar sarêng sampun diwasa, rayi sampeyan punika sadaya nalar tuwin pandamêlan, sampun ngêculakên kimawon, Sidalaku, ora Sucipta, [Suci...]

--- 17 ---

[...pta,] kowe bisa ngarani wingit mono têgêse kêpriye. Sucipta: inggih kakang kula dèrèng panggih, amung tiru-tiru kemawon. Sidalaku: ora aja wêdi dhi, sagadug-gaduge ngatimu. E Samira, jaluka jênèwêr kambi bètêr mênyang Si Kismara, lan gêlas têlu bae, jênèwêre sôngka Tuwan Galêstin, wadhahe goci, bètêre sing lètêre tipèt, sok gawe lêganing wêtêng, sampun lumados. Sidalaku: môngga dhi Mardisara, rekanipun damêl sênggrang, kok ragi klêbêt, kula mirêngakên wicantênipun rayi sampeyan, ayo Sucipta, mèlua ngumbe, ah. Sucipta: kakang kula dèrèng nate ngunjuk minuman. Sidalaku: e ya jajal-jajal, bêcik sing blatèr wong nom kuwe. Watêke sugih panimbang, ta gilo dak soki dhewe, lajêng sami ngunjuk. Sidalaku: Sucipta, anutugake gonmu ngarani wingit mau kapriye, aja wêdi, lo kowe. Sucipta: inggih kakang, manawi lêpat mugi dipun lêrêsna kanthi pangaksama. O, hêm, hêm, hêm, iya aja sêmêlang. Sucipta: inggih kakang saking grayanganing manah kula: wingit punika gayutanipun tigang têmbung, nanging nunggal raos, rèhning kirang mupakat,

--- 18 ---

atur kula punika mugi sampun tampi dêduka. Sidalaku: ah ora ta aja ewuh. Sucipta: inggih kakang, satunggal wingit, kalihipun singit, tiganipun sêngit. Sidalaku: hê lo kêpriye kumpule, dene kok pêcah dadi têlu. Sucipta: inggih kakang, tiga wau pathokanipun amung singit, têgêsipun ngajrihi, wontênipun katingal wingit punika, panyawangipun tiyang ingkang ajrih, manawi botên gadhah ajrih, botên wontên wingit sarta singit. Dene têmbung sêngit, tiyang sêngit ing samukawis punika, inggih kadunungan manah ajrih, kilap ingkang dipun ajrihi, kadosta: tiyang sêngit dhatêng sima, utawi sawêr punika, ajrih manawi nyakiti dhatêng badanipun. Kadosta, tiyang sêngit cêlak kalèn, punika inggih ajrih manawi mambêt tinja, utawi kapêcak tinja, punika sapiturutipun. Sanadyan tiyang sami tiyang, manawi sampun botên wontên ajrihipun, inggih ical sêngitipun. Kadosta, wontên tiyang bagus dipun sêngiti, ingkang sêngit wau inggih ajrih yèn kawon kabagusanipun. Sidalaku: lo mêngko ta. Mungguh sing disêngiti wong bagus mau dudu rupane, polahe gone gêlêm nyolong kêpriye. Sucipta: inggih

--- 19 ---

kakang sanadyan sêngit anggènipun nyolong, inggih saking ajrih, manawi dipun calong raja darbèkipun, ewadene nyumanggakakên. Sidalaku: ah upamane sing disêngiti mau gone ngrusak cara, utawa dêgsura solahbawane kêpriye. Sucipta: inggih kakang, sanadyan makatên, inggih taksih gêgolong ajrih, wontênipun sêngit tiyang ngrusak ing cara, punika tagsih ajrih manawi angrisak dhatêng caranipun, wontênipun tiyang sêngit dhatêng dêgsuraning solahbawa, punika ajrih manawi karèmèhakên badanipun. Mila kaubêng-ubênga manawi tagsih gadhah sêngit, inggih tagsih kadunungan ajrih, sêgsènipun, upami tiyang wau, sagêt angandêl dhumatêng ingkang kuwasa, anuwuhakên ical sumêlanging manah, punika sampun saèstu botên wontên ing samukawis ingkang dipun sêngiti, awit sadaya punika inggih karsanipun ing Allah. Sidalaku: lah dalah, lidok ta, rak judhêg têmênan. Iya Sucipta, wiwit ing dina iki, kowe manjinga dadi mitraku, dene krasa mênyang bêbalung gunêmu dhi, mangke ta dhi Mardisara, rayi sampeyan punika, punapa sampun lumampah ing pandamêlan utawi pasuwitan. Mardisara: o botên kadosa kakang, sampun kula wicantêni rambah-rambah.

--- 20 ---

Nanging dèrèng pêthuk manahipun. Sabên kula tari ngawula utawi magang wangsulanipun makatên. Kakang anggèn sampeyan paring sandhang têdha, sampun dados trimahing manah kula, punika sabên kula tantun, wangsulanipun makatên. Sidalaku: e, e, dhi kok radi gawok kula. Sucipta: yèn sida gawe kêris prapèn rubahe pilih mrenea dhi, aku mundhak kuwangkungên yèn kok tinggal. Sucipta: inggih kakang kula amung sadêrmi dhêdhèrèk kimawon. Sidalaku: kambi pamor wêsi waja wong wus padha ana kene, dadi mungkul ora kakehan laku, sesuk cikbèn didandanani pirantimu, dene kowe sajrone durung babar panggaweamu, aja mulih mênyang Pikiran dhisik, si adhi Mardisara cikbèn wangsal-wangsul bae, wong lumaku gawe, rak inggih ta dhi. Madisara: inggih lêrês, iya Sucipta, mêngko apa sêsênêngamu ing ngomah dak susulake mrene, Sucipta, nuwun inggih kakang. Sidalaku: balèni bab kêris Sucipta, sida nganggo wêngku pamore, mara karangên pirang ringgit. Sucipta: kirang langkung wolung ringgit kakang, awit ingkang kangge wêngku kalih, wasuhanipun nênêm. Sidalaku: kok gawe kêrtu pira wasuhamu. Sucipta: supados agalipun nêm ringgit [ring...]

--- 21 ---

[...git] punika kadadosakên tigang kêrtu, tosanipun badhe sakawan kêrtu, kajawi ingkang miring ing têngah. Mardisara: mêngko ta le, apa ora kurang bakalamu. Sucipta: inggih kakang mangke kêrtonipun tosan kimawon kula kandêli langkung sangking padatan. Mardisara: e iya bênêr, awit kêrtane si kakang gêdhe dhuwur kandêl, aja kongsi kêcuwan. Sucipta: inggih kakang sampun kula manah. Mardisara: kakang sarèhning sampun rampung rêmbagipun, kula nyuwun wangsul dhatêng Pikiran. Rayi sampeyan pun Sucipta, lajêng kula tilar. Samira, lurah rencang sampeyan pun Pawaka, lan Sutirta anggènipun rêratêng sampun matêng, utawi sampun dipun wadhahi, lajêng dipun tata dening pun Kismara. Sidalaku: lo dhi Mardisara, rencang-rencang sampeyan sampun saos dhahar, priyogi dhahar rumiyin. Samira jogana bètêre kiyi dhisik, môngga dhi cara Wêlandènipun bikak kêmah, lo êntèkêna Sucipta, ora-orane mêndêm. Môngga dhi dhatêng griya, lajêng sami bujana. Sidalaku: môngga dhi sampeyan lèr, kowe Sucipta kidul, aku kulon, sing ngladèni anaa wetan, cêdhak kambi lawang, wis Kismara imbuhana, lo dhuwur bae [ba...]

