Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1901, #1801
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #203.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #417.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #418.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #419.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #420.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #421.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #422.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Jumadilawal taun Dal, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 17 Agustus 1901.

--- 42 ---

Ilmu Bumi Insulindhê

Sambêtipun ôngka II kaca 41?

Supitan Makasar punika lêbêtipun ± 200 dhêpa = 340 mètêr, ing salèripun supitan Lombok lêbêtipun 670 dhêpa = 1140 mètêr, tuwin ing salèripun pulo Sèlèbês lêbêtipun 2600 dhêpa = 4430 mètêr. Sagantên Bandhah lêbêtipun 2300 dhêpa = 4000 mètêr, sagantên saantawisipun Niu Guwineah kalihan Niu Holan, lêbêtipun botên langkung saking 62 dhêpa = 105 mètêr, sagantên saantawisipun Niu Holan kalihan pulo Timur kirang lêbêt, ananging sagantên ing sacakêtipun pulo Timur lêbêt sangêt, sagantên antawisipun Niu Guwineah kalihan pulo -pulo Aru lêbêtipun ± 100 dhêpa = 170 mètêr, (sagantên sakubêngipun pulo-pulo Kèi lêbêt sangêt), dene sagantên saantawisipun pulo Jawi, Bêruni, Palawan, Sumatra tuwin Malaka, punapa malih ing pulo Sunglon Siyêm, dumugi ing pulo-pulo Nahuna, saha sagantên saantawisipun pulo Sumatra tuwin pulo-pulo ing sakilènipun, sarta pinggir sagantên ing sakidulipun pulo Jawi lêbêtipun kirang saking 50 dhêpa = 80 mètêr, kapal-kapal ngantos sagêd labuh wontên ing têngah sagantên, ananging sagantên saantawisipun pulo Sèlèbês,

--- 43 ---

pulo-pulo Sundha alit, tuwin pulo-pulo Moluko lêbêt sangêt, dados kados dene minôngka sambêtanipun sagantên agêng kalihan sagantên Indhia.

Nitik saking sabab ing nginggil wau, lajêng anuwuhakên pangintên, bilih ing jamanipun kina, perangan kilèn wau dados satunggal dharatan, ingkang dados satunggal kalihan tanah Asiah, dene pulo-pulo Papuah ugi dados satunggal dharatan kalihan tanah Niu Holan, wêdal punika ugi kathah titikanipun ingkang mratandhani bilih perangan Insulindhê kêkalih wau ing kinanipun gandhèng, ingkang saperangan gandhèng kalihan tanah Asiah, ingkang saperangan gandhèng kalihan tanah Niu Holan, inggih punika katitik saking têtuwuhan tuwin kewan-kewanipun ing perangan kêkalih wau. Mirit saking thêthukulan tuwin kewan-kewan ing perangan kilèn, wontênipun sami kalihan ing tanah Asiah, beda kalihan perangan Insulindhê ing sawetanipun supitan Makasar tuwin supitan Lombok, dene thêthukulan tuwin kewan-kewan ing perangan wetan sarupi kalihan thêthukulan tuwin kewan-kewan ing Niu Holan.

--- 44 ---

Wontênipun thêthukulan ing perangan kêkalih wau:

... ing perangan kilèn (perangan Asiah) ... ing perangan wetan (perangan Australiah)

pantun ... rupi-rupi ... awis-awis / sagu ... awis-awis ... kathah / lombok ... kathah ... botên wontên (awis) / cêngkèh ... botên wontên (awis) ... kathah / pala ... botên wontên (awis) ... kathah / asêm ... kathah ... awis / gambir ... kathah ... awis / tom ... kathah ... awis / cêndhana ... awis ... kathah / wit kapur ... kathah ... awis / mênyan ... kathah ... awis / kajêng pêthak ... awis ... kathah / jarak ... kathah ... awis / jati ... kathah ... awis / kajêng arêng ... awis ... kathah / akar ... awis ... kathah

kewanipun

... ing perangan kilèn ... ing perangan wetan

gajah ... wontên ... botên wontên / warak ... wontên ... botên wontên / sima ... kathah ... botên wontên / bruwang ... wontên ... botên wontên / sênuk ... wontên ... botên wontên / kêthèk agêng ... kathah ... botên wontên / pêksi cindrawasih ... botên wontên ... kathah / pêksi nori ... botên wontên ... kathah

