Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Durcara Arja, Van Der Pant/ Padmasusastra, 1921, #1237

Katalog:Durcara Arja, Van Der Pant/ Padmasusastra, 1921, #1237
Sambung:-

Serie No. 11 ... Rêgi f 0,32

--- 0 ---

Sêrat Durcara Arja

Anggitanipun Tuwan D. F. Van Der Pant tuwin Ki Padmasusastra

Cap-capan Ingkang Kaping Kalih

UITGAVE Van de COMMISSIE VOLKSLECTUUR Wêdalan Bale Pustaka

--- 0 ---

Commissie voor de Volkslectuur Serie No. 11

Sêrat Durcara Arja

Cariyos bêbanyolan, nyariosakên satunggaling rôndha nama Bok Gunawicara, anggènipun anglampahi piwêlinging bojonipun, bilih kasagêdan punika ajinipun ngungkuli kasugihan. Kêlampahan bok rôndha ngapus-apusi lan adamêl kacilakan, ananging botên pados pamrih.

Anggitanipun Tuwan D.F. VAN DER PANT tuwin Ki Padmasusastra

Cap-capan Ingkang Kaping Kalih

Wêdalan Bale Pustaka, Ing Wèltrêphrèdhên 1921.

--- 1 ---

Durcara Arja

Ing nagara Purwakôndha ana sudagar gêdhe, jênênge Kyai Gunawicara, komuk kasugihane, bêcik atine, dhêmên wèwèh mênyang wong mlarat, dialêm ing wong akèh. Kyai sudagar mau nuju lara panastis, turu ana ngambèn, ditunggu bojone linggih ngisor.

Kyai sudagar calathu: bokne thole, laraku kiyi ayake ora bisa waras, atiku wis krasa arêp mati, dibêcik saungkurku.

Nyai sudagar barêng dituturi sing lanang mêngkono bangêt kagète, banjur nangis sênggruk-sênggruk, calathune mêngkene: gèk kapriye, bapakne thole, nèk aku sida kotinggal, wis ora ngêmong anak, kowe ora ana, angur aku andhisikana.

Wong dituturi kok nangis, lara pati kuwi: rak ora kêna dijaluk, kabèh-kabèh wus karsa Allah, mênênga ta, rungokna kandhaku. Yèn aku sida mati, kowe [ko...]

--- 2 ---

[...we] sing ngati-ati, aja kaya bocah, sing gêmi, sing sêtiti, lan aja ngêbrèh. Aja dumèh akèh tinggalanku, kaya ta: omah têlu gêdhe-gêdhe, barang mas intên sapirang-pirang, dhuwit iya akèh, saput prantining omah wis pêpak kabèh, malah nganti turah pating klêdhèr, kabèh mau bisa sirna ing dalêm sajam. Kaya ta: kêmalingan, kaapus-apusan, utawa kobongan, kuwi yèn panggarapmu ora pintêr. Nanging yèn pintêr, malah wuwuha môngsa êntèka, mulane dieling wêkasku mau. Awit abot-aboting abot kuwi ora kaya wong mlarat, sèwu lara sèwu susah nglumpuk dadi siji, utang sêlang mênyang sanak sadulur utawa tôngga têparo, ora diêndêl, malah sanjan bae disigèni, yèn ana wong kelang-kelangan ditarka ing batin, kojure banjur dicogêmol bae, seje karo wong sugih, nglakonana panggawe ala iya kalis ing tarka. Mulane aja nganti kowe wani-wani sêmbrana nglirwakake wêkasku mau, awit yèn wis kêbacut, angèl tutut-tututane.

Kyai sudagar sawise mêmêkas mêngkono: banjur [ba...]

--- 3 ---

[...njur] mati. Nyai sudagar bangêt susahe, kaya karubuhan gunung, kontrang-kantring polahe kambi nangis anggiyêng, tôngga têparo, sanak sadulure lan kadang karuhe sajroning nagara padha têka nglayad, para khaji rahab padha nyalatake, sawise dibrêsihi, banjur dilêbokake ing tabêla, karêngga ing jarik sutra putih sêmuwa bangêt, angkating layon diiring ing wong akèh, nganti têkan ing makam pisan, banjur dikubur, gawe ngêrêse atine sing padha nungkuli.

Saiki sing kocap gênti nyai sudagar, sapatine sing lanang ora bisa têntrêm atine, marilaku dagang, nyambut gawe liyane iya ora, kasêngsêm maca layang-layang piwulang anggitane para bisa, lan andêrês Kur'an tuwin kitab-kitab têtinggalane sing lanang, awit mung kuwi sing bisa nglalèkake prihatine. Saya akèh wêwacane saya jêmbar kaelingane, osiking atine mêngkene: sabênêre manungsa iku ora ana gêdhe: ora ana cilik, ora ana lanang, ora ana wadon, anggêre kalah pintêr, iya diparentah lan kêna dipèk amale. [a...]

--- 4 ---

[...male.] Nanging lumrahe wong iku suthik kalah, kaya ta: wong lanang suthik kalah karo wong wadon, ora aduwe kapintêran, iya golèk dhadhakan liya. Wong tuwa suthik kalah karo wong ênom, ora aduwe kapintêran iya isin. Luwih manèh wong gêdhe bangêt lumuhe kalah karo wong cilik, ora aduwe kapintêran iya ngaku luwih.

Nyai Gunawicara arêp nyatakake panêmune mau, gawe layang unine kaya sing wis dikandhakake mau, dipasang ana têbêng lawang jaba, supaya disurupana ing wong akèh. Sawise kêlakon mêngkono sabên ana wong liwat, lèrèn angunèkake, lan eraneram. mênyang Nyai Gunawicara, dene wong wadon duwe panêmu mêngkono.

Kocapa ana sudagar sugih, jênênge Kyai Surawacana, lunga nyêlamur tanpa rewang, panganggone sarwa luwas, nyangking têkên wuluh gadhing nganggo suh, ing jêro diisèni dhuwit dinar karo wang krêtas, kèhe salêksa rupiyah, arêp golèk dagangan mas intên, dene [de...]

--- 5 ---

[...ne] olèhe mangangge sarwa luwas mau, pamrihe diinaa ing wong. Sabab adate wong Jawa kuwe, nèk ana wong mênganggo ora mingsra, ora diajèni, yèn takon dagangan sing akèh rêgane, ora disauri, nèk juwêt, disêntak lan diclathoni mêngkene: wong dhapurmu mêngkono bae kok takon barang sing akèh rêgane. Kuwi arêp kokapakake, dhe arêp koutil. Mara ênyoh barang kiyi rêga satus rupiyah, dhuwitana sèkêt bae: aku awèh. Nanging nèk mêngko kuwe ora jegos andhuwiti, banjur tak gitiki pisan, lan banjur tak aturake nyang prentah. Sabab kowe nyata wong arêp ngutil, reka-reka arêp tuku barang, têmêne ora.

Kang mêngkono kuwe mèh sabên wong duwe pambêkan mêngkono, sanadyan bakul utawa prombèng: iya sok ngina wong. Dadi pangarahe Kyai Surawacana mau mung diinaa ing wong.

Kyai Surawacana barêng tutug ing panggonane wong rubung-rubung: lèrèn, karo takon mêngkene: Sing padha dika rubung niku napa.

--- 6 ---

Wong sing ditakoni mangsuli: nonton tulisan dhuwur nika napa, dawêg ta: dika milu ngunèkake, ngriki sing rada cêdhak.

Ênggih, coba mêngke kula milu ngunèkake, nèk ontên unèn-unène sing bêcik.

Kyai Surawacana barêng maca tulisan kuwi: bangêt ing pamuring-muringe, kalalèn olèhe laku nylamur, kèlingan tau diajèni ing wong akèh awit saka ing kasugihane, wusana wong wadon duwe panêmu angrèmèhake mênyang wong lanang. Banjur takon manèh mênyang wong sing ana kono mau ora basa, têmbunge mêngkene: Sapa, he, sing duwe pokal gawe tulisan kuwi.

Wong sing ditakoni mangsuli: duga kula ênggih sing duwe omah.

Jênênge sapa, lungguhe apa.

Jênênge Nyai Gunawicara, karan nyai rôndha sugih, tilas bojone Kyai Gunawicara sing êmpun ajal.

Dubilah setan, dene kuwi kok dudu dara, utawa pyayi, mung jamak manungsa kaya aku bae, kok cacah-cucah mênyang wong lanang.

--- 7 ---

Kyai Surawacana sumêdya nêmoni mênyang sing duwe omah nyai rôndha sugih, arêp dikrawus, banjur mlêbu nglatar, cêluk-cêluk, calathune mêngkene: êndi sing duwe omah iki. Nyai, nyai, dika mêtu sadhela mawon, ajêng kula takoni sing gawe layang niku, nèk botên wong owah pikire: môngsa duwea pokal mêkotên, muni sagêlêm-gêlême.

Nyai rôndha dhèk samana lagi ambênêri ana ing gandhok, linggih klasa pasir ana ngambèn, nunggoni bature sing padha olah-olah. Krungu ing latare ana wong cêluk-cêluk, nganggo ujar-ujari ala bab unining layang sing dipasang ana ing lawange, osiking atine mêngkene: wong cêluk-cêluk karo nêsu kae, ayake dudu wong sêmbarangan, utawa wong bodho, amêsthi wong pintêr, tandhane bisa ngêrti unine layang kae, nanging brangasan, bêcik tak têmonane sadhela, apa sing dikarêpake, utawa bêcik tak têmbungane alus.

Nyai rôndha nuli mêtu mapagake Kyai Surawacana, barêng katêmu banjur mêndhak, sumèh ulate, andhap [andha...]

--- 8 ---

[...p] asor solahe, lan mêmêlas têmbunge, calathune mêngkene: kula nuwun, anggèr bêndara, kula nyuwun pangapuntên ingkang agêng, kalilana kula gadhah atur ing sampeyan, nyuwun pitakèn punapa ingkang dados kalêpatan kula, dene sampeyan ngantos duka ingkang sakalangkung sangêt, kula mugi kaparingana sumêrêp.

Kêna napa dika gawe layang muni sagêlêm-gêlême, dika lumrahake ontên ing lêlurung, niku botên bênêr sangêt. Coba kula mawon sing ngayoni nyatakake kapintêran dika, botên susah wong luwih, anggêre kula êmpun kalah, dika ênggih nyata pintêr têmênan, lan bakal kula guroni.

O: dados duka sampeyan wau jalaran saking ungêlipun sêrat ingkang kapasang wontên kontên, lêrês anggèn sampeyan duka, mangke kula matur ingkang têrang. Sumôngga ta, kula aturi malêbêt ing griya rumiyin, tingal kula sampeyan kados mêntas tindakan têbih, prayogi ngaso sawatawis, sêdhêng sampun eyub, kondur. Ngangkah punapa malêbêt sudhung kula, palênggahan awon-awon [awo...]

--- 9 ---

[...n-awon] sampun kula sudhiyani, pawijikan toya ing jêmbangan sampun kêbak, pintên banggi karsa angêntosi sêsêgah kula, sawêrni-wêrninipun rak sampun mirantos. Sukur bage sèwu sampeyan karsa ngakên tiyang sêpuh dhatêng kula rôndha tur miskin.

Kyai Surawacana barêng ngrungu calathune nyai rôndha kaya mêngkono mau, sanalika ilang nêpsune, lan eram mênyang nyai rôndha bisane nampani dhayoh, ganêp tatakramane, sumèh ulate, kasêmbadan bêciking omah sarêrênggane. Calathune mêngkono: Wau dhèk kula mêntas ngunèkake layang dika, rasaning ati kula banjur muring-muring mawon, botên sarônta kula malêbu ing latar, ngundang-undang si bibi, cipta kula: anggêre si bibi ketok, banjur kula krawus, wusana botên mêkotên, nêsu kula ilang kabèh, awit patrape si bibi: bêcik, botên luwih mung maklume si bibi mawon, sing kula jaluk. Sing êmpun ênggih êmpun, sing buri mawon ditutugake bêcike, mung layang dika mawon banjur dika buwang, lan kêpripun nalare, dene si bibi duwe panêmu mêkotên.

--- 10 ---

Sampun anggalih ingkang kathah-kathah, rak sèwu mokal bilih tiyang èstri angawonakên tiyang jalêr, pandugi kula lare-lare awon nganggur ingkang damêl sêrat wau, kula ingkang rumaos kalêpatan, mangke sakêdhap kula bucalipun. Sumôngga ta, malêbêt ing griya rumiyin.

Gumrining têmên omahe si bibi, rêrênggane adi-adi, dhasar bisa sing nata.

Brêkah sampeyan gèr, kula sagêd mêkatên, sadaya punika tilaranipun paman jêngandika. Bok lukar agêm-agêman rumiyin, ta, gèr, saha lajêng siram ing jamban.

Ênggih, bibi, awak kula dhasar prungsang, kajênge rada ayêm sathithik, jambane gik pundi, bibi.

Ing wingking, gèr. Gathul.

Kula.

Dhèrèkna daramu mênyang pakiwan.

Ênggih.

Kyai Surawacana: Ayo, le, tuduhna.

Môngga.

--- 11 ---

Nyai Gunawicara: Konyil.

Kula.

Nèk wis rampung lèhe olah-olah Si Rasakarya, nuli tataa mangan, dhepokan bae, nèk wis, paturon jrambah kuwe têbahana.

Ênggih.

Kyai Surawacana: Bibi, lèh kula adus nganti aras-arasên êmpun, banyune lubèr kimplah-kimplah, wah anyêp, dhasar jambane brêgas angrêsêpake.