--- 22 ---

[...e] Sucipta, aja rikuh, mundhak ora enak, môngga dhi wijik. Kula sêgah sakawontênanipun, kowe olah apa mau Pawaka. Inggih lurah, pun Sutirta wau ngêpès ulam tômbra, dipun bumboni rujak, utawi mindhang tigan kamal utawi ngêpès tigan kamal, opor ayam gudhêg kêsambi, mawi ulam loh jambal, sambêl gorèng utak, krupuk têrung abon ulam ayam. Sidalaku: iya ta Samira, mara caosna si adhi sakalihan. Môngga dhi, dipun kêdhapi olah-olahanipun tiyang dhusun. Mardisara: inggih kakang Sucipta aja isin le, mundhak luwe. Sidalaku: Sutirta, kowe mau olah jangan apa. Sutirta: punika wau olah jangan baborbobor. bayêm kalihan ceme, sambêl kêmiri. Sidalaku: mara kene Samira caosna, lo rak disaosi suru, môngga dhi. E, Kismara, bok ngundhuh kêcipir sing rada ênom, kuwi rak mathuk kambi sambêl kêmira,kêmiri. kene caosna, wis kok kumbah. Kismamara:Kismara. sampun. Sidalaku: Samira, kene ah aku jaluk. Mêngko ta Kismara, anggur kadi Tuwan Dhonal ijih, yèn ijèh bukakên banjur saosna, lan gowoa gêlas. Kismara: inggih lurah, tagsih, malah mêntas ngintunakên malih kula dèrèng matur. Sidalaku: dhèk apa. Kismara, [Ki...]

--- 23 ---

[...smara,] kalawingi, kathahipun kalih dhosin. Sidalaku: e ya sokur ta, Samira ladèkna kene, môngga dhi botên patos awrat angguripun. Sampun sami nutug gènira bujana. Sidalaku: môngga dhi sami wijik, Kismara caosana sêrbèt. Samira, dhaharamu woh-wohan kuwi saosna, môngga dhi, pamangsêg pisang pulut cêklèk, rambutanipun punika acih, tanêman pyambak, Sucipta, lêgi kok le, mara ta cobanên. Mardisara, kakang sarèhning sampun tuwuk kula kalilan. Sidalaku: inggih dhi kêrêp dipun endhangi lo. Mardisara: o inggih kang môngsa sandea kula kêrêp sowan mariki, jangji sêla pandamêlan. Sidalaku: Kismara pahkahana titihane si adhi, yèn wis ajokna. Samira: punika lurah sampun cumawis. Mardisara: lo rak digawa jaban regol bae. Sidalaku: bok sampun ing ngriki kemawon dhi, tiyang bêntèr-bêntèr. Mardisara: o botên kang, sampun kalilan. Kowe le Sucipta, sing bisa ngladèni si kakang. Sucitta: inggih kakang pangèstu sampeyan, amung sêratan kula ingkang wontên kantor punika kimawon. Manawi kakang wangsul, kula aturi nyangking. Mardisara: e, iya, layang apa [a...]

--- 24 ---

[...pa] ta le. Sucipta: SêraratSêrat. Kawi Dasanama. Mardisara: la iya le, pêrlu apa wong kowe lagi nyambut gawe. Sucipta: inggih kakang manawi dalu sadèrèngipun tilêm kasambi, mila dalah sapirantos kula nyêrat kabêktoa. Mardisara: iya, iya, wis êntèk wêlingmu ta karia slamêt. Sidalaku: dhi punika tudhung sampeyan kantun. Mardisara: e inggih, Samira, suwunên kae, sampun lêpas antukipun dhatêng Pikiran. Sidalaku: Kismara, rêsikana ing lojèn pranasri, si adhi Sucipta cikbèn ngaso. Pawaka, punika lurahing pranasri sampun mirantos. Sidalaku: dhi Sucipta, sampeyasampeyan. dhi, ngasoa ta mênyang pranasri kono, mêngko sore tak susul. Samira, si adhi dhèrèkna. Si Pawaka lan Sutirta, ngêrsikana bêsalèn, sesuk sok wis arampung. Sucipta: kakang kula lajêng dhatêng pranasri. Sidalaku: iya dhi, sing sêkeca sare, lo. Sami bibaran. Sarêng wanci jam nênêm sontên, mas ngabèi nimbali batih sakawan. Sidalaku: Pawaka sing ngadhêp si adhi sapa. Pawaka: inggih lurah, ingkang ngadhêp pun Kismara kalihan Sutirta. Sidalaku: apa wis kok saosi wedang, karo dhaharan kang patut didhahar wayah mene. Pawaka: sampun lurah,

--- 25 ---

punika wau kula olahakên mêndut timus, pipis gandum, nagasari kipa, kuwih tar kulbèng. Sidalaku: ya wus cukup, lah srutu ana wadhah iku susulna, Pawaka, mêngko tak susul manawa si adhi takon aku lagi mahrip, yèn wus bakda ngisa, dak nusul. Pawaka: inggih. Ing pronasri. Sucipta: sanak Pawaka, punika punapa. Pawaka: inggih nusulakên sês srutu. Sucipta: la pun kakang ngabèi sawêg punapa. Pawaka: inggh dawêg wêgdal, mangke bakda ngisa badhe nusul, têdhak mriki. Sucipta: e sokur ta, kula inggih badhe adus rumiyin. Pawaka: inggih sampun mirantos. Sasampuning siyaga, lajêng lênggah ing ngèmpèr, gêbêg wangkinganipun. Sarêng wanci bakda ngisa, mas ngabèi nusul sigra nguwuh-uwuh, lagi apa dhi. Sucipta: nuwun dawêg ngisik-isik dhuwung. Lajêng sami lênggah ing ngèmpèr. Sidalaku: wis mangan panganan dhi. Sucipta: nuwun dawêg sampun kimawon. Sidalaku: nonton dhi kêrismu, nonoman apa tuwa. Sucipta: dhuwung sêpuh, tilaranipun suwargi rama jêngandika, sumôngga kapirsanan. Sidalaku: dhapur apa dhi kiyi. Sucipta: cariyosipun kakang Sumpana Kinjêng. Sidalaku: kok anèh têmên wêtuning pamor apa jênênge kiyi pamore. Sucipta: ing têngah punika adêg. Pinggir punika dipun [dipu...]

--- 26 ---

[...n] wêstani ganggêng kanyut. Mawi dipun sêlani tosan. Sidalaku: iyah dhi bêcik têmên rêrekane. Apa bisa niru si adhi. Sucipta: manawi patrapipun pirsa, kalampahanipun kados rêkaos. Lo kêpriye. Inggih, tiyang kina punika pancèn linangkung, dados manawi dèrèng langkung inggih dèrèng sagêd tiru. Sidalaku: iya dhi kok bênêr, nging nadyan rekane bae priye. Sucipta: inggih, punika kodhokanipun sêdasa, sasampunipun sêkar katêkuk lêr pitu, lajêng mêndhêt kadamêl adêg têngah punika amung sakêdhik. Kantunipun lajêng katêkuk malih, rampung panêkukipun lajêng kakêthok dados kalih, punika lajêng dipun tampar, satunggal ngiwa, satunggal nêngên panamparipun. Sidalaku: lo ditampar priye. Sucipta: inggih kados dhadhung punika, manawi sapunika panamparipun kanthi latu sarta abrit pangobongipun, kilap manawi kina, kula ajrih mêstani. Sidalaku: iya dhi bacutna. Sucipta: sarêng sampun rampung panamparipun, lajêng dipun palu gèpèng malih, dipun sigar dados sêkawan. Sidalaku lo mêngko ta, kathik digèpèng manèh priye. Sucipta: inggih tiyang panamparipun wau namung gujêng pulêtipun sêkar.