--- 45 ---

Wiyaripun

Wiyaripun pulo-pulo Insulindhê kados ing ngandhap punika, ananging cacah wau kula mêndhêt kintên-kintên kemawon (kaota namung sakêdhik) pêrlunipun supados para maos gampila anggènipun nandhingakên kalihan pulo sanès-sanèsipun, dene benjing bilih kula nyariyosakên satunggal-tunggalipun pulo, wiyaripun badhe kula pacak salêrêsipun.

a. pulo-pulo Sundha agêng. 1. pulo Jawi sarta Madura tuwin pulo alit-alit sakubêngipun, wiyaripun ± 2400 G.M,§ (Geogravisemijl 2 = 1 mil Inggris = 1 mil sagantên 24 1/4 pal pasagi = 7760 bau) Prawirawiyata. Jiwanipun ± 21. 500.000. 2. pulo Sumatra (prêcah), wiyaripun ± 8000 G.M2, jiwanipun ± 3.000.000. 3. pulo Beruni (± 13.000) ± 9400§ (§ ) ingkang kabawah ing guprêmèn Walandi, Prawirayata. G.M2, jiwanipun ± 1.000.000. 4. pulo Sèlèbês ± 3300 G.M2, jiwanipun ± 1.500.000.

b. pulo-pulo Sundha alit ± 1.500 jiwanipun?

c. pulo-pulo Moluko ± 1450 jiwanipun?

d. pulo-pulo Papuah (± 12.000) ± 6.000§ (§ ) ingkang kabawah ing guprêmèn Walandi, Prawirayata. G.M2?

--- 46 ---

Dene wiyaring pulo sanès-sanèsipun kados ing ngandhap punika:

Pulo Timur wiyaripun ± 600 G.M2 jiwanipun ± 300.000

Pulo Timur wiyaripun ± 600 G.M2 jiwanipun ± 300.000

Pulo Timur wiyaripun ± 600 G.M2 jiwanipun ± 300.000

Pulo Seram (Serang) wiyaripun ± 350 G.M2 jiwanipun ± 140.000

Pulo Alamaerah wiyaripun ± 350 G.M2 jiwanipun ± 25.000

Pulo Plorès wiyaripun ± 300 G.M2 jiwanipun ± 250.000 ?

Pulo Sumba (Cêndhana) wiyaripun ± 250 G.M2 jiwanipun ± ?

Pulo Bangkah wiyaripun ± 220 G.M2 jiwanipun ± 73.000

Pulo Sumbawa (Samawa) wiyaripun ± 220 G.M2 jiwanipun ± 75.000

Pulo Buru wiyaripun ± 170 G.M2 jiwanipun ± 8.000

Pulo Bêlitung wiyaripun ± 120 G.M2 jiwanipun ± 34.000

Pulo Niyas wiyaripun ± 120 G.M2 jiwanipun ± 230.000

Pulo Bali wiyaripun ± 100 G.M2 jiwanipun ± 860.000

Pulo Lombok wiyaripun ± 100 G.M2 jiwanipun ± 400.000

Pulo Madura wiyaripun ± 80 G.M2 jiwanipun ± 1370.000

Pulo-pulo Insulindhê punika ingkang kathah wangunipun panjang sarta ciyut punapa malih trapipun jèjèr, andadosakên palêngkung saking pulo Bêras (Acih) dumugi ing pulo-pulo Aru. Jejeran wau kados dene watês Insulindhê sisih kilèn kalihan kidul, dene pulo-pulo sanèsipun dumunung wontên salêbêtipun palêngkung wau. Mirit saking trapipun ing nginggil punika,

--- 47 ---

pulo-pulo Insulindhê ugi kaperang, a. pulo-pulo ing jawi, b. pulo-pulo ing lêbêt, pulo ing lêbêt punika ingkang kathah wangunipun gèsèh sangêt kalihan pulo-pulo ing jawi, awit pulo ing jawi ingkang kathah wangunipun panjang sarta ciyut, dene pulo ing lêbêt ingkang kathah bundêr (Bêlitung-Buru), utawi mawi sunglon agêng, ngantos wangunipun anèh, (Sèlèbês, Alamaerah: ) sanadyan wiyaripun pulo Sèlèbês namung saprapating wiyaripun pulo Bêruni, ananging gisikipun mèh sami.

Sagantên ing saantawisipun pulo-pulo punika, namanipun rupi-rupi§ aruta swaraning têmbung: rupa-rupi, saminipun, rêga: rêgi, tawa: tawi, sapanunggalanipun, pancèn lêrês, nanging kanggènipun ing Surakarta: rupa (ngoko) warni (krama) warna ( krama inggil) kados ta: rupamu (warni sampeyan, warna dalêm) bagus, dene têmbung warna ing kinanipun: ngoko. kados ta: Sagantên jawi, wontên ing saantawisipun pulo Jawi, Bêruni, Sumatra, Sèlèbês tuwin Sêlèyêr. Sagantên Sundha, wontên ing saantawisipun pulo Plorès, Buton, Sêlèyêr tuwin sagantên Bandhah. Sagantên Bandhah, wontên ing saantawisipun pulo Wètêr sarta Seram, sagantên Sundha tuwin pulo-pulo Kèi.

--- 48 ---

Sagantên Moluko wontên ing saantawisipun pulo Sèlèbês, Alamaerah tuwin Buru. Sagantên timur wontên ing saantawisipun pulo-pulo Plorès, Sumba sarta Timur. Sagantên Arapura, wontên ing saantawisipun pulo Timur, timur laut sarta tanah Australiyah. Sagantên Sulu (sagantên Sèlèbês) wontên saantawisipun pulo Sèlèbês, tuwin pulo-pulo Sulu kalihan Mindhanao, pulo Bruni kalihan pulo Sangi. Sagantên Karimata, wontên saantawisipun pulo Sumatra kalihan Bruni, pulo-pulo Bangkah tuwin Bêlitung sarta pulo-pulo Tambilang. Sagantên Cina, wontên ing saantawisipun pulo Bruni, tuwin Malakah sarta pulo-pulo Tambilan ingkang sisih kilèn.

Kajawi saking peranganipun sagantên ingkang agêng-agêng kasêbut ing nginggil, wontên malih sagantên ingkang ciyut, tumrap ing saantawisipun pulo-pulo wau, dipun wastani: supitan, inggih punika marginipun baita ingkang layar saking satunggaling sagantên, dhatêng ing sagantên sanèsipun sarta namanipun supitan wau mèh kenging katamtokakên sami

--- 49 ---

kalihan namanipun pulo ing sakiwatêngênipun, utawi ing têngahipun, utawi malih asring sami kalihan namanipun kitha ingkang misuwur utawi rame ingkang wontên ing sapinggiripun, sabab saking punika wontên supitan Malakah, Bangkah, Gaspar, Karimata, Sundha, Bali, Madura, Pasinsi, Pit. Manipa, Ombai, Sapi, Buton, Salayêr, Alas, Lombok, Singapura.§ ing Surakarta amastani: Singgapura.

Wiyaring lumahipun sagantên ing saantawisipun pulo-pulo Insulindhê ingkang kalêbêt ing bawahipun kangjêng sri maharaja Walandi, katimbang kalihan lumahing dharatanipun, kintên-kintên kados 4:1, têgêsipun upami sagantên wontên 4 bagian, dharatanipun namung 1 bagian.

Pulo-pulo Insulindhê punika mèh sadaya kalêbêt ing bawah parentahipun kangjêng sri maharaja Walandi, ingkang botên tumut kabawah namung pulo Singapura, Labuhan, Tanah Malakah, Bruni sisih lèr kilèn tuwin lèr, pulo-pulo Sulu, pulo Timur sisih wetan, pulo Kambing, tuwin pulo-pulo Pilipinah, sabab pulo Singapura kalihan Labuhan kabawah ing Raja Inggris, pulo Bruni ingkang sisih lèr, pulo Sulu tuwin pulo-pulo Pilipinah kabawah ing Sêpanyol, Bruni sisih lèr kilèn ingkang nama: Sarawak, [Sara...]

--- 50 ---

[...wak,] dipun rèh rajanipun piyambak, inggih punika turunan Inggris, nama Raja Bruk (Brooke), dene sanèsipun kabawah ing parentahipun pirukunan§ punapa Kumpêni. Inggris, pulo Timur sisih wetan, inggih punika Timur Dhèli tuwin Kambing, kabawah ing Raja Portêgal.

Hawa

Nagari kalih ingkang panggenanipun cakêt, punika hawanipun asring beda, sabab saking beda: têbihipun saking kat-istiwa, inggilipun saking lumahing toya sagantên, têbihipun saking sagantên, kawontênanipun siti, inggih punika waradin utawi parêdèn tuwin sanès-sanèsipun, awit saking sadaya ingkang kasêbut ing nginggil wau, sagêd anyababakên bedaning satunggal- tunggalipun panggenan, tumrap bêntèr asrêpipun mangsanipun, kathah utawi sakêdhiking jawah, baratipun tuwin sapanunggilanipun, dene pamêdalipun nagari, kados ta: thêthukulan, kêwan, jiwa tiyang utawi wêwatakanipun tiyang ugi gumantung saking sadaya ingkang kasêbut ing nginggil punika, sabab saking punika pêrlu sangêt tiyang anyumêrêpi wontênipun satunggal-tunggalipun nagari, awit badhe botên sagêd sumêrêp têrang sadaya kawontênanipun satunggaling nagari bilih dèrèng sagêd [sagê...]

--- 51 ---

[...d] sumêrêp kawontênaning hawanipun, makatên ugi tumrap pulo-pulo Insulindhê, punika pêrlu sangêt kacariyosakên bab hawanipun ing sagadug-gadugipun sasêrêpan kula.

a. Bêntèr asrêp

Pulo-pulo punika sadaya prênahipun cakêt kat-istiwa, inggih punika wontên ing perangan bumi ingkang dipun wastani hawa bêntèr, sabab saking punika, hawanipun pulo-pulo sadaya bêntèr, ananging bêntèripun wau beda-beda, manut andhap inggilipun tuwin têbih cêlakipun saking sagantên, punapa malih têbih cêlakipun saking kat-istiwa. Ing panggenan ingkang inggil, inggih punika ing rêdi-rêdi, hawanipun kirang bêntèr tinimbang ing panggenan ingkang andhap, ing panggenan ingkang cêlak pinggiring sagantên, hawanipun ugi kirang bêntèr, tinimbang ing panggenan ingkang sami inggilipun, ananging têbih saking pinggiring sagantên, wontên panggenan ingkang bêntèripun ngantos 32o C wontên ugi ingkang bêntèripun 0o C.

Taksih wontên sambêtipun.

Prawirawiyata Abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 52 ---

Pêthikan Sêrat Puspaudyana

Bab Perangan Jasating Manungsa

Mênggah gêsanging manungsa punika kaperang dados tigang perangan agêng, ing têmbung Walandi dipun wastani: I. Liehaam têgêsipun badan wadhag II. Ploeidiek têgêsipun rahsa III. Geest têgêsipun suksma utawi pramana sukci. Inggih punika ingkang marentah saisining jaman, dene Ploeidiek tuwin Geest mênawi manungsa sampun dumugi ing janji môngka botên patitis pamisahipun, tamtu adamêl rêncananing pêjahipun, anuntun dhatêng karisakan, pramila tiyang gêsang sampun pêgat-pêgat angèsthi sampurnaning dumadi, murih sagêdipun mancad dhumatêng kalanggêngan ingkang sayêktos.

Bab Lare Bayi

Mênggah bayi punika sanadyan taksih wontên ing guwa garba, amêsthi kabacêm ing rah saking bapa biyungipun, dene rahsa wau kasêsêp dening ari-ari, salajêngipun manjing dhatêng bêbayi, inggih punika ingkang minôngka têdhanipun bêbayi ing salêbêtipun wontên guwa garba. Tandhanipun, bilih bayi wau nêdha: sarêng [sa...]

--- 53 ---

[...rêng] lair dèrèng sapintên dangunipun sampun wawratan tenja.§ ing Surakarta: tinja.

Bab Sipating Manungsa

Mênggah ingkang kasêbut ing salêbêting kitab-kitab, kawontênanipun manungsa ing salumahing bumi, sakurêbing langit punika kaperang dados 10 warni, kados ta:

I. manungsa siphat nabi, mênggah manungsa ingkang sipat nabi, punika tiyang ingkang têtêp ngibadahipun, anêtêpi sarat sunat, sarta asring maos Kuran, tuwin kitab-kitab punapa malih agêng cêcêgahanipun, sidik pangucapipun, anuhoni janji, ngupados rijêki tuwin arta saking barang kalal, purun warah sae manis gujêngipun, asih ing badanipun piyambak saha tiyang sanès, punapa malih rila asêsêgah tamu miwah adêdana ing liyan.

II. Manungsa sipat wali. Manungsa sipat wali punika tiyang ingkang bêtah cêcêgah kathah subasitanipun, rila ing sok tiyanga, botên mèngèng ing donya asih ing Gusti Allah, punapa malih sagêd mêdal karamatipun.

III. Manungsa sipat malaekat. Wondene manungsa ingkang sipat malaekat punika tiyang ingkang kiyat angirang-ngirangi samukawis inggih punika ngirangi sahwat, nêdha, tilêm tuwin sanès-sanèsipun.

--- 54 ---

IV. Manungsa sipat eblis, manungsa sipat eblis punika têgêsipun tiyang ingkang awon pikajênganipun saha rêmên durjana juti.

V. Manungsa sipat setan. manungsa sipat setan punika têgêsipun tiyang ingkang purun ngawoni bangsanipun piyambak, awit gadhah melik dhatêng rajabrananipun pikajênganipun botên sanès, namung supados sagêda enggal cêkap kalihan manah pangôngsa-ôngsa.

VI. Manungsa sipat kajêng: mênggah manungsa sipat kajêng punika tiyang ingkang lêrês pangucapipun, jêjêg lampahipun, nanging suwêng tampa ngèlmi, sagêdipun namung andaludur kemawon.

VII. Manungsa sipat sela: têgêsipun manungsa sipat sela punika, tiyang ingkang antêng sangêt, sanadyan wontêna punapa-punapa inggih kèndêl kemawon, kados kul dipun dulêg, punapa malih tanpa ngèlmu.

VIII. Manungsa sipat toya: têgêsipun manungsa sipat toya punika tiyang ingkang sukci niyatipun, sukci panganggenipun, nanging amung ngajêngakên basa satunggil kemawon.

IX. Manungsa sifat dênawa; manungsa sipat dênawa punika tiyang ingkang kêndêl kalihan wêwaton lêrês, purun nêrak dhatêng barang ingkang kasar-kasar, jalaran botên sumêrêp.

X. Manungsa sipat kewan: manungsa sipat kewan punika tiyang ingkang

--- 55 ---

tansah cêgahKata: cêgah dihilangkan. nêdha tuwin tilêm, karêm dhatêng sanggama tur tanpa ngèlmi.

Bab Kawontênaning Panggagas

Mênggah wontênipun wujud punika saking botên wontên-wontênipun gêsang saking pêjah. Tumrapipun dhatêng manungsa inggih makatên ugi. Milanipun manungsa sami ajrih utawi botên purun pêjah, saha ajrih utawi botên purun sirna wujudipun awit ing wau-waunipun sampun nate botên wontên: saha malih sampun nate pêjah. Pantêsipun tiyang ajrih punika yèn dèrèng nate nglampahi, wangsul ingkang sampun punapa lêrês, yèn ta nganggea was-uwas awit ing ngriku (salêbêting pêjah) botên karaos punapa-punapa, tuwin botên anggadhahi rumaos punapa-punapa. Ingkang samantên wau punapa botên kenging kawastanan: nikmat linangkung, pramila punika manungsa prayogi manaha ingkang panjang, supados botên kalintu panampi, pundi ingkang wajib ingajrihan, pundi mêsthi pinurunan (winantunan) amargi mênawi kalintu, andadosakên kirang prayogi. Ingkang wajib dipun ajrihi tuwin ingkang lêrêsipun dipun puruni punika botên tumrap badhe sirnaning wujut saha pêjahing manungsa kemawon, sanadyan lampah tindak utawi nalar sanès-sanèsipun salêbêting donya punika inggih ugi makatên. Menggah sarananipun [sarana...]

--- 56 ---

[...nipun] sagêd manah panjang, supados botên kalintu panampi, manungsa kêdah asring mirêngakên kêkojahan tuwin wêwulang, kêdah tabêri maos sêrat cariyos ingkang maedahi saha isi wêwulang tuwin kawruh sae, sanadyan sadhengah bôngsa, inggih kêdah katitenan sabarang ingkang dipun mirêngakên, utawi ingkang dipun tingali, saha malih kêdah angraosakên, barang ingkang rinaosakên, utawi sabarang ingkang dipun ambêt.

Bab Panalôngsa

Sampun watêkipun manungsa wontên ing ngalam donya, mênawi sawêg manggih kabêgjan, sangêt anggènipun kasupèn, nanging mênawi kataman ing kacilakan sangêt anggènipun kèngêtan, môngka sayêktosipun pun cilaka sampun andingkik wontên sacêlaking cêngêlipun, awit saking sangêting pangêluh saha panggrêsahipun, ngatos kasupèn sarta ical pitadosipun dhatêng Gusti Allah, ingkang adilipun sampun kacêtha ing jagad, kuwasa angêntas kacilakan dhatêng kabêgjan, mênggah kêkalih wau têtela dede urusaning tekad.

Dhuh manungsa, ingkang namung sadrêmi anglampahi, bingah susah mugi sami èngêta dhatêng kridhaning kodrat, kados ta: ing wanci enjing surya malêthèk, sarêng ing wanci sontên surya sêrap, ing wêktu punika Gusti Allah karsa andhawahakên jawah,

--- 57 ---

inggih ugi kalêksanan makbrês jawah dêrês. Tumuntên pêtêng alêlimêngan, lajêng têrang byar sarta padhang têrawangan, samantên wau kodrating Pangeran botên kenging winancenan saha dinugi dening manungsa. Anggènipun manungsa tinitah gêsang dening Gusti Allah, mênawi kagagas kalihan sajatining agêsang, têtela sangêt, bilih gesangipun manungsa wontên ing alam donya namung ngupadosi margining pêjah, jêr botên badhe wontên pêjah, mênawi botên wontên gêsang. Manungsa wiwit lair tinitah ing ngalam donya sampun angalami pêjah, liripun makatên: saya mindhak umuripun, manungsa saya nyêlaki dhatêng êdhonging pêjah. Dados sayêktosipun lêlampahanipun manungsa ing ngalam donya punika sadaya: têtêp kawastanan sakarat ingkang taksih winados. Dene wujudipun sakarat ingkang taksih winados punika warni-warni, kados ta: dados tiyang papa utawi sugih, dados priyantun, utawi tiyang alit, wontên ingkang blatèr anjogèd, wontên ingkang taniyutun, punika sadaya ugi sakarat ingkang taksih winados, cêkakipun punapa-punapa ingkang dipun alami utawi ingkang dipun sandhang ing manungsa wontên ing ngalam donya punika sadaya kawastanan sakarat ingkang taksih winados, mênggah sakarat ingkang taksih winados wau ugi botên beda kalihan sakaratipun tiyang badhe pêjah, inggih punika nalika badhe [ba...]

--- 58 ---

[...dhe] pêcating nyawa: wontên ingkang awon, wontên ingkang sae, ingkang awon kados ta: budi angkara, anglampahi nêrak anggêr-anggêring Allah, para cidra, jina, kadursilan, jail, muthakil, drêngki, dahwèn, panastèn sapanunggilanipun, sadaya wau namung rêringkêsanipun kemawon.

Wusana sarèhning manungsa wiwit ing lairipun sampun amiwiti pêjah, dados anggènipun tinitah sugih miskin, luhur asor, pintêr bodho, sadaya wau namung anêtêpi sakarat ingkang taksih winados, ingkang makatên wau amêsthi badhe damêl tipis mênggahing kadagingan sarta kajiwanipun, inggih punika jasmani akalihan rokhani, mênawi botên kaparsudi kalihan saliring kangelan, sagêdipun manggih kunci, kangge ngwêngakakên gêmboking suwarga. Kunci wau panggenanipun botên wontên ing sagantên latu utawi ing wanawasa, kinêkêr ing asamar, dumunung ing jagading manungsa piyambak.

Bab Kawruh Kasampurnan

I. Ihtiyaring kita punika punapa sagêd anyandèkakên takdiring Allah. Wangsulanipun: botên, nanging kawastanan sagêd, lo, kadospundi, dene têka botên manggèn utawi botên cècèg, ingkang makatên punika jalaran têmbung

--- 59 ---

wau saking samaripun, amargi ingkang kagadhuhakên tumitahing ngalam donya punika kêdah ngagêngakên ihtiyar, awit sadaya titah botên kaparingan sumêrêp watêsaning takdir, tamtu badhe nyêpênakên ihtiyar. Mênggah wajibing titah (têgêsipun kawula) kêdah angêncêngakên pisahipun ihtiyar kalihan takdir, dene wajibing Gusti ingkang ngasta panguasa, angêncêngi ihtiyar takdir wau satunggil, dados wontên ngibaratipun: takdir punika uwit, ihtiyar punika ronipun, ngajêng-ajêng sagêdipun badhe sêkar, pêntil tuwin uwoh.

II. Salêbêting maladi êning, punapa ingkang dados tandhanipun katarimah. (Wangsulanipun) mirit saking cariyosipun para sêpuh-sêpuh ing jaman kina, ingkang sampun nate anglampahi, ingkang dados tandhanipun katrimah wau warni-warni, kados ta: wontên ingkang kacêtha salêbêting netra, wontên ingkang kapiyarsa saking swara, nanging ingkang kacêtha wau taksih bôngsa siswata (têgêsipun jarene).

III. Ebahing cipta awon akalihan cipta sae punapa tunggil ingkang ngebahakên. (Wangsulanipun) manut wêwarahipun para sagêd makatên: 1. napsu, budi, suksma, punika wajibipun angebahakên [angebah...]

--- 60 ---

[...akên] wolung prakawis, kados ta: 1 urip, 2 luwe, 3 ngêlak, 4 sahwat, 5 sêrêng, 6 supe, 7 bingung, 8 pangling, dalah kosokwangsulipun pisan. 2. rah, punika wajibipun angebahakên kawan prakawis, kados ta: 1 santosa, 2 bingah, 3 raharja, 4 saras, sarèhning babagan kêkalih wau tuwin tandukipun sanès-sanès, dados angèmpêri ingkang kawajiban angebahakên wau ugi sanès-sanès.

Surabaya Bêsar Je ôngka 1830

Kaimpun dening Mas Sastradiharja. Kandhidhat guru ing Surabaya.

Rami

Rami punika kathah sangêt paedahipun, tur inggih gampil sangêt angsalipun, mèh sadhengah panggenan ing pulo Jawi wontên raminipun.

Ingkang sae sarta gampil punapa naminipun makatên: andhêdhêra dhangkèl lan rami sawatawis wontên siti ingkang êloh, rênggangipun lêt kalih êlo, mênawi sampun sae lo inggilipun, [ing...]

--- 61 ---

[...gilipun,] katêlungna sagêda tumlosor ing siti, kapathokana mawi pathok dêling, lajêng kaurugana ingkang tipis kalayan siti cêmang ingkang sae.

Botên ngantos lami satunggil-tunggiling gêlitan amêsthi tuwuh trubusanipun mawi mêdal oyodipun, antawis kalih utawi tigang wulan laminipun trubusan wau kenging kaêlih sarta katanêm ing sanès panggenan. Mênggah pamêndhêtipun kairisa kalayan lading.

Siti ingkang pancèn badhe katanêman rami, kêdah kawaluku rumiyin ingkang prayogi, sarta kaambalana rambah kaping gangsal supados mawur sitinipun, mênawi sampun kalampahan lajêng katanêmana rami, rênggangipun êlêt kalih kaki pasagi, sakathahing têtanêman punika sampun ngantos kayoman, sarta sampun ngantos wontên rêrungkudipun, sabên sawulan sapisan kêdah dipun dhangir.

Bilih thukulipun sampun sakaki utawi kalih têngah kaki, dados umur kirang langkung tigang wulan, lajêng katigasa ingkang pandhês cêlaking siti, salajêngipun mêsthi sagêd thukul malih, tikêl kathah tinimbang kalihan ingkang sampun.

Mênawi sampun umur nêm wulan lajêng kenging kaêrit, salajêngipun pêndhak tigang wulan sapisan kenging kaêrit malih, laminipun sagêd ngantos gangsal taun.

--- 62 ---

Amrih sae tuwuhipun, sitinipun kêdah karabuk mawi bungkil, sabab rami punika pancèn kalêbêt tanêman ringkih sangêt.

Pangêriting rami punika kêdah pandhês ing siti, mênawi kainggilên utawi kêkantunakên sawatawis, punika botên prayogi, inggih lêrês tuwuhipun malih ragi enggal sarta sae, ananging mênawi sampun kalampahan kalih taun tanêman punika katingal ragi awon, sae ingkang kaêrit pandhês ing siti.

Bilih sampun kaêrit, lajêng kagantanga antawis tigang dintên godhongipun lajêng karèmpèlana, mênawi sampun lajêng dipun kum ing toya, watawis gangsal utawi nêm dintên laminipun.

Sasampuning makatên lajêng dipun êtus, tumuntên kapêpês sarana gilingan kêkalih, supados babakanipun ingkang atos sagêd ambyar, mênawi sampun lajêng dipun bêsèti.

Sarampungipun pambêsèt, yèn lulup rami taksih ijêm warninipun, lajêng kajungkatana rambah-rambah supados sagêd rêsik yiyidipun, mênawi sampun lajêng dipun êpe, salajêngipun dipun plèpèda kados dene kapuk utawi sata.

Rm. Suryadipura. Mantri Panjuwal Mangu (Magêtan)

--- 63 ---

Pitakèn

Punapa bèntênipun kambangan kalihan menthok tuwin banyak, banyak tuwin menthok, purun angêngrêmi tiganipun, nanging kambangan: botên, punika punapa sababipun, para warganing Sasadara ingkang kaparêng mugi aparinga panjarwa dhumatêng panuwun kula wau.Pitakènipun Radèn Prawiraamijaya ing Jênggala I (Sidaarja) bab tiyang setanên, sarta prewangan ingkang doyan nêdha sêkar konyoh tuwin mênyan, botên kula pacak, mugi sampun andadosakên pamanah. RED.

Kula pun Sayid Budiman ing Klathèn.