Inggih, gèr, ragi dipun pêrlokakên rêsikipun, amargi jamban punika panggenan rêrêgêd, mênawi damêl jinjanipun ingkang siram. Sumôngga, gèr, kula aturi dhahar sawontênipun.

Ênggih, bibi, êngga barêng mawon.

Bok mangke kemawon ta, gèr, kula nêdha lorodan kalihan lare-lare.

Botên, bibi, barêng mawon, kajênge enak lèh kula mangan.

Inggih sumôngga kula dhèrèkakên. Punika rekanipun [reka...]

--- 12 ---

[...nipun] kados sêmur, sumôngga kadhahar.

Enak bibi, sêmure, kabênêran bumbune.

Inggih, kados sawêg nuju, awit abdi sampeyan ingkang olah-olah pancènipun dèrèng patos sagêd angabêni bumbu olah-olah ingkang sêdhêngan. Punika: gèr, oporipun kambangan kadhahar.

Ênggih, bibi, coba kula icipane bumbune mawon, iwake kula botên pati doyan, apêke têksih krasa mawon. Lo, kok enak bangêt, bibi, bumbune.

Sumôngga gèr, kadugèkakên, sampun wigih-wigih.

Êmpun tutug, bibi, lèh kula mangan, napa kula dadak isin, rak botên.

Konyil, undurna dhaharan kiye, nuli dhaharane wowohan ladèkna.

Inggih.

Pangunjukan lan pawijikan kuwi, aja koundurake dhisik, mêngko nèk wis dhahar dhaharan bae undurna.

--- 13 ---

Sumôngga, gèr, dhahar jambêt, klampok arum, kongas gandanipun wangi, punapa pêlêm sêngir Bêgêlèn, utawi jêram Pacitan tulèn.

Ênggih, bibi, nanging mangan jambu klampok arum niku, kudu akèh.

Ngangkah punapa ta gèr, tiyang sampun kacawisakên, malah dhaharan sadaya punika kawradinana, botên ketang sakêdhik-sakêdhik, manah kula lêga, sukur karsa dhahar ingkang kathah.

Môngsa, ta, mêngke kula kêmlakarên,kêmlêkarên,. êmpun, bibi, diundurake kabèh, kula êmpun warêg têmênan.

Konyil, dhaharan kiye undurna kabèh, dalah pangunjukane pisan, yèn wis, wadhah sês lan panggantenan kae, ladèkna mrene.

Inggih.

Sumôngga, gèr, êsês utawi anggantèn rumiyin, bilih sampun sawatawis dangu, lajêng angasokakên sarira sare sakêdhap, mangke wungu sare, lajêng kondur, sêdhêng sampun eyub.

--- 14 ---

Ênggih, bibi, kula êmpun gawa dhewe rokok Jawa, nèk wangèn kula botên pati doyan, sok banjur ngêlu, nginang ênggih botên pati doyan, mung kala-kala mawon. Kula anjaluk lilah ajêng turu sadhela, kula niki êmpun kêpatuh sabên mêntas mangan awan, banjur ambliyut.

Sumôngga, gèr, lakar sampun dipun sudhiyani.

Amit, bibi.

Inggih

Kyai Surawacana banjur mapan turu, kêrasa nikmat, wusana turu kêpati, têkêne wuluh gadhing disandhing turu, disêlêr mênyang Nyai Gunawicara, ora wêruh, lan banjur dijukuk isine, barêng wis, dibalèkake sandhing turu manèh. Kyai Surawacana barêng nglilir banjur pamitan mulih, ora lali nyangking têkêne, nanging ora nitèni yèn têkên kuwe ènthèng bobote, bok manawa lagi tangi turu, durung pêpak angên-angêne. Barêng lakune wis adoh, lagi krasa yèn boboting têkêne ènthèng, beda karo mau-maune. Barêng

--- 15 ---

dibukak, têmên yèn kothong, ora ana isine dhuwit, Kyai Surawacana anjêngêr ora bisa calathu, nyipta kabilaèn gêdhe saka panggawene nyai rôndha julig, enggal bali gêgancangan, bingung kaworan nêpsu, sêdyane arêp masesa mênyang Nyai Gunawicara. Satêkane Nyai Gunawicara katêmu linggih ana ing ambèn, kambi maca layang, banjur ditudingi lan diujar-ujari ala, nganti kamisosolên, calathune: hèh gêntho, kècu, maling, asu purut, truk byangamu kocok, lonthe gêrang, êndi dhuwitku, mêsthi kuwe sing nyolong dhuwitku, dhuwitku ana têkên kiyi: dhuwit dinar dhuwit krêtas, gunggunge dhuwitku salêksa rupiyah, kocolong. Nèk dhuwitku ora kobalèkake, mêsthi kêtiban tanganku, lan tak bônda tak aturake mênyang prentah. Bakal dilêbokake dhublongan lan banjur dibuwang sajêgmu urip, ngaku apa ora.

Nyai Gunawicara diunèni mêngkono kuwe ora gugup, sarèh amangsuli lan ora basa, calathune mêngkene: mêngko ta, kuwe kuwi mêndêm gênje,

--- 16 ---

apa edan, karuhane lèhku ngêlokake. Ngêndi ana têka-têka banjur nêsu, cocote urab-uraban, polahe briga-brigi kaya bangsat, kaya diwêdènana mana. Sing koamèkake dhuwit, kuwi dhuwit apa, têgêse kapriye, apa kowe kelangan dhuwit, apa kowe anjaluk dhuwit, sing sarèh ta, aku ora mlayu lan ora wêdi karo dhapurmu, lan tak uja sabudimu, prakaran wani, rukun gêlêm.

Kyai Surawacana barêng ngrungu calathune Nyai Gunawicara êntèk atine lan sarèh nêpsune, mangsuli mêmêlas, têmbunge basa: milanipun kula enggal wangsul, bibi, amargi kula kecalan yatra wontên salêbêting têkên wuluh gadhing punika, warni dinar kalihan wang krêtas, gunggung: salêksa rupiyah, kula kintên pun bibi, ingkang ambêbedhung dhatêng kula, mêndhêt yatra wau.

Nyai Rôndha ora pisan anggragap, mangsuli sarèh lan mari têmbung andhap asor kaya sing uwis, calathune: e, dados kula punika sampeyan têrka mêndhêt yatra, wontên [wo...]

--- 17 ---

[...ntên] salêbêtipun têkên wuluh gadhing punika. Èwêd, gèr, manawi kula mangsulana pitakèn sampeyan punika, awit nalar makatên punika dede gêgujêngan, lêpat-lêpat ing salah satunggalipun, manggih bilai, kula purun mangsuli mênawi sampun wontên ngarsaning parentah. Wangsul kula pitakèn dhatêng sampeyan, sampeyan ngakên kecalan yatra ngantos samantên kathahipun wau, punika sintên saksi sampeyan, kados ta: sapisan, saksi ingkang nyumêrêpi nalika pun dèkèk sampeyan yatra wontên ing têkên, tètès kados cariyos sampeyan. Kaping kalih: saksi ingkang nyumêrêpi salampah-lampah sampeyan ingkang botên nate pisah. Kaping tiga: saksi ingkang nyumêrêpi panyolong kula. Mênawi tigang prakawis wau sêpên, kêkiyatan sampeyan andakwa dhatêng kula punapa. Môngka nalika sampeyan dhatêng, botên pratela dhatêng kula bilih sampeyan ambêkta yatra, malah ngantos mantuk, inggih botên wontên rêraosan bab yatra. Wusana sarêng sampun antawis dangu, sampeyan wangsul ngakên kecalan yatra, wah mawi briga-brigi [briga-bri...]

--- 18 ---

[...gi] badhe masesa dhatêng kula. Ingkang mêkatên punika malah kenging kula wastani tiyang ngawug awar, tuwin botên sumêrêp ing kasaenan, têgêsipun, sampeyan ngakên kecalan yatra samantên wau nama mokal, katitik saking solah bawa sampeyan botên mantêsi. Kados ta: pangangge sampeyan sarwa luwas, kesah dharat tanpa rencang, andupara yèn sampeyan gadhaha yatra ngantos ewon. Wangsul kula: sampeyan kondhang nama rôndha sugih, dhasar sugih sayêktos, dados pangungsènipun tiyang mlarat, amargi saking balaba kula, tur inggih mantêsi. Kados ta: griya kula agêng-agêng, rêrêngganipun adi-adi, pangangge kula sae-sae: kathah aosipun, kareta kula kathah bagus-bagus, rakitanipun sami kapal pêpilihan, lumbung kula kêbak pantun, sabên dintên Jumungah kula dêdana dhatêng tiyang pêkir miskin, misuwur nama kula sae, môngka sampeyan dakwa anglampahi kadurjanan nyolong. Punika sungsang namanipun, pintên banggi sampeyan narimah kasaenan kula, kok malah nyênyerongi awon, punika botên sae, gèr.

--- 19 ---

Kyai Surawacana pêgêl atine tansah diurugi catur. Calathune mangkene: sanajan pun bibi mukir, tuwin baud pabên kados bèthèt sèwu, inggih kula trêka mêndhêt, jêr sayêktos kula kecalan yatra. Kalihan salami kula gêsang botên gadhah watak amitênah tiyang, ngrubagini inggih botên, milanipun kêdah botên, kula têmpahakên dhatêng pun bibi, amargi kula botên rumaos kèndêl wontên ing pundi-pundi malih, kajawi namung wontên ngriki, mila mêsthi sampeyan ingkang mêndhêt yatra kula, kala kula tilêm.

O: saya botên lêrês karsa sampeyan punika: gèr, lêpat-lêpat sêmbiripun sampeyan malah kula gugat matang tuna numbak luput, punika sampun kasêbut ing anggêr nawala pradata, botên sande sampeyan dipun dhêndha saprakawisipun. Aluwung manawi sampeyan miturut kajêng kula, tuwin purun ngakên tiyang sêpuh, punika bokmênawi kula sagêd adamêl bingah sampeyan, pintên banggi sagêd pulih kasusahan sampeyan. Dene mênawi sampeyan pugal, kêdah adamêl prakawis anggugat [ang...]

--- 20 ---

[...gugat] dhatêng parentah, inggih sakajêng sampeyan, kula badhe botên colong playu, malah kula tadhahi dhadha, sabudi sampeyan kula kêmbari.

Kyai Surawacana barêng ngrungu calathune nyai rôndha: bangêt anjêngêr, suwe olèhe mênêng ora bisa calathu. Osike: anguk tak turuta karêpe, bokmênawa bisa runtuh atine, gêlêm ambalèkake dhuwitku, oraa kabèh saparo utawa kurang, aku trima, tinimbang prakaran, môngsa mênanga, awit aku ora duwe tôndha saksi, dalah anak bojoku dhewe ora tak wèhi wêruh pandokokku dhuwit, dadi wis inaku dhewe, saka ngapa mênanga prakaran.

Banjur calathu: inggih ta, bibi, kula namung miturut sakarsa sampeyan, môngsa gèk sampeyan anjalomprongakên, botên, saksi lah Said Allah, sintên ingkang cidra: inggih botên manggih wilujêng, tumpês kelor saanak putu sadaya.

Kula inggih sêmantên ugi, gèr, sami dipun yêktosi kemawon, yèn pratikêl kula sampeyan [sampeya...]

--- 21 ---

[...n] galih kirang prayogi: inggih sampun sampeyan lampahi. Rêmbag kula makatên: kula gadhah sobat Walandi toko mas intên, punika kala rumiyin kula sampun asring-asring ngêmpit barangipun ngantos pangaos kalih lêksa rupiyah, nanging sapunika kula sampun kèndêl, amargi sampun sêpuh, punika sampeyan kula jak dhatêng tokonipun, mangke kula sanjangakên mênawi sampeyan anak kula jalêr, juragan agêng ing nagari Mêsir, pêrlu ngupados barang dagangan mas intên damêlan nagari Jawi, dhe kasade wontên nagari Mêsir. Makatên malih sampeyan kula awadakên supe wicantên Jawi, kêpatuh wicantên, mlajêng kemawon, wah mlajêng Mêsir, mila mênawi mangke kula rêmbagan kalihan tuwan toko, môngka sampeyan kula wicantêni utawi dipun ngêndikani tuwan toko, punika sampeyan amangsulana: saya, kemawon.

Inggih, bibi, sakarsa sampeyan kula amung andhèrèk kemawon, tuwin badhe angèstokakên sawêwêling sampeyan.

Kyai Surawacana nginêp ana ing omahe nyai rôndha.

--- 22 ---

Esuke nyai rôndha parentah mênyang kusire, calathune mêngkene: kusir, sêdhiyaa kareta plangkèn, rakitane jaran dhawuk bae, kuwe kang ora pati bantêr, pakeane barlin saka toko wingi tak anyarane, aku arêp mênyang toko.

Inggih.

Môngga, gèr, sami numpak kareta kemawon.

Môngga, bibi.

E, konyil, kowe milua, lan pêthèn gêdhe wadhah dhuwit sing ana ing gêdhong, tak dokok sandhing paturonku kae, gawanên, aja nganti kliru.

Inggih.

Wis lakokna jaranmu sir.

Inggih.

Tabik tuwan.

Tabe mak adha bae.

Baik jugak tuwan.

Sudha lama saya tidha liat sama mak, dhari mak punya laki mati sampe sêkarang mak tidha tau dhatêng dhi sini, èn apa kabar: mak.

--- 23 ---

Adha jugak kabar sêdhikit, tuwan, mangka saya tidak kêmari-kêmari sêbab tidak sêmpêt, tuwan, dhi rumah banyak krêja. Cobak sêkarang tidak pêrlu: saya tidak dhatêng jugak, sêkarang pêrlu mêngantêrkan saya punya anak ini, cari dhagangan mas intên, sêbab dhia jadhi juragan tinggal bêrumah dhi negri Mêsir, baru kêmarin dhatêngnya, mênginêp satu malêm lantas kêmari ini, têtapi dhia sudhah lupa bicara Jawa, sêbab kêlamaan tinggal dhi nêgri Mêsir, bicaranya Mêsir dhan tidhak alus, jadhi adha takut kêluarkên bicara, mangka saya dhiajak, sêpêrti jadhi juru basanya.

So, juragan, adha bae.

Saya.

Tuwan, saya punya anak ini sudhah kasih pêrcaya sama saya, buat ambil barang dhengên tawar.

Nau, liat dhan mar saya punya barang, èn mak punya anak bole liat sêndiri apa yang dhia mau ambil.

Saya, tuwan.

Kalo suka liat sini, ini gêlang mas dhibikin dhi Sêmarang, putri-putri boleh pake, èn dhia punya mas bagus [bagu...]

--- 24 ---

[...s] sêkali, tuwa bêtul sêpèrti orang Jawa suka bilang kunir bosok, dhia punya intên barliyan puti sêkali.

Ini gêlang arga bêrapa, tuwan.

Dhia punya arga, o, itu tidha mahal, cuma adha dhêlapan ratus rupiyah.

Kowe apa sukak gêlang ini.

Saya.

Tuwan, gêlang ini saya punya anak mau jugak, dhan itu barang lain-lainnya mau saya pilih jugak.

Boleh saja, mak, kwe pilih mar, pigimana kwe punya suka.

Saya, ini sêlut dhengên uwêrnya, timang dhengên lèrèpnya, cincin tajug satu pasang, kancing satu gagragan, pêniti dhua biji, ini samua arga bêrapa, tuwan.

Nanti, saya mau rèkên dhulu, ya. Itu sêmua arga sêblas ribu rupiyah, èn itu gêlang yang mak sudha ambil lebih dhulu arga dhêlapan ratus, jadhi sama-sama sêblas ribu dhlapan ratus rupiyah.

--- 25 ---

Ini samuanya barang sudha saya ambil, gunggung arga sêbêlas ribu dhêlapan ratus rupiah, kowe apa mau.

Saya.

Apa sudhah sampe kowe ambil barang itu.

Saya.

Tuwan, ini saya punya anak sudha sampe bolenya ambil barang.

Bae, nau, dhan saya tutup lêmari saja, he.

Konyil, pêthènku gawanên mrene.

Inggih.

Nyai rôndha barêng wus ambukak pêthèn, api-api kagèt, nêpsu mênyang Konyil, calathune:

Konyil, kowe kuwi edan apa waras, nèk warasa ora kaya mêngkono kaelinganmu, sabên-sabên ngakokake atiku, kiyi rak pêthèn dondoman, dudu pêthèn dhuwit, apa ora kotitèn-titèni, pêthèn dhuwit mono rak sing cêplok êmas kae, gene dhèk tak salini cêploke, matamu wêruh, pèh rupane padha banjur koawur bae, dhasar padha, soroge

--- 26 ---

iya padha, awit wêton saka toko sakêmbaran.

Pigimana, mak, apa salah, apa itu tidha têmpat wang.

Saya, tuwan, dhari gêndhêngnya saya punya budhak, kaluk sukak dhengên tuwan pêrcaya, saya mau pulang sêbêntar, tuwan, buat ambil uwang, dhan barang ini saya bawak, saya punya anak biar tinggal dhi sini saja.

O, boleh saja, mak pigi mar, coba, kalo baru kênal sêkarang, dhan boleh jadhi saya tidha pêrcaya sama kwe, èn, kwe punya anak, kwe suru tinggal dhi sini, kwe misti mar tau sêndhiri, mar saya tidha suru, kapan dhia mau pigi, saya kasi.

Kowe tinggal dhisini dhulu, ya, saya pulang sêbêntar buat ambil uwang.

Saya.

Sudhah, saya pulang dhulu, tuwan.

Ya, mar jangan lama-lama, mak, kasihan toh kwe punya anak.

--- 27 ---

Saya, tuwan, tabik, tuwan.

Tabe, mak.

Nyai rôndha barêng wis tutug ing omah, barang banjur diumpêtake, lan ora sumêdya bali, ngenak-enak linggih ana ngambèn.

Saungkure nyai rôndha barêng wis antara suwe, tuwan toko takon mênyang Kyai Surawacana, têmbunge: pigimana sobat punya mak sudha bêgitu lama dhia pigi èn bêlon kombali, dhia bilang cuma sêbêntar saja.

Saya.

Jangan toh sobat bilang saya saja, saya tanya sama sobat pigimana kwe punya mau, kwe punya mak bilang mau pigi èn sêbêntar kombali, mar sêkarang sudha ampir pukul sêpulu. Tadhi: èn itu kwe tau: sobat dhatêng sama kwe punya mak pukul dhlapan, jadhi sêkarang sudha ampir dhua jam, kwe adha dhi sini, apa saya mau suru panggil sama dhia, apa kwe mèsi mau tunggu lagi.

Saya.

--- 28 ---

Tuwan toko sêmu muring-muring, awit sabên cêlathu mung diwangsuli: saya bae, anggraita sajroning ati.

Ayake aku iki kalêbon Cina gundhulan, wong iki dudu juragan, amêsthi bangsat, yèn juragana, ya gene wêdi caturan karo aku, awit lumrahe para juragan iku, kêkumpulane para tuwan toko, lan para gêdhe Jawa, ora kaya iki, lan manèh srapate pancèn bisa cara Jawa, lèh soya-sèyè iku, tak kira mung arêp ambalithuk aku bae, diandêla cature, coba tak cêlathonane sênggrang, apa nyata ora bisa cara Jawa.

Banjur calathu: singa, ini orang coba kwe tanya pake bicara Jawa saja, têmtu dhia bisa, pigimana dhia punya mau, dhia bêlon bayar barang yang dhia sudha ambil, kalo cuma bilang: saya: saja, lantas kwe ikêt saja sama dhia, kapan dhia bêrani, dhan kwe mar bêtreyak yang adha orang bikin amok. Biar nanti orang rampog sama dhia.

Saya, tuwan.

--- 29 ---

Kyai Surawacana durung nganti ditakoni mênyang si Singalôndra, basa ngrungu calathune tuwan toko anggraita, ciptane mêngkene: e, kabilaèn manèh awakku iki, diloropake mêngnyang rôndha musibat, sida kelangan dhuwit, tombok awak bakal dikunjara, bara-bara luwung prasaja mênyang tuwan toko, nuturake lêlakonku satêmêne, bokmênawa olèh pangapura, awit aku ora nglakoni panggawe ala, utawa ora dosa, nanging kêna paekane rôndha julig.

Banjur calathu: mangke-mangke, tuwan, kula matur ingkang têrang, dadosa sampeyan lêbêtakên kunjara sok sampuna kauningan atur kula.

God prêdom, bangsat, kècu, maling, toh bisa bicara Jawa: kwe, he. Singa, cobak kwe tanya sama dhiya mau bicara apa itu bangsat.

Mara, ta, mas, nuli dika pratela, tuwan sêlak duka.

Dhi, Singa, satêmêne kula niki dede anake Nyai Gunawicara, lan dede akrabe, wanuh kula lagi

--- 30 ---

dhèk wingi mawon, napa malih kula niki dede juragan Mêsir, ênggih juragan nagara Purwakôndha ngriki, jênêng kula Surawacana, kula kabilaèn kelangan dhuwit salêksa rupiyah, dicolong nyai rôndha Nyai Gunawicara, kula banjur dienaki sarak, dipèk anak, lan disaguhi ajêng diwèhi barang sing akèh rêgane, banjur dijak têng ngriki niki, lan diwêkas, nèk ditakoni napa-napa têng tuwan toko, kula mangsulana: saya, mawon, wusana mêkètên kadadeyane, kula sumôngga panggalihe panjênêngane tuwan.

Si Singalôndra banjur mratelakake mênyang tuwan toko calathune Kyai Surawacana mau, barêng tuwan toko ngrungu pratelane si Singalôdra gèdhèg-gèdhèg, ilang nêpsune mênyang Kyai Surawacana, rumasa diapusi mênyang Nyai Gunawicara, banjur prentah mênyang bature wong Batawi loro, clathune: Sahanan, Sahadhan.

Saya, tuwan.

Kwe bêdhuwa pigi sama itu prampuan Jawa yang tadhi pagi adha [a...]

--- 31 ---

[...dha] dhi sini, èn, lêkas ur, bilang saya panggil sêkarang juga, èn dhiya misti bawa wang of kasi kombali barang yang dhiya sudha ambil, kapan dhiya banyak crèwèt, of, dhiya minta tempo lagi, dhan, kwe pegang sama dhiya, kwe bawa dhiya dhi sini: saya mau kirim itu orang sama pulisi.

Saya, tuwan. Nyokdhah, dhan, cêpat-cêpat aja kita jalan.

Nah ayo.

Nyai rôndha ana ngomah, ngenak-enak linggih ngambèn, kasaru têkane kongkonane tuwan toko wong loro, banjur calathu kasar kambi dlajigan, calathune:

E, nènèk, ini si têlalu, orang tunggu-tunggu: dhia enak-enak tinggal dhi rumahnya: katanya, bêtul ini orang lagaknya ênggak sênonohan, adhat, orang apa si ini, dhah lah: lagaknya bagus tu. Dhatêng dhi toko pake kudha kreta, brani ambil barang sêbanyak-banyak, tidhak mau bayar. Mêlagak pulang dhulu mau ambil uwang, tulus ênggak kabar cêritanya lagi, ênggak bikin kapirap, orang itu. Lu adha pikiran apa si, apa bakalan [bakala...]

--- 32 ---

[...n] pêdhayain tuwan. Mêntang-mêntang tuwan guwa baik, tuwan pêrcaya: lu mau pêdhaya, e: ênggak gampang: nèk. Lu kira tuwan gua anak kêcil, bole dhipêdhayain aja, orang macêmnya kaya dhêngkul Arab aja: udhah mau abuin, orang. Kira gampang, bara-bara tuwan pêrcaya dhikasi barang, kalo tau bêgini lagaknya: si ênggak dhikasi dhondhong-dhondhong barang orang, tape tuwan ênggak mau trima, sêkarang jugak lu bayar. Ênggak bole tempo lagi. Êng kali si ênggak dhuwitnya, udha lah: gêlas abu, apanya dhong ambil barang kalo lu ênggak mampu, bêtul lah: ênggak salah kalo dhikatain, orang kurang ajar ni.

Ah: lu si banyak, omong dhoang, buwat apa banyak mulut, alah: orang macêm gituan dhimaki ya pêrcuma, satu mustail dhibayar, dhi mana mau garug dhuwit. E, nènèk, lu sêkarang jugak tuwan suruh dhatêng, lu mau apa kagak, bilang aja trus trang.

E, nanti-nanti, jangan bêgitu tah, mas, mari dhudhuka dhi bale-bale sini dhulu, nanti saya bilangin. Mangka lama saya bêlum kêmbali, sêbab saya tunggu saya punya suruan, [suru...]

--- 33 ---

[...an,] buwat minta uwang sama gusti kangjêng ratu, bêlum dhatêng. Cobak nanti saya susulnya sêbêntar, mas bêdhuwa tunggu dhi sini saja, dhengên dhudhuka nyang enak, makan kuwih-kuwih dhan minum kopi utawa tih, kêbêtulan adha banyak kuwih, sêmua itu, mas punya rijêki. Mas bêdhuwa itu siyapa namanya. Orang tuwa sêpêrti saya ini: sring kêlupaan, kapan-kapan kêtêmu dhi jalan, mas kasi èngêt sama saya, dhan kapan adha tempo, saya mintak mas bêdhuwa sukak dhatêng kêmari, dhan kapan mau pake apa-apa, atawa kêkurangan uwang, dhi sini kan adha.

Sahanan karo Sahadhan, barêng diclathoni mêngkono, kenyut atine, mari nêpsu, lan lali wêkase bandarane, banjur calathu: iya, nèk, saya namanya bujang, saya dhisuruh, tuwan marah-marah saja, saya jadhi ênggak marah nèk, dhari itu nènèk jangan buwat pikiran, cobak nènèk kasi kabar: jadhi tuan tau, memang jamak, orang kêbêtulan ênggak adha dhuwit dhi rumah: minta dhulu lain têmpat. Kalo nènèk sêkarang mau susulin dhuwit dhi kraton, bêgitu ya bêgitu dhah, saya si gampang, nèk, ênggak banyak [ba...]

--- 34 ---

[...nyak] crèwèt kalo bêtul-bêtul, orang mau bayar. Tadhi nènèk tanyak kita punya nama: saya Si Sahanan.

Saya Si Sahadhan. Hêêh, sabêtulnya, cobak dhari sêtadhi-tadhian kita orang tau nènèk lagi suruh mintak uwang. Masa sampe ati kita comèlin, apa gila si orang baik-baik dhi marain. Nah: jadhi bêgini saja dhah: nèk, nènèk kêndhirisêndhiri. aja kêsana dhah, bole kita tungguin dhi sini, kalo bole: buru-buru, nèk, jangan kêlamaan, sêbab kita orang sêlêmpang nanti tuwan, kalo lama-lama: dhia marah.

Iya, iya, mas, saya lari saja, sêbêntar saya kêmbali. Mari tah jangan malu-malu, saadha-adhanya dhimakan.

Ah gampang, nèk, apanyang dhimaluin si, orang sudhah kênal.

Nyai rôndha banjur malêbu ing kraton, sowan Kangjêng Ratu Kêncana, garwa dalêm ingkang Sinuhun Sultan. Kangjêng ratu nuju pinarak, banjur dirungkêbi sampeyane, kambi nangis amêmêlas, gawe kagète panggalih dalêm. Pangandikane: lo, kowe bibi juragan. [jura...]

--- 35 ---

[...gan.] Dêngarèn têka-têka banjur nangis, tangia ta, aja angrungkêbi sikil, tutura apa kang dadi susahmu, bokmanawa aku bisa nglêgani.

Kawula nuwun, gusti, mila abdi dalêm kawula kamipurun dumrojog sowan ing ngarsa dalêm atawan tangis, amêrgi kawula badhe dipun gêbagi dhumatêng rencang kawula piyambak tiyang Bugis kêkalih, sampuna kawula enggal lumajêng saèstu kêlampahan dipun gêbagi, dene mula bukanipun mêkatên: kala taksih gêsangipun abdi dalêm tiyang jalêr, tumbas tiyang Bugis kêkalih: kawan atus rupiyah, anama pun Sahanan, kalihan pun Sahadhan, sarêng abdi dalêm tiyang jalêr pêjah, rencang kawula tiyang Bugis kêkalih wau kirang ajrihipun dhumatêng kawula, asring purun kesah sipêng, manawi kula èngêtakên, lajêng ngoso, botên namung kèndêl samantên kemawon, malah sampun sawatawis dintên punika kesah tanpa pamit. Punika wau dhatêng, saha mêngangge anggèn-anggènipun rencang Walandi. Sanjang mênawi sapunika sampun ngèngèr dhatêng tuwan toko, kawula dipun undang tuwanipun, [tuwani...]

--- 36 ---

[...pun,] wicantênipun beca-bècu cara mlajêng, kawula botên mangrêtos kajêngipun. Punapadene purun linggih ing ngambèn palinggihan kawula, saha anêdhani panganan. Ingkang punika, gusti, kawula nyuwun sih kawêlasan dalêm, rencang kawula tiyang Bugis kêkalih wau kawula unjukakên ing sampeyan dalêm kangjêng raka dalêm ingkang sinuhun sultan, saha kawula kapatêdhanana lintunipun arta panumbas kawula ing ngajêng.

Yèn nyata kaya mêngkono, bibi, iya aku kang têtulung marang kowe. Mêngko tak munjuk ingkang sinuhun.

Pangandikane Kangjêng Ratu Kêncana durung tutug, kêsaru ingkang sinuhun sultan, rawuh.

Lo, kowe kaya bojone si juragan, Gunawicara, lawas gonmu ora katon marak.

Kawula nuwun inggih, gusti.

Kula nuwun, sowanipun abdi dalêm pun Gunawicara èstri punika, nyuwun pitulungan dalêm badhe dipun gêbagi dhatêng rencangipun tumbasan tiyang Bugis kêkalih.

--- 37 ---

Kangjêng ratu banjur angunjukake mênyang kangjêng sultan, ature nyai rôndha mau.

Yèn nyata mêngkono, ratu, bêcik tulungana, paringana dhuwit patang atus rupiyah.

Nuwun inggih sandika. Gilo tampanana, bibi, paring dalêm dhuwit patang atus rupiyah, liruning dhuwit patukoning wong Bugis loro.

Kawula nuwun inggih, sangêt ing panuwun saha ing pamundhi kawula, gusti, mugi wontêna parêngipun karsa dalêm kangjêng raka dalêm, tumuntên animbali tiyang-tiyang Bugis wau kalayan paksa. Amêrgi bilih kawula ingkang ngajak sowan ing ngarsa dalêm, sampun èstu botên purun, saupami kawula paksa, inggih lajêng ngamuk.

Iya dhasar mêngkono, ratu, watêke wong Bugis kuwe sok dhêmên ngamuk. Sêdhahan.

Kawula nuwun, kula.

Timbalana bocah talangpati kang seba, dhawuhna mênyang bocah punakawan bae.

--- 38 ---

Kawula nuwun inggih sandika. Endi kônca punakawan kiye.

La, sing pating jronggol niki, napa diarani tunggak mawon.

E, kula arani dara-dara panji, niki wau, dene padha jêmperok-jêmperok têmên, karsète pating klawèr, bêbêde gènêsan, ora eman digawe klosodan.

E, anggarap bok ayune kuwe, la, nèk botên brêgasan, napa payu dole, wis dadi kula punakèplèk, bêbêde kaya têmbêlèk, môngsa anaa sing ngêmèk.

Dhawuh dalêm, sing kabênêr tômpa, dikakake nimbali abdi dalêm talangpati kang seba.

Nuwun inggih sandika. Prikônca talangpati, ingkang gadhah lampah ingandikan sapuniki.

Nuwun inggih sandika.

Bocah talangpati.

Kawula nuwun, kula.

--- 39 ---

Sira mênyanga omahe Si rôndha Gunawicara, anggawaa kancanira sagolongan, timbalana wong Bugis loro padha tukone Si rôndha Gunawicara, samêngko wus ingsun karsakake, samôngsa wong Bugis mau akèh padune, sira paksaa bae, yèn budi banjur sira talènana pisan, mangkata barêng lan ulihe Si rôndha Gunawicara.

Kawula nuwun inggih sandika.

Wis, Gunawicara, muliha.

Kawula nuwun inggih sandika. Môngga, gèr, mas lurah kula dhèrèkakèn.

Môngga, bok.

Sampun cêlak, gèr, griya kula, inggih regol ingkang katingal punika, kula kantun ing ngriki kemawon, tiyangipun Bugis kêkalih sami linggih wontên ing ambèn, katingal saking jawi, lajêng sampeyan prusa kemawon, sampun, tiyang sampun têrang dhawuh timbalan dalêm .

Inggih, bok, sampun sumêlang.

--- 40 ---

Sahanan, karo Sahadhan, sing ngêntèni têkane Nyai Gunawicara, lagi ngenak-enak linggih ing ambèn kambi mangan panganan, kêsaru têkane utusan dalêm priyayi talangpati.

He, kowe bêdhuwa orang Bugis tukon, kêna apa kowe lari dhari Nyai Gunawicara, dhan lantas ikut sama tuwan toko.

Lo, apa, apa kurang kita orang dikatain, orang Bugis, biyar sambêr glèdhèg kalo kita adha bau-baunya orang Bugis.

Sudhah tah, jangan kêbanyakan cêrita, sudhah karuan tah kowe orang Bugis.

Ah pigimana si, ni, apa ênggak mau pêrcaya orang, bêgiyêt jugak kita orang Bugis, liyat dhulu macêm orang Bugis, siapa orang Bêtawi, apa ênggak bedhanya, apa sama aja, apa mata lu kagak liyat kita anak Bêtawi tulèn, asal-asalnya dhari nènèk moyang kita memang anak Bêtawi. Ah cilaka, sudhah bêrapa puluh tahon [ta...]

--- 41 ---

[...hon] krêjasama tuwan toko, baru sêkarang mêndhapêt dhikatain budhak Bugisnya orang Jawa.

Iya, aku sudhah tau kowe punya akal itu. Tau apa, kowe bêdhuwa sêkarang sudhah dhibêli sri padhuka kangjêng sultan, pur ampat ratus rupiyah. Dhan sêkarang jugak, kowe dhipanggil dhengên sama-sama aku.

Apa nyang dhibêli, siyapa nyang dhibêli, apa laskar lu ini dhijual dhibêli, orang baik-baik dhijual, ênggak gila itu namanya.

Nêdha kônca, yêktos kathah pabêne.

Sahanan karo Sahadhan, banjur dicêkêl lan didhêdhabyang mênyang priyayi talangpati, sadalan-dalan ditonton ing wong akèh, nganti tutug ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun sultan.

Kêpriye kowe mau, dene nganti didhêdhabyang mêngkono, apa arêp ngamuk.

Kawula nuwun sampun, abdi dalêm kawula sakônca kautus animbali tiyang Bugis kêkalih, ing griyanipun Nyai Gunawicara. Sadhatêng kawula ing ngriku, inggih sayêktos [sa...]

--- 42 ---

[...yêktos] tiyang Bugis kêkalih wau sami angeca-eca linggih wontên ing ambèn kalihan nêdhani panganan, lajêng kawula sêrêpakên pêrlunipun dhatêng kawula, saha lajêng kawula ajak sowan ing ngarsa dalêm, ananging botên purun saha kathah pabênipun, mila kalampahan kawula pêksa sowanipun ing ngarsa dalêm punika.

Uculna olèhira anyêkêli, môngsa dadak mlayua, lan banjur iridên maju mrene.

Kawula nuwun inggih sandika.

He, orang Bugis, kêna apa kowe tak panggil trak mau dhatêng, kowe sêkarang sudhah tak bêli pur ampat ratus rupiyah, dhari Si Gunawicara prêmpuan, sêkarang jangan kowe lari lagi sêpêrti dhulu, kapan kowe brani lari, tamtu tak kasih ukuman brat.

Amba bêrmuhun ampun kê bawah paduka tuwan sultan, amba mintak maap dhi atas tuwan sultan punya sapu tangan, dhi bawah tuwan punya kaki, nyêgitu jugak, amba mintak lah pêrmisi buat bicara sêdhikit saja, sama tuwan sultan, nyang sêkali-kali bukan amba orang Bugis, bukannya orangnya

--- 43 ---

nyai juragan, amba orang Bêtawi, bujangnya tuwan toko. Amba dhatêng kê situ sêbab amba bêdhua dhapêt printah sama tuwan amba mênyusul barang amba punya tuwan, nyang itu nyai juragan sudhah ambil, tradhak dhibayar. Bêgitu juga amba kêtêmu sama itu nyai juragan, lantas dhia bilang biar amba tunggu saja sêbêntar, dhia mau pêgi susulin uangnya dhi kraton, amba dhisuruh dhahar kuwih-kuwih, minum aèr panas. Amba bilang sama dhia jangan lama-lama, lantas amba tunggu. Tidhak lama, lantas dhatêng suruan tuwan sultan, dhia bilang, amba bêdhua ini orangnya itu nyai juragan, amba sudhah dhijuwal sama tuwan sultan, lantas amba kagèt, sêbab amba tidhak bêrasa salah, jadhi amba tidhak abis pikiran, pigimana amba urang Bêtawi bole dhikatain orang Bugis. Lagi orang baik-baik sudhah bêtaon-taon jadhi bujangnya tuwan toko, bole dhijual, ora. Mau mêlawan, amba takut, jadhi amba ikut saja, brêngkali tuwan sultan kurang pêrcaya, tuwan sultan bole kasi sêpotong surat, kirim sama amba punya tuwan, brêngkali amba justa.

--- 44 ---

Sahanan, karo Sahadhan, gênti-gêntèn angunjukake katrangan lêlakone Nyai Gunawicara nalika ana ing omahe tuwan toko karo Kyai Surawacana. Ingkang sinuhun sultan, barêng miyarsakake unjuke wong loro mau, bangêt duka, rumaos dibalithuk mênyang nyai rôndha, enggal dhêdhawuh mênyang abdi dalêm kêparak wadon, pangandika dalêm mêngkene:

Bocah kêparak wadon, timbalana bocah anggandhèk kang seba, barênga salakunira, dienggal.

Kawula nuwun inggih sandika. Kônca gandhèk, ingkang anggantung lampah, ngandikan.

Ngabèi Dutaudaya, Ngabèi Dutawikara } nuwun inggih sandika

Bocah anggandhèk.

Kawula nuwun, kula.

Sira ingsun utus animbali Si rôndha Gunawicara, barênga salakunira, dienggal.

Kawula nuwun inggih sandika.

Kacarita saungkure utusan dalêm priyayi talangpati, [talangpa...]

--- 45 ---

[...ti,] ngirid wong loro mau, nyai rôndha ngenak-enak linggih ana ing ambèn, kêsaru têkane utusan dalêm priyayi gandhèk.

Nyai rôndha, timbalan dalêm.

Inggih.

Nyai rôndha Gunawicara.

Kula.

Pakênira tômpa timbalan dalêm, dhawuh ing timbalan dalêm, pakênira ingandika sapuniki.

Inggih sandika.

Priyayi gandhèk banjur diacarani linggih ing ambèn, karo katon gugup, ngêtokake sêsuguh, têmbunge andhap asor, wah mêmêlas, mêngkene:

Anggèr sakalihan, anggènipun lênggah bok ingkang sakeca, ngunjuk wedang kalihan dhahar, dhaharan rumiyin, sêdhêng ical riwenipun, mangke kula matur ingkang têrang.

Inggih bok, nuwun.

Kula punika, gèr, dhapur katiwasan, inggih saking lêpatipun badan kula piyambak, sadasa-dasa kadospundi,

--- 46 ---

tiyang sampun kêlajêng, kajawi naming dipun lampahi. Sampeyan sumêrêpa, gèr, mangke mênawi kula sampun dumugi ing ngarsa dalêm, botên sande kula kalêbêtakên ing kunjara, wah kagantungan paukuman awrat, amêrgi dosa kula agêng anglampahi kadurjanan rambah-rambah, môngka prakawis kadurjanan punika botên kenging dipun têbusi ing yatra, mila manah kula sampun anglês, rumaos badhe dhawahing bilai, môngka kula sampun botên gadhah anak, sintên ingkang badhe anggadhahi donya têtilaran kula. Amêrgi saking punika, gèr, sampeyan sakalihan, bok samia kaparêng kula pêndhêt anak angkat, anggadhahana barang têtilaran kula wau. Suwawi, ta, kula aturi mriksani barang kula mas intên tuwin yatra wontên ing pêthi tapêl tosan punika, punapa dene bara salaka tuwin sinjang lêmês sasaminipun, wontên ing bênèt kaca kawan rakit punika, mangke mênawi sampun, lajêng mariksani bakakasing griya sawontên-wontênipun, wontên ing gêdhong salirang punika, punapa malih lajêng mariksani kreta tuwin kapal, [ka...]

--- 47 ---

[...pal,] wontên ing wingking, wusana lajêng mariksani griya-griya kula saisinipun, sanèsipun ingkang kula ênggèni punika.

Priyayi gandhèk miturut bae sakarêpe nyai rôndha, banjur dituduhake sarupaning barang kaya sing wis dikandhakake mau. Barêng priyayi gandhèk sumurup gumêlaring barang lan dhuwite nyai rôndha, nganti sumlêngêrên, ciptane mêngkene: sapa sing nyana yèn aku bakal nêmu kabêgjan sêmene.

Banjur calathune Ngabèi Dutaudaya: sangêt ing panuwun kula, bok, badhe sih sampeyan dhatêng kula tuwin dhatêng pun adhi Dutawikara, mugi-mugi Gusti Allah anêmbadanana karsa sampeyan wau, dene kula inggih sanggêm kalayan têmên-têmên ngakên biyung tuwin rumêksa dhatêng sampeyan, mênawi sampeyan ngantos anglampahi paukuman kabucal, inggih kula ingkang manah sandhang têdha sampeyan wontên ing bucalan wau, sukur badhe sèwu, botên.

Ngabèi Dutawikara nyambungi: kula inggih sêmantên ugi, bok, kados kang Bèi Dutaudaya wau,

--- 48 ---

saupami pun bok saèstu kabucal, dumugining wêwangên angsal pitulunging Allah sagêd mantuk, punika pun bok badhe kula muktèkakên ing salami-laminipun, ananging rêmbag sadaya punika, prayoginipun, kêdah mawia kapathok ing sêrat prajangjian, araling kawula botên kenging, sok mawi supe.

Lêrês-lêrês, gèr, karsa sampeyan punika kula andhèrèk sangêt, mangke sami damêl sêrat prajangjian ingkang têrang. Kêjawi punika, gèr, kula taksih gadhah potang dhatêng tuwan dhoktêr mayor, kathahipun kalih èwu rupiyah, punika rak owêl mênawi botên kula têdhaa sapunika, mupung kula taksih wontên ing griya, mênawi sampeyan sakalihan condhong, suwawi sami dipun purugi sakêdhap, bilih angsal bêgja dipun bayar sapunika, inggih lajêng sampeyan tampèni, bilih dipun samadosi, kula pratela, ing wingking kemawon kaparingna dhatêng sampeyan, rak owêl yatra sêmantên dipun icalakên, ewa sêmantên sakecanipun ing rêmbag [rêmba...]

--- 49 ---

[...g] kadospundi, kula namung adhèrèk sakarsa sampeyan kemawon.

O la, owêl punika, bok, kêdah dipun purugi sapunika, mupung sampeyan taksih wontên griya. Rak inggih makatên ta dhi.

Inggih, kang bèi.

Bilih sampun gilig ing rêmbag, prayogi sami numpak kareta kemawon, supados enggal, botên kadangon lampah sampeyan kautus wau.

Inggih, bok, prayogi mêkatên.

Konyil, undangên Si Ratakarta.

Inggih. Kang Rata, dika ditimbali nyai.

Iya, matura sandika, tak ikêt-ikêtan dhisik.

Rata aku arêp mênyang dhoktêran, sudhiyaa kreta melor bak loro, rakitane jaran jragêm, pakehane lugas bae, wong awan-awan ngarah apa, dikebat.

Inggih.

--- 50 ---

Mangke manawi wilujêng sagêd rampung, yatra kalih èwu punika prayogi dipun lêbêtakên ing sêrat prajangjian pisan, wangsul sampeyan sowan dhatêng kraton angirid kula, sami numpak kareta malih kemawon.

Inggih, bok, kula andhèrèk kemawon.

Môngga, gèr, punika kretanipun sampun, kalihan kalêrêsan, punika wancinipun tuwan dhoktêr wontên dalêm.

Môngga.

Wis, lakokna kretamu.

Inggih.

Gèr, mangke mênawi sampun dumugi ing dhoktêran, sampeyan sêkalihan sami kula aturi kantun wontên ing kreta kemawon rumiyin, kula ingkang lajêng piyambak, mênawi mangke wontên utusanipun tuwan dhoktêr, sampeyan dipun timbali, enggal sampeyan sowan.

Inggih, Bok.

--- 51 ---

Wis, êndhêgna kene bae.

Inggih.

Tabik, tuwan.

So, mak, kowe adha baik. Knapa saya sudha lama tidhak liat sama kwe.

Baik jugak, tuwan. Ya, tuwan, sudhah lama saya tidhak kêmari, sêbab saya tidhak tau pêgi-pêgi, tinggal dhi rumah saja tuwan.

So, èn kênapa dhan siyang kowe kêmari, kwe toh tidha sakit ya.

Kaluk sakit, tidhak tuwan, mangkanya saya kêmari sêbab sudhah lama saya tidhak dhatêng-dhatêng, malah saya ini adha susah sêkali, tuwan, anak saya dhuwa-dhuwa sakit. Dhidhoktêrkên tidhak mau, dhidhukunkên tidhak mau jugak, têlalu sêkali pugalnya. Sampè jèngkèl ati saya, kalu dhatêng sakitnya, sampe kaya orang gila, brani mêmêcahin barang, robèk-robèk pakean. Kaluk saya kasih èngêt sama dhia, dhia salah dhèngêr, lantas brani pukul sama saya. Saya rasa [ra...]

--- 52 ---

[...sa] brêngkali dhari tidhak bisa tahan sakitnya, tuwan.

Hêm, so, so, mar sakit apa itu.

Dhua-dhua adha pênyakit sakit gigi, tuwan, nyang tuwa itu bahêmnya pêngapit siyung kadhuwa-dhuwanya, nyang mudha itu, siyungnya nyang sêbêlah kanan.

Oh, kalo cuma sakit gigi, dan orang tidhak bêgitu, masa sakit gigi itu, tamtu dhia gila, ur, mar kapan bêtul dhia sakit gigi, dhan gampang, tarik saja, èn lantas brênti èn tidha sakit lagi.

Saya, tuwan, bêtul, tuwan, pigimana tuwan punya timbangan saja, iya saya turut, kaluk kiranya tuwan, dicathut jadhi baik, iya bole saja tuwan tarik. Tapi sêbab anak saya pugal, baiklah kaluk tuwan paksa sêdhikit. Anak saya tadhi sudhah saya ajak kêmari, sêkarang ini dhudhuk adha dhi dalêm kreta. Bolenya mau turut kêmari, saya pura-pura nagih sama tuwan, tapi tidhak bilang nyang mau dhi dhoktêrkên. Jadhi nanti kaluk dhipanggil, biar anak saya tuwan masukkên dhigêdhong [dhi...]

--- 53 ---

[...gêdhong] tuwan saja, pura-pura suru tunggu dhuwit, biar saya dhiyêm-dhiyêm bisa pulang.

Ya, mak, baik, hur, bole, pulang mar, saya bikin bêgitu.

Gêmbos.

Saya, tuwan.

Sèh, panggil sama nyai punya anak, dhuwa-dhuwa yang masi adha dhi kreta, dhi luar sana.

Saya, tuwan. Mas, sampeyan sakalihan sami dipun timbali dara tuwan.

Enggih, dawêg.

Kwe urang minta dhuwit he, tunggu mar dhi kamar itu, nanti saya panggil sama kwe phur trima itu wang.

Saya, tuwan.

Sudah, tuwan, saya pulang saja, abis bulan tuwan kirim rèkêning saja, tuwan.

Ya, baik, mak, slamat jalan.

Saya, tabik tuwan.

Tabe, mak.

--- 54 ---

Tuwan dhoktêr banjur mênyang gêdhong panggonane priyayi gandhèk mau, calathune: mari, kwe, kasi liat, kwe punya gigik sakit.

Tidhak sakit gigi saya, tuwan, saya tidhak sakit, sudhara saya tidhak sakit.

Ya, ya, saya sudhah tau, memang kwe orang sakit, jangan, kwe orang main gila, hur, itu toh mar pêrcuma saja sama saya, mari, saya tarik, bukak mulut, lêkas, kalo sudha tarik, abis sakit, nanti kwe liat sendhiri, ayo.

Ah, bêtul, tuwan, saya tidhak sakit, sudhara saya tidhak sakit, tuwan tidhak mau pêrcaya ah.

Wèl god pêrdom, itu orang tra mau, nanti mar, nanti saya dhapêt sama kwe.

Tuwan dhoktêr banjur bisik-bisik mênyang si gêmbos, dikon ngundang kancane wong wolu, barêng wis têka, diprintahi anggujêng priyayi gandhèk mau, dadi wong siji dipapati, priyayi gandhèk iya sumêja budi, nanging ora bisa, dadi mung bêngak-bêngok bae, banjur dicathut untune [u...]

--- 55 ---

[...ntune] mênyang tuwan dhoktêr, kaya pratelane nyai rôndha, bangêting panjêrite, barêng wis, banjur diculake. Priyayi gandhèk banjur padha lumayu sipat kuping, seba ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun sultan, tanpa larapan, atawan tangis lan asêsambat, gênta-gênti ora ana ênênge nganti kaya gurantang, wah cangkême kuthah gêtih.

Ingkang sinuhun sultan, nuju miyos sinewaka, bangêt kagète panggalih dalêm, mirsa têkaning utusan kaya mêngkono mau, ora alon pangandikane:

Hèh, sira padha mênênga, kêpriye nalare gonira nêmu kaya mêngkono, lan kêpriye lakunira ingsun utus nimbali Si Rôndha Gunawicara.

Abdi dalêm gandhèk banjur munjuk mênyang ingkang sinuhun sultan, yèn dipitênah mênyang Nyai Rôndha Gunawicara, dijak mênyang dhoktêran, banjur dicathut untune. Rêringkêsane wadul, ambêcikake awake, ora munjuk satêmêne, yèn awake kêgêdhèn melik arêp nampani barang warisan. Ingkang sinuhun sultan, barêng

--- 56 ---

midhangêt unjuke abdi dalêm gandhèk mau, bangêt dukane, saupama nyai rôndha ana ing ngarsa dalêm, mêsthi kalakon dipatèni, amarga saka kumawanine nyuwiyah-wiyah mênyang utusan dalêm, têgêse ora ngajèni mênyang panjênêngan nata.

Ingkang sinuhun ngandika: bocah wadana wadon.

Nyai Tumênggung Sêcanama: kawula nuwun, kula.

Sira mênyanga ing srimênganti, timbalana bocah wadana kang tungguk.

Kawula nuwun inggih sandika. Kônca wadana.

Radèn Tumênggung Jayaningrat: Kula.

Ijêngandika ngandikan, mlêbu.

Inggih sandika.

Jayaningrat.

Kawula nuwun, kula.

Sira ingsun utus mênyanga ing omahe Si Rôndha Gunawicara, anggawaa kancanira panèwu mantri sacukupe, Si Rôndha Gunawicara cêkêlen, sarta bandanên, banjur iridên seba ing ngarsaningsun, iku wong musibat. [musi...]

--- 57 ---

[...bat.] Kaya apa rupane dene kêgila-gila têmên, apa ambalèkake pêdhang ingsun. Iku arêp ingsun cacah, wis, nuli mangkata.

Kawula nuwun inggih sandika.

Nyai rôndha saulihe saka ing dhoktêran, ayêm bae, ngenak-enak linggih ing ambèn kambi maca layang. Kêsaru têkane utusan dalêm priyagung wadana sapanêkare, ora nganggo sarônta banjur nyêkêl lan nalèni nyai rôndha. Nyai ôndha ora calathu lan ora suwala, nurut bae, banjur digawa dadi tontonaning akèh. Têkaning kraton wis wayah mahrib, ingkang sinuhun sultan, wis kondur, lan banjur têdhak mênyang sanggar panêpèn, sêmbahyang mahrib. Priyagung wadana mau dadi mung canthèl unjuk bae mênyang nyai tumênggung, yèn nyai rôndha wis kerid kalawan bêbandan. Uga wis konjuk kauningan. Dhawuh dalêm, dikakake nancang ing uwit sawo sacêdhake sanggar panêpèn, karsa dalêm, yèn wis sêmbahyang isa, bakal nêdhaki piyambak nugêl gulune nyai rôndha. Nyai rôndha iya kalakon dicancadicancang.

--- 58 ---

ana ing kono, barêng wis, banjur padha ditinggal. Dilalah karsaning Allah, ingkang sinuhun sultan, durung kongsi sêmbahyang isa, kêraos arip, banjur sarean ana pasalatan bae, wusana kok banjur sare.

Kacarita Nyai Rôndha Gunawicara, sing wis dirut karo wit sawo mau, anggagas sajrone atine, bab lêlakone mau, ciptane mêngkene: yèn ta aku iki mêngko ngantia tumêka ing pati, apa dadi cidra unining layang piwulang sapirang-pirang kae. Môngka ing kono muni: sapa sing nganggo piwulang mau, bisa angluwihi sapêpadhaning tumitah. Aku kiye wis rumasa bisa, utawa mangêrti, kok malah arêp nêmu bilai, mati siya-siya, ayake saka kibirku iki sing marai dadi cilaka.

Nyai rôndha banjur mêmuji sêru, nganti krungu saka kaputrèn, pujine mêngkene: he, Gusti Allah, ingkang sipat rahman, mugi-mugi gusti kula ingkang sinuhun sultan, ginanjara yuswa panjang, tuwin kamulyan ing dalêm donya rawuhing akerat, tumêraha ing putra wayah

--- 59 ---

buyut dalêm sadaya, dadosa pangaubanipun kawula dalêm agêng alit sadaya.

Kacarita kangjêng ratu sêpuh, eyang dalêm ingkang sinuhun sultan, wis yuswa wolung puluh lima taun, saking wis sêpuh nganti wungkuk, tênggane ing kaputrèn, cêdhak karo sanggar panêpèn, mirêng wong mêmuji mungguhing kasugêngan lan kaluhurane ingkang wayah, kaprênah sangisoring wit sawo, banjur têdhak, karsa mirsani wonge.

Sarawuhe ing ngisor sawo, kagèt, awit wonge sing mêmuji mau, diêrut ing uwit sawo, ora alon pandangune: kowe kuwi wong apa, dene diwayungyun dadi lêlaran mêngkono.

Kawula nuwun, gusti, kawula punika botên dipun wayungyun, saha dede pasakitan, ananging tiyang sae, tilas rayatipun abdi dalêm ki juragan Gunawicara ingkang sampun ajal. Satilaripun tiyang jalêr kawula, kawula gadhah sakit wungkuk, kauningan ing wayah dalêm, sangêt wêlasipun dhumatêng kawula, lajêng karsa mitulungi nyarasakên sakit kawula wau, sarana dipun tangsuli [tangsu...]

--- 60 ---

[...li] badan kawula sampun andhèthèng, gusti, mila kawula lajêng amêmuji mênggah ing kasugêngan saha kaluhuranipun wayah dalêm, saking bingah-bingah kawula, dene sakit kawula sagêd saras ingkang jalaran pitulungipun wayah dalêm.

Genea aku kiye iya lara wungkuk, kok ora diwarasake mênyang sultan.

Harak ajrih, gusti, dhatêng panjênêngan dalêm, tiyang sarananipun saru makatên.

Sanajan sarua kae, wong jênêng sarat, ora dadi ngapa. Mara yèn kowe wis waras, aku gênti rutên, talimu tak uculane.

O la, ajrih, gusti, manawi karsa dalêm makatên, mangke kawula dipun dukani wayah dalêm, bab kumapurun kawula, ngêrut salira dalêm wau.

Ora, yèn ana dukane sultan, katêmua ing aku dhewe.

Inggih, sumôngga kemawon, gusti, kawula namung sadrêmi anglampahi karsa dalêm.

--- 61 ---

Iya, aja sumêlang atimu, kene, tak uculane taline.

Kêlakon nyai rôndha diuculi bandane mênyang kangjêng ratu sêpuh, dene kangjêng ratu sêpuh iya klakon dibêsta lan diêrut mênyang nyai rôndha, nyai rôndha banjur lunga.

Gênti kacarita, ingkang sinuhun kangjêng sultan, wungu anggone sare, banjur sêmbahyang isa, bakda sêmbahyang ora supe anyiosake karsane, sumêdya nugêl gulune nyai rôndha, banjur têdhak mênyang ngisor sawo, lan wis ngasta pêdhang ligan. Sarawuhe ing kono, anguningani bandan diêrut ing uwit sawo, panggalih dalêm wis ora nganggo sumêlang manèh, iya kuwe Nyai Rôndha Gunawicara. Saka sumuking duka, ora nganggo kadangu, banjur disabêt ing pêdhang, tugêl tigas pancing, bangêt sukane panggalih dalêm, êndhas banjur diasta, ora samar yèn êndhas kuwe mastakane ingkang eyang kangjêng ratu sêpuh.

Ingkang sinuhun sultan, bangêt anjêlih, lan angadhuh, mastaka disungkêmi, kambi sêsambat mêngkene: kula

--- 62 ---

nyuwun pangapuntên kaping sèwu, eyang, dene kula ngantos nandhang dosa nyedani sarira dalêm, sintên ingkang nyana manawi panjênêngan dalêm wontên ngriki, dados lêlintunipun rôndha musibat, kadospundi nalaripun, dene panjênêngan dalêm wontên ngriki, saha sarira dalêm dipun êrut makatên. Baya saka bujuke si rôndha musibat, elok têmên karsaning Allah iki, ora kêna ginayuh ing manungsa, ratu sumêdya nêtêpi wajibe, ngukum wong dêdosan, kok malah dadi nandhang duraka dhewe, iba gêdhene dosaku ing Pangeran.

Dhèk panjêlihe ingkang sinuhun sultan mau, nganti kêpirêng sajroning kadhaton, kangjêng ratu agêng ibu dalêm, tuwin kangjêng ratu kêncana, garwa dalêm, gugup banjur padha têdhak kadhèrèkake para putri lan para abdi sakadhaton. Sarawuhe ing latar panêpèn, kagèt, ingkang sinuhun sultan muwun ana ngisor sawo kambi ngadhêpi dhisin, sanajan durung priksa nalare, iya banjur anjêrit, kangjêng ratu agêng ngrangkul pungkurane kangjêng ratu kêncana ngrungkêbi pangkone, kang padha andhèrèk kèlu [kè...]

--- 63 ---

[...lu] bae grêng barêng panjêrite, luwih manèh barêng wis têtela yèn kang seda mau kangjêng ratu sêpuh tigas mastakane, sangsaya bangêt ing panjêrite, swaraning tangis kaya angobahake kadhaton.

Abdi dalêm wadana jaba jêro, lan mayoring prajurit kang padha tungguk sapanêkare, barêng ngrungu swaraning tangis anggêgêtêri, gugup gumarubyug padha têka ing panêpèn, angira yèn ana bêbaya gêdhe, wusana sumurup ingkang sinuhun sultan, sagarwa putra tuwin ibu dalêm, apadene para putri, êmban inya lan para nyai, bêntêt tarap ana ing palataran, banjur padha mandhêg linggih ngalosod, tumungkul konjêm ing lêmah.

Wusana ingkang sinuhun sultan angaturi kèndêl pamuwune ingkang ibu, tuwin dhawuh mênyang ingkang rayi apadene mênyang para putra sapanunggalane kabèh, mênêng ing tangis, mung kari sênggruk-sênggruk lan kamisêsêgên bae.

Ingkang sinuhun sultan, banjur nyriyosake lêlakon sêdane ingkang eyang. Andadèkake pangungune ingkang ibu tuwin ingkang garwa. Ingkang sinuhun banjur [ba...]

--- 64 ---

[...njur] dhawuh mênyang wadana kang tungguk, kang wis ana ngarsa dalêm.

Dhawuh dalêm mangkene: sapa he, bocah wadana kang tungguk.

Kawula nuwun, kula, pun Rêksadiningrat.

Rêksadiningrat, sira mênyanga ing kêpatihan, Si Rêksanagara ingsun timbali, barênga salakunira.

Kawula nuwun inggih sandika. Kula nuwun, kiyai lurah.

Lo, bêngi-bêngi, dèn mênggung, apa ana gawe pêrlu.

Inggih wontên, kula nuwun, sowan kula ing kiyai lurah, kautus ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun sultan, panjênêngan sampeyan ngandikan, sarênga salampah kula.

Inggih sandika. Ana apa, dèn mênggung kiramu.

Nalaripun kula dèrèng têrang, pêrlunipun kemawon kangjêng ratu sêpuh seda, tigas jangganipun.

Lo, tigas kêpriye, dèn mênggung, apa kang dadi nalare, dene kok mokal têmên.

--- 65 ---

Wau kula matur, yèn dèrèng sumêrêp nalaripun, sêlak kautus punika, mila dèrèng têlas-têlas pangungun kula.

Kowe mau nunggang apa.

Dharat kemawon, tiyang saking pasaosan lajêng sowan mriki.

Yèn mêngkono barêng bae kambi aku.

Inggih sandika.

Bocah punakawan.

Kawula nuwun, kula.

Dhawuhna mênyang Si Ratawahana, konên sudhiya kreta plangkèn, rakitane jaran loro bae.

Kawula nuwun, inggih sandika. Pak lurah, dhawuh dalêm kangjêng, dikakake sudhiya kreta plangkèn, rakitane kapal kalih mawon.

Inggih sandika. Arêp têdhak nyang ngêndi, le, bêngi-bêngi.

Kados sowan, mlêbêt, dene kok wontên priyagung wadana sowan. Sampun ta, pak lurah, kula munjuk.

Iya.

--- 66 ---

Kawula nuwun sampun, abdi dalêm kawula kautus andhawuhakên dhawuh dalêm dhumatêng abdi dalêm Dêmang Ratawahana, kadhawahan sudhiya titihan dalêm kareta plangkèn, rakitanipun kapal kêkalih, kawula nuwun sampun, unjukipun, nuwun sandika.

Dèn mênggung, murih gancanging laku, mêngko banjur anjujug ing panêpèn bae.

Ingih, kula andhèrèk makatên.

Galo, kretane uwis, dèn mênggung, ayo mangkat.

Inggih.

Ingkang sinuhun sultan: majua mrene bae, Rêksanagara.

Kawula nuwun inggih sandika.

Ingsun awèh wêruh marang sira, manawa eyang ratu sêpuh seda kêdadak, amarga saka panggaweningsun.

Ingkang sinuhun sultan, banjur mangandikakake nalar-nalare, wiwitan nganti tutug wêkasan, radèn adipati bangêt anjêngêr.

Karsaningsun, layone eyang bisaa budhal ing dina sesuk, sira apa bisa mirantèni rampung sawêngi iki.

--- 67 ---

Kawula nuwun, saking pangintên kawula kados sagêd kalampahan karsa dalêm punika.

Cêkaking carita, esuke layon bisa budhal, sanajan dadakan, saka rigêne radèn adipati, rêrênggane ora ana kang kuciwa, kabèh sarwa adiluhung. Ingkang sinuhun sultan, têdhak anguntapake layon, nganti têkan ing pamagangan. Kondur dalêm, banjur siniwaka, kang ana ing ngarsa dalêm cêdhak, mung radèn adipati.

Ingkang sinuhun sultan ngandika: bapa.

Kawula nuwun, kula.

Sarèhning Si Rôndha Gunawicara gawe jalarane sedane eyang, lan amêmirang tuwin angrèmèhake marang panjênganingsun, apadene amadonake wong sanagara, wah anglakoni kadurjanan ngapusi rambah-rambah. Karsaningsun, saiki sira mataha bocah wadana kang tungguk, sapanêkare kabèh, anyêkêla si rôndha musibat, banjur diodhèt-odhèta wadhuke, diwêtokna jorang-jaringane, atine ingsun [ingsu...]

--- 68 ---

[...n] pundhut, arêp ingsun uningani, kaya apa rupane.

Pangandika dalêm durung tutug, kasaru têkane oliya, jlêg tanpa sangkan, lan cêlathu ora nganggo taha, mêngkene: têkaku kiye, sultan, sapisan, anglayad sedane eyangmu ratu sêpuh, kang wus tinakdir dening Allahutangala, tinulis ing lokil makpule, seda dening kowe, muga jinêmbarna ing kubure, olèha marga padhang. Kaping pindho, aku awèh pêpeling mênyang kowe, aja nganti anyidakake karêpmu kaya sing wis kodhawuhake mênyang Si Rêksanagara. Kowe sumurupa, yèn Si Rôndha Gunawicara nganti mati, kêlakon kaya kang dadi pangancam-ancammu, amasthi kowe bakal kêna wêwêlaking pangeran, cupêt gonmu jumênêng ratu, lan curêm turunmu, awit Si Rôndha Gunawicara kuwe wong suci, lan wong kang ngestokake dhawuhing Allah kang wis dipacak ana ing kitab-kitab, anggone duwe laku mêngkono mau, ora pisan-pisan saka murkaning budine, nanging mung digawe nyatakake

--- 69 ---

kodratollah, dene sedane eyangmu saka inamu dhewe, amarga kowe jumênêng ratu, kurang titi pariksamu, tibaning wasesa, kudu dipariksa dhisik, ora grusa-grusu mêngkono, wis lumrah yèn wong anjurungi hawa nêpsune, dhêndhane sok kacuwan, utawa kaduwung. Dene yèn kowe arêp lêstari lan luhur karatonmu turun-tumurun, aja kosidakake karêpmu mau, malah Si Rôndha Gunawicara abdèkna dadi têtuwaning gawe, jalukên rêmbuge, mung kuwe pituturku.

Oliya mau, barêng wis êntèk pituture, banjur ilang. Ingkang sinuhun sultan, tuwin para pangeran putra santana dalêm, apadene radèn adipati lan para nayaka sapanunggalane kang padha ana ing ngarsa dalêm, kaya ngimpi ngrungu pituture oliya mau, suwe-suwe sumurup têmêne. Growahe panggalih dalêm, kaya tinêbak ing mong tuna, sinambêr ing gêlap luput, cuwane panggalih dalêm, wis ora ana pêpindhane. Wusana ingkang sinuhun sultan, ngandika mênyang radên adipati.

Rêksanagara.

--- 70 ---

Kawula nuwun, kula.

Sira apa têtela ing pangrungunira, pangandikane oliya iki mau.

Kawula nuwun, inggih mirêng têrang, saha tansah kawula gagas salêbêting manah, ngantos badan kawula murinding sadaya.

Kapriye mungguh kang dadi rêmbugira.

Kawula nuwun, kawula ajrih yèn anglancangana karsa dalêm, kawula namung andhêdhèrèk.

Aja mêngkono, bapa, sira ingsun pundhuti rêmbug, matura aja wêdi-wêdi.

Kawula nuwun, kajawi parêngipun ing karsa dalêm, kawula amrayogèkakên kasandèkakên, amargi ilapat ingkang sampun têtela makatên wau, saupami katêrak, manawi ngantos anêmahi tiwas, nama kainan, saha sagêd andamêl kaduwungipun panggalih dalêm, awit risakipun nagari, rudatosipun tiyang sapraja, punika namung panjênêngan dalêm ingkang kaicalan, mila wajib kêdah karêksa sadèrèngipun amanggih tiwas,

--- 71 ---

wusana abdi dalêm kawula malah amrayogèkakên, sakaparêngipun ing karsa dalêm.

Iya, bapa, condhong lan karsaningsun, puluh-puluh kapriye, awit wajibing manungsa iku mung sêtiyar. Gêdhe cilik padha bae, mungguh ing panjênênganingsun, wajibing sêtiyar ora marang kasugihan lan kaluhuran, ananging mung anyingkiri wêwêlaking karaton kang arêp tumiba, balik kudu anyêdhaki kanugrahan lan kamulyan kang wis ginantungake dening Allah môngka ganjaraning kêraton. Wis mêngkono bae, bapa, sira dhewe ingsun utus mênyanga ing omahe Si Rôndha Gunawicara, andhawuhna timbalaningsun, bab kaluputane kang akèh-akèh wis ingsun apura, saiki ingsun timbali, barênga salakunira, sarta surupêna yèn bakal ingsun abdèkake, supaya ora sumêlang atine, karodene gawakna joli minôngka tunggangane, rêngganên kang prayoga, lan nganggoa jêjaran sapantêse, padhanên kaurmataning bojone wong gêdhe-gêdhe.

--- 72 ---

Kawula nuwun, inggih sandika, punapa sampun têrang dhawuh ing timbalan dalêm.

Wis, bapa.

Radèn adipati sakancane priyagung wadana kliwon sapanêkare kabèh, mundur saka ing ngarsa dalêm, banjur mênyang omahe Nyai Rôndha Gunawicara.

Kacarita Nyai Rôndha Gunawicara, saulihe saka kraton, wis ngrungu bab sedane kangjêng ratu sêpuh, atine wis êntèk kabèh, arêp sumedya minggat.

Osike mêngkene: saiki sidane patiku, môngsa kênaa tak akali manèh, ingkang sinuhun, amasthi malês ukum mênyang aku, guluku dikêthok, êndasku ditanjir, wêtêngku diodhèt-odhèt, awakku disêmpal-sêmpal, enake saiki aku kudu minggat, murih kaslamêtane awakku. La, iya tak padoni dhewe karêpku iki, upama aku sida minggat, dadi isih kurang mantêpe tekadku, lan isih sêmang-sêmang pangandêlku mênyang piwulang sing wis tak lakoni, kêna diarani wong nglangi mati pinggir, utawa mônggasesa. Karodene manèh [ma...]

--- 73 ---

[...nèh] paranku mênyang ngêndi, adoha dikaya apa, amasthi digolèki, saiki ora katêmu, besuk iya katêmu, bara-bara anguk, nglakonana piwulang mau, patiku nêmu utama, komuk kapintêranku ngungkuli wong sanagara, sukur bage sèwu olèh pangapuraning Allah, slamêt ora nêmu pati. Hah, asile sêdhih apa, mundhak angurokake awak, anguk linggiha sing kapenak, kambi ngaji surat tabarak, atiku bisa jênak, budiku bisa mundhak, tur nganggo olèh sajak, kasaru rawuhe radèn adipati, sakalèrèhane wadana kliwon, panèwu mantri sapangisore kabèh, ngirid prajurit sikêp tumbak lan bêdhil. Nyai rôndha barêng sumurup têkaning gêgaman gêdhe, ora pisan nyipta yèn gêgaman mau bakal dadi jajarane, nanging mung nyipta bilai gêdhe sing bakal tumiba ing awake, banjur tuwakup pasrah ing Allah.

Nyai rôndha mau banjur gurawalan lumayu mêthuk radèn adipati lan banjur angrungkêbi sukune, kambi matur ngasih-asih, katon mêmêlas, têmbunge: adhuh, bandara kangjêng radèn adipati, kawula ngaturakên pêjah gêsang, dene

--- 74 ---

kawula ngantos damêl kangelanipun kangjêng bandara agêng, nindaki piyambak dhatêng ing griya kawula, jalaran anggèn kawula gadhah pokal damêl ingkang sakalangkung denimg awon, saha ingkang arus kagantungan paukuman siyasating nagari dados pangewan-ewaning kathah.

Radèn adipati, barêng mirsa rupane nyai rôndha katon mêmêlas, sumèh ulate, bêcik trêpsilane, alus têmbunge, bisa ngrêsêpake ati, eram sajroning galih, osike: nyata pintêr Si Gunawicara iki, patut dadi wong gêdhe, dhapure olèh, tatakramane ganêp, wah andhap asor, ora goroh pangandikane oliya mau kae, banjur ngandika:

Bakyu, tangia, ta, aja maras atimu, têkaku kiyi ora bakal andhawuhake dhawuh dalêm sing bisa andadèkake cilike atimu, nanging kosok wangsul malah bisa andadèkake gêdhene atimu, mara, ta, ayo padha malêbu ing omah dhisik.

Nyai rôndha banjur ngiringake tindake radèn adipati, malêbu ing omah, banjur tata linggih, radèn [radè...]

--- 75 ---

[...n] adipati lênggah ing jrambah sing wis kagêlaran babut wungu, kaapit priyagung wadana loro, nyai rôndha kakarsaake linggih ana ing ngarsane, mopo, dipêksa.

Radèn adipati banjur andhawuhake dhawuh dalêm mau mênyang nyai rôndha, dhawuhe mangkene: Nyai Rôndha Gunawicara, dhawuh dalêm ingkang sinuhun sultan mênyang kowe, sakèhe kaluputanmu sing wis kêlakon, ingapura, lan kowe saiki ditimbali, barênga salakuku, bakal diabdèkake.

Nyai rôndha barêng ngrungu pangandikane radèn adipati, banjur sujud ing lêmah nganti suwe, tangi banjur matur: kawula nuwun, kangjêng bêndara agêng, dhawuh dalêm ingkang sinuhun kanjêng sultan, sakathahing kalêpatan kawula ingapuntên, unjuk kawula sakalangkung ing panuwun saha ing pamundhi kawula, wondening kawula katimbalan saha lajêng kaabdèkakên, unjuk kawula nuwun sandika, saha sampun malih ingkang kakarsakakên sakeca, sanajan kasiyasata, kawula sampun lêga lila botên mandhêg tumolih, amargi kawula sampun rumaos lêpat.

--- 76 ---

Karodene manèh, bakyu, kowe diparingi tunggangan joli, lan lakumu bakal dirêngga.

Inggih nuwun, dene kok kêlangkung têmên sih kamirahan dalêm, bok dharat kemawon, sampun, pintên têbihipun.

E, ora bakyu, aja ambalèkake karsa dalêm, wis ta, nuli dandana.

Inggih sandika.

Kacarita nyai rôndha banjur dandan, panganggone prasaja, katon angrêsêpake ati, lan nata gêgawane barang sing adi-adi bakal disaosake ingkang sinuhun sultan, apa dene rajabranane dilêbokake ing wêwadhah dadi pirang-pirang gotongan. Barêng wis rampung banjur budhal, nyai rôndha nunggang joli, kaayap para bature wadon, kaurung-urung prajurit dorapati asikêp tumbak, kajajaran prajurit rajêg wêsi asikêp bêdhil. Radèn adipati nitih kareta, ana ing burine nyai rôndha, rakitane jaran papat, pakeane salaka, êceting kareta

--- 77 ---

ijo byur sinêlang kuning. Dadi kaya songsonge, kasambungan para priyagung wadana nitih kareta. Rakitane loro, kasambungan manèh para priyagung kaliwon, nitih kareta utawa bèndi. Wusana ing buri pisan kasambungan para priyayi panewu mantri padha pêpayungan, saka gêdhening laku lan sakèhing têtunggangan, ing lêlurung jêjêl titip timbun, ora ana sêlane. Yèn ditonton, kaya upamane mêntas nglurug pêrang unggul jurite. Amboyong putri, olèh jarahan, nyai rôndha sing minôngka putrine, pêpikulan barang, jarahane, radèn adipati upama senopatining pêrang anindhihi baris. Têpining lêlurung bêntêt wong nênonton, padha takon-tinakonan, sing sumurup lêlakone nyai rôndha iya anjur wani ing pitakon mau, gawe gawoke sing nêmbe ngrungu. Cêkaking carita nyai rôndha wis tutug ing pamurakan, joli diêndhêgake, arêp lumaku dharat, kasaru têkane abdi dalêm gandhèk, andhawuhake timbalan dalêm, joline nyai rôndha kadhawuhan ambacutake kongsi tutug kori Kamandhungan, radèn [radè...]

--- 78 ---

[...n] adipati sapanêkare banjur anggarêbêg dharatan saburining joli, isthane kaya ambayangkare pangantèn. Barêng tutug ing kori Kamandhungan, nyai rôndha mudhun saka ing joli. Ing kono wis ana utusan dalêm mêthuk, nyai tumênggung loro sapanêkare para nyai lurah, nyai rôndha diacarani ambacut lan dikanthi kiwa têngên, utawa diapit-apit mênyang nyai tumênggung mau, para nyai lurah anggarêbêg ana ing burine, banjur lumêbu kraton. Radèn adipati sapanekare kandhêg ana ing Srimanganti. Ingkang sinuhun sultan wis dangu olèhe miyos siniwaka, lênggah ing dhampar gadhing, pinatiking sêsotya nawarêtna, linemekan ing babut prangwêdani, ingayap para biyada, manggung kêtanggung jaka palaralara badaya srimpi, padha ngampil-ampil upacara dalêm banyakdhalang, sawunggaling arda walika sapanunggilane.

Para bandara pangeran putra santana dalêm, riya, panji, mayor, upsir lan abdi dalêm urdênas, padha pêpak andèr ana ing ngarsa dalêm. Kêsaru lêbune nyai [nya...]

--- 79 ---

[...i] rôndha diirid nyai tumênggung loro, sinasmitan ambacut karo ingkang sinuhun sultan. Barêng nyai rôndha sumurup yèn sinasmitan ambacut karo ingkang sinuhun, banjur gurawalan lumayu anyungkêmi sampeyane ingkang sinuhun, kêlara-lara tangise.

Sambate: dhuh, gusti pangeran kawula ing dunya, ing môngka wakiling Allahu tangala, abdi dalêm kawula lajêng kapêjahana sapunika, sampun ngantos andamêl sêkêlipun panggalih dalêm, kawula sampun lêga lila botên anggarantês samêndhang, amargi abdi dalêm kawula sampun rumaos dosa agêng.

Wis mênênga, aja nangis, lan aja maras atinira, sakèhe kaluputanira, wus ingsun apura, linggiha sing kapenak.

Kawula nuwun, inggih sandika.

Bocah wadana wadon.

Nyai Tumênggung Sana: kawula nuwun, kula.

Timbalana Si Rêksanagara.

Kawula nuwun, inggih sandika.

Radèn adipati, jêngandika ingandikan mlêbu.

--- 80 ---

Inggih sandika.

Rêksanagara, karsaningsun, ing samêngko Si Rôndha Gunawicara ingsun kawula wisudha, ingsun junjung saka ing ngisor, ingsun sêngkakake ing ngaluhur, ingsun karsaake dadi Nyai Adipati Sêdhahmirah, sarta ingsun pasrahi bang-bang alum-alum sajroning kadhaton, iku banjur dhawuhêna warata marang abdiningsun kabèh.

Kawula nuwun, inggih sandika.

Radèn adipati mundur saka ing ngarsa dalêm, banjur magêlaran. Kadhèrèkake para wadana kliwon, panèwu mantri sapangisore kabèh. Nyai Rôndha Gunawicara ing saiki jênêng Nyai Adipati Sêdhahmirah. Barêng ngrungu pangandika dalêm pangulawisudha, nganti kaya wong binglêng, banjur sumungkêm manèh ing sampeyane ingkang sinuhun sultan, kêlara-lara tangise saka sumuking bungah, awit ora ngimpi manawa mêngkono kêdadeyane.

Barêng tangi banjur munjuk: dhuh, gusti pangeran kawula ing donya, ingkang môngka wakiling Allahu tangala, kawula rumaos botên sagêd anampèni sih kamirahan dalêm, [da...]

--- 81 ---

[...lêm,] namung tètèsing êrah saha pêcating nyawa kawula manawi wontên karsa dalêm mundhut, punika sawêg sagêd angiribi sih kamirahan dalêm wau.

Iya, Sêdhahmirah, wis aja walang ati sarta wis sun trima prasêtyanira marang ingsun.