--- 27 ---

Sidalaku: e lah dalah, iya iya iya, tutugna. Sucipta: lajêng damêl kodhokan tosan sêkawan dados sampun jangkêp kodhokan sêdasa sêkar adêg kalih, tamparan sêkawan tosan sêkawan, punika lajêng sêkaripun adêg wau, kagapit ing tosan cêmêng, lantun piyambak-piyambak. Sasampunipun nênêm wau dados kalih, lajêng dipun gapit malih tamparan wau, ugi lantun piyambak-piyambak. Manawi sadasa wau sampun dados kalih lajêng kapanggihakên kalihan waos. Mila kula matur rêkaos kalampahanipun sangking kêkathahên lantunan sarta pijêran. Sidalaku: e e e bênêr dhi yèn digagas tangèh kalakone karêpe sing gawe, kajaba wahyu. Sucipta: inggih kakang sanadyan wahyu, inggih kanthi dipun lampahi rumiyin. Sidalaku: lo iya ta, la mungguh tangguhe kêrise si adhi iki ngêndi. Sangking sanjangipun pun kakang, Maospait Kyai Jigja. Manawi kula dèrèng nyêkapi. Sidalaku: kok nganggo durung nyêkapi wong nangguh mono priye ta. Apa sôngka wêsi apa waja, apa pamor. Sucipta: pramila kula dèrèng nyêkapi, sapisan sasêrêpan kula dhatêng dhuwung-dhuwung dèrèng kathah, kaping kalih pêtakèn kula dèrèng

--- 28 ---

jajah, punika sampun badhe tamtu kêrêp lêpat, margi tangguh wau, amung sangking lêlagon, utawi garapan, manawi saking tosan waja tuwin pamor kados badhe kêrêp lêpat. Awit tosan waja pamoripun ing kina ingkang dèrèng dados dêdamêl sapriki tagsih, kadospundi anggènipun nangguh, môngka pêrlonipun tangguh wau, madosi ingkang damêl utawi ingkang kagungan kêrsa. Sidalaku: lo apa sabên êmpu duwe lêlagon dhewe-dhewe. Sucipta: manawi wiraosipun ingkang sampun dhamang, inggih makatên. Mila sasêrêp kula tangguh punika amung kèndêl Pajajaran mangandhap dumugi mangke, awit wanuhipun para ahli, lêlagon tuwin garapan ingkang sampun mupakat, amung kèndêl ngriki, langkungipun sangking Pajajaran sami ajrih mastani, bokbilih sapisanan ajrih panjênêngan nata, tuwin para luhur, kaping kalih inggih ajrih saking kirang mupakat. Manawi wontên ingkang mangsuli, sêgsine apa, punika badhe lajêng kèndêl saking cupêt. Pintên banggi dados pabên. Sidalaku: lo mèlu aku dhi, la upamane sing dadi lêlagon utawa garapan, mau wis diwangun nanging ora pulih iku kêpriye. Sucipta: inggih punika ingkang dipun wastani sampun botên titih tangguhipun. Sidalaku: [Si...]

--- 29 ---

[...dalaku:] titih mono kêpriye, kok sabên ana wong nacat mêngkono, o wis kurang titih kêris kuwi yèn ngalêm. Titih tangguhe kêris kuwi, lo iku manggone priye. Sucipta: titih punika cêtha, mêndhêt saking tètèh, dados pangalêm sarta panacat wau, saking tagsih cêtha utawi sampun ical lagonipun ingkang damêl. Sidalaku: la mungguh wis ilang lêlagone naming pancèn bêcik, mara priye. Sucipta: inggih kakang kula ajrih. Sidalaku: lo aja mêngkono dhi. Kismara, jupukna anggur portuwin saka Tuwan Konas sing botol cilik bae, kambi gêlas. Mara Samira, ladèkna mrene, ayo dhi, diombe, kok rada adhêm aku. Aja nganggo wêdi mêngkono. Sucipta: inggih kakang, bokbilih kirang mupakat utawi kirang pêthuk panggalih sampeyan. Mindhak kula tampi dêduka ing batos. Sidalaku: lo aja sok angrakêbi budi marang pun kakang. Mundhak mêntah manêh. Sucipta: inggih kakang manawi lêpat, mugi dipun paringana lêrêsipun. Sidalaku: sadurunge si adhi muni wis dak pikir. Sucipta: saking osiking pamanggih kula, wontênipun dhuwung ical lêlagonipun punika [pu...]

--- 30 ---

[...nika] sangking risak, lajêng dipun rimbas, anuwuhakên ical titihipun. Sidalaku: iya bênêr bacutna. Wontênipun dhuwung risak punika sangking dhawah katiwar-tiwar, botên dhawah para luhur, punapa malih dhawah tiyang ingkang botên rêmên. Dados lidipun, sadaya dêdamêl punika, manawi botên dhawah para luhur, utawi botên dipun rêmêni, nandhakakên manawi kirang prayoga, inggih wujuda kados punapa, jangji botên dipun rêmêni ing tiyang, kula mastani inggih awon. Sidalaku: la rak mêngkono dadi lêga atine si kakang, ayo dhi angombe manèh. La mungguh sing tiba luhur, sarta tiba wong sing dhêmên kêpriye. Sucipta: inggih punika ingkang taksih titip samukawisipun. Manawi dhawah luhur sampun priyogi mawi têmtu kaopenan. Sanadyan andhap, manawi rêmên saèstu dipun aji-aji, dados sagêt lêstantun sipatipun. Punika tandhanipun manawi sae. Sidalaku: ayo ah dhi ngombe manèh lan barang lêstari iku priye. Sucipta: inggih kakang, sanadyan manungsa manawi lêstantun gêsangipun kados inggih sae, upami ngantos sêpuh nanging sadaya prabot dèrèng ewah. Nadyan suda sampun limrahipun, nanging sampun ngantos santun utawi ical. Punika nandhakakên yèn sae pamanggih kula. Sidalaku: la rak mêkono. [mêko...]

--- 31 ---

[...no.] Ayo dhi ah ngombe manèh. Sucipta: inggih kakang, naming mangke kula mêndêm sangêt, ajrih kula: bokmanawi kula ngungkak trêpsilaning patrap dhumatêng kakang. Sidalaku: lo ora dadi ngapa. Sucipta: kakang kula nyuwun ngaso manawi kêsiyangan benjing-enjing. Sidalaku: kowe apa ora madhang dhisik ta dhi. Sucipta: kakang kawuningana, manawi dalu kula botên nêdha. Sidalaku: e ya wis ta aku dak ngaso si adhi sing sêkeca sare ya. Sucipta: inggih kakang sampun kula manah. Sidalaku: Pawaka, Sutirta, ayo mênyang ngomah, Si Kismara lan Si Samira. Tunggua si adhi kene. Sampun bibaran. Botên kacariyosakên. Sarêng wanci jam satêngah gangsal, sami subuh. Bibar subuh mêdal ing pandhapi. Sidalaku: Pawaka, kowe wis niliki si adhi mênyang pronasri apa wis wungu. Pawaka: sampun, punika wau katingal nata-nata pirantos ingkang badhe kangge. Pramila kula lajêng inggal wangsul, sarta nata ing bêsalèn. Sidalaku: la wus miranti bêsalènmu. Kambi si adhi wis kok aturi wedang. Pawaka: sampun, malah kula santuni wedang bubuk mawi pêrêsan. Sidalaku: kathik duwe pêrêsan. Pawaka: inggih kagungan sampeyan sapi ingkang

--- 32 ---

pranakan brênggola punika, sampun wanci kapêrês, margi pêdhètipun sampun ragi agêng. Sidalaku: lan kok aturi dhaharan apa. Pawaka: naming kula adhêpi roti gandum agêng punika satunggal, kula kanthèni martega kèju kalihan pate. Sidalaku: apa wis didhahar. Pawaka: punika wau dawêg pun irisi pun Kismara, lan pun Samira. Sidalaku: balia ta Pawaka, aturana dhahar, mêngko sêdhela êngkas bae mênyang bêsalèn wong ijih esuk, aku tak adus dhisik. Pawaka: inggih. Ing pronasri, dawêg mêntas siram lajêng dandos rampung lênggah ngèmpèr. Sucipta: lo ontên napa sanak Pawaka. Pawaka: kula dipun utus ingkang raka, sampeyan kaaturan dhahar roti, sampun kasêsa têdhak bêsalèn, tiyang taksih wanci enjing. Sucipta: ênggih sanak lagi diirisi, si kakang lagi napa. Pawaka: nuwun dawêg siram ugi badhe dandos, mila mugi sampun kasêsa. Sucipta: inggih, pundi ta Kismara kula pangane, lan sanak Pawaka. Wingi pun miranti napa pirantine bêsalèn kang bakal kanggo mangke. Pawaka: sampun. Sucipta: la sing ngububi sintên mangke. Pawaka: inggih pun adhi Samira, ingkang malu kula pyambak. Sucipta: la napa

--- 33 ---

botên sayah, bok gêntenan kalih sanak Sutirta lan sanak Kismara pripun. Pawaka: o mangke dipun dukani raka jêngandika, tiyang sanès kuwajibanipun, kalihdene nadyan pun Kismara lan pun Sutirta, tiyang rumagang damêlipun piyambak. Dados sami sêraos, anuwuhakên icaling sayah lan ngrêsula. Sucipta: ênggih sokur ta. Lah sampeyan matur si kakang, rèhne pun rada awan, kula lajêng masuh wêsi sapiturute. Pawaka: inggih. Mas ngabèi sampun dandos lênggah pandhapi. Sidalaku: lo ana apa Pawaka. Inggih lurah, rayi sampeyan badhe wiwit masuh sapiturutipun. Sidalaku: iya ta ayo, wêsine ana ngomah lan waja gawanên, pamor sing ana bênèt kae konên ngêtokake Si Kismara kon banjur nusulake. Mas ngabèi lajêng ngampiri mring pronasri, sarta nguwuh ing katêbihan. Ayo dhi mupung esuk. Sucipta: môngga, sampun sami dumugi bêsalèn. Sidalaku: Samira, dadèkna gênine, dhi Sucipta, ayo bismilah. Sucipta: inggih, sanak Pawaka, sampeyan nyêkêl palu sing gêdhe mawon gêlis. Pawaka: inggih sampun kawasuh. Sidalaku: priye dhi bêcik wêsine pir kreta mau. Sucipta: inggih sae tiyang satêngah waos utawi kêrasipun [kê...]

--- 34 ---

[...rasipun] sakêdhik andhakakên sampun rêsik. Punapa kêlilan lajêng kula kêrtoni. Sidalaku: iya bakal kok dadèkake pirang kêrtu. Sucipta: badhe kula damêl wolu. Ingkang sêkawan kadamêl wasuhan, ingkang kalih kangge adêg tosan kêrsa sampeyan punika, ingkang kalih kangge ngêrtu sêkar. Sidalaku: lo kathik diwori wêsi priye. Sucipta: inggih manawi sêkar thok thok dipun palu sumyur, dados ical. Sidalaku: e lah dalah lagi mêngêrti sak iki aku, mara tutugna. Sucipta: kula nyuwun sêkar wolung ringgit badhe dipun kêrtos. Sidalaku: ya jupuka. Kok dadèkake pira. Sucipta: dados sêkawan, ingkang tiga badhe kangge wasuhan, ingkang satunggal badhe wêngku. Sidalaku: iya banjur garapên kêpriye patrapmu. E dadi wêsi tapih pamor mau amung kanggo nyêgadi sumyur, utawa nadhahi palu. Sucipta: inggih, sarèhne sampun rampung ngêrtu lajêng badhe nêkuk sêkar kalihan tosan. Iya mara priye, e dadi mèmpêr kuwih lapis dhi, dene sap-sapan. Sucipta: inggih, kêrsa sampeyan têkuk pintên. Sidalaku: kêthokên [kêthokê...]

--- 35 ---

[...n] têlu dadi pira. Sucipta: dados sanga, taksih kagalên, prayogi dipun kêthok tiga malih. Sidalaku: iya dadi pira. Sucipta: dados pitu likur lêr. Sidalaku: mêngko kêlêmbutên dhi. Botên. Sidalaku: ya mara tutugna. Sucipta: punika sampun panêkukipun lajêng badhe kula tata kodhokanipun. Sidalaku: iya mara priye. Sêkar wasuhan kula sigar dados sêkawan, kula sêlani tosan, lajêng kula wangsulakên warni kodhokan malih. Sidalaku: iya mara priye. Sucipta: inggih, sanak Pawaka sampeyan ngaso rumiyin. Sidalaku: lo sing malu sapa dhi. Sucipta: kula palu piyambak, awit kêdah saking sakêdhik, palu alit, manawi karosan mangke pencang tatanipun. Sidalaku: iya ta apa ora rêkasa si adhi. Sucipta: tiyang sampun damêlipun. Punika kula badhe masuh waos lajêng dipun kodhoki pisan. Sidalaku: iya ta dhi jupuka. Sucipta: inggih, sanak Pawaka sampeyan palu malih. Pawaka: inggih, palu agêng punapa alit. Sucipta: palu agêng supados rikat, nèk êmpun rada pêpêr wajane kula palune [palu...]

--- 36 ---

[...ne] dhewe. Sidalaku: mungguh waja nganggo diênomake iku pêrlune dhi. Sucipta: manawi kêkêrasên babaranipun, bilih katanggor kêrêp gowang. Manawi kênèmên kirang landhêp utawi kirang atos. Sidalaku: iya, la kêris sok rupane têlês gêbêbêr, iku sôngka ngapa aku kok kurang rujuk dhi. Sucipta: inggih punika sapisan kirang matêng wasuhanipun, kaping kalih kirang sêpuh pijêranipun, malah makatên punika sok galak tinja, amung pijêran punika yèn kasêpuhên sapisan sok bèlèk, kaping kalih ing têmbe ajrih dhatêng jêram. Sidalaku: bèlèk mono priye. Sucipta: bèlèk punika sêkar umob balèbèr ngiwa nêngên dados botên wijang. Sidalaku: e la wis sruwa duga-duga kabèh dadine, mungguh wêdi jêruk mono priye. Sucipta: ajrih jêram punika têgêsipun manawi kêrêp dipun pêthak inggal mrangas, kados dhuwung sêpuh. Sidalaku: o, ya wus sak karêpmu dhi, kok jêbul akèh têmên rubedane. Sucipta: punika kakang sadaya kodhokan sampun. Manawi parêng kula nyuwun ngaso, tiyang kantun manggihakên kimawon. Benjing-enjing dintên Sênèn Lêgi. Sidalaku: iya ta dhi aja dipêksa awake yèn rêkasa. Botên. Sucipta:

--- 37 ---

Botên saking rêkaosing badan, awit manggihakên punika kêdah mawi sajèn, kados sajènipun tiyang ningkahan, supados botên tilar caranipun tiyang damêl dhuwung. Sidalaku: e ya bênêr ah aja kongsi ninggal wêwaton. Kismara bukaka basiyus cikbèn sêgêr, ayo dhi diombe, rak kasatan. Sucipta: inggih kakang, sanadyan ngunjuk môngga kundurkondur (dan di tempat lain). rumiyin, sampun wontên bêsalèn, mindhak kirang utami. Sidalaku: iya dhi ayo mênyang pronasri bae, sampun sami wangsul mring pronasri. Lajêng sami luhur, bakda luhur lênggah ing kamar sêkalihan. Sidalaku: Samira, jaluka jênèwêr kambi bètêr, diunjuk kene, lan Si Pawaka kon nusulake dhahar, aku madhang kene bae, ayo dhi ngombe dhisik cikbèn enak le mangan. Sucipta: inggih kakang, nanging sakêdhik kimawon. Samira, rak bangkune kuwi dijunjung dhisik gèk digêlari taplak, ta ajange rikat wis luwe kok. Pawaka kowe mau olah apa. Punika wau pun adhi Sutirta, gudhêg pondhoh kalihan ayam, sambêl gorèng pêtis, dadar tigan ayam mawi pêrêsan, krupuk plembang, ragi gorengan lidhah. Sidalaku: ya wus padha ajokna kene, ayo dhi madhang wis rada kasèp, imbuhana Samira, gèk iwake diaturake, jangane [jang...]

--- 38 ---

[...ane] jangan apa. Pawaka: punika wau ngêtim kiyik. Sidalaku: lo rak diajokake dhisik, la kene kecap lan jêruke wis ana. Samira: sampun. Sidalaku: aturna, ayo dhi marai kuwat tim kiyik iku, nanging yèn si adhi durung pêrlu, mêrga ijih bocah, lah sambêle êndi, punika apa sambêl brambang. Sidalaku: lo kene didokoki sambêl rak sêgêr dhi. Sampun nutug bujana. Sidalaku: wisuha dhisik dhi, aku kok rada enak mangan dadar nganggo pêrêsan. Têngahe nganggo apa Pawaka. Mawi rajangan brambang sarta slèdri kucai. Sidalaku: ta wowohamu ajokna, lo dhi gêdhang rajakusta, dhukune kuwi rak undhuhan dhewe, buri omah kono, jupukna anggung abang Kismara. Ayo dhi slamête le nyambut gawe. Sucipta: inggih nuwun. Sidalaku: wadhah srutu kae Samira ajokna, uduta dhi gèk ngaso, mêngko dak bali manèh, ayo Pawaka mênyang omah, sampun sami lêlêson. Sarêng wanci asar sami wêkdal lajêng mahrib ngisa. Bakda ngisa mas ngabèi mring pronasri malih, sarwi nguwuh-uwuh, lagi apa dhi. Sucipta: dawêg thênguk-thênguk. Sidalaku: guyon ya dhi, thênguk-thênguk mono têgêse priye. Sucipta: manawi têgês kula bodho dhatêng têmbung. Sidalaku: lo ya jênêng [jê...]

--- 39 ---

[...nêng] guyon, sakarêpmu le mikir. Sucipta: inggih sangking gaduging manah badan kula piyambak, kados tiyang thênguk-thênguk punika thêngipun manah wontên ingkang dipun inguk, nanging dèrèng kalêgsanan. Sidalaku: iya dhi mèmpêr kuwi, sêgsine wong sing diarani thênguk-thênguk mau, wong linggih tanpa caturan, tanpa obah badane, dadi nandhakake yèn sing obah jêro. Sucipta: kasinggihan dhawuh sampeyan, mila sadaya para linangkung kêrêp thênguk-thêngukipun kalihan obahing badan sarta pangucap. Sidalaku: mêgat mingkal pa dhi la si adhi kok thênguk-thênguk sing digalih apa. Sucipta: inggih kakang, kula ngajêng-ajêng wêlingan kula Sêrat Dasanama dhatêng pun kakang Mardisara. Sidalaku: e iya nanging pangiraku yèn kêng raka tilik bae dicangking, mungguh layang dasanama mau nyritakake priye ta. Sucipta: nyariyosakên namaning samukawis warni-warni. Sidalaku: lo rada pêrlu kuwi, jêmbarake gunêm, la sok mêngkono si adhi mênyang têmbung kang tumrap jênêng rada têmindak. Sucipta: o kakang dèrèng paja-paja. Sidalaku: lo ya sabisa-bisane. Kismara wedangmu jokana kambi srutu lan kowe padha olah panganan apa mau. Pawaka: kula botên olah, margi

--- 40 ---

pun Kismara punika wau nanpèni kintunan roti gêbag sangking saudara jêngandika Babah Kiman. Kula manah punika sampun cêkap margi warni-warni. Sidalaku: lo la iya ta kene ladèkna. Ayo dhi disambi. Sucipta: inggih. Sidalaku: la mungguh pêrlune jênêng bae kok ditulisi ngêbuk paedah apa. Sucipta: inggih kakang, kula wingi sampun matur, tiyang kina punika linangkung, sadaya kêkajênganipun tanpa sêpên sangking paedah. Sidalaku: lo ya bênêr mungguh mênyang jênêng priye kasile. Sucipta: inggih sangking dugining manah kula, nama punika angslènipun saking sêkawan bab. Satunggal saking pamuji. Kaping kalih sangking kudangan. Kaping tiga sangking titi môngsa. Sêkawanipun saking nalika. Sidalaku: iya wijangna sing êndi. Sucipta: manawi sangking nalika, kados tiyang nama pun banjir, punika paedah dhatêng pangèngêt-èngêt nalika lairipun nuju wontên banjir. Manawi sangking titi môngsa, kados tiyang nama pun Mrakèh, pun Saban, pun Kêmis, pun Wage, pun Alib. Punika paedah dhatêng pangèngêt-èngêt titi mangsanipun lare wau nalika lair. Kalih bab wau sapiturutipun. Sidalaku: iya bênêr, la sing rong bab. Sucipta: inggih kakang, mugi sampun kagalih kula sumagêt. Ingkang saking pamuji tuwin kêkudangan [kêkudang...]

--- 41 ---

[...an] punika, ingkang radi pêrlu dipun manah. Jalaran sampun mokal tiyang sêpuh punika, mêmuji utawi ngêngudang dhatêng anak putu. Botêna kapurih dadosipun sae. Mila kula matur yèn pêrlu. Awit pirsaa yèn dipun pujèkakên sarta dipun kêkudang sae badanipun wau. Sidalaku: iya priye, cêthakna. Sucipta: inggih, kados tiyang nama pun Sujana, punika dipun kudang dadosa tiyang langkung utawi langkunga sangking tiyang. Kados tiyatiyang. nama pun Sarèh, punika dipun pêpuji sagêda sampun nyimpang sangking patrapipun manungsa ingkang linangkung. Sidalaku: lo sarèh iku têgêse priye ta. Sucipta: inggih, sarèh punika sapratingkah utawi saparentah, dados pamuji wau sagêda ingkang dipun pujèkakên wau nglampahana sapratingkahipun tiyang linangkung, utawi saparentahipun ing Allah, utawi parentahing praja, ingkang dhatêng linangkung. Sidalaku: ya wus olèh kuwi, la yèn ana wong muni: lo ta aja kêsusu sarèhna dhisik, iku priye. Sucipta: inggih kakang, ingkang dipun candhêt makatên punika rak tiyang ingkang dèrèng lêpas pamanahipun, bokmanawi tumpangso. Sidalaku: bênêr, la kumpule kambi têmbung sarèh kaya kandhamu dhuwur mau. Inggih makatên wijangipun tiyang nyandhêt wau. Aja kaluwih-luwih tindakna sapatrap utawa sapratingkah bae dhisik, awit têmbung kasusu punika

