Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Dongèng Wêwulang Bêcik, Wintêr, 1889, #868 (Jilid 1)

Katalog:Dongèng Wêwulang Bêcik, Wintêr, 1889, #868
Sambung:
1.Dongèng Wêwulang Bêcik, Wintêr, 1889, #868 (Jilid 1). Kisah, Cerita dan Kronikal | Dongeng #253.
2.Dongèng Wêwulang Bêcik, Wintêr, 1889, #868 (Jilid 2). Kisah, Cerita dan Kronikal | Dongeng #254.

VERZAMELING VAN ZEDELIJKE VERHALEN

--- 1 : 0 ---

1 ste deel, vierde druk.Gouv. Best. ddo. 19 April 1889, No 34.

Dongèng Isi Wêwulang Bêcik.

BATAVIA LANDSDRUKKERIJ 1889

--- 1 : 2 ---

Dongèng Isi Wêwulang Bêcik

Verzameling van zedelijke verhalen (Javaansch)

--- 1 : 3 ---

Iki Dongèng Isi Wêwulang Bêcik Tinurun saka ing têmbung Walônda Dening Tuwan Karêle Phrèdêrik Wintêr, juru basa ing nagara Surakarta.

Kaêcap kaping papat

Kaêcap ing kantor pangêcapan guphrêmèn ing nagara Batawi Ing tahun 1889

--- 1 : 4 ---

VERZAMELING VAN ZEDELIJKE VERHALEN UIT HET HOLLANDSCH VERTAALD DOOR C. F. WINTER Sr., TRANSLATEUR TE SOERAKARTA

1 ste deel vierde druk Gouv. Best. ddo. 19 April 1889.

BATAVIA LANDSDRUKKERIJ 1889

--- 1 : 5 ---

1. Allah

Ana bocah lanang mursid, nunggal saomah karo wong kang anyêmbah brahala, sarta kêrêp amituturi marang wong iku, têmbunge, Allah iku mung sawiji, kang anitahake langit kalawan bumi. Allah anguningani saparipolahing manusa, lan anyêmbadani panyuwune. Allah kang asipat khayun kawasa angukum lan angganjar marang manusa, apadene atêtulung: lan angrusak. Brahala iki kang ginawe lêmah, ora bisa andêlêng tuwin ngrêrungu, lan ora bisa ambêciki apadene angalani ing manusa. Ananging wong kang nyêmbah brahala mau ora nganggêp ing pitutur nyata mangkono iku.

--- 1 : 6 ---

Anuju sawiji dina, barêng wong kang nyêmbah brahala mênyang sawah, bocah mau anjupuk gêgitik kayu, sarupaning brahala banjur dirêmuk. Mung siji sing gêdhe dhewe ora, sarta tangane dicêkêli gêgitik. Barêng wong kapir mau mulih, andêlêng rusaking brahala, atakon kamoran nêpsu: sapa sing gawe pratingkah mangkono iku. Bocah lanang amangsuli, apa kowe ora ngandêl yèn brahala gêdhe iku kang matèni sadulur-dulure. Wong kapir sumaur sêru, ora, aku ora ngandêl, awit salawase durung tau molahake tangane. Kowe bocah mursal amasthi sing gawe, saiki kowe bakal dakpênthungi kongsi mati, minôngka paukumane alamu.

Bocah lanang anyauri manis. O, aja nêpsu, yèn kowe pracaya, brahalamu ora kawasa agawe pratingkah,

--- 1 : 7 ---

kang kêna linakonan ing bocah, kapriye manèh yèn iku Allaha, kang anitahake langit kalawan bumi. Wong kapir anglênggêr, sauwise pinikir-pikir, brahalane banjur dirêmuk, sarta wiwit lagi samana ngabêkti ing Allah kang sanyata.

Êliding dongèng mangkene, rahayu wong kang angèstokake sarta ngabêkti ing Allah, kaya upamane marang bapa.

2. Bapa kang Ambêk Bêcik

Ana sawijining bapa kang ambêk bêcik, saking prêluning pagawean kongsi lawas adêdunung ana sajroning nagara, bojo lan anak-anake padha omah ana ing desa cilik, adoh saka ing nagara mau. Bapa mau anuli kirim pêthi gêdhe siji marang anak-anake, kêbak isi

--- 1 : 8 ---

barang anèh-anèh, akanthi layang, unine mangkene, anak-anakku kabèh, dèn padha mursid, lan anganggoa pratingkah bêcik. Amasthi kowe enggal bisa katêmu karo aku ana ing kene. Kowe padha bungaha, ing sajroning omah, olèhku anggawèkake kowe, akèh sêsimpênane ganjaran luwih adi, kang dakjagakake ing kowe.

Anak-anake padha bangêt bungah, calathune, iba bêcike si bapak, lan pira-pira olèhe ambungahake marang aku kabèh. Sanajan aku ora wêruh marang bapak, lan ora bisa anduga mungguhing kaanane, amêsthi uga daktisnani têrus ing ati. Aku kabèh amasthi iya padha sumêja ambungahake atine, lan angèstokake parentahe kang muni ing layang. O: iba bakal [baka...]

--- 1 : 9 ---

[...l] padha bungahku, yèn katêmu karo si bapak.

Êmbokne calathu, anak-anakku kabèh, panganggêpe bapakmu marang kowe ana ing ngalam donya iki: ora beda karo pamêngkune Gusti Allah marang sarupaning manusa. Manusa ing saiki amasthi ora bisa wêruh marang Allah kang sipat kamurahan, ananging pêparinge warna-warna bêcik-bêcik, kaya ta srêngenge: rêmbulan, lintang: kêmbang-kêmbang: wowohan, lan tanêm tuwuh, iku kabèh minôngka saksining katrêsnane Gusti Allah marang manusa. Kitab suci iku minôngka layange Gusti Allah, kang anglairake karsane, lan anggantungi swarga. O: ing swarga kono manusa ginantungan ing ganjaran lan kabungahan linuwih, angungkuli kang tinêmu ing alam donya iki. Mulane manusa padha sumêjaa nimbangi katrêsnane Allah, angèstokna [angè...]

--- 1 : 10 ---

[...stokna] sakarsane, sarta bungaha dening duwe pangarêp-arêp olèh swarga. Ing kono manusa bakal wêruh marang Allah, lan angrasakake bungah kang tan kêna winirasa.

Êliding dongèng mangkene, sih sarta kamurahaning Allah angluwihi, mulane padha trêsnaa ing Allah ing sajroning kamuktèn lan kasusahan.

3. Sadulur Lanang lan Sadulur Wadon

Ana sadulur loro lanang wadon, sing lanang aran Sariman, sing wadon aran Tumpak. Karone ing sawiji dina padha ana ing omah dhêdhewekan. Si Sariman calathu, Tumpak, ing sadina iki ayo padha golèk kang enak-enak, sarta padha ambruwah. Si Tumpak anyauri, yèn kowe bisa amrênahake [a...]

--- 1 : 11 ---

[...mrênahake] aku ana ing panggonan, kang ora nganti kawruhan ing uwong, aku iya gêlêm. Wangsulane Si Sariman. Lah mayo mênyang ing buritan, padha mangan jênang ing kono. Si Tumpak amangsuli, ana ing kono amasthi kawruhan ing wong tôngga kang nyigari kayu. Si Sariman sumambung, lah mayo padha mênyang ing pawon. Ing kono ana guci siji kêbak isi madu, padha dipangan karo roti. Si Tumpak sumaur, ana ing kono kawruhan ing wong tôngga wadon, kang ngantih cêdhak lawang. Si Sariman calathu manèh: yèn mangkono ayo padha mangan jêruk ana ing sênthong, ing kono pêtêng, amasthi ora kawruhan marang sawijining wong. Si Tumpak sumaur, E Sariman, apa kowe ngira, ana ing kono ora ana kang wêruh. Apa kowe ora sumurup, yèn ing

--- 1 : 12 ---

dhuwur ana kang sipat ngalimun, nguningani sabarang pratingkah, sanajan kalingana ing pagêr bata, utawa anaa sajroning pêpêtêng, ora kasamaran. Si Sariman kagèt angrungu basa mêngkono iku, calathune, bênêr kowe: adhi, ana ing sênthong kono manusa ora bisa wêruh marang kowe lan marang aku, ananging Gusti Allah ora kasamaran. Mulane anaa ing ngêndi-êndi, aja padha anglakoni panggawe ala. Si Tumpak bungah, dene kakangane nganggêp calathune, Si Sariman banjur diwènèhi gambar bêcik, ing ngisor ana tulise, unine mangkene.

Sanajan barang polahing manusa ana ing ngalam donya ora kawruhan marang sapadha-padhane tumitah, ananging Gusti Allah ing sadina-dina tansah ora kasamaran.

--- 1 : 13 ---

4. Udan

Ana sudagar siji mulih saka ing pasar nunggang jaran, akalung krêga isi uang akèh. Ing nalika samana udan dêrês, Kyai sudagar nganti kalêbus, sarta bangêt muring-muring. Dene panuju mulih saka ing paran, têka Gusti Allah anurunake udan. Lakune anuli têkan ing alas pêtêng, sudagar kagèt andêlêng begal ngadhang ing dalan, angathungi bêdhil, banjur diunèkake. Ananging obate têlês dening udan, dadi bêdhile ora muni. Sudagar tumuli anggêbrag jarane. Salamêt bisa angoncati begal.

Barêng uwis luwar saka ing bêbaya, acalathu, aku iki wong gêmblung, dene muring-muring amarga kodanan, sarta dêrêsing

--- 1 : 14 ---

udan ora dakanggêp pitulunging Allah marang aku. Upama mau têranga, bêdhiling begal amasthi muni, ngênani aku, ora wurung mati, sarta anak bojoku angarêp-arêp, ulihku tanpa wêkas. Udan sing dakgarundêli, kang mitulungi umur lan darbèkku.

Êliding dongèng mangkene, sanajan manusa ginanjar bilai utawa kasusahan dening Gusti Allah, karsane mung amurih bêcike.

5. Kumandhang

Ana bocah lanang aran Kasiman, durung tau ngrungu kumandhang, anuju sawiji dina ana ing pangonan anywara sêru, o, o. Kumandhange tumuli nyauri o, o. Si Kasiman eram, banjur takon. Kowe sapa. Kumandhangnge [Kumandhang...]

--- 1 : 15 ---

[...nge] iya nyauri, kowe sapa. Si Kasiman anuli calathu sêru, kowe bocah bodho. Kumandhange iya muni, kowe bocah bodho.

Si Kasiman anuli nêpsu, kawêtu pêpisuhe akèh-akèh, kumandhange anirokake kabèh. Dheweke banjur anggolèki sajroning alas tarataban, angira bocah lanang kang amêmisuhi, sêdyane anandukake wêwalês. Ananging ora ana wong siji-sijia.

Si Kasiman banjur mulih, wadul marang êmbokne, yèn ana bocah lanang bandhol, andhêlik ing alas tarataban, amêmisuh marang dheweke. Êmbokne anyauri, kowe iku anjalomprongake lan anarka awakmu dhewe. Wruhanamu, sing korungu ana ing alas tarataban iku ujarmu dhewe. Kaya upamane kowe andêlêng rupamu

--- 1 : 16 ---

ana ing banyu, mangkono uga kowe angrungu swaramu dhewe ana ing alas tarataban. Upama basamu manis, saure amasthi iya manis. Yèn wong iku rinêngkuh bêcik, wêwalêse iya bêcik. Yèn dicanthulani sarta disêngoli, pamalêse iya mangkono.

Êliding dongèng mangkene, panganggêpe wong urip marang sapadhane tumitah iku walês winalêsan.

6. Kêmbang

Ana bocah wadon cilik, aran Si Sarintên, ing wayah esuk panuju têrang dolan-dolan marang pangonan cêdhaking desa, kaprênah ana ing lêlowahing gunung, sarta angundhuh kêmbang ginawe ambon-ambon.

--- 1 : 17 ---

Nuli andêlêng kêmbang têlêng akèh cêdhaking dhadhah: lan bêcik-bêcik rupane. Bangêt bungahe anyawang, sarta banjur agahan amêthiki, ananging tumuli ana wong desa angelikake, êbèng, aja cêdhak-cêdhak karo dhadhah iku, awit akèh ulane mandi.

Si Sarintên kagèt. Ing sawatara mênêng bae, ananging bangêt kapengine marang kêmbang bêcik-bêcik mau, calathune, kêmbang têlêng kang munggul saka ing pasukêtan iku, aku kumudu-kudu arêp. Barêng arêp dipêthik, banjur ana ula mêtu saka ing dhadhah, amulêt sarta nyokot bahune, ora nganti antara suwe, Si Sarintên anêmahi mati.

Êliding dongèng mangkene, aja anjurungi pakarêpan kang ora jujur, iku anyênyuda têntrêming atimu.

--- 1 : 18 ---

7. Jêruk

Ing sawiji dina wayah esuk, bocah lanang aran Si Surat angungak ing jandhelane, andêlêng pakaranganing tanggane, akèh jêruke kuning-kuning anggalasah ana ing pasukêtan. Banjur lumayu, ambrobos saka ing lêlowahing dhadhah, lumêbu ing pakarangan, anjupuki jêruk, diisèkake ing kanthongane kongsi kêbak.

Kang duwe pakarangan anuli dumrojog têka, nyangking têkên lumêbu ing pakarangan. Si Surat inggal lumayu marang dhadhah, sumêja ambrobos. Ananging saking kêbaking kanthongane, sêsak ora bisa bablas, dadi kapêksa ambalèkake sakèhing jêruk kang dicolong mau, imbuh-imbuh digêbugi. Calathune [Calathu...]

--- 1 : 19 ---

[...ne] kang duwe pakarangan. Eling-elingên bêbasaning wong mangkene.

Wong angalap darbèking liyan kang sarana paeka, amasthi ora bisa ngoncati paukuman, kang wus dadi bênêre.

8. Nôngka

Ana sawijining wong wadon bôngsa luhur, duwe anak lanang siji, aran Si Sudira, disaosake manakawan marang ratune, kairid marang kadhaton. Satêkane ing kadhaton, êmbokne andum salamêt kambi anangis, sarta amêmulang akèh-akèh bêcik-bêcik. Calathune, anakku ênggèr, kowe aja pêgat-pêgat eling marang Gusti Allah, sabarang pratingkah kang kolakoni, ciptanên ana ing pangayunane, pundhi-pundhinên ratu gustimu, lan tisnaa marang kônca-kancamu kaya

--- 1 : 20 ---

upamane sadulur. Kang prêlu, buwangên cêcacadmu gêdhe, iya iku olèhmu anggranyah, sakawasa candhêtên kêkarêpanamu.

Sawuse mêmulang mangkono êmbokne banjur mulih. Si Sudira nuli angladèni sang ratu dhahar, anggawa piring salaka isi kaluwa nôngka, rupane luwih dening enak. Si Sudira bangêt kapengine arêp ngicipi sanyamplung bae. Ing nalika samana iya uga eling marang wêwulanging êmbokne, nanging kêkarêpane dhewe kang dijurungi. Barêng lakune têkan ngarêping lawang panggonane dhahar sang ratu, enggal anjupuk kaluwa nôngka sanyamplung, banjur agahan diêmplok sarta diulu. Ananging sawuse anyèlèhake piring ana ing meja, ora antara suwe Si Sudira ambruk banjur mati, amarga dening olèhe mangan kaluwa nôngka [nông...]

--- 1 : 21 ---

[...ka] mau, sabab isih bangêt panase, dadi anglonyohake gurung lan wadhuke.

Êliding dongèng mangkene, candhêtên lan kunjaranên hawa napsumu, supaya kowe luputa saka ing sakèhing bilai.

9. Sarangan

Ana bocah lanang loro, siji aran Si Sênthot, sijine Si Gombak, padha nêmu sarangan siji ana ing lêmah sangisoring uwite. Si Sênthot calathu, iku aku sing anduwèni, sabab aku sing wêruh dhisik. Si Gombak sumaur sêru, aku sing anduwèni, awit aku kang anjupuk dhisik. Anuli padha diya-diniya.

Ora suwe ana bocah lanang siji manèh têka, gêdhene ngungkuli kang loro [lo...]

--- 1 : 22 ---

[...ro] mau, calathune, aku kang bakal ambênêri sulayamu, prènèkna sarangane. Sawise calathu mangkono, banjur mapan, diapit ing bocah loro mau, sarangan tumuli dikalêthak, calathune, cangkoke kang siji iki dadi bubuhane kang wêruh dhisik, sijine dadi bubuhane kang anjupuk dhisik, isine dadi bubuhanaku, sumurupa tuwase olèhku nibakake bêbênêran. Mangkono iku kang wus dadi adat wêkasaning prakara. Ênggone calathu mangkono iku kambi gumuyu.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa dhêmên prakaran, amasthi nêmu pitunan lan kawirangan.

10. Kêmiri kang Durung Dioncèki

Ana bocah wadon cilik siji, aran [ara...]

--- 1 : 23 ---

[...n] Si Ranti, nêmu kêmiri runtuhan ing kêbon, isih kabuntêl ing kulite, panyanane mundhu, banjur dicokot. Barêng dirasakake ora enak, tumuli dibuwang.

Sadulure lanang aran Si Sardi panuju ana ing kono, pangartine angungkuli Si Ranti, kêmiri kang dibuwang mau enggal dijupuk, banjur dioncèki kulite, kêmirine dipêcah, isine pinangan. Calathune, rasaning kulit kang ora enak iki ora dakitung, sabab aku sumurub, yèn sajroning kulit iku ana isine gurih, enak dakpangan.

Êliding dongèng mangkene, aja ngetung sayahing kangelan, amasthi kowe ginantungan ganjaran.

--- 1 : 24 ---

11. Uwit Dhuwur

Bocah lanang kang aran Si Jêndhul luwih dening ambêlêr, sarta kaduk wani tanpa dêduga, apadene lumuh manut ing pitutur bêcik, malah-malah dicampahi.

Anuju sawijining dina Si Jêndhul mau dolan-dolan karo sadulure aran Si Siyêm. Tênagane luwih dening ora patut, angidak-idak kêkêmbangan, amronggoli têtanduran, lumumpat ing kalèn, anusup-nusup ing garumbul.

Sadulure wadon calathu, Jêndhul, Jêndhul, kowe iku andhugal bangêt, sarta kaduk wani tanpa dêduga. Elinga marang ujarku, kadadeaning awakmu bakal kaya tuture si biyung, yèn kalantur tênagamu kang kaya mangkono, ora kongsi lawas amasthi nêmu bilai.

--- 1 : 25 ---

Si Jêndhul gumuyu, banjur mènèk ing uwit kang dhuwur dhewe, anguwuh-uwuh marang sadulure wadon. Siyêm, tumêngaa, dêlêngên, aku saiki mêncit. Ora antara suwe êpange uwit kang diênciki mau sêmpal, Si Jêndhul tiba tugêl baune siji.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa anyampahi pirêmbug bêcik, iku pêpadhane wong gêmblung.

12. Gêgodhongan Adi

Ana bocah wadon desa loro, aran Si Diyêm lan Si Jêbrag, padha lumaku marang kutha, anggendhong sênik isi wowohan kongsi angiyêg-iyêg. Si Diyêm tansah garundêlan sarta angêsah, nanging Si Jêbrag gumuyu lan sêmbranan bae. Si Diyêm banjur calathu, kapriye kowe

--- 1 : 26 ---

iku, Jêbrag, bisa-bisamu gumuyu, dene sênikmu abote ora beda kambi sênikku, sarta rosamu ora ngluwihi aku.

Saure Si Jêbrag. Wruhanamu, gawanku iki daksarati gêgodhongan, mulane ora karasa abot. Tirunên ta, saure Si Diyêm. E: gêgodhongan kang mangkono iku amasthi adi, aku iya kapengin niru, supaya gawanku ènthènga. Apa arane gêgodhongan iku. Wangsulane Si Jêbrag. Gêgodhongan adi: kang mayarake sarupaning kangelan: arane sabar.

Êliding dongeng mangkene, ing samubarang laku kowe dèn sabar lan tahan, amasthi ènthèng kang dadi pêpikulanamu.

--- 1 : 27 ---

13. Jamur

Ana wong wadon siji, akongkonan anake cilik aran Si Mariyêm, golèk jamur mênyang alas. Sabaline dikongkon, acalathu marang biyungne, êmbok, sapisan punika kula angsal jamur sae warninipun. Suwawi sampeyan pariksa. Nalikane calathu mangkono kambi angungkabi kêbane, sarta calathu manèh, jamuripun sami abrit-abrit ambranang prayogi, kados dipun tarètès ing mirah. Kula wau aningali kathah sami blawus ing warni, adamêl ewaning paningal, kados angsal-angsal sampeyan dèrèng lami punika, ananging pangraos kula kaawonên, mila botên kula pêndhêt.

Biyungne kagèt. Calathune, o: bocah busuk, bocah gêmblung, jamur [ja...]

--- 1 : 28 ---

[...mur] kang bêcik rupane iku, sanajan abang ambranang, lan kaya tinarètès ing mirah, satêmêne luwih ampuh, sapa sing mangan amasthi mati. Dene sing rupane blawus, kuciwa ing pandêlêng, kang kotampik mau, sanajan rupane kiwa, iku satêmêne kang bêcik dhewe. Mêngkono uga: ênggèr, sarupane kang ana ing ngalam donya iki, akèh pratingkah kautaman, kang ora pati dadi pangungakaning akèh, ananging pratingkah ala akèh kang agawe kèlune wong gêmblung, dalasan panggawe maksiyat, kang agêgèndèng ing manusa, nganggo anggêlari pêpenginan.

Êliding dongèng mangkene, anyingkirana pakarêman, kang gumêlar dening budi ambêlasar, iku pêpadhane wisa kang angêmu rasa lêgi, mulane wêwekanên.

--- 1 : 29 ---

14. Uwit Waluh lan Uwit Êlo

Anuju sawiji dina ana wong desa turon sangisoring uwit êlo, andêlêng waluh rumambat ing pagêr, acalathu kambi gèdhèg. Hêm, têka ora dhêmên aku andêlêng, dene waluh kang rumambat iku uwite cilik uwohe samono gêdhene lan bêcik rupane, môngka uwit êlo iki gêdhe dhuwur wohe cilik-cilik, rupane ora bêcik. Yèn akua kang nitahake jagat, amasthi uwit êlo iki uwohe gêdhe lan kuning-kuning: kaya waluh iku, iba asrine dinêlêng.

