Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Maneka Carita, Saradumipa et. al., 1904, #1628

Katalog:Maneka Carita, Saradumipa et. al., 1904, #1628
Sambung:-

MANEKO TJARITO

--- 0 ---

Punika Sêrat Maneka Carita

Inggih punika pakêmpalaning dongèng

Kaanggit dening: 1. Ki Saradumipa, 2. Kasan Maknawi, 3. Bin Katib, kabiyantonan dening Abu Sêtyarja. Ingkang minôngka juru panitranipun Suwônda

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Babah Si Dyan Ho Surakarta 1904.

--- 1 ---

Sêrat Maneka Carita

Inggih punika pakêmpalaning dongèng

Kaanggit dening: 1. Ki Saradumipa, 2. Kasan Maknawi, 3. Bin Katib, kabiyantonan dening Abu Sêtyarja. Ingkang minôngka juru panitranipun Suwônda

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun Babah Si Dyan Ho Surakarta 1832.

--- 2 ---

Sadaya Sêrat waosan, ingkang sami ungêlipun kalihan sêrat punika, mênawi botên wontên tôndha namanipun ingkang angêcap saha angêdalakên, punika têrang bilih tiron tuwin malih botên sah kawontênanipun

Ingkang angêdalakên

--- 3 ---

(1) Wêwarahipun Para Sagêd, Aja Age-age Gita Yèn Durung Sumurup ing Gati.

Kajêngipun wêwarah wau sampun age-age nêtêpakên lêrês mênawi dèrèng têrang pamariksanipun, awit sadaya pangintên punika dèrèng têmtu cundhuk kalihan yêktinipun, saha sadaya tindak ingkang badhe kalampahan punika mênawi dèrèng winawas ingkang waspada ing wingking asring manggih piduwung, kadosdene dongèng ing ngandhap punika:

Wontên satunggiling tiyang tani gadhah anak pupon satunggil taksih alit, sangêt dipun trêsnani amargi piyambakipun botên gadhah anak sanèsipun pupon wau, mila panjagi sarta pangopènipun botên kêkirangan, ewadene piyambakipun kapêksa nilar anakipun pupon, ing sawatawis wanci dhatêng sabin, anuju satunggiling dintên anakipun katilar wontên ing griya, amargi piyambakipun kapêksa ing pandamêlan ingkang kêdah dipun lampahi tumuntên, ing nalika punika salêbêting griya pinuju suwung botên wontên tiyangipun, kajawi namung kalangênanipun sagawon agêng satunggal, dene sagawon wau sakalangkung tutut sarta jilma, mila sabên tiyang tani [ta...]

--- 4 ---

[...ni] wau kesah sakêdhap, môngka ing griya nuju suwung inggih sagawon punika ingkang têngga anakipun pupon wau, ing nalika punika lare wau katilêmakên ing ambèn, sagawon andhêkêm sacêlakipun ing ngriku, tiyang tani lajêng pangkat dhatêng sabin, salêbêtipun wontên sabin botên sah anggènipun ngangên-angên dhatêng lare ingkang kantun ing griya, mila sarampunging pêrlu enggal-enggal anggènipun mantuk, sarêng piyambakipun dumugi ngajêng kontên, sumêrêp mênawi sagawonipun wontên ing pipining kontên, agêrêng-gêrêng cangkêmipun akuthah ludira, tiyang tani sakalangkung kagèt, ciptanipun botên sanès sagawon wau, têmtu mêntas anyiasat dhatêng lare ingkang dipun têngga, mila botên sarônta sagawon enggal dipun pênthungi mawantu, satêmah lajêng pêjah, tiyang tani lajêng lumêbêt dhatêng griya kalihan muring-muring, sadhatêngipun ing ambèn lare taksih sakeca tilêm, saha nalika tiyang tani dhatêng ngriku, lare lajêng nglilir sarwi gumujêng tanganipun angathung dhatêng tiyang tani, anyasmitani nêdha dipun êmban, amung sacêlaking ambèn wontên bathang taksaka, gumuling wontên siti êndhasipun sampun ical.

Ing ngriku tiyang tani mangrêtos bilih sarpa wau lumêbêt dhatêng griya [gri...]

--- 5 ---

[...ya] analosor dhatêng ambèn sumêdya nyikara dhatêng lare ingkang tilêm, ananging sagawon ingkang nêngga lare sumêrêp ing wajibipun, lajêng trangginas anyandêr dhatêng sarpa kinêrêg jangganipun satêmah pêjah ngênggèn, wêdalipun sangking griya pêrlu madosi lurahipun, upami sagêda tata janma jawinipun nêdya cariyos, mênawi mêntas amêjahi taksaka, ananging nalika sagawon cariyos botên pisan angsal panarimah sae, awit pun lurah botên mangrêtos, mila mandar dipun pênthungi ngantos anêmahi pêjah punika, tiyang tani sarêng sampun anggagas makatên lajêng nênutuh dhatêng badanipun piyambak, anggènipun botên titi pamariksanipun, ngantos kecalan kônca ingkang kenging pinitados, saking sangêtipun kaduwunging manah ngantos botên wontên ingkang ngupamèni.

Liding dongèng tiyang ingkang kabrangas ing sêrêng sarta grusa-grusu ing tindak punika asring manggih piduwung. o.

A.S.

(2) Pandung

Wontên satunggaling dhukun gêgriya wontên ing dhusun sacêlaking kitha, rintên dalu damêlipun tansah mêmuji kawilujêngan saha [sa...]

--- 6 ---

[...ha] nyuwun pangapura dosanipun, adujuanuju. satunggiling dalu wontên tiyang dhatêng ing griyaning dhukun wau mratelakakên mênawi mitranipun ing kitha sakit, dhukun wau kapurih angusadani, sanalika lajêng sami pangkat, griyanipun kakunci saking jawi, margi botên wontên ingkang têngga, botên watawis dangu wontên pandung sumêdya ambandrèk gêmbok ingkang kakunci wau, sarêng pandung sampun sagêd lumêbêt ing griya, sangêt bingahing manahipun badhe mêndhêti barang ingkang sami gumêlar, wusana durjana sumêrêp buku alit wontên sanginggiling bangku, isi pêpujian, ungêlipun makatên, E Gusti Ingkang Sipat Murah, mênawi ing dalu punika kula botên narajang dosa saiba badhe sakecanipun anggèn kula tilêm, sumawana bilih salêbêting gêsang kula botên gadhah kalêpatan ing Gusti amêsthi kula botên ajrih ing pêjah, margi kula upamèkakên kadosdene tilêm punika wau: sarêng durjana mêntas ngungêlakên pujian punika manahipun sangêt rumaos anggènipun tansah dursila, sanalika lajêng martobat ing Gusti, nyuwun ngapura ing dosanipun ingkang sampun kalampahan, saha ing salajêngipun badhe botên anglampahi ing kadurjanan, wiwit kala samantên dumuging ngajal tansah anglampahi ing kautamèn, saha

--- 7 ---

nêtêpi agamanipun Islam.

Liding dongèng pujian ingkang nrênyuhakên ing manah punika asring andadosakên emutipun tiyang supe.

S.D.

(3) Tiyang Murang Satêmah Anandhang Wirang

Wontên satunggiling tiyang nama Sèh Abyal, rintên dalu tansah wontên ing masjid anglampahi salat awis kèndêl, ngantos supe kalimrahanipun tiyang gêsang nyandhang nêdha sapanunggilanipun, anuju satunggiling dintên biyungipun Abyal kapengin apêpanggihan kalihan anakipun, Abyal wau kapurih mantuk sakêdhap kemawon botên purun, anggènipun kengkenan bokipun ngantos rambah-rambah awit biyungipun sampun kangên sangêt, ananging pun Abyal mêksa botên maèlu, wusana biyungipun Abyal sakalangkung muring-muring sarta nangis, lajêng wicantên têmbungipun: wong kang ora miturut marang wong tuwa mangkono iku muga-muga Gusti Allah paringa kawirangan, dumadakan ing dhusun ngriku wontên tiyang èstri gadhah anak tanpa bojo, ing nalika wunikapunika. para tôngga têpalih sami dhatêng saha pitakèn, mungguh kang ngêtêngi kowe iku sapa, wangsulanipun: ingkang ngêtêngi [ngê...]

--- 8 ---

[...têngi] kula punika Sèh Abyal ingkang wontên masjid punika, para tiyang ingkang sami mirêng wicantêning tiyang ingkang gadhah anak tanpa bojo, sami saklangkung ing pangungunipun, amargi Sèh Abyal wau sampun misuwur saha kanyataan anggènipun ambêk suci sarta karêm ngibadah, para tiyang ing ngriku sadaya lajêng sami dhatêng ing masjid, padununganipun Sèh Abyal, sarlasarta. sami ngerang-erang saha kêplok tuwin sami surak-surak, botên watawinwatawis. dangu Sèh Abyal lajêng mêdal nyêlaki panggenaning jabang bayi, sarta wicantên makatên: e bayi kang ngêtêngi êmbokmu iku sapa, kaelokaning Pangeran bayi sawêg umur sadintên sampun sagêd wicantên, wangsulaning bayi, ingkang ngêtêngi biyung kula punika pun Kadib, ing dhusun Ngantabut, sapunika tiyangipun ugi tumut anyuraki dhatêng jêngandika.

Paribasanipun tiyang têmên-tinêmênan, ananging liding dongèng tiyang ingkang botên manut dhatêng tiyang sêpuhipun punika asring manggih papa.

B.K.

(4) Sadaya Panuwun Punika Mênawi Kalayan Mantêp sarta Tumêmên Enggal Lami Têmtu Sagêd Kalêksanan.

--- 9 ---

Kala jaman kina ing jajahan nagari Arab wontên tiyang andarbèni rabi ingkang sakalangkung sulistya ing warni, tiyang wau sawêg sêdhêngipun posa-pasihan,posah-pasihan. ingkang èstri tumuntên pêjah, ingkang jalêr katilar pêjah sangêt anggènipun gandrung-gandrung kapirangu, saking sangêtipun wuyung dhatêng rabinipun ngantos supe tilêm saha nêdha, sadhengah barang ingkang katingal kinintên bojonipun lajêng dipun ngungrum sarta dipun rêrêpa, ngantos saengga tiyang ewah dadakan, ing ngriku lajêng amurugi dhatêng kuburipun ingkang èstri, botên purun mantuk-mantuk, rintên dalu namung tansah têngga wontên daganipun ingkang èstri kemawon, utawi kalihan nyênyuwun dhumatêng Ingkang Kuwasa, supados rabinipun ingkang sampun pêjah sagêda gêsang malih, dene kubur ingkang dipun têngga wau dede kuburanipun ingkang èstri, nanging kalintu kuburipun tiyang sanès utawi tiyang jalêr, amargi kuburipun jèjèr, namung wetan kalihan kilèn kemawon, mila ingkang katêngga ngantos kalintu kuburipun tiyang sanès, awit nalika panguburing bojonipun piyambakipun botên tumut, sarèhning ingkang dipun suwunakên supados sagêd gêsang malih wau kubur ingkang dipun adhêpi punika, saking sangêting panyuwun lajêng katrimah, kubur ingkang dipun adhêpi sanalika lajêng bêngkah, saha tiyangipun [tiyangipu...]

--- 10 ---

[...n] ahli kubur tangi, mênggah warninipun rai cêmêng, tuwin gêgilani, jalaran nalika pêjah botên angsal iman, ing ngriku tiyang ahli kubur ingkang sawêg tangi lajêng maos sadat kalih.

Dene ingkang nyuwunakên gêsang wau sakalangkung kagèt, saha andharodhog, sakalangkung ajrih, awit ingkang gêsang dede rabinipun, wusana lajêng kasuwunakên pêjah malih, tuwin lajêng anyêyuwun dhatêng Ingkang Kuwasa malih, supados sagêda anggêsangakên rabinipun, sanalika inggih katrimah, kuburing rabinipun lajêng bêngkah, sarta rabinipun lajêng tangi, tuwin mawa cahya cumalorot mindha andaru, amargi tiyang wau nalika pêjahipun angsal iman, ingkang jalêr sarêng sumêrêp ingkang tangi sampun têtela bojonipun, tandya kapondhong kabêkta dhatêng padhusunan, pêrlu ngupados tajin kaangge ngombèni rabinipun, supados ical lêsunipun, amargi sarèhning mêntas pêjah dados kinintên badanipun lêsah sangêt, ing sasampunipun angsal tajin sarta sampun kaombèkakên, lajêng enggal-enggal kabêkta mantuk, ing wusana wontên margi ingkang jalêr karaos badhe tilêm, raosing mripatipun sêpêt sangêt saengga sampun botên kenging sinayutan, labêt saking anggènipun lami botên tilêm-tilêm, ing ngriku lajêng wicantên dhatêng [dha...]

--- 11 ---

[...têng] ingkang èstri ngajak kèndêl wontên ing pinggiring margi-margi, sarta ngeyup wontên sangandhaping kêkajêngan agêng ingkang sakalangkung edhum, sasampuning sami kèndêl lajêng gadhah panêmbung dhatêng ingkang èstri makatên, dhuh wong ayu, nyawane pun kakang mênawa lêga atimu aku arêp turu ana pangkonmu sadhela bae, sabab aku arib bangêt, wangsulaning rabinipun prayogi, salêbêting tilêm wontên pangkoning rabinipun karaos nikmat sangêt, ngantos saengga tiyang pêjah, ing nalika punika lajêng wontên sudagar sugih, têtêgar langkung ing margi ngriku, pancèn bagus warninipun tur karêngga ing busa,busana. sudagar sarêng sumêrêp tiyang èstri wau lajêng kasmaran sanalika, sarta botên sagêd angampah wiyoganipun, sudagar lajêng wicantên dhatêng tiyang èstri, dhuh wong ayu kang dadi têlênging jêjantungku, tinimbang kowe dirabi wong miskin kang ala rupane, luwih bêcik kowe mèlua aku, aku iki sudagar kang angluwihi sugih, mungguhing nagara kene wis ora ana kang mêmadhani, kowe bokmênawa ora bakal kuciwa kang dadi karêpmu, nanging sudagar wau bôngsa Yahudi, tiyang èstri sarêng mirêng wicantêning sudagar ingkang andadosakên mongkoging manah, tandya datan lênggana lajêng tumut kemawon, tuwin ngajak lumampah gêgancangan, awit bokmênawi lakinipun [lakinipu...]

--- 12 ---

[...n] sêlak ngalilir, sarêng sudagar sampun dumugi ing griyanipun, tiyang èstri wau lajêng kasuprih mangsuk agaminipun Yahudi, tiyang èstri ugi nurut kemawon, wondene bojonipun tiyang èstri ingkang taksih katilar wontên pinggiring radinan wau, sarèhning sampun dumugi anggènipun tilêm lajêng ngalilir kalihan garagapan, utawi raosing manahipun sakalangkung tab-taban, sarta kêtir-kêtir, awit sampun santun bantal wah ingkang èstri botên wontên, ing ngriku lajêng kèndêl angêningakên cipta, nyênyuwun dhumatêng Ingkang Maha Agung, mênawi rabinipun kapêndhêt tiyang sanès, mugi-mugi Kang Maha Kuwasa maringana pêjah malih, kacariyos tiyang èstri ingkang kabêkta sudagar wau inggih lajêng pêjah malih.

Liding dongèng kados paribasaning tiyang Jawi tiyang jalêr punika botên kenging tilêm wontên pangkoning rabinipun, awit asring mêdhotakên katrêsnan, kados lêlampahanipun Prabu Watugunung ing jaman kina.