--- 42 ---

têgêsipun kaluwih-luwih. Sidalaku: a iya iya, la yèn mêngkono wong sruwa tamban utawa sruwa alon, nanging mêgsa luput samubarang sing ditindaki utawa sing dicakake, iku dudu wong sarèh, la apa kae jênênge. Sucipta: inggih kakang, yèn makatên punika namanipun tiyang lêlêp, utawi tiyang kêndho. Sidalaku: priye têgêse. Sucipta: inggih punika tiyang botên cêpak utawi botên cêtha panggrahitanipun utawi botên gadhah kakêncêngan pathokaning manah, pramila botên kasil-kasil samukawis ingkang badhe dipun cakakên, mangke manawi sampun wanci badhe katindakakên lajêng gugup sawontên-wontênipun. Mila malah kêrêp lêpat. Sidalaku: o dadi wong kêrêp kêtiwasan kuwi dhi, la mungguh têmbung grahita iku kok dadi pêrlu, têgêse priya. Sucipta: grah: punika sakit, ita punika manah, dados thukuling grahita punika sangking sakitipun manah, pramila tiyang botên nate sakit manahipun wiwit lare dumugi diwasa, punika mokal sangêt yèn ta lêpasa panggrahitanipun. Sidalaku: e la layak para luhur ing jaman kuna, putra-putrane sing durung diwasa sok dititip-titipake, wong cilik sarta munggahe para putus iku layak amurih lêpasing panggrahita, iya dhi. Sucipta: inggih makatên, margi manawi wontên praja utawi kaêmong piyambak badhe nyakitakên manahipun [manah...]

--- 43 ---

[...ipun] putra radi owêl, inggih punika paribasan wêlas tanpa alis. Sidalaku: ya wus bênêr kabèh dhi, la kok kowe maribasakake wêlas tanpa alis iku apa ora bênêre wêlas têmah lalis, dadi nandhakake bakal rusak. Sucipta: o kakang, kula ajrih manawi ngewahi tiyang kina. Sidalaku: lo priye karêpmu. Manawi lalis punika rak pêjah, pêjah punika dèrèng kantênan manawi risak. Ingkang mulya wontên. Sidalaku: lo kok bênêr dhi, la karêpmu si wêlas tanpa alis kêpriye dadine têgês rusak. Sucipta: inggih kakang, alis punika rak sipatipun ing rai, utawi rai tanpa alis môngka kang wau mawi, punika sanalika ical sipatipun, dados lidipun tiyang ical sipatipun punika risak. Sidalaku: e e lah cêtha aku sakiki iya dhi iya. Kismara jupukna anggur mêndherah sôngka Tuwan Pan Blarkum kambi gêlas. Iya dhi wus mangêrti aku, bab jênêng sing sôngka pamuji lan kêkudangan, la yèn ana wong jênêngake sing ora kanthi dipikir, tanpa têmbung iku priye. Sucipta: sumôngga sampeyan dhawuhakên kadospundi. Sidalaku: kaya wong jênêngake Si Tumbu, Tanggok, Tompo, Klêmuk, Êmpluk, kae sôngka ngapa. Sucipta: punika inggih sangking pamuji. Sidalaku: priye kasile. Sucipta: sadaya [sa...]

--- 44 ---

[...daya] ingkang kadhawahakên gangsal bab wau, têgêsipun wêwadhah, mila manggèn dhatêng tiyang èstri, dados pikajêngipun sagêda dados wêwadhah, manawi jêjodhoan sagêda madhai guna kayanipun tiyang jalêr, utawi sagêda nyimpêni wêwadènipun ingkang jalêr, sarta sagêda anampèni ngandhut wiji, têgêsipun sagêd gadhah anak. Sidalaku: lo kok malah pêrlu sarta cukup têmên dhi. Sucipta: kula sampun matur, tiyang kina punika linangkung. Sidalaku: o iya dhi, sangking cupêtku, sak iki kiyi dadi anggêpe ngungkuli kuna. Samira, rak disoki gêlase. Ayo dhi ah diombe, enak mêdherahe,mêndherahe. aja digalih ngêngèl-êngèl ya dhi ngiras jêmbarake panêmu, la yèn ana wong jênêngake Si Limbuk, Si Gêndhon, Si Kêtul, kae kêpriye dhi sôngka ngapa. Sucipta: o inggih kakang punika inggih ragi sakenging-kengingipun tiyang makatên punika. Naming inggih saking kêkudangan. Sidalaku: jare sakêna-kênane kathik dilêbokake mrono. Sucipta: kirang lêpas, tiyang nama tiga punika wau, amung saking mirit lêmu utawi dhêmênakakên manah, dados inggih kapujèkakên sagêd lêma sarta kasarasan lêstantuna dipun rêmêni. Sidalaku: ya kok bênêr dhi, dadi rada rèmèh, antarane dianggo wong gêdhe, jênêng sapanunggalane kang mangkono iku, kurang patut. Sucipta: o inggih kakang, sadaya [sa...]

--- 45 ---

[...daya] nalar punika, manawi ingkang minihi tiyang manahipun rèmèh kenginga dipun panggihakên inggih dhatêng rèmèh. Sidalaku: iya kok bênêr kowe, la mungguh têmbung rèmèh kuwi priye. Sucipta: rèmèh punika kawêtahipun: rèhèmèh, dados pikajêngipun patraping badan utawi manah amung jagèkakên tôngga, awit têmbung mèh punika sampun kenging kajagèkakên, jalaran sampun cêlak. Sidalaku: la kasile priye. Sucipta: sadaya tiyang jagèkakên liyan punika inggih tagsih rèmèh manahipun, upami tiyang botên bêtah luwe, badhe kesah botên sarapan punika rak gadhah manah: ah mêngko ana kana rak disuguh mangan, upami tiyang nyambut arta, botên gadhah jêjagèn ingkang badhe dipun saurakên, punika rak gadhah manah wong sanak sadulurku akèh utawa sugih, môngsa ditegakna, rak disauri utangku. Upami tiyang gadhah sanak sarta pintênbanggi bapa biyung nyêpêng panguwasa, lajêng patrapipun botên gadhah panggayuh utawi dhatêng tiyang sakajêng-kajêngipun, patrap utawi wicantênan punika rak gadhah manah wong sanak utawa wong tuwaku nyêkêl panguwasa, aku mêngkene bae rak ya wis dadi priyayi, patrapku mênyang liyan sak karêpku kae mêngko nèk dadi nalar rak diiloni aku. Punika sapiturutipun kula wêstani rèmèh. [rè...]

--- 46 ---

[...mèh.] Sêgsènipun tiyang ingkang makatên punika inggih awis lêstantun kaluhuranipun, nanging punika tuladan kina manawi sampun kula ajrih. Sidalaku: ah iya dhi bênêr, bênêr, kok kuna kambi sakiki panggayuh iku wis têka seje, dadi ya amung môngsa bodhoa. Samira, rak dijogi gêlase kiyi, ayo dhi cikbèn kêpenak le turu mêngko. Sucipta: nanging manawi kathah-kathah inggih badhe kirang sêkeca. Sidalaku: lo rak ya nganggo duga-duga, la mungguh jênênging asli utawa pangkat apa manèh jênênging wahyu. Sucipta: kadospundi, kêrsa sampeyan. Sidalaku: lo jênêng asli mau: panjênêngan ratu, gusti, têkaning si bae jênêng pangkat mau kaya ta: panjênêngan nata, pangeran, têkaning jajar, lan pakathik. Jênênging wahyu mau kaya ta: nabi, wali, uliya, pandhita, bujôngga, iku kêpriye. Sucipta: kakang kula sampun baliyut nyuwun ngaso. Sidalaku: e iya dhi aja ditêgsadipêksa. sesuk mundhak kawanan. Kismara, kowe wus sudhiya bakal isarat kaya wong ningkahan, kanggo sesuk. Kismara: pun kakang Pawaka lan pun adhi Sutirta ingkang sampun mirantosi. Sidalaku: sokur ta. Wis dhi, dak mênyang omah, sesuk bae ditutugake. Sampun sami sare. Sarêng wanci bangun sami wungu, lajêng

