Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Sawal taun Dal, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka. juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 11 JANUARI 1902.

--- 152 ---

Lintang-lintang Enggal ing Langit

Enggal punika§ kangge ing pasisir, têgêsipun dèrèng dangu. sêrat-sêrat kabar ing tanah Eropah sami gita-gita nyariyosakên, mênawi wontên lintang enggal katingal ing langit, sanalika sangsaya padhang cahyanipun, ananging sasampunipun gumêbyar sakêdhap, lajêng suda babar pisan cahya wau. Lintang enggal punika kawastanan: nophapèrsèi Nova Persei, ing wêkdal punika inggih taksih katingal, ananging angêngipun sampun suda.

Mirit ingkang makatên wau, dados lintang ingkang sawêg katingal punika dede lintang kumukus ingkang pinuju ngulandara ing awang-uwung,yêktosipun punika lintang têtêp, inggih punika maujud agêng sangêt ing awang-uwung, bangsaning surya kita. Mila kathah tiyang ingkang kagugah-gugah manahipun, punapa ing ngrika ingkang langkung saking têbih, ing sakêdhaping netra wontên ujud agêng dumados ing awang-uwung, saèmpêr kados Gusti Allah angandika, sanalika lajêng wontên jagad dumados, tanpa sangkan, makatên wau panggagasing akathah sampun lami ngantos sapriki. Awit botên sapisan kemawon wontên lintang enggal ingkang katingal, dados punika botên nama anèh utawi enggal, sarta sampun lami tiyang sumêrêp, yèn kathah lintang ingkang katingal sami malih utawi ewah warni tuwin [tuwi...]

--- 153 ---

[...n] agêngipun, lintang ingkang makatên punika kawastanan lintang malih Veranderlijke sterren (sampun kauwor kalihan lintang ingkang botên têtêp, botên sami, punika ing têmbung Walandi kawastanan planètên planeten, uatawi bintag beridar, utawi sijarah Ml bangsaning bumi, dede bangsaning surya).

Miturut babading kawruh palintangan, ugi sampun kacariyos mênawi ing nalika tanggal kaping 12 Agustus 1596, pandhita De. Fabricius, Dhe Pabrisius bôngsa Phris, dêdunung ing Ostil Osteel cakêt Èmdhèn Emden ingkang niti pariksa lintang-lintang jalaran saking rêmên sumêrêp lintang ingkang agêngipun nomêr kalih (lintang-lintang ing langit punika kabedakakên makatên: ingkang agêng piyambak katingalipun, kawastanan lintang ingkang agêngipun nomêr satunggil, ingkang langkung alit katimbang punika kawastanan nomêr kalih, ngandhapipun malih nomêr tiga, salajêngipun) dumunung ing grombolaning lintang-lintang walphis teeken van den Walvisch (dene walphis punika botên têbih saking lintang Luku Orion kêlêtan lintang-lintang: stir De stier utawi nama Jawi: sur, dados walphis wau sakilènipun lintang Luku kêpara ngidul sakêdhik. Mênggahing nama Jawi punapa Kyai Redhaktur§ punapa gêgolonganing lintang ingkang apêtha ulam lodan. ingkang suwaunipun botên kasumêrêpan piyambakipun, makatên ugi ing wulan Oktobêr [Okto...]

--- 154 ---

[...bêr] taun malih, dipun upadosi inggih botên pinanggih. Pabrisius kados dèrèng gadhah panggraita, yèn lintang wau bokmênawi suda cahyanipun, amila botên katingal, mênggah ingkang gadhah panggraita rumiyin, yèn wontên lintang-lintang sawatawis ingkang suda agênging cahyanipun, inggih punika Olwèrdhah guru agêng ing phranêkêr Prof. Holwerda in Franeker nalika taun 1639, ing nalika taun 1638 piyambakipun sumêrêp lintang enggal, mênggahing agêngipun nomêr tiga, wêkasan ing taun malih dipun tingali botên wontên, lintang wau lajêng katitik-titik, wusana pinanggih, yèn agêng sarta cahyanipun ewah, ananging ewahipun botên ajêg ing salêbêtipun sataun.

Lintang wau lami sangêt tansah botên katingal kalayan mripat, dene mênawi mangsanipun katingal, pintên-pintên minggu laminipun, anèh sangêt anggènipun suda sarta mindhak agênging cahyanipun, amila kawastanan De Zonderlinge in den Walvisch têgêsipun lintang anèh ing Walpis ugi kawastanan mirahsèti Mira Ceti.

Ing ngandhap punika kagambar pêpêthikan saking sêrat Het Rijk der Sterren anggitanipun Tuwan Flammarion anêdahakên suda sarta indhaking cahyanipun lintang Mirahsèti ing salêbêtipun waktu 11 wulan.

--- 155 ---

Botên lintang Mirahsèti kemawon ingkang malih kados ing nginggil, ing nalika taun 1667 Mautênari (Moutenari) ugi sumêrêp, yèn lintang algol ing palintangan Pèrseus Algol in het teeken Persseus molah-malih agênging cahyanipun, ing wêkasan inggih lajêng sagêd angyêktosi, yèn ewahipun wau aturan utawi tata sangêt mênggahing waktu sarta agêngipun.

Ing wêkasaning abad kaping 18 sampun kathah sangêt lintang-lintang ingkang dhasar ewah sami kasumêrêpan, sarta ing sabên taunipun inggih mindhak. Ing waktu punika kathahipun lintang ewah wau sampun langkung saking 200 iji, mênggah katingalipun saking bumi malih, utawi ewahipun lintang wau botên sami, malah kathah ingkang beda sangêt.

Amirit saking beda-bedaning katingalipun wau lintang-lintang malih punika kaperang dados kalih golongan, wontên lintang ingkang tata sangêt malihipun, wontên malih lintang ingkang namung sakêdhik sangêt ewahing cahyanipun, wontên ingkang wêktuning malih laminipun 20 jam, sawênèhipun malih 150 utawi 600 dintên, sadaya wêktu wau sami ajêg laminipun.

Lintang ingkang malihipun têtêp wau, kados ta lintang Algol ing

--- 156 ---

grombolaning lintang Pèrsius, ing salêbêtipun 2 dintên 11,5 jam lintang wau katingal têtêp agêng sangêt, wusana ing salêbêtipun 4 jam wiwit suda ngantos dados lintang ingkang agêngipun nomêr 4 dangunipun 1/4 jam, wêkasan ing salêbêtipun kawan jam mindhak-mindhak agêngipun, dados lintang ôngka kalih.

Wontên malih lintang ingkang anèh sangêt pamalihipun, inggih punika lintang B, ing palintangan lir Lier, lamining malihipun gunggung 12 dintên 22 jam, nanging ing salêbêtipun waktu wau cahyanipun suda kaping kalih.

Gèk punapa kemawon: inggih, ingkang dados sabab, dene kathah lintang ingkang sami malih suda utawi midhak cahyanipun, wontên lintang wêwolu ingkang anggènipun malih kalayan aturan sangêt, punika sababing pamalih kados botên dumunung ing lintang wau piyambak, awit: kanyataan saking paniti priksa, lintang-lintang punika wau sami pinuju mangangah utawi murub akantar-kantar, mila suda mindhaking cahya wau kintên-kintên jalaran saking wujud pêtêng (bokmênawi sabôngsa kalihan bumi kita, nanging sanès golongan) tansah angubêngi lintang wau, iing. waktu ingkang sampun mêsthi, angwontênakên grahana (kados grahana surya ing ngriki) mênawi katingal saking bumi kita.

--- 157 ---

Mênggah lintang ingkang botên ajêg molah-malihipun sababipun amêsthi beda kalihan ing nginggil wau. Lintang-lintang golongan punika ingkang kathah warninipun abrit, inggih punika ingkang nyatakakên, yèn sampun sami langkung asrêp utawi suda panas sarta cahyanipun tinimbang lintang bôngsa ngajêng wau.

Ing ngriki kêdah kasêlanan cariyos cêkakan, punapa ingkang dipun wastani sêpèktrum Spectrum. Spêktrum punika cahya ingkang kapisah dados warni-warni, jalaran anglangkungi prismah. Kaluwung punika sêpèktrumipun srêngenge, jalaran saking anglangkungi printising jawah. Dados mênawi cahyaning srêngenge pisah dados pitu, lajêng mujudakên wêwarnèn kados kaluwung. Mênawi satunggiling barang kasumêrêpan kados pundi warnining spèktrumipun, tiyang ingkang paramèng alam ugi lajêng sagêd anyumêrêpi jasating barang wau.

Sapunika prayogi anglajêngakên cariyos ing ngajêng. Sarèhning spèktrumipun sadaya lintang ing golongan wingking wau angèmpêri sêpèktrumipun balêntong-bêlêntonging surya kita. Mila saking pangintêning akathah, lintang-lintang wau wiwit gadhah balêntong, ingkang mèh sami kalihan balêntonging surya, inggih punika ingkang andadosakên sudaning cahya. Para maos punapa sampun sumêrêp, yèn surya kita punika gadhah balêntong-balêntong [balê...]

--- 158 ---

[...ntong-balêntong] cêmêng, kenging kaupamèkakên tohing surya. Balêntong-balêntong wau inggih punika peranganing lumahing surya ingkang sampun suda urub sarta cahyanipun, mila katingal cêmêng, kathah tiyang ingkang awas paningalipun sagêd aningali balêntonging surya tanpa ngangge kèkêr.

Balêntong-balêntonging surya punika katingalipun gilir gumantos, wangsulipun ing dalêm 11 taun. Mila kintên-kintên inggih makatên, wontên lintang ingkang gilir gumiliripun katingalipun balêntong wau langkung lami tinimbang waktuning surya.

Ingkang kacariyos ing nginggil punika wau, sadaya lintang ewah utawi malih, veranderlijke sterren ananging lintang ingkang kasêbut ing nginggil piyambak, inggih punika Nophapèrsèi Nova Persei ingkang dados lantaran anggèn kula ngikêt karangan punika, punika satunggiling lintang enggal, dene lintang ewah utawi malih. Kados pundi mênggah kawontênaning lintang enggal wau, têrkadhang sanalika katingal dadakan, wusana lajêng ical malih.

Kados-kados sampun mêsthi, yèn lintang-lintang enggal wau botên liya saking lintang-lintang pêtêng, inggih punika ingkang sampun botên gadhah cahya, amargi sampun mantun murub, dados botên katingal, ananging kapinujon lajêng murub sarta gadhah cahya sakêdhap, lintang ingkang makatên wau inggih punika wujud [wu...]

--- 159 ---

[...jud] bundêr ing awang-uwung, ingkang langkung saking agêng, sapunikanipun sampun asrêp dados pêtêng, ananging jalaran saking mêngkêrêd utawi mimpês kalayan rikat lan rosa sangêt, utawi jalaran saking sabab sanèsipun, sagêd panas sarta mêngangah utawi murub, ing wusana bokmênawi lajêng pêjah utawi sirêp babar pisan.

Lintang ingkang makatên punika ing nalika abad kaping 18 dèrèng kasumêrêpan, ing nalika abd kaping 19 sakêdhikipun sampun wontên 10 iji ingkang pinanggih. Ing nalika tanggal kaping 21 Mèi 1860 Auwers manggih satunggiling lintang ingkang agêngipun nomêr 7 ing grombolaning lintang Mèsir Messier (ing palintangan kalajêngking Schorpioen), tigang dintên ingkang sampun kapêngkêr lintang wau botên katingal, wusana ing wulan Juni ical malih, aliya saking punika wontên lintang enggal katingal nalika tanggal ping 12 Mèi 1866, wontên ing noordelijken Kroon sanalika dados lintang nomêr kalih, nanging ing nalika tanggal kaping 14 Mèi dados nomêr tiga, ing 16 Mèi dados nomêr sakawan, wêkasan ing nalika 18 Mèi botên katingal sarana mripat wantah.

Tiyang sampun sami cocog ing pamanggih, yèn lintang-lintang enggal punika wujud-wujud ing langit, hemellichaan ingkang sampun asrêp sangêt, nanging sagêd panas dadakan, mila

--- 160 ---

lajêng langkung mêngangah mawa cahya.

Lintang ingkang makatên wau anggènipun sumunar malih punika minôngka sasmita dhumatêng kita ing bumi ngriki, yèn ing ngriku kataman bêncana agêng, inggih punika ingkang dipun wastani kiyamat, anumpêsa kathahing titah ingkang anyawa, ingkang dumunung ing golongan ngriku. O gèk kados pundi: inggih, solah tuwin sêsambating manungsa ing ngriku (punika mênawi wontên èstu: Lo), badhe dhatêng pundi malih anggènipun ngungsi, ing ngrika-ngriki pêtêng andumuk irung, langkung malih asrêpipun bokmênawi ngudubilahi. Kula sukur kaping sèwu ing Pangeran ingkang Maha Agung, dene têtingalan ingkang makatên wau, awis wontênipun. Inggih sakbotên-botênipun: tiyang awis, rak ingih wontên kaotipun tinimbang yèn asring.

Mênggah ingkang andadosakên jalaran angwontênakên panas lan cahya dadakan, punika amêsthi warni-warni.

Mêngkêrêd utawi mimpêsing wujud, utawi tarik-tinariking jasating wujud punika sagêd angwontênakên panas, ananging kenging ugi wontênipun panas wau jalaran saking tumbuking wujud punika: kalihan wujud sanèsipun saking amônca ingkang agêngipun angeram-eramakên. Wontên malih tiyang ingkang angintên yèn lintang utawi wujud wau anglangkungi grombolaning lintang-lintang ingkang langkung saking mèpèt sarta kathah, [ka...]

--- 161 ---

[...thah,] utawi pêdhut ingkang kêkêt, tumbukipun andadosakên panas.

Ananging samantên wau botên kenging dipun gêga sayêktos. Kita ing ngriki sagêd ningali oboring apêjah ing jagad ingkang pinuju manggih bêbaya kiyamat, têbih saking ngriki, ananging kita botên sagêd anyumêrêpi jalaranipun urubing obor wau.

Ingikêt dening balilu. Partawidigda. Kandhidhat guru ing Blora

Pitutur Jati

Sambêtipun ôngka V kaca 108

Patrap Pangrêksanipun dhatêng Lêlampahan Utami

Ingkang sampun kula sorahakên ing nginggil wau, sadaya tumrap ing badan, ananging wontên malih ingkang langkung pêrlu kasumêrêpan, inggih punika patrap pangrêksanipun dhatêng ambêk kautamèn, tumrap dhatêng badanipun piyambak sarta dhatêng para anak, para bapa biyung sami tumêmêna pamarsudinipun dhatêng para anak, supados anglampahana saraking agami, ngèngêtana lan ngabèktia dhatêng Gusti Allah. Makatên ugi para bapa samia marsudi dhatêng semahipun, supados sami angèstokakên [a...]

--- 162 ---

[...ngèstokakên] sêsorah ing nginggil, katulada dhatêng para anak.

Kacundhukakên kalayan atur kula ing nginggil, bab I sadaya wêwatêkaning bapa biyung, têtela tumimbal dhatêng para anak, awis ingkang nyêbal. Pramila pamuji kula mugi para bapa biyung kadunungan iman ingkang salèh, lumèbèripun dhatêng para anak.

Pangupakaranipun dhatêng para anak, ing môngsa kasarasan, wiwit lair ngantos mêdal untunipun.

Para rare alit (bayi) punika, sêsakitipun ingkang mutawatosi inggih punika sêsêging ambêkan. Samôngsa rare ambêkanipun ngangsur, ing môngka botên tumuntên pikantuk pitulungan, punika dangu-dangu ambêkanipun kêlah (alon) wêkasan ical, anjalari tiwasipun, hawa ing guwa garbanipun rare punika taksih kathah pêpalangipun, jalaran badaning rare pancèn taksih ringkih.

Bilih rare ambêkanipun ngangsur (botên aring) ihtiyar ingkang kêdah kalampahan makatên: rare wau lajêng kacêlupna ing toya asrêp sakêdhap, tumuntên kaêntasa malih. Dayaning toya ingkang memba electriciteit murakabi dhatêng saranduning badanipun rare, têmahan anggapilakên ambêkaning

--- 163 ---

rare, nulak dhatêng bêbaya pêjah.

Ing samênèhing panggenan, têtiyang tani taksih wontên ingkang nganggêp toya kados usada, katôndha bilih gadhah cêmpe utawi bêlo ingkang sawêg mêdal, sarta botên sagêd ambêkan, sirahing cêmpe utawa bêlo wau lajêng kagrujug toya asrêp, têmahan ugi sagêd katulungan: lêstantun gêsang.

Kajawi toya, hawa punika tumraping manungsa sarta kewan, ugi pêrlu kêdah kamanah, awit botên mêsthi yèn sabên rare ambêkanipun kanthi hawa ingkang sae, dene hawa ingkang utami inggih punika hawa zuurstof.

Kathah-kathahipun para biyung bilih ngêdusi anakipun kanthi toya angêt, ananging pamanggih ingkang makatên punika lintu. Jalaran toya bêntèr punika ngrisakakên dhatêng kasarasan. Sampun anggalih kuwatos, ngulinakna dhatêng toya asrêp kemawon, dene bilih pancèn rêkaos. Inggih nganggea toya ingkang mônda-mônda angêtipun, saya lami saya kasudaa angêtipun, wêkasan dhawah asrêp babar pisan.

Yèn angêdusi rare ingkang taksih bayi, sampun ngantos kadangon, cêkap kacêlupakên kanthi etangan 1-2-3 lajêng kaêntas, ananging sampun kakêsudan, wangsul lajêng kakêmulan [ka...]

--- 164 ---

[...kêmulan] sarta kakêlonan ing patilêman kêmawon, bilih dèrèng nyumêrêpi kanyataanipun, tartamtu maibên yèn rare rêmên dhatêng toya asrêp, sumôngga kayaktosana, rare ingkang sampun sagêd wicantên, saèstu bingah yèn kaêdus§ ing Surakarta: kaêdus: barang, kaêdusan: tiyang. kanthi toya asrêp, malah yèn biyungipun kasupèn botên ngêdus, pun rare lajêng gadhah panêdha piyambak.

Inggih botên wontên pakèwêdipun, rare kacêlupakên ing toya angêt, ananging tumuntên kacêlupna ing toya asrêp.

Toya punika kajawi wiwit kangge srananing gêsang, inggih kangge salaminipun, ing môngsa kasarasan utawi nandhang sakit. Sanadyan rare sami sê, badanipun lêma, ananging botên mêsthi bilih kiyat, têrkadhang lêmanipun namung anggajih (sponsachtig).

Atur kula namung bilih rare ingkang sawêg umur sawulan mangandhap, bilih ngêdusi sampun kêdangon, cêkap kacêlupakên kanthi etangan 1-2-3 lajêng kaêntas, kakêmulan sarta dipun kêloni.

Sasagêd-sagêd para rare kakulinakna dhatêng hawa. Sirah dhadha, suku sabên-sabên kêdah kaêlèra supados angsal hawa, sampun tansah kabungkus. Awit mênawi botên kakulinakakên [kakuli...]

--- 165 ---

[...nakakên] bilih kanginan sakêdhik kêmawon, inggih lajêng kagèt, wêkasan nuwuhakên sêsakit, kados ta: watuk, pilêk sapanunggilanipun.

Bilih bapa biyung trêsna dhatêng anak, sampun mawi taha-taha angulinakakên dhtêng toya sarta hawa.

Panganggening para Rare ingkang Taksih Nêsêp

Panganggening rare kêdah sarwa tipis, supados hawa sagêd rumasuk ing badan, lan malih sampun kasêsêgan, pikantuk ingkang para longgar, supados anggampilakên lampahing êrah. Sirah sampun asring kakrêpusan, awit Gusti Allah ingkang sipat mirah sampun aparing rambut, dados para biyung botên sisah kuwatos. Punapa malih suku pêrlu sangêt kakulinakakên ngambah siti, sampun tansah kaanggènana mojah, utawi sêpatu. Sawênah para biyung kalintu sangêt pamanggihipun, anakipun kagendhong mêksa dipun krêpusi, kaanggènana mojah sarta sêpatu, supados botên kenging angin (masuk angin), lo: ingkang makatên wau nalisir sangêt kalihan kayêktosanipun, gèk benjing punapa sagêdipun kulina, wiwit alit sampun satron kalihan hawa, agêngipun punapa inggih sagêd dados mitraning hawa, makatên upaminipun.

Dhuh, para biyung, sarèhning rare dèrèng sagêd wicantên,

--- 166 ---

dèrèng sagêd mastani pundi ingkang sae utawi ingkang awon, pramila atur kula, para biyung kemawon ingkang pratitis pangupakarane dhatêng anakipun.

Wontên malih ingkang kêdah kula aturakên dhatêng para bapa biyung, inggih punika sadaya panganggening rare kados ta: popok, rasukan, kathok sapanunggilanipun: kêdah ingkang rêsik, sabên rêgêd sakêdhik kêdah kakumbah, tumuntên kaêpe ingkang ngantos garing. Pangangge ingkang taksih têlês utawi malêm: sampun pisan-pisan kacènthèlakên ing sênthong patilêmaning rare, ngèngêtana yèn toya punika ngukus (verdanpen), sumuking kukus botên prayogi tumraping rare.

Sênthong patilêmaning rare

Sampun têtela sangêt, rare ingkang dèrèng sagêd lumampah bilih sampun angraosakên hawa ing jawi ingkang sêgêr, yèn pinuju kapangku ing sênthong lajêng nudingi dhatêng kori, yèn sagêda wicantên kêdah nêdha dhatêng jawi. Makatên ugi yèn rare sampun sagêd tumindak sampun saèstu kêdah dolan mêdal, dados yakin para rare rêmên wontên ing jawi tinimbang andhuwêl wontên ing sênthong, ingkang makatên wau botên sanès namung jalaran saking hawa, pramila kula kumêdah-kêdah nyorahakên bab sênthong patilêmaning rare, inggih [ing...]

--- 167 ---

[...gih] punika pêrlu sangêt kadunungan latu mawa. Hawa ingkang sae: pêpadhang sarta soroting surya, lan malih jogan tuwin gêdhèging sênthong kêdah ingkang garing, sampun ngêmbês, jandhelaning sênthong kêdah asring kabikak, supados hawa ingkang sae (zuurstof), sagêd lumêbêt, lan kukus ingkang dumunung ing sênthong sagêd mêdal.

Ambèn (tempat tidoer) patilêmaning rare

Patilêmaning rare punika ingkang kathah botên mawi dipun manah dening para biyung, jalaran inggih saking cingkrange kawruh.

Saking pangatos-atosing biyung, ngantos rare alit ingkang pinuju tilêm siyang, dipun tilêmakên ing kasur kanthi bantal angundhung-undhung, dipun kêmuli tur mawi krêpus, ingkang katingal namung rainipun kemawon, adhuh: kalintu têmên patrap ingkang makatên wau, sumôngga kayêktosana, yèn tansah kakulinakakên dhatêng angêt, bilih kataman ing angin (hawa asrêp) saèstu lajêng pilêk utawi watuk, ugi anggampilakên dhatêng sêsakit cêkèk.

Kasuring rare pikantuk ingkang kapara atos, kaisènana rumput utawi kêmbangan ingkang taksih enggal, jalaran rumput utawi kêmbangan punika dayanipun angêt, ananging botên kathah panyêroting hawa bêntèr, sasagêd-sagêd papan [papa...]

--- 168 ---

[...n] dununging sirah ingkang kapara andhap katimbang papan dununging badan, sêlaning githok kasêsêlana bantal, supados mayat, makatên punika paedah anggampilakên lampahing êrah, rare yèn tilêm sasagêd-sagêd sampun katunggilakên patilêmaning tiyang sêpuh (volwassene) jalaran hawa ingkang mêdal saka ambêkaning tiyang sêpuh punika hawa awon (stikstof), kajawi makatên inggih kuwatos mênawi kêtindhihan.

Bab Tilêm sarta Tangining Rare

Sawênèh wontên ingkang kodhêng ing panggagas, sae pundi rare punika kathah tilêmipun kalihan kathah mêlèkipun. Bilih kula gampil kemawon: wit-witan ingkang botên kataman angin agêng saèstu subur tuwuhipun, kosokwangsulipun, wit-witan ingkang tansah kataman angin agêng, dangu-dangu saèstu ngarang.

Makatên ugi tumrapipun dhatêng rare, tilêming rare kenging kula upamèkakên wit-witan ingkang botên kataman ing angin agêng, bilih rare tilêmipun jênak katôndha yèn saras, mênawi rare botên sagêd tilêm, utawi tilêmipun tansah guragapan, saèstu ngèmpêri wit-witan ingkang tansah kataman ing angin agêng, liripun anandhakakên yèn rare wau sakit, utawi kirang sae pangupakaranipun, rare ingkang pinuju tilêm, saèstu anjalari sakit, bilih [bi...]

--- 169 ---

[...lih] dipun gugah, wangsul kaêntosana tanginipun piyambak, danguning tilêm botên susah kamanah, langkung malih rare tilêm ingkang mawi gumujêng, punika nandhakakên bilih sakeca tilêmipun, botên susah kalela-lela mawi ura-ura, langkung sae ing dhadha kasukanan andhuk têlês, utawi rare wau kacêlupna sakêdhap ing toya asrêp.

Pêrlu sangêt tilêming rare kaajêgakên, kapêstèkna jamipun

Taksih wontên sambêtipun

Kaimpun dening Sastradiharja. Cand Inl. Ond. Surabaya

Agaran

Ingkang dipun wastani agaran punika pirantos adamêl latu, ing jaman rumiyin sadèrèngipun wontên pirantos corok§ ing Surakarta: rèk Red. tiyang Jawi mênawi adamêl latu ngangge pirantos wau, malah saking pamirêng kula ngantos sapunika tiyang dhusun tuwin tiyang parêdèn taksih sami ngangge.

I. ngagar sarana kajêng

Ingkang ruwiyinrumiyin. mirantos kajêng garing ingkang gampil piyambak wêdaling latunipun: punika kajêng dhadhap, kadamêla agêngipun cêkap [cê...]

--- 170 ---

[...kap] ± (0,50 x 0,05 x 0,03) kajêng punika lumahipun kakowèk ing pinggir saantawising panjangipun, wiyaripun kintên-kintên cêkap saanjinging jênthik, botên pêrlu lêbêt-lêbêt namung gatra kemawon, sarta kakirihana sakêdhik, punika dipun wastani: wedokan, sasampunipun makatên lajêng adamêl kajêng lanangan, ingkang nunggil bôngsa kalihan kajêngipun wedokan, kadamêl gilik agêngipun inggih sajênthik panjangipun cêkap ± 0,05 kasambatan ing wilah gilig ingkang sampun kadamêl panjangipun cêkap ± 0,50.

Kajêng wedokan punika kapidak ing suku kiwa têngên angajêngakên kirihan wau kalayan lênggah, tangan kêkalih nyêpêng kajêng lanangan, ingunyêrakên kalêrês kowèkan wau sawarni anjara, ingkang sisir mlintu§ têmbung: sisir lintu, punapa sêsêr lumintu. botên kenging kèndêl sadèrèngipun mêdal latunipun, ing ngriku saya dangu mêdalakên êmput§ têmbung êmput ing Surakarta: botên wontên. (taèn) saya dangu malih saya angêt, wusana mêdal latunipun mraman ing êmput punika.

II. ngagar sarana dêling.

Pirantos dêling sasigar ingkang garing, panjangipun cêkap ± 0,50 dêling punika kairat dados kalih, ingkang sasigar dipun pêrangi sisihipun, ingkang lampir, kulitipun sampun ngantos katut, [katu...]

--- 171 ---

[...t,] katancêpakên ing siti ingkang kêkah. Punika dipun wastani: wedokan, lajêng adamêl lanangan, inggih punika dêling kantunan wau, punika ing Jawi Têngah antawis ing panjang wiyar ciyutipun kintên sagêda nyamlêng kalihan lampiring wedokan punika, lajêng kagosokakên kalih-kalihipun, saya dangu ngêdalakên taèn, sampun ngantos kècèr, saya dangu malih saya angêt, wusana mêdal latunipun mraman ing taèn punika.

III. ngagar sarana thithikan

Mirantos waja blebekan wiyar tuwin kandêlipun cêkap ± (0,05 x 0,02 x 0,0015) mirantos malih gêmpilan sela lintang utawi rijang, warninipun pêthak gilap, utawi cêmêng sawarni ampo siti, lan mirantos êmput (= umbut).§ ingkang mungêl ing sastra lampah: kidang ika mangan umbuting arèn zie J z II 32-3 vo têgêsipun kidang nêdha pupus arèn, nanging punika atêgês: kawul. lalaranipun papah arèn kakumbah ingkang rêsik mawi lôndha awu utawi mêrang, kaêpe ngantos garing. Bilih sampun mirantos sela thithikan katumpangi§ ing Surakarta ngangge katumpangan. umbut sawatawis kacêpêng ing driji jêmpol mithêt.§ mithê = mijêt Red. umbut punika, tangan satunggalipun nyêkêl waja, iringipun kathithikakên ing sela arambah-rambah, ing

--- 172 ---

ngriku muncrating sela mawa latu pating klêpyur, klêpyuring latu salah satunggalipun ingkang purun mencok ing umbut wau lajêng mraman. Mênawi tiyang ingkang nithik punika sampun ngakêp rokok: kenging lajêng kanyunyukakên ing umbut ingkang sampun mêngangah dening latu punika.

IV. ngagar sarana plog

Mirantos sunguning maesa, kawangun bundêr gilig sawarni nganan§ ? punapa garan. arit, agêngipun cêkap ± (0,05 x 0,02 x 0,02) kabolong ing têngah mujur sawarni bumbung wiyaripun cêkap ± 0,005 lêbêtipun cêkap ± 0,04 punika dipun wastani: wedokan, lajêng adamêl lanangan saking sungu ugi, panjang tuwin agêngipun ingkang sagêd nyamlêng dhatêng bolonganipun wedokan punika, ananging ing sasisih kêdah mawi langkungan kangge irah-irahan§ ? panjangipun inggih sapantêsipun ingkang gadhah kajêng, pandamêlipun irah-irahan punika kêdah rapêt, ingkang ngajêng sagêda nutupi bolonganing wedokan.

Mênawi angêplog pucuking lanangan punika dipun dèkèni§ = dèkèki. punapa wontên panunggilanipun sigêg: ka, angsal panambang: na ? susur umbut sakêdhik, kalêbêtakên bolonganing wedokan sarana katêpak ing èpèk-èpèk, sarta

--- 173 ---

pandudutipun kêdah sanalika, upami: anêpak plak 'lus' kadudut, punika anjalari wêdaling hawa bèntêr ngengingi umbut mraman mêdal latunipun.

Sastradipura. opnèmêring watêrstat ôngka I ing Madiun.

Kêra Lêma

Sarasehan pamanggih kalihan Mas Munandar

Mênggah saking pamanah sarta rumaos kula, tiyang jalêr ingkang kêra punika botên sabab saking kêkathahên ngedhe§ = lampah ngiwa. (cumbana) miturut wêwarahipun para sarjana ingkang dados tôndha yêkti, para luhur utawi para kaya punika têmtunipun sring sangêt acumbana, awit ingkang kathah sami wayuh 4-5 ngantos 10 ewadene têka botên kêra, punika sabab saking kasêmbadan samudayanipun§ rimbag bawa: ma, saking sadaya, sami ugi samudana, saking sadana, samubarang, saking: sabarang zie P.B. 315-4. manah sênêng nêdha tilêm sakeca, (punika sababing lêma), wontên ugi para luhur utawi para kaya ingkang kêra punika panci pawakanipun.

Wondene sawênèhing tiyang jalêr neneman, ingkang katingal kêra punika têtela sabab saking tansah kataman ing prihatos ingkang gontas-gantos kemawon, dados botên sagêd sirna blas, upaminipun para anèm ingkang sabên dintênipun kapêksa lênggah dangu awit saking padamêlanipun, kados ta nyêrat utawi sanèn-sanèsipun, malah wêktu -wêktu asring nyambut damêl ngantos dalu, lan malih bawinipun§ bawinipun ing sêrat babad Tanah Jawi Blz. 321 r 10 kangge krama. tiyang bodho ingkang kacadhang-cadhang inggih amung dukanipun kêpala§ = pangagêng, dene ing Surakarta inggih ngangge têmbung kêpala, kados ta: kêpala kampung, kêpala sarung. kemawon, sanajassanajan. tilêm yèn pinuju nglilir inggih kèngêtan dhatêng padamêlanipun, dintên Ngahad angsal libur, sonja-sonja kitha, kados pundi sagêdipun lêma yèn botên pikantuk sawabing sasadara§ lêma amargi saras, kêra sabab sakit, badan singsêt, pawakan mênjalin, botên nama kêra dados kosok wangsulipun badan kêndho, gêmbro Red. ingkang mêdal manah suci.

R. Mangunsuwiriya.