H. M.

(5) Kidang ingkang Sakalangkung Sêtya.

Saking cariyosipun para sêpuh ing jaman kina, wontên satunggiling [sa...]

--- 13 ---

[...tunggiling] tiyang dhusun, ananêm katela, sangêt lêma godhongipun kathah, anuju satunggiling dintên wontên kidang dhatêng, lajêng anêdhani jalegor wau, ngantos têlas kathah, tiyang ingkang gadhah sarêng sumêrêp kidang wau, lajêng kadingkik, kenging kacêpêng, sarwi wicantên makatên: e kidang kapriye têka kowe wani-wani ambêk rusuh, mangan tanduraku kang tanpa olèh lilah, kang iku kowe saiki masthi dak patrapi ukum pati, sanadyan kaluputamu mung sapele, ananging andadèkake cuwaning atiku kang bangêt, mulane saka karêpku kowe saiki dak sêmbêlèh. Wangsulaning kidang: dhuh manungsa, kula botên badhe anyelaki ing kalêpatan kula, saha kula namung badhe miturut sampeyan pêjahi, ananging mugi kauningana, mênggah anggèn kula kumapurun anêdha jalegor wau botên awit saking garagas kula dhumatêng têtêdhan, nanging parlunipun amung kula angge jêjampi, amargi kula punika nusonanusoni. alit, mênawi panêdha kula sabên dintên botên mawi kula slundhingi gêgodhongan, kirang eca panêsêping anak kula, awit saking punika ringkêsipun mênawi kaparêng kula nyuwun pamit sakêdhap kemawon, pêrlu badhe nusoni anak kula, mênawi sampun rampung kula wangsul mriki, saha sanggêm kapatrapan ukum [uku...]

--- 14 ---

[...m] pêjah, sanadyan dosa kula wau namung sapele, ananging kula luwung pêjah katimbang sinêbut awon. Wangsulaning tiyang, calathumu iku bênêr, nanging saka pandugaku mokal yèn kowe mêngko balia marene, mungguh rêmbugmu kabèh mau mung saka gonmu arêp lumayu anyingkiri paukuman bae, kang iku aku ora awèh. Wangsulaning kidang, o kadospundi manungsa, mênawi panyuwun kula pamit wau botên pinarêngakên, mangke anak kula tansah ngajêng-ajêng dhatêng kula, botên sumêrêp mênawi kula sampun pêjah, mila pêrlunipun kula punika ngiras pamitan pêjah dhatêng anak kula wau, sampun ta makatên kemawon, murih piandêling panggalih jêngandika, mênawi kula ngantos cidra kenginga sumpah. Manungsa, mungguh sumpahmu kapriye lairna. Kidang, mênawi kula cidra botên wangsul mriki, ing benjing wontên ngakerat kasamèkna kalihan pangulu ingkang nisir ukumipun, saha kasamèkna kalihan jaksa ingkang nêdha ruba (bêsêl). Manungsa, iya ta kidang, saiki dak lilani, nanging tumuli balia, kidang lajêng mantuk sarwi susahing manah, ciptanipun. Ah kapriye nalar iki pakewuh têmên, yèn ta aku cidraa wêdi bangêt siksaning ngakerat, marga supataku pancèn abot, [abo...]

--- 15 ---

[...t,] awit ujare kadis, ora ana kang ngluwihi siksaning pangulu kang nisir ukume, lan jaksa kang mangan ruba, ananging mungguh aku kalakon dipatèni kang bakal nusoni marang anakku gèk sapa, ora luwih kênthêling pikirku mung bakal tarèn marang anak kang dadi mêmaniking netraku, sarêng kidang wau sampun dhatêng ing padununganipun lajêng anusoni dhumatêng anakipun, sarwi cariyos bab anggènipun kacêpêng dening manungsa wau, sarêng anaking kidang mirêng cariyosing biyung sanalika lajêng kèndêl panusunipun, saha wicantên dhatêng biyung têmbungipun, yèn mangkono kandhamu saiki kowe tumuli balia marang gone manungsa, aku luwung kok tinggal mati, karo kowe kêna sumpah, awit aku wirang bangêbbangêt. yèn ta ngantia kêna pocapan dadi anake wong narajang sumpah, kidang sakalangkung trêsnyuhtrênyuh. ing manah sarwi anangis pamitan dhatêng anakipun, wis ta ênggèr karia salamêt, ora luwih mung pandongaku marang kowe dak suwun bisaa lumrah marang sapadha-padhamu tumitah, sarta ihtekatmu marang Gusti kang nitahake aja nganti kaliru, lan anêtêpana agamamu, aja nganti dadi wong kapaung (kapiran). Anakipun mangsuli, iya biyung pandongamu dak pêpundhi sarta kabèh wêwêkasmu mau bakal dak lakoni kalayan [kalaya...]

--- 16 ---

[...n]

tumêmên, nanging saka panjalukku rèhning wis sawatara suwe tumuli mangkata, supaya ora dadi pangarêp-arêp panggrundêling manungsa, mundhak andadèkake wuwuhing dosa, sanalika kidang lajêng mangkat sarwi anangis, sêsambatipun amêmêlas, botên antawis dangu dhatêng ing panggenaning manungsa, taksih tarocosan êluhipun, sarêng tiyang sumêrêp dhatênging kidang sangêt eram manahipun dene bêburon wana sagêd tata janma sarta nêtêpi janjinipun, wusana wicantên têmbungipun, e kidang kang tuhu ing janji, kêna ngapa kowe têka nganggo anangis, apa kowe wêdi marang bakal paukumamu. Kidang, dhuh manungsa botên kadosa, anggèn kula nangis punika botên saking ajrih dhumatêng paukuman ingkang badhe katêmtokakên dhatêng badan kula, nanging wêdaling luh kula punika muhung saking kemutan utamining manahipun anak kula, kidang lajêng angandharakên nalika pamitan dhumatêng anakipun miwiti malah mêkasi. Manungsa sarêng mirêng cariyosing kidang sangêt gumuning manah, wusana gadhahi wêlas sangêt, kidang dipun apura dosanipun.

Liding dongèng sadaya titah punika mênawi angakêni ing dosa saha anêtêpi prasêtya kalayan prasaja, punika asring

--- 17 ---

angsal pangapuntên.

S. D.

(6) Paribasanipun Bôngsa Walandi

Wat voor den eenen goed is, is nogniet altijd goed voor den ander,

Wondene warnining bêbasan wau lêlampahan ingkang utami, katindakakên tumrap satunggiling tiyang punika dèrèng tartamtu utami katindakakên tumraping tiyang sanès, mênggah babaring paribasan wau têtelanipun kadhapur dongèng kados ing ngandhap punika.

Wontên kuldi kêkalih, sami andon lêlampah têbih dhatêng satunggiling kutha agêng, ing kalih-kalihipun sami momot sakalangkung awrat, kuldi ingkang satunggal anama Langê, kamomotan sarêm kalih karung agêng, dene kuldi satunggalipun anama Kortê, kamomotan kapuk kalih pakang agêng, mênggah tumindakipun lêlampahan punika sakalangkung rêkaos, mila kuldi kêkalih wau samargi-margi botên sah anggènipun angêrsula, pangunandikanipun ing manah. Dêstun têmên lurahku iki, wong amènèhi momotan têka ora kaprah abote, wong kang mangkono iku têtela ora [o...]

--- 18 ---

[...ra] duwe ambêk têpa sarira, salêbêtipun ngunandika makatên ing kalih-kalihipun sami dhatêng satêpining kalèn, ing nalika punika Langê inggih punika ingkang momot sarêm, gupuh anggènipun anggêbyur ing kalèn wau, akungkum wontên ing ngriku sawatawis dangu, ngantos saindênging karung têlês sadaya, Kortê sangêt eram amanoni lêkasipun Langê ingkang makatên punika, awit saking anggènipun dèrèng andungkap ingkang dados sêdyanipun, wêkasan lajêng pitakèn. Têmbungipun, kenging punapa kisanak, têka jêngandika kungkum makatên, wangsulanipun Langê, o kisanak jêngandika sumêrêpana, anggèn kula kungkum ngantos sawatawis punika wigatos angènthèngakên momotan kula, awit limrahipun sarêm punika mênawi kakum ing toya sawatawis, amasthi ajèr ingkang sawatawis bagiyan, ingkang makatên punika pangangkah kula ajèring sarêm supados anjalari suda awrating momotan kula, satêmah badhe mayar tumindaking lampah kula.

Kortê dupi amidhangêt wangsulanipun Langê ragi lêgêg, panguparaosingpangudaraosing. manah: yèn mangkono luwih bêcik dak nelad lêkase kisanak iku amrih suda boboting momotanku, ing nalika punika Kortê gita anggènipun anggêbyur

--- 19 ---

ing kalèn wau, wontên ing ngriku kungkum sawatawis dangu ngantos sainganing pakangan kalih sami têlês sadaya, ananging nakikanalika. piyambakipun mêntas saking kalèn, lah punika ingkang kasandhang punapa suda awrating momotanipun: botên, ananging awratipun mandar dede-dede, awit kapuk ingkang kinum ing toya amasthi nêsêp ingkang sawatawis bagiyan, satêmah lajêng angêwrat toya, inggih puningkapunika. ingkang minangkani wêwahing awratipun.

Liding dongèng tiyang ingkang nelad lêkasipun tiyang ingkang pinuju kalêrêsan, môngka anggènipun anelat wau botên kanthi waspada punika dèrèng têmtu manggih kalêrêsan, sisip têmbiripun mandar anuwuhakên karibêdan agêng.

A. S.

(7) Tiyang Ahli Ngapusi

Ing nagari Ngarab wontên satunggaling tiyang nama Pulani, pandamêlanipun sabên dintên namung ngapus-apusi tiyang langkung, nanging mênawi anggènipun ngapusi wau angsal-angsalan, têmtu lajêng kaêbèrakên dhatêng tiyang pêkir miskin, Pulani wau mênawi kapêthuk kalihan tiyang mônca lajêng gupuh anggènipun ngajak salaman, sarta ngampirakên, têmbungapuntêmbungipun. andhap asor kanthi manis [ma...]

--- 20 ---

[...nis] manuhara ngrêsêpakên manah.

Anuju satunggiling dintên Pulani wau kapêthuk kalihan tiyang bôngsa Sam, nama Karsadid, Pulani enggal ngajak salaman sarta anucupi tanganipun, Karsadid dipun gèndèng kasuprih dhatêng griyanipun, kalayan mawi têmbung manis manuhara, dene ingkang dipun akên griya punika têmênipun dede griyanipun piyambak, nanging griyanipun tiyang sêsadean panganan sasaminipun, inggih punika bango wedangan, Karsadid ugi mituruti mampir, utawi botên pisan-pisan anglêgewa mênawi badhe dipun apusi, ing ngriku Pulani saklangkung srikutan anggènipun angladosi, sarta tamunipun lajêng kaajak nêdha sasênêngipun, sarêng anggènipun nêdha kintên-kintên sampun tuwuk, pun Pulani api-api badhe toyan, sarta lajêng mêdal, sadumugining jawi lampahipun anyalimpêt-nyalimpêt kalihan gêgancangan, Karsadid ugi dèrèng pisan-pisan anglêgewa mênawi punika pancèn juru apus krama, dipun kintên mênawi ingkang gadhah griya saèstu, sarêng sampun dangu anggènipun ngêntosi mêksa botên dhatêng-dhatêng, Karsadid lajêng cariyos kalihan tiyang ingkang têngga dhasaran, mangke kapurih mamitakên kalihan ingkang gadhah griya kalawau, amargi sêlak andumugèkakên lampah. [la...]

--- 21 ---

[...mpah.] Wangsulanipun ingkang têngga dhasar makatên: ingkang gadhah griya sintên, inggih kula punika ingkang gadhah, anggèn sampeyan nêdha kalihan kônca sampeyan wau têlas pintên, sampeyan sukani bayaran kriyin, têka ajêng enak-enuk, wong jajan dèrèng bayar ajêng lunga. Karsadid sakalangkung pangungunipun, wusana wicantên. Môngka anggèn kula mlêbêt mriki punika dipun ampirakên kalihan tiyang kalawau, criyosipun ingkang gadhah griya piyambakipun. Wangsulaning tiyang sade, kula botên mêruhi sintên-sintên, nyatane wau kônca sampeyan, mula sampeyan gih kudu bayari kabèh. Karsadid sakalangkung kaduwung manahipun, rumaos mênawi dipun cinthung tiyang, saha lajêng nyukani bayaran sapintên têlasipun tiyang kalih.

Kacariyos pun Pulani punika salaminipun namung makatên kemawon pandamêlanipun, anuju satunggiling dintên Pulani wau sakit sangêt, lajêng angundang tiyang 8 iji tiyang wau kawêling mênawi piyambakipun pêjah ingkang kalih dipun purih nucèni ingkang kalih kapurih mêndhêm, dene ingkang 4 dipun suprih mikul dhatêng kuburan, sarta ingkang mikul wau mênawi wontên margi kasuprih wara-wara makatên, hèh hèh sakabèhaning [sakabèh...]

--- 22 ---

[...aning] wong padha angiringna layon kang dak pikul iki, iya iki wong alim salèh tur ahli ngibadah, ora tau kêndhat, lan nalika uripe wêlasan bangêt marang uwong, Pulani sasampuning mêling makatên punika lajêng anyukani arta 25 dinar, kapurih bage tiyang wolu, ing nalika punika sakitipun Pulani sansaya angranuhi, inggal lajêng pêjah, tiyang wolu iji wau, ugi sami angèstokakên sawêlingipun Pulani, dipun cariyosakên dening para imam ingkang sumêrêp dhatêng gaib Pulani wau kacariyos pêjahipun sagêd angsal sawarga tanpa siksa, inggih punika satunggaling wali ingkang nyamarakên kasaenanipun, nglairakên awonipun.

Liding dongèng tiyang punika mênawi sampun kasêksèn dening tiyang jalêr 4 iji punika sampun sagêd santosa, makatên malih ingatasing agêsang botên kenging nyipta awon dhatêng sasami.

B. K.

(8) Tiyang Takèn Kala Mikratipun Kangjêng Nabi Mukamad.

--- 23 ---

Sadaya tiyang tamtu gawok aningali dêdamêlanipun ing Gusti Ingkang Kuwasa, kados ta: anggènipun damêl bumi langit punika saupami dipun lampahi madya 500 taun laminipun, ing môngka nalika mikradipun Gusti Kangjêng Nabi Mukamad, dipun lampahi ngantos dumugi langit sap ingkang pungkasan saha dumugi ing ngaras, têdhak sarta konduripun amung kalampahan sadalu, mila têtela anggawokakên, awit tiyang ingkang botên iman tamtu gorohakên bab cariyos nalika mikradipun kangjêng nabi wau, sanadyan tôndha saksinipun kathah ewadene mêksa maibên.