--- 47 ---

subuh. Wanci bakda subuh mas ngabèi andangu batih pun Pawaka. Pawaka, si adhi wis kok aturi wedang. Pawaka: nuwun sampun, lajêng kula susuli kupat gudhêg babon kalayan manggar, sambêl gorèng rambak kikil, bubuk dhêle. Ya wus cukup. Mas ngabèi lajêng siyaga. Rampung sumusul maring pronasri, kapanggih dhahar kupat. E aku mèlu dhi êntènana. Sucipta: inggih kakang lakar dawêk kimawon. Kismara, ambênge si kakang. Sidalaku: e wis aja, kupate kuwi bae didadèkake siji, wis piringe kene, ayo dhi ditutugake. Sampun rampung sarapan kupat. Sucipta: kakang mangke panggihpun wanci jam sanga enjing. Sidalaku: kok nganggo wayah, apa nganggo sangat. Sucipta: inggih kula amung mirit sangat Ibrahim, wilujêngipun ing latu, awit bêja cilakanipun tiyang saking latu. Sidalaku: iya dhi bênêr mèlu aku, la mungguh sajèn kaya wong nikahan kuwi mungguh jumbuhing nalar. Sucipta: saking pamanggih kula, sapisan dhuwung sapanunggilanipun punika, inggih badhe kajodhokakên kalihan ingkang ngangge, kaping kalih manggihakên dêdamêl punika inggih ngumpulakên tigang prakawis, waja wêsi, pamor, nadyan tiyang jêjodhoan ingkang parlu inggih ngumpulakên tigang prakawis, mila isaratipun sami. Sidalaku: priye dhi wijang-wijangna sapiturute.

--- 48 ---

Sucipta: inggih, tosan punika wêwadhahing gêbagusan pamor sêkaring badan, waja kang mikuwati, nadyan tiyang ingkang jalêr kêdah anuwuhakên tigang bab wau. Wêwadhah têgêsipun angomahi, sêkaring badan têgêsipun anuroni, kang mikuwati têgêsipun angingoni. Ingkang èstri inggih kêdah tigang bab, wêwadhah: têgêsipun sagêd simpên wêwadi tuwin samubarang nalar ingkang botên kenging sorah. Sêkaring badan têgêsipun sumèh ing ulat, manising wicara, kèwêsing tênaga, asrining busana, kang mikuwati têgêsipun sagêt anindakakên guna kayaning jalêr. Punika nuwuhakên kuwating agêsang. Sidalaku:e e e e kathik jêbul mêngkono iya dhi wus bênêr kabèh. Amung wong lanang nuroni kok dadi kêkêmbanging badan apa wis olèh. Sucipta: inggih sampun angsal, margi tiyang sarêsmi punika dumunung sêkar, kilap sêkaring kamulyan, kilap sêkaring kacilakan, kalihan èstri punika manawi têgsih mangsanipun sarêsmi, dipun ujaa samukawis, manawi botên katanduk makatên punika inggih tagsih awon, lajêng ical sênênging jêjodhohan, naming atur kula punika èstri limrah. Sidalaku: o bênêr dhi bênêr, wong bakyumu kadi sampangan [sampang...]

--- 49 ---

[...an] bingèn ora dak othokake sêpasar bae minggat. Inggih kakang, bokbilih pancèn sampun tiyang awon botên. Sidalaku: dudu dhi, tilas lèdhèk, mêngko ta wis mèlu aku, yèn bab wong wadon ora dituroni iku ilang kêkêmbange, la kandhane si adhi kêmbanging kamulyan lan kêmbanging kacilakan iku priye. Sucipta: inggih kakang, manawi sarêsmi wau rusuh tanpa dipun manah kêdadosanipun inggih dados kêmbanging cilaka. Manawi sagêt pêrtitis ngulatakên môngsakala, sêkalih-kalihipun inggih dados kêmbanging kamulyan. Sidalaku: iya dhi wus bênêr, la nèk arêp ngoblo priye. Sucipta: kakang sampun wanci kêdah lajêng têdhak bêsalèn. Sidalaku: Pawaka, wis rampung sajènmu. Sampun mirantos. Ayo ah dhi, kawanan ki mêngko. Lajêng têdhak bêsalèn. Sidalaku: ayo dhi Bismillah. Sucipta: sanak Pawaka, sampeyan nyêkêl palu sing gêdhe, nanging ampun sêru-sêru, yèn dèrèng kula kèn, kula palu dhewe dhisik. Sampun kapanggihakên sampun pijêran sadaya, lantun, lajêng miyak pêsi. Sucipta: kakang punapa lajêng kula pèpèh. Sidalaku: iya dhi, lajêng mèpèh dumugi pêpanjanging ukur [u...]

--- 50 ---

[...kur] utawi wiyar kandêlipun. Sucipta: punika punapa sampun kandêl wiyar panjangipun. Sidalaku: iya dhi, la wis dikapakake. Sucipta: lajêng kula nyilakakên waos. Sidalaku: lo kathik waos disilakake priye. Sucipta: inggih, sarèhning dipun palu rosa utawi pijêr ing latu, bokbilih wontên sêkar utawi tosan ingkang nglancangi waos, dhuwung tagsih kandêl, kenging kula bucal kikir, punapa malih bokmanawi pêgat waja, têgsih kenging kula nalar malih, mila kula nyuwun kikir agêng, punapadene awisan kadamêl nyulik wêdalipun wêngku. Manawi kalêbêtên sarta bêdhat muntir tagsih kenging kula manah. Sidalaku: iya dhi, Kismara jupukna warangan putih kambi kothak kikir kae gawanên mrene kabèh, la mungguh rubeda kabèh mau sing marahi apa. Sucipta: inggih, sapisan kirang awas nalikanipun pijêr ing latu, kaping kalih anggènipun malu yèn kêsêron sok wajanipun kagèt, dados pêgat waos. Yèn kirang mulat pamèpèhipun wêwasuhan anglancangi waos, lajêng muntir mangandhap anutupi landhêping waos, mila yèn sampun tipis kalajêng dipun bucal têlas wangunipun, dipun lêstantunakên awon. Sidalaku: ya bênêr dhi, mara silakna. Sucipta: inggih, sanak Pawaka, pandhokan singat punika sampeyan [sa...]

--- 51 ---

[...mpeyan] bêkta mriki. Sampun tumandang lajêng kawarangan. Sucipta: kakang, pêngêstu sampeyan punika waos sarta sêkaripun wêngku, sampun katingal kêncêng, kados botên badhe kacuwan kêrsa sampeyan. Agêng inggil sarta kandêlipun. Sidalaku: iya ta dhi sokur, ya banjur garapên bae sak dadine aja kok suda kandêle. Sucipta: kakang, upami kalêstantunakên punapa botên kêkandêlên. Sidalaku: cikbèn le, anak barêp bêcik sing sruwa kaduk. Sucipta: kêlilan kakang, lajêng kula lèsèh. Sidalaku: lèsèh mono priye dhi. Sucipta: lèsèh punika dipun kikiri sakojuring badan dhuwung, parlu mêndhêt kêkêncêngan. Sidalaku: yèn wis dilèsèh banjur kêpriye. Sucipta: manawi sampun turut kêkêncênganipun, sarta kandêl tipisipun. Lajêng dipun pacali, utawi tatah rojehanipun gandhik utawi kruwingan, pejetan, tikêl alis, sraweyan. Sidalaku: iya dhi, nuli garapên. Sucipta: inggih. Botên kacariyos patraping pagarapan dumugi rêsik. Suipta: kakang punika sampun wanci damêl gônja, lajêng kaanjingakên. Sidalaku: mêngko ta dhi, rèhning durung rampung kathik wis diganjani. Sucipta: ingkang parlu kadamêl kakêncênganing dêdagingang. [dêdaging...]

--- 52 ---

[...ang.] Mêndhêt sangking kandêling gônja, nanging kawuningana kakang, kula cumadhong dhawuh, êmbatipun ing kèpèt utawi gônja kadospundi. Sidalaku: êmbat bae kathik nganggo tarèn ta le. Sucipta: inggih, sabab mawi condhong utawi lèlèh wontên kaparêngipun ingkang kagungan. Sidalaku: la mungguh baguse dhi. Sucipta: manawi bagusipun ragi condhong utawi gônja mêmbat, nanging manawi kirang pêrtitis, ing têmbe yèn dipun sarungi rêkaos saenipun, jalaran manawi kaêmbat manut dhuwung, sarungipun awon. Manawi budi wanguning sarungan panggenan pucuk gônja lajêng punuk saking nututi pucuking gônja jênthit. Sidalaku: la mungguh dilèlèhake pakewuhe apa. Sucipta: inggih kakang, sapisan sawanganipun dhuwung cêgèh, kaping kalih panggenan gandhik sok asring mêceco, saking botên karêbahan adêging dhuwung. Sidalaku: Wis dhi ya pikirên dhewe kono supaya kêpenake. Sucipta: inggih, sarèhning sampun kenging kagarap tanpa latu, punapa botên prayogi kundurkondur (dan di tempat lain). dhatêng dalêm. Sidalaku: iya dhi bênêr. Samira: lurah punika rayi sampeyan Mas Ngabèi Mardisara sowan mriki. Sidalaku: iya Samira, aturana bacut mênyang pronasri, titihane

--- 53 ---

pirantènana kaya adate. Ayo dhi Sucipta, kundur marang pronasri, kabênêran kêng raka rawuh. Lajêng sami kundur, wontên ing palataran kapapag Mas Ngabèi Mardisara. Sidalaku: kok bêntèr-bêntèr dhi. Mardisara: inggih kakang, mundur saking sowan punika wau, lajêng kimawon sowan mriki saking kasêsa sêlak kangên, priye le Sucipta, kowe apa padha bêcik. Sucipta: inggih kakang pangèstu sampeyan botên kirang satunggal punapa. Mardisara: iya ta sokur, krasan kowe ana kene. Sucipta: inggih kakang sakalangkung kraos, jalaran hawanipun sakeca, botên bêntèr kados nêgari. Sidalaku: môngga dhi, lajêng kimawon lênggahan ing pronasri. Sampun lajêng dumugi ing pronasri satata lênggah. Sidalaku: Sutirta la mbok tukua ès. Sutirta: inggih lurah kula sampun tumbas, dawêg dipun pêcèli dening pun Samira. Sidalaku: lah sokur ta, kene nuli ladèkna, mêngko ta Kismara konyakku kiriman sing sôngka Tuwan Wèn sêkèng Ngayoja apa ijèh. Kismara: Inggih lurah têgsih kantun satunggal botol. Sidalaku: lah iya ta ajokna mrene [mren...]

--- 54 ---

[...e] kambi banyu Lônda. Môngga dhi Mardisara ngunjuk grog kunyak kalihan toya Wlandi mawi ès, kowe mèlu ya Sucipta, mèk lêga kringête dadi ènthèng mênyang awak. Sucipta: inggih kakang, cariyosipun kunyak punika ngêndêmi. Sidalaku: iyah le kok mêrangi tatal, yèn prakara êndêm iku kabèh sing ilang duga-dugane uga mêndêm arane. Kene Kismara ngajokna gêlas gêdhe têlu bae, kunyake takêrên gêlas cilik sagêlas-sagêlas, nuli dokokana ès, gèk sokana banyune Lônda sakêbake. Wis banjur saosna, môngga dhi Mardisara, ngaturi wilujêng rawuh sampeyan. Mardisara: inggih kakang sakalangkung panuwun kula. Priye le Sucipta gonmu ngladèni si kakang. Sucipta: inggih pangèstu sampeyan, kalêbêt wilujêng, awit waos utawi wêngkonipun ing sêkar sampun katingal kêncêng utawi pucukanipun ing sêkar sampun sagêt dados. Mardisara: ya wis kalêbu bêja kuwi le, dene lagi sapisan ora nana bêncanane. Sucipta: inggih kakang, lakar wilujêng, amung cuwaning manah kula, agêng utawi kandêlipun botên limrah dhuwung, badhe kula ewahi raka jêngandika botên marêngakên. Mardisara: mêngko ta le, sakiki ana ngêndi ta. Sucipta: inggih kakang punika kula aturi mêndhêt piyambak wontên kothak [kotha...]

--- 55 ---

[...k] nginggil patilêman. Mardisara: apa wis kok warangi ta le. Sucipta: sampun, ing manggemangke. dawêg manjing gônja sarêng wangkingan. Kapundhut sangking kothak Mas Ngabèi Mardisara kagèt asru turira. Wah, kakang, lêrês cariyosipun pun Sucipta, kadospundi kêrsa sampeyan punika. Sidalaku: inggih dhi, lakar kula kajêngakên sabab agêng inggil utawi kandêl punika botên dados sabab, jangji botên nama cacat. Mardisara: inggih sampun kaluhuran kakang, ananging punapa botên kawratên badhe ingkang ngagêm. Sidalaku: o, inggih dhi lêrês. Ananging tiyang punika manawi sampun kalajêng rêmên pados mayar. Inggih amung badhe sruwa botên prayogi. Mardisara: mangke ta kang, lah punapa pandamêl mayar punika awon, yèn karsanipun kakang makatên. Sidalaku: manawi panimbang kula inggih awon, sêgsènipun sadaya pandamèlan utawi lampah-lampah manawi rikat utawi gampil kados sampun anêmtokên,anêmtokkên. badhe kirang sae utawi kirang awèt. Mardisara: lo inggih sampun kaluhuran kakang, lah mênggah dhatêng dhuwung, manawi amung pados ènthèng kimawon, [kimawo...]

--- 56 ---

[...n,] jangji sae rak inggih botèn dados punapa. Sidalaku: inggih lêrês, ananging sanadyan awrat mênawi dipun niyati inggih botên dados punapa. Sareka-rekanipun manawi ajrih dhatêng rêkaos punika, dados inggih badhe botên kuwawi, upamènipun makatên, badhe ngangge dhuwung awrat ajrih lajêng santun ingkang ènthèng, dangu-dangu sak bêcik-bêcikane nganggo kêris, bêcik ora disinggahake bae. Lami-lami kêris iku ora nana gawene, bêcik diêdol bae, wêkasanipun dados batên gadhah dhuwung, punika sapiturutipun. Wêwinih sangking pados mayar. Sucipta: kakang, kêrsanipun ingkang raka punika botên kenging dipun cèthèki, kula upamèkakên tiyang ngangsu, sampun pêpikulan warih. Mardisara: e, ya wis ta kêjaba yèn mêngkono, sirku mung tak dêdêr padatan bae. Inggih kakang, sampun ragi mangêrtos kula karsa sampeyan. Lah ing têmbe punapa agêng kandêlipun nracak samantên sadaya. Sidalaku: inggih dèrèng kantênan dhi. Ing têmbe wontên pamanahan malih. Mardisara: lah sokur ta yèn makatên, sanès ingkang kula aturakên. Kula dipun tawèni calon dhuwung, sampun dados luk-lukan, nanging tagsih kenging sakêrsa-kêrsa.