Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1901, #1801
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #203.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #417.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #418.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #419.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #420.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #421.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #422.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Ruwah taun Dal, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru Pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 5 NOVEMBER 1901.

--- 108 ---

Pitutur Jati

Atur kula dhatêng para maos, botên sanès, rèhning sampun dangu kula manah-manah, bôngsa kita tiyang Jawi punika ingkang kathah sami kacingkrangan ing bab kawruh pamulasaranipun dhatêng anak, mila kapiadrêng anggèn kula kumêdah-kêdah nyorahakên bab wau, botên punapaa, inggih namung anggèn kula kamiwêlasên, yèn ningali para lare ingkang sami nandhang sakit, jalaranipun saking kirang pamulasaraning bapa biyung.

Kagalih utawi botên dhatêng para maos, kula nyumanggakakên, bêbukanipun ingkang kula sorahakên miturut kawruhipun para sagêd bôngsa Eropah, kados ingkang kawrat ing ngandhap punika:

Patrap pangrêksaning badan tumrap bapa biyung

Bilih manungsa kang pengin darbe tanêman ingkang wohipun ambiyêt sarta eca katêdha, sampun saèstu pananêmipun kêdah milih pasitèn ingkang êloh, tuwin pamulasaranipun kêdah ingkang sampurna.

Makatên ugi rèhning karsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwasa, sadaya titah samia angêmên-êmênakên anggènipun ngupakara dhatêng anak, supados ing wingking sagêd tumangkar wijinipun, pramila bapa biyung kêdah sami angèsthia dhatêng kautaman ing bab [ba...]

--- 109 ---

[...b] solahbawa muna-muni tuwin sampurnaning pratikêl murih kasarasan, kalisa saking sêsakit, awit bilih botên makatên, sampun saèstu tumraping anak botên prayogi kadadosanipun, kados ta: bapa ingkang gadhah sêsakit jalaran saking èstri sarta biyung katularan, ingkang kathah bilih anak-anak, lajêng mêdali lare ingkang taksih sênthêkên,§ ing Surakarta ngangge têmbung: cacad. inggih punika sakit mripat, calaina, gruwung, guwing sapanunggilanipun.

Bilih bapa biyung pambêkanipun awon, kados ta: brangasan, cugêtan atèn, siya dhatêng sêsami-sami, bilih anak-anak inggih nuruni makatên, bêbasanipun: kacang botên tilar lanjaran, utawi ing têmbung Walandi De appel valt niet ver van den boom.

Bilih bapa biyung utawi ing pambêkan, sarta sêgêr kasarasan, sampun saèstu anakipun inggih makatên, rèhning pangintên kula katrangan ing nginggil wau sampun anyêkapi, pramila sapunika kula prêlu nyorahakên sanèsipun.

Bab Têdhanipun Biyung

Ingkang katêdha biyung ingkang pinuju nêsêpi utawi wawrat punika kêdah têtêdhan ingkang sae, têgêsipun dede têtêdhan ingkang mikantuki dhatêng badan, ingkang mêwahi dhatêng kasarasan [kasara...]

--- 110 ---

[...san] tuwin kakiyatan, ingkang kawastanan têtêdhan sae punika, ingkang kathah kalintu, inggih punika kapilih ingkang eca. Ananging sayêktosipun têtêdhan eca punika kathah ingkang nuwuhakên dhatêng sêsakit, dene têtêdhan ingkang mikantuki punika têtêdhan ingkang botên kawoworan abênan warni-warni ingkang gadhah daya gatêl (prikkelend) bêntèr sapanunggilanipun, kados ta: lêlawuhan (ulam-ulaman) punika ingkang kathah daya bêntèr lan gatêl, kapirit saking abên-abênanipun, mrica, pala, tigan lan liya-liyanipun, dados botên sae tumraping anak, awit lare dèrèng kiyat badanipun.

Bapa biyung ngèngêtana bilih pinuju nêsêpi, sampun karêm nêdha ingkang mawi mrica, pala, sapanunggilanipun (specerijen) awit dayanipun bêntèr. Makatên ugi pêpanganan ingkang kêcut-kêcut inggih kasirika sawatawis, wondene bilih biyung wau tansah luwe, utawi kaombenana toya tawa kanthi gêndhis batu, utawi toya pohan kanthi roti, sampun kêkathahên nêdha cêkapan sarwa samadya kemawon.

Wondene ombèn-ombènipun biyung, sampun ngulinakakên dhatêng bir, (bier) utawi anggur (wijn) jalaran, bir punika sanadyan murugakên lêma, ananging lêmanipun anggajih, ngirangakên êrah, tuwin anjalari botên kiyat, makatên [maka...]

