Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sawursari, Sindupranata, 1927, #537

Katalog:Sawursari, Sindupranata, 1927, #537
Sambung:-

Serie No. 296.

--- 0 ---

Sawursari

(Dêdongengan tumrap bocah-bocah)

Anggitane Mas Sindupranata

Cap-capan ingkang kaping kalih

Wêdalan Bale Pustaka Wèltêprèdhên 1927

--- 2 ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 3 ---

I. Uripe Manusa Kudu Tulung-tinulung

Ing sawijining dina wayah sore kabênêran malêm Ngahad, Radèn Ngabèi Harjasuwarna sarean ing kursi dawa karo maos koran, garwane ngrenda pinarak ing kursi ngadhêpake meja, kang ing dhuwur ana lampune padhang kêncar-kêncar, putrane lanang ontang-anting aran Radèn Bagus Harsaya, kang lagi umur sawêlas taun, sinau lungguh ing sandhinge ibune, dumadakan sumlonong matur: Bu, bu, genea, bu, wong-wong kok ana sing dadi kuli, kok ora milih dadi priyayi kaya bapak mangkono, dadi kêpenak, ora kangelan. Aku besuk êmoh dadi kuli, milih dadi priyayi.

Ibune sadhela rada kagèt mirêng ature putrane kang rada nylênèh, nyèlèhake renda kang diasta ditumpangake ing pangkon, lan ora suwe banjur mèsêm amangsuli, têmbunge: O, ênggèr, Harsaya anakku, kowe wêruha, ya, gèr, kabèh uwong iku iya kêpengin dadi priyayi, kêpengin sugih, kêpengin penak, êmoh kangelan, kapengin tansah waras, êmoh [ê...]

--- 4 ---

[...moh] lara. Kêpengin kongkon, êmoh diprentah. Kêpengin dadi bêndara, suthik dadi batur. Ananging karêpe wong-wong mau arang sing kasêmbadan, kajaba saka iku ênggèr Harsaya, hara pikirên ta kandhaku iki, saupama kabèh uwong racak padha sugih-sugih, kabèh dadi bêndara, ora ana sing dadi batur, ora ana kuli, ora ana wong bêburuh, harak padha susah, malah padha kangelan kabèh. Yèn kaya karêpmu iku, anjaluk kapenak malah dadi kangelan, anjaluk kapenak kaya bêndara malah rêkasa ngungkuli batur.

Radèn Bagus Harsaya ngangsêg lungguhe, matur marang ibune: Kapriye bu, têrange dhawuhmu iku, anggêr sugih rak iya ora kangelan, apa manèh wong kang sugih dhuwit. Ibune mangsuli: Lah ya, kabèh-kabèh sugih, ora kêkurangan dhuwit, môngsa anaa sing gêlêm buruh, kabèh suthik dadi batur, mulane têmahane kabèh iya malah dadi batur. Yèn kowe durung ngêrti, têrange mangkene: kowe sabên dina mangan sêga, sêga mau pinangkane saka bêras diêdang, sing adang Bok Jawul batur. Adang mangkono kudu ana banyune, sing amèk banyu iya batur Sariman. Matênge sêga digênèni, kudu ana kayune, kayu olèhe tuku, sing adol wong desa olèhe [olèh...]

--- 5 ---

[...e] amèk saka alas. Sêga maune bêras, bêras iku wijining pari, pari sing nandur wong desa. Hara, Harsaya, saupama kalakon kaya karêpmu, iku kabèh sugih, dadi bêndara, ora ana batur, ora ana wong mlarat, ibu utawa bapak harak kangelan bangêt, kudu nyambut gawe kasar alus rupa-rupa, bapak kudu sêsawah nandur pari dhewe, kudu madung kayu dhewe mênyang alas, kudu bêsik-bêsik kêbon dhewe, kudu ngêrok jaran lan ngarit dhewe, ibu iya kudu mênyang pasar blônja dhewe, kudu mususi bêras, adang dhewe, ngumbah-umbahi dhewe, cêkake sakabèhing pagawean kasar alus, abot ènthèng, bapak utawa ibu kudu tumandang dhewe. Mulane uwong sapirang-pirang iku padha nyambut gawe dhewe-dhewe, duwe pagawean utawa bubuhan gawe dhewe-dhewe sarta padha rêrukunan, urup-urupan asiling pagaweane, kaya ta: yèn kiyai pandhe arêp gawe klambi cukup dipasrahake marang grêji, ora prêlu duwe mêsin dhewe lan andondomi dhewe, yèn arêp lêlungan cukup ngundang dhokar sewan, ora prêlu duwe dhokar lan ngingu jaran dhewe, yèn arêp ngombe wedang ora prêlu nandur kopi lan gawe gula dhewe. Mangkono uga kosokbaline, yèn kursine kyai grêji rusak, cukup angundang undhagi dikon andandani, yèn klambine

--- 6 ---

rêgêd cukup dipasrahake marang pênatu, mangkono sapiturute, dadi siji-sijine uwong padha duwe bubuhan gawe dhewe-dhewe sarta padha ngladèni wong sapirang-pirang, dadi olèhe nyambut gawe iku kanggo kabutuhane wong sapirang-pirang, dudu butuhe dhewe. Ananging Har[saya], yèn mung urup-urupan gawe kaya mangkono bae, iya isih susah, isih ribêd, mangkene têrange: Kyai pandhe sugih arit lan pacul, nuju sawijining dina anake lara, nunggang dhokar: prêlu lunga enggal-enggalan ngundang dhukun dipurih nambani anake. Sarèhning kyai pandhe sugih arit lan pacul, dadi kusir utawa dhukun iya diopahi arit lan pacul, nanging karo pisan êmoh nampani, awit si kusir uwis duwe arit, butuhe bêras kanggo ngingoni anak bojone. Kyai dhukun iya ora butuh pacul, butuhe gêndhèng, awit omahe bocor, gêndhènge akèh kang pêcah. Sarèhning isih ribêd kaya mangkono, dadi wong-wong rêrukunan manèh amrih padha mayare sarta padha sênênge. Kapriye akale, yaiku nganakake barang kang mêsthi payu diurupake barang apa bae, ora bakal ditampik kaya arit utawa pacule kyai pandhe mau. Hara, Har, barang apa sing mêsthi payu diurupake.

--- 7 ---

Putrane mangsuli: anu, kiraku dhuwit, bu, sing mêsthi payu diurupake. Ibune gumujêng karo ngêlus-êlus sirahing putrane, wangsulane: bênêr, Har, bênêr, yèn kowe duwe dhuwit mêsthi olèh koijolake barang sakarêpmu kang kosênêngi samurwate ora bakal ditampik, lah, kusir lan dhukun tômpa opahan saka kyai pandhe wujud dhuwit, ora rupa arit utawa pacul, saiki sakarêpe sing duwe dhuwit, kusir butuh bêras iya ditêmpurake, dhukun butuh gêndhèng iya nêmoni tukang gawe gêndhèng, tuku gêndhènge. Saiki kowe ngêrti, Har, yèn têmbung tuku mangkono satêmêne urup-urupan, upamane: Bok Jawul tuku gambir sasèn, iku satêmêne têmbaga diurupake gambir. Ibu mau nukokake topi Harsaya rêga sarupiyah, ukon loro, iku sabênêre slaka diijolake tudhung.

Têkan samono olèhe padha caturan ibu lan putrane, Radèn Ngabèi Harjosuwarna nyèlèhake korane, nyêlani: wis ngêrti, Har, dhawuhe ibu. Putrane matur: uwis, pak. Kang rama nêrusake: lah, saiki bapak arêp andongèng, rungokna. Putrane matur: aku sênêng bangêt, pak, ngrungokake. Kang rama mangsuli: iya, nanging bapak anjaluk udut lan rèk dhisik. [dhi...]

--- 8 ---

[...sik.] Ibune nyambungi: ana lêmari, Har, iki kuncine. Radèn Bagus Harsaya nampani kunci, mlebu ing dalêm ngêngakake lêmari, anjupuk wadhah rokok lan rèk, bali mênyang pandhapa diaturake kang rama sarta kuncine diaturake ibune, nuli mapan lungguh manèh.

Radèn Ngabèi Harjasuwarna ngasta rokok karo ngandika: lah, saiki, bapak andongèng, rungokna.

Kacrita ana sawijining ratu agung binathara, kratone gêdhe, jajahane jêmbar bangêt, wis mêsthi bae sang prabu mau iya sugih lan kawasa ngluwihi. Nuju dina wiyosan, sang prabu tômpa pisungsung caosan barang rupa-rupa, bêcik-bêcik, èdi tur aèng, ora ngêmungake saka abdi kawula sajroning nagara bae, dalasan para ratu agung môncanagara iya padha ngaturi pisungsung minôngka tôndha rakêt-rumakêting mêmitran. Iya bênêr barang-barang mau kabèh padha èdi-èdi, ananging mung siji kang bangêt gawe suka pirênaning panggalihe sang prabu, yaiku meja panyêratan. Saking rêmêne sarta kêpencute panggalihe sang prabu marang meja mau, ora uwis-uwis olèhe mirsani, ora kèndêl-kèndêl olèhe ngalêmbana mungguh èdi lan awiging garapane, nganti ambal-ambalan olèhe andhawuhake dhanganing panggalih sarta panrimane marang undhagi

--- 9 ---

kang nyaosi. Pungkasane sang prabu dhawuh marang kyai patih, besuk dina anu tanggal anu kang ditêmtokake, kyai undhagi saandhahane sarta sakabèhing uwong, sapa bae, kang tau mèlu nyambut gawe nganti dadine meja mau, padha ditimbali mlêbu mênyang kraton, bakal diparingi bêbungah bojana kêmbul dhahar karo sang prabu.

Saundure kyai patih, ngundhangake kang dadi karsane sang prabu. Wara-wara mau ora ngêmungake sajroning kukuban nagara kono bae, malah sumêbar marang môncanagara, kongsi warata salumahing bumi.

Tumibaning dina kang ditêmtokake, sajroning nagara rame bangêt, pirang-pirang èwu uwong kang padha têka arêp sowan nêtêpi wara-warane kyai patih. Ora ngêmungake saka nagara-nagara kang klêbu laladan bae, saka môncanagara iya pirang-pirang tanpa wilangan, dalan-dalan sajroning kutha kêbak uwong jejêl uyêl-uyêlan. Kang mangkono mau kyai patih enggal sowan, mlêbu ing kraton ngunjuki wuninga ing ngarsane sang prabu, yèn kang padha sowan pirang-pirang tanpa etungan cacahe. Sang prabu tumuli miyos karsa nyatakake ature kyai patih, awit ing batos sang prabu rada ora pitados. Barêng mirsani plataraning kraton lan alun-alun kêbak uwong

--- 10 ---

jêjêl uyêl-uyêlan, sang prabu lêgêg ing panggalih, ora ngêrtos kang dadi nalare, dene samono kèhe uwong kang mèlu rewang gawe nganti dadine meja siji. Wasana sang prabu dhawuh marang kyai patih: coba, patih, wong samono iku timbalana maju rong puluh rong puluh, aja kopilihi, iya sacandhake bae, arêp ingsun dangu: dhèwèke padha rewang gawe apa tumrap panggawene meja mau. Barêng wong rong puluh didangu siji-siji, ature mangkene:

1. Abdi dalêm anthèking undhagi ingkang macoki balok badhening meja.

2. Abdi dalêm anthèk ingkang masah blabagipun kagungan dalêm meja.

3. Abdi dalêm ingkang ambubut sukunipun.

4. Abdi dalêm kuli ingkang ngusung balok badhe meja.

5. Abdi dalêm ingkang nêgor uwit, ingkang kajêngipun kangge meja.

6. Abdi dalêm ingkang ngêthoki pang-pangipun.

7. Abdi dalêm kuli wana ingkang nanêm uwit ingkang kajêngipun kangge meja.

8. Abdi dalêm mandhor tanêman ingkang anjagi pananêmanipun.

--- 11 ---

9. Abdi dalêm pandhe ingkang damêl wadung kangge nêgor kajêng.

10. Abdi dalêm upas pos ingkang ambêkta sêratipun undhagi nalikanipun mêling kajêng.

11. Abdi dalêm kuli margi ingkang dipun ambah trin ingkang ngusung kajêng.

12. Abdi dalêm kuli toko ingkang nyadèni paku pantèking meja.

13. Abdi dalêm kuli ingkang mêlik tosan kangge paku.

14. Abdi dalêm tiyang dhusun ingkang gadhah menda wulunipun kangge bludru lèmèking meja.

15. Abdi dalêm pangènipun menda wau.

16. Abdi dalêm kuli pabrik rêmpêlas ingkang kangge ngrêmpêlas meja.

17. Abdi dalêm utpèstêr pangagênging wana ingkang kajêngipun kangge meja.

18. Abdi dalêm ingkang gadhah pabrik paku pantèking meja.

19. Abdi dalêm ingkang gadhah pabrik bludru lèmèking meja.

20. Abdi dalêm kuli plabuhan ingkang ngusung pêthi isi paku pantèking meja.

Ing kono sang prabu ngrêtos kang dadi sababe, sarta pitados manawa wong samono kèhe mau kabèh padha urun [uru...]

--- 12 ---

[...n] gawe nganti dadine meja panyêratan malah rumaos yèn panjênêngane piyambak uga urun gawe panggawene meja.

Sarèhning kang sowan pirang-pirang èwu mangkono, dadi sang prabu ora sida paring bêbungah wujud panganan utawa ombèn-ombèn, mung paring dhawuh sêsorah kamot ing layang sêbaran, kang ajine lan munpangate ngungkuli rêjêki kang ora sida diparingake mau. Sarèhning wus têtela manusa iku uripe kudu rukunan tulung-tinulung, kaya ta: meja siji rampunge kudu ditandangi tangan pirang-pirang èwu, mulane sing padha rukun lan trêsna karo sapadhaning ngaurip, yaiku padha nêtêpi wajibe dhewe-dhewe, kang aran wajib iku sakabèhing pagawean kang dadi tanggungane utawa bubuhane. Manawa siji-sijine wong padha nêtêpi wajibe, tata têntrêm, rahayu slamêt kang tinêmu.

Radèn Ngabèi Harjasuwarna ngandika manèh marang putrane: Har, kowe saiki ngrêti, yèn siji-sijine wong mangkono duwe pagawean dhewe-dhewe, lan gawene mau maedahi marang wong akèh. Luhur asor, sugih miskin, padha rêrukunan tulung-tinulung. Luhura kaya apa iya butuh pitulungane sing tinêkdir asor, sugiha maèwu-èwu, dhuwite iya ora bisa ngangsu madung

--- 13 ---

kayu. Mulane kowe, ênggèr, anakku, Harsaya, sing rukun lan asih trêsna marang sapadha-padha, apa manèh marang batur-batur iku, sing sadina-dina ngladèni kowe, kudu korêngkuh bêcik, awit iku gêdhe pitulungane marang kowe.

Têkan samono wus kasêlak bêngi, Radèn Bagus Harsaya wus arip, pamit marang rama ibune mapan turu.

--- 14 ---

II. Sutra Gaib

Kacrita ana sawijining nagara gêdhe, gêmah ripah karta raharja, murah sandhang murah pangan, tata têntrêm tulus apa kang tinandur, nganti dadi pangungsèning wong-wong saka môncanagara. Ananging ana cacade sathithik, dene sang prabu kang jumênêng ratu ing nagara kono, apadene kyai patih, nayaka, bupati, mantri sarta para priyayi kabèh, panggalihe racak padha bocah, têrange: sang prabu saabdine priyayi padha kagungan watak kumintêr, onggrongan, umpakan, buru alêman, kipa-kipa diarani bodho, karêmane digunggung dialêm pintêr. Luwih manèh panjênêngane sang prabu, bangêt suka pirênaning galih yèn midhangêt têmbung pangonggrong tumrap panjênêngane.

Ing sawijining dina, kalane sang prabu miyos sinewaka, ingadhêp: kyai patih, nayaka, bupati, mantri lan para abdi santana pêpak andhèr. Abdi kang kabênêr jaga ngunjuki uninga, yèn ana wong nonoman anyuwun palilah arêp sowan ing ngarsa dalêm prêlu nyaosake pisungsung kang luwih èdi lan aèng. Sang prabu marêngake.

--- 15 ---

Wong nonoman kairid seba ing ngarsane sang prabu. Kyai patih lan para abdi priyayi ing pagêlaran kabèh mlêngak, eram anyawang wong nonoman kang sajake brêgas tandang solahe alus, polatane tajêm, trapsilane ora nguciwani malah gawe rêsêpe kang padha nyawang.

Wong nonoman mau lêbune nyôngga baki kang luwih èdi rupane lan luwih awig garapane, tinutupan ing sutra ijo pupus sarta nganggo kêkêmbangan kang luwih alus lan endah warnane. Saka pangintêne sang prabu sarta gagasane kang padha marak, iya baki sarta sutra iku pisungsunge.

Barêng wong nonoman wus mapan linggih, sang prabu andangu: hè, wong nonoman, duwe karêp apa kowe sowan ing ngarsaningsun. Unjuke wong nonoman tanpa anggragap: gusti, ratu ingkang binathara ing jagad, abdi dalêm kawula sumêrêp bilih ing salumahing bumi sakurêbing langit, botên wontên kalih ratu ingkang agung luhur, mukti wibawa, nyakrawati ambau dhêndha, kados panjênêngan dalêm. Botên wontên ratu ingkang sugih mas picis rajabrana, guru bakal guru dadi kados gusti kawula ingkang sinuhun. Botên wontên ratu sidik wicaksana putus ing agal alus, botên kewran saulah kridhaning mangrèh praja, kados gusti pêpundèn kawula. Ing donya botên wontên ratu ingkang abôndha-bandhu

--- 16 ---

sugih santana abdi ingkang sangêt kenging tinanggênah ing damêl tur sumungkêm suyud ing lair batos dhatêng ratu gustinipun kados sarira dalêm. Botên wontên tiyang agung bèrbudi ambêk paramarta asih trêsna ing dasih kados sarira dalêm. Asma dalêm arum amrik angambar ngèbêki jagad kados upaminipun sêkar mawar ingkang ambabar gônda arum ing wanci bangun. O, gusti ratuning jagad, abdi dalêm kawula klêbêt ing bêbasan: ngalêm lêgining gêndhis, awit sadaya wau têrang padhang anjingglang kados ing wanci siyang. Gusti, abdi dalêm kawula ingkang saklangkung papa nistha tansah amêmuji wêwahing agung luhuripun asma tuwin kabrabon dalêm. Pramila rintên dalu abdi dalêm kawula botên kêndhat anggrenda angên-angên ngulir budi ngulur-ulur nalar, ingkang andadosakên wêwahing kuncaranipun asma dalêm ingkang ngantos angèbêki jagad, pindha sunaring sasôngka purnama ing môngsa katiga. Ing mangke mundhi sawab barêkah dalêm, abdi dalêm kawula pinarêng angsal wêwênganing nalar ingkang tansah mulur, sagêd andamêl barang ingkang saklangkung èdi, saklangkung aèng, ingkang salaminipun ing donya dèrèng nate wontên. Dhasar inggih botên wontên ratu ingkang mungguh ngagêm barang ingkang èdi pèni, aèng kados makatên kajawi gusti pêpundhèn kawula piyambak. Dene barang ingkang kawula unjukakên wau warni sutra tênunan [tênuna...]

--- 17 ---

[...n] kawula piyambak. Anggèn kawula tampi kanugrahaning Pangeran sagêd nênun sutra ingkang saklangkung èdi aèng wau mawi patumbas tapabrata mati raga laminipun sawindu, kanthi lêlambaran manah suci rinangkêpan sabar tawêkal lair batos. Pramila inggih botên nama anèh, bilih sutra wau, badhe (lawe) nipun paringan saking swarga sarta pinêsthi namung dados agêm-agêman dalêm, kinaot sêsamining sutra ing donya, saking dening langkung èdi pèni, alus aèng, botên sadaya titahing Allah pinaringan sumêrêp sutra kaswargan wau, namung para makluk ingkang wicaksana pinunjul ing sêsami, punika sagêd sumêrêp.

Têkan samono ature wong nonoman, nuli ambukak baki, sutra tutupe dijupuk, baki kothong dicaosake marang sang prabu karo munjuk: gusti, ratuning jagad, punika wujudipun sutra adi saking kaswargan ingkang tumurunipun dhatêng ngarcapada pinasthi dados agêm-agêman dalêm. Olehe matur mangkono mau karo anggrayangi lumahing baki kothong kang dicaosake.

Sang prabu ing batos bangêt pangungune, dene baki kothong têka diunjukake isi sutra, ananging arêp andhawuhake karaos ing galih, kuwatos bakal kawêlèh diarani: bodho, ora wicaksana, mulane sanalika [sana...]

--- 18 ---

[...lika] astane banjur anggrayangi lumahing baki kothong, sarta racikane diobah-obahake kaya ngasta sutra, katon saka sêmuning wadana klèjêming lathi sarta sumoroting soca, sang prabu bangêt suka pirênaning galih, wasana dhawuh marang kang padha marak: abdi-abdiningsun, dina iki dina kang bêcik bangêt tumrap panjênênganingsun, dene ingsun tômpa pisungsung sutra kang bakale saka swarga, tênunane wong nonoman iki. Mêsthi bae sutra iki kang pinangkane saka swarga lan pinêsthi dadi agêm-agêman ingsun, kinacèk sapadhaning sutra ing alam donya, ora sadhengah uwong bisa wêruh, mung para wicaksana kang punjul ing sasama bisa nyipati wujude.

Sawise sang prabu ngandika mangkono, maringake baki marang kyai patih. Ing batin kyai patih iya gumun: panyawangku baki iki kothong, ananging sang prabu andhawuhake isi sutra, yèn mêngkono aku iki bodho, ora wicaksana kaya sang prabu, dene ora wêruh sutra iki. Ananging saking êmohe diarani bodho, kyai patih ora uwis-uwis olèhe ngêlus-êlus sutra gaib mau, lan ora lèrèn-lèrèn olèhe gèdhèg-gèdhèg anelakake pangalême lan gumune. Sabanjure saka kaparênge sang prabu, sutra

--- 19 ---

gaib kaparingake marang sakabèhing abdi kang seba supaya didêlêng. Baki kothong diidêr-idêrake kêmput sapasewakan, kabèh panêmune ora beda karo kyai patih utawa sang prabu.

Kacrita sang prabu saking suka pirênaning galih, kajaba paring dhawuh akèh-akèh, ngêndikakake suka sukur lan bangêt panarimane sarta paring ganjaran rupa dhuwit satus èwu dinar lan gadhuhan sawah sèwu jung marang wong nonoman kang wicaksana ambêk sêtya tuhu sumungkêm suyud marang ratu gustine. Kang mundhi ganjaran matur sèwu sêmbah nuwun.

Sang prabu saking kasêsa daya-daya ngagêm busana sutra gaib saka swarga, sanalika iku dhawuh marang abdi grêji andikakake ambêdhahi lan andondomi sutra alus mau. Abdi grêji kang mundhi dhawuh sandika ngayahi, awit panêmune uga ora beda karo abdi kang akèh-akèh.

Barêng abdi grêji mundur saka ngarsane sang prabu, ngampil sutra kang bakal digarap, wong nonoman munjuk: gusti, ingkang sinêmbah ing jagad mugi tinêbihna ing dêduka, dene abdi dalêm kamipurun saos atur malih ing ngarsa dalêm. Sang prabu sêmu kagèt ananging rêna, pangandikane: iya, mara matura kang trêwaca. Ature wong nonoman: gusti, supados amêwahi kawicaksanan dalêm ingkang andadosakên [a...]

--- 20 ---

[...ndadosakên] langkung kuncaraning asma dalêm, utaminipun panjênêngan dalêm rawuh mriksani panênunipun agêm dalêm sutra gaib, wiwit warni lawe ngantos dadosipun sutra.

Sang prabu kaparêng bangêt midhangêt unjuke wong nonoman mau, sanalika banjur jêngkar enggal tindak marang omahe wong nonoman, kadhèrèkake kyai patih sarta abdi priyayi kabèh.

Wong nonoman ana ing omah duwe jinôntra kang dilakokake asêp, kayadene piranti kang kanggo ing pabrik-pabrik. Yèn piranti mau dilakokake, rodha sarta prabot liyane padha obah, sêsambungan lan gêgandhenganing siji-sijine prabot ruwêd bangêt gawe bingunge lan kodhênge uwong kang ora ahli marang mobah-mosiking mêsin. Jinôntra mau sabên-sabên dilakokake dening wong nonoman kang duwe, ananging salawase durung tau kanggo nênun utawa agawe barang liyane, mung kanggo kasênêngan, dadi kayadene mêsin panjaitan kang diubêngake, nanging ora kanggo andodomi apa-apa.

Rawuhe sang prabu ing omahe wong nonoman diaturi anjujug ing papan panyimpêne jinôntra mau. Wong nonoman tumuli ngobahake jinantrane kang uga mubêng [mu...]

--- 21 ---

[...bêng] kaya adat sabêne, sarta ora kêndhat angaturi katrangan marang sang prabu, mungguh laku-lakune panênune sutra gaib, wiwit nalika isih dadi lawe ngalih-ngalih panggonane nganti dadi sutra. Sang prabu uga tansah ngandika, sarta nglairake gumun saha pangalêmbanane marang alusing lawe sarta èdine, apadene marang awig lan ngrawite prabot panênune. Kyai patih sarta para pandhèrèk ora prabeda karo sang prabu.

Sawise rampung olèhe mirsani panênune sutra gaib sarta wus dhamang mungguh patrap pratikêle, sang prabu kondur ngadhaton.

Ing dina iku uga misuwur sajroning nagara, yèn sang prabu dhawuh marang abdi grêji, yasa agêm-agêman sutra gaib saka swarga kang luwih dening èdi pènine, saking aluse, kang bisa wêruh mung para wicaksana kang pinunjul ing sasama, wong kang bodho ora bisa wêruh.

Kalane kyai grêji anggarap agêm-agêman mau: angguntingi, andodomi, wong-wong kang padha nonton anggili ulêng-ulêngan lunga têka, kabèh padha kêpengin wêruh rupane sutra gaib. Wong-wong kang padha nonton ing batin gumun bangêt, dene kyai grêji ribut srikutan andodomi angguntingi, ananging ora wêruh sutrane. Kabèh mau

--- 22 ---

saking suthike diarani bodho, mulane iya tansah nglairake pangalêmbanane marang sutra kang lagi didondomi.

Sawise kyai grêji rampung panggarape, nuli seba ing ngarsane sang prabu, munjuk ngaturake busana dalêm kang mêntas dadi, awarna: agêm jas, rompi, kêmeja, dhasi, clana jaba lan jêro, sarung asta lan sarung sampeyan pêpak, nanging kabèh iku ora katon, ewadene sang nata dhawuh pangandikane: kabèh kabênêran bêdhahane sarta dondomane, mulane sang prabu bangêt suka rêna ing galih, kyai grêji kaparingan ganjaran akèh.

Wasana sang prabu dhawuh marang kyai patih ngundhangake sajrone sarta sajabane nagara, yèn besuk dina anu tanggal anu, sang prabu karsa tindak pêpara mubêng-mubêng ing jêro sarta sajabane kutha, ngenggali agêm-agêman sutra gaib turunan saka swarga.

Tumibane dina kang ditêmtokake, sang prabu ngenggali agêm-agêman sutra gaib mau, nitih dwipangga tindak pêpara, kadhèrèkake kyai patih sarta para abdi santana priyayi kabèh, mubêng-mubêng ing sajabane sarta sajroning nagara.

Bocah-bocah, kowe apa padha sênêng nganggo sutra gaib kaya agêmane sang prabu mau.

--- 23 ---

III. Pradhah Ambruwah

Ing sawijining dina wayah bêngi sirêp kayon pinuju môngsa pêtêngan jêro, Sang Prabu Sitadanuja ing nagara Tasikmadu miyos saka kraton tindak mriksani sajroning nagara. Miyose sang prabu nilap para santana sarta para abdi ing kraton kang nalika iku wus padha turu kêpati.

Tindake sang prabu namur lampah, piyambakan ora ana kang andhèrèk sarta ngagêm-agêm cara drêwis (= pêkir, kere), karsane sang prabu arêp pirsa: apa para abdi kawula kang tinanggênah nganglang jaga nagara padha nêtêpi wajibe.

Tindake sang prabu kêmput mubêng-mubêng sajroning kutha, miyos ing dalan gêdhe cilik ora ana sing kliwatan ewasamono sang prabu ora mrangguli pulisi nganglang siji-sijia, wong kang jaga grêdhu padha turu kêpati, sajroning nagara sêpi mamring pêtêng andhêdhêt. Ing batos sang prabu bangêt duka, ananging ora ana sing didukani. Barêng tindake têkan ing pinggir kutha, mirêng swarane rêbab lamat-lamat, pirsa padhanging diyan saka kadohan nuli dipurugi, kèndêl jumênêng ing pinggir dalan [da...]

--- 24 ---

[...lan] sangarêpe omah cilik kang diyane padhang kêncar-kêncar mau.

Sang prabu rada eram ing galih, dene wus wayahe wong turu, têka omah mau lawange isih mênga ngêblag, diyane isih kêncar-kêncar. Omah saprabote cilik cèkli ngrêsêpake, rêsik-rêsik katara yèn ditata lan dirumat bêcik, kang duwe omah wong lanang wis satêngah tuwa, lungguh ijèn ing kursi malês karo ngrêbab, nyandhing meja kêbak rampadan sêga iwak, panganan lan ombèn-ombèn.

Batose sang prabu: aku sing dadi ratu agung binathara ora sênêng kaya wong iku, coba dak lêbonane, wangune wong iki kok rada anèh. Sang prabu nyêlak, rawuh ing ngarêp lawang uluk salam: asalammualaikum.

Kang duwe omah, Kyai Pradhah, gupuh mênyat saka palinggihan, nyèlèhake rêbabe, mêthukake. Barêng kêtitik saka wujude, yèn dayohe mau drêwis, Kyai Pradhah ngilangake subasitane, dayohe diglandhang dilungguhake ing kursi, calathune: Ah, wangune kowe kêluwèn, ayo mangana sing warêg, dak ladèni. Olèhe calathu mangkono mau karo ribut olèhe ngajokake lan nawakake pisuguhe.

--- 25 ---

Sarèhning sang prabu dhasar wis dadi karsane namur lampah, iya enggal nimbangi nglêgani atine kang duwe omah: Ah, olèhku pasa pirang-pirang dina: iki riayane, ambruwah, saiki. Olèhku ngimpi kêcak têlèk, iki wahanane. Olèhe dhahar sang prabu dhokoh bangêt, solah bawane sarta ngandikane bangêt sumanak lan rumakêt kayadene mitra kang lawas ora katêmu, nganti kang duwe omah ora nyana yèn dhayohe iku ratu gustine.

Kang duwe omah tansah nêsêg ora lèrèn-lèrèn olèhe nawakake pisuguhe. Barêng olèhe dhahar sang prabu wus watara akèh, ngandika: uwis ta uwis, wis warêg têmênan aku, mêngko rak bêdhah wêtêngku, kok kaya wêtêng karèt bisa mêlar.

Kang duwe omah takon: ora, kowe iki mau saka ngêndi, kok bêngi-bêngi.

Sang prabu: ajaa karo kowe, aku isin ngandhakake lêlakonku sajroning têlung dina iki. Wiwit aku mlêbu nagara kene, wêtêngku ora tau klêbon wohing dami, lagi iki mau, sing dak pangan kulit gêdhang olèhku nutur ing dalan-dalan aku iki wis anjajah desa milang kori, durung tumon wong nyêngit mêdhit kaya wong-wong ing nagara kene, aku pipriman, mrana-mrene mubang-mubêng, [mubang-mu...]

--- 26 ---

[...bêng,] ora ana manusa siji-sijia sing mêlasi, malah disiya-siya diurak-urak disawati, asune diêsotake dikon nyandêr aku.