Barêng lakune seje kandhane, saiki radèn adipati sing magêlaran, banjur mupakatake dhawuh ing timbalan dalêm wau, lan kaundhangake nganggo bêndhe, misuwur wong sanagara. Ingkang sinuhun sultan, utusan Nyai Tumênggung Sêcanama, Nyai Tumênggung Sana, ngaturi uninga mênyang kang ibu kangjêng ratu agêng. Lan Nyai Tumênggung Sêcanagara, Nyai Tumênggung Soka matêdhani uninga mênyang kang garwa kangjêng ratu kêncana, lan banjur kadhawuhan mratakake mênyang abdi dalêm sajroning kadhaton.

Sêdhahmirah, aja andadèkake marase atinira, sira ingsun dangu lêlakonira, matura satêmêne, aja nganggo wêdi-wêdi utawa wigih-wigih, awit wus saka karsaningsun, lan bakal ora andadèkake tipising pangawulanira, gêdhene andadèkake [andadèka...]

--- 82 ---

[...ke] kaluputanira, iku wis ora pisan-pisan, pêrlune ingsun mung kapengin sumurup, dene lêlakonira luwih elok, akèh wong kang kêna sira balithuk, dalah ingsun dhewe kêna kasamaran, môngka kalumrahane wong kang duwe kalakuan ala iku wong mlarat, awit prasasat kapêksa saka kasusahane, ananging sira ora mangkono, awit sira wus kacêluk sugih, kok duwe lêlabuhan mêngkono, iku kapriye kang dadi karêpira.

Kawula nuwun, gusti, pandangu dalêm punika saèstu badhe kalampahan sadaya, saha abdi dalêm kawula sampun botên anggadhahi manah uwas utawi sumêlang, awit pêjah gêsang kawula sampun katêkêm ing asta dalêm. Kawula nuwun, gusti, amurih têrangipun pisan, kawula unjukakên gancaripun, wiwitan dumugi wêkasan, supados panjênêngan dalêm sagêda anguningani sadaya.

Iya, Sêdhahmirah, wiwitana mula bukane, aja ana kang kaliwatan.

--- 83 ---

Kawula nuwun, inggih sandika. Kala taksih gêsangipun abdi dalêm tiyang jalêr kawula, salêbêtipun sakit atilar wêling dhumatêng kawula, wicantênipun makatên:

Nyai Adipati Sêdhahmirah banjur ngaturake carita mungguh piwulange kang lanang, lan anggone marsudi kasusastran, apa dene lêlakone awakke, kaya sing wis dak kandhakake mau.

Êntèking carita, banjur munjuk: gusti, têrangipun malih ingkang kasêbut ing piwulang wau makatên, mungguh ing manungsa aja pisan angêndêlake marang kasugihane, karana kasugihan iku bisa sirna kalawan gampang, kayata: kobongan, kêmalingan, kêapus-apusan sapêpadhane, kabèh iku cêdhak kêlakone. Sirnaning kasugihan bisa gawe karusakan, kawirangan lan lara pati kêdadak, ananging kasugihan kang ora kêna ilang iku wajib diprasudi, iya iku sugih budi akal kanthi dilakoni sarta kalawan barkahing Allah, iku bisa langgêng nganti tumêka ing pati, paribasane ana, wong sugih budi akal iku, diarani wong sugih ora rêrawat.

--- 84 ---

Mulane, mungguh ing manungsa wajib anduwèni kalakuwan kang bisa andadèkake kamulyaning badan, kaya ta: 1: budi andhap asor. 2: budi sabar sarta narima. 3: gêlêm ngalah basa sakêcap, laku satindak. 4: ulat sumèh, têmbung manis. 5: ati rahayu sarta ora agawe sêrik, utamane bisa angènaki atining wong sawiji-wiji. Kosok baline kang agawe rusak mêngkene: 1. Panasbaran lumuh kaungkulan. 2: dahwèn, panastèn sarta darêngki. 3: ora gêlêm ngalah basa sakêcap, laku satindak. 4: ulat nyênyêngit têmbung kasar utawa wadhag. 5: dhêmên laku doracara angarah meliking liyan.

Kawula nuwun, gusti, mênggah ingkang kawula unjukakên rumiyin, lêlampahanipun Ki Surawacana, mila kalajêng-lajêng amanggih tiwas, punika saking badanipun piyambak, namung anuruti hawa nêpsunipun, kados ta: 1: lumuh kaungkulan, amargi rumaos sagêd. 2: ladak saha êdir, amargi saking kasugihanipun. 3: dahwèn saha panastèn, amargi kaconggah nyêmbadani nêpsunipun tiyang èstri [è...]

--- 85 ---

[...stri] tur rôndha. Wusana sadaya wau kasor utawi analôngsa dhatêng tiyang andhap asor. 4: anggènipun nyalamêr mangangge sarwa luwas, ambêkta yatra dipun umpêtakên, ciptaning manahipun andorani tiyang kathah, rêmên dipun inaa saha dipun wastanana tiyang miskin, ananging Gusti Allah botên kenging kasamaran, saparipolahipun manungsa, wontên umatipun ingkang kaganjar sugih kok botên anggadhahi panarimah, malah rêmên dipun wastani mlarat, yatranipun kapêndhêt ing tiyang kang rêmên dipun wastani sugih. 5: lêrêsipun sampun anggadhahi kaèngêtan yèn lêkasipun wau lêpat, dados namung kêdah nêdha pangapuntên. Punika botên makatên, malah angumbar hawa nêpsunipun, sumêdya misakit dhatêng tiyang ingkang kakintên mêndhêt, punapa manawi tiyangipun ingkang kakintên mêndhêt wau sampun dipun pisakit badhe purun mangsulakên, saèstunipun botên, malah dipun ukuma dening parentah bab anggènipun misakit wau. 6: dene wangsulanipun tiyang kaecal-ecalan saking tiyang ingkang kakintên nyolong, punika botên gampil kalampahanipun,

--- 86 ---

kêdah mawi dipun dhasari têmbung andhap asor saha angêmpakakên guna akalipun, rosanipun dayaning têmbung angungkuli rosanipun dayaning gêbag. Sarêng botên gadhah patrap makatên, yatranipun botên wangsul, malah badhe kalêbêt ing prakawis.

Kaping kalih: wêwatêkanipun tuwan toko, punika manawi kirang wêweka anyirnakakên kaprayitnan wusana, manggih pituna agêng. Mila kathah para tuwan toko bobrok, amargi dipun kêmplangi saha dipun apus-apusi dhatêng lênggananipun ingkang sabên-sabênipun têmên, botên dipun rèmèhi manawi manungsa punika mawi ewah gingsir.

Kaping tiga: anak Batawi kêkalih kengkenanipun tuwan toko, punika nama tiyang kirang budi, sagêd kêlimput dening bôjakrami, nilar dhatêng wajibipun, supe anggènipun dipun kèngkèn ing bandaranipun, wusana kenging kasade ing tiyang.

Kaping sakawan: abdi dalêm mantri gandhèk, têtêp mantri nistha, botên kenging kaapdèkakên ing panjênênganing nata, amargi botên sagêd angaosi ajining

--- 87 ---

kalênggahanipun, mèlik dhatêng rajabrana ingkang sawêg kasanggupakên, supe anggènipun sawêg anglampahi wajibipun, angêmban dhawuh ing timbalan dalêm, wusana amanggih sangsara kacathut untunipun.

Kaping gangsal, wêwatêkipun tuwan dhoktêr, punika nama kirang titi pariksanipun, namung anggêga wicantênipun tiyang kemawon, mila kathah tiyang sakit botên sagêd saras dening jampi, inggih amargi saking kirang titipariksa wau.

Kaping nêm: bab sedanipun eyang dalêm gusti kangjêng ratu sêpuh, punika sampun takdiring Allah, seda saking asta dalêm, bilih botên kapupus makatên, panggalih dalêm badhe botên sagêd marêm ing salami-laminipun.

Kawula nuwun, gusti, sarèhning anggèn kawula ambalithuki têtiyang wau namung minôngka pandadaring kawruh kawula, botên badhe kawula damêl panggaotan, utawi kasugihan, ing mangke sampun kayêktosan sadaya, manawi dayaning budi akal, sagêd angebahakên prasaja saha sagêd adamêl kamulyaning badan. Milanipun arta [ar...]

--- 88 ---

[...ta] gadhahanipun Ki Surawacana, salêksa rupiyah, tuwin paring dalêm arta kawan atus, punapa dene barang jêne sela gadhahanipun tuwan toko, pangaos salêksa langkung sewu wolungatus rupiyah, taksih sami wêtah sadaya, saha sapunika sampun kawula bêkta, punika kawula unjukakên ing sampeyan dalêm, kawula nuwun sumôngga.

Ingkang kalihdene malih, sarèhning abdi dalêm kawula sampun sêpuh, saha botên gadhah anak putu, môngka barang kawula kalêbêt kathah, kadosta: pantun taksih salumbung, ingkang sampun dados uwos sagêdhong, sarêm lisah inggih wontên, punika ugi kawula sumanggakakên ing sampeyan dalêm, saha mugi wontêna parêngipun karsa dalêm amaringakên dhatêng kawula dalêm tiyang pêkir miskin. Wondening barang kawula ingkang adi-adi, sanadyan sakêdhik aosipun, punika kawula unjukakên ing sampeyan dalêm, minôngka pratôndha anggèn kawula angluhurakên asma dalêm, tuwin pangèngêt-èngêt gênging pamundhi kawula ing sampeyan dalêm, ing salami-laminipun.

--- 89 ---

Ingkang sinuhun sultan, anggone mirêngke ature nyai adipati, kêrêmênên, tansah nilingake bae, malah nganti kamitênggêngên, ora ngandika-ngandika.

Wusana samênênge ature nyai adipati, ngandika: bangêt andadèkake suka pirênane panggalih ingsun, Sêdhahmirah, dene sira ngaturake lêlakonira sanyatane, sarta andadèkake parênge panggalih ingsun, karêpira andanakake barangira marang wong pêkir miskin, malah ingsun milu urun anaa sapuluh mono êngkas, supaya wrataa. Dene unjuk-unjukira barang adi-adi, iya ingsun tampani, sarta bangêt ing panarimaningsun. Balik dhuwite Si Surawacana, lan barange tuwan toko, apadene bocah ingsun gandhèk, ingsun mundhut rêmbugira.

Kawula nuwun, kajawi parêngipun ing karsa dalêm, bab arta saha barang, kados botên wontên malih, kajawi namung kaparingakên wangsul. Wondening abdi dalêm gandhèk, sarèhning sampun kacathut untunipun, prasasat sampun anampèni paukuman, prayogi kaapuntên, [kaa...]

--- 90 ---

[...puntên,] kados sampun kapok badhe botên ngaping kalih anglampahi makatên, ewadèntên kawula anyumanggakakên parêngipun ing karsa dalêm.

Iya bênêr, Sêdhahmirah, condhong lan karsaningsun. Bocah tumênggung wadon.

Kawula nuwun, kula.

Dhawuhna marang bocah wadana kang tungguk, Si Rêksanagara ingsun timbali malêbu.

Kawula nuwun, inggih sandika. Dèn mênggung, dhawuh dalêm, jêngandika ingandikakake mênyang pagêlaran, radèn dipati ngandikan, mlêbu.

Radèn Tumênggung Mangkuningrat: inggih sandika. Radèn adipati timbalan dalêm .

Inggih.

Radèn Adipati Rêksanagara.

Kula.

Pakênira tômpa dhawuh dalêm, dhawuhing timbalan dalêm, pakênira ingandikan malêbu.

Inggih sandika.

--- 91 ---

Cêdhaka ing ngarsaningsun kene bae, Rêksanagara.

Kawula nuwun, inggih sandika.

Sadurunge sira anindakake karsaningsun, kang bakal ingsun dhawuhake marang sira, sira ingsun kandhani dhisik mungguh lêlakone Si Sêdhahmirah.

Ingkang sinuhun sultan, banjur mangandikakake cariyos, wiwitan nganti tumêka wêkasan. Radèn adipati andongong, wusana ingkang sinuhun, ngandika: ing mêngko sira mataha marang kancanira bocah wadana kang duwe laku, angusungi barange Si Sêdhahmirah kang bakal binagi kajujugna ing pagêlaran bae, lan sira ambukaka gêdhong ingsun, loro, isine sira wuwuhna lan barange Si Sêdhahmirah mau, banjur sira bagea kang warata marang kawulaningsun, wong pêkir mêskin. Apadene Si Surawacana lan tuwan toko, padha sira timbalana, warahên yèn bakal anampani balining dhuwite lan barange, nanging Si Surawacana sira dhawuhana amarèni kalakuane kang ora bênêr, lan manèh Si Dutaudaya, Si Dutawiraka, padha sira dhawuhana, sapisan iki kaluputane

--- 92 ---

ingsun apura, nanging ing têmbe manawa duwe kalakuan nistha manèh, amasthi bakal ingsun pocot saka kalungguhane, lan ingsun wêsiasat kang luwih abangêt. Anadene lêlakone Si Sêdhahmirah iki unggahna ing êbuk paradan, tunggalna lan layang-layang babading karaton ingsun.

Kawula nuwun, inggih sandika.

Radèn adipati banjur angèstokake dhawuhing timbalan dalêm mau, matah priyagung wadana Radèn Tumênggung Suryaningrat, angusungi barange Nyai Adipati Sêdhahmirah, lan ambukak gêdhong loro, apadene animbali Ki Surawacana lan tuwan toko, lan dhawuh liya-liyane, kêlakon kabèh kalawan enggal, ora ana sing cèwèt, sawise rampung angunjuki uninga, banjur kalilan bubaran. Wis cuthêl.