--- 111 ---

[...tên] ugi anggur.

Biyung anggadhahana pamanah bilih sadaya têtêdhanipun punika tumusipun ugi dhatêng anak.

Wedang kopi, soklat tuwin tèh punika ugi botên prayogi tumrap dhatêng biyung.

Bilih pancèn kasatan, prayogi angombea ombèn-ombèn pêparinging Allah, inggih punika toya wantah, kajawi maedahi, ugi mirah pangaosipun.

Wangsulan. Bab Panganggenipun Biyung

Para maos bokmênawi kagungan panggalih, bilih bab punika botên pêrlu kula gancarakên, ananging biyung kuwajiban nyumêrêpi sadaya pangangge ingkang dayanipun botên prayogi.

Langkung malih bilih kula gagas dhatêng katêmahanipun ing têmbe, kapiadrêng sangêt kula ngèngêtakên dhatêng biyung, nyingkirana dhatêng samukawis ingkang sakêdhik paedahipun, amanaha bilih kabêsusan punika botên mêsthi anjalari ing kautamèn.

Panggangening biyung punika, pikantuk ingkang barès, botên pêrlu anulad gagrak ingkang maneka-neka, cêkap kamanaha bilih pangangge punika prêlunipun namung nutupi dhatêng kawirangan [kawi...]

--- 112 ---

[...rangan] tuwin raos asrêp.

Pangangge punika sampun sêsêg, sayogi ingkang kapara longgar, ing gulu kawiyarana, sampun kaciyutên, awit anjalari botên prayogi amêmalangi lampahing êrah. Bilih êrah kandhêg lampahipun, tartamtu anjêndhêl, wêkasan angwontênakên sêsakit gondhok, utawi gulu agêng sêsaminipun, dados wosing atur kula: sadaya pangangge sampun kasêsêgên (kêciyutên) lan malih sampun ingkang sarwa angêt (kandêl) jalaran inggih asring nuwuhakên sêsakit, tiyang padhusunan, langkung malih tiyang parêdèn (tani) punika kacêtha kathah ingkang sami sêgêr kasarasan dalah anakipun, jalaran panganggenipun barès, kenging kabasakakên: waton botên wuda. Ingkang makatên wau kathah lêrêsipun, jalaran sagêd kulina dhatêng angin utawi asrêp, satêmah lampahing rah sagêd ajêg, botên kathah ingkang mêmalangi.

Bab Guna Sarta Dayaning Toya

Sarèhning sampun katôndha bilih toya punika murakabi sangêt dhatêng badan, inggih punika kangge adus utawi kaombe, mila mungguh sangêt yèn toya punika kita upamèkakên rêracikaning jampi ingkang pinunjul, biyung angulinakna dhatêng toya, supados kiyat sêgêr kasarasan, kalis [ka...]

--- 113 ---

[...lis] ing sêsakit, awit toya punika dayanipun rumasuk ing jasat, wondene patrap panganggenipun makatên: sabên mêntas tangi enjing biyung lajêng adus badan sakojur, pitung dintên kaping kalih utawi kaping tiga, utawi namung pêndhak pitung dintên sapisan adusa kungkum watês cangklakan, dangunipun kalih utawi tigang sêkondhê, dados sadangunipun kungkum kaetangan 1-2-3 lajêng sampun, adus makatên wau ngiyatakên badan, ngajêgakên lampahing êrah, sarta ngangêtakên jasad, sêsagêd-sagêd adus makatên punika kalampahan pêndhak mêntas tangi enjing, ugi kenging sanès môngsa, namung bilih mêntas nêdha siyang, kêdah kasrantosna 1 utawi 2 jam, mênawi ngajêngakên badhe tilêm kirang utami bilih adusa jalaran botên nyakecakakên tilêm.

Yèn sagêd ugi sae ing sabên-sabên angangge rasukan, ingkang kacêlupakên ing toya, lajêng kakêmulana kamli, makatên punika gadhah daya ngicalakên dhatêng karingêt ingkang awon, pratikêl makatên wau cêkap kalampahan pêndhak kawan wêlas dintên sapisan.

Upami wontên biyung ingkang pitakèn: kula punika sampun sêgêr kasarasan, punapa kula pêrlu nglampahi adus kados ingkang kasêbut ing nginggil, ingkang makatên wau kula gêntos pitakèn: punapa botên utami bilih sabên dintên [di...]