Durung antara suwe wêtuning calathu mangkono iku, anuli ana êlo runtuh anibani irunge kongsi mimisên. Wong desa mau kagèt, sêbute adhuh, iki kadadeane olèhku

--- 1 : 30 ---

ambêk gumuna, yèn êlo iki gêdhea sawaluh, amasthi ngamblêkake irungku, malah-malah ngrêmukake raiku kabèh.

Êliding dongèng mangkene, Gusti Allah ênggone anitahake jagat saisine kabèh ora kêna winaonan, sarta kalawan kamulyan lan akanthi kawasa.

15. Uwit Êlo lan Uwit Latêng

Ing wayah bêngi ana prahara, esuke Si Patrayuda saka ing omahe, karo anake lanang isih bocah, aran Si Kayun. Sumêja wêruh, manawa ana apa-apa kang rusak dening prahara mau.

Nalika samana Si Kayun andêlêng uwit êlo êsol, calathu marang bapakne, bapak, sampeyan tingali uwit êlo [ê...]

--- 1 : 31 ---

[...lo] punika êsol, môngka latêng ingkang wontên sapinggiring lèpèn punika botên kirang punapa-punapa, adamêl gumuning manah kula, awit pamanah kula prahara wau dalu punika gampil yèn angrêbahna latêng: kalihan angrêbahna uwit êlo.

Bapakne anyauri, ênggèr, uwit êlo iku: yèn mungguha uwong: ladak, ora bisa andhêluk, katêmpuh ing prahara amasthi êsol. Ananging latêng iku ngatut bae bisa tumêlung, katêmpuh ing prahara ora bisa tugêl utawa bêdhol.

Êliding dongèng mangkene, wong ladak asring anêmu pakewuh, wong andhap asor ing saênggon-ênggone anêmu bêcik.

--- 1 : 32 ---

16. Uwit Êlo

Ing jaman kuna ana jêjaka loro gugat-ginugat munggah marang bêbênêran, siji aran Sarpan, sijine Sarman. Ature Si Sarpan marang parentah, ing sapunika sampun wontên tigang taun laminipun kula kêkesahan, ing sadèrèngipun mangkat, kula titip sêsupe intên satunggil dhatêng pun Sarman, ingkang sampun kula anggêp mitra sae, ing mangke sêsupe kula têdha, pun Sarman botên purun mangsulakên. Ature Si Sarman, barêng kadangu ing parentah, kula matur ing sayêktosipun, kula botên sumêrêp pisan-pisan dhatêng sêsupe punika, sawêk pandugi kula kemawon, mitra kula pun Sarpan punika ragi kalindhih ing pikir, dene darbe panarka dhatêng kula.

--- 1 : 33 ---

Parentah andangu marang Si Sarpan. Kalane kowe ngulungake ali-ali marang Si Sarman, apa ana wong kang wêruh. Wangsulane Si Sarpan. Botên wontên ingkang sumêrêp. Kalanipun kula ngulungakên sêsupe dhatêng pun Sarman, panuju wontên ing ara-ara, sangandhaping uwit êlo, wontên ing ngriku kula ngiras andum wilujêng. Si Sarman kadangu ing parentah, ature, kula purun supaos, yèn kula sumêrêpa dhatêng uwit êlo, ingkang dipun aturakên punika, sami ugi botên sumêrêp kula dhatêng sêsupe wau.

Parentah tumuli dhawuh marang Si Sarpan. Sarpan, kowe lungaa, anjupuka êpanging êlo, kang koaturake mau, aku arêp wêruh rupane. Dene kowe: Sarman, ana ing kene bae, angantènana baline Sarpan.

--- 1 : 34 ---

Si Sarpan banjur lunga, barêng uwis antara durung bali, parentah angandika, mênyang ngêndi baya parane Si Sarpan, dene suwe ora bali, mara Sarman, ngungaka ing jandhela kono, dêlêngên apa ana katon bali. Wangsulane Si Sarman. Kados dèrèng sagêd wangsul enggal makatên, awit panggenanipun uwit êlo punika saking ngriki langkung saking lampahan saêjam.

Parentah banjur ngandika, e, wong ala, wong dora cara, mau aturmu wani supata, ora sumurup pisan-pisan marang uwit êlo, lan marang ali-ali, môngka ing saiki kowe bisa ngarani doh cêdhaking panggonane uwit êlo iku, dadi têtela, yèn kowe sumurup marang tumanjaning ali-ali, lan marang panggonane uwit êlo mau.

Si Sarman kapaksa angrupakake ali-ali, [ali-...]

--- 1 : 35 ---

[...ali,] sarta banjur digantung ana ing uwit êlo mau.

Êliding dongèng mangkene, têmên iku sanajan kasimpêna lawas, wêkasane katara.

17. Sawah

Ana wong miskin aran Sakrama, omahe dumunung ana ing ara-ara, kang pêtêng dening garumbul tuwin dening thêthukulan warna-warna kang aêri. Anuju sawiji dina panuju bêntèr: mangsane wong panèn, Si Sakrama ngalèlèh ana sangisoring garumbul. Anuli ana wong desa liwat, anggawa kèsèr kêbak isi pari. Si Sakrama murina andêlêng kêbaking kèsèr isi pari iku, amitambuhi marang wong desa mau.

Wong desa iku anggraita, yèn dimurinani, [dimu...]

--- 1 : 36 ---

[...rinani,] tumuli mandhêg, acalathu marang Si Sakrama, têmbunge, upama lêmah bêra duwèkmu iki kopulasaraa, sabên dina mung olèha saambane kang kasasaban ing awakmu kang kêsèt iku, amasthi ing sabên taun kowe olèh pari, angluwihi kèhe kang ana ing kèsèr iki.

Ujar mangkono iku andadèkake panujuning atine Si Sakrama, sakèhing thêthukulan kang aêri lan garumbul-garumbul padha dibabadi, lêmahe pinulasara, banjur dadi sawah, ora nganggo ambandhani dhuwit, akèh pamêtune pari, minôngka dadi pangane saanakrayate kabèh.

Êliding dongèng mangkene, kêsèd iku anuntun marang bilai lan marang kêkurangan, wong pêthêl ing salawase ora kacingkrangan pangan.

--- 1 : 37 ---

18. Wêwulèning Pari

Ana wong among tani mênyang sawah karo anake lanang isih bocah: aran Si Dayun arêp aniliki têtandurane pari, apa uwis tuwa kêna diêni tumuli, satêkane ing sawah, Si Dayun saking busuke acalathu marang bapakne, têmbunge, bapak, sampeyan tingali pantun punika, ing sawatawis wontên ingkang ngadêg lêrês, pandugi kula punika sami sae-sae sadaya, sanèsipun sami tumungkul, watawis kula punika sami awon-awon.

Bapakne banjur anjupuk rong wuli, calathune, mara dêlêngên, bocah busuk. Wêwulèn kang ngadêg bênêr iki: sêmune kaya wong ladak, prasasat gabug kabèh. Dene kang tumungkul, sêmune kaya [ka...]

--- 1 : 38 ---

[...ya] wong andhap asor, isine aos-aos.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa kumalungkung lumuhur-luhur, samôngsa kambah ing bilai lan pakewuh, tumiba ing apês.

19. Kadhêle

Ana wong ambêbarang jantur, duwe panyuwun marang panjênênganing ratu, kalilana anjantur ana ing ngarsane, angebarake kagunan kang durung tau ana wong wêruh. Sang prabu anglilani, kang ambarang jantur nuli lumêbu ing kamar, anggawa piring isi kadhêle uwis ambêdhêdhêg, amarga diêkum. Uwong sijine kon anyêkêl êdom, kadhêle banjur disawur-sawurake, kabèh padha nancêp ana pucuking êdom.

--- 1 : 39 ---

Sang prabu angandika, hèh, wong guna, wataraku lawas olèhmu marsudi budi, sarta bangêt kangelanamu, kongsi kowe bisa duwe kagunan kaya mêngkono, mulane kowe bakal dakganjar. Sang prabu nuli ngandika lirih marang abdine, abdi kang dipangandikani, banjur lunga, ora suwe bali, anggawa kandhi kêbak isine. Kang ambarang jantur bangêt bungah, panyanane kandhi iku kêbak isi dhuwit.

Barêng kandhi mau kasuntak awit saking dhawuhe sang prabu, katon mung isi kadhêle bae, sang prabu angandika, sarèhne kagunanmu ora maedahi pisan-pisan marang uwong, sarta aku amasthèkake, kowe ora tômpa opah akèh, amasthi ora kongsi lawas kowe banjur kêkurangan kadhêle, mulane kowe dakparingi kadhêle.

Êliding dongèng mangkene, aja andhêdhêr [andhê...]

--- 1 : 40 ---

[...dhêr] pakarêman ing sajroning atimu, kang ora maedahi utawa agawe kauntunganing liyan.

20. Kacang Ruji

Ana wong sugih bangêt cêthile, sing dipangan ing sadina-dina ora ana manèh mung kacang ruji, awit iku kang dianggêp mufangati lan murah dhewe. Kacang kang digodhog ing sadina-dinane nganggo diitungi, pinasthi kèh sathithike, supaya pangane aja kongsi kaduk, mung kinira sacukupe aja nganti mati dening kaluwèn. Ananging katungkule angitungi kacang mau angowakake pagaweane sajroning omah, nganti kêrêp andadèkake pitunane akèh, sabab sasuwene angitungi kacang, amurih iwite kang dipangan, batur-bature anyolongi [anyo...]

--- 1 : 41 ---

[...longi] parine. Wong sugih mau matine malarat. Nalika ngarêpake mati, calathune mangkene.

Wong ipil-ipil iku iya uga bêcik, ananging nganggoa ngopèni kang prêlu-prêlu.

21. Jago

Ana wong wadon siji, pêthêl ing samubarang gawe, duwe batur wadon loro, iku sabên esuk wayah jagone kaluruk padha digugahi. Batur wadon loro mau bangêt muring-muringe marang jago iku, banjur dipatèni, supaya aja kongsi digugah esuk-esuk. Barêng jago wis mati, wong wadon bêndarane mau ora wêruh ing wayah, dadi bature wadon loro asring digugah ing sadurunging jago kaluruk wayah esuk, [esu...]

--- 1 : 42 ---

[...k,] malah-malah kêrêp padha digugahi ing wayah têngah wêngi.

Êliding dongèng mangkene, yèn wong iku anyingkiri kangelan sathithik, adat anêmu rêrubêd gêdhe.

22. Babon

Ana wong wadon tuwa miskin duwe ingon-ingon babon siji, sabên dina ngêndhog siji-siji, ananging sing duwe ora marêm marang êndhog siji ing sadinane, babone banjur dijuju dilêmokake, ciptane ing sadina-dinane amasthi bisa ngêndhog loro utawa têtêlu, ananging babon mau amarga kinadukan pangan dadi lêmu bangêt, ora ngêndhog-ngêndhog manèh.

Êliding dongèng mangkene, dinarima marang panduman sathithik. Yèn ora mangkono, [mang...]

--- 1 : 43 ---

[...kono,] amasthi sangsaya luwih sathithik bêgjamu.

23. Susuh Gêdhe

Ana bocah lanang siji ambêk siya, gawene golèk susuh manuk ana ing dhadhah lan ing kêkayon. Sabên olèh susuh, yèn ana anake banjur dicuplaki matane, iku kabungahaning ati ala. Biyungne kêrêp angelikake, calathune, hèh, bocah murang sarak, elinga marang ujarku, yèn kowe ora marèni pratingkahmu mangkono iku, amasthi nêmu paukumaning Allah. Ananging bocah mau ora maèlu marang pituturing biyung, ing batin malah anyênyampahi, pratingkahe kang ora patut iku sangsaya kadarung.

--- 1 : 44 ---

Anuju ing sawijining dina parane bocah lanang mau mênyang alas, sumêja anandukake pratingkah siya manèh. Satêkane ing alas, andêlêng susuh gêdhe ana ing uwit kusambi, enggal dipènèk, anaking manuk kang ana ing susuh, dijupuk siji, dilêbokake ing kanthongane, barêng sijine arêp dijupuk, manuk bidho kang duwe susuh têka, anucuki matane bocah lanang mau kongsi molèr.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa anyênyêla ing wong tuwa-tuwane, wêkasane anêmu bilai dening alane dhewe.

24. Tawon

Bocah lanang kang aran Si Dama mênyang patamananing tanggane, andêlêng uwit rêgulo [rêgu...]

--- 1 : 45 ---

[...lo] lagi kêmbang, banjur amêthik siji, calathune, kêmbang iki dakgawe ambon-ambon. Kêmbang rêgulo mau lagi mèdêm. Barêng diambu, irunge karasa lara, mungguh laraning irung iku, amarga diantup ing tawon kang nalêsêp sajroning kêmbang, awit pangambunê nganggo dipèjèt.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa bungah-bungah atinggal wêweka, wêkasane anêmu lara lan kasusahan.

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau

Si Dama watêke brangasan. Barêng wêruh yèn diantup ing tawon, banjur angraup wêdhi, disawurake marang talaning tawon kang ana ing patamanan kono, tawone atusan bubar ngamuk angantupi. Si Dama bangêt kalaran, anyandhang lara mèh andadèkake patine.

--- 1 : 46 ---

Êliding dongèng mangkene, yèn wong angumbar nêpsu sajrone anêmu rêrubêd, enggal tumiba ing tiwas.

25. Jaran Colongan

Ana wong desa, ing wayah bêngi kamalingan jarane kang bêcik dhewe, anuli mênyang pasar, sumêja tuku jaran seje. Satêkane ing pasar, ana ing pajaranan andêlêng jarane nunggal lan jaran akèh, kang pancèn bakal diêdol, enggal dicandhak kêndhaline, calathune, iki jaranku, kang ilang kamalingan antara têlung dina iki.

Wong kang sumêja ngêdol jaran kang katitik mau sumaur, kisanak, kira kula dika kaliru, jaran iki ontêne ing kula êmpun luwih saking satahun. Kula botên maido, yèn madha rupa karo jaran dika,

--- 1 : 47 ---

nanging yèn iki, satêmêne dudu duwèk dika.

Wong desa mau enggal anutupi mataning jaran karo tangane loro, sarta acalathu, yèn jaran iki êmpun sataun ontên ing dika, dawêk dika arani, matane sing picak kang pundi.

Mungguh nyatane, jaran iku dhasar olèhe nyolong kang kanggonan, maune kaya durung pati ditamatake cirine, mulane bangêt kewuhan, barêng ditakoni mêngkono, wasana saure angawur, sing picak matane kiwa. Saure wong desa, luput olèh dika ngarani, dudu matane kiwa sing picak. Kang kanggonan jaran calathu manèh, kaledhon calathu kula, sing picak matane têngên.

Wong desa banjur anglungakake tangane kang nutupi mataning jaran, calathune, [calathu...]

--- 1 : 48 ---

[...ne,] saniki êmpun têtela, yèn dika niku maling lan wong goroh. Anuli calathu marang sakèhing wong kang ana ing kono, dika kang padha ontên ngriki kabèh êmpun têtela wêruh, yèn jaran iki botên picak. Olèh kula takon mau mung amrih katitike kang nyolong.

Wong kang ana ing kono kabèh padha gumuyu, sarta kêplok-kêplok, calathune, konangan, konangan. Wong kang kanggonan kabênêr ambalèkake jaran, wuwuh-wuwuh kapatrapan paukuman ing sabênêre.

Êliding dongèng mangkene, sajuliganea maling angêmpakake alane, têrkadhang konangan sarana dening akal.

--- 1 : 49 ---

26. Sapi Gêdhe

Ana wong sawiji, sumêja anyatakake marang anak-anake, yèn wong urip iku bisa luwih ing sapadha-padha, kang marga dening gêgulang sarta dening tau, calathune, mungguh iku aku bakal nyaritakake lêpiyane. Ujaring carita ing jaman kuna, ana wong siji, gawene lêlungan anggawa sapi gêdhe siji, iku yèn panuju ana ing pakeyan dipundhak, ginawa wira-wiri. Wong kang andêlêng padha takon, kapriyè margane dene kongsi duwe karosan samono. Kang tinakonan sumaur, kalane sapi iki isih pêdhèt, sabên dina dakbopong, dakgawa lêlungan lakon rong jam. Mundhak dina uwis masthi bae mundhak abote, ananging karosanku sabên dina

--- 1 : 50 ---

iya mundhak. Wêkasan aku kêlar ambopong sapi iki.

Carita iku êmbuh têmên êmbuh ora, nanging anêtêpake yêktining paribasane wong kuna, ujaring paribasan.

Wong iku dadine cukat lan rosa, sarta kuwagang anggarap pagawean kang luwih angèl, mung sarana digêgulang.

27. Bihal

Ana maling loro nyolong bihal siji, digiring mênyang alas. Satêkane ing alas kono padha rêmbugan prakara rêrêgan bakal pangêdoling bihal, lan kang dadi bubuhaning pêpayone wong siji-sijine. Olèhe rêmbugan andadèkake padu, kadrawasan, banjur kêrêngan. [kêrêngan...]

--- 1 : 51 ---

[....]

Sasuwene kêrêngan, ana maling seje têka, anglimpe kang padha kêkêrêngan, anyengklak bihal, banjur diplayokake. Maling loro mau wêruh-wêruh, yèn bihale ilang, barêng wus antara adoh, ora kacandhak yèn katututana, dadi mung ngingêtake bae marang bihale saka ing kadohan, samono iku êndhase padha gêtihên. Maling kang siji calathu, pratingkahmu lan pratingkahku kalêbu ing bêbasan, olèh ngunjal banjur gagal. Saure sijine, iya mangkono, nanging patitise mangkene.

Asu loro kêrah arêbut balung, anuli ana asu siji manèh têka, enggal amlayokake balung kang rinêbut.

--- 1 : 52 ---

28. Kêthèk

Ana kêthèk malêbu ing jandhelane wong sugih, kang bangêt cêthile, ora tau wèwèh marang wong miskin. Nalika samono kang duwe omah panuju sêpi, kêthèk mau andêlêng pêthi kêbak isi uwang mas lan uwang salaka, banjur diawut-awut ana ing lêlurung, dadi rêrêbudaning wong akèh.

Barêng pêthi mau mèh kothong, kang duwe omah têka, kagèt andêlêng pratingkahing kêthèk angawut-awut dhuwite, rinêbut ing wong akèh. Isih adoh kêthèk mau wis diagagi bithi, sarta dipisuhi buron bodho.

Tanggane wong cêthil mau calathu, nyata bodho yèn wong ngawut-awut dhuwit ana ing lêlurung, kaya pratingkahing kêthèk iku, ananging pratingkahmu ambêbêg dhuwit [dhuwi...]

--- 1 : 53 ---

[...t] ana ing pêthi, iku luwih dening bodho.

Êliding dongèng mangkene, rahayu wong kang akèh kauntungane, yèn nganggo eling nguluri marang wong miskin.

29. Bruwang Gêdhe

Ana gêrma loro, aran Jayadrana lan Wirawôngsa, karone padha lêlaku, angrungu pawarta yèn ing sawijining alas ana bruwange gêdhe, calathune, bruwang iku amasthi tumuli kêna ing aku.

Anuli sabên dina padha tabêri mênyang alas, anggolèki bruwang mau, yèn sore mulih marang omah pasewan. Ana ing kono padha mêmangan enak, nanging ora anggawa dhuwit. Calathune marang kang ngadêgake pasewan. Wragade [Wra...]

--- 1 : 54 ---

[...gade] olèhku mangan ana ing kene ing besuk dakbayar saka ing pêpayone walulanging bruwang.

Anuju ing dina sawiji, barêng padha mênyang alas manèh, bruwang mau ngaton, anyandêr marang gêrma loro kambi anggêrêng. Si Jayadrana saking kagète pambêdhile luput, banjur rikat mènèk ing kêkayon. Si Wirawôngsa bêdhile ora muni, enggal niba ing lêmah, ora obah-obah wis kaya wong mati. Bruwang nuli angambusi cangkêm irung lan kupinge, sarèhning bruwang ora tau môngsa bathang, banjur lunga, awit Si Wirawôngsa disêngguh mati.

Si Jayadrana anuli mêdhun saka ing penekan, sêmbranan atakon marang Si Wirawôngsa, aku bok kotuturi, bruwang mau ambêbisiki apa marang kowe. Saure Si Wirawôngsa, tuture marang

--- 1 : 55 ---

aku, ing sabanjure kowe lan aku aja ngêdol walulanging bruwang, yèn bruwange durung kêna kocêkêl.

Êliding dongèng mangkene, aja andadèkake barang kang durung katêkêm ana ing tanganmu, awit kêrêp ambalenjani, wêkasan luput ing pamasthimu.

30. Macan

Bocah lanang kang aran Si Jalidin dhêmên goroh, angon wêdhus cêdhak lan alas gêdhe, panuju angon wêdhus duwe karêp ambêbungah atine, sarana agawe gêguyon marang wong liyane, banjur alok-alok, ana macan, ana macan.

Ora suwe wong desa kang cêdhak ing kono akèh padha tandang anggawa gêgaman. Sarèhne ora ana macan katon [ka...]

--- 1 : 56 ---

[...ton] tumuli padha bali mulih, Si Jalidin anggêguyu.

Esuke Si Jalidin alok-alok manèh, ana macan, ana macan, wong desa tandang manèh, nanging ora pati akèh kaya kang uwis. Sarèhne ora ana macan kang katon, dadi padha mulih kambi muring-muring.

Ing têlung dinane ana macan ngaton têmênan, Si Jalidin jêlih-jêlih, tulung-tulung, ana macan, ana macan. Ananging ora ana wong desa siji-sijia kang tandang. Wêdhuse padha bubar lumayu marang desa, Si Jalidin sarèhne ora bisa lumayu rikat kaya wêdhuse, diburu ing macan kacandhak, digondhol mênyang alas, disuwèk-suwèk banjur dimôngsa.

Êliding dongèng mangkene, wong kang wus [wu...]

--- 1 : 57 ---

[...s] kasêbut dhêmên goroh, sanajan calathua têmênan, iya ora diandêl.

31. Singa

Ana batur tukon lanang minggat saka ing bêndarane, kacêkêl nuli kapatrapan ukuman pati. Pratingkahe matrapi paukuman mangkene, batur tukon mau kaprênahake ana ing panggonan jêmbar kinubêng ing pagêr bata, ing kono anuli diuculi singa siji, supaya amangsaa marang batur tukon iku. Ewon uwong kang padha anonton.

Singa galak anyandêr marang batur tukon, kang dharodhogan. Ananging barêng cêdhak, nuli mandhêg, buntute kopat-kapit, colot-colot asêmu bungah, banjur andilati tangane batur tukon [tu...]

--- 1 : 58 ---

[...kon] mau. Kang nonton padha gumun, atakon marang batur tukon, kapriye mulane dene ana pratingkah mangkono. Kang tinakonan sumaur, kalane aku minggat saka ing bêndaraku, aku andhêlik ana ing alas, manggon sajroning guwa, ora antara suwe singa iki tumêka ana ing panggonanaku kambi gêrêng-gêrêng, sêmune kalaran, anuduhake sikile katlusuban ing êri gêdhe lan landhêp. Êri anuli dakdudut. Wiwit nalika samana aku rukun bêcik karo singa iki ana sajroning guwa, sarta sabên dina aku diolèhake bêburon alas kang minôngka panganku. Anuju sawiji dina ana wong ambêburu, aku lan singa iki kacêkêl. Wiwit nalika samana pisahku, ing mêngko singa iki bungah, dening katêmu manèh karo aku.

--- 1 : 59 ---

Sakèhe wong kang nonton bangêt gumun sarta bungah, acalathu sêru, wong bêcik lan singa kang wêruh ing panarima iki muga-muga aweta urip. Prakara iki banjur konjuk marang panjênênganing ratu, karsane sang prabu batur tukon kaapura, sarta kamardikakake, apadene kaparingan singa mau, kang tansah akêkinthil marang batur tukon kang agawe kabêcikan, wus kaya asu, ora nganggo anyikara uwong.

Êliding dongèng mangkene, yèn sato duwe panarima, kongsi bisa ilang galake, kapriye manèh manusa yèn oraa wus pancèn bênêre kadunungan ing wajib kang marang panarima.

32. Mutyara

Ana wong lêlaku kasasar marang sagara wêdhi, [wê...]

--- 1 : 60 ---

[...dhi,] adate yèn wong ngambah ing kono, ngalambrang kongsi pirang-pirang dina ora nganggo nêmoni omah. Wong mau mèh kalirên lan bangêt ngoronge, anuli nêmu wit ayom siji, ing ngisor ana sêndhange, banyune bêning. Cêdhaking sêndhang iku ana kanthong cilik gumlèthèk. Calathune wong mau kambi anjupuk kanthong, aku sukur mungguhing Allah, kanthong iki baya isi kurma, amitulungi marang aku, ora nganti mati kalirên. Sawise calathu mangkono, banjur agahan ambukak kanthong, ananging bangêt kagète barêng wêruh isine, calathune, dene iki mung isi mutyara.

Êliding dongèng mangkene, sêga sakêpêl kang minôngka têtamba ngêlih, ajine luwih dening êmas utawa rajabrana.

--- 1 : 61 ---

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau

Wong kang lêlaku mau, sanajan anêmu mutyara kang akèh rêgane, amasthi sida mati kalirên, yèn ora nêmu pitulung, ora antara suwe ana koja têka anunggang unta, wêlas andêlêng marang wong kaluwèn mau, banjur diwènèhi roti lan wowohan kang nyêgêri, sawise mangan, anuli diboncèngake ing untane. Calathuning koja, sabarang pamranatanepranatane. Gusti Allah angeram-eramake, olèhku kailangan mutyara dakanggêb bilai gêdhe, ananging sanyatane iku kabêgjan gêdhe, baliku mrene iki saking karsane Gusti Allah, supaya aku amitulungana urip marang kowe.

Êliding dongèng mangkene, Gusti Allah kêrêp amitulungi manusa, kaêntas [kaênta...]

--- 1 : 62 ---

[...s] saka ing bilai gêdhe, mung sarana kabêgjan kang luwih dening rèmèh.

33. Watu

Ana wong sugih agawe dhadhakan padu karo wong buruh, banjur amèk watu disawatake marang buruh iku. Watu anuli dijupuk sarta dikandhut marang kang sinawat. Osiking ati, ing besuk amasthi ana mangsane, aku bisa malês nyawat wong ala kuwe kalawan watu iki.

Wong sugih mau saking ladak sarta lumuhe marang pagawean, apadene saking pangêbrèhe, banjur dadi kere, anuju sawiji dina anganggo gombal lan liwat ing omahe buruh mau. Buruh tumuli anjupuk watu saka ing kandhutane, sêdya disawatake marang wong kang cilaka iku, ananging nuli kanggêk-kanggêk, calathune [cala...]

--- 1 : 63 ---

[...thune] sajroning ati, panêmuku, wong mangkono ora prayoga yèn anandukna wêwalês ala, awit yèn wêwalês iku tumiba marang satrune kang sugih lan kawasa, iku aran tanpa wêweka lan tanpa dêduga, yèn tumiba marang satrune kang nandhang cilaka, iku aran luwih dening siya. Ananging kapriyea uga kayêktèning panêmuku mau, wêwalês ala iku têtêp ora bêcik, lan sulaya karo parentahing agama.

Êliding dongèng mangkene, satrumu wirangna kalawan sabaring ati, awit Gusti Allah amasthi iya ngapura dosamu.

34. Kandhi Kêbak Isi Lêmah

Ana priyayi gêdhe sugih, sumêja angêlar patamanane, duwe panarima marang sawijining wong rôndha miskin, arêp nuku sawahe, [sawah...]

--- 1 : 64 ---

[...e,] ananging kang tinari ora awèh, anuli dipitênah kalawan prakara, andadèkake mênange wong sugih mau, sawah banjur dadi duwèke.

Esuke barêng wong sugih mau midêr-midêr ana ing sawah, nyai rôndha têka anyangking kandhi kothong siji, têmbunge karo anangis mangkene, kula darbe panyuwun ing sampeyan, mugi kalilana mêndhêt siti saking sabin têtilaranipun bapa kula, namung sakêbakipun kandhi punika. Wong sugih sumaur, panjalukmu kang kaya lêkasing wong gêmblung iku daklilani.

Nyai rôndha anuli amèk lêmah, diisèkake ing kandhine, banjur calathu manèh, ing sapunika kula darbe panyuwun malih ing sampeyan, kula mugi sampeyan tulungi, nginggahakên kandhi punika dhatêng pundhak kula.

Wong sugih mau sarèhne ora tau [ta...]

--- 1 : 65 ---

[...u] anggarap pagawean rakasa, ora gêlêm amitulungi, ananging nyai rôndha tansah ngudi ing panjaluke, wasana dilêgani, ananging barêng anyandhak kandhi arêp dijunjung, calathune, aku ora kêlar, bangêt abote.

Nyai rôndha wangsulane amranani, manawi kandhi isi siti punika sampeyan sampun amastani awrat, kadospundi ugi awratipun siti sêsabin ingatasipun sampeyan, wontênipun ing jaman langgêng, awit yèn kawadhahana ing kandhi, dados pintên-pintên èwu.

Têmbung mangkono iku andadèkake kagète wong sugih mau, sawah banjur dibalèkake marang nyai rôndha, calathune, saiki têtela ing sumurupku.

Yèn wong anglumpukake ngamal kang sarana laku ora bênêr, amasthi sirna ajine [aji...]

--- 1 : 66 ---

[...ne] ingatase marang Gusti Allah, lan marang sapadha-padhane tumitah.

35. Patamanan

Ana wong aran Surapradata, wayahe wis tuwa, dhêmên padu sarta agawe prakara anggugat uwong, wêruh yèn tanggane arêp gawe jandhela anyar, bakal bisa ngungak ing patamanane, banjur dipênging, sarta diancam-ancam bakal diprakara yèn kasidakake.

Tôngga-tanggane liyane padha têka, amitulungi marang Si Surapradata, calathune, sarèhne kowe uwis tuwa, bok aja gawe prakara manèh-manèh, môngsa anaa pakolèhe kowe anggugat wong arêp gawe jandhela. Si Surapradata nêpsu, sarta agêdruk-gêdruk. Saure bêngak-bêngok.

--- 1 : 67 ---

Andêlên basaku, amasthi kalakon tanggaku ora nganti ngungak saka ing jandhela, andêlêng patamanaku.

Si Surapradata banjur anggugat, nanging kalah, sarta kabênêr ambayar wragading prakara. Kajaba saka ing iku, saking dhêmêne gawe prakara anggugat uwong, kongsi akèh utange, ora bisa nyaur, patamanane banjur diêdol ing parentah, dituku marang anake wong desa sugih, aran Artadaya. Tôngga-tôngga mau anuli ngolok-ngolok marang Si Surapradata, têmbunge, karêpmu wis kasêmbadan, tanggamu ing saiki ora ngungak ing patamanamu, nanging ngungak ing patamanane Si Artadaya.

Êliding dongèng mangkene, panyanamu yèn agawe prakara anggugat uwong, kowe ngambah dêdalan kang bênêr, ananging [a...]

--- 1 : 68 ---

[...nanging] satêmêne bakal nyandhang susah, kalah sarta kailangan dhuwit.

36. Roti

Ana wong sugih, anuju ing môngsa larang pangan, angundangi bocah anak-anake wong miskin ing sajroning kutha, dipurih tumêka ing omahe, sawise padha têka, dicalathoni mangkene, iku ana sênik kêbak isi roti, kowe padha daklilani anjupuk niji, sarta dakwênangake mrene sabên dina anjupuk roti niji, kongsi ana karsane Gusti Allah agawe murahing pangan.

Bocah-bocah mau nuli kumroyok padha rêbutan roti, amilihi kang bêcik lan gêdhe dhewe, banjur padha mulih, ora nganggo awèh tarima kasih marang wong sugih mau. Panunggalane bocah [bo...]

--- 1 : 69 ---

[...cah] akèh-akèh mau ana bocah wadon siji, aran Si Sainêm, miskin ananging rêsikan. Iku ngadêg adoh, anuli mara anjupuk kakarèning roti cilik dhewe, sarta anyêmbah marang wong sugih, minôngka pratandhaning tarima kasih, sawise mangkono banjur mulih.

Esuke bocah akèh mau bali, sawise padha anjupuki roti, ulihe iya kaya kang wus kalakon, ora nganggo awèh tarima kasih, Si Sainêm kaduman roti cilik dhewe. Satêkane ing omah, roti disigar ing êmbokne kang panuju lagi lara, sajroning roti isi uwang salaka, isih padha anyar-anyar. Êmbokne kagèt, calathune, Sainêm, uwang iku balèkna marang kang duwe, awit anane sajroning [sa...]

--- 1 : 70 ---

[...jroning] roti iki ora kalawan ditêmaha.

Si Sainêm banjur lumaku marang omahe wong sugih mau, ambalèkake uwang salaka kang tinêmu ana sajroning roti. wangsulane wong sugih, aku ora kaliru, dhasar jaragan uwang salaka iku dakgawe isèn-isèning roti kang cilik dhewe, minangka ganjaranamu. Kowe dhêmêna rukun karo sapadha-padhamu tumitah, lan marêma ing salawas-lawase. Sapa kang narima olèh roti cilik, ora gêlêm rêbutan angarah kang gêdhe, sanajan rotine ora nganggowa isèn-isèn uwang, masthi ambarkati ing sajroning omahe.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa kawasa anyandhêt kêkarêpane, amasthi olèh luwih saka ing panyiptane.

--- 1 : 71 ---

37. Daging Sairis

Ana bocah desa loro, aran Si Ngalim lan Si Sidin, anggawa kayu mênyang omahe lurahe, anjujug ing pawon. Juru pawone ora suwe nuli mêtu saka ing pawon, arêp anjupuk dhuwit, bakal diwèhake marang bocah loro mau, Si Ngalim kang ambêg julig enggal anjupuk daging sairis kang ana ing kuwali, dilêbokake ing kanthongane Si Sidin. Calathune marang Si Sidin. Mêngko yèn juru pawon bali kelangan daging, aku supata, yèn daging iku ora ana ing kanthonganaku, dene kowe supataa, yèn ora anjupuk. Dadi kowe lan aku ora kêna dikapak-kapakake.

Ora antara suwe juru pawon bali, andêlêng daging kang ana ing kuwali wus ora [o...]

--- 1 : 72 ---

[...ra] ana, amandêng marang bocah lanang loro mau, awit iku kang ditarka anjupuk. Banjur ditakoni, êndi daging kang ana ing kuwali iki. Si Ngalim lan Si Sidin anyauri kaya kang wus dadi rêmbug mau.

Calathune juru pawon, kowe Ngalim, kang anjupuk daging saka ing kuwali, katara saka ing rêgêde lêngênane kulambimu. Dene kowe, Sidin, kang angandhut, katara gajihe tambas saka ing kanthonganamu. Bok diwêruh ing isin lan diwêdi marang duraka. Sanajan aku ora wêruh marang culikamu, Gusti Allah amasthi ora kasamaran. Awit anguningani osiking ati lan angukum marang wong ala.

Si Ngalim lan Si Sidin kapaksa ambalèkake daging, sarta kaukum awit dening calimude.

--- 1 : 73 ---

Êliding dongèng mangkene, apa pakolèhe anggorohi uwong, awit Gusti Allah ora kêna diselaki.

38. Isarat

Ana pangeran pêpara, kodanan angaub marang omahe wong desa, anak-anake kang duwe omah panuju lagi kêpung mangan jênang bakatul winadhahan ing layah. Katon saka ing pratingkah yèn enak olèhe padha mangan, sarta bocah-bocah iku padha bagas-bagas lan kawarasan.

Sang pangeran andangu marang kang duwe omah, kapriye olèhe bisa enak amangan panganan sawiyah mangkono, [mang...]

--- 1 : 74 ---

[...kono,] lan kapriye olèhe bisa bagas sarta kawarasan bae.

Ature kang dinangu, mila sagêd nêdha eca, sarta bagas kasarasan kemawon, isaratipun namung tigang prakawis. 1. Ing sadèrèngipun nêdha anak-anak kawula punika kawula purih anggarap padamêlan rumiyin, 2. Manawi dèrèng mangsanipun nêdha, botên kawula sukani punapa-punapa, supados luwea, 3. Kawula têtuman anarimah nêdha ing sawontênipun, sarta botên kawula têtuman anêdha pêpanganan utawi ingkang eca-eca.

Êliding dongèng mangkene, isarat bêcik dhewe, kang andadèkake rahap lan doyan mangan iku, kang sapisan sayah anggarap gawe, kapindho kasênênganing ati.

--- 1 : 75 ---

39. Wêsi Lapising Tracak Jaran

Ana wong desa lêlaku karo anake lanang, aran Si Saptu. Bapakne andêlêng wêsi lapising tracak jaran gumlèthèk ana ing dêdalan, acêlathu marang anake, Saptu, kae ana wêsi lapising tracak jaran gumlèthèk ana ing dêdalan, jupukên kandhutên. Saure Si Saptu, kadamêl punapa tosan makatên, botên murwat kalihan kangelan kula andhingkluk mêndhêt. Wêsi lapis tumuli dijupuk dening bapakne, dikandhut, ora nganggo calathu apa-apa. Satêkane ing desa, diêdol marang pandhe payu sêtèng, ditukokake kapundhung, banjur dikandhut, anuli padha nutugake laku. Ing nalika samana bangêt panase, ora ana omah tuwin kêkayon [kêka...]

--- 1 : 76 ---

[...yon] gêdhe, apadene sêndhang siji-sijia kang katon. Si Saptu bangêt ngoronge, mèh ora bisa anututi lakune bapakne. Bapakne anggraita, banjur angruntuhake kapundhung siji, Si Saptu agahan enggal anjupuk, prasasat anêmu êmas, tumuli diêmplok. Ora suwe bapakne angruntuhake siji manèh, Si Saptu iya agahan anjupuk kaya kang uwis. Kaya mangkono pratingkahe urut dalan, nganti kapundhunge êntèk kabèh.

Barêng kapundhung uwis êntèk kabèh, wong desa mau calathu marang anake kambi gumuyu, têmbunge, Saptu, yèn kowe mau gêlêma kangelan andhingkluk sapisan anjupuk wêsi lapising tracak jaran, kang gumlèthèk ana ing dêdalan, amasthi ora nganti kêrêp olèhmu andhingkluk anjupuki kapundhung.

--- 1 : 77 ---

Êliding dongèng mangkene, sing sapa lumuh anglakoni kangelan sathithik, amasthi kabubuhan pagawean abot.

40. Pakuning Lapis Tracak Jaran

Ana wong desa arêp mênyang kutha, angabah-abahi jarane, nganggo diêmoti kasang. Sadurunge nyengklak uwis wêruh yèn paku lapising tracak ilang siji, ananging calathune, ngarah apa kurang paku mung siji, banjur lumaku.

Barêng lakune wis antara adoh, lapising tracak kang ilang pakune siji mau coplok. Calathune kang nunggang, yèn ing kene cêdhaka pandhe, amasthi dakkon ambênêrake lapis kang coplok iku, ananging ngarah apa, nganggo lapis mung têlu bae iya tumindak.

--- 1 : 78 ---

Jarane mau barêng ngambah dêdalan kang akèh watune, suwe-suwe pincang. Banjur ana begal loro mêtu saka ing alas, ambegal marang wong desa mau. Sarèhne jarane pincang, ora kêna disandêrake, dadi kêna dibegal jaran lan barang gêgawane kabèh.

Wong desa mau anuli bali mulih, satêkane ing omah calathune mangkene, aku ora nyana pisan-pisan yèn bêbuka saka ing paku siji, aku kongsi kelangan jaran lan barangku. Saiki têtela ing sumurupku marang kayêktèning paribasan, tumrape ana ing alam donya lan ana ing jaman langgêng, ujaring paribasan mangkene.

Sing sapa ora pati ngajèni marang kang rèmèh-rèmèh, amasthi nêmu pitunan gêdhe.

--- 1 : 79 ---

41. Sulinging Wong Angon

Ana ratu kagungan abdi wadana gêdhong, kang maune tilasing wong angon. Iku kadakwa anyolong kagunganing sang ratu, arupa uwang lan barang adi-adi, diumpêtake ana ing kamar nganggo lawang wêsi.

Sang prabu tumuli têdhak mênyang omahe wadana gêdhong mau, anjujug ing kamar kang lawange wêsi, didhawuhi ngêngakake. Barêng wis mênga, sang prabu lumêbêt, ananging bangêt eraming galih, dene ora aningali apa-apa sajroning kamar iku, mung meja siji lan kursi siji, apadene suling siji, sarta têkên siji padha tumumpang ing meja, karodene yèn wong ngungak saka ing jandhelaning kamar, andêlêng papan pangonan lan alas pagunungan.

--- 1 : 80 ---

Wadana gêdhong mau munjuk ing sang prabu, gusti, kalanipun kawula taksih anèm, padamêlan kawula angèn menda, wontên kawula ing kadhaton dalêm, amargi saking karsa dalêm. Sanajan kawula sampun panjênêngan dalêm sêngkakakên ing aluhur, ing sabên-sabên dintên kawula inggih ing kamar punika, dangunipun sajam, damêl kawula angèngêt-èngêt kalayan suka bingahing manah dhatêng padamêlan kawula rumiyin, kawula sambi anyuling, gêndhingipun ingkang sabên kawula ungêlakên rumiyin, yèn kawula angèn menda, minôngka angluhurakên Gusti Allah. Ing sapunika panyuwun kawula ing panjênêngan dalêm, mugi-mugi parênga ing karsa dalêm, angantukakên kawula dhumatêng dhusun panggenanipun lêluhur kawula, amargi kawula rumaos sakeca wontên ing ngrika, akalihan wontên ing kadhaton dalêm.

--- 1 : 81 ---

Sang prabu duka bangêt marang wong kang padha angala-ala marang wadana gêdhong mau, banjur angrangkul marang wadana gêdhong sarta didhawuhi anglastarèkake ing pangabdine marang sang prabu.

Êliding dongèng mangkene, dudu êmas lan kamulyan, ananging ati rêsik kang diaji-aji dening wong bêcik.

42. Kasanging Wong Priman

Ana kere loro aran Pak Nistha lan Pak Dama. Pak Nistha anggawa kasang siji disampirake ing pundhake, dadi kang sasisih gumantung ana ing dhadha, kang sasisih ana ing gigir, ora suwe lumaku. Anuli Pak Dama têka, dadi padha bêbarêngan. Pak Nistha mau turut dalan anyatur cacading uwong, ananging cacade dhewe ora digêpok pisan-pisan. Wêkasan Pak [Pa...]

--- 1 : 82 ---

[...k] Dama anyauri, èmpêre, cacading liyan iku kodokokake sajroning kasangmu kang gumantung ana ing dhadha, supaya tansah katona, sarta kênaa kocatur, ananging cacadmu dhewe koprênahake ing kasang kang gumantung ana ing gigir, supaya aja katon ing mata. Kang iku aku duwe pamrayoga, olèhmu nyampirake kasang iku walikên, kang ana gigir prênahna ing dhadha, ingatase marang awakmu pakolèhe luwih bêcik.

Êliding dongèng mangkene, wong kang marèni cacade dhewe, iku aran pintêr lan bêgja, dene wong kang ora nglumuhi cacading liyan, iku aran gêmblung.

43. Sapu Sada

Ana wong duwe anak lanang pêpitu, iku [i...]

--- 1 : 83 ---

[...ku] kêrêp padha sulaya, saking kêrêping padu, kongsi angowakake pagaweane, malah-malah andadèkake pangarahing wong ala ing sawatara, padha sumêja angêbêki warise, yèn bapakne tumêka ing pati.

Anuju sawiji dina bapakne angundang anake pitu mau, sarta diulungi sapu sada niji, calathune, sapa kang bisa nikêl sapu sada iku, dakwènèhi satus rupiyah. Anak lanang pitu banjur padha tumandang, angêtog karosane, sumêja anikêl sapu sada mau, ananging ora kêlar, calathune, anglêngkara yèn ana kang bisa nikêl sapu sada iki.

Bapakne sumaur, kowe padha ngarani anglêngkara, aku ngarani gampang bangêt. Sawise calathu mangkono, êsuhing sapu diudhari, sadane dicoklèki. Anak-anake padha calathu, manawi [mana...]

--- 1 : 84 ---

[...wi] makatên, inggih gampil panikêlipun. Larea alit kemawon inggih sagêd.

Wangsulane bapakne, sapu sada iki upamane kowe sasêdulurmu, ing salawase kowe atut arukun amasthi salamêt, ora kêna diwasesa ing wong liya, dene yèn kowe padha êcrah, pêpadhane kaya sapu ilang êsuhe, gampang cinoklèkan, kaya kang wus kodêlêng iki.

Êliding dongèng mangkene, sanak sadulur kang ora rukun, enggal nêmu karusakan. Ing ngêndi-êndia dumununging rukun agawe raharjaning wong lan nagara.

44. Pangilon

Ana sadulur loro lanang wadon,

--- 1 : 85 ---

aran Si Kênang lan Si Jami, karone ing sawiji dina padha ngilo ing pangiloning êmbokne. Si Kênang angluwihi bagus sarta bungah andêlêng rupane, ananging Si Jami sarèhning rada burik, nangis andêlêng rupane ana ing pangilon.

Êmbokne wêruh, acalathu marang Si Kênang, Kênang, aja kowe ngagungake marang kabagusan kang ora awèt salawase lan rêksanên kabagusan iku aja kongsi rusak sadurunge tumêka ing môngsa, kang jalaran saka ing pakarêpan ala, dene kowe Jami, puwungên alane rupamu, awit ana kang ngungkuli bagus utawa ayuning rupa, sarèhne kowe ora kadunungan ing ayu, angaraha duwe kaluwihaning ati, minôngka lêlirune.

Êliding dongèng mangkene, awak bagusa utawa ayua kaya apa ing wêkasan [wêka...]

--- 1 : 86 ---

[...san] dadi lêbu, ananging kautamaning ati isih gumêbyar ana ing swarga.

45. Gambar

Ing jaman kuna ana sudagar sugih mati, akèh barang têtinggalane. Wong sajroning kutha iya padha sumurup, yèn Kyai Sudagar duwe anak lanang mung siji lagi lêlungan adoh, ananging ora ana sing sumurup ing rupane.

Ora antara lawas ana jêjaka katêlu seba ing ngarsaning parentah, padha ngaku anake kyai sudagar, wajib anduwèni barang têtinggalane. Parentah tumuli dhawuh anjupuk gambare kyai sudagar, kang nyamlêng lan rupane, anuli ngandika marang jêjaka têlu mau, dhadhaning gambar iki dakdokoki têtêngêr, sapa kang bisa manah

--- 1 : 87 ---

ngênani têtêngêr iku, masthi anduwèni barang têtinggalane kyai sudagar.

Jêjaka kang siji banjur nyandhak panah lan gandhewa, sarta angincêng, barêng diêculake, panahe angênani dhadhaning gambar cêdhak lan têtêngêr. Pamanahe jêjaka sijine angênani luwih cêdhak. Ananging jêjaka katêlune barêng angincêng lan panahe, tangane gumêtêr, ulate biyas, anuli nangis, panah lan gandhewane banjur disèlèhake, calathune, aku ora tahan manah gambar iku, sanajan ilanga warisanaku kabèh iya daktêmah.

Parentah angandika marang jêjaka kang ora tahan manah mau, hèh jaka kang ambêg utama, nyata kowe anak lan ahli warise kyai sudagar, kang loro iku dudu, awit anak têmên ora tahan [taha...]

--- 1 : 88 ---

[...n] amanah dhadhaning bapakne, sanajan mung dhinapur ing gambar iya ora tahan.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa kadunungan ing kautaman sarta trêsna marang wong tuwa-tuwane amasthi tômpa ganjaran.

46. Talêkêm Êmas

Jêjaka miskin kang aran Si Rakidin, anuju sawijining dina kawêngèn nginêp ana ing panggilingan. Barêng têngah wêngi tangi, andêlêng talêkêm êmas siji gumlèthèk cêdhak lan panggonane turu, banjur duwe karêp angêpèk, sumêja digawa lunga ing sawêngi iku uga. Ing nalika samana osiking ati mangkene, kowe aja nyênyolong. Ananging sanajan duwe osik mangkono, kapengine marang talêkêm mau sangsaya bangêt. Anuli [Anu...]

--- 1 : 89 ---

[...li] enggal mêtu saka ing panggilingan banjur lunga, sumêja anyingkiri bancana kang anêkani.

Barêng lakune antara wis rada adoh, kaduwung sajroning ati, dene ora sida angêpèk talêkêm mau, samana arêp ambalèni, ananging osiking ati kaya kang uwis mau, dadi ora sida ambalèni, tumuli anutugake lakune.

Rêmbulan anuli surup, wasana pêtêng, Si Rakidin kasasar ing êmbêl. Wêkasaning laku tumêka ing gêgumuk, saking bangêt ing sayahe banjur turu ana ing kono. Ngarêpake tatas raina tangi dening swara kang ambrêbêgi, barêng tumênga, bangêt kagète andêlêng dene panggonane turu ana sangisoring pagantungan, sarta ana wong siji kang gumantung, rinubung ing manuk gagak. Ing nalika samana pangrasane Si Rakidin kaya ana swara amituturi mangkene, [mangke...]

--- 1 : 90 ---

[...ne,] dêlêngên wong kang gumantung iku, saupama kowe mau bêngi sida anyênyolong, kadadeane awakmu iya kaya mangkono. Si Rakidin banjur andonga ing Gusti Allah, têmbunge mangkene.

E Gusti Allah, uwiting kasaenan, akathah saha warni-warni wêwulang sampeyan dhumatêng manusa, mila ing salamènipun gêsang, kawula badhe angluhurakên ing sampeyan, kang amargi saking wêwulang wau.

47. Kanthong Wadhah Dhuwit

Ana anake wong gawe arêng, aran Si Sariman, lungguh ana ing alas sangisoring kêkayon karo bangêt anangis sarta asambat-sambat. Ing alas kono panuju ana wong gêdhe ambêburu,

--- 1 : 91 ---

panganggone sarwa ijo, sarta anganggo bintang, liwat ing panggonane lungguh Si Sariman, banjur atakon. Ya gene kowe nangis. Saure Si Sariman. Êmbok kula ingkang wau sakit sangêt.Sarêng sampun mantun kula dipun kèngkèn dhatêng pun bapak, lumampah dhatêng kitha, ambêkta yatra wadhahipun kanthong, pancèn badhe bayaran dhatêng dhukun ingkang anjampèni pun biyung. Wasana yatra sakanthongipun wau ical wontên ing margi. Punika sababing panangis kula.

Wong gêdhe mau banjur abêbisik marang gêrmane, kang angiring nuli amêtokake rajut sutra abang saka ing kanthongane, katon yèn ing jêrone isi uwang mas anyar-anyar, dituduhake marang Si Sariman, sarta atakon. Apa iki kanthongmu. Saure Si Sariman. O, dede, kanthong kula warninipun [warni...]

--- 1 : 92 ---

[...nipun] awon, sarta ing lêbêt botên isi uwang êmas makatên.

Wong gêdhe mau anuli anuduhake kanthong seje rupane ala, atakon marang Si Sariman. Iki layake kanthongmu, saure Si Sariman. Inggih èstu punika gadhahan kula. Wong gêdhe iku kang anêmu kanthonge Si Sariman, banjur diwènèhake marang kang duwe, calathune, sarèhne atimu têmên, rajut saisine uwang mas iki dakwènèhake ing kowe.

Êliding dongèng mangkene, wong kang asih marang sapêpadhane tumitah, ora sêpi atêtulung ing kasusahan. Dene wong kang atine buras, arang-arang kacingkrangan ing pangan.

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau

Lêlakone Si Sariman mau karungu

--- 1 : 93 ---

dening jêjaka liyane, kang omah ing desa cêdhaking alas kono, aran Si Gobèr. Barêng wong gêdhe mau amburu manah mênyang alas, Si Gobèr mapan ana sangisoring uwit jati, sarta nangis ajêlih-jêlih, sêsambate, o, kanthongku, o, kanthongku, kanthongku isi dhuwit ilang.

Wong gêdhe mau angrungu panjêlihe banjur amarani, anuduhake kanthong siji kêbak isi uwang, sarta atakon, apa iki kanthongmu kang ilang. Saure Si Gobèr karo kranggehan, inggih punika gadhahan kula ingkang ical.

Gêrma kang ngadêg cêdhak lan wong gêdhe mau, acalathu sêru marang Si Gobèr, hèh gêntho ora wêruh ing isin, wani têmên goroh ing ratumu, mêngko dakajar. Sawise calathu mangkono, Si Gobèr [Go...]

--- 1 : 94 ---

[...bèr] banjur dicamêthèni, kaya kang wus dadi bênêre ukume wong goroh nêdya angapus-apusi.

Êliding dongèng mangkene, wong doracara utawa cidra salawase ora tômpa ganjaran, malah diukum.

48. Reyal

Ana wong desa aran Patrayuda, duwe batur lanang aran Si Darpa, bangêt brangasane sarta yèn panuju nêpsu, kawêtu basane sawiyah-wiyah kang ora patut. Si Patrayuda kêrêp amituturi, dipurih trêsna ing Gusti Allah, anyandhêta nêpsune. Wangsulane Si Darpa, punika kula botên sagêd anglampahi, awit botên angêmungakên tiyang kemawon, dalasan khewan adamêl muring-muring dhatêng kula.

--- 1 : 95 ---

Anuju ing sawiji dina wayah esuk Si Patrayuda calathu marang Darpa, Darpa, kowe mêngko sore dakganjar sareyal, yèn ing sadina iki kongsi muput kowe bisa sarèh, ora songol ngêmpakake basa sawiyah-wiyah. Si Darpa anyaguhi kalawan bungahing ati.

Kônca-kancane Si Darpa padha sakuthu, sumêja amagawe, supaya Si Darpa aja nganti tampa ganjaran sareyal. Banjur padha agawe pratingkah kang kêna andadèkake nêpsune Si Darpa, ananging Si Darpa panggah ing sabare, ora kongsi kawêtu têmbunge kang songol.

Barêng wis sore, Si Patrayuda angulungake dhuwit sareyal kang wis dadi kasaguhane, calathune Darpa, kowe iku ora isin, dene saking arêpmu marang dhuwit sareyal, bisa amênggak [amêngga...]

--- 1 : 96 ---

[...k] nêpsumu, môngka ing atase marang Gusti Allah kowe ora gêlêm nyandhêt nêpsumu. Têmbung mêngkono iku dianggit sajroning ati marang Si Darpa, brangasane ilang, wêkasan budine luwih sarèh.

Êliding dongèng mangkene, yèn wong trêsna marang Gusti Allah, sarta katrêsnane iku tansah dianggêp wajib kang gêdhe dhewe, amasthi ngènthèngake samubarang kang rakasa linakonan.

49. Talêkêm kang Angeram-erami

Ana wong wadon siji, kêrêp kailangan sajroning omah, dadi barang duwèke sabên-sabên taun sangsaya suda. Wong wadon mau tumuli mênyang alas, anjujug panggonane wong tapa, kang wayahe wus tuwa, sarta amratelakake [amratelaka...]

--- 1 : 97 ---

[...ke] kasusahane, calathune, kula punika kêrêp kaical-icalan barang darbe kula, sarta salêbêting griya kula botên tata, punapa sampeyan botên sagêd amaringi isarat, têtulaking lampah botên prayogi punika, supados salêbêting griya kula lastantuna wilujêng.

Saure Kyai Ajar, wong wadon mau dipurih sarèh sadhela, ora antara suwe angulungake talêkêm siji nganggo diêcap, calathune, dawêg kula awèhi sarat têtulaking ala, rupa talêkêm niki, niku sabên dina dika gawaa mubêng ping têlu sajroning omah dika, kaya ta têng pawon, têng kêbon, têng gêdhogan, têng buritan, tuwin têng panggonan liyane sajroning omah dika kabèh, lawase sataun. Amasthi bêcik dadine. Nanging yèn êmpun olèh [o...]

--- 1 : 98 ---

[...lèh] sataun, talêkêm niku dika balèkake têng kula malih.

Talêkêm ditampani, sarta digawa mulih. Saking bangêt pracayane, sapituturing ajar dilakoni, talêkêm ora towong-towong digawa mubêng sajroning omahe. Barêng lumêbu ing pawon, wêruh yèn bature arêp nyolong sêga. Têkan ing kêbon wêruh bature ngêdhunake gêdhang satundhun. Ana ing gêdhogan wêruh yèn jarane ora kopèn, ora dikêrok, ora diguyang, lan kurang pakane, dadi sabên-sabên dina ngawruhi laku-lakune sajroning omah, kang andadèkake pitunane. Ananging laku mangkono iku mari dhewe, amarga dening dipariksani ing sabên-sabên dina.

Barêng wis olèh satahun, wong wadon [wa...]

--- 1 : 99 ---

[...don] mau bungah-bungahing ati lumaku mênyang panggonane Kyai Ajar, sarta anggawa talêkêm. Calathune, ing sapunika salêbêting griya kula sampun tata, ananging panyuwun kula ing sampeyan, parênga talêkêm punika kula gadhah sataun êngkas, awit isi isarat adi.

Kyai Ajar gumuyu, saure, kula botên awèh talêkêm dika gadhuh malih, isine mawon kula sukakake têng dika. Sawise calathu mêngkono, talêkêm banjur dibukak, isine ora ana manèh mung kêrtas salêmbar ana tulisane, unine mangkene.

Yèn kowe amurih bêcik lan tatane sajroning omahmu, sabarang laku sajroning omah iku kawruhana dhewe.

--- 1 : 100 ---

50. Pangeran kang Andêdonga

Ana pangeran siji kèngsêr ing paprangan, kadhèrèkake ing abdi lawas siji, kang mantêp ing bêndarane. Karone padha nyamur panganggo, amurih aja kongsi katitik ing mungsuhe.

Wayah sore sang pangeran rawuh ing desa pagunungan, nyipêng ana ing omahe wong desa. Ananging sang pangeran ora sagêd sare, amarga sumêlang yèn tinukup ing mungsuhe, karodene manèh sangune dhuwit mèh êntèk, awit dening saking kasêsane lumajêng, ora kongsi sagêd sangu akèh. Ing wayah wus bêngi sang pangeran jumênêng, andêdonga ing Gusti Allah sajroning galih. Ananging saking bangêt sumpêging galih, sang pangeran angêsah sarta kawiyos pandongane [pa...]

--- 1 : 101 ---

[...ndongane] sora, o, Gusti Allah, mugi-mugi wêlasa dhatêng pangeran ingkang anyandhang papa.

Wong desa kang disipêngi, ngrungu pandongane sang pangeran mau, esuke calathu marang abdi kang andhèrèk, têmbunge, kula sumêrêp yèn bandara ijêngandika punika Pangeran. Kula mugi sampeyan wartosi, sabab dening punapa bêndara Pangeran sêkêl ing galih. Abdi kang ditakoni, amalèhake, sarta duwe panjaluk, aja kongsi tutur ing liyane.

Barêng sang pangeran karsa mangkat, wong desa mau marêk ing ngarsane karo ambrêbês mili, ature, bêndara pangeran sumêrêp kula manawi panjênêngan dalêm kasêkêlan galih saking pandonga dalêm kala wau dalu, mila kula kumapurun darbe atur ing panjênêngan dalêm, anyaosi arta kalih

--- 1 : 102 ---

dasa reyal. Panyuwun kula, ingkang mugi-mugi karsa amundhut. Kalih dening malih, kula badhe anêdahakên margi, supados wilujênga tindak dalêm.

Sang pangeran eram ing galih, sarta bangêt panarimane marang wong desa mau, luwih manèh marang Gusti Allah kang anyêmbadani pandonga têrus ing ati, ora sarana pangeram-eram.

Sang pangeran nuli mangkat, lastari ing tindake, rawuh ing dalêming sawijining pangeran kang kaprênah santanane. Barêng uwis wilujêng panjênêngane, wong desa mau winalês rinoban ing kabêcikan.

Êliding dongèng mangkene, yèn kowe ana sajroning pakewuh, andêdongaa ing Gusti Allah têrus ing ati. Pitulunge Gusti Allah bêcik lan gêdhe.

--- 1 : 103 ---

51. Bocah Tukang Gawe Tanggok

Wong tuwa-tuwane Si Sambiya luwih dening sugih, Si Sambiya iya sumurup. Mulane angandêlake marang kasugihaning bapa biyung, ora gêlêm sinau apa-apa. Tanggane miskin duwe anak lanang, aran Si Kawit, wayahe lagi jaka, iku tabêri sinau gawe tanggok.

Anuju sawiji dina Si Sambiya dolan-dolan urut pinggiring sagara, Si Kawit lagi lumaku amikul êpring, nêdya digawa mulih. Anuli ana bajag ing sawatara, mêtu saka ing garumbul, anyêkêl marang Si Sambiya lan Si Kawit, padha diglandhang marang praune, nêdya diêdol. Ananging ora antara suwe praune katêmpuh ing prahara, rêmuk katanggor ing parang ana ing pulo kang adoh prênahe, bajage padha mati kabèh, mung Si

--- 1 : 104 ---

Sambiya lan Si Kawit kang urip, padha mêntas ing pulo, kang diênggoni ing wong alasan. Iku padha nyêkêl marang bocah loro mau.

Ciptane Si Kawit, kagunane gawe tanggok bokmanawa bisa angruntuhake wêlase wong alasan mau, enggal anêgor êpring, digawe tanggok. Wong alasan lanang wadon, dalasan bocah padha ngrubung, andêlêng panganaming tanggok.

Barêng tanggok uwis dadi, diwènèhake marang wong alasan siji, kang kinira panggêdhene, anuli kabèh padha kapengin duwe tanggok. Si Kawit banjur diwènèhi gubug, kang kayoman ing uwit-uwitan, supaya bisaa anggarap gawe, aja ana kang ngregoni, sarta diingoni ora kêkurangan.

Anuli wong alasan mau duwe karêp, [karê...]

--- 1 : 105 ---

[...p,] Si Sambiya dipurih gawea tanggok, ananging ora bisa, banjur digêbugi, malah bakal dipatèni. Saupama ora dipitulungana ing Si Kawit, amasthi kalakon mati. Ananging Si Sambiya dipêksa mènèhake kulambine bêcik marang Si Kawit, sarta anganggo kulambine Si Kawit, apadene dikon angladèni ing Si Kawit kaya upamane batur, dipuriha nêgorake anggawakake êpring.

Êliding dongèng mangkene, wong pêthêl sarta duwe kabisan, satiba-tibane amasthi olèh pangan.

52. Pambêlah Bocah

Ana bocah lanang loro padha sadulur, aran Si Blêndhung lan Si Watês. Si Blêndhung watêke kaduk wani tanpa dêduga, adhine [a...]

--- 1 : 106 ---

[...dhine] kang aran Si Watês mau dijak mênyang kali anunggang prau, sawise padha nunggang, Si Blêndhung banjur mancal.

Sarèhne kaline santêr, praune kèli, katanggor ing wadhas rêmuk, Si Blêndhung gulagêpan cêdhak padhas mau, nanging ora bisa mêntas. Si Watês katut kagawa ing ombak.

Tumuli ana wong juru amèk iwak, angrungu panjêlihe bocah loro mau, enggal lumayu mênyang kali, nyêgur ngêlangèni Si Watês, katututan banjur digawa mêntas, sarta bangêt bungahing ati, dene bisa anulungi.

Êliding dongèng mangkene, wong bêcik, yèn nuju ana prêlune gêdhe, wani ngêtohake umure, anulungi sapadha-padhane tumitah.

--- 1 : 107 ---

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau

Barêng Si Watês wis kaêntasake, Si Blêndhung mati ana ing banyu. Wong kang rubung-rubung ana ing kono padha takon marang juru amèk iwak. Sarèhne kowe ora bisa nulungi karo pisan, sabab dening apa kowe ngêtohake umurmu, mila kula nulungi sing ênom. Pangrasaku gampang lan ora ana bêbayane, yèn kowe nulungana sing tuwa.

Saure juru amèk iwak. Si Blêndhung kang watêk kaduk wani tanpa dêduga, kêrêp anyolongi iwakku, lan angrusakake jalaku. Ananging Si Watês budine bêcik. Kalane sikilku lara, lawas ora bisa amèk iwak. Kêrêp awèh sêga lan dhuwit marang aku. Mulane aku rumasa wajib anulungi Si Watês dhisik.

Êliding dongèng mangkene, laku ala

--- 1 : 108 ---

anêmu paukuman ana ing alam donya, laku utama anêmu wêwalês bêcik. Kang mêngkono iku uwis kêrêp kayêktèn dening karsane kang maha kawasa.

53. Bocah Picak

Ana jêjaka picak, aran Si Sakri, lakune rindhik angati-ati sarta anganggo têkên. Ana ing dalan kapêthuk karo bocah desa andhugal, aran Si Kênthus. Iku banjur amoyoki, calathune, ayo padha balapan. Aku wani totohan sapuluh rupiyah, amasthèkake rikat playuku karo playumu.

Si Sakri sumaur, aku koajak totohan rikatan playu: iya gêlêm. Nanging aku wênanga milih dalan kang wis tau dakambah, lan amasthi wayahe ing sakarêpku. [saka...]

--- 1 : 109 ---

[...rêpku.] Si Kênthus anyarah karo gumuyu, sarta amèk saksi marang wong kang padha panuju ana ing kono. Si Sakri anuli calathu, karêpku mêngko bêngi wayah bêdhug padha balapan, lumayu mênyang kutha. Si Kênthus gêlêm.

Barêng bêdhug muni, bocah loro mau banjur lêkas balapan. Ing bêngi iku panuju pêtêng bangêt, sarta udan amor angin, apadene dalane kang anjog mênyang kutha mêtu ing alas, sarèhne rina lan wêngi ingatase Si Sakri padha bae, sadurunge êbyar lakune tutuk ing kutha. Nanging Si Kênthus kasasar mênyang alas, êndhase kêrêp kabêntus ing kêkayon, tuwin kêrêp kasandhung, lan kasrimpêd ing oyod-oyodan, nasak-nasak ing garumbul êri, têkane ing kutha barêng srêngenge wis dhuwur, dadi têtêp kalah, sarta asok êtoh sapuluh

--- 1 : 110 ---

rupiyah. Anggêr uwong calathu mêngkono, Si Kênthus uwis nampani bubuhane, sumurup patuwasing gawene, malah-malah patut anêmua wêwalês kang luwih dening iku.

Êliding dongèng mangkene, aja anyênyampahi marang cilakane sapadha-padhamu tumitah, supaya kowe aja kongsi ginanjar bilai luwih gêdhe dening Gusti Allah.

54. Wong Gawe Arêng lan Wong Mutih

Ana wong gawe arêng acalathu marang wong mutih, kang nuju golèk omah pasewan. Têmbunge, kisanak, dika bok nunggal saomah karo kula mawon, omah kula jêmbar, brukut ginawe simpên barang dika lan barang kula.

Saure wong mutih, botên pakolèh [pako...]

--- 1 : 111 ---

[...lèh] adhi, yèn kula amor saomah karo dika, awit jarit kang kula putih kalawan kangelan, amasthi bakal irêng dening arêng dika.

Wong gawe arêng nyauri karo gumuyu, ênggih, bênêr dika, putih kambi irêng botên rujuk. Jarit putih ditunggalake lan arêng, pêpadhane wong atine suci momoran lan wong ala sarta ora wêruh ing tatakrama.

Êliding dongèng mangkene, yèn kowe lumuh marang panggawe ala anyingkirana kêkumpulan lan wong durjana, dadi lastari kowe kadunungan ing ati suci.

55. Wong Juru Giling lan Kuldine

Ana wong juru giling lan anake lanang padha gawa kuldi siji mênyang kutha, sumêja diêdol ing pasar, kapapag lan wong nunggang [nung...]

--- 1 : 112 ---

[...gang] jaran, dicalathoni mêngkene, kowe iku gêmblung têmên, kuldimu kolêgèhake bae, lah bok salah siji nunggangi. Anake lanang mau banjur anunggang.

Ora suwe ana wong nglakokake kèsèr liwat, acalathu, hèh bocah busuk, apa kowe ora isin nunggang kuldi, bapakmu kang wis tuwa kopurih dharat. Bocah lanang enggal mêdhun, bapakne dikon nunggang.

Anuli ana wong wadon anggendhong sênik isi wowohan, acalathu, bapa kang kaya mangkono iku ora idhêp ing wêlas, enak-enak nunggang kuldi, anake dikon dharat ngambah jêblogan. Anak lanang mau banjur amboncèng. Tumuli ana wong angon wêdhus liwat, acalathu, mêsakake kuldi iku, ora wurung ambruk. Kowe

--- 1 : 113 ---

iku satêmêne nêdya matèni kuldimu.

Bapa lan anak banjur padha mêdhun saka ing kuldi, anake calathu, kados pundi, bapak, prayoginipun kuldi punika, amurih nglêgani pikajênganipun tiyang satunggil-satunggil. Punapa prayogi dipun gotong dhatêng ing pêkên, punapa prayogi kacêgurakên ing lèpèn.

Saure bapakne, saiki têtela ing sumurupku, anglêngkara yèn ana kang bisa nglêgani kêkarêpaning wong siji-siji, mulane bênêr ujaring wêwulang, têmbunge mangkene.

Yèn kowe anglakoni panggawe bênêr, mangka dicacad utawa dièsêmi ing uwong, aja kopaèlu.

56. Gêrma lan Asune

Ana gêrma angoyahake asune marang [ma...]

--- 1 : 114 ---

[...rang] kancil, basane, candhakên, candhakên. Asune tumuli nyandêr ing sarosane amburu kancil. Barêng wus kacandhak, digondhol marang ngarêpane bêndarane. Calathune gêrma kambi anyêkêl kupinging kancil, uculna, uculna. Asu enggal anguculake panyakote, kancil banjur dilêbokake ing gêrdhu.

Wong desa akèh kang andêlêng pratingkahing gêrma lan asune mau, anuli ana sawiji wayahe wus tuwa, acalathu marang kancane, asu iku pêpadhane wong cêthil, diuwuh ing wong kêthaha, panguwuhe, candhakên, candhakên. Wong cêthil katliwêng pikire anuruti, amêtokake budine angarah ngamal kadonyan. Wasana barêng ngarêpake tumêka ing jangji, Malaekat Ngijrail nguwuh, uculna, uculna. Wong kang nglumpukake

--- 1 : 115 ---

ngamal kadonyan mau ora kêna ora kudu ninggal barang darbene kabèh durung nganti dianggo.

Êliding dongèng mangkene, yèn kowe tansah mêlêng sajroning ati ngarah olèh kamulyan ing swarga, amasthi ewa marang budi cêthil.

57. Prawan Bôngsa Gêdhe kang Ambêk Ladak

Ana prawan bôngsa gêdhe, aran Radèn Rara Sêmi, ambêke luwih ladak, saking dening angagungake marang lêluhuring bangsane. Omahe gêdhe, rêrênggane sarwa gumêbyar.

Anuju sawiji dina anake wadon tukang miskin aran Si Cublak têka ing omahe Radèn Rara Sêmi mau, calathune, Radèn Rara, bapak kula ing sapunika sakit sangêt, sampeyan dipun aturi têdhak [tê...]

--- 1 : 116 ---

[...dhak] dhatêng griyanipun, awit badhe darbe atur prêlu sangêt.

Saure Radèn Rara Sêmi asêmu nyênyampahi, wong miskin kaya bapakmu môngsa andadak duwe atur prêlu, wis, muliha, gawe apa aku mênyang ing gubugmu kang wus rosoh. Si Cublak nuli mulih, ora suwe bali manèh kambi kêmpis-kêmpis, calathune, o, radèn rara, mugi dipun enggal têdhak dhatêng griyanipun bapak. Awit sanjangipun bapak, kala taksih panjênênganipun ibu jêngandika, panuju wontên pêrang, adhawah dhatêng pun bapak, mêndhêm êmas akalihan salaka kathah, sarta mawi dipun supaosi, sampun ngantos ambalakakakên panggenanipun mêndhêm dhatêng tiyang sanès, angêmungna dhatêng sampeyan piyambak, manawi sampeyan sampun yuswa salikur tahun. Sarèhning pun bapa ing sapunika pintên [pintê...]

--- 1 : 117 ---

[...n] banggi gêsang, dados kêdah-kêdah ambalakakakên ing sampeyan tumuntên.

Radèn Rara Sêmi garawalan mênyang omahe tukang kang lara bangêt. Ananging barêng têkan ing omahe, tukang wis ora bisa calathu, ora suwe nuli mati.

Radèn Rara Sêmi bangêt kagèt lan susahe, nganti kaya wong andalêming. Ing sajroning omahe banjur dikon andhudhuki, ananging ora ana labêting pêndhêman rajabrana.

Ing salawase urip Radèn Rara Sêmi kaduwung, awit dening ladake kongsi anglarakake atine wong miskin kang arêp mati, lan agawe pitunane dhewe.

Êliding dongèng mangkene, ambêg ladak diewani dening sarupaning wong, sarta ora tau makolèhake kasugihan.

--- 1 : 118 ---

58. Mêmêdi

Bocah lanang kang aran Si Sênèn ing wayah têngah wêngi lumêbu ing patamananing priyayi, anggawa kandhi loro, angundhuhi wowohan, diisèkake ing kandhi loro mau kongsi kêbak, sêdyane kandhi kang siji arêp digawa mulih dhisik, nuli ambalèni sijine.

Barêng lumaku urut pagêr bataning patamanan, ora suwe muni bêdhug. Godhonging kêkayon kumrasak dening kanginan. Si Sênèn bangêt wêdine, tumuli andêlêng wong irêng, anggawa kandhi siji. Si Sênèn anjêlih, ambuwang kandhine, banjur lumayu sarosane. Wong irêng mau iya ambuwang kandhine, lumayu bêbarêngan karo Si Sênèn, nganti têkan ing wêkasane [wê...]

--- 1 : 119 ---

[...kasane] pagêr bata, ana ing kono wong irêng mau anuli ilang.

Esuke Si Sênèn kandha-kandha, yèn andêlêng mêmêdi, nanging ora tutur, yèn anyolong wowohan. Anuli ing dina iku uga diundang ing priyayi kang duwèni patamanan, sarta dicalathoni mêngkene, kowe mau bêngi nyolong wowohan ing patamanaku, katitik saka ing kandhi kang katêmu ana ing patamanan kono, awit ana têtulisane muni jênênge bapakmu, mulane kowe bakal dakkunjara. Kang koarani mêmêdi iku, ora liya mung wêwayanganamu dhewe katon ana ing pagêr bata, awit dening padhanging rêmbulan, kang andhadhari wayah bêdhug.

Mêngkono iku kalumrahane sawiji-wijining wong, kang anglakoni panggawe ala. kumrasaking gêgodhongan bae [ba...]

--- 1 : 120 ---

[...e] agawe wêdine, wêruh wêwayangane dhewe lumayu.

Êliding dongèng mangkene, ati suci ora anduwèni wêdi, ananging wong atine rêgêd, wêdi ing wayangane dhewe.

59. Khaji

Ana priyayi gêdhe bôngsa luhur sugih, omahe endah. Akèh olèhe ambandhani, amurih asrine omahe, ananging bangêt kumêde marang wong miskin.

Anuju sawiji dina ana khaji miskin siji têka ing omahe, anjaluk panginêpan sawêngi, nanging priyayi mau ora awèh, saure ladak. Omahku dudu pancèn pondhokan. Khaji anyauri, kula mugi sampeyan lilani matur [ma...]

--- 1 : 121 ---

[...tur] pitakèn tigang prakawis. Manawi sampun, kula inggih lajêng kesah. Sauring priyayi, iya daklilani, lan aku bakal amangsuli patakonmu.

Khaji banjur takon. Sintên ingkang ngênggèni griya punika sadèrèngipun sampeyan. Wangsulaning priyayi, bapakku. Khaji takon manèh, sadèrèngipun rama ijêngandika sintên ingkang ngênggèni. Wangsulaning priyayi, kakèkku. Khaji takon manèh, sasampuning sampeyan sintên ingkang badhe ngênggèni, wangsulaning priyayi, yèn pinarêngake dening Gusti Allah, anakku lanang kang bakal ngênggoni.

Calathuning khaji, manawi ingkang ngênggèni griya punika gêntos-gêntos, laminipun namung sawatawis, dados sampeyan tuwin lêluhur: punapadene putra wayah sampeyan sadaya, inggih nama tamu utawi tiyang lêlampah, griya punika saèstu [sa...]

--- 1 : 122 ---

[...èstu] yèn pondhokan. Mila sampun kathah-kathah anggèn sampeyan mragadi, amurih asrinipun. Awit sampeyan ênggèni botên lami. Aluwung sampeyan anyaènana tiyang miskin. Prasasat adamêl griya wontên ing swarga, kangge ing salami-laminipun.

Priyayi mau bangêt kakênan ing ati dening têmbung mêngkono iku, anuli awèh pondhokan marang khaji mau, wiwit nalika samana ing sabanjure loma marang wong miskin.

Êliding dongèng mangkene, kamulyan ing dalêm donya wêkasane sirna, mung panggawe bêcik ora ilang-ilang.

60. Ajar

Ana pangeran siji, bangêt olèhe angunggul-unggulake kabagusan [kabagusa...]

--- 1 : 123 ---

[...n] kasugihan sarta luhuring têdhake. Anuju sawiji dina ambêbujêng marang alas pagunungan, aningali ajar lagi lungguh ana ing patapane, sarta angiling-ilingi cumplung.

Sang pangeran anyakêti, sarta andangu kalawan mèsêm, sêmune anyênyampahi, sabab dening apa kowe ngiling-ilingi cumplung iku, sing arêp kopariksa apane. Ajar tumênga amandêng marang sang pangeran, wangsulane, kula nuwun, bêndara pangeran. Mila cumplung kula iling-ilingi, kula badhe sumêrêp punapa punika cumplungipun tiyang sugih, punapa cumplungipun ing kere, ananging botên pinanggih wadosipun.

Êliding dongèng mangkene, hèh wong urip kang anênitèni, cumplung mau minôngka wêwulang, yèn kabagusan iku

--- 1 : 124 ---

tanpa gawe, sarta kang endah-endah wêkasane dadi lêbu.

61. Warisan

Ana sudagar sugih, anglilakake barang darbene kabèh marang anak-anake, ananging nganggo jangji, padha angingonana marang bapakne ing sapatute.

Wiwitane anak-anake mau bangêt gumatine marang bapakne, ananging lawas-lawas sangsaya suda gumatine, wêkasan panganggêpe kêmba, sarta ora pati angopèni. Kang diingokake marang bapakne ing sadina-dina, prasasat diitungi, sarta diwènèhi panganggo kang ora timbang lan kapriyayène.

Ki Sudagar kêrêp calathu mêngkene, aku iki gêmblung, dene uwang lan barangku kabèh daklilakake marang anak-anakku. [anak-a...]

--- 1 : 125 ---

[...nakku.] Prayoga anak-anakku anjêjaluka marang aku, karo aku anjêjaluka marang anak-anakku.

Sudagar mau duwe potang rong lêksa rupiyah, kang wus lawas kaanggêp ilang, ananging wasanane kang utang nyaur. Ki Sudagar tumuli akon gawe pêthi wêsi siji, ginawe nyimpêni uwang rong lêksa mau. Anak-anake banjur wiwit gumati manèh marang bapakne, sarta bêcik ing panganggêpe, pangarahe, bisaa anduwèni dhuwit rong lêksa mau. Ananging bapakne ora gêlêm mènèhi saigar-igara, dadi anak-anake mung ngarêp-arêp olèh warisan bae.

Barêng bapakne mati, anak-anake padha agahan ambukak pêthine wêsi, nêdya diêdum marang sadulure kabèh. Ananging dhuwite ora ana, kang ana mung krikil. Awit ki sudagar uwis makapake [makapa...]

--- 1 : 126 ---

[...ke] uwang rong lêksa mau marang wong miskin, isining pêthi wêsi dilironi krikil, sarta ana layange tumumpang, unine.

Bocah kang ora wêruh ing panarima, sarta gêthing marang wong tuwa-tuwane, iku angurupake barang bêcik olèh barang kang luwih dening ala.

62. Èsême Wong Arêp Mati

Ana wong tuwa mursid arêp mati, rinubung ing anak lan putune ana ing paturon, sêmune kaya wong ngantuk, banjur mèsêm ping têlu kambi mêrêm. Barêng mêlèk, anake lanang kang siji takon, sabab dening apa mèsêm nganti ping têlu.

Bapakne sumaur, mulane aku mèsêm kongsi ping têlu, têgêse mêngkene, kang sapisan, sarèhne aku ngarêpake [ngarêpa...]

--- 1 : 127 ---

[...ke] tumêka ing pati, aku kèlingan yèn kabungahanaku urip bakal sirna, pamèsêmku, dene kabungahan ing alam donya iki kalêbu rèmèh, têka bangêt diaji-aji dening wong akèh, kaya upamane barang kang luwih adi. Kapindhone, aku kèlingan marang sangsaraning uripku, andadèkake bungahku, dene sangsara iku ing samêngko bakal sirna, sarta andungkap mangsane liniru ing kabêgjan ana ing swarga. Kaping têlune, aku kèlingan marang malaekat Ngijrail, pamèsêmku, dene malaekat iku têka bangêt diwêdèni marang wong akèh, môngka têkane anulung nyawaning manusa, linuwarake saka ing sangsara, diirid marang ênggon kabungahan kang langgêng.

Êliding dongèng mangkene, wong kang utama kalakuane ana ing ngalam donya,

--- 1 : 128 ---

bakal pinaringan pati kapenak dening Gusti Allah.

63. Mitra Kang Kongsi Tumêka ing Jaman Kailangan

Ana wong sawiji, akôndha marang anak-anake, têmbunge, ana priyayi panggêdhening pulo, tinarka anglakoni panggawe ala, ditimbali marang gusti ratune, bakal didangu ing prakara kang dadi tarka mau.

Ing nalika angkate priyayi mau arêp seba ing ngarsane sang prabu, para mitra-mitrane kang wus bangêt dipracaya, ora ana kang ngiringake, padha mênêng ana ngomah bae. Sawênèh para mitra-mitrane kang wus kulitakulina. mung ngiringake têkan ing prau. Sawênèh para mitra-mitrane kang ora pisan-pisan kinira mantêp, angiringake lakune nganti tumêka ing ngarsane [ngarsa...]

--- 1 : 129 ---

[...ne] sang prabu, ana ing kono padha mitulungi, unjuk marang sang prabu, kongsi priyayi kang tinarka mau olèh pangapura.

Dadi wong ana ing ngalam donya iki duwe mitra warna têlu, sumurupe marang antêping mitra iku kalumrahane yèn tumêka ing môngsa katimbalan dening Gusti Allah, bakal kadangu ing bab kalakuane ana ing ngalam donya. Mitra warna têlu mau iki rupane, 1. Uwang lan barang darbe, iku padha kari kabèh, 2. Sanak sadulur lan kawanuhan, iku mung ngiringake têkan ing kubur, 3. Kalakuan bêcik, iku milu nganti têkan ing pangayunane Gusti Allah, sarta makolèhake sih lan pangapurane Gusti kang Agung. Mulane wong urip iku aran gêmblung, yèn ora amradulia marang mitra kang kasêbut ing wêkasan mau.

--- 1 : 130 ---

Êliding dongèng mangkene, sarèhne uripmu ora lawas, mulane agawea kabêcikan ana ing ngalam donya, supaya nyawamu tumêkane ing jaman kailangan anêmua rahmating Allah.

64. Uwit Dhuku Gêdhe

Ana wong kaki-kaki aran Wudajaya, lungguh sangisoring uwit dhuku gêdhe ngarêping omahe, putu-putune ana ing kono padha mangan dhuku, sarta ora uwis-uwis padha angalêm marang lêgining dhuku.

Kakèkne calathu, kowe padha dakkandhani bêbukane panandurku uwit dhuku iki. Saprene dugaku wis ana sèkêt taun, aku ngadêg ana ing kene, dhèk samana isih ngênthak-ênthak, uwit dhuku iki durung ana, aku ngrêsula ing bab kamlaratanaku marang tanggaku sugih, têmbungku, [tê...]

--- 1 : 131 ---

[...mbungku,] yèn aku duwea dhuwit satus rupiyah bae, amasthi marêm.

Tanggaku mau wong luwih pintêr saure, gampang bae yèn kowe ngarah olèh dhuwit satus rupiyah, anggêr kowe gêlêm budidaya. Wruhanamu, lêmah kang koadêgi iku isi luwih dening satus rupiyah, kowe mung kari andhudhuk bae.

Dhèk samana aku isih ênom sarta bodho, bêngine lêmah banjur dakdhudhuki nganti jêro, ora nêmu dhuwit sarupiyah bae, andadèkake pamuring-muringku.

Esuke barêng tanggaku andêlêng luwangan olèhku gawe, bangêt ing guyune, calathune, wong busuk, karêpku ora mêngkono. Kowe ing saiki dakwènèhi uwit dhuku cilik siji, tandurên ana ing luwangan olèhmu

--- 1 : 132 ---

gawe iku, yèn wus antara lawas, amasthi mêtu rupiyahe.

Uwit dhuku tumuli daktandur, lastari, lawas-lawas dadi samene gêdhene, wohe pirang-pirang taun dakêdoli, pêpayone uwis luwih dening satus rupiyah, aliya saka ing iku, kongsi ing saiki mungguha dhuwit dadi pawitan, kang tansah mêtu uyahane. Mulane aku ora lali-lali marang bêbasan, kang didhêmêni ing tanggaku mau, iku anggitên sajroning atimu, ujare mêngkene.

Kang aran kasugihan linuwih iku budi, akanthi pêthêl.

65. Gowok

Ana saradhadhu tuwa têka ing desa, banjur lara kadadak, ora bisa anutugake lakune, mondhok ana ing

--- 1 : 133 ---

lumbunge kang duwe omah, alèmèk sukêt aking kang ginawe turu, ana ing kono bangêt anyandhang papa. Kang duwe omah mau tukang gawe tanggok, sarta miskin, duwe anak wadon siji, aran Si Sèdhêt. Iku bangêt wêlase marang saradhadhu mau, sabên dina awèh dhuwit suwang.

Anuju ing dina sawiji saradhadhu mau sêmune kewuhan, atakon marang Si Sèdhêt. Ênggèr, aku lagi ngrungu mau, yèn wong tuwa-tuwamu padha miskin. Mulane aku balakanana, dhuwit kang kowèhake ing aku iki olèhmu ngêndi, awit aku milalu mati kalirên, karo anampani dhuwit sêtèng, kang ora khalal dakpangan.

Saure Si Sèdhêt. Mênggah punika mugi sampun andadosakên sumêlanging galih sampeyan. Yatra ingkang kula

--- 1 : 134 ---

sukakakên ing sampeyan punika pikantuk kula êsah. Sampeyan sumêrêpa, kula punika ngaos dhatêng dhusun, botên têbih saking ngriki, marginipun mêdal ing wana, ing ngriku kathah uwitipun gowok. Sabên kula lumampah ngaos, ngiras mêndhêt gowok, ngantos angsal satanggok, kula sade dhatêng dhusun pajêng suwang. Tiyang sêpuh-sêpuh kula inggih sumêrêp, sarta sampun parêng yatra pêpajênganing gowok wau kula sukakakên ing sampeyan. Wicantênipun malah makatên. Akèh wong kang miskin angungkuli aku, mulane aku lan kowe wajib ambêciki, anguluri pangan ing sakawasa.

Saradhadhu mau ambrêbês mili, barêng ngrungu calathu mêngkono, sarta bangêt ing panarimane, têmbunge, o, bocah bêcik, muga-muga Gusti Allah angganjara salamêt [salamê...]

--- 1 : 135 ---

[...t] marang kowe, lan marang wong tuwa-tuwamu amarga dening sihmu marang sapadha-padhamu tumitah. Dene mungguh aku, ing saiki wêruh kayêktèning bêbasan, ujare mêngkene.

Yèn wong salawase ora duwe sêdya anjurungi tekad ala, amasthi nyirnakake papa, sarta agawe kasênêngan.

66. Jendral

Sawise antara lawas ana jendral lêlaku, liwat ing desa kang kasêbut ing dhuwur mau, lakune nunggang kareta, mandhêg ana ing pasewan, akon amakani jarane, angrungu pawarta yèn ing desa mau ana saradhadhu lara, enggal ditiliki.

Saradhadhu mau banjur kacaritakake [kacaritaka...]

--- 1 : 136 ---

[...ke] bab panganggêpe Si Sèdhêt. jendral anyauri, bobote bocah miskin, mêngkono panganggêpe marang kowe, aku tilas jendralmu manèh yèn ora wajiba agawe bêcik ing kowe ngungkuli iku. Ing sanalika iki aku bakal awèh parentah, supaya kowe dipondhokna ing pasewan, sarta diopènana aja kongsi kêkurangan.

Jendral tumuli andhawuhake parentah ing bab pamulasarane marang saradhadhu mau, banjur lumaku mênyang omahe wong tuwa-tuwane Si Sèdhêt. Têmbunge marang Si Sèdhêt. E, bocah bêcik, kabêcikanamu agawe ngêrêsing atiku. Kowe awèh dhuwit marang saradhadhu tuwa, kèhe rolas uwang, ênya, daklironi dinar rolas. Wong tuwa-tuwane Si Sèdhêt gumun, calathune, [ca...]

--- 1 : 137 ---

[...lathune,] tuwan, paring sampeyan punika kêkathahên. Wangsulane jendral. Ora, ora, pawèhku iku luwih dening sapele, ana ing swarga anakmu ginantungan kang ngluwihi iku.

Êliding dongèng mangkene, wong agawe kabêcikan iku anêtêpi kamanusane, sarta ginanjar dening Gusti Allah ana ing ngalam donya lan ana ing swarga.

67. Manggis

Ana priyayi gêdhe duwe anak wadon siji, aran Radèn Rara Kênès, dipanggonake ana ing kamar kang angluwihi bêcik, ananging sarupaning dandanan kang ana sajroning kamar iku, ora tata prênahe. Êmbokne kêrêp mituturi, dikon [di...]

--- 1 : 138 ---

[...kon] anata, aja kongsi pating balengkrah, ananging ora dipaèlu.

Anuju ing dina Ngahad wayah awan Radèn Rara Kênès wis nganggo-anggo, arêp lunga karo êmbokne, anuli anake wadon tanggane têka, anggawa manggis sadhulang, diwèhake marang Radèn Rara Kênès. Sarèhne ing kamare kawratan dening sandhangan lan dandanan liyane pating talècèk, kewuhan olèhe mrênahake manggis mau, banjur didokokake ing kursi kang ulês sutra biru. Sawise mêngkono, anuli lunga karo êmbokne mênyang desa, kang ora adoh lan omahe.

Ulihe sore, têkane ing omah uwis pêtêng, Radèn Rara Kênès sayah, lumêbu ing kamare, anglungguhi kursi kang ana manggise, kagèt banjur anjêlih.

--- 1 : 139 ---

Êmbokne angrungu panjêrite enggal têka anggawa colok. Satêkane ing kamare anake, andêlêng manggise padha pènyèt, talutuhe anggubrasi kursi kang ulês sutra, sarta anggubrasi kulambi lan tapihe Radèn Rara Kênès, manjing ora bisa ilang-ilang.

Êmbokne anyrêngêni, têmbunge, saiki kowe wêruh dhewe prêlune anata barang, diprênahake ing panggonane dhewe-dhewe. Rusaking kursi lan panganggomu minôngka paukumane pamurang sarak kêthuh tuwin rusuhing tênagamu, mulane eling-elingên ujaring paribasan.

Ing samubarang pratingkah aja pêgat amurih tata ing saprayogane, awit sêpining tata asring agawe pitunan.

--- 1 : 140 ---

68. Dhuwêt

Bocah wadon kang aran Si Kaimah, ing sawiji dina anuju têrang mulih saka ing dolan-dolan, andêlêng ing ambèn ana tanggok isi dhuwêt padha ithêng-ithêng, atakon marang êmbokne, êmbok, dhuwêt punika saking pundi, sarta sintên ingkang dipun sukani, dene sapunika mangsanipun sawêg sami pêntil, têka sampun wontên dhuwêt matêng. Saure biyungne, sing diwènèhi kowe, sing awèh saduluranamu Si Sajinêm, dhuwêt undhuhane ing kêbone dhewe, lagi awoh sapisan iki. Si Kaimah calathu manèh, bêcik têmên atine Si Sajinêm. Bangêt bungahku, dene asih sarta eling marang aku. Apa sing dakwalêsake, supaya andadèkna bungahe.

--- 1 : 141 ---

Yèn aku wêruha kang didhêmêni, amasthi dakkirimi tumuli.

Êmbokne calathu, aku bungah, dene gêdhe panarimamu marang Si Sajinêm. Ananging ing samêngko ana kang agawe susahing atiku. Wruhanamu, kalane kowe ngundhuh gowok, tumêka ing dina iki, kowe diwènèhi dhuwêt marang Si Sajinêm, uwis akèh olèhmu ngundhuh wowohan warna-warna saka ing kêbonmu, ananging aku durung tumon olèhmu sukur ing Gusti Allah. Awit sarupaning wowohan paringing Gusti Allah, apa ora wus bênêre padha sukur ing Pangeran kang Agung. Sarèhne pira-pira pêparinge kang ambungahake, apa ora wus bênêre padha amurih parênge Gusti kang Agung. O, Kaimah, sukura ing Gusti Allah têrus ing ati awit dening kamurahane.

--- 1 : 142 ---

Êliding dongèng mangkene, manusa wajib orasahtansah. sukur têrus ing ati marang Gusti Allah, awit pêparinge ambungahake.

69. Sarangan

Bocah lanang kang aran Si Kênyung, bangêt panggranyahe, yèn duwe dhuwit sathithik, banjur dijajakake. Anuju ing dina sawiji Si Kênyung mênyang pasar, andêlêng sarangan didhasarake, ananging durung wêruh arane, atakon marang kang dhasar, bok ayu, niku napa enak dipangan. Kang dhasar sumaur, sing dika takokake napa sarangan niki, Si Kênyung sumaur ênggih. Wong dhasar calathu manèh, dawêk ta dika tuku, enake angluwihi, luwih-luwih yèn dibênêm.

Dhuwite Si Kênyung wis êntèk ditukokake [dituko...]

--- 1 : 143 ---

[...kake] wowohan, banjur nglimpe ngutil sarangan olèh sagêgêm, enggal dikandhut. Satêkane ing omah anjujug ing pawon. Sarèhne panuju sêpi, sarangan tumuli dibênêm. Saking panase, ora suwe kumrinyis. Si Kênyung bangêt bungah, bênêmane anuli diurugi gêni mawa, sarta didamoni sêru.

Sarèhne sarangan mau ora nganggo dibêlèk marapat, dadi padha ambalêdhos, awu mawur, gêni mawa mawut, angênani matane, sanalika Si Kênyung ora wêruh apa-apa, mubêng êmèk-êmèkan kaya wong picak, sarta nangis ajêlih-jêlih.

Wong sajroning omah angrungu panjêlihe, enggal padha mênyang pawon. Wêkasan konangan, yèn sarangan olèhe ngutil. Si Kênyung nganti

--- 1 : 144 ---

lawas anyandhang lara, sarta bangêt ing panalangsane karo anangis, dene anglakoni panggawe ala, sabên-sabên cêlathune mêngkene.

Wong anggranyah mêmarahi calimut, sarta agawe wêwinihing tekad kang luwih dening ala.

70. Jêruk Kêprok

Ana bocah wadon aran Si Sadirah, umur limang tahun. Anuju ing dina wêtone, pamanane têka, awèh dinar siji aèng rupane. Sasuwene pamanane lêlungguhan karo bapak biyunge, Si Sadirah mêtu saka ing omah ana ngarêp lawang, anggêgêm dinare. Anuli ana wong wadon adol jêruk kêprok liwat, takon marang Si Sadirah, apa arêp tuku jêruk kêprok bêcik-bêcik.

--- 1 : 145 ---

Sadirah anuduhake dinare, calathune, dêlêngên dhuwitku iki, bêcik rupane. Wong dodol sumaur, rak bêcik rupane jêrukku, ewadene yèn aku kotukoni lan dhuwitmu iku, dakpilihake jêruk kang gêdhe lan bêcik dhewe, sabab kowe iku bocah manis, lan aku dhêmên ing kowe.

Si Sadirah bungah tumuli mènèhake dinare, sarta anjupuk jêruk siji. Anuli lumêbu ing omah, anuduhake jêruk marang wong tuwa-tuwane, calathune, dêlêngên bapak, dhuwitku daktukokake jêruk kêprok iki, bêcik rupane.

Wong dodol mau lunga gêgancangan, ora karuwan parane. Bapak biyunge kagèt, sarta srêngên marang Si Sadirah, ananging pamanane calathu, pira-pira kèhe wong kang gêmblung kaya anakmu iku.

--- 1 : 146 ---

Êliding dongèng mangkene, pira-pira kèhing wong, kang anombokake kabêgjan langgêng, angarah olèh ngamal kadonyan.

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau.

Pamanane Si Sadirah mau sudagar sugih, ora antara suwe nuli mulih. Sorene ana wong wadon têka ing omahe, anggawa tanggok kothong, tuku kopi lan gula, angulungi dhinar siji, sarta anjaluk susuk. Kang ditukoni takon, dinar iki olèhmu saka ing ngêndi, awit ing saiki wis ora ana kang kaya mêngkono rupane. Aku ora pangling andêlêng dinar iki, marang kowe aku iya ora samar, mêngko kowe dakajar angapusi dinaring bocah, kosurupake patukuning jêruk siji.

--- 1 : 147 ---

Wong wadon mau banjur dianggrak. Kang duwe omah anuli kongkonan awèh wêruh marang parentah. Ora antara suwe parentah nglakokake wong loro, amarani wong kang ngapus-apusi mau, banjur kapatrapan paukuman.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa angapusi darbening liyan, amasthi nêmu wirang lan paukuman.

71. Tanduran Êmas

Ana bocah jaka aran Si Ênung, kabungahane agawe gêguyon marang sokwonga. Anuju sawijining dina Si Ênung nulis layang ana ing kamare, ing mejane ana dinar nênêm, iku arêp ditingkêm sajroning layang. Ora suwe adhine wadon, aran Si Tanggok lumêbu [lu...]

--- 1 : 148 ---

[...mêbu] ing kamare, andêlêng dinar nênêm mau, banjur takon. Kakang, êmas iku thukul ing êndi. Saure Si Ênung, dinar iku wohing tanduran êmas. Samôngsa didhêdhêr, kaya pratingkahe wong andhêdhêr kacang, amasthi thukul. Uwite anggrêmbêl, wohe dinar ambiyêt. Sawise calathu mêngkono, anutugake panulise, dinare nênêm tumuli dijupuk marang Si Tanggok, digawa mênyang kêbon, banjur dipêndhêm. Ananging Si Ênung ora wêruh. Barêng uwis olèhe nulis layang, Si Tanggok bali, calathune, kakang, kowe bakal olèh dinar akèh, awit dinarmu wis dakdhêdhêr kabèh.

Si Ênung ngadêg kambi muring-muring, adhine dicêkêl tangane, digawa mênyang kêbon, calathune, ngêndi olèhmu andhêdhêr dinar, tutura tumuli. Êmbuh saking laline Si Tanggok marang ênggon pamêndhême, [pamêndhê...]

--- 1 : 149 ---

[...me,] êmbuh dinare wus dijupuk ing wong digolèki ora katêmu.

Nalar mêngkono iku karungu ing bapakne, calathune, Ênung, gorohmu wis patut kadhêndha ênêm dinar. Si Tanggok sanyatane isih busuk bangêt, dene andhêdhêr dinar, ananging kowe ala, dene amratak-mratakake têmbung goroh.

Êliding dongèng mangkene, ujare goroh, sanajan anêngsêmake, ora tau makolèhake bêcik.

72. Jawawut

Ana sudagar siji mêntas têka saka ing paran adoh, anggawa barang dagangan aèng-aèng lan adi-adi. Sanak sadulure padha bungah-bungah ambagèkake,

--- 1 : 150 ---

sarta padha diwènèhi olèh-olèh, diwênangake milih ing sasênênge.

Sanak sadulure anuli padha mêmilih, ana kang milih kêkêlingan, ana kang milih sêngkêlat sinulam ing êmas. Para wadon sawênèh amilih kalung mutyara, sawênèh amilih kalung mêrjan. Mung wong siji kang luwih pintêr, amilih kêrtas lêmpitan cilik siji, ana tulisane unine: jawawut, barêng kêrtas lêmpitan mau diungkabi, isine ing jêro mung kari saêlas, awit êntèk kècèr ana ing dalan.

Wong kang ana ing kono kabèh padha anggêguyu, ananging saure kang digêguyu mangkene, ingatase aku jawawut saêlas iki wis nyukupi sarta pamurwatku, ajine angungkuli barang kang aèng-aèng iku.

Jawawut saêlas mau banjur didhêdhêr ana

--- 1 : 151 ---

ing kêbone, ing sajroning sataun iku uga olèh wiji akèh, iku anuli disêbar, antara sataun manèh wijine sangsaya mundhak akèh, wasana nyandhak têlung taune têtandurane jawawut dadi pirang-pirang têgal. Sanak sadulur kang anggêguyu mau andêlêng têtandurane padha tulus-tulus banjur padha sumurup yèn jawawut mung saêlas bisa amitulungi wong akèh, calathune.

Kodrating Allah anyarambahi bumi langit saisine kabèh, dalasan wiji kang luwih cilik kasrambahan. Iku dadi tôndha, yèn kawasaning Allah tanpa watês.

73. Waluh

Ana wong desa duwe anak lanang aran Si Jaka, iku simpên waluh kuning-kuning akèh, [a...]

--- 1 : 152 ---

[...kèh,] bangêt andadèkake bungahe, ananging waluh mau banjur padha ilang kabèh, andadèkake bangêt ing nêpsune, tumuli tutur marang bapakne, kang panuju arêp mênyang kutha karo bojone. Saure bapakne, bok aja kakehan carèwèt bab waluhmu, angur kowe anggarapa gawe, pari kang ana ing lumbung kae êpenana, aku nanggung, waluhmu amasthi katêmu manèh.

Sore bapakne mulih saka ing kutha, atakon marang anake, Jaka, parine apa wis koêpèni. Wangsulane, sampun. Bapakne takon manèh, waluhmu apa wis kêtêmu. Saure, dèrèng. Bapakne calathu manèh, hèh, bocah kêsèd, bocah goroh ora wêruh ing isin, saiki katitik gorohmu. Wruhanamu, kowe dakcoba, waluhmu dakumpêtake ana ing tumpukan pari, [pa...]

--- 1 : 153 ---

[...ri,] yèn kowe gêlêma ngêpèni pari, waluhmu amasthi katêmu. Saiki gorohmu kawêlèh.

Si Jaka bangêt isine, anjaluk pangapura marang bapakne. Calathune bapakne, aku iya gêlêm ngapura ing kowe, yèn kowe aprajangji, gêlêm nganggit sajroning ati bêbasan mangkene. E, wong goroh, ing têmbe ana mangsane, kang andadèkake girising atimu, cidramu bakal kawiyak ana ing pangayunane Gusti Allah.

E, wong goroh, ing têmbe ana mangsane, kang andadèkake girising atimu, cidramu bakal kawiyak ana ing pangayunane Gusti Allah.

74. Kobis

Ana wong wadon pêthêl ing samubarang gawe, anandur sayuran warna-warna ing kêbone. Anuju sawijining dina ana ing kêbon acalathu marang anake wadon aran Si Canthur, têmbunge, dêlêngên [dêlêngê...]

--- 1 : 154 ---

[...n] kang pating printis kuning-kuning sajroning kobis iki, iku êndhog kang dadi ulêr, angrusakake têtanduran. Mêngko awan ulapana kabèh sing rêsik, supaya kobise aja kongsi rusak dening ulêr.

CipkaneCiptane. Si Canthur, besuk-besuk bae dakulapi, isih talad. Wêkasan kalalèn, ora dirêsiki. Êmbokne banjur kacandhak ing lara, kongsi lawas ora bisa mênyang kêbon. Barêng wis mari, anake diajak mênyang kêbon panggonane gulan kobis. Kobise rusak kabèh dipangan ing ulêr, mung kari gagange bae. Si Canthur kagèt, isin awit dening sêmbranane, banjur nangis. Êmbokne calathu, Canthur, sêmbranamu dadia wêwulang, ing sabanjure samubarang kang kêna kolakoni tumuli, aja pisan-pisan kosarèhake [kosarèh...]

--- 1 : 155 ---

[...ake] kongsi ing dina sesuk. Luwih manèh kowe aja lali-lali marang wêwulang bêcik, upamakna kaya muni ana ing godhong kobis, kang rusak dening ulêr, têmbunge mêngkene.

Wajibmu lakonana sakal. Yèn kosarèhake kongsi ing sèjèn dina, bokmanawa wis kasèp.

75. Kayu Rèncèk lan Mendhong

Ana rôndha miskin lan anake lanang loro, wayah sore mulih saka anjupuk kayu rèncèk ana ing alas tarataban. Nyai Rôndha anggawa sabongkok gêdhe, anake lanang anggawa nyabongkok cilik, padha tinalèn ing mendhong. Ana ing dalan kapapag karo sudagar sugih, diprimani ing nyai rôndha. Saure kiyai sudagar, nyai rôndha,

--- 1 : 156 ---

kowe aja susah priman, anakmu lanang loro kuwe pracayakna marang aku, ing besuk padha bisa gawe êmas bakale mendhong. Tampane nyai rôndha, kyai sudagar sêmbranan, ananging kyai sudagar amangsuli têmên calathune mau. Bocah lanang loro anuli dipasrahake marang kyai sudagar, karone padha dikon sinau gawe kêba lan kalasa.

Sawise antara têlung taun, bocah loro mau padha mulih, katêmu karo êmbokne, banjur padha nalatèni gawe kalasa alus-alus, lan kêba bêcik-bêcik, diwènèhake marang kyai sudagar. Sudagar anuli tumêka ing gubuge nyai rôndha, awèh patukuning kalasa lan kêba arupa dinar, calathune karo gumuyu, kapriye, nyai rôndha, [rô...]

--- 1 : 157 ---

[...ndha,] apa ora kayêktèn basaku biyèn.

Êliding dongèng mangkene, dèn pêthêl marang pagawean, kang binubuhake ing kowe, bokmanawa gubugmu bisa malih dadi omah gêdhong.

76. Tatal Sêmbretan

Ana kongkonan lumaku ing wayah bêngi, anggawa uwang akèh, anêmu bilai dibegal ana ing dalan, nganti anêmahi mati, jisime katêmu gilang-gilang ana ing dalan. Ing sawêngi iku uga dipariksa ing parentah marang panggonane kabegalan, pamariksane nganggo obor. Parentah banjur anêmu tatal sêmbretan cêdhak lan jisim, diwatara sêsêmbretaning pênthung, enggal dikandhut.

--- 1 : 158 ---

Esuke barêng priyayi kang nêmu tatal sêmbretan mau ana ing paseban, kagèt andêlêng, yèn têkêne priyayi sosorane, kang sumendhe ing saka, sêmbrèt sathithik. Tatal sêmbrètan olèhe nêmu tumuli dijupuk saka ing kandhutan, diêtrapake ing têkên prênahe kang sêmbrèt mau, katêmu nyamlêng. Enggal aparentah akon nyêkêl sarta ngunjara marang kang duwe têkên, awit iku kang tinarka ambegal sarta matèni.

Wong kang kêna ing tarka wiwitane mungkir, ananging tatal sêmbretan mau minôngka nyinaning kadurjanane. Barêng andêlêng yèn nyamlêng ana ing têkên prênahe kang sêmbrèt, banjur biyas, sarta angakoni dosane. Ature, kongkonan mau kawanuhane bêcik, mulane nganti kalakon dipatèni, awit kagèndèng [kagè...]

--- 1 : 159 ---

[...ndèng] dening kêthaha, melik marang gêgawane uwang akèh.

Uwang olèhe ambegal isih ana ing buntêlan, diumpêtake ana ing longan, durung nganti diungkabi. Kang ambegal mau banjur kautus kakêthok gulune, sakèhing wong padha gumun, dene jalaran saka ing tatal sêmbrètan kadurjanane katitik.

Êliding dongèng mangkene, anyingkirana panggawe ala, sarta elinga, yèn kawasane Gusti Allah bisa amêlèhake alamu, andadèkake tiwasmu.

77. Kêmbang Rêgulo lan Tawon

Bocah lanang kang aran Si Jagung, arêp mêthik kêmbang rêgulo, darijine kêna ing êri, angrasa lara bangêt. Anuli esuke anêmu tala tawon, nêdya diêpèk [di...]

--- 1 : 160 ---

[...êpèk] madune, ananging tawone padha ngantupi. Si Jagung banjur takon ing bapakne, têmbunge, bapak, sabab dening punapa uwit rêgulo têka wontên êrinipun lincip-lincip, sarta tawon mabên têka wontên antupipun, yèn ngantup raosipun sumlêngêt. Bapakne sumaur, êri lan antup iku minôngka pangeling-eling, yèn samubarang ing ngalam donya iki, kang bêcik rupane, lan lêgi rasane, andadèkake karusakaning wong kang ora wêweka, mulane kowe aja lali-lali.

Yèn tawon amasthi duwe antup, pêthetan rêgulo ana êrine, rong prakara iku dadia wêwulang, samôngsa kowe kagèndèng ing panggawe maksiyat, aja pêgat prayitna ing ati.

--- 1 : 161 ---

78. Babon

Bocah wadon kang aran Si Semok miskin, gawene ngantih. Anuju sawijining dina wayah sore lungguh dhewe ana ing omah, lawange mênga, anuli babone tanggane wadon lumêbu ing omahe, enggal diinêbi lawang, babon dicêkêl, banjur didhêlikake, calathune, babon iki bakal dakwarêgi ing pakan, amasthi aku olèh êndhoge akèh.

Esuke babon mau ngêndhog têmênan. Si Semok kalalèn marang sawijining prakara, kang andadèkake bangêt ing kagète, awit babon mau sawise ngêndhog banjur sêru apêtok-pêtok. Si Semok enggal marani, nêdya amurih mênênge, ananging tanggane wis ngrungu pêtoke, tumuli lumêbu ing

--- 1 : 162 ---

omahe Si Semok, babone dicêkêl digawa nulih. Maune Si Semok kêrêp diwènèhi bêras lan êndhog marang tanggane, barêng kawruhan culikane, sabanjure ora diwènèh-wènèhi manèh, sarta kasêbut wong ambêdhog.

Êliding dongèng mangkene, aja melik marang amal rêgêt, supaya atimu aja ngandhut watir.

79. Manuk Dara

Si Bêgja lan Si Daulat padha tôngga. Si Bêgja anake wong sugih, angingu dara akèh padha bêcik-bêcik. Ananging Si Daulat anake wong ora duwe, ngingu dara mung ing sawatara sarta ala-ala.

Anuju sawijining dina darane Si Bêgja mabur lumêbu ing pagupone Si Daulat,

--- 1 : 163 ---

ana ing kono banjur nusuh. Si Daulat wêruh, calathune, iba bakal bungahku, yèn aku anduwènana darane Si Bêgja sajodho iku, putihe mêmplak, êndhas lan buntute irêng mêlês. Darane Si Bêgja kabèh sing dakdhêmêni mung loro iku. Si Daulat uwis duwe cipta arêp anyêkêl sarta ngumpêtake dara sajodho mau, ananging ora sida, calathune, ngamal rêgêt ora ambarkahi. Lawanging pagupon diinêbake, dara karo dicêkêl, banjur diulihake marang Si Bêgja.

Si Bêgja bangêt bungah marang katêmênane Si Daulat, sumêja malês agawe bungah. Barêng darane mau ngêndhog, êndhoge dijupuk, dilêbokake ing pagupone Si Daulat, dilirokake ing êndhoge darane, ananging Si Daulat ora wêruh.

--- 1 : 164 ---

Barêng nêtês sarta uwis pêpak wulune, Si Daulat eram andêlêng, dene rupane piyik loro iku anjiblèsi dara kang diulihake marang Si Bêgja, enggal tutur marang Si Bêgja, yèn katêmênane anêmu wêwalês kang angeram-erami.

Si Bêgja gumuyu, nuli angandhakake olèhe angliru êndhog, wêkasan calathune mêngkene, Daulat, tuturku ing kowe iku sanyatane, ananging ora kêna ora kowe amasthi pracaya, yèn katêmênanamu andadèkake parênge Gusti Allah, luwih dening bungahku, sarta Gusti Allah bakal angganjar marang kasatyanmu iku, angluwihi ganjaraning manusa ing ngalam donya, awit.

Barkahing Allah dumunung ing manusa kang anyingkiri panggawe ala, sarta angrakêti kautaman.

--- 1 : 165 ---

80. Manuk Kadhali

Ana manuk kadhali nusuh ing omahe wong desa, bojone kang duwe omah karan anak biyang Jangkrik acalathu marang anak-anake, ênggèr, aja kowe padha ngaru biru ing manuk kadhali iku. Sapa-sapa kang anggusah manuk kadhali saka ing omahe, prasasat anglungakake kabêgjan. Tanggaku angrusak susuhing kadhali kang ana ngomahe, êndhoge dipêcahi, wiwit dhèk samana sabarang pagaweane ora ambarkati, wêkasan andadèkake tiwase.

Si Jangkrik takon marang bapakne, bênêr lan orane kang dadi tuturing biyang mau. Saure bapakne iya bênêr, wruhanamu, Jangkrik, tanggaku mau ora anelad kamursidan tuwin wêkêling wong tuwa-tuwane. [tuwa-tu...]

--- 1 : 166 ---

[...wane.] Wong tuwa-tuwane ora ngaru biru ing manuk kadhali, kang nusuh ing omahe, yèn bangun tangi dening unine, bungah kaya wong digugah dielingake marang pagaweane. Ananging tanggaku bangêt siyane marang uwong lan marang sato khewan, sabên sore mênyang patikèn, ulihe bêdhug bêngi, yèn esuk kagèt dening unining kadhali, bangêt muring-muringe, mulane susuhe dirusak. Sarèhne budine kasar, dhoso lan kêsèd, apadene ngêbrèh, môngka angaru-biru anggusah kadhali, dadi prasasat anyirnakake kabêgjane dhewe, mulane.

Ing ngêndi-êndia kang kadunungan ing ambêg siya lan kaoncatan têmên, amasthi sirna rahayune, thukul cilakane.

--- 1 : 167 ---

81. Manuk Prênjak

Jêjaka loro kang aran Si Sêbul lan Si Bima, wayah esuk padha dolan-dolan mênyang alas tarataban, anuli ana manuk prênjak muni. Si Sêbul bangêt gugontuhone, acalathu mêngkene, manuk prênjak iku anggawa bêgja marang aku, apêse ngalamati yèn aku bakal olèh dhuwit. Si Bima iya gugontuhon, saure, sabab dening apa prênjak iku têka mung anggawa bêgja marang kowe bae, apa mulane yèn luwiha asih marang kowe karo marang aku. Apa ora bêcik aku karo kowe, aku masthèkake yèn prênjak iku ngalamati bêgja marang aku.

Sawise mêngkono, banjur padha diya-diniya, suwe-suwe kadrawasan dadi

--- 1 : 168 ---

kêkêrêngan, karone babak bunyak sarta bênjut, gêtihe daleweran. Anuli padha mênyang omahing dhukun, anambakake tatune. Sasuwene tatune ditambani, padha anuturake kang dadi wêwinihing kêkêrêngan, sarta padha takon marang kyai dhukun, sapa ing salah sawiji kang dingalamati bêgja dening prênjak. Dhukun anyauri karo gumuyu, bocah gêmblung sakarone, dudu kowe, aku sing dingalamati bêgja, kowe dingalamati mulih babak bunyak sarta êndhasmu padha gêtihên. Aku dingalamati bakal tômpa dhuwit saka ing kowe, sumurup opahe olèhku nambani.

Êliding dongèng mangkene, Aja pisan-pisan padu karo mitramu, adat ing wêkasan padha kaduwung, satrumu bangêt bungah andêlêng.

--- 1 : 169 ---

82. Manuk Jaka Tuwa

Ana wong tuku manuk jaka tuwa siji, nêdya diwèhake marang anake wadon bêndarane, aran bok Rara Sumbêr, ananging karêpe diwuruki calathu dhisik, supaya andadèkna bungahe kang diwènèhi.

Sing tuku mau nuli kacandhak ing lara watuk, nanging ora towong-towong muruki jaka tuwane, lawas-lawas bisa, anuli diwènèhake marang bok Rara Sumbêr. Ing nalika diulungake, jaka tuwa calathu, kula nuwun, bok Rara Sumbêr. Sawise mêngkono banjur watuk-watuk, wong kang ana ing kono padha gumuyu gêr-gêran.

Bok Rara Sumbêr calathu, busuk têmên jaka tuwa iku, ora amung nirokake [niroka...]

--- 1 : 170 ---

[...ke] calathune kang muruki, dalasan watuke ditirokake.

Bapakne bok Rara Sumbêr sumambung, sanajan manuk iku busuk nanging amulang mêngkene, pratingkahing wong mung kang patut lan bêcik iku tinelada kang ora patut lan ala tininggala.

Êliding dongèng mangkene, aja anelad sabarang pratingkahing wong, supaya kowe aja digêguyu.

83. Jaran Tunggangan Bêcik

Ing nalika ana pêrang, akèh prajurit usar masanggrahan ana ing têba, ing wayah bêngi ana balantik têka, aran Si Gondrèk, gawene cok nyolong jaran, banjur nyolong jaraning usar siji, kalêbu kang bêcik dhewe, didhêlikake ana ing alas. Barêng prajurit usar wis [wi...]

--- 1 : 171 ---

[...s] padha bodhol, jaran colongan mau ditunggangi mênyang nagara, sumêdya diêdol.

Lakune mêtu sajabaning kutha, satêkane ing pojok bitinging kutha, andêlêng prajurit jaranan panuju galadhi ana ing ara-ara. Barêng salomprèt muni, jaran banjur lumumpat ing kalèn, lumayu nunggal prajurit kang padha galadhi mau, ing sabarang polahe manut ing aba, mingêr ngiwa mingêr nêngên, anjojog anyongklang, manut kang dadi aba. Si Gondrèk andharodhog, bangêt ing wêdine, karingête kongsi androdos, para prajurit padha anggêguyu.

Sawise bubar galadhi, Si Gondrèk dirubung ing para prajurit mau, kurnèle acalathu, jaran iku isih ênom, bêcik rupane, prigêle ora beda karo tungganganing prajurit jaranan. iku [i...]

--- 1 : 172 ---

[...ku] olèhmu saka ing ngêndi. Saure Si Gondrèk. Angsal kula tumbas. Ananging sarèhne ora bisa anggênahake kang adol, wêkasan dipariksa, katitik yèn jaran olèhe nyolong, Si Gondrèk banjur dipatrapi paukuman.

Êliding dongèng mangkene, aja kowe nyênyolong, lan aja goroh, môngsa wurunga nêmu paukuman.

84. Gêntha

Si Ruwah, anake wong desa, angon sapi ana ing alas tarataban. Sapine padha dikalungi gêntha, dene sapi kang bêcik dhewe, gênthane iya ngungkuli kang akèh-akèh. Anuli ana wong lumaku ing alas, acalathu marang Si Ruwah, bêcik têmên gêntha iku, pira olèhmu tuku. [tu...]

--- 1 : 173 ---

[...ku.] Saure Si Ruwah, sarupiyah. Wong mau calathu manèh. Apa ora luwih saka ing rêga samono, mara daktukune rong rupiyah. Si Ruwah awèh, gêntha diwènèhake marang sing tuku, dhuwit rong rupiyah dikandhut. Sarèhne sapine wis ora nganggo gêntha, dadi Si Ruwah ora bisa ngrungu doh cêdhak paraning sapine, sabane sangsaya adoh. Pisah karo kang akèh-akèh. Wong kang tuku gêntha mau sanyatane maling, umpêtan ana ing garumbul, sapi kang misah adoh, banjur dicêkêl, digawa lunga.

Êliding dongèng mangkene, sapa kang wani ambathèni marang kowe, kèhe ora majad, amasthi duwe pamurih, wong mêngkono iku dohana, dadi kowe anyingkiri kasusahan.

--- 1 : 174 ---

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau.

Si Ruwah banjur mulih karo anangis, tutur marang bapakne bab ilanging sapi, sêbute, aku ora nyana pisan-pisan, yèn si maling olèhe wani malarangi tuku gêntha, mung angarah sapiku. Bapakne sumaur, pratingkahe maling kang angapusi kowe, upama kaya panuntuning panggawe maksiyat, nêdya angloropake sarupaning wong. Wiwitane si maksiyat awèh kauntungan sathithik, wêkasane agawe pitunan akèh. Si maksiyat iku yèn diwènèhi sakilan, tumuli anjupuk sadhêpa, mulane eling-elingên bêbasan iki.

Sanajan panggawe maksiyat iku amenginake sarta ambungahake, aja kolakoni, awit angrusakake [angrusaka...]

--- 1 : 175 ---

[...ke] budimu, lan anyirnakake kasênênganamu.

Iki tutuge dongèng ing dhuwur mau

Calathune êmbokne mêngkene, Ruwah, apa kowe ora kèlingan marang adate ing desa kene, prêlune sapi dikalungi gêntha. Wangsulane Si Ruwah, kula kapencut ing arta, pamanah kula namung lowung sagêd pikantuk bathi sarupiyah, ingkang sarana rêsik. Cipta kula, gêntha punika dandosan tanpa paedah, awit botên ngathahakên puhaning lêmbu. Sarêng lêmbu sampun ical kapêndhêt ing tiyang, kula sawêg èngêt prêlunipun kinalungan gêntha. Êmbokne anyauri, mêngkono iku kalumrahane wong kang tanpa wêweka, lan kang kèlu dening hawa napsu. Cok padha atinggal adat kuna, kinira tanpa paidah, barêng uwis [u...]

--- 1 : 176 ---

[...wis] nyandhang pitunan, anuli thukul budi lan pangartine, yèn adat kuna mau ana prêlune.

Êliding dongèng mangkene, aja atinggal adat kuna, sadurunge sumurup apa kang dadi paidahe.

85. Manuk Kuthilang

Si Yakup andêlêng manuk kuthilang mencok ing uwit tanjung, calathune marang adhine wadon, Satinêm, dêlêngên manuk kuthilang ing uwit tanjung iku. Bêcik rupane, mêngko sadhela kêna ing aku. Si Yakup nuli mènèk ing tanjung, amasang pikate, banjur andhêlik karo adhine, angawasake pasangane.

Ora antara suwe kuthilange kalêbu ing pikat, Si Yakup enggal mènèk ing tanjung, arêp anjupuk manuk kang kalêbu [kalê...]

--- 1 : 177 ---

[...bu] ing pikat. Durung kongsi kêna, tiba karo pikate. Manuke ucul, Si Yakup tangane gêtihên kêna ing sêmpalan êpang.

Si Satinêm calathu, Yakup, saiki kiraku kowe kapok, ora gêlêm mêmènèk manèh, angarah nyêkêl manuk kuthilang, awit bokmanawa putung bau utawa sikilmu.

Saure Si Yakup karo gumuyu, ora, olèhku saiki ora masang pikat manèh ana ing kene, ora dening wêdi yèn putung bau utawa sikilku, mung dening aku wus sumurup, yèn kangelanaku ing sadina iki bakal tanpa gawe, awit kuthilange giras, amarga wus kalêbu ing pikat, dadi wêdi andêlêng pikat.

Si Satinêm sumaur, yèn mangkono, dadi pintêr manuk kuthilang karo kowe,

--- 1 : 178 ---

dene ora gêlêm mencok ing kono manèh, awit wêdi ing bêbaya, môngka kowe mêntas tiba, mèh bae bilai, têka sumêdya anrajang bêbaya manèh karo gumuyu.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa anêmu tiwas sathithik ora mundhak pintêr, sanajan bakal katêkan ing bilai gêdhe, iya ora angunduri.

86. Bêlo

Tuwan Phan Dhên Bring wayah sore tumêka ing desane, esuke ngadêg cêdhak candhela, andêlêng bêlo siji, têtêgaran ana ing têgal kacang cina, angrusakake têtanduran, banjur takon marang juru gêdhonge, kapriye, dene ana jaran têtêgaran ing têgal ora nganggo dipraduli. Wangsulane juru gêdhong,

--- 1 : 179 ---

bêlo punika dede kagungan sampeyan, gadhahanipun juru giling, mangke badhe kula gusah, sarta ingkang gadhah badhe kula srêngêni ingkang sangêt.

Sorene Tuwan Phan Dhên Bring midêr-midêr mênyang panggilingan, calathu marang juru giling, kang lagi ngadêg ing lawang, juru giling, yèn aku wêruh manèh bêlomu têtêgaran ana ing têgalku, amasthi dakbêdhil. Wangsulane juru giling karo gumuyu, sumôngga kemawon, kula botên anggrantês.

Esuke Tuwan Phan Dhên Bring andêlêng, yèn bêlo mau têtêgaran manèh ana ing têgal. Ciptane, aku iki dimajanani marang Si Juru Giling. Nuli anyandhak bêdhil, kang cumanthèl ing pagêr bata, bêlo dibêdhil, kêna mati babarpisan. Batur-bature lanang wadon wêruh, tutur ing bêndarane, kadospundi, bêndara, dene [de...]

--- 1 : 180 ---

[...ne] kagungan sampeyan bêlo sae têka sampeyan sanjata, dados adamêl pitunan sampeyan piyambak. Tuwan Phan Dhên Bring saiki sumurup, yèn kakehan ing nêpsu, kurang pariksane, sarta ginorohan ing juru gêdhonge. Calathune, juru gêdhong goroh kang dadi jalaraning bilai, mulane amasthi nêmpuhi sarêganing bêlo, minôngka paukumaning gorohe.

Êliding dongèng mangkene, yen kowe anduwèni pangira, atur goroh bisa angêntas awakmu saka ing pakewuh, luput pangiramu iku, satêmêne malah angêbot-ngêboti dosamu.

87. Wêdhus Lanang

Omahe Radèn Tumênggung Jayaprayitna gêdhe, prabote bêcik-bêcik.

--- 1 : 181 ---

Ing sawiji dina radèn tumênggung mau arêp dolan-dolan, amêkas marang bature wadon aran Si Mênthik, calathune, aku arêp dolan-dolan, lawanging omah kancingên. Uwis kêrêp kowe dakparentahi mangkono, ora kolakoni, sapisan iki bok korungu, awit yèn ora kokancing, bokmanawa ana wong nayab anjupuki barang dandananku. Wangsulane Si Mênthik, bakal angèstokake parentahe. Radèn Tumênggung Jayaprayitna banjur lunga dolan-dolan, ananging Si Mênthik sawuse antara suwe ngangsu ing sumur, sakèhe lawanging omah diêblagake bae kaya sabên. Calathune, dene ing lurung kono iku sêpi bae, ora ana wong katon siji-sijia. Mangkono iku nganggo nacad marang bangêting pangati-atine Radèn Tumênggung

--- 1 : 182 ---

Jayaprayitna. Ananging sasuwene Si Mênthik cêcaturan karo bocah wadon liyane ana ing sumur, anuli ana wêdhus lanang lumêbu ing omah, wêruh pangilon gêdhe siji sumendhe ing pagêr bata, katon rupane ana ing pangilon, dikira wêdhus satêmêne, banjur arêp dibijig. Kang katon ing pangilon iya tumandang arêp ambijig anirokake pratingkahe. Wêdhus lanang mau tumuli sêru ambijig, anêmpuh pangilon, pêcah dadi sawalang-walang.

Si Mênthik panuju arêp lumêbu ing omah angindhit kalênthing, ngrungu krompyanging kaca, enggal lumêbu ing omah, andêlêng pangilon wus ajur, angrêmêt-ngrêmêt tangane. Anuli wêdhus digusah kambi digêbugi, ananging pangilon wus ora bisa pulih.

Barêng Radèn Tumênggung Jayaprayitna mulih,

--- 1 : 183 ---

andêlêng pêcahing pangilone, bangêt napsune, Si Mênthik banjur ditundhung, ora nganggo dibayar balanjane, amarga dening sêmbranane, ora angèstokake parentah, kongsi andadèkake pituna. Ing sabanjure Si Mênthik kaya-kaya ora susah diatag manèh angancing lawang, awit wus anêmu yêktining paribasan, ujaring paribasan mangkene.

Sing sapa ênome angêlirake pitutur bêcik, adat dadine pintêr dening nyandhang pitunan lan nyandhang paukuman.

88. Mênjangan

Ana bocah lanang, aran Si Bêgog, anaking gêrma. Nalika patining bapakne, amarga dibêdhil ing wong durjana ana ing alas, Si Bêgog mau isih cilik. Êmbokne kang mulasara ing sabisa-bisane. [sabisa-...]

--- 1 : 184 ---

[...bisane.] Barêng wus umur rong puluh taun, digêntekake marang lêlakone bapakne.

Anuju ing sawiji dina Si Bêgog ambêburu mênyang alas, akanthi gêrma akèh, tuwin wong liyane, kang padha dhêmên ambêburu. Si Bêgog ambêdhil mênjangan gêdhe siji, nanging luput. Tumuli angrungu wong sêsambat ana sajroning garumbul, pasambate, adhuh aku kêna ing bêdhil. Si Bêgog enggal marani panggonan prênahing swara, ana ing kono andêlêng wong tuwa siji, angruntuh gulasaran kuthah gêtih. Para kônca-kancane Si Bêgog ora suwe iya padha têka ing panggonan kono. Si Bêgog nuli angrangkul marang wong kang kêna ing badhil mau, sarta anjaluk pangapura kambi bangêt anangis, calathune, ora wêruh yèn ing garumbul iku ana wonge, lan ora [o...]

--- 1 : 185 ---

[...ra] ngrungu sabawaning wong. Kang kêna ing bêdhil sumaur, kowe ora susah anjaluk pangapura marang aku. Ing saiki aku bakal anglairake sawijining prakara marang kowe, kang kongsi saprene ora kawruhan ing wong, aku kang matèni bapakmu ana sangisoring uwit jati iki, ing samêngko anake amalês pati marang aku ana ing kene uga, kang ora kalawan dèn niyati. Sawuse tutur mangkono, barêng angarêpake mati, anyêbut: Gusti Allah adil. Wong kang padha ana ing kono kabèh gumêtêr angrungu panyêbut iku.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa amutahake gêtihe sapadha-padhaning tumitah, amasthi nêmu paukuman, awit Gusti Allah ora kasamaran.

--- 1 : 186 ---

89. Iwak Guramèh

Ana juru amèk iwak duwe balumbang siji, ora adoh karo omahe, isi iwak guramèh akèh lan bêcik-bêcik. Asring-asring dikon ngêdol ing bature aran Si Bugêl, diwadhahi êtong.

Si Bugêl mau nyolong iwak guramèh siji, ingon-ingone dêmang ing desa, panggonane ing balumbang, diêmorake lan iwaking bêndarane ana ing êtong mau, banjur nêdya diêdol marang sing duwe. Satêkane ing omahe kyai dêmang, ditawakake marang sing wadon. Nyai dêmang barêng andêlêng iwak guramèh mau, banjur calathu, iwak iki saka ing balumbange kyai dêmang, aku ora pangling rupane, iwak tumuli diêpèk, ora nganggo didhuwiti rêgane, malah-malah [malah-...]

--- 1 : 187 ---

[...malah] Si Bugêl kaaturake ing parentah, dikunjara sadina sawêngi, awit dening tinêtêpake maling.

Ora antara lawas Si Bugêl nyolong guramèh manèh saka ing balumbange kyai dêmang mau, ditawakake marang bêkêle. Kyai bêkêl sawuse anamatake guramèh kang ana ing êtong, banjur calathu, iwak iki olèhmu nyolong saka ing balumbange kyai dêmang. Si Bugêl tumuli diaturake ing parentah, dikunjara têlung dina, mung diingoni sêga lan banyu.

Si Bugêl nêdya ngayoni sapisan êngkas, bokmanawa ana bêgjane, nyolong guramèh gêdhe siji saka ing balumbange kyai dêmang mau, banjur digawa mênyang pasar sajroning nagara. Ing kono ora ana sing wêruh marang dhèwèke lan marang culikane. Anuli ana kaum [kau...]

--- 1 : 188 ---

[...m] desa panuju mênyang pasar, wêruh gêgawane iwak guramèh, banjur calathu, iki iwak colongan, kagungane kyai dêmang. Si Bugêl kaaturake ing parentah manèh, kapatrapan paukuman gitik.

Calathune Si Bugêl: ora ana manèh-manèh sing dakgumuni, dene wong têka banjur wêruh yèn iwak colongan. Ana dene wadine mangkene, ingon-ingone guramèh kyai dêmang kèpète padha dipêthêti sathithik, kang dhèngêr mung wong kang kalêbu dadi bawahe, awit iku padha dituturi. Liyane iku ora ana sing sumurup, sarta pamêthête ora ngatarani. Si Bugêl kongsi suwe olèhe ambudi kang dadi panitikaning iwak mau, ananging ora katêmu wadine, wasana calathune,

--- 1 : 189 ---

sadhengaha uga kang dadi panitikane, ugêre mung mangkene.

Sanajan êtraping maling anyênyolong luwih dening rêpit, lawas-lawas iya katitik. Mulane manusa aja pisan kadunungan ing karêp bakal nyênyolong.

90. Srêngenge

Biyang Sarija sarêgêp ing gawe, wayah surup srêngenge saka ing sawah karo anake loro, aran Si Sarija lan Si Sarijah. Satêkane ing jromah, damar wus kêncar-kêncar ana ing ambèn. Si Sarija gumun bangêt, calathune, ing omah ora ana wong siji-sijia, sapa sing nyumêt damar iku. Si Sarijah sumaur, sapa manèh sing nyumêd, kajaba si bapak, kang masthi wus mulih saka ing nagara.

--- 1 : 190 ---

Bapakne banjur padha digolèki, ora suwe katêmu, bocah loro padha bungah-bungah.

Esuke Pak Sarija ngarit ana ing pangonan jêmbar, anak bojone padha milu. Srêngengene padhang sumilak, bocah loro padha bungah-bungah. Pak Sarija calathu marang anak-anake, mau bêngi kowe banjur padha bisa mêthèk, yèn aku kang nyumêd damar. Balik yèn kowe andêlêng srêngenge, apa kowe ora sumurup kang nyumêd.

Si Sarijah sumaur, saèstu kula sumêrêp, bapak. Punika Gusti Allah kang nyumêd. Dilah botên sagêd murub piyambak. Makatên ugi srêngenge, amêsthi wontên ingkang nyumêd.

Êliding dongèng mangkene, wayah rina katone srêngenge gumêbyar, iku anyatakake [a...]

--- 1 : 191 ---

[...nyatakake] kabêcikan sih lan kodrating Allah.

91. Lintang kang Bêcik Dhewe

Ana bocah loro lanang wadon padha sadulur, aran Si Kathik lan Si Têmbêr, ing wayah sore Si Kathik calathu marang Si Têmbêr, Têmbêr, dêlêngên lintang kae, cahyane padhang sarta gêbyar-gêbyar. Padha-padha lintang kang ana ing langit kabèh iku kang bêcik dhewe. Si Têmbêr sumaur, iya nyata bêcik, ananging ora ngungkuli bêcike lan gêbyar-gêbyare lintang esuk. Karone nuli diya-diniya arêbut bênêr ing bab bêciking lintang. Wasana dipurih ambênêri marang bapakne, calathune bapakne, bocah busuk karo pisan, catur apa kang korasakake iku, dene ngucapake lintang warna loro.

--- 1 : 192 ---

Wruhanamu, lintang kang padhang gêbyar-gêbyar iku, yèn katon sore, arane lintang sore, yèn katon esuk, arane lintang esuk, dadi lintang siji arane loro, manut wayahe katon ana ing langit.

Êliding dongèng mangkene, yèn wong madu sawijining prakara, kongsi diya-diniya akanthi nêpsu, iku bakal aniwasi.

92. Gêlap

Ana bocah lanang ing nagara aran Si Kêmis, lunga mênyang alas, angundhuh gowok. Barêng arêp mulih, banjur udan dêrês amor angin, sarta gêlape nyambêr-nyambêr, bangêt andadèkake wêdine, enggal andhêlik ana ing uwit randhu alas growong, kang ora adoh [a...]

--- 1 : 193 ---

[...doh] lan dalan. Saking ora sumurupe, yèn gêlap kêrêp anyambêr uwit-uwitan.

Si Kêmis anuli ngrungu swara ngundang-undang, pangundange, Kêmis, Kêmis, kêbat mrenea. Si Kêmis anuli mêtu saka ing pandhêlikane, ora antara suwe gêlap anyambêr randhu alas growong mau, Si Kêmis bangêt kagèt, awake kaya dadi gêni kabèh, ananging salamêt. Anuli sêru calathu, swara ngundang-undang mau amasthi saka ing langit. E Allah, sampeyan ingkang têtulung ing kawula.

Swara ngundang-undang mau nuli karungu manèh, pangundange, Kêmis, Kêmis, apa kowe ora ngrungu pangundangku. Dene kang ngundang-undang mangkono iku wong desa wadon. Si Kêmis banjur amarani, sarta takon. Ontên napa dika ngundang kula. Saure kang tinakonan, kula botên [bo...]

--- 1 : 194 ---

[...tên] ngundang dika, bagus. Sing kula undang anak kula Si Kêmis. Wau angon banyak têng kali, kira kula andhêlik ontên ing sakiwatêngêne ngriku, amarga dening wêdi ing gêlap. Têka kula ngriki anggolèki anak kula, arêp kula ajak mulih. Lah niku napa anak kula mêtu saka ing garumbul.

Si Kêmis bocah ing nagara anuli kôndha marang wong desa wadon mau, yèn ngrungu pangundange, disêngguh swara saka ing langit. Calathune wong desa wadon. O, bagus, sanajan swara umêtua saking wong desa miskin kang kaya kula, muga dika sukura ing Gusti Allah, awit Gusti Allah kang kagungan karsa, dene kula ngundang-undang jênêng dika, môngka kula botên wêruh têng dika.

Si Kêmis anyauri sêmu tangis. Ênggih nyai, bênêr dika kang ngundang-undang, nanging

--- 1 : 195 ---

pangundang dika niku saking karsane Gusti Allah, amurih têtulung têng kula, dadi turuning pitulung niku saking langit.

Êliding dongèng mangkene, papasthèning wong ana ing alam donya dudu saking panuju, sanyatane saking takdiring Gusti Allah.

93. Cundhuk Mêntul

Radèn Ngantèn Wirayowana arêp angadêgi gawe mênyang desa karo anake wadon loro, dalane nganggo mêtu ing alas. Priyayi wadon têtêlu mau panganggone mrabot, lakune nunggang kareta. Barêng ngambah ing alas, kusire ênggone nglakokake karetane kapinggirên, gêlunge anake radèn ngantèn Wirayowana karo pisan kacanthol ing êri, kang mantêlung ana sapinggiring [sapinggir...]

--- 1 : 196 ---

[...ing] dalan. Gêlunge padha ucul, cundhuk mêntule intên runtuh. Radèn ngantèn enggal akon mandhêg marang kusire, anuli mêdhun anggolèki cundhuk mêntul kang runtuh karo anake loro, tuwin karo batur-bature. Iya uga katêmu, ananging ênggone ambênêrake gêlung kang ucul kongsi mèh antara saêjam. Bocah wadon loro padha sêmu tangis, awit dening bakal kasèp têkane ing panggonan pangantèn.

Ora antara suwe ana wong amèk kayu têka, ambêkane rênggosan, atutur marang bocah wadon loro mau, calathune, mugi sampeyan kèndêla prihatos, sarta sukura ing Gusti Allah, awit ing wana ngajêng punika wontên begal kathah, angadhang lampah sampeyan. Dumugi kula ing ngriki, sagêd apratela ing sampeyan, nyimpang mêdal [mêda...]

--- 1 : 197 ---

[...l] margi sanès, awit radinanipun agêng kajagenan ing begal. Saupami sampeyan botên kandhêga ing ngriki, dhatêng kula amasthi kasèp, sarta sampeyan lêpat-lêpat amanggih pêjah.

Radèn Ngantèn Wirayowana bangêt panarimane, sarta angganjar marang wong amèk kayu mau, nuli parentah marang kusire, dipurih bali. Calathune marang anak-anake, anakku ênggèr, Gusti Allah ora kêkurangan ing rumêksane marang titahe. Umurmu lan umurku prasasat ana jroning cundhuk mêntul kang runtuh. Saupama iku ora runtuha, kowe lan aku kaya-kaya anêmu pati, dadi kandhêging laku, kang marga dening runtuhing cundhuk mêntul, sarta agawe muring-muring, iku dhapur kabêgjanmu lan kabêgjanku. Mulane sakèhing rêrubêt, gêdhea cilika, kang tinêmu ing manusa saking karsane Gusti Allah,

--- 1 : 198 ---

iku kabèh mung andadèkake rahayune.

Êliding dongèng mangkene, tiwas sathithik, kang andadèkake prihatin bangêt, saking karsane Gusti Allah têrkadhang dadi jalaran luput saka ing balaibilai. gêdhe.

94. Sêmbagi

Ana tukang sêpatu dhudha, duwe anak wadon siji aran Si Dhunuk. Iku kang ngopèni sajroning omah kabèh, tabêri lan pintêr, ananging bangêt karême marang sêsandhangan bêcik. Anuju ing sawiji dina Si Dhunuk tuku sêmbagi abang patang kacu, bakal ginawe takwa, sakacune rêga patang uwang. Ananging diawadake rêga ngêrong wang marang bapakne, awit bapakne ora sumurup marang ala bêciking [bêci...]

--- 1 : 199 ---

[...king] sêmbagi, sarta bangêt ing panggubêle anjaluk dhuwit wolung uwang, sumurup patukuning sêmbagi mau. Bapakne amènèhi, dadi Si Dhunuk mung amêtokake wolung uwang saka ing dhuwite dhewe ênggone anyèlèngi, minôngka gênêping patukoning sêmbagi. Sawise anampani dhuwit saka ing bapakne, banjur mênyang pacinan, sumêdya ambayar patukuning sêmbagi, sêmbagi patang kacu kang wus ditampani, ditinggal ing omah ana ing ambèn.

Sasuwene Si Dhunuk lunga, ana pêpara têka ing omahe kyai tukang sêpatu, andêlêng sêmbagi kang ana ing ambèn, atakon rêgane sakacune. Saure tukang sêpatu, rêgane larang, sakacune rong uwang. Pêpara calathu manèh, sêmbagine bêcik, dawêg kula tukune nêlung uwang sakacu. Tukang sêpatu awèh, sêmbagi [sê...]

--- 1 : 200 ---

[...mbagi] diulungake, patukune wus ditampani, pêpara anuli lunga sarta bungah ing ati.

Barêng Si Dhunuk mulih, bapakne tutur, Dhunuk, kiraku kowe bakal bungah angrungu warta saka ing aku. Sasuwene kowe lunga, aku ngolèhake bathi marang kowe, amarga dening ênggonku adol tinuku. Sêmbagimu dakêdol marang pêpara, payu têlung uwang sakacune, dadi ing dalêm sakacune kowe bathi suwang, kêna kogawe tuku sêmbagi liya kang luwih bêcik.

Si Dhunut kagèt sarta biyas, angrêmêt-ngrêmêt tangan, asêru saure, o, tuna sangêt. Bapakne anggraita, yèn ing ngarêp digorohi ing anake. Si Dhunuk iya banjur ngaku karo anagis,

--- 1 : 201 ---

yèn sêmbagi mau olèhe tuku matang uwang sakacu, dadi ing dalêm sakacune tuna suwang.

Bapakne sumaur, tuna iku paukumane gorohmu. Amarga dening kaluputanamu dhewe kowe kelangan dhuwit olèhmu nyèlèngi. Ing saiki dhuwit wolung uwang, kang dakwènèhake ing kowe mau, dakcoplok saka dhuwit pangêdolku sêmbagi marang pêpara. Sarèhne kowe anggorohi aku, ing sabanjure aku bakal ora awèh dhuwit manèh marang kowe, ginawe tuku sêmbagi.

Êliding dongèng mangkene, wong cidra lan goroh ora nêmu kadrajatan donya, mulane ditêmên lan barès, amêsthi kowe diajèni ing wong.

--- 1 : 202 ---

95. Pangilon

Ana bocah wadon aran Si Suli, cêpak nêpsune lan bangêt panasbarane. Êmbokne kêrêp mituturi, dipurih sarèh ing budi, ananging ora bisa marèni.

Anuju ing sawiji dina Si Suli pêpasaran, angadhêp êmpluk isi kêmbang warna-warna. Sadulure lanang bêbalangan watu, angênani êmpluk mau, banjur pêcah. Si Suli bangêt nêpsu, matane molar-malir, raine abang pating jêngkêrut, kongsi katon ala rupane.

Êmbokne enggal anjupuk pangilon, diadhêpake ing raine Si Suli. Si Suli bangêt kagèt andêlêng rupane ana ing pangilon, nêpsune ilang, banjur anangis.

--- 1 : 203 ---

Êmbokne calathu, saiki kowe apa ora wus wêruh dhewe mungguh nyênyêngiting rupane wong nêpsu, kongsi angalakake rai. Yèn kowe isih sok nêpsu mangkono, amasthi sangsaya agawe alaning rupa, anyirnakake manising rai.

Si Suli bangêt karasa ing atine, sabanjure ing sabisa-bisa anayuti nêpsune. Wêkasan budine sarèh, angundhakake ayuning rupa.

Êmbokne isih kêrêp mituturi, ênggèr, mungguh kanêpson lan budi sarèh, iku ana kadadeyane dhewe-dhewe, mangkono uga sarupaning panggawe ala lan kautaman.

Êliding dongèng mangkene, mata iku minôngka pangiloning nyawa, dadine picak dening panggawe ala. Kautaman kang amadhangake [a...]

--- 1 : 204 ---

[...madhangake] pandêlênge, lan angluhurake sihing wong.

96. Ali-ali kang Ngyungyunake

Ana sudagar aran Kyai Wiralaba, lunga dagang mênyang tanah sabrang, saking tabêri lan pintêre kongsi dadi sugih bangêt. Sawuse antara lawas, mulih mênyang nagarane. Barêng mêntas saka ing prahu, angrungu yèn sanak sadulure lagi padha sukan-sukan mangan enak. Tumuli diparani marang panggonane sukan-sukan. Ananging ora kongsi salin panganggo, angêmungake kang dianggo ana ing dalan bae, wus sarwa lawas kabèh.

Barêng têkan ing omah panggonane sukan-sukan mau, kang padhang dening kèhing damar pating kalêncar, sanak sadulure ora pati katon bungah katêmu salamêt [sala...]

--- 1 : 205 ---

[...mêt] karo kyai sudagar, awit saking alaning sêsandhangane diwatara yèn miskin.

Kyai sudagar mau duwe batur koja siji gawan saka ing sabrang, iku bangêt murina: andêlêng panganggêping sanak sadulur mau marang bêndarane, dene padha kalis kabèh. Calathune marang bêndarane, punika tiyang awon sadaya, dene sami botên rumêsêp ambagèkakên ing sadhèrèk, ingkang sampun pisah lami. Bêndarane sumaur, sarehna sadhela, amasthi enggal padha salin pratingkah. Kyai Sudagar anjupuk ali-ali intên gêdhe siji saka ing kandhutane, banjur dianggo. Ora antara suwe sakèhing sanak sadulure padha salin ulat, kabèh padha marani Kyai Wiralaba. Ana kang nyandhak tangane, ana kang ngrangkul, kumrubut arêbut dhucung [dhu...]

--- 1 : 206 ---

[...cung] ênggone amurih sihe kyai sudagar.

Wong koja mau atakon marang bêndarane asêmu gumun. Punapa sêsupe punika anggadhahi pangawasa ngyungyunakên manahing tiyang. Kyai Wiralaba sumaur, ora, ali-ali intên kang gêbyar-gêbyar iki ginawe tôndha yèn aku sugih, awit ing atase sanak sadulurku kasugihan kang ginawe pangarêp angungkuli samubarang kabèh.

Koja banjur anyêbut. Hèh wong budi melikan, jawane dudu ali-ali iki kang ngyungyunake kowe, sanyatane kowe iku kalimput ing pangôngsa-ôngsa, kapriye, dene watu maya-maya mangkono bae têka diaji-aji angluwihi saking bêndaraku, kang bêcik atine, Satêmêne.

Wong iku aran gêmblung, yèn angandêlake [angandê...]

--- 1 : 207 ---

[...lake] kasugihan, luwih saka ing pamitran.

97. Takwa Anyar

Mas Ajêng Mandrawara duwe anak wadon siji, aran Mas Rara Bêruk, iku digawèkake takwa sêmbagi alus siji, bakal dianggo ing garêbêg. Kang anggarap gêrji. Ing wayah surup srêngenge gêrji mau têka, angatêrake garapane takwa uwis dadi, banjur dianggo marang Mas Rara Bêruk, cinoba sêdhêng lan orane. Barêng tumrap ana ing awak, wus kabênêran, ora ana sing diwaoni, bangêt andadèkake bungahe.

Êmbokne calathu, uwis ta, Bêruk, amèka dhuwit mênyang jromah, digawe

--- 1 : 208 ---

ngopahi gêrji, nanging anggawaa colok, awit uwis rada pêtêng.

Mas Rara Bêruk nuli mênyang jromah, nanging ora ngèstokake tuturing biyung, lêbune tanpa colok, banjur anunjang jodhog, tiba karungkêb, nangis ajêlih-jêlih, kulambine anyar gupak lênga. Êmbokne marani, calathune, lah iku kadadeane wong murang sarak. Sesuk garêbêg, kowe nganggoa kulambimu luwas bae. Yèn durung tumêka ing pêndhake garêbêg manèh, kowe ora dakgawèkake kulambi anyar.

Bapakne panuju lumêbu ing jromah, amituturi mangkene, wong gêmblung dhêmên anasak ing pêpêtêng anyingkiri pêpadhang, sarta angrakêti ing wong bodho, kalis marang wong wicaksana, iku amasthi bakal wêruh marang yêktining bêbasan iki.

--- 1 : 209 ---

Bocah murang sarak, kang anampik pitutur bêcik, iku dadine pintêr lan wêruhe ing wajibe, yèn wus anyandhang pitunan, utawa anêmu tiwas.

98. Jas

Ing nalika ana pêrang, akèh saradhadhu lumêbu ing desa, padha anjaluk tuduh dalan. Ing desa kono ana buruh siji, kapêksa anuduhake dalan. Kalane samana panuju adhêm bangêt, sarta angine midid. Buruh mau anjaluk nyilih jas kang kandêl marang wong desa ing kono, ananging ora ana gêlêm nyilihi, mung wong nênêka siji, kang kaplayu atinggal bale omahe awit dening pêrang, sarta dêdunung ana ing desa mau dadi panjaking pandhe, iku kang wêlas marang ki buruh, anyilihi jas wus luwas siji.

--- 1 : 210 ---

Saradhadhu banjur padha mangkat. Bêngine ana upsir siji tumêka ing desa mau, panganggone sarwa gumêbyar, sarta anganggo bintang, aduwe panjaluk tinuduhna omahe kang nyilihi jas marang buruh kang anuduhake dalan mau. Satêkane ing omahe, panjaking pandhe barêng andêlêng upsir kang têka, banjur anjêlih, panjêlihe, adhuh, dene iku anakku. Sawuse mangkono, upsir anuli dirangkul kinêkêp-kêkêp.

Upsir iku maune lumêbu dadi saradhadhu wus antara lawas. Saking punjuling budine, lan bêciking kalakuane tuwin kêkêndêlane, kalungguhake dadi upsir. Bapakne biyèn dadi êmpu ana ing desa gêdhe, ananging anake wus ora wêruh ing wartane, mung ora pangling andêlêng jas luwas, kang dianggo ing buruh, lan sumurup saka ing kandhaning buruh

--- 1 : 211 ---

iku, yèn bapakne dêdunung ana ing desa kono.

Bapa lan anak padha anangis saking bungahe, wong liyane kang ana ing kono kabèh iya padha urun tangis. Upsir mau kandhêg sawêngi ana ing omahe bapakne, padha rêrasan kongsi natas. Barêng arêp mangkat, aninggali gêgawane dhuwit marang bapakne, sarta aprajangji bakal anguluri kang dadi pangane.

Wong kang ana ing kono kabèh padha calathu, sarèhne panjaking pandhe iku anduwèni kawêlasan, mulane winêlasan dening Gusti Allah, tinêmokake lan anake, kang angêntas saka ing kamlaratan.

Êliding dongèng mangkene, sing sapa atêtulung marang wong, lan angenakake atine, yèn tumiba ing tiwas, amasthi nêmu pitulunging Allah.

--- 1 : 212 ---

99. Trumpah

Ana wong miskin aran Pak Wantah, gawene angon wêdhus. Olèh-olèhane kang dipangan ing sadina-dina luwih dening sathithik, kongsi ora bisa tuku trumpah, awit sikile bêlakên.

Anuju ing sawiji dina Pak Wantah mau katêkan ing wong siji, kang maune wus tau kalêbu ing kunjara, amarga saka olèhe mêmaling, acalathu mangkene, pangupajiwaku akèh kauntungane, kowe bok nunggala gawe karo aku, sanalika dakwènèhi trumpah anyar, ngambaha jêblogan utawa krikilan ora agawe laraning sikilmu.

Saure Pak Wantah, iku ora, aku milalu ora nganggo trumpah, anggêr lulus wêkêl, lumuh olèh kauntungan [kauntunga...]

--- 1 : 213 ---

[...n] akeh, kang sarana laku ora bênêr. Apa ta ora luwih prayoga sikil gupak balêthok. Karo ati rêgêd dening panggawe duraka.

Êliding dongèng mangkene, kauntungan akèh, kang anuntun marang panasaran, wêkasane mung agawe kasusahan.

100. Paku

Pandhe kang aran Kyai Pangayah pêthêl ing gawene, sadina muput anggarap gawe ora ngetung kangelan. Tanggane wong sugih duwe anak lanang, aran Bagus Sadana, iku sabên dina mênyang omahe kyai pandhe, andêlêng olèhe anggarap gawe, nganti suwe ana ing kono.

Ing sawiji dina kyai pandhe calathu marang Si Sadana, pangangguran bok sampeyan [sampe...]

--- 1 : 214 ---

[...yan] sinau damêl paku, sintên ingkang sumêrêp, ing têmbe manawi wontên damêlipun. Si Sadana miturut, banjur mapan ngarêpake paron, asinau gawe paku, lawas-lawas bisa.

Barêng wus antara lawas, Si Sadana tumiba ing kamlaratan amarga dening ana pêrang, banjur kalunta-lunta tumêka ing desa sawiji, adoh saka ing nagarane. Ing desa kono akèh kanggoning paku, sabên-sabên yèn ana gawene, wonge padha tuku mênyang nagara.

Si Sadana kang samêngko miskin bangêt, kèlingan yèn bisa gawe paku, anuli nawakake gawene marang wong desa ing kono, saguh anggawèkake paku, anggêr diprênahake panggonane pandhe. Kang tinawanan gawe padha angrujuki, Si Sadana banjur tumandang pandhe, sarta akèh kauntungane.

--- 1 : 215 ---

Si Sadana kêrêp calathu, bêcik wong iku yèn ana kabisane. Sanajan amunga gawe paku bae, iya prayoga. Kagunanku ing saiki makolèhake kauntungan luwih saka palêmahanaku biyèn. Upama iku anaa kang arêp tuku, ora dakuculake rêga têlung lêksa rupiyah.

Êliding dongèng mangkene, kagunan rèmèh yèn pinêthêlan, bisa amujudake pagawean gêdhe.