Kyai Pradhah: kowe iku pancèn ora idhêp isin, pagawean ngêmis iku nisthaning nistha, têka kolakoni, samono asoring budimu. Bok iya sing rada nyatriya sathithik, duwe ambêk prawira, cêkake yèn lêlakonmu sing nistha iku ora komarèni, kowe isih ngêmis manèh, ora rila omahku diambah wong cêndhala kômpra kaya dhapurmu mangkono.

Drêwis: olèhku ngêmis iku satêmêne ora saka lumuhku utawa saka sahènku, saking kêpêksaku, ora bisa bêburuh golèk pagawean. Awit têkaku nagara kene lagi têlung dina, durung duwe kawanuhan liyane kowe.

Kyai Pradhah: wis ta, mangkene bae, manuta sakarêpku, bakal kapenak awakmu, sênêng uripmu. Aku iki sabên dina golèk kayu mênyang alas, esuk jam pitu mangkat, lingsir kulon mulih wis olèh kayu dang sakèsèr, payu sarupiyah utawa têlung suku, kanggo butuh sadinane mubra-mubru. Lah, yèn kowe sungkan ngêmis, sesuk mèlua aku mênyang alas.

--- 27 ---

Drêwis: iya, bêcik bangêt rêmbugmu iku, aku sesuk mèlu golèk kayu, nanging saiki aku lilanana arêp anjupuk buntêlan, mau dak tinggal ana ngisor krêtêg, sesuk aku nyêgat ana ing dalan bae.

Kyai Pradhah: turua kene bae, rak uwis, sesuk jupukên.

Drêwis: ora kêpênak atiku, yèn dijupuk uwong donyaku.

Kyai Pradhah: kok kaya mas intên, bôndha gombal kathok bae olèhe nyunggi kêpati-pati. Iya ta, sesuk nyêgata ana sakèthèng kutha kulon kana, aku sesuk mênyang alas Pêcarèn, kulon kene prênahe.

Drêwis: iya, sesuk jam nêm aku wis nyêgat kowe.

Kyai Pradhah: Aja amblenjani, lo.

Drêwis: ora-orane aku amblenjani.

Drêwis mêtu saka omah, Kyai Pradhah ngancing lawang mapan turu.

Esuke wungu sare, sang prabu dhawuh marang abdi priyayi, sakabèhing dalan kang menyang alas andikakake anjaga, wiwit esuk iku uga wong-wong ora kêlilan amèk kayu mênyang alas.

Kayadene padatane sabên dina, satangine turu, Kyai Pradhah rêsik-rêsik omah lan awake, ngêdum kêkarèning [kêka...]

--- 28 ---

[...rèning] panganane marang tôngga têparone. Sawise ngancingi omah, nyurung kèsèr isi wadung, budhal mênyang alas. Ananging bangêt kagèt lan susah atine, awit barêng ngliwati gapuraning kutha, diêndhêg dening pulisi kang jaga sarta dikandhani, yèn awit saka karsane sang prabu wiwit esuk iku wong-wong ora kêna amèk kayu mênyang alas. Saiki ora kêna ora Kyai Pradhah masthi bali nglênthung. Sanajan bangêt pangrêpa-ngrêpane marang kang jaga, dililanana amèk kayu sadina iku bae, nanging kang jaga kukuh ora nglilani.

Kyai Pradhah bali karo nyurung kèsère, lakune glêndhèh-glêndhèh, calathune: saiki wis ora parêng amèk kayu, kèsèr wadung ora kanggo gawe, ya diêdol, kapriye manèh.

Sadalan-dalan kèsèr lan wadunge ditawak-tawakake, wasana dituku uwong murah-murahan, payu têlung rupiyah. Sawise tômpa dhuwit, gêgancangan mênyang pasar, dhuwite têlung rupiyah diêntèkake ditukokake sêga, iwak, panganan, lan ombèn-ombèn. Blanjane ambrêngkut digawa mulih, têkane omah nuli rêrêsik, tata-tata, adus, salin panganggo, blanjane ditata rampadan ana ing meja kang taplake putih rêsik, tumuli

--- 29 ---

lungguh goyang-goyang karo rêngêng-rêngêng, sinambi mêmangan lan ngombe.

Kacrita bêngine manèh sang prabu iya miyos manèh ngagêm-agêm cara drêwis, kahananing kutha iya pêtêng andhêdhêt sêpi mamring kaya kang uwis. Barêng tindake sang prabu têkan ngarêping omahe Kyai Pradhah, kèndêl jumênêng, batose sang prabu: e, lah, rampadane saya akèh, saka ngêndi olêhe, sang prabu uluk salam: nuli mlêbêt. Kang duwe omah gita mêthukake karo mêlèhake: kowe dhèk esuk ana ngêndi, kok ora ana katon, saiki wis ana rampadan, kari mangan, pêcêngis têka.

Drêwis: o, kowe ora ngrasakake, aku mau esuk nyêgat kowe ana gapura kulon, jêbul diurak-urak mas upas, pancèn kêbangêtên nagara kene iki, ratu sapunggawane padha siya-siya. Sapira ta, olèhe wong amèk kayu dang, didol, kok dilarangi, ora wêlas têmên marang wong cilik sing gawene iplik pangane sathithik.

Kyai Pradhah: satêmene karsane sang prabu iku iya kaluhuran, yèn wong diumbar sakarêp-karêpe, lawas-lawas kayu

--- 30 ---

ing alas rak êntèk, ah, uwis, barang sing wis kalakon ora prêlu dipikir, mangana dhisik sing warêg, mêngko yèn wêtêngmu wis amblêndhing gampang rêmbugan sing tanêk.

Sang prabu tumuli dhahar, dhokoh kaya kang uwis, bangêt ngrahapake lan nglêgakake sing duwe omah. Kasambi dhahar sang prabu andangu: lah panganan samene kèhe iki olèhmu saka ngêndi, kok royal têmên.

Kyai Pradhah: kèsèr karo wadung dak êdol, wong wis ora ana gawene apa-apa, payu têlung rupiyah wis êntèk blas, ya sing kowe adhêp iku wujude.

Drêwis: dhuwit têlung rupiyah koêntèkake, apa jagane sesuk.

Kyai Pradhah: kok cilik têmên atimu, ana urip ana pangan, Gusti Allah sugih, anggêr sikil tumindak tangan kumlawe, wêtêng iya warêg.

Sawise tanêk olèhe padha gêguyon, gêgrecokan, Drêwis pamit lunga saparan-paran, Kyai Pradhah ngancing lawang mapan turu. Esuke tangi kaya adat sabên, tata-tata, rêsik-rêsik, adus, turahane panganan kabèh diêdum-êdumake, ora dingèngèhake sathithik-thithika. Sawise rampung ngancing lawang, lunga ora karuan sêdyane, kluyar-kluyur turut dalan, wasana [wasa...]

--- 31 ---

[...na] têkan ngarêping omahe pênatu kraton, yaiku abdi pênatu kang anggarap agêm-agêmane sang prabu lan barang-barang kraton, ing kono Kyai Pradhah mandhêg, metu nalare arêp buruh masuh, sanalika menggok, nêmoni panggêdhene. Lurah pênatu barêng wêruh Kyai Pradhah têka, ngaruh-aruhi: lo, Kyai Pradhah, kadingarèn têka mrene, ontên karêpe napa.

Kyai Pradhah: anu, dara lurah, sarèhning padamêlan kula mêndhêt kajêng sampun kèndêl, sapunika kula pêjah gêsang inggih suwita panjênêngan, nyuwun padamêlan anggêblog barang.

Sarèhning radèn bèi lurah wus pirsa yèn Kyai Pradhah wong têmên, wêkêl tur rosa, mulane iya marêngake panyuwune, wangsulane: ênggih kyai, buruhane dinan, etung potongan, sapotong sasèn, banyu sabune ênggih kula.

Kyai Pradhah: inggih, andhèrèk sakarsa, pundi barang-barange, saontêne.

Lurah pênatu: lah niku satumpuk, sing ngati-ati, êmpun nganti suwèk.

Kyai Pradhah: inggih. Nuli tumandang masuhi, sêngkut ora lèrèn-lèrèn, dhasar rosa tumêmên ing gawe, wayah asar lèrèn olèh satus sapuluh iji, barêng wus [wu...]

--- 32 ---

[...s] nampani opahane sawêlas kêthip, matur: sangêt panuwun kula, dara lurah, benjing enjing sapintên wontênipun kumbahan kaparingakên kula sadaya.

Lurah pênatu: ênggih kyai, sesuk têka sing esuk.

Kyai Pradhah: inggih, sampun kalilan.

Lurah pênatu: ênggih.

Kyai Pradhah têrus ngênthir mênyang pasar, dhuwite sawêlas kêthip diêntèkake, ulihe ambrêngkut anggawa blanjane. Têkan ing omah rêsik-rêsik, adus, salin sandhangan, nata rampadan, lungguh goyang-goyang, sênêng-sênêng têtabuhan.

Bêngine sang prabu miyos kaya kang uwis, têkan ing ngarêp omahe Kyai Pradhah, kèndêl jumênêng, batose: bisa têmên golèk rêjêki, Tumuli uluk salam, mlêbêt. Kang duwe omah gupuh mêthukake, saya wuwuh rakêt-rumakête, calathune: warêgna olèhmu mangan, kaya lawa bêngi nglômpra, rina ora wani saba.

Drêwis: saiki mêrgawe apa, kowe, isine mejamu kok ora suda.

Kyai Pradhah: saiki têrus royal, kowe, aja kuwatir, sabên bêngi sabaa mrene, pêsthèkna mlênthi wêtêngmu.

--- 33 ---

Aku saiki buruh masuh ana kraton, sapotong sasèn, kiraku sadinane ora kurang sajampêl.

Sang prabu sangsaya wuwuh-wuwuh sumanake, olèhe dhahar dhokoh sinambi gêguyon lan gêgrecokan. Sawise tanêk olèhe têtêmon, sang prabu pamit kondur, Kyai Pradhah kancing lawang mapan turu.

Wungu sare sang prabu mundhut barang kang mêntas dikumbah dhèk wingi, disuwèk sathithik, tumuli nimbali abdi lurah pênatu. Barêng kang tômpa timbalan sowan, sang prabu ngasta barang kang disuwèk mau dijèrèng, dhawuh sêmu duka: wangune kowe amèk buruh anyar, tandhane akèh barang kang padha nrancang utawa suwèk.

Lurah pênatu: kasinggihan dhawuh dalêm, gusti, wiwit kala wingi anggènipun ambanting.

Sang prabu: wis, tokna buruh anyar iku, ngrusakake barang.

Lurah pênatu: sandika dhawuh dalêm, gusti.

Kyai Pradhah tangi turu nuli rêsik-rêsik, ngêdum panganane kaya adat sabên, budhal mênyang pênaton, ananging bangêt cuwaning atine, dene lagi têkan latar wus ditulak lurah pênatu: bali mawon, kyai, sang prabu duka, kumbahan [ku...]

--- 34 ---

[...mbahan] sampeyan wingi suwèk padha nrancang, dhawuh dalêm sampeyan botên kêparêng masuhi malih.

Kyai Pradhah bali cangkelak karo anggrênêng: luwak mangan talês, awak sing apês. Têrus kluyar-kluyur golèk nalar. Barêng têkan ngarêp tangsi, mêtu tekade arêp mlêbu dadi prajurit Ora kêsuwèn pamikir, enggal menggok sowan lêlurahing prajurit, matur kang dadi karêpe.

Kumêndhaning prajurit rêna bangêt,awit wus pirsa watêke Kyai Pradhah: têmên, wêkêl, ora tampik gawe, gêdhe dhuwur bênthot gagah prakosa, mathuk bangêt dadi prajurit. Sakala Kyai Pradhah diparingi anggadhuh panganggo prajurit sapangadêg, pêpak saprabote kabèh: jas, clana, sêpatu, bangkol, topi, pêdhang sarta tômpa kêncengan bayaran (pursêkot) nêm rupiyah sarta didhawuhi mungguh kawajibane wong dadi prajurit.

Sawise rampung, Kyai Pradhah dililani mulih dhisik. Ulihe Kyai Pradhah prasasat jêjogedan saking bungahe, mampir ing pasar, dhuwite nêm rupiyah êntèk diblanjakake, satêkane ing omah iya banjur rêsik-rêsik nata rampadan kaya adat sabên.

Bêngine sang prabu miyos manèh saka kraton kaya kang uwis, barêng têkan ing ngarêping omahe Kyai Pradhah menggok [meng...]

--- 35 ---

[...gok] uluk salam, mlêbêt. Tandang tanduke sarta solah bawane kang duwe omah sangsaya gasah pradhah, calathune: ayo, anjaluk apa bae ana, wedang kopi, kêtan, juwadah, arêp anggadho iwak, kabèh ana, mangana kang warêg.

Drêwis: wah, royal têmênan kowe bêngi iki, olèh pirang potong olèhmu masuh.

Kyai Pradhah: ora mosah ora masuh, dêlêngên apa sing pating crènthèl iku.

Drêwis: Lo, clana, jas, sêpatu, topi, pêdhang, apa kowe nyêmplung saradhadhu.

Kyai Pradhah: Iya prakara iku ora susah dirêmbug dawa-dawa, sing pêrlu aku olèh kêncengan bayaran nêm rupiyah, ya sing koadhêpi iku rupane, wis ta wadhukmu isènana.

Sang prabu dhahar sinambi gêguyon, barêng wis tanêk, pamit, kang duwe omah mapan turu. Esuke Kyai Pradhah kêbênêr jaga. Satangine turu kaya padatane ngêdum turahaning panganan marang tôngga têparone, rêsik-rêsik, dandan manganggo prajurit, budhal jaga. Wayah jam siji awan digêntèni kancane, Kyai Pradhah mulih, têkan ing omah mikir-mikir bisane olèh dhuwit kanggo blônja. Ora suwe [su...]

--- 36 ---

[...we] mêtu nalare anjupuk blabag ciyut diukur karo pêdhange diongoti, gêdhe cilik sarta wangune jiblès karo wilahing pêdhang, barêng wis dadi pêdhange dicoplok disalini pêdhang kayu gaweane mau, tumuli disarungake dicanthèlake, calathune: môngsa anaa sing ngira yèn isi kayu.

Kyai Pradhah gêgancangan mênyang pagadhean, wêsi wilahing pêdhang kang sajati digadhèkake payu rong rupiyah, ulihe mampir pasar, dhuwite êntèk diblanjakake, têkan ing omah iya rêsik-rêsik nata rampadan kaya adat sabên.

Bêngine sang prabu miyos manèh, uga rawuh ing omahe Kyai Pradhah kaya kang uwis, kang duwe omah sangsaya pradhah lan gasah, calathune: awan ora muncul, bêngi pêncungal-pêncungul, mangana.

Sang prabu mapan dhahar karo andangu: saka ngêndi olèhmu dhuwit, apa nyuwun pursêkot manèh.

Kyai Pradhah: ora, masa olèha, sabên dina kok anjaluk pursêkot, wis ta, mangana dhisik.

Sawise sang prabu dhahar, Kyai Pradhah anjupuk pêdhang, tangan kiwa nyêkêl sarungan, tangan têngên anggêgêm garane, ngadêg ing ngarsane sang prabu (Drêwis), calathune karo mêndêlik [mêndê...]

--- 37 ---

[...lik] kaya wong bangêt nêpsu, bêngi iki tibaning patimu, tigas gulumu dening pêdhangku.

Sang prabu bangêt trataban ing panggalih, wus ora sagêd ngandika, ora nyana ora ngimpi yèn Kyai Pradhah mangkono tekade, dadi panjênêngane masang gêlar malah kêna ing gêlar. Barêng pêdhang diunus srapat, sang prabu mêrêm, pasrah ing Allah, pêdhang tumiba ing jôngga, sang prabu kraos rada lara, nanging ora apa-apa. Barêng mêlèk byar, pirsa yèn pêdhang mau kayu, dudu wêsi, lagi ngrêtos yèn Kyai Pradhah guyon kaya adat sabêne, pangandikane: ah, kêbangêtên kowe iku, guyon kok mangkono, nganti trataban ora karuan atiku, edan, gêndhêng manusa kaya dhapurmu iku, guyon ora koma-koma.

Kyai Pradhah kêpingkêl-pingkêl awit olèhe anggodha mranani bangêt. Sanajan panggalihe sang prabu wus sarèh ananging samudana ngandika rupa-rupa ngolok-olok marang Kyai Pradhah supaya luwih sênêng lêga atine. Kyai Pradhah sangsaya lincak-lincak ngakak guyune. Sang prabu ngandika: gêndhêng, edan, kurang ajar, gêdhe dhuwur, ora pangur blodar-blodor, ora wêruh dur, ambeda uwong ora kira-kira. Iya, kowe sesuk dak walês nganti mêcêngis, nganti ijo, nganti sadhêpa irungmu.

--- 38 ---

Kyai Pradhah: iya, sesuk yèn kowalês aku wakil sêga iwak, katogna olèhmu malês sing nganti mèndhèh-mèndhèh kaya wong mêtêng sanga.

Sawise tanêk olèhe padha gêguyon, godha-ginodha, sang prabu pamit, Kyai Pradhah mapan turu.

Esuk wungu sare sang prabu dhawuh ambêsta salah sawijining abdi kêkasih, nimbali kumêndhan lêlurahing prajurit, dhawuh sêmu duka: kumêndhan, dadia kawruhanamu, abdiningsun iki dosa pati, awit salawase bangêt ingsun pracaya ing samubarang gawe, wasana kêtitik dhèwèkne wong lamis, goroh, lalawura, dora cara, cidra, dhèwèkne wani-wani nyolong agêm ingsun ali-ali, pantês ditugêl gulune. Mêngko jam sanga abdiningsun prajurit kabèh aja ana kang kari, mangkono uga abdi-abdiningsun priyayi sajroning nagara padha sadhiyaa.

Saundure kumêndhaning prajurit saka ngarsane sang prabu, têrus ngêrig kancane ditata baris ing plataran kraton, Kyai Pradhah iya ora kari. Patih, bupati, mantri, priyayi sajroning nagara pêpak andhèr.

Kyai Pradhah atine bingung kaworan susah, gèk kapriye mêngko yèn diabani ngunus pêdhange, wasana matur marang kumêndhane: Kyai lurah, sarèhning kula taksih enggal,

--- 39 ---

dèrèng patos sagêd, kalilanna botên susah andhèrèk, ananging kumêndhan ora nglilani.

Sang prabu miyos, katon sêmune wadana ngêmu duka, ananging ing batos sang prabu gumujêng pirsa Kyai Pradhah, mitrane. Nimbali abdi prajurit kang ngadêg ing ngarêp dhewe andikakake nigas abdi kang wus dibêsta. Ananging barêng maju ditulak dening sang prabu, dicacad kurang gagah, ora bisa nigas pacing. Prajurit nomêr loro maju, iya ora kagêm dicacad kurang gêdhe. Mangkono uga prajurit kang nomêr papat, lima sabanjure têrus ora kagêm, tansah dicacad dening sang prabu.

Kyai Pradhah sangsaya ora kêpenak atine, bingung trataban, kringête gobyos, ing batin sambate kaya grantang: cilaka mêncit, wong samene sing gagah prakosa gêdhe dhuwur aku dhewe, wangune sang prabu sing dilirik iya aku, harak mati satugêl aku, yèn sida kêtiban urak.

Prajurit ngarêpe Kyai Pradhah wus êntèk, ora ana sing kagêm. Barêng Kyai Pradhah tômpa prentah trangginas maju, tindake brêgas kaya saguh-saguha, ananging batine: ora kanggo ... ora kanggo ... balik [ba...]

--- 40 ---

[...lik] ... balik ... slamêt ... slamêt ...

Sang prabu gumujêng, ngandika: lah, iki gêdhe dhuwur gagah prakosa kaya Bima, bisa ngêntasi karya. Kyai Pradhah ing batin mangsuli: ora kudu-kudua koalêm, tampikên bae.

Barêng sang prabu wus rampung andhawuhake prêlune lan karsane, Kyai Pradhah munjuk: sandika mundhi dhawuh dalêm gusti, ananging mugi kapirsakna, abdi dalêm punika nêmbe mlêbêt kala wingi, dados sayêktosipun taksih kidhung, dèrèng kulina ulah dêdamêl, bokmanawi adamêl cuwaning panggalih dalêm.

Sang prabu: ora, ora kliru pamilihku, prajurit samene kèhe wangune mung kowe kang bisa ngêntasi gawe.

Kyai Pradhah: nuwun sandika kapundhi ngayahi dhawuh dalêm gusti. Ananging sadèrèngipun abdi dalêm anyungkêmi dhawuh dalêm, abdi dalêm kalilana munjuk ing ngarsa dalêm gusti.

Sang prabu: iya, mara munjuka

Kyai Pradhah: gusti mênggah abdi dalêm ingkang badhe mundhi pidana dalêm punika dèrèng cêtha mênggah dosanipun, kenging ugi nyolong saèstu, utawi namung saking pitênahing kancanipun, [kancani...]

--- 41 ---

[...pun,] kadêrêng bêntèring manah, jalaran piyambakipun abdi kinasih, kinaot sêsamining abdi. Ananging Gusti Allah Maha Adil, sintên ingkang lêpat tampi paukuman, wangsul ingkang lampahipun pasaja dipun pitênaha botên dados kara-kara. Prakawis ingkang samar pêtêng punika mangke sakêdhap badhe angsal pêpadhang. Manawi dhasar abdi dalêm punika dosa saèstu, botên sande tigas jangganipun dening pêdhangipun abdi dalêm, ananging manawi salêrêsipun suci botên dosa, masthi pêdhangipun abdi dalêm malih punapa-punapa ingkang botên sagêd damêl sakit, agêngipun damêl pêjah.

Sawise Kyai Pradhah munjuk kaya mangkono, trangginas ngadêg, mêncak ngubêngi abdi kang bakal tinigas, wong-wong padha nyawang anjomblong, wasana pêdhang diunus: srèpèt, disabêtake ing gulu: tèmbêl, ora apa-apa.

Kyai Pradhah andhodhok prok, munjuk marang sang prabu: gusti pêdhangipun abdi dalêm malih dados kajêng, punika tôndha yêkti bilih abdi dalêm punika botên dosa, suci.

Sang prabu ora mangsuli unjuke Kyai Pradhah, ananging Kyai Pradhah diasta nuli digandhèng ing kiwane sang prabu, wasana ngandika sora: abdi-abdiningsun kabèh, sing luhur, sing asor, tuwa anom, gêdhe cilik, dadia kawruhanira kabèh, wiwit dina, iki Kyai Pradhah ingsun junjung saka ngisor,

--- 42 ---

ingsun sêngkakake ing aluhur dadi patih tuwa, têtuwane para abdiningsun kabèh, nyêkêl bang-bang alum aluming nagara ... Sawise iku sang prabu andhawuhake gancare lêlampahane olèhe sabên bêngi têtêmon karo kyai patih anyar.

--- 43 ---

IV. Bodho Ambrêngkêlo

Kyai Ngabèi Dêmang Ônggabaya duwe magêrsari wus satêngah tuwa, aran Jamêrta. Jamêrta mau uripe tinakdir cilaka lan sangsara, bodho bonto kawuwuhan tuna pandêlêng, yèn bêngi ora wêruh apa-apa, mulane iya mêmêlas bangêt. Ananging Jamêrta ora rumasa yèn kahananing awake kaya mangkono iku, mulane yèn dituturi, dirêmbugi amurih bêcike, panampane disasarake, nganggo karêpe dhewe kang rumasane bênêr, nanging satêmêne nasar, mulane satindak tanduk sasolah bawane tansah dadi gêguyon, saking bangêt nglowore nganti diparabi ing wong akèh: Jaklowor. Olèhe rabi Jaklowor wis ping têlu tansah ora dadi, awit bojone sabên dina pêgêl atine ngrasakake nglowore lakine.

Anuju sawijining dina, Jaklowor dikongkon kyai dêmang: Jamêrta, layang iki karo krênêng isi blimbing rong puluh, aturna dara jêksa, aja slewengan, yèn uwis enggal muliha.

Jaklowor mangsuli: inggih. Sawise nampani layang karo [ka...]

--- 44 ---

[...ro] krênêng, tumuli mlaku glêndhèh-glêndhèh karo nglirik isine krênêng kang dicangking, batine: ah, wangune kok lêgi têmên blimbing iki, ngicipi ka têlu mana, mendah sêgêre, awan-awan. Arak bento yèn aku êmoh mangan, dak êlongana môngsa anaa sing wêruh.

Sawise anggagas mangkono tumuli menggok, nylingkêr andhêlik ing buri grêdhu pinggir dalan, calathune: royal, sêpi ora ana uwong. Tumuli cemal-cèmêl ngrakoti blimbing karo julalatan. Êntèk têlu isih kurang, anjupuk manèh loro, calathune: sapuluha pisan sapa sing wêruh. Sawise amblêngêr srikutan ngusapi tangane sarta lambene karo dhèhèm-dhèhèm: hêm, hêm, calathune: wis rêsik, ora katara, hêm, hêm. Tumuli glêndhèh-glêndhèh nêrusake lakune. Têkan kajêksan ngaturake layang karo krênênge. Barêng layang dibukak, diwaca, kyai jêksa takon sêmu kagèt: unine layang blimbinge rong puluh, iki mung limalas, sing lima kopangan kiraku.

Wangsulane Jaklowor: botên, dara, pêjaha botên nguwik-uwik. Kyai jaksa nulis wangsulan diparingake: iya uwis, ta, yèn ora. Layang iki aturna daramu.

--- 45 ---

Jaklowor pamit mulih glêndhèh-glêndhèh, têkan omah ngaturake layang wangsulan marang bêndarane. Barêng layang diwaos, bêndarane andangu sêmu duka: lo, Jamêrta, unine layang wangsulan iki blimbinge mung limalas, mêsthi kopangan sing lima.

Jaklowor: botên, dara, pêjaha botên kula ulik-ulik, ananging batine: lo, kok wêruh, yèn mêngkono gênah layang iku sing kôndha-kôndha wadul.

Antara dina kyai dêmang utusan manèh: Jamêrta, iki layang karo têmbako limang tampang aturna dara pengulu, aja koêlongi, yèn kowe arêp ngêmut amèka liyane, iku têmbako pêthingan, ayo budhala saiki.

Jamêrta: inggih, badhe mampir griya sakêdhap santun rasukan. Tumuli glêndhèh-glêndhèh nyangking layang karo buntêlan, mlêbu omah glundhêng. Layang ditlêsêpake ing ngisor klasa, dhuwure ditindhihi bantal, batine: wis primpên, môngsa bisaa kôndha layang iki, wong ora wêruh olèhku anjupuk, bungkusan têmbako digawa andhêlik, dibukak, dijupuk sing rong tampang diumpêtake, batine: ah, mendah mangklêke êmut-êmutane.

Buntêlan dibênêrake, anjupuk layang saka ngisor klasa, budhal, [bu...]

--- 46 ---

[...dhal,] glêndhèh-glêndhèh, têkan pêngulon ngaturake gêgawane.

Barêng kyai pangulu tamat pamaose layang, kagèt andangu: Ja, sing rong tampang kojupuk, sêbutane layang lima, iki mung ana têlu.

Jamêrta: botên dara, kula botên ning ngajawine, gih niku wau wujude, kalih kula botên doyan sata ampêg.

Kyai Pangulu: Ya wis, iki layang wangsulan aturna daramu.

Jaklowor pamit mlaku glêndhèh-glêndhèh sadalan-dalan briga-brigi arêp nyothoni layang sing dicêkêl karo grênang-grênêng: Kakekane, awas têmên layang iki, wis didokok ngisor klasa ditindhihi bantal barang isih wêruh. Iki mêngko têkan omah wadul manèh. Ah, bêcike dak sanake layang iki karêbèn ora wadul. Layang tumuli ditumpangake pathok pinggir dalan, Jaklowor mapan sila sêdhêku ngadhêpake pathok, nyêmbah, calathune: Kyai layang, kula nêdha lila sampeyan ngapura sadosa kula. Kyai layang, pêjah gêsang kula ontên dika, mêngko têng griya dika êmpun kôndha-kôndha yèn kula nyolong sata. Layang kasiliran angin obah-obah,

--- 47 ---

Jaklowor bungah, calathune: Lah, kyai manthuk-manthuk, kabul panyuwunku, tumuli nyêmbah, layang dijupuk, disunggi, calathune: Slamêt, ora konangan wis olèh pitulunge kyai layang, gih kyai.

Têkan ing omah Jamêrta ngaturake layang wangsulan kang disunggi, barêng diwaos, bêndarane kagèt, nyèlèhake layang ing meja andangu karo duka: Kapriye ta Jaklowor, kok ora marèn-marèni olèhmu nglowor iku, kêbangêtên têmên, kocolong têmbakone sing têlung tampang.

Jamêrta: Botên dara, karo mripate mêndêliki layang kang ana ing meja, batine: edan, layang ora sanak uwong, disêmbah-sêmbah, disunggi-sunggi jêbul isih wadul. Kyai dêmang pêgêl atine, mlêbu ngomah karo ngandika: êmbuh, êmbuh, iku wong kranjingan apa kêsurupan.

Jaklowor glêndhèh-glêndhèh mulih, têkan omah anjujug simpênane têmbako, ora sranta anyuwol sak kêmiri diêmut, calathune: ah, ora kêcêlik, lidok, mangklêk têmênan.

Sorene tanggane duwe gawe jagong pupak pusêr bayi, wong-wong wadon padha jagong ing omah buri, wong lanang ana ing pandhapa, ana kang maca, main, omong-omongan [omong-o...]

--- 48 ---

[...mongan] guyon gêrgêran, sinambi ngombe wedang mangan nyamikan, Jaklowor iya ora kari mèlu jagong, ananging ora omongan utawa guyon, olèhe mangan bae diêpêng, comak-camuk sêngkut ora lèrèn-lèrèn, wedang sateko bablas, panganan pirang-pirang piring tumpuk-tumpuk tumpês tapis. Barêng wêtênge wis kêmlakarên, ngêtokake slêpa karo dhèhèm: hêm, hêm, ngrogoh têmbako sasusuran diêmut, slêpane digembol manèh mapan sèndhèn saka, ngantuk.

Wong-wong sapajagongan padha kêtungkul olèhe sênêng-sênêng, ora ana sing ngopèni Jaklowor, ananging dumadakan wong sapajagongan padha gègèr ribut bingung, wayang-wuyungan, padha nguyung-uyung Jaklowor, jalaran wong-wong mau padha ora wêruh mula bukane, wêruh-wêruh Jaklowor wus mandêlik pêcicilan kudu ora eling, saka pangirane wong akèh, jaklowor kampiran setan, awake sakojur dipijêti, diuyêl-uyêl, didulangi trasi kanggo nglungakake setan kang nyurupi. Jaklowor gabêr-gabêr budi kroncalan, wong-wong saya bangêt olèhe nguyêl-uyêl saya mêmpêng olèhe andulangi trasi, awit padha ngira yèn sing gabêr-gabêr budi kroncalan dudu Jaklowor, setan sing nyurupi.

--- 49 ---

Ing batin sambate Jaklowor êntèk ngamèk, ananging arêp gunêman ora bisa, mung bêkah-bêkuh, ah, ah, karo mripate pêcicilan, awit satêmene ora kasurupan setan, sabênere klolodên cêkakik, susur sing diêmut karo ngantuk, kuntal, mangkêl mandhêg ing gorokan.

Suwening suwe susur bisa klêbu wêtêng: klêkêg, Jaklowor unjal ambêkan mênggèh-mênggèh: hêh, hêh, hêh ... Astagpirlah ... alah ... hêh ... hêh ... wong ora apa-apa, diuyêl-uyêl ... didulang trasi ... klolodên susur ... hêh ... hêh ...

Barêng wong padha wêruh sababe, padha gumuyu kêpingkêl-pingkêl, salah siji calathu: lah wong ora wêruh nèk klolodên cêkakik. Siji manèh calathu: besuk manèh yèn ngantuk susure dilêpèh dhisik, ta, Ja. Siji manèh nyambungi: ngantuk mêngkono ora dijarag, wêruha yèn arêp ngantuk rak digembol dhisik. Wiwit nalika iku Jamêrta aliyas Jaklowor olèh paraban manèh Jacêkakik.

Kacrita Jamêrta reka-reka dodol kacang gorèng, karêpe iya ngulur-ulur bandhane, sabên sore mubêng-mubêng

--- 50 ---

mikul dodolane diidêr-idêrake ing pakampungan. Kyai dêmang lan tôngga-tanggane padha nuturi: Ja, bok iya sing rumasa, kowe iku anggêr surup srêngenge ora wêruh apa-apa, la kok dodol kacang, ha rak êntèk diutili uwong bae, kok kêpengin têmên sugih.

Jamêrta ora ngrèwès, panampane wong-wong mau manasi andrêngkèni, wangsulane: kêbèn, kok dahwèn.

Sawijining dina wayah sore Jamêrta kêsêl olèhe idêr, pikulane disèlèhake, lèrèn ing dalan prapatan cêdhak wong adol rondhe. Bakul rondhe mau wong sing mloto bangêt, asale saka Surabaya, barêng dicêdhaki Jamêrta banjur ngaruh-aruhi kalawan tanduk sing sumanak: laris, kang.

Jamêrta: gih, luwung dhi.

Bakul rondhe: dawêg ta, kang, nek ajêng icip-icip nyidhuk piyambak, rak êmpun.

Jamêrta: gih, dhi, niki lo klêthisan, tinimbang nganggur.

Wong loro padha urup-urupan dodolane, Jamêrta srupat-sruput, bakul rondhe khêthas-klêthis.

Bakul rondhe arêp anggodha marang Jamêrta, calathune: kang, kula niki êmpun lawas ajêng gunêman kalih sampeyan nanging kok dèrèng olèh jalaran sing gênah, lah saniki [sani...]

--- 51 ---

[...ki] kabênêran manawa dadi jalarane bêcik. Nagara kula Surabaya niku bêcik bangêt, botên kaya nagara ngriki. Ngrika niku botên ontên wong ina botên ontên wong lara. Wong pincang, dhêngkling, pece, wuta, cadhok, budhêg, sapiturute, ngrika botên ontên. Kabèh bagas waras sêgêr-sêgêr tanpa cacad. Lah bok wong lara utawa ina saking môncanagara têka têng Surabaya, gih waras dadakan botên susah tômba-tômba. Kados samang niku, kang, yèn têng Surabaya gih sae dadakan mripat samang, botên susah sarat-sèrèt anggêr êmpun ngancik bumi Surabaya, gih mêsthi awas.

Jamêrta: èstu, dhi, kôndha samang niku.

Bakul rondhe: botên ilok kang, yèn kula goroh têng slirane.

Jamêrta: ênggih layak mawon, pancèn nagara Surabaya niku êmpun misuwur.

Bakul rondhe: lah, ênggih, samang pyambak rak êmpun krungu misuwure nagara Surabaya, satanah Jawa botên ontên loro.

Jamêrta: lah yèn ajêng mrika, pundi, dhi, dalane.

Bakul rondhe: ho, kang, sakecane mêdal laut mawon. [ma...]

--- 52 ---

[...won.] Yèn samang numpak jukung sabêdhug êmpun dugi, king ngriki gih ngetan mawon.

Jamêrta bungah lan gêdhe atine, mêsthèkake yèn mripate bakal awas awit bangêt ngandêle marang obrolan bakul rondhe, wasana mangsuli: gih, dhi, jing êmbèn kula budhal. Wong loro pêpisahan idêr dhewe-dhewe.

Sore iku Jamêrta wus dicêgat ana ing dalan kang mêsthi diidêri, dening bocah lanang nakal têtêlu kang sabên sore ajêg tuku dodolane. Bocah têlu mau kajaba saking nakale, padha grêgêtan awit Jamêrta mêdhit bangêt, yèn dijaluki imbuh saglintir bae, ora tau olèh, mulane padha ayon arêp anggodha Jamêrta.

Barêng Jamêrta têka glêndhèh-glêndhèh karo tawa: cang, kacang, kacang gorèng. Bocah têlu padha mapan kang siji andhêlik ampingan pagêr nyêkêli bênang saglundhung, sijine nyêkêli pucuking bênang, kambi ambêngok: tuku, wak, rong sèn. Jamêrta ngandhêgi. Sasuwene ngêdoli, bocah sijine manèh tansah anggodha anjaluk imbuh, sijine nalèkake pucuking bênang olèh sikile rombong wadhah kacang.

Sawise bocah loro nampani kacang, lunga mèlu

--- 53 ---

kancane sing andhêlik, Jamêrta têrus idêr mikul rombonge, lagi têlung jangkah, bênang dicandhêt, rombong kang buri: gêdhandhul kaya dicènèng. Jamêrta mandhêg nolèh ngiwa nêngên ora ana apa-apa, nuli lumaku manèh, nanging lagi patang jangkah bênange dicandhêt manèh: gêdhandhul. Jamêrta mandhêg lingak-linguk ngawasake kiwa têngên ora ana apa-apa, atine nratab. Lumaku ambacut, bênang diulur. Bocah têlu pating cêkikik ngampêt guyune. Bênang dicandhêt manèh: gêdhandhul geyong-geyong. Jamêrta mandhêg manèh, atine sangsaya trataban, arêp alok ora wani, pangirane mêmêdi kang anggandhuli rombonge, banjur mlaku gêgancangan, ambêkane kumrangsang, sikile kêri. Lakune lagi limang jangkah, bênang didudut manèh: gêdhandhul-gêdhandhul. Grobyag, pikulane dibrukake, Jamêrta mlayu sipat kuping natap-natap. Bocah têlu kêpingkêl-pingkêl enggal anjupuki kacang sing morat-marit, dianggo royalan.

Esuke Jamêrta umuk ngêtupuk yèn ing dalan anu ana gêndruwone, nganggo pasêksèn lêlakone dhewe, ananging ora ana sing ngandêl malah digêguyu.

Obrole bakul rondhe tumancêp bangêt ing atine Jamêrta, pamit marang kyai dêmang lan tôngga têparone arêp lunga [lu...]

--- 54 ---

[...nga] mênyang Surabaya supaya mripate awasa, ananging kabèh padha nyêgah kêkarêpane, sarta padha ngandhani, yèn caritane bakul rondhe obrolan umuk-umukan. Jamêrta ing lair iya miturut panyêgahe wong akèh, nanging batine tansah ngonja-onja, durung lêga yèn durung ngancik bumi Surabaya, mulane lungane bakal ora pamit, nilap wong akèh.

Sawijining dina wayah asar êndhèk Jamêrta lunga mênyang pasisir, milih salah sawijining jukung kagungane kyai dêmang kang dikira ènthèng, dicancang olèhe pathok ora pati kukuh, pamrihe gampanga ucul-uculane, milih wêlah disadhiyakake, tumuli bali mulih, têkan omah sadhiya sangu lan nata barang-barang kang arêp digawa.

Saungkure Jamêrta nata jungkung, salah sawijining pambêlahe kyai dêmang têka, wêruh jukung kurang kukuh taline, kang sasisih dicancang manèh kukuh bangêt, dadi jukung mau taline rong ênggon.

Jamêrta wiwit sore ora turu-turu, gagasane: sesuk byar aku wis têkan Surabaya, mripatku wis awas, bali mrene wong-wong padha gumun. Ing wayah sirêp uwong Jamêrta budhal, kajaba mripate ora awas, nalika iku pêtêngan, dadi lakune grumutan. Têkan ing

--- 55 ---

gisik anjujug ing jukung kang wus disadhiyakake, gêgawane disèlèhake, mapan lungguh, nguculi talining prau olèhe nancang dhewe, tumuli diwêlahi: krabyuk, krabyuk, krabyuk ... ananging jukunge ora maju-maju, kompal-kampul golar-golir mubêng ana ing ênggon bae, jalaran cancangane kang sasisih kukuh ora diuculi.

Jamêrta sangsaya mêmpêng sêngkut olèhe mêlahi, daya-daya têkan Surabaya, ananging ora nglêgewa yèn krobyak-krabyuk ana ing ênggon bae. Wayah jago kluruk sanadyan tangane wis pêgêl ail malah mêmpêng olèhe mêlahi, calathune: ah, nyata kluruke jago Surabaya beda, dak sêngkakne sadela, krabyuk ... krabyuk.

Jam papat esuk rêmbulan andhadhari, pandêlênge Jamêrta rêmêng-rêmêng, batine: wis rina, srêngenge Surabaya iya beda, ora suwe wong pambêlah pirang-pirang padha têka arêp amèk iwak, padha kagèt wêruh wong lungguh ijèn mêlahi jukung krobyak-krabyuk, barêng dicêdhaki disuluhi, kabèh padha gumun, takon: ana apa Ja, bêngi-bêngi krobyak-krabyuk ijèn, kowe iku dolanan apa lumban.

--- 56 ---

Jamêrta gumun, dene wong Surabaya wis ana sing wêruh jênênge, malês takon: Surabaya wis cêdhak apa isih adhoh, ayo ta, aku tuduhna.

Wong-wong isih padha gumun, takon: Surabaya, kowe apa arêp mênyang Surabaya, Jaklowor.

Jamêrta: iya, apa wis cêdhak.

Wong-wong padha ngira yèn Jaklowor owah pikire, takon manèh: dhèk kapan budhalmu.

Jamêrta: mau bêngi bêdhug dawa.

Nalikane padha takon-tinakon mangkono, ana pambêlah salah siji kèlingan sorene nalèni jukung kang ditunggangi Jamêrta, barêng ditiliki jukunge isih talenan kukuh, sanalika padha ngêrti ubênge lêlakone Jamêrta, awit biyèn wus padha dipamiti Jamêrta arêp lunga mênyang Surabaya.

Wong pirang-pirang padha gumuyu kêpingkêl-pingkêl ngrasakake lêlakone Jamêrta. Ananging Jamêrta isih kêncêng pangirane yèn wis mèh têkan Surabaya, barêng dituduhake, digênah-gênahake yèn praune isih cancangan kukuh, lagi mak plênggong anjomblong, ora nyana ora ngimpi yèn mêlahi krobyak-krabyuk sawêngi durung mingkêd saka ênggon, esuke sadina muput Jamêrta lêngêr-lêngêr ngrasakake lêlakone.

--- 57 ---

Sawijining dina wayah esuk Jaklowor ngênthir mênyang pasar rajakaya arêp tuku wêdhus babon, gagasane bisa amanakbisaa manak. tangkar-tumangkar kaya ingon-ingone tanggane kang bangêt andêmênakake. Simpênane dhuwit sangang suku digawa kabèh, têkan pasar olèh wêdhus dhara lêmu, nuli mulih nuntun wêdhuse, gagasane: saiki olèh dalan oraa sugih ya cukup.