--- 114 - --

[...ntên] raup, utawi masuh tangan, saèstu utami. Yèn makatên inggih prayogi bilih sabên dintên adus, asring kemawon tiyang kêlud-kêlud jogan ingkang dèrèng patos rêgêd, awit supados wêwaha gumrining, makatên ugi tumraping badan, yèn murih kalis saking sêsakit, inggih kêdah karêsikan kanthi dayaning toya kados ingkang kasêbut ing nginggil.

Taksih wontên sambêtipun

Kaimpun dening Sastradiarja. Cand. Inl. Ond. Surabaya.

Bab Thukulipun Kawruh Palintangan.

Gêgolonganing Surya

Mênggah ingkang kawastanan gêgolonganing surya wau inggih punika surya sarta sadaya wujud ingkang angubêngi, wondene wujud agêng-agêng ingkang angubêngi surya, inggih punika lintang-lintang ingkang botên têtêp (planeten of dwaalstereen), mila gêgolonganing surya wau inggih ugi winastanan: gêgolonganing lintang- lintang ingkang botên têtêp, mênggah lintang-lintang

--- 115 ---

ing golongan wau inggih punika: mèrkurius Mercurius, Phenus Venus (lintang panjêr enjing utawi panjêr sontên), bumi, Marês Mars, astroidhên De Aste, (lintang ingkang alit-alit sangêt), kathahipun kirang langkung 400 iji, dumunung ing saantawisipun Mars tuwin Yupitèr Yupitèr Jupiter, Saturnus (Saturnus), Oranus, lan Nèptunus (Neptunus), sadaya punika sampun sami kasumêrêpan lami dening para sagêd, ing sêsampunipun punika ugi lajêng wontên malih lintang-lintang alit liyanipun pinanggih, ingkang ing waunipun botên kasumêrêpan, aliya saking planètên wau, sadaya rêmbulan ingkang gumolong ing planètên, inggih kaetang gêgolonganing surya, punapa malih lintang-lintang kumukus sarta wujud alit-alit liyanipun ugi ewoning gêgolongan wau.

Lah kados makatên wau mênggah rêrakitipun gêgolonganing surya. Wondene surya punika maujud bundêr kêplêng lakunglangkung. dening agêng, dumunung ing awang uwung, dados dununging timbangipun boboting sadaya wujud wau (planeten, rembulan enz), sarta gadhah prabawa narik angêkahi sadaya gêgolonganipun, supados sami mubêng angidêri surya, punapa malih gadhah sorot, ingkang manasi lan amadhangi sadaya wau.

--- 116 ---

Mênggah gêgolonganing surya wau winastanan gêgolonganing surya kita, awit bumi ingkang kita dunungi kalêbêt ewonipun, kacariyos cacahing wujud ingkang sami sumêbar ing awang uwung kenging winastan tanpa wicalan, mila para maos kados sampun sagêd anggalih piyambak sapintên gênging gêgolonganipun surya kita, mênawi katimbang kalihan cacah tuwin agênging wujud ing awang uwung sadaya. Mila inggih dhasar wotên gêgolonganing surya sanèsipun pintên-pintên kathahipun, ugi sami winêngku ing anggêr kados ing ngajêng, sarta mênggah pasang rakitipun inggih angèmpêri. Ananging mênggah kawontênanipun gêgolonganing surya ing amônca wau kita namung sumêrêp sakêdhik sangêt. Ingkang sampun kasumurêpan bôngsa surya ingkang katingal ing langit wanci dalu kados lintang-lintang.

Makatên ugi sasêrêpan gêgolonganing surya kita, thukulipun inggih saking sakêdhik, ing salêbêtipun pintên-pintên abad, ing kawitan paniti prikasanipun namung angugêmi katingalipun kemawon, lamining lami lajêng sagêd anyumêrêpi dhatêng kayêktosanipun. Ananging sadaya wujud wau dumadosipun saking punapa, ngantos sapriki botên wontên ingkang sagêd ambukak dhatêng pitakèn wau ing salêrêsipun, anocogi kawujudan ingkang sampun kasumêrêpan.

--- 117 ---

Kadospundi mênggah panyananipun para sagêd ing atasipun pasang rakit sarta kawontênaning wujud-wujud ingkang kagolong ing surya kita ing sayêktosipun, ing wingking badhe kacariyosakên punapa ingkang pêrlu kemawon, ewasamantên sadaya pamanggih enggal salêbêtipun abad kaping 19 ragi panjang cariyosipun, supados para maos sagêd nyumêrêpi sawatawis kathah babadipun kawruh palintangan ing môngsa wau.