Saking cariyosipun tiyang bôngsa Arab, ing Kalarmaot, ing jaman rumiyin wontên satunggaling tiyang dados katib ing nagari Kalarmaot, tiyang wau gumun sangêt mirêngakên cariyos bab mikradipun kangjêng nabi, wusana lajêng nyuwun sêsêrêpan dhumatêng pangulu, inggih punika gurunipun katib: têmbungipun: dhuh guru kula mugi amadhangna dhumatêng pêpêtênging manah kula. Wangsulaning pangulu, apa kang dadi pêpêtênging pikirmu, mara kandhakna dak rungokne. Aturipun katib: nuwun kiyai kula punika sangêt gumun mirêngakên cariyosipun nalika kangjêng nabi mikrad, ngantos dumugi ing ngaras tindak saha

--- 24 ---

konduripun amung kalampahan sadalu, lo punika kadospundi nalaripun. Wangsulaning pangulu: sabara dhisik aku durung bisa ngandhani marang kowe, amarga ing masjid lagi adan, sabubaring Jumngah mêngko dak kandhani, kyai katib lajêng malampah dhumatêng jamban, pêrlu badhe adus, salêbêting manah sarwi garundêlan anggèning pitakèn bab wau botên mangsuli sanalika, anggèning adus kyai katikkatib. wau nyêmplung kulah, lajêng salulup, wusana wontên salêbêting toya pangraosipun lajêng katingal kados nagari, sarta piyambakipun malih dados èstri, saha wuda, raosing manahipun kyai katib saklangkung susah, amargi tanpa busana sasuwir, ing ngriku kapanggih kalihan tiyang jalêr sudagar. Sudagar sarêng sumêrêp kyai kêtib lajêng wicantên: têmbungipun, dhuh wadon kang wuda, yèn sarju atimu kowe arêp dak pèk bojo, aku kaduga nyandhangi sarta ngingoni marang kowe, enggaling cariyos kyai katib kalampahan karabi dening sudagar wau, saha saklangkung sih-sinihan sampun tanpa upami, gêsangipun akanthi kasênêngan, anggèning jêjodhoan ngantos adhahgadhah. anak tiga, wusana anuju satunggaling dintên kyai kêtib èngêt mênawi piyambakipun pancèn asli jalêr, sakala tumênga ing nginggil katingal [katinga...]

--- 25 ---

[...l] wontên kontên minêp, kadosdene butulaning lotèng, lajêng kadêdêl saking ngandhap sagêd mênga, ing ngriku pangraosipun wangsul kados suwaunipun, kungkum wontên salêbêting toya, muadin ingkang adan wau dèrèng ngantos kèndêl, kyai katib lajêng mêntas saking toya, sarwi angunandika salêbêting manah, ciptanipun: kok dadi jaman duwe anak têlu ing masjid durung rampung adane, yèn mangkono saiki aku ngêndêlngandêl. bangêt bab mikrade kangjêng nabi, dadi ênggone nyêmayani guruku mau mangkene wusanane, kyai kêtib lajêng kutbah Jumngah, sabibaring jumungahan sami lêlinggihan wontên ing surambi, kalihan kyai pangulu sakancanipun, ing ngriku wontên satunggaling tiyang matur dhatêng kyai pangulu, têmbungipun: dhuh guru kula, kula nyuwun sêsêrêpan, mênggah kanikmatanipun tiyang cumbana punika nikmat ingkang jalêr punapa nikmat ingkang èstri, wangsulaning kyai pangulu: takona marang katib kang mêntas kutbah iku mêntas dadi wong wadon, wusana kyai katib wau lajêng matur dhatêng kyai pangulu, bab lêlampahanipun nalika adus wau, saha mratelakakên bab kanikmatanipun, gambaripun tiyang jalêr punika kadosdene dariji kacêlupakên ing madu lajêng kaêmut, dene cangkêm punika gambaripun èstri, mila têtela nikmat tiyang èstri,

--- 26 ---

katimbang kalihan tiyang jalêr.

Liding dongèng tiyang ingkang sumêdya ngindhakakên sêsêrêpan, punika asring kalêksanan sêdyanipun.

H. M.

(9) Tiyang ingkang Botên Gêga Cariyosing Tiyang Sêpuhipun

Wontên satunggaling lare jalêr anakipun tiyang sugih, sangêt mursalipun, ngantos botên kemutan mênawi piyambakipun punika anakipun tiyang alit, patrap panganggenipun sarwa nganèh-anèhi, angungkuli sasaminipun, anuju satunggiling dintên dipun pituturi dening bapakipun, têmbungipun: he thole sarèhning kowe iku wis gêdhe saiki marènana gonmu murang sarak, aja tansah bêbungah ati rina wêngi, elinga yèn kasugihan iku bisa sirna, lan andadèkna sumurupmu, yèn gonku bisa sugih iki saka olèhku manut pituture wong tuwa, 1. pêthêl nyambut gawe, 2 tabêri nyèlèngi, 3 nyêgah marang pêpenginan, 4 gêmi nastiti sabarang gawe, mung patang prakara iku kang dak lakoni, mulane pamujiku kowe bisaa niru lêlakonku, supaya tumibamu [tumi...]

--- 27 ---

[...bamu] ing tuwa ora rêkasa. Wangsulaning anak, inggih bapak sadaya dhawuh sampeyan punika lêrês, ananging kula botên sagêd nglampahi kados sampeyan, amargi manah kula sampun kalajêng bèrbudi, kajawi punika ingatasing titah punika tamtu sampun mawi pêpêsthèn, mila kula muhung badhe anglampahi pêpêsthèning badan, ringkêsing cariyos lare wau dumugining satêngah sêpuh amanggih karusakan agêng, wusana lajêng dados tiyang awon.

Liding dongèng lare ingkang botên miturut parentahing bapa punika asring manggih papa.

S. D.

(10) Tiyang Nyrekal Wêkasan Kenging Kasrekal

Ujaring wasita: yèn manungsa lagi tinitah mênang aja duwe ambêk sawênang-wênang, awit bakal ora lêstari mênange, yèn manungsa lagi tinitah kalah dèn wani ngalah awit bakal ora lêstari kalahe, dongèng ing ngandhap punika anètèsi kados ujaring wasita wau.

Wontên satunggiling tiyang nama Ali Sahak, pandamêlanipun dados tukang cukur, gêgriya ing nagari Ngêsam, punika sampun [sampu...]

--- 28 ---

[...n] kawêntar rêmênipun angikal têmbung, ngantos awis tiyang ingkang purun wawan ginêm akalihan piyambakipun, amargi sami sumêlang bokmênawi anjalari kawirangan utawi kapitunanipun.

Anuju satunggiling dintên Ali Sahak kêkaring wontên ing griya manglong-manglong wontên ing kontên, botên dangu wontên tiyang dhusun anuntun kapal momot kajêng langkung ing ngajêngipun, Ali Sahak enggal angawe dhatêng tiyang dhusun wau sasampuning cêlak lajêng dipun pitakèni:

Ali Sahak, kakang sampeyan punika sade punapa.

Tiyang dhusun, inggih kula punika sade kajêng.

Ali Sahak, pintên rêginipun sadaya kajêng ingkang wontên sanginggiling kapal punika.

Tiyang dhusun, kula matur tawi punika rêgi satunggal rupiyah.

Ali Sahak, kula awisipun inggih kakang mênawi suka satêngah rupiyah.

Tiyang dhusun, inggih pangawis sampeyan samantên kula sampun ngaturakên.

Ali Sahak lajêng parentah dhatêng rencangipun, supados ambayar sarta ngandhapakên sadaya kajêng ingkang wontên sanginggiling kapal punika, rencang lajêng tumandang, sarampunging anggènipun [anggè...]

--- 29 ---

[...nipun] ngandhapakên kajêng lajêng anyêlaki lurahipun, Ali Sahak lajêng pitakèn sarwi anudingi barang ingkang wontên sanginggiling kapal, têmbungipun, kang isih kokèrèkake iku apa. Wangsulanipun rencang: punika cêkathakan, Ali Sahak kagèt sarwi pitakèn malih, êlo kêna ngapa têka ora koudhunake pisan, rencang anolih dhatêng tiyang dhusun kalihan pitakèn: kakang punapa punika ugi katut katumbas pisan.

Tiyang dhusun, botên saiba badhe bêtah kula mênawi cêkathakan punika kula sade.

Ali Sahak anyambungi, kakang kula botên rêpbaganrêmbagan. gêgujêngan kalihan sampeyan, kenging punapa kajêng punika sampeyan pratelakakên botên kasade, môngka sampun kula bayar, dados têtela sampeyan punika nakal.

Tiyang dhusun, kadospundi kula sampeyan wastani nakal.

Ali Sahak, nalika kula pitakèn harak sampun botên kirang têrang, pintên rêginipun sadaya kajêng ingkang wontên sanginggiling kapal punika, sampeyan tawi sarupiyah, kula ngawis satêngah, sampeyan sampun suka, wusana badhe [ba...]

--- 30 ---

[...dhe] nêdha wangsulipun ingkang sampeyan wastani cêkathakan punika, la kula masa sukaa, jêr punika inggih kagolong kajêng ingkang kula awis, awit ugi wontên sanginggiling kapal.

Tiyang dhusun, o yèn makatêna sampeyan punika nyarekal.

Ali Sahak, kula botên ngêrtos nyarekal kadospundi, cêkakipun kajêng punika sadaya sampun dados gadhahan kula.

Tiyang dhusun sampun botên sagêd mangsuli awit saking sampun kawon pabên, wêkasan cêkathakan lajêng kasukakakên, nanging ciptanipun botên liya kajawi amung badhe malês piawonipun Ali Sahak, antukipun ing samargi-margi tansah ngungun, dene manggih lêlampahan ingkang anèh makatên, wusana botên kêndhat anggènipun angulir budi, ciptanipun: gèk daya sarana apa kang pantês dak anggo malês pialane Si Ali Sahak, sadhatêngipun ing griya tiyang dhusun sampun angsal pamanggih, ingkang pantês katandukakên dhatêng Ali Sahak, minôngka wêwalêsing piawonipun, ananging pamanggih punika botên kenging katindakakên tumuntên, kêdah ngêntosangêntosi. kalamangsanipun ingkang prayogi.

Sarêng sampun antawis sawulan, tiyang dhusun wau dhatêng griyanipun [gri...]

--- 31 ---

[...yanipun] Ali Sahak, akalihan busana mirantos saha numpak kapal, sarêng dumugi sacêlaking griyanipun Ali Sahak, enggal anggènipun mandhap saking kapal, sarta kapalipun lajêng kacancang, tiyang dhusun lumampah dharat, malêbêt dhatêng griyanipun Ali Sahak, ing nalika punika Ali Sahak pinuju wontên ing griya, gupuh anggènipun mêthukakên, nanging Ali Sahak sangêt anggènipun pangling dhatêng tiyang dhusun punika, amargi panganggenipun beda sangêt akalihan nalika sade kajêng rumiyin, sasampuning jawab tangan sarta bage-binage, tiyang dhusun lajêng kaancaran linggih, saha dipun pitakèni parlunipun.

Ali Sahak, kadingarèn jêngandika tindak mariki, punapa ingkang dados gatosipun.

Tiyang dhusun, parlu kula mariki badhe nyukurakên sirah kula, tuwin kônca kula, ingkang wontên ing jawi, pintên prabeyanipun.

Ali Sahak, adat ingkang sampun kalampahan satunggal tiyang satêngah rupiyah.

Tiyang dhusun, dados kula dalah kônca kula wau prabeyanipun satunggal rupiyah.

--- 32 ---

Ali Sahak, inggih.

Tiyang dhusun, mênawi makatên sumôngga lajêng kula aturi wiwit, kula sampeyan cukur rumiyin, kônca kula mangke kantun.

Ali Sahak lajêng tumandang anyukur tiyang dhusun, sarêng sampun rampung lajêng pitakèn pundi kancanipun, tiyang dhusun amangsuli, punapa kenging kaajak lumêbêt ing griya. Ali Sahak suka, ing ngriku tiyang dhusun lajêng mêdal sakêdhap wangsulipun sarwi anuntun kapal.

Ali Sahak, êlo punika kapal punapa.

Tiyang dhusun, inggih punika kônca kula sumôngga lajêng sampeyan cukur, ingkang kapara rancag kemawon, amargi kula sêlak nyêkapakên parlu sanèsipun.

Ali Sahak, o la masa limraha kapal sampeyan cariyosakên kônca.

Tiyang dhusun, witna saya botên limrah malih cêkathakan sampeyan anggêp kajêng rencekan, jaragan sampun main burêng, mila sumôngga lajêng sampeyan cukur, kula sêlak kasêsa.

Ing nalika punika Ali Sahak lajêng èngêt bilih tiyang punika inggih ingkang dipun tumbasi kajêng rumiyin, mila saking kawêkèning [kawêkè...]

--- 33 ---

[...ning] manah ngantos botên sagêd amangsuli, satêmah lajêng cariyos:

Ali Sahak, kula sampun botên saèstu purun nyukur kônca sampeyan, nanging kula sampun narimah botên sampeyan sukani prabeya.

Tiyang dhusun, kula botên melik arta satêngah rupiyah, nanging melik nyukurakên kapal kula.

Ali Sahak, la gèk saiba badhe pintên kemawon lading kula ingkang risak, môngka punika panumbas kula nyadasa rupiyah.

Tiyang dhusun, prakawis makatên botên pêrlu sampeyan pratelakakên dhatêng kula, cêkakipun sumôngga sampeyan cukur.

Kados punapa solahipun Ali Sahak ing nalika wau, sayêktos botên kenging winiraos, pêpuntoning manah piyambakipun anêdha pangapuntên kathah-kathah, anggènipun sampun rumaos lêpat, ngikal têmbung ingkang anjalari kapitunanipun tiyang dhusun wau, wêkasan lajêng wicantên:

Ali Sahak, cêkakipun samangke kula mangsulakên cêkathakan sampeyan, sarta kula sampun botên susah nêdha prabeya [pra...]

--- 34 ---

[...beya] anggèn kula nyukur sampeyan.

Tiyang dhusun, kula inggih purun nampèni ugêripun sampeyan purun anglintoni sapintên kapitunan kula.

Ali Sahak, kapitunan sampeyan punapa.

Tiyang dhusun, salêbêtipun cêkathakan kula sampeyan pêndhêt, kapal kula botên kênging katindakakên padamêlan, inggih punika kaangge momot, dados salêbêtipun sawulan punika namung nganggur kemawon, môngka kaskayanipun kapal kula wau, ing dalêm sadintên satêngah rupiyah, sampeyan sampun botên susah nyukur kapal kula.

Ali Sahak, lajêng anglintoni kapitunan punika, sarta amangsulakên cêkathakan, kanthi kaduwunging manah ingkang tanpa upami, tiyang dhusun anampèni arta dalah wangsuling cêkathakan, lajêng numpak kapal mantuk sarwi sêsirigan, angantawisi sangêt giranging manahipun.

Liding dongèng kados parikanipun tiyang Jawi: pring salining lantarane paman mancing, kêwalêsan wong siya sapadha-padha, sarta lampahan punika anyèplêsi kados paribasanipun bôngsa Walandi: Wie een keil graaft voor een onder, vol er zelf in (sintên ingkang damêl jêglongan katumrapakên ing

--- 35 ---

tiyang sanès amêsthi kajêglong piyambak wontên ing ngriku).

A. S.

(11) Tiyang Madhukun.

Ing nagari Ngaskalani, wontên satunggaling tiyang nama: bok Jamilah sawêg gadhah anak satunggal, lajêng katilar pêjah dening bonipun,bojonipun. bok Jamilah wau ayu warnanipun, kulitanipun jêne ambêngle keris, tur bêsus sangêt, mila sarêng pêjah bojonipun ingkang ngêbun-êbun enjing anjêjawah sontên tanpa kêndhat, ananging bok Jamilah lumuh, amargi sêdyanipun bok Jamilah badhe anêtêpi ingkang nama wadon utami, tinilar pêjah dening bojonipun anglabuhi pêjah, têgêsipun: sampun botên laki malih.

Anuju satunggaling dalu, bok Jamilah wau anyupêna mangku rêmbulan, ing môngka nagari Ngaskalani punika, wontên dhukun kêsdik paningalipun, nama Kyai Sèh Mahira, punapa ingkang dipun pêthèk sampun botên nate cidra, enjingipun bok Jamilah inggal anggènipun pangkat dhutêngdhatêng. griyanipun dhukun wau, sarêng dumugi ngriku dèrèng watawis dangu, wontên tiyang jalêr

--- 36 ---

dhatêng, nama: Ragip, sumêdya badhe nyuwun pitulungan dhumatêng Kyai Sèh Mahira, supados sagêda angrabèni bok Jamilah wau, ing wusana bok Jamilah sampun wontên ing ngriku, dados pun Ragip wau botên purun mêdharakên ingkang dados sêdyaning manahipun, ing nalika punika bok Jamilah lajêng mêdharakên ingkang dados sêdyanipun, bab anggènipun nyupêna, têmbungipun makatên: anggèn kula sowan dhatêng ngarsanipun kyai, punika kula badhe nyuwun pitulung sêsêrêpan, kalawau dalu kula supêna mangku rêmbulan, punika kadospundi mênggah badhe wahananipun. Wangsulanipun Ki Sèh Mahira: o bêgja kamayangan sangêt gèr sampeyan punika, awit anggèn sampeyan nyupêna nuju malêm Anggara Kasih, mênggah saking petang kula pôncasudanipun anunggaksêmi, pandangonipun tulus, ingkang makatên punika tamtu botên sagêd oncat saking petang, mênggah badhe wahananipun sampeyan mangke dalu wanci jam 1 badhe kadhawahan Laelatul Kadar, inggih punika pêpingidanipun Ingkang Maha Sukci, nanging mangke jam satunggal dalu punika saratipun sampeyan kêdah angadi-adi busana, ingkang sarwa sae, sarta mangangge ingkang wangi-wangi, dados angajèni dhatêng panjênênganipun Laelatul [Laela...]

--- 37 ---

[...tul] Kadar, tuwin sampeyan botên kenging ningali sanginggiling tênggak, utawi kêdah miturut punapa sapanêdhanipun Sang Laelatul Kadar, bok Jamilah sarêng sampun kawêca makatên punika, lajêng pamitan mantuk, saha badhe angèstokakên sawêwêlingipun Kyai Sèh Mahira wau, sarêng sampun wanci jam 1 dalu, Sang Laelatul Kadar dhatêng saèstu, nanging mêdal kontên saha mawi dhodhog-dhodhog, mênggah panganggenipun: rasukanipun kabayak sutra ijêm, kudhung samadah saha igêl, inggih punika memba panganggening bôngsa Baduwi, ing sadèrèngipun jam 1 wau, pun Ragip: tiyang ingkang sarêngan madhukun kallihan bok Jamilah wau, sampun andhodhog wontên ing jawi ngriku, pun Laelatul Kadar lajêng anjujug ing patilêman, kalihan nganthi bok Jamilah, botên dangu kontênipun bok Jamilah lajêng dipun dhodhogi dening pun Ragip ingkang sampun andhodhog wontên ing jawi wau, têmbungipun makatên: hèh bok Jamilah ngakna lawangmu, aku malaekat Jabarail, utusane Kang Maha Sukci, anggolèki Laelatul Kadar, pun memba malaekat wau, sarwi bêkta sorog saombyok dipun krincing-krincingakên, dene pun Laelatul Kadar ingkang sampun lumêbêt rumiyin wau, sarêng mirêng ing jawi wontên malaekat Jabarail, [Jabara...]

--- 38 ---

[...il,] lajêng gugup manahipun, sarta mlajêng badhe mêdal kontên butulan kakunci, ngalih kontên satunggalipun ugi kakunci, pun Laelatul Kadar sarêng sampun katon budinipun lajêng nekad mêdal kontên ngajêngan, sarêng badhe jumangkah kontên inggal kasikêp kalihan Sang Jabarail tiron, bok Jamilah sarêng sumêrêp Laelatul Kadar gêlut kalihan malaekat lajêng tulung-tulung, saknalika para tôngga têpalihipun sami dhatêng sadaya, sarêng kapisah jêbul mak paringis ingkang memba Laelatul Kadar: punika kyai dhukun wau, ingkang memba malaekat punika pun Ragip, ing ngriku para nglayat sami ngungun sadaya, dene dhukun kêsdik tur sampun sêpuh têka gadhah pokal makatên.

Liding dongèng tiyang gugontuhon punika asring andadosakên kawirangan agêng.

B. K.

(12) Tiyang Murka.

Ing talatah nagari Ngerak, ing jaman kuna wontên satunggaling tiyang nama pun (Karun) salêbêting kitha ngriku botên wontên tiyang ingkang angungkuli kasugihanipun Karun wau, ananging manahipun [manah...]

--- 39 ---

[...ipun] sangêt murka saha cêthil, rintên dalu tansah ambudi indhaking kadunyanipun, anuju satunggaling dintên sadhèrèkipun nak-sanak tunggil kaki pancêr jalêr pêjah, tiyang wau ugi sugih rajabrana, ananging botên tilar waris anak jalêr èstri, saha bapa biyung bapa paman sasaminipun, utawi sadhèrèk ingkang ing Prail pikantuk bagiyan, punika andadosakên bingahing manahipun pun Karun, sadaya barang têtilaranipun lajêng kabêskup piyambak.

Botên antawis lami wontên akrapipun ingkang pêjah wau dhatêng saking mônca, ing suwau kakintên sampun pêjah, amargi kesahipun sampun lami sangêt, wusana waris ingkang sawêg dhatêng wau nêdha bagiyan, nanging Karun botên suka, sarèhning pabênipun sami kêncêng botên wontên ingkang purun ngawon, satêmah lajêng dados prakawis, nyuwun lêlêrêsan dhatêng pangadilan, mênggah paninbangingpanimbanging. pangadilan Karun kalêrês kawon, sanadyan bagiyanipun Karun wau taksih kathah, sarta cêkap kaangge nêdha nganggur, sajêgipun gêsang, ingatasipun umur gholip, têgêsipun umuripun tiyang ingkang mêjana (66) taun, ewadene kalongipun wau andadosakên rudatining manah, dangu-dangu saya ngênês, lajêng kacandhak ing sêsakit,

--- 40 ---

botên antawis dangu tumuntên pêjah, sadaya barang têtilaranipun Karun dhumawah dhumatêng akrap lêlawananipun pabên wau, amargi sampun sêpên waris ingkang wajib anampèni bagiyan.

Liding dongèng bôndha warisan ingkang kawoworan prakawis punika, limrahipun botên munpangati, utawi botên sêmpulur.

S. D.

(13)

Pamanggih ingkang mikantuki punika botên mêsthi dumunung wontên tiyang sagêd, têrkadhang tiyang papa, sarta tiyang ingkang winastan bodho dening tiyang kathah, asring kadunungan pamanggih ingkang mikantuki, awit saking punika, mila para tiyang kina utawi tiyang ambêk utami, botên purun sangêt angina dhatêng sasamining tumitah.

Saha malih tiyang ingkang pinuju kapêtêngan manah, wajib atêtakèn dhatêng sasamining tumitah, awit inggih punika wau pamanggih ingkang mikantuki botên masthi dumunung wontên tiyang sagêd kemawon, pêpindhanipun kados dêdongengan ing ngandhap punika.

Wontên satunggaling tuwan kabudidayan iyasa patamanan,

--- 41 ---

sasampuning karakit dados, têngahing patamanan lêrês badhe dipun êdêgi kopêl, inggih punika griya bundêr kangge wadhah musik, ananging pasitên ingkang têngah lêrês wau, wontên selanipun kumalasa bundêr, agêngipun kintên kalih elo pasagi, kajêngipun tuwan, sela punika badhe kasirnakakên, tuwan lajêng amanggihi arsitèk, nêdha katrangan pintên waragadipun anyirnakakên sela wau, arsitèk anêdha prabeya sakalangkung kathah, amargi nyirnakakên sela samantên wau, kêdah katindakakên kalihan rowa, sarta baunipun kêdah botên kirang saking tiyang 50. Tuwan lajêng manggihi arsitèk sanèsipun, ananging panêdhanipun langkung kathah katimbang arsitèk ôngka 1 wau, awit anyirnakakên sela samantên wau, kêdah sarana mawi dhinamit, inggih punika sela kaêbur rumiyin ingkang lêbêt, nuntên kadekekan dhinamit, kasumêt dhinamit lajêng anjêblos, panjêblosing dhinamit sagêd anyumyurakên sela, sarèhning tuwan manah kawisên, mila panêdhanipun arsitèk kêkalih wau amung dipun wangsuli: badhe kamanah rumiyin, tuwan lajêng mantuk, sadumuginipun ing griya cariyos dhatêng para rencang ingkang sami nyambut damêl, kados kasêbut ing nginggil wau, para rencang sami ngungun, ing nalika punika, [puni...]

--- 42 ---

[...ka,] lajêng wontên satunggiling tiyang dhusun, ingkang damêlipun angladosi tukang banyu matur dhatêng tuwan, piyambakipun kadugi nyirnakakên sela wau kalihan tindak ingkang gampil, tuwan sakalangkung bingah lajêng parentah dhatêng para rencang supados sami biyantu dhatêng tiyang dhusun punika, tiyang dhusun lajêng tumandang, inggih punika adamêl jugangan wontên sacêlakipun sela wau ingkang wiyaripun kintên kalih elo saprapat pêsagi, sarêng sampun rampung sela nuntên kajorogakên gumalundhung dhatêng salêbêting jugangan, lajêng kaurug sarta kaêbrug waradin saha sae, dene tirahaning siti dhudhukan lajêng kaurugakên dhatêng têtanêman ing patamanan ngriku, tuwan kabudidayan sarêng sumêrêp tindakipun tiyang dhusun punika sakalangkung eram, wêkasan sangêt bingahipun, tiyang dhusun lajêng kaganjar arta sadasa rupiyah, sarta kadadosakên pangajênging para kuli, utawi bau ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayanipun (mandhor).

Liding dongèng tiyang ingkang ambuka dhatêng kapêtênganipun tiyang sawêg nandhang ribêt, punika asring anarik dhatêng kabêgjaning jasatipun.

A.S.

--- 43 ---

(14)

Wontên satunggiling tiyang sêpuh amulang dhatêng anakipun jalêr tuwin èstri.

Dhuh anakku gèr, mênawa kowe wis laki sing bêkti marang lakimu, nalikane jaman Kangjêng Nabi Mukhamad, ana sawijining wong wadon jênênge: Imra Atulkotob,Abdulkotob (dan di tempat lain). bangêt bêkti marang lakine, têgêse nglakoni panggawe patang prakara, siji mantêp sarta wêdi lair batin, loro nglakoni apa prentahe kang lanang, sarta kang miturut prentahing sarak, têlu bisa nyimpên wadine wong lanang, papat mêruhi kang dadi kêkarêmane kang lanang, Imra Atulkotob iku saka bêktine marang laki sabên dina pakaryane golèk kayu marang alas, sakwise olèh banjur diêdol pisan, yèn wis payu dhuwite ginawe balônja kabutuhane ngomah, sarta karêmane bojone, amarga lakine ora tau nyambut gawe kajaba mung ngibadah bae, mula nganti karan Imra Atulkotob, têgêse iya wong wadon kang golèk kayu.

Anuju sawijining dina, Imra Atulkotob iku kapriksan dening Gusti Siti Patimah, banjur dinangu: apa sababe dene wong wadon têka golèk kayu, ature dianggo ngingoni [ngi...]

--- 44 ---

[...ngoni] lakine, amarga lakine ora bisa nyambut gawe, Gusti Siti Patimah sangêt eram panggalihe, dene wong wadon bangêt ênggone bêkti marang bojo, sakwise mangkono Gusti Siti Patimah matur marang kang rama, ature mangkene: kangjêng rama, pun Imra Atulkotob punika anggènipun bêkti dhatêng lakinipun têka angeram-eramakên, punika ing benjing manjingipun suwarga rumiyin pundi kalihan kula, dhawuhe gusti kangjêng nabi mangkene: anggèr mênawa gone lumêbu suwarga dhisik Imra Atulkotob tinimbang kowe, Gusti Siti Patimah barêng ngrungu dhawuhe kang rama mangkono iku banjur amuwun, basa mangkono gusti kangjêng nabi dhawuh manèh mangkene: he anakku gèr Patimah, kowe aja anangis, mula Imra Atulkotob kang malêbu marang suwarga dhisik, amarga anuntun tunggangamu, amasthi luwih dhisik tinimbang kang nunggang.

Tiyang sêpuh lajêng sanjang dhatêng anakipun makatên: kang iku anggèr yèn kowe wis laki, marang bojomu kang luwih bêkti, anirua Imra Atulkotob supaya bisaa andhèrèk Gusti Siti Patimah manjing sawarga, awit wong kang bêkti marang lakine iku anggèr ora ngamungake olah sawarga ngakherat bae, [ba...]

--- 45 ---

[...e,] sanadyan ana dunya iya olèh sawarga.

Anakipun jalêr lajêng matur dhatêng bapakipun: bapak mênggah tiyang bêkti dhatêng laki punika awrat pundi kalihan bêkti dhatêng tiyang sêpuhipun.

Bapa: abot bêkti marang laki, amarga dhawuhing Pangeran kasêbut ana ing Kuran mangkene: lamun wong wadon arêp duwe kêkarêpan marang sawiji-wijining panggawe, ing môngka lakine ora nglilani, iku Pangeran iya ora nglilani, kosokbaline: mênawa kang lanang nglilani: Pangeran iya nglilani, mangkono sapiturute.

Anak, mênggah anak punika anggènipun malês dhatêng tiyang sêpuhipun punapa sah dipun sauri kasaenan kemawon.

Bapa, ora bisa sah, amarga si anak nalika ana ngêtêngan, êmbokne rêkasa bangêt, sarta nganggo amêng-amêngan nyawa, sarta nalika laire, êmbokne iya ngrasakake lara bangêt, utawa ngopèni wiwit cilik tumêka ngakil.

Nalika jaman kuna ing nagara Ngêsam, ana sawijining rôndha duwe anak lanang siji, sabên taun êmbokne diajak munggah khaji marang Mêkah lumaku dharat bae, êmbokne dipundhak, supaya aja nganti kêsêl, ing môngka nagara Ngêsam iku têkaning [têka...]

--- 46 ---

[...ning] Mêkah yèn dilakoni dharat lakon 60 dina, gone lunga khaji nganti kaping sêpuluh. Dadi anak rôndha gone mundhak biyungne 1200 dina, anak rôndha wis rumôngsa nyaur kabêcikan marang wong tuwane, sarta banjur matur marang sawijining ngulama Mêkah, mungguh ênggone bêkti mênyang wong tuwane mau apa uwis dadi panyaure. Wangsulane ngulama kalawan sêrêng: aja manèh mung samono dina, bok iya sajêgmu urip nyunggi marang wong tuwamu durung paja-paja sah, lan manèh upama gonmu nyaur marang wong tuwamu iku wiwit pucuke darijimu sikil tumêka pucuke rambutmu iya durung bot.

Tiyang sêpuh anglajengakên cariyos dhatêng anakipun makatên: anggèr, sejene carita ing dhuwur aku duwe dongèng manèh, nalika jaman kuna ing nagara Arab ana wong sumpah dhewe mangkene: dêmi Allah, lamun aku ora bisa turu suwarga bojoku dak talak.

Mupakate para imam ing nagara Mêkah, dikon turu ana ngisore talapakane sikile êmbokne, mungguh mupakate para imam mau miturut dhawuhing Pangeran kang kasêbut ing Kuran, suwarganing anak iku ana sangisoring têlapakan sikile êmbokne, mula êmbok iku dadi lawanging bêja lan [la...]

--- 47 ---

[...n] cilaka.

Anak, tiyang ingkang bêkti dhumatêng êmbokipun punika angsalipun punapa.

Bapa, olèh ganjaran dhewe, nanging ora kêna diurupake minôngka wêwalês marang bokne, sarta bapakne.

Anak, guru punika punapa ugi wajib dipun bêktèni.

Bapa, uga wajib, amarga guru iku kang amêruhake ala lan bêcik, kabèh wêwêkasing guru kudu dilakoni.

Nalika ing jaman kuna ing nagara Bagêdad, ana sawijining pêkir. Duwe anak lanang siji, saking kapengine duwe anak bisa ngaji anake mau banjur dipasrahake marang sawijining guru, uga ing Bagêdad kono, anak pêkir diwulang landhêp atine nganti bisa apal Kuran sarta alim marang kitab, dhasar suwarane bêcik, lagu sabarang bisa, saka kapenake lagu sarta bêciking swara, sadhengah wong kang ngrungu nganti nangis, mulane wong kang krungu padha nangis amarga atine kelingan marang Pangerane.

Anuju sawijining dina, barêng gurune arêp tinêkakake jangji, anake si pêkir diwêkas, calathune mangkene: thole aku mêkas karo kowe, yèn kowe ngimpi aja kokandhakake [ko...]

--- 48 ---

[...kandhakake] marang wong kang ora mangsuli mangkene, bêcik impènmu iku.

Anuju malêm Jumungah anak pêkir turu karo bapakne sarta bokne, dene patrape gone turu: bapakne ana ngiringane têngên, êmbokne ana iring kiwa, wusana anak pêkir ngimpi tangane têngên nyêkêl srêngenge, tangane kiwa anyêkêl rêmbulan, ngisoring sikil lan dhuwuring sirah ana lintange, ora antara suwe anak pêkir tangi karo gragapan banjur anggugah êmbokne, êmbokne barêng digugah kagèt apa sêbabe dene anggugah, anak prasaja mênawa awake ngimpi, êmbokne takon ngimpi apa, wangsulane anak ora bisa ngandhakake, êmbokne barêng takon anake ora prasaja bangêt nêpsune, sarta anggugah bapakne, bapakne barêng tangi takon karo anake, calathune mangkene: anggèr kowe ngimpi apa, kôndhaa karo aku, wangsulane anak, aku ora bisa ngandhakake impènku, bapakne ngucap manèh, o gèr kowe lagi duwe impèn bae wis ora gêlêm balakakake marang aku, saiba duwea ngèlmu kang adi utawa rajabrana manèh kênaa grêbrèbèl, yèn mangkono apa pêrlune

--- 49 ---

aku ngopèni barang ora maedahi, bapakne banjur calathu karo bojone mangkene: bokne anakmu saiki arêp tak dol awit wis têtela ora maedahi, yèn payu dhuwite kêna ginawe tuku onta, lan wêdhus gibas.

Wangsulane bojone: yèn makatên prayogènipun dipun sade dhatêng juragan kapal kemawon, supados sampun ngantos kêtingal dhumatêng kula, sajroning calathu mangkono ing batin karo mêmuji mangkene: He Gusti Ingkang Maha Kawasa sanadyan anak kula badhe kasade dados tiyang tumbasan, ing têmbe mugi sagêda angsal drajat ingkang luhur sarta kawilujêngan, bapakne calathu manèh marang kang wadon, bokne anakmu sesuk mêsthi dak tawakake juragan kapal sing têka kene.

Esuke si anak banjur digawa mênyang plabuhan ditawakake juragan kang lagi têka, nanging panganyange mung 400 ringgit, seje dina ana juragan têka manèh, iya pancèn arêp tuku uwong, basa ditawani anak pêkir pênganyange 500 ringgit, bapakne wis anguwèhake, sawise nampani dhuwit banjur ditukokake onta, lan wêdhus gibas.

Tiyang sêpuh nglajêngakên anggènipun dongèngakên dhumatêng anakipun, sawise bapakne ananjakake dhuwit mau, kapitan [ka...]

--- 50 ---

[...pitan] kapal dhawuh marang kalerehane, supaya bêdhol jangkar anglakokake kapale, ing wêktu iku sagara sêpi ombak, dadi kayadene balumbang bae, lakuning kapal olèh angin bêcik, ing kono rayat kapal padha nglairake kasênêngane, ana kang pujian ana kang rêngêng-rêngêng, kaptin kapal kelingan, yèn mêntas tuku bocah, banjur ditimbali sarta kadangu:

Kaptin, hèh anak budhak, aku takon marang kowe, kang dadi kapintêramu apa, rèhning kowe dak tuku larang mêsthi kudu ana pêthingamu.

Budhak, o inggih dara tuwan kaptin, kula punika sagêd ngaos kitab, ananging pêthingan kula mênawi dêrês Kuran, amargi kula apal sarta paham dhumatêng tajwit.

Kaptin, coba dêrêsa Kuran kalayan apalan, aturipun budhak sandika, barêng bocah mau dêrês Kuran, kang ngrungu nangis kabèh, amarga saka bêciking suwara sarta lagune, lan pasèh wacane, sawuse rampung gone dêrês, kaptin dangu manèh, apa sababe kapintêramu samono utawa bagus rupamu têka nganti didol karo wong tuwamu.

Bocah, mila kula kasade amargi kula gadhah impèn botên purun mêdharakên.

--- 51 ---

Kaptin, kowe ngimpi apa.

Lare budhak, inggih kula supêna.

Kaptin, iya ngimpi apa.

Budhak, kula botên purun ngaturakên impèn kula.

Kapitan banjur duka bocah mau nganti disiasat, dicancang ana ing tiyang nganti têlung dina têlung bêngi, lan ora diingoni, lan manèh sabên wêktu disapu bokonge 12 jêblesan, ewadene mêksa ora gêlêm ngandhakake impène, muhung nêtêpi wasiyate gurune.

Kapitan kapal andangu manèh sarwi angagar-agari pêdhang, hèh budhak pilih êndi mêdharake impènmu karo tugêle gulumu, bocah ora sumaur, pamikiring kaptin lamun dipêdhang sayêkti banjur mati ora ngagak-agak, luwih bêcik dicêmplungake sagara bae, matine karêbèn sawatara suwe, bocah nuli diuculi, kaptin dhawuh marang mantruse, bocah iki cêgurna sagara bae, mantrus barêng ngrungu dhawuhing kaptine tanpa samaya banjur gupuh bocah mau dibopong kauncalake marang laut, barêng dicêgurake marang laut olèh pitulunging Pangeran, sinôngga ing iwak gêdhe, ginawa marang pinggir, têkan jajahan laut nagari Ngirog, ing kono bênêri [bênêr...]

--- 52 ---

[...i] ana wong mancing, awit esuk tumêka manjêring srêngenge gone mancing durung olèh iwak, wong mancing atine prihatin bangêt, sarta angêrsula, nyênyuwun marang Pangeran, dhuh Gusti ingkang nitahakên dhumatêng badan kula, saha ingkang paring pêprentahan, kula nyuwun rijêki badhe kula angge nipkahi anak rabi kula, mugi paringa mêdal saking sagantên punika, ora antara suwe wêruh bocah kampul-kampul saya minggir, wong mancing bangêt kagète, dene sagara ana bocah kampul-kampul saya suwe saya minggir, barêng cêdhak bocah diêntasake sarta ditakoni.

Wong mancing, he bocah kowe iku manungsa apa jim.

Bocah, kula punika manungsa, anakipun tiyang pêkir nagari Bagêdad, mila kula dumugi ngriki, ing suwau kasade tiyang sêpuh kula dhumatêng kaptin kapal katumbas 500 ringgit.

Wong mancing banjur ora takon manèh sarta nyêkêl tangane, kaajak lumaku sarwi gumrêmêng: mancing sadina ora olèh iwak iki olèh bocah, dak êdole yèn payu 500 ringgit, kêna dak anggo tuku wêdus gibas sarta onta, bocah banjur kaajak marang panggonaning Dalal, iya iku tukang tuku budhak sarta adol.

--- 53 ---

Dalal ing nagara Ngirog mêntas tômpa wêlingane Sultan Ngirog, mênawa ana wong kang duwe budhak kang rupane bêcik utawa isih ênom, ora kêna diêdol marang wong cilik, kudu diunjukna marang sultan dhisik.

Wong mancing, kang olèh budhak mau wus têka omahe Dalal sarwi uluk salam, Dalal uga jawab salame.

Dalal, kisanak sampeyan pêrlu punapa dhatêng ngriki.

Tiyang mancing, kula badhe sade lare jalêr.

Dalal, rêgi pintên, bilih angsal mirah kula inggih ajêng, amargi badhe kula sade malih.

Tiyang mancing, bilih sampeyan kêrsa, kula nyuwun 500 ringgit, botên kenging kirang.

Dalal, inggih kula sampun ngajêngi punapa sapanêdha sampeyan.

BiyangTiyang. mancing, banjur dibayar limang atus ringgit, sawuse ganêp ênggone nampani dhuwit, enggal ginawe tuku wêdhus gibas lan onta, mulih wis nuntun wêdhus lan onta.

Dalal sarèhning wus nampani wêlinging sultan, bocah mau banjur diaturake, Dalal kaparingan dhuwit 1000 ringgit, Dalal mundur bangêt bungahe atine, gone olèh bathi

--- 54 ---

500 ringgit.

Sultan dangu marang bocah, hèh budhak apa kang dadi kapintêramu, ature budhak bisa apal Kuran, sultan dhawuh andikakake dêrês, budhak banjur andêrês lagune dibrêgas-brêgasake, nganggo lagu cara Mêsir, kabèh wong kang ngrungu pandêrêse bocah mau awit saka kapenake banjur nangis eling marang Pangerane, sawuse rampung pandêrêse, bocah didangu manèh karo sultan.

Sultan, he budhak, apa sababe kapintêramu ngluwihi mangkono têka dadi budhak, apa pancèn anak budhak apa anake wong mardika.

Bocah, sayêktosipun kula punika anakipun tiyang mardika, ananging tiyang sêpuh kawula punika pêkir, ing nagari Bagêdad, mila kawula kasade dening tiyang sêpuh kawula, amargi kawula punika darbe supênan, bocah ambanjurake unjuke purwa madya wasana.

Sultan, apa kang dadi impènmu têka nganti kok labuhi lara pati.

Bocah, inggih kawula supêna.

Sultan, iya ngimpi apa coba matura marang aku.

--- 55 ---

Bocah, kawula botên purun munjuk ingkang dados supêna kawula.

Sultan bangêt gone duka, banjur dhawuh marang prajurite supaya budhak mau dikunjara.

Kunjaran ing nagara Ngirog iku ana sangisoring kadhaton, amarga wus lumrah omah ing tanah nagara Ngarab iku sungsun papat utawa lima, gone ngunjara bocah mau ana kaputrèn, prênah gêdhonge putrane putri sultan, kang nyèthi ana ing kono putrane patih lan putrane kapala pêrang, bocah mau ana sajroning kunjaran atine susah bangêt, saka judhêging atine banjur dêrês Kuran kalayan apal-apalan, sakabèhaning wong kunjaran kang karungu padha anangis, apadene sang putri dalah saparêkane barêng ngrungu iya muwun, sawuse mênêng gone dêrês Kuran, sang putri utusan niliki sarta dikon ambêsêli marang wong kang jaga kunjaran 10 dinar, para nyai kang diutus mariksa wus angèstokake dhawuhe sang putri apa sapêrlune, sarta matur marang sang putri, mênawi lare ingkang ngaos Kuran wontên ing kunjaran punika budhakipun ingkang rama, kasagêdanipun samantên punika timbang kalihan wujudipun, warninipun lare pancèn bagus sangêt, sang

--- 56 ---

putri dhawuh manèh: bok êmban dhuwit 500 ringgit iki paringna kang jaga, dhawuhana yèn budhake kangjêng rama dak pundhut, bok êmban matur sandika, sawuse didhawuhake, bocah banjur diajak ngadhêp marang ngarsane sang putri, pandangune sang putri, he budhak têka kowe dikunjara karo kangjêng rama apa sababe.

Bocah matur marang sang putri miwiti malah mêkasi.

Sang putri, kowe ngimpi apa.

Bocah, inggih sang putri kawula supêna.

Sang putri, muga Pangeran andadèkna impènmu bêcik, coba matura ngimpi apa.

Bocah, nalika dintên malêm Jumungah tanggal kaping 15 wulan Sakban taun anu, kawula nyupêna: tangan kawula ingkang têngên nyêpêng srêngenge, ingkang kiwa nyêpêng rêmbulan, nginggil sirah saha ngandhap suku wontên lintangipun.

Sang putri, coba aku dak nimbali ngulamane kangjêng rama supaya batanga impènmu.

Para ngulama sawuse ditimbali nuli sowan nganti bakda ngisa, kadhawuhan batang impène bocah mau, ature ngulama, mênggah pambatang kawula gusti, lare punika kasantunana busana

--- 57 ---

ingkang sae-sae, saha mugi kaparênga tilêm wontên ing kanthil panjênêngan, sapratikêling ngulama mangkono iku sang putri uga mituruti, sarta ngulama matur manèh, dhuh gusti panjênêngan kaparênga sare wontên ing têngênipun, anakipun patih ingkang wontên kiwa, dene ingkang wontên ngandhap anakipun kapala pêrang, sang putri uga tan suwala marang pratikêling ngulama mau.

Kacarita ing bêngi iku sultan banjur ngimpi kayadene gone mratikêlake ngulama iku, sanalika sultan banjur wungu sarwi ngliga pêdang, marani marang panggonane sang putri, barêng wus têka kono enggal dicêgati dening ngulama mau, sarwi angaturake mungguh lêlakone sang putri sarta impène budhak, purwa madya wasana, sultan banjur lilih dukane sarta dangu kapriye mungguh kang dadi karêpe, ature ngulama mangkene, srêngenge, punika putraning sultan, rêmbulan punika putraning patih, dene lintang punika putraning kapala pêrang, lintang nginggil sirah punika wali, sultan uga mituruti kang dadi karêpe ngulama.

Kacarita bocah mau nuli didhaupake, karo putri têlu mau, sasedaning maratuwa bocah mau anggêntèni dadi Sultan ing Ngirog.

Liding dongèng thole, wong kang sabar ing coba sarta narima

--- 58 ---

iku bakal dhuwur wêkase, utawa wong kang mantêp wasiyating guru iku bakal antuk wahyu.

H. M.

(15) Tiyang Rabi Rangkokan

Nalika ing jaman kina kitha Grêsik wontên satunggaling tiyang nama Pak Malakin, padamêlanipun anglampahakên baita layar. Anuju satunggaling dintên Pak Malakin wau nglampahakên baita dhatêng Singgapura, ananging sawêg angsal lampahan kalih dintên baitanipun borot, têmahan kèrêm, Pak Malakin angsal tumpakan balabag anjalari wilujêngipun, ananging sarèhning blabag namung tansah kompal-kampul miturut lampahing ombak, badanipun Pak Malakin lajêng kagodhi kalihan balabag, sanadyan Pak Malakin wau sampun kantu ewadene botên sagêd pisah kalihan balabag, lami-lami, blabag sagêd minggir dhatêng gisik sacêlaking wana agêng, ing ngriku wontên satunggaling rangkokan kêthèk èstri, sumêrêp mênawi satêpining narmada ngriku wontên janma kumambang tumumpang ing blabag asawang kunarpa, rangkokan dahat wêlasipun, wusana enggal dipun purugi Pak Malakin wau lajêng kabêkta dhatêng ranggonipun, menggah ranggonipun [ranggoni...]

--- 59 ---

[...pun] rangkokan wau wontên sapucaking mandera, sarta mawi susuh ingkang kapêtha kadosdene kasuran, wontên ing ngriku Pak Malakin dipun upakara, kaombenan toyaning siwalan, saya dangu Pak Malakin katingal kêkêtêgipun angantawisi mênawi gêsang, ponang rangkokan sakalangkung bingah, Pak Malakin sarêng sampun èngêt sangêt kaget, dene rinubung kêthèk, tur wontên sapucakung mandera, mila sanadyan Pak Malakin wau sampun èngêt, ananging taksih api-api dèrèng èngêt, pangunandikaning manah, kêthèk iki têka bangêt têmên ênggone anggumatèni marang aku, yèn mangkono apa dadi kosokbali, lumrahing wong duwe klangênan kêthèk, saiki ana kêthèk duwe klangênan uwong, nanging saupama aku ora mituruta, bokmênawa malah nandhang kasangsara, aluwung aku mituruta bokmênawa suwe-suwe olèh pitulunging Pangeran, bisa mulih awor marang sapadhaku manungsa, sasampuning ngunandika makatên Pak Malakin lajêng linggih, rangkokan sakancanipun kêthèk alit-alit, sami angêthung-thungakên bêbêktanipun, wontên ingkang bêkta sêmôngka timun, kacang tela klapa, siwalan lan jambu, jagung, mulwa, srikaya, sasaminipun, Pak Malakin nampèni kalihan mangkorog githokipun, saya lami Pak Malakin [Ma...]

--- 60 ---

[...lakin] sansaya wanuh, saha mangrêtos cara-caranipun kêthèk, sarta Pak Malakin wau asring-asring kaajak sêsanjang dhatêng ranggoning kônca-kancanipun kêthèk wau, nanging nadyan kathah rangkokan amung rangkokan satungal punika beda sangêt kalihan ingkang kathah-kathah, wulunipun mêlês gilap, ulatipun tajêm, Pak Malakin kalihan pun rangkokan siyang dalu botên nate pisah, dangu-dangu pun rangkokan angsung sasmita anggadhahi kajêng dhatêng Pak Malakin, Pak Malakin badhe botên purun, ponang rangkokan adrêng sangking kajêngipun sarwi mringis angatingalakên siyungipun, Pak Malakin sampun kabutuh budinipun, dados inggih mituruti, nanging mênggah rêranggènipun kêmpaling jalu wanita botên kacariyosakên ing ngriki, lami-lami rangkokan gadhah anak mêdal jalêr, ugi warni munyuk, nanging wuluning sirah panjang-panjang, Pak Malakin sanadyan sampun sarupi bojo saha sampun patutan, ewadene manahipun botên pisan-pisan anggadhahi bingah mandar saya susah, sadintên-dintên Pak Malakin wau akèn madosakên kalapa saktabonipun sêpêtipun lajêng katampar, pêrlu badhe kadamêl mandhap, jalaran saupami badhe mandhap malorot awit rumaos botên sagêd, sapisan inggil sangêt, kaping kalih kathah rinipun, [ri...]

--- 61 ---

[...nipun,] ponang rangkokan botên pisan-pisan anglêgewa ingkang dados akalipun Pak Malakin, wusana sinjang saha rasukanipun lajêng kakèrèk minggah, kangge tôndha supados sumêrêpa tiyang nglampahakên baita, amargi sampun limrahipun tiyang anglampahakên baita mênawi sumêrêp sandhangan dipun kèrèk sampun têmtu ing ngriku wontên tiyang kasusahan.

Anuju satunggaling dintên, wontên baita langkung sacêlaking ngriku, sarêng juru nglampahakên baita ngèkêr, wana sapinggiring samodra ngriku katingal wontên kalèbèting sinjang, juru baita enggal anggènipun murugi, sarêng baita sampun minggir Pak Malakin samudana dhatêng rangkokan akèn madosakên têtêdhan ingkang sawatawis kathah, sarêng lampahipun rangkokan wau kakintên sampun têbih, Pak Malakin enggal anggènipun ngulur tampar sêpêt wau, kacancang kalihan pang agêng, Pak Malakin lajêng mlorot nurut tampar, sadumugining ngandhap enggal anggènipun lumajêng sipat kuping, sarêng dumugi baita Pak Malakin akèn anglampahakên kalayan rêrikatan, awit bokmênawi sêlak katututan rangkokan, têmtu andadosakên bêbaya agêng, baita sawêg kalampahakên rangkokan sampun dhatêng sapinggiring sagantên sarwi bêkta anakipun, sarêng sumêrêp Pak Malakin [Mala...]

--- 62 ---

[...kin] sampun sawatawis têbih lajêng bêngok ciyat-ciyèt sarta ngêthang-thungakên anakipun, wangsulanipun Pak Malakin: o ora luwih iya mung andum salamêt bae, kowe muliha marang omahmu, aku tak mulih marang omahku. Rangkokan sarêng mirêng wangsulanipun Pak Malakin makatên, sanalika anakipun kabanting-banting, sarta kasuwèk-suwèk cangkêmipun, badanipun piyambak aniba-niba.

Enggaling cariyos, baita wau sampun lêpas lampahipun, ingkang sinêdya dhatêng plabuhan Banjarmasin, Pak Malakin kapêksa mandhap wontên ing ngriku, sarèhning Pak Malakin wau botên gadhah arta, dados wontên ing ngriku sangêt kasrakatipun, bêrah dondomi awis ingkang ngêndêl, sadintênipun namung angsal 10 sèn, têrkadhang namung 5 sèn, malah kêrêp botên wontên ingkang dondomakên, Pak Malakin sabên enjing sontên lêledhang dhatêng pinggiring sagantên, sarta asangu roti, anglêlipur manahipun, ananging botên sagêd lipur, mandar saya susah, pangunandikaning manah makatên: saupama lêstari kaya mangkene angur tumuli matia, Pak Malakin wau lampahipun saengga tiyang nglalu, anglangut turut gisiking sagantên, sumêngka ing wukir tumurun ing jurang têrbis, nusup angayam wana, dangu-dangu

--- 63 ---

saking katêbihan sumêrêp pratamanan endah, wontên ing gisik sasêlaning wukir, kadi pacêngkramanipacangkramaning. para putri, rinêngga sri gapura, tugêl-tugêling wukir kinubêngan toya, sampun kodrat ananging kados pinatut ing manungsa, papêthetan kakêmbangan warni-warni, pasang rakiting tanêman miwah pasêmoning papan, tuhu angebat-ebati, ananging nolèh nganan ngering botên wontên margining tiyang, Pak Malakin aningali sangêt gumunipun, dangu-dangu sumêrêp tapaking tiyang namung muthêk wontên ing gisik ngriku kemawon, Pak Malakin manahipun anggraita lajêng andhêlik wontên sangandhaping kêkajêngan sacêlaking grumbul, wontên ing ngriku ngantos nyipêng sadalu, enjingipun kintên-kintên wanci jam 7 katingal wontên tiyang pating jrêdhul, saking sagantên, warninipun ayu-ayu, kulitanipun pêthak, rambutipun kathah tur panjang cêmêng sêmu wilis, mripatipun blalak-blalak, sêdhètsèdhêt. agalak ulat, naracak sami agêng inggil, tur bongoh sarta sengoh, dumênakakên manah, nanging sami ngliga sarira sadaya, inggih punika dede manungsa, ananging ulam sagantên, sang mimba dyah wau sami sukan-sukan, gêgujêngan oyak-oyakan akalihan kancanipun, rikat-rikat sarta kèwês ing solahipun, Pak Malakin sarêng sumêrêp [sumêrê...]

--- 64 ---

[...p] solahipun kados banthèng katawan, sayahing badan saha ajuring talapakan ingkang mentas karèndhèt-rèndhèt ngêri, mantun sanalika, dupi lampahipun ulam mimba manungsa sampun têbih kalihan toya, Pak Malakin tandya cancut taliwônda, angoyak ingkang dipun sênêngi piyambak, plajêngipun ponang mimba dyah ayu wau sakalangkung rikat, utawi sajak mancolot, ing sarèhning mlajêng sawatawis têbih wantuning mina saya dangu saya botên gadhah kêkiyatan, ponang dyah wau saèstu kenging kacêpêng dening Pak Malakin, enggal dipun gendhong, sarêng sampun têbih kalihan narmada lajêng dipun dandosi, sarta lajêng kabêkta dhatêng pondhokanipun, tôngga tapalih ingkang sami sumêrêp sangêt eraming manahipun, dene bojonipun Pak Malakin sakalangkung sulistya ing warni, nanging cacadipun tèka bisu, sarta botên mangangge, saha tôngga têpalih wau sami nyumêrêpi bojonipun Pak Malakin katingal susah, kakintên awit saking anggènipun botên gadhah sandhangan, wusana para tôngga têpalihipun, sami nyukani sandhangan tuwin arta, punapa malih Pak Malakin lajêng kathah ingkang nyukani pandamêlan, botên watawis lami Pak Malakin sagêd kacêkap, sagêd damêl griya agêng, sarta dipun êndêl sade intên, dangu-dangu bojonipun [bojoni...]

--- 65 ---

[...pun] mangrêtos, mênawi intên punika adi-adining pêpaès, Pak Malakin lajêng dipun sukani sela (watu) ingkang sampun dipun sêrat, ungêling sêratan suka sasmita supados sela punika kacêmplungna ing sagantên panggenanipun nalika piyambakipun mêndhêt bojonipun, Pak Malakin mituhu sasmitaning bojo, sadumugining gisik pratamanan, sela dipun uncalakên dhatêng sagantên, botên watawis dangu wontên balang saking salêbêting sagantên 10 iji, agêngipun samaja-maja, balang wau sarêng dipun tingali intên ingkang sakalangkung sae, Pak Malakin enggal anggènipun bêkta mantuk, kalihan suka-suka manahipun, awit mêsthèkakên mênawi piyambakipun badhe sugih angungkuli tôngga têpalihipun, sadumugining griya intên lajêng kapêcah kadamêl sapantêsipun, anggènipun sade sawatawis kamirahakên, dados sadaya tiyang bakul intên sami kilak dhatêng piyambakipun, sanalika dados sugih andêrbala, dangu-dangu bojonipun gadhah anak mêdal èstri nanging konduran, jabang bayi wilujêng, mênggah gêtunipun Pak Malakin sampun tanpa upami, sapisan ayu warninipun, kaping kalih anjalari dados kamulyanipun.

Liding dongêng sadaya kamulyan utawi kaelokan, punapa [pu...]

--- 66 ---

[...napa] malih kadadosan, punika mêrtandhani wontênanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa.

B. K.

(16)

Pahalanipun tiyang têmên badhe sêmpulur karaharjanipun, sarta angsal piandêl sae saking salamining tumitah, awit limrahipun tiyang wicantên: sapa têmên-tinêmênan (dening Pangeran) utawi: sapa têmên tinêmu (ingkang sinêdya).

Kosokwangsulipun tiyang goroh amurêtakên kabêgjan, tiyang waskitha botên kasamaran dhatêng pandukipun tiyang goroh, sanadyan pun goroh darbea gêlar kados punapa.

Tiyang goroh badhe botên angsal piandêl sae, saking sasamining dumadi, limrahipun tiyang wicantên: wong goroh garowah (kabêgjanipun), tiyang ingkang sampun katitik rêmên goroh sanadyan cariyosa satêmên-têmênipun inggih mêksa botên pinitados, dongèng ing ngandhap punika minôngka gambaripun tiyang goroh, têmah garowah kabêgjanipun.

Ing jaman kina ing nagari Krikêntan wontên satunggaling nyonyah toko asade badhe rasukan warni-warni, mênggah pangrimatipun [pangrimatipu...]

--- 67 ---

[...n] sakathahing badhe rasukan wau wontên salêbêting lêmari kakunci, dene soroging lêmari punika sadintên-dintên kabêkta dening nyonyah piyambak, anuju satunggaling dintên, nyonyah kecalan badhe lènên (lenah) saêmblog, icaling lènên punika andadosakên gawoking akathah, awit saking anyalawados, môngka soroging lêmari awis oncat saking nyonyah, samangke nyonyah darbe pangintên, ingkang nyolong lènên wau têmtu rencangipun piyambak, ingkang nyambut damêl ing toko, mênggah pamêndhêtipun nalika nyonya sawêg nêdha, soroging lêmari nuju kantun wontên toko.

Ing nalika punika sadaya rencang ing toko sami kaundang dhatêng ngajêngan nyonyah, karantên nyonyah badhe sumêrêp sintên ingkang darbe watêk durjana punika, sarêng para rencang sampun sami dhatêng ing ngajêngipun nyonyah, lajêng sami dipun pitakèni, têmbungipun: he kônca-kancaku kabèh, aja padha dadi atimu, sarèhne aku kelangan lènên saêmblog, mula wajib aku takon ing kowe, apa kowe padha sumurup, para rencang sami mangsuli: botên, nyonyah lajêng cariyos, yèn mangkono aku arêp gawe tôndha, nanging padha mituruta saparentahku, para rencang sami saurpêksi: badhe angèstokakên, [a...]

--- 68 ---

[...ngèstokakên,] nyonyah lajêng mêndhêt lènên sarwi wicantên, ênya kowe kabèh padha dak wènèhi lènên nyaêmblog, kang dawane padha nglimalas jar, iki padha gawanên mulih, sesuk esuk yèn kowe malêbu lènên iki padha gawanên bali, antarane kowe kabèh, êndi kang lènênmu dawa dhewe, iya iku kang nyolong, rencang sami nampèni lènên nyaêmblog, ananging sami gumujêng, raosipun: punapa wontên lènên badhe sagêd modot, nyonyah amangsuli: karêbèn iya padha nuruta bae, rencang lajêng sami mantuk sowang-sowang, sadumuginipun ing griya, pun Sidin inggih punika ingkang nyolong lènên, manahipun tansah botên sakeca, awit sumêlang bokmênawi bagiyanipun lènên langkung panjang tinimbang akalihan bagiyaning kancanipun, saèstu badhe katitik awoning lêlabuhanipun, mila pamanggihipun lènên anggèning nyukani nyonyah punika prayogi kakêthok sawatawis nyari kemawon, supados benjing enjing mênawi kapriksa dening nyonyah katingala cêlak piyambak, pamanggih ingkang makatên punika ugi lajêng dipun lêksanani.

Ing dalu botên kacariyos, sarêng enjingipun para rencang sami malêbêt dhatêng toko, nyonyah ugi sampun wontên [wontê...]

--- 69 ---

[...n] ing ngriku, sasampuning para rencang kapetang jangkêp, lènên lajêng dipun tingali, ananging sadaya panjangipun taksih lêstantun, anggangsal wêlas jar, amung bagiyanipun Sidin dados cêlak piyambak, amargi sampun kaêlong sawatawis nyari wau, nyonyah lajêng wicantên: he kônca-kancaku kabèh, saiki aku wus sumurup wong kang nyolong lènênku, awit aku wus olèh tôndha kang yêkti, ananging tôndha mau pangiraku durung karuan yèn kêna katumrapake marang pangadilan, kowe kabèh sawuse ambalèkake lènên, iya isih padha lêstari dawane nglimalas jar, awit bênêr pangiramu, sayèkti andupara lènên bisa modod dhewe, nanging sumurupa, Sidin iki ambalèkake lènên nanging cêndhak dhewe, kalong sawatara nyari, anelakake yèn dhèwèke kang ngêlongi, mungguh ênggone ngêlongi mau duwe pangira bokmênawa bageyane luwih dawa katimbang lan bagiyanmu kabèh, amasthi bakal kawiyak lêlabuhane kang ora pantês, iya iku nyolong lènên, awit lumrahe wong nglakoni kadurjanan iku tansah sumêlang atine, mulane lènên banjur dikêthok sawatara nyari, supaya aku ngaranana marang dhèwèke, wong têmên, dene lènêne cêndhak dhewe, ora sumurup [sumuru...]

--- 70 ---

[...p] yèn tindak kang mangkono iku malah angebarake kaculikane, awit yèn wong têmên ora parlu sumêlang ing pandakwa, dadi saiki wus têtela yên Sidin kang nyolong lènênku.

Mungguh tindake Sidin kang mangkono iku anyèplêsi kayadene dongèng kang bakal dak caritakake iki.

Nyonyah lajêng dongèng kados ing ngandhap punika:

Ing jaman kuna ing nagara Tartar ana sajawining nangkoda jênêng Mali, panggaweane alaku dagang marang liyan praja, ki nangkoda mau uripe kalêbu cukup, ananging dhèwèke durung duwe anak bojo, anuju sawiji dina dhèwèke arêp pangkat dagang marang ing liyan praja, ing nalika iku ki nangkoda kulak barang-barang wêtuning nagara Tartar, kang payu didol ana ing praja liyan, sawuse barang-barang samapta, banjur rinukti miranti aparipurna.

Kacarita ki nangkoda anduwèni barang mas intên pangaji ewon, ciptane barang iku arêp dititipake marang sawijining mitrane tuhu jênêng Naam, marga saupama barang mau digawa sayêkti bakal agawe ribêding atine, ananging ênggone nitipake mau kalayan mawa tanduk sandi, iya iku barang dilêbokake kêndhil lêmah, banjur didokoki [didoko...]

--- 71 ---

[...ki] wohing sawo mênila, wusana kêndhil banjur ditutup mawa diancur, ing nalika iku Mali tumuli anêmoni Naam, banjur kôndha: têmbunge.

Mali, ki raka, kêndhil kula punika isi sawo mênila, taksih sami kêmampo, badhe kula titipakên ki raka supados sampeyan rimat ingkang sae, ing têmbe menawi anggèn kula dagadagang. sampun mantuk, badhe kula suwun.

Naam, prayogi: adhi, sumôngga kula cawisi pêthi satunggal dalah sorogipun, kêndhil sampeyan dèkèkakên pêthi punika, sasampunipun sampeyan sorog, sorogipun sampeyan bêkta piyambak, ing têmbe mênawi sampeyan sampun mantuk, ugi sampeyan pêndhêt piyambak saking pêthi punika.

Mali banjur tumandang, kêndhil kadokok pêthi tumuli kasorog, wusana banjur pamitan, ing karo-karone padha angêmu waspa, awit saka padha kasok trêsnane.

Kacarita Mali gone laku dagang marang praja liyan mau bisa sakolèhan, sarta akèh kauntungane, mula sanadyan barang dêdagangan gawane saka praja Tartar mau wus êntèk, ewadene banjur bangkèl candhak kulak barang-barang wêtuning praja liyan, [li...]

--- 72 ---

[...yan,] tumuli kaêdol marang praja liyane manèh, mula lakune ki nangkoda nganti watara pitung taun, banjur mulih marang Tartar.

Gênti kacarita nalika Mali wus mancal saka praja liyan marang Tartar, mitrane kang dititipi sawo mênila mau pinuju madhangan ing wayah sore karo anak bojenebojone. nunggal sameja, sawuse rampung kang wadon calathu: botên bapakne: olèhe titip sawo mênila Si Mali niku gèk bakal kaya napa rasane wong êmpun sêmontên taun lawase, kang lanang mangsuli: o kiraku wus sirna wujuding sawo amarga wus alam pitung taun, seje kang dak rasakake, kiraku Si Mali saiki wis mati, awit sajrone pitung taun mau dhèwèke têka ora awèh kabar apa-apa marang aku, yèn mangkono sawo manila mau luwih bêcik buwangên bae, amarga ora parlu angrumati sawo bosok, saiki golèka sorog kang mathuk pêthi iku, kang wadon amangsuli: botên bapakne, ampun dijupuk, pangira kula Mali bakal taksih bali, yèn makatên rak bakal gawe kuciwane pawongmitran, wangsulane kang lanang: wis ora pêrlu. Gone mangsuli mangkono mau karo angupaya sorog, barêng

--- 73 ---

olèh banjur dianggo nyorog pêthi, barêng wis mênga, kêndhil kabukak, ing dhuwur isi bosokan sawo mênila, kang wus sirna wujuding sawo, kêndhil banjur kasuntak, sakawit mêtu bosokaning sawo mênila, nanging banjur kasambungan kumrutuging barang mas intên mau, Naam sabojone gita anjupuki barang-barang mau tumuli kasimpên rêmit, esuke kang wadon enggal ênggone tuku sawo mênila marang pasar, sawuse olèh banjur kadokok ing kêndhil mau, kaancur sarta kalêbokake ing pêthi banjur kakunci manèh.

Barêng sawatara dina Mali tumuli mulih marang omahe, ing nalika iku dhèwèke enggal ênggone nêmoni mitrane, nalika Naam sumurup yèn Mali wus têka, agawe gêlar api-api bangêt bungah, sawuse bage-binage, Mali takon: ki raka pundi kêndhil kula ingkang isi sawo mênila, Naam amangsuli: sampeyan pêndhêt piyambak, wontên dekekan sampeyan lami, Mali enggal ambukak pêthi, tumuli anjupuk kêndhil banjur digawa mulih, satêkaning ngomah kêndhil kabukak, ing nalika iku Mali bangêt kagète, amarga barange mas intên wus sirna kabèh kari sawo mênila bae, mula dhèwèke enggal bali marang omahe Naam,

--- 74 ---

sarta pitakon, ki raka pundi barang kula mas intên ingkang wontên salêbêting kêndhil ngriki, Naam amangsuli sarwi anjingklak: êlo barang mas intên punapa, kula botên sumêrêp, cariyos sampeyan rumiyin, salêbêting kêndhil namung isi sawo mênila kemawon, wah malih ingkang dèkèk pêthi sampeyan piyambak, ingkang mêndhêt ugi sampeyan piyambak, botên wontên tiyang ngewah-ewah, teka sapunika wontên rêmbag susulan mas intên kadospundi.

Mali garundêlan banjur mulih, sarta nuli duwe atur ing pangadilan, Naam katimbalan marang ngarsaning pangadilan, ing nalika karo-karone wus padha seba ana ngarsaning pangadilan, prakara banjur kapariksa, Mali angaturake gugat, Naam angaturake jawab, padha kaya kasêbut ing dhuwur mau, ing nalika iku pangadilan banjur anibakakake karampungan, gugate Mali kabênêr ora pakolèh amarga sêpi kukutan, kang padha prakaran banjur dililani mundur.

Olèhe Mali atine bangêt kalara-lara, amarga saka durung trima karampunganing pangadilan, kasêbut ing dhuwur iku, mula sêdyane arêp ngaturake rêkès utawa pepe ana ngarsane sang prabu ing Tartar, esuke Mali banjur seba ing ngarsane [ngar...]

--- 75 ---

[...sane] sang nata, kairid dening wadana kang saos ing srimanganti, sawuse kalapurake, sang nata banjur andangu, apa karanane sira seba ing ngarsaningsun, unjuke Mali, kawula nuwun gusti, jrih kawula kaabdèkakên, mila abdi dalêm kawula sowan ing ngarsa dalêm, awit saking abdi dalêm kawula dèrèng narimah karampunganipun pangadilan dalêm, mila saking pangraos kawula botên wontên para kawula dalêm ingkang kadunungan kawicaksanan anjawi sampeyan dalêm, amila kawula amung ngeyup wontên sangandhaping sampeyan dalêm, sang nata andangu prakarane, Mali banjur angunjukake ing purwa madya wasana, ing nalika iku sang nata andhawuhake marang panggêdhening pangadilan, dina sesuk Mali sarta Naam apadene prabot utawa cihnaning prakara didhawuhi ngladèkake ing ngarsane sang prabu arêp dirampungi dening sang nata dhewe, Mali banjur kalilan mundur.

Esuke sang nata lênggah ing pandhapa, Mali dalah lêlawanane wus padha sowan, sang nata banjur utusan animbali wong dodol sawo mênila loro, sang nata andangu marang Mali: he Mali, panjenenganingsun arêp miyarsakake atur gugatira, saiki unjukna kabèh, unjuke Mali, kawula [ka...]

--- 76 ---

[...wula] nuwun gusti, salêbêtipun pitung taun punika kawula kesah dagang dhumatêng môncanagari, abdi dalêm kawula anitipakên kêndhil isi sawo mênila tuwin barang mas intên, dhumatêng pun Naam, sarêng abdi dalêm kawula mantuk, kêndhil kawula têdha ananging barang mas intên sampun sirna sadaya, kantun sawo mênila ingkang wujudipun kados cihna konjuk sarêng punika, sang nata andangu marang Naam, unjuke andorakake, ing ature Mali, iya têmên nitipake kêndhil isi sawo kang dadi cihna iku, nanging ora nganggo mas intên, sang nata banjur dhawuh marang Naam: he Naam mara coba sawo kang dadi cihna iku icipana siji bae, unjuke Naam sandika, barêng sawo wus dipangan, sang prabu andangu manèh kapriye Naam rasane sawo iku, unjuke Naam: kawula nuwun gusti, raosipun sawo punika inggih eca, sang prabu banjur andangu marang wong adol sawo mênila loro mau: he kawulaningsun wong dodol sawo mênila, ingsun mundhut sêsurupanira, apa wis bênêr ingatase sawo mênila kadokok ana ing sajroning kêndhil ing dalêm pitung taun iku isih enak rasane, unjuke wong adol sawo mênila: kawula nuwun gusti: abdi dalêm kawula kalilana munjuk wontên [wo...]

--- 77 ---

[...ntên] ing ngarsa dalêm, ing sayêktosipun sawo mênila mêntas anggènipun mêthik punika saupami kaimbu ing dalêm satêngah wulan punika sampun dalu-dalu, wondene mênawi pangimbunipun sawulan punika sampun sakalangkung dalu sangêt, mênggah pangandika dalêm sawo kadekekan ing kêndhil ing dalêm pitung taun punika sampun malih ingkang eca, wujudipun sawo kemawon tamtu sampun sirna, mèh dados siti, pangandikane sang prabu, mara coba sawo kang dadi cihna iki dêlêngên, wujud kang kaya mangkono iku imbon ing dalêm pirang dina, unjuke wong adol sawo, kawula nuwun sawo punika imbon sawêg sapêkên, sang prabu angandika marang Naam, he Naam, wus têtela yèn sira kang dokok sawo mênila anyar ana ing kêndhil iki, lan manèh kang nyolong barang mas intên darbèke Si Mali iku iya sira, yèn sira puguh ora gêlêm walèh bakal ingsun têtêpake ukume wong nglanggar kapitayan, ewadene yèn sira walèh, bakal ingsun paringi pangapura, amung sira ingsun wajibake ambalèkake barang mas intèn darbèke Si Mali iku, lan barang mau saiki padha ana ngêndi, sapandurat Naam ora bisa munjuk, barêng sang nata ngandika manèh, Naam banjur munjuk mangkene, [mangke...]

--- 78 ---

[...ne,] kawula nuwun gusti, jrih kawula kaabdèkakên, walèh-walèh punapa ing yêktosipun inggih kaluhuran dhawuh pangandika dalêm, inggih kawula ingkang mêndhêt barang darbèkipun Mali punika, anggèn kawula mêndhêt wau kenging bêbasan melik anggendhong lali, botên èngêt bilih punika darbèkipun Mali mitra kawula tuhu, dene samangke barang-barang wau taksih jangkêp kawula singidakên wontên ing griya kawula, sang nata banjur dhawuh anjupuki barang-barang mau, wasana banjur kaparingake bali marang Mali, Mali bangêt bungahe anampani balining barange, kang padha sowan ana ing ngarsane sang prabu padha kalilan mundur, dene Mali saiki wus ora duwe pitaya manèh marang Naam, sarta wus pisah ênggone mêmitran.

Nyonyah lajêng andumugèkakên anggènipun cariyos dhatêng para rencangipun, mara padha gagasên, apa tindake Sidin iku ora mangkono, nyonyah lajêng pitakèn dhatêng Sidin: Sidin kapriye yêktine, ing nalika punika Sidin botên sagêd mangsuli, awit sampun kawon tôndha, mila lajêng tumungkul arawat waspa, saha sangêt kaduwung anggènipun anglampahi tindak makatên wau, wusana lajêng ngakên ing kalêpatanipun, sarta nêdha pangapuntên dhatêng nyonyah tuwin sanggêm amangsulakên [amangsu...]

--- 79 ---

[...lakên] lènên ingkang dipun colong wau, nanging sampun ngantos darbe atur ing pangadilan, sanadyan nyonyah ugi suka pangapuntên sarta mituruti panêdhanipun Sidin, ewadene wiwit ing nalika punika Sidin lajêng botên pinitados wontên ing toko malih, wêkasan Sidin lajêng kangelan anggènipun pados pangupajiwa, satêmah anjalari kasangsaraning badanipun (inggih punika garowah kabêgjanipun).

Wondene para rencang sanèsipun ing batos sami angalêmbana dhatêng nyonyah, ing bab kawasisanipun ngupados katrangan mawi tanduk sandi, ingatasipun tanduk kadurjanan ingkang gawat wau, amila para rencang saya sangêt sêtya tuhu saha ajrih asihipun dhatêng nyonyah.

Liding dongèng tiyang ingkang nacak ing pakarti awon punika sanadyan jinabung alus kados punapa tamtu badhe kawiyak, awit bêbasanipun tiyang Jawi: wong bêcik katitik, wong ala katara.

A. S.

(17) Sima Pêthak.

Ing nagari Bagêdad, nalika jumênêngipun Sang Prabu Ngumar Ngabdul [Ngabdu...]

--- 80 ---

[...l] Ngajis bin Suleman Ibnu Ngabdul Malik, punika botên kagungan putra kakung, nanging namung kagungan putra putri satunggal, nama Sang Rêtna Atariyah, warninipun sakalangkung endah, tur ingugung dening rama ibu, pramila para luhur kathah ingkang ngêbun-bun enjing anjêjawah sontên, ananging dèrèng wontên ingkang kalêbêt panggalihipun sang prabu, mila lajêng angêdêgakên sayêmbara, sintên-sintên ingkang sagêd nacad iyasanipun masjid êmas inggih punika ingkang dados jatukramanipun ingkang putra sang putri, ing salêbêtipun nagari Bagêdad wau, sadhengah margi prapatan dipun dèkèki sêratan sarta kajagi dening tiyang.

Anuju satunggiling dintên wontên sima pêthak agêngipun sadipôngga, ing sadhatêngipun sima pêthak wau para tiyang ingkang sumêrêp sami lumajêng, ananging pun sima lajêng wicantên tata janma, têmbungipun, hèh sakabèhaning wong aja ana padha wêdi, sanadyan aku iki macan, ananging ora nêdya gawe piala, mungguh gonku têka ing kene iki arêp ngêdêgi sayêmbara, bêcik aku aturna marang sang prabu, mênawa aku arêp sowan, mulane aku sumêngka ngêdêgi sayêmbara, amarga aku dêlêng tulisan kang ana dalan-dalan prapatan, sapa-sapa kang bisa nacad marang yasan dalêm masjid iku bakal kadhaupake karo putrine

--- 81 ---

sang prabu, dene jênêngku Sèh Ngabdul Ngalim, sadaya para tiyang ingkang sami jagi dupi mirêng wicantêning sima makatên punika, sami asrêp manahipun, saha lajêng dipun lapurakên dhumatêng sang prabu, sang prabu sarêng dipun unjuki uninga sakalangkung kagèting panggalih, sarta kaduwung, dene anggènipun dhawuhakên sayêmbara botên mawi dipun walêri, wusana sang prabu dhawuh makatên, dhawuhna marang si macan putih Sèh Ngabdul Ngalim, sesuk wayah jam 11 dak arêp-arêp, ananging mênawa luput panacade, dhèwèke bakal dak rampog dak jaluk pati uripe, dhawuhipun sang prabu sarêng sampun kadhawuhakên dening sima pêthak wau, sima lajêng kesah sarwi gêmprong, anggêgirisi, enjingipun wanci jam 10 sang prabu sampun miyos ing paglaran, kaadhêp dening para wadyabala, sarta para prajurit sami sikêp dêdamêl ligan, botên antawis dangu sima pêthak dhatêng andhêkêm wontên sapinggiring tratag rambat, nanging dhatêngipun botên wontên ingkang sumêrêp sangkanipun, sima pêthak lajêng kaawe dening sang prabu, majêngipun kadosdene lumampah dhadhap, pangandikanipun sang prabu: apa iya kowe kang saguh nacad yasanku masjid êmas.

Sima pêthak, inggih.

Sang prabu, mara enggal cacadên, ananging mênawa kliru panacadmu [pa...]

--- 82 ---

[...nacadmu] kowe dak jaluk pati uripmu.

Sima pêthak, inggih sandika, mênggah yasan dalêm masjid punika sampun botên kuciwa mênggah bagusipun, sarta ukuranipun, namung cacadipun masjid punika, taksih kenging risak, botên sagêd langgêng, ing salaminipun, sang prabu lajêng andangu bab iktekat, sarta sanès-sanèsipun, sima pêthak ugi sagêd ngaturi katrangan.

Cêkaking cariyos sima pêthak lajêng kadhaupakên kalihan sang putri, sarta kajumênêngakên pangeran adipati anom, sarêng dhaupipun lêt tigang dintên, pamitan badhe mantuk dhatêng griyanipun, garwanipun ugi badhe kabêkta.

Sang prabu, ing sarèhning kowe iku macan mungguh kang kok omahi apa, sarta ngêndi.

Sima pêthak, o gusti, mênggah griya kawula punika guwa, tur wontên satêngahing wana.

Sang prabu, mungguh aku arêp tilik marang kowe, sapa kang nuduhake dalane.

Sima pêthak, dhuh gusti kula sang prabu, mênawi benjing badhe karsa têtinjo sapunika kawula nyuwun kalênthêng, wontêna saking kalih karung kemawon, saantuk kawula punika badhe

--- 83 ---

kawula ècèr-ècèr turut margi, benjing mênawi sang prabu karsa tuwi, kawula aturi nurut thukulan klênthêng kemawon, sasampunipun kaparingan klênthêng tandya mondhong sang putri sarwi lumampah alon, sadumugining jawi, sima pêthak sakalihan ingkang putri wau, lampahipun lajêng mancolot, sapisan sampun botên katingal ing akathah, sapêngkêripun. Sang prabu sakalihan pramèswari, tansah nandhang sungkawa, sarêng sampun watawis wulan, sang pramèswari sampun botên kenging dipun sayuti anggènipun kangên dhatêng ingkang putri.

Sang prabu sakalihan pramèswari, karsa badhe martuwi, saha lajêng dhawuh ingandikakakên mirantos kangge angsal-angsal, ulam sawarnènipun, kados ta: ulam ayam, maesa lêmbu menda manjangan, sasamènipun, sarêng dintên wancinipun badhe mangkat, angsal-angsal sampun mirantos sadaya, ananging ulam-ulaman wau, sarêmbat-sarêmbatipun kaangkat tiyang kêkalih botên kuwawi, ngantos dipun sakawani dumugi tiyang satus mêksa dèrèng sagêd kuwawi, sang prabu sarêng nguningani sakalangkung ngungun, dene wontên lêlampahan sangêt elok, saknalika sang prabu angêningakên cipta lajêng botên kasamaran, sarta lajêng dhawuh supados sadaya ulam wau kadadosna satunggal,

--- 84 ---

lajêng kacarupa, mênawi sampun kacarup kapôntha-pônthaa malih, sarêng sampun kalampahan makatên, dipun rêmbat ènthèng kemawon, sang prabu sakalihan pramèswari lajêng bidhal, tindakipun miturut sawêlingipun sima pêthak, manut thukulaning klênthêng, sarêng tindakipun sang prabu sampun angsal tigang dintên, mriksani para wadyabala ingkang sami andhèrèk sarta bêbêkta, panggalihipun sang prabu sakalangkung wêlas, sang prabu sakalihan ingkang pramèswari, ing wanci dalu sasampuning para wadyabala sami tilêm, anilapakên, tindakipun namung sakalihan kemawon, sarêng sampun têbih sang pramèswari karaos ngêlak, saknalika mriksani sapinggiring margi wontên wit dalima wohipun tigang iji, sang pramèswari sangêt kapenginipun, ingkang pramèswari nyuwun dhatêng sang prabu supados kaundhuhakên dalima wau, sarêng dlima badhe kapêthik ingkang katingal sêpuh piyambak, dlima ingkang satunggal matur, dhuh gusti kula Sang Prabu Ngabdul Ngajis, sampun mêthik punika, kawula kemawon kapêthika, amargi kônca kawula punika, sanadyan sêpuh nanging nglêbêtipun bosok tur wontên ulêripun, sang prabu badhe mêthik ingkang matur wau, satunggalipun matur, dhuh gusti kula sang prabu, sampun mêthik punika, kawula kemawon prayogi kakarsakna, amargi kônca [kô...]

--- 85 ---

[...nca] kawula punika bongkèng tur taksih mêntah, dlima tiga punika lajêng kapêthik sang prabu sadaya, sang prabu sakalihan pramèswari lajêng anglajêngakên ing tindakipun, botên dangu mrangguli lèpèn alit sarta katingal èthèk, sang prabu nyabrang rumiyin karsanipun ngiras jajagi, wusana badhe ngêlêbakên, sang pramèswari lajêng kabopong sang prabu, botên antawis dangu tindakipun sang prabu amrangguli bênawi agêng toyanipun agung, dados tindakipun kandhêg, sarêng sampun dangu ngêntosi mêksa botên wontên baita, sang pramèswari enggal binoyong badhe kabêkta nglangi, wusana bêngawan sarêng kacêmplungan èthèk kemawon, botên angêlêbakên dhêngkul, sarêng tindakipun sampun mêngkêrakên bêngawan, sang prabu priksa sumur jèjèr tiga, ingkang satunggal wontên wetan, ingkang satunggal kilèn, satunggalipun malih têngah, sumur ingkang wetan toyanipun muncrat mangilèn, sumur ingkang kilèn toyanipun muncrat mangetan, sumur ingkang têngah sat toyanipun, sarta sitinipun ngantos nêla, sang prabu sakalangkung eraming panggalih, kèndêl sakêdhap lajêng anglajêngakên tindakipun malih, botên dangu priksa tiyang nêgori dêling, tumpukanipun ngantos angundhung-undhung, ngantos dipun têdhani ing rayap, ananging mêksa taksih anêgori kemawon, [kema...]

--- 86 ---

[...won,] tindakipun sang prabu saya anglangut dangu-dangu dumugi nagari, pungkasanipun thukulan klênthêng wontên ing alun-alun, sang prabu sakalangkung ngunguning panggalih, dene pungkasaning thukulan klênthêng wontên satêngahing alun-alun, sang prabu enggal pitakèn dening wadana ingkang saos ing alun-alun, têmbungipun: ing ngriki nagari pundi: wangsulanipun wadana ingkang saos, punika nagari Mêsir.

Sang prabu, ingkang jumênêng nata jêjulukipun sintên.

Wadana ingkang saos, jêjulukipun Sayidina Sèh Ngabdul Ngalim.

Sang prabu, kula sampeyan lapurakên, kula punika ratu ing nagari Bagêdad, mila kula dumugi ngriki amargi badhe tuwi anak kula èstri, ingkang dipun rabèni sima pêthak, nama Sèh Ngabdul Ngalim, amargi rumiyin kula dipun wêling, mênawi kula kangên, bilih tuwi kapurih nurut thukulaning klênthêng, wusana sarêng kula nurut pungkasaning thukulan wontên ing ngriki.

Wadana ingkang saos sarêng dipun ngêndikani makatên, enggal lapur dhumatêng Sang Prabu Sèh Ngabdul Ngalim, Sang Prabu Ngabdul Ngalim, sarêng dipun lapuri lajêng mêthuk kalihan ingkang garwa, dhumatêng ing alun-alun, sang prabu ing Bagêdad lajêng kaaturan laju malêbêt kadhaton, [kadha...]

--- 87 ---

[...ton,] sasampunipun panggihan kalihan putrinipun sakalihan ingkang mantu ingkang putri pinithing-pithing, sarwi dipun tangisi dening ingkang ibu, amargi botên pisan-pisan nyana mênawi ingkang putri wau dhaub akalihan sang prabu ing Mêsir, saha sangêt sukuripun dhumatêng ingkang Maha Sukci, Sang Prabu Ngabdul Ngajis, ngandika kalihan ingkang putra mantu, makatên ngandikanipun: nalika pangkatku arêp tilik marang kaki prabu, ing sarèhne nalika samana kaki prabu wujud macan, dadi aku anggawa olèh-olèh sarupaning iwak-iwakan, ananging kaelokaning Pangeran, ing dalêm sapikul-pikule diangkat wong 2 tumêka wong 100 mêksa ora kuwat, ing nalika iku kêncênging pikirku iwak dakkon nyarub, sawise kacarub banjur kapôntha-pônthaa manèh, sawuse mangkono dipikul têka ènthèng bae.

Sang Prabu Ngabdul Ngalim, o mugi andadosna kauninganipun kangjêng rama, mênggah tindakipun kangjêng rama punika sadaya dados ngalamat benjing ing jaman akir, ingkang makatên punika benjing jaman akir, tiyang nglampahi suci punika sakalangkung awrat, ènthèngipun kêdah corab-carub.

Sang Prabu Ngabdul Ngajis, sawise mangkono ana dalan aku [a...]

--- 88 ---

[...ku] wêruh dlima 3 iji, ibumu akon ngundhuhake barêng arêp dak pêthik kang tuwa dhewe calathu mangkene: Sang Prabu Ngadul Ngajis, kônca kula punika sampun kapêthik, kula kemawon kula aturi mêthik, amargi kônca kula punika sanadyan sêpuh ing nglabêtnglêbêt. bosok sarta isi ulêr, aku banjur arêp mêthik kang clathu, sijine clathu manèh mangkene: dhuh gusti kula Sang Prabu Ngabdul Ngajis, sampun mêthik punika kula kemawon kula aturi mêthik, amargi kônca kula punika bongkèng tur taksih mêntah, dlima têlu mau banjur tak pêthik kabèh.

Sang Prabu Ngadul Ngalim, kangjêng rama punika ugi dados ngalamat benjing ing jaman akir, kathah tiyang ingkang nyaèkakên dhatêng badanipun piyambak-piyambak, anacat dhatêng badaning tiyang sanès.

Sang Prabu Ngadul Ngajis, sawuse mangkono aku banjur mrangguli kali cilik tur katon èthèk, sarta bêngawan gêdhe banyune agung, wusana kali kang cilik mau barêng tak cêmplungi arêp ngêlêbake, dene bêngawan gêdhe mau barêng tak cêmplungi têka èthèk bangêt.

Sang Prabu Ngabdul Ngalim, punika têgêsipun: benjing ing jaman akir, kathah tiyang ingkang tingalipun sagêd, wêkasan bodho, [bo...]

--- 89 ---

[...dho,] sawênèhipun tiyang tingalipun bodho wusana sagêd.

Sang Prabu Ngabdul Ngajis, sawise mangkono aku nuli wêruh sumur jèjèr têlu, kang siji ana wetan, siji ana kulon, sijine manèh ana têngah, sumur kang wetan banyune muncrat mangulon, kang kulon muncrat mangetan, dene sumur kang têngah banyune sat gêrèng malah nganti nêla lêmahe.

Sang Prabu Ngabdul Ngalim, punika têgêsipun, benjing tiyang jaman akir, ingkang sugih rêrukunanipun inggih sami kalihan tiyang sugih, saupami ingkang satunggal kriyagriya. wontên poncot wetan satunggalipun griya wontên poncot kilèn, ingkang mlarat griya wontên têngah, ingkang wetan wau rêrukunanipun lampu kalihan ingkang kilèn, ingkang têngah wau namung dipun langkungi kemawon.

Sang Prabu Ngabdul Ngajis, ora lêt suwe aku nuli wêruh wong nêgor pring tumpukane nganti ngundhung-undhung, sarta nganti dipangani rayap, ananging mêksa isih nêgori bae.

Sang Prabu Ngabdul Ngalim, punika têgêsipun, tiyang jaman akir, benjing anggènipun ngupados arta, sanadyan sampun angsal kathah, prasasat angundhung-undhung, ewadene têksih ngôngsa-ôngsa kemawon, dados botên gadhah marêm [marê...]

--- 90 ---

[...m] manahipun, têlas pangandikanipun sang prabu sakalihan, lajêng sami akêmbul bujana.

Liding dongèng, inggih aturipun Sang Prabu Ngabdul Ngalim dhumatêng Sang Prabu Ngabdul Ngajis ingkang kasêbut ing nginggil.

B.K.

(Tamat)

Sadaya para maos, manawi wontên kithal kau dhomponing têmbung, panyuwun kula, mugi paringa pangaksama.

--- 0 ---

PADA SOLOSCHE-SNELPERSDRUKKERIJ SIE DHIAN HO-SOLO

Senantiasa orang boleh dapat beli rupa-rupa buku ceritaan dan lain-lain, seperti dibawah ini:

BOEKOE BAHASA MELAJOE

A. B. C. dua rupa huruf, Ollanda dan Djawa dengan terhias gambar-gambaran 1 buku f 0.80./ Sjair Tjioo Hien Ko, suatu nasehat bagei anak-anak muda 1 1 buku f 0.75./ Sam Kok 25-26, 1 buku f 0.75./ Hong Sien 1-6, 1 buku f 0.80./ King Hwa Jan 1-6,1 buku f 0.80./ Sam Poo Khaij Kang 1-6, 1 buku f 0.80./ Njai Isah 1-3, 1 buku f 0.75./ Njai Rosinah 1, 1 buku f 1.25./ Njai Alimah 1, 1 buku f 0.80./ Si Tjonat 1, 1 buku f 1.25./ Si Lamat 1-2, 1 buku f 0.75./ oeij See 1, 1 buku f 0.90./ Moeda Pahlawan 1, 1 buku f 1,-

Daftar dari segala buku-buku dan barang-barang percitakan, dikirim percuma dengan franco pada siapa yang minta.

--- 0 ---

Solosche- Snelperdrukkerij SIE DHIAN HO SOERAKARTA Kantor Pangêcapan Si Dan Ho