Kacrita ana gêntho lêlima ayon arêp ngarah wêdhuse Jamêrta, pamikire mêsthi gampang kênane, awit sing duwe wêdhus nglowor bangêt. Gêntho lêlima mau padha nyêgat ana ing dalan, ananging ora kumpul saênggon, mrênca urut-urutan lête sagrêdhu.

Gêntho kang siji wêruh Jaklowor glêndhèh-glêndhèh nuntun wêdhus takon karo bangêt gumune: kang Jamêrta, sampeyan niku santri kok nuntun asu, asu thik asu gudhigên napa botên karam. Jamêrta ora nyauri nolèh nyawang wêdhuse, batine: cadhok, wêdhus katon asu.

Antara sagrêdhu manèh gêntho sijine kang lungguh ing tanggul pinggir dalan takon: Kang Jamêrta, niku napa asune kyai dêmang sampeyan tuntun, asune dêmang gudhige kok anggrêmbèl. Jamêrta ora mangsuli nanging atine [ati...]

--- 58 ---

[...ne] wis ngêdhap, batine: lo, wis wong loro sing ngarani asu, panyawangku dhewe ya wêdhus, wêdhus têmênan. Wêdhuse tumuli nuli disêblak muni êmbèk êmbèk. Batine Jamêrta: lo êmbèk-êmbèk, yèn asu rak kaing kaing.

Antara sagrêdhu manèh, gêntho sijine manêh takon, sajake klewa-klewa: ajêng angguyang asu, kang Jamêrta, nèk ontên kirike kula bok disukani king satunggal. Jamêrta bingung pikire, lakune mandhêg mayong plengakan nyawang wêdhuse karo grênêngan: yèn ganêp wong papat padha ngarani asu iya pancèn êmbèkne kirik têmênan.

Olèh sagrêdhu gêntho sijine manèh takon apiora: kang Jamêrta, kyai dêmang ajêng ajag gih, kok nglumpukake asu. Tak mèlu ajag aku. Jamêrta ora nyauri wêdhuse diêculake, cêngkelak bali, lakune gêgancangan karo grênêngan: wong edan, dhuwit sangang suku digaglag warasan, uwong diapusi mêlèk-mêlekan, gênah asu kaing kaing diawadake wêdhus, bangsat ... dak rêpotake kyai dêmang ...

Gêntho enggal nyandhak talining wêdhus, dituntun dienggokake mlêbu dalan cilik. Dene gêntho sing papat nyimpang amblancang lakune Jamêrta, nyêgat ana ing ngarêp kaya kang uwis.

--- 59 ---

Gêntho kang ôngka siji takon marang Jamêrta karo gugup: wak kaji dul rasul, wangune kok kêsusu, napa ontên sanak sing botên kêpenak. Jamêrta ora nyauri, lakune têrus ngutu, batine: cadhok, wong diarani kaji dul rasul.

Sawatara adoh gêntho kang ôngka loro takon: wak kaji dul rasul, sampeyan wau dipadosi kang Kartadôngsa, lajêng dikèn nyuwuk sing èstri kudu botên eling. Jamêrta ora anggatèkake, nanging atine rada ngêdhap, anggrayangi sirahe karo calathu: ikêt dudu srêban.

Gêntho ôngka têlu ngulungake tangane ngajak salaman karo calathu: lujêng wak kaji, napa ajêng Jumuwahan, têsih esuk kok kêsusu. Jamêrta iya salaman, wangsulane, gih: têrus mlaku mandhêg mayong karo mikir: iya, aku iki Jamêrta apa kaji dul rasul, rumangsaku aku iki iya Jamêrta lawas kae. Lah iya, kok mokal yèn aku malih dadi kaji dul rasul. Tumuli cucul ikêt, calathune: lo ikêt dudu srêban, lo jlamprah ora gundhul. Nanging uwis wong têlu ngarani aku kaji dul rasul, ya karuwane yèn wis gênêp papat malah gênah, ora kelangan [ke...]

--- 60 ---

[...langan] ragad mênyang Mêkah munggah mas kaji, olèh sêdhêkah pitrah yèn kondangan brêkate satampah.

Gêntho ôngka papat mapagake, takon: wak kaji dul rasul, lujêng, wak kaji. Têrus lunga.

Jamêrta mantêp atine, gagasane: e lah, nyata kaji dul rasul têmênan aku iki, dak mulih yèn mêngkono. Tumuli nginthar ngênêr omahe kaji dul rasul, têkan ing latar sêpi ora ana uwong, gagasane: aku sugih, omah gêbyog gêdhe jèjèr têlu, lumbung têlu, jaran kore, dhokar. Tumuli mlêbu pandhapa: iya sêpi, gagasane: nyata sugih aku, pandhapa samene gêdhene, prabote bêcik-bêcik, pêpak ora kuciwa, ah, pancèn enak dadi kaji dul rasul karo dadi Jamêrta. Dak jajale rak kêpenak têmênan. Tumuli mapan lungguh ing kursi malês andhêglag ngaplah-aplah karo dhèhèm-dhèhèm: hêm, hêm. Nyai kaji krungu wong dhèhèm-dhèhèm mêtu, barêng diwaspadakake ora ana wong manèh-manèh, kajaba Jaklowor turon andhêglèg ing kursi malês, sakala nyai kaji muring rumasa disawiyah, omahe digawe sêmbarangan. Jamêrta diuman-uman, diuwus-uwus dikrampyang ing têmbung kang saru êntèk amèk [amè...]

--- 61 ---

[...k] kurang golèk nganti tôngga têparo padha têka tandang, wasana Jamêrta ditundhung wong akèh.

Atine Jamêrta bingung ora karuwan, lungane saka omahe kaji dul rasul kêplantrang-plantrang mêmêlas bangêt, nganti kaya wong lara owah, kluyar-kluyur ora karuwan parane. Wasana kêpêthuk kawanuhane kang ambêk wêlasan, runtuh wêlase nyawang marang Jamêrta kang suntrut katon susah bangêt, diajak mampir mênyang omahe, dilungguhake ing bale, diwêtoni klobot karo têmbako sarta upêt, calathune kang duwe omah: inggih kriyin gih kang, adhi dika kula kène ngliwêt, kula ajêng niliki rumpon, dhèk dalu kula masang wuwu, luwung nèk ontên lelene dipêcêl.

Jamêrta: gih dhi, dika tinggal botên dadi napa.

Kang duwe omah mlêbu, prentah marang bojone, ana dhayoh bokne, kang Jamêrta. Ngliwêta, aku tak niliki wuwu.

Jamêrta atine ambêdhêdhêg ngrungu calathune kang duwe omah, gagasane: kêna dirasakake sêga liwêt pêcêl lele, jangan mênir, hêm ... hêm.

Kang duwe omah mau, sing lanang wong bèrbudi ambêk wêlasan, pradhah marang dhayoh, nanging sing wadon kosok baline,

--- 62 ---

wêwatêkane mêdhit anyêngit, gêthing marang dhayoh. Barêng sing lanang lunga niliki wuwu, mêtu nêmoni dhayohe, gunêman alon-alon: kang, kula niki barèse mêsakake têng dika, adhi dika niku satêmêne bangsat gêdhe, dika niku kêna bujuk ajêng dipatèni. Êmpun kêrêp mawon adhi dika niku ngampirake mitra karuhe, ungêle ajêng diroyalake, ning botên, satêmêne ajêng dikêcubung, yèn êmpun mêndêm dikêpruk gandhèn, lah niku gandhène nganti gêrang diangge ngêpruki êndhas uwong. Olèhe calathu mangkono karo nudingi gandhèn gêdhe sumendhe gêdhèg, gêrang kilêng-kilêng saking kawake kêrêp kanggo.

Jamêrta mengo wêruh gandhèn, mênyat têrus pamit: ênggih, êmpun dhi, kula mantuk. Lakune gêgancangan, mripate pêndirangan tontonên gandhèn, sadalan-dalan plengakan, kuwatir yèn ditututi sing duwe omah dipatèni.

Ora suwe sing duwe omah mulih, manggul wuwu, calathune marang sing wadon: kêbênêran bokna,bokne. lelene akèh, dipêcêl, dikêla. Sing wadon mangsuli: anu pakne, dhayohmu wis mulih, dak êndhêg ora kêna. Sing lanang kagèt, takon: lo, mulih kapriye,

--- 63 ---

ta, digolèkake iwak jare mulih. Sing wadon mangsuli: anu pakne, iki mau nêmbung aku anjaluk gandhènmu sing ana bale kae, dak sêmayane ngêntèni têkamu, kok banjur mutung, mulih ora pamit. Sing lanang muring-muring, bojone ditutuh: kowe iku nyêngitmu pancèn kênêmênên, la wong donya gandhèn bae dijaluk sadulure digandhuli. Lah apa mutung. Besuk manèh bok sing rada lumrah uwong. Durung lêga atiku yèn gandhènku durung ditampani kang Jamêrta.

Sawise calathu mangkono anjupuk gandhèn, lumaku gêgancangan anututi lakune Jamêrta, barêng mèh kêcandhak katon saka kadohan dibêngoki: kang, ko ... ang, kang Jamêrta niki lo gandhène, dawèg dika pêndhêt. Olèhe gêmbar-gêmbor karo tholang-tholang ngathungake gandhène. Jamêrta krungu wong gêmbar-gêmbor: nolèh, têtela panyawange yèn sing nututi kang duwe omah karo ngathungake gandhène sakala Jamêrta mlayu sipat kuping, wêdine ngungkuli diburu macan, sambate kaya grantang: ma ... a ... ti ... aku ... ma ... a ... ati ... aku. Kang duwe omah mèlu mlayu nututi karto gêmbar-gêmbor: koang, kang Jamêrta, dawêg kang, niki lo gandhène dika pêndhêt kang, karo tholang-tholang

--- 64 ---

ngathungake gandhène. Jamêrta saya sipat kuping playune, pangirane sing duwe omah arêp ngêpruk, cocog karo kandhane sing wadon.

Suwening suwe sing duwe omah kêsêl bali mulih glêndhèh-glêndhèh ambêkane krênggosan, grênang-grênêng nutuh sing wadon: pancèn wong wadon kêparat, bôndha gandhèn bae olèhe ngêmpit kaya êmas, dijaluk ora awèh.

Jamêrta têkan ing omah ambruk, kêcandhak lara nganti pirang-pirang dina.

Isinipun serat punika:

kaca

I. Uripe manusa kudu tulung-tinulung… 3

II. Sutra gaib… 14

III. Pradhah ambruwah… 23

IV. Bodho Ambrêngkêlo… 43