Kacariyos ing jaman kina-kinanipun panitipriksaning langit mêdal saking pangintên-kintên, ingkang thukul saking sadaya ingkang katingal, ing nalika samantên panyananing akathah bumi punika dados têngah-têngahing jagad traya. Panyana ingkang makatên wau winastan: Geosèntrisê geocentrische (gea = Bumi Centrum = pêpusêr). Pramila para winasis ing sastra ing jaman kina pisan anganggitipun cariyos bab dumadosing jagad (Kosmo gonieën) inggih manut pamanggih wau, kados ingkang kasêbut§ = kasêbut: krama ngoko, botên anèh bilih: sêbat, dados kramaning: sêbut, punapa wontên bedanipun kalihan sagah, saguh, wêtah, wutuh, bêtah, butuh enz. ing kitab suci (bibêl) kados ta ing ngriku kacariyos sasampuning bumi dumados, lajêng wontên raintên tuwin dalu, sasampunipun punika sawêg wontên surya, awit saking

--- 118 ---

pamanggihipun kala samantên, sadèrèngipun surya malêthèk, sampun padhang, sarta sampun surya sêrap, têka inggih taksih padhang botên pêtêng, dados miturut pamanggih wau, wontênipun padhang pêtêng botên saking prabaning Hyang Surya, awit saking botên nyumêrêpi dhatêng prabawaning hawa awang-awang tumrapipun dhatêng sorot, padhang lan pêtêng wau saking panggagasipun tumitah sarêng, sadèrèngipun surya dumados.

Ananging botên namung kitab suci utawi kadis kemawon, ing nalika samantên angêkahi dhatêng pamanggih wau, sanajana pamulangan philosophi (plilosophenscholen), ing nagari Yunani ingkang sampun kawêntar, kabangun dening Talèsphanmilètê (Thales van Milete) ugi anganggêp dhatêng goyosèntrisgeosèntris. (Geocentrische) wau, inggih punika bumi dinalih dados pêpusêring awang-uwung, malah pamulangan yasanipun Pitagoras (Plijthagoras) ingkang ingadêgakên êlêt satêngah abad malih dumugi ing talatah Itali kidul kadosdene inggih anêtêpakên panyana wau.

Mênggah saking wêwulangipun Pitagoras, sadaya wujud ingkang katingal ing langit, punika sami tumèmplèk ing langit gêdhah, dene bumi dumunung ing têngah-têngahipun lêrês langit wau, wondene langit ingkang sap jawi piyambak, punika ingkang [ing...]

--- 119 ---

[...kang] sumêbar ing langit, surya, rêmbulan sarta planèt wau lampahipun piyambak-piyambak, sami tumèmplèk ing langit satunggil-satunggil, inggih punika ingkang mubêng sêsarêngan, mênggah saking panyakrabawanipun, sadaya langit ingkang kocap punika sami narawang bêning sangêt, mila sadaya lintang têtêp wau, sanajana kaling-kalingan ing langit sanès, inggih taksih wela-wela katingalipun, dene ingkang andadosakên ebahing wujud ing langit sabên taun lan sabên dintênipun amêsthi inggih jalaran saking ubênging langit-langit wau, mênggah ubêngipun sadaya langit wau angwontênakên gêndhing ing awang-awang, ingkang rarasipun anganyut-nganyutakên manah, ananging saking alus sarta luhuripun, manungsa ing donya botên sagêd mirêng.

Ing sêrat wêwulang asal saking ingkang anggêntosi Pitagoras asring-asring kasêbut latu papusêr (centraalvuur), ananging botên wotênwontên. nyatanipun, punapa ingkang kawastanan latu papusêr punika surya, inggih lêrês ing waktu punika wontênipun panyana, mênawi bumi punika wangunipun bundêr mimis, ananging taksih kaanggêp dumunung wontên ing têngah-têngahing jagad traya (= Geocentrische).

Plato inggih punika ingkang ngêdêgakên pamulangan Philosophi, ingkang kanamakakên manut namaning piyambakipun, gêsangipun [gê...]

--- 120 ---

[...sangipun] nalika abad kaping sakawan sadèrèngipun Ngisa, kados nalika sampun sêpuh piyambakipun gadhah panyana, mênawi bumi kita punika panggenanipun botên têtêp, sarta surya manggèn ing têngah-têngah, ingubêngan dening bumi sarta ujud sanèsipun, mila kados piyambakipun inggih lajêng sagêd anêrangakên wontênipun raintên lan dalu jalaran saking mungsêring bumi angubêngi indhênipun.

Ananging ing jaman samantên, mênawi tiyang angêdalakên pamanggih sarta piwulang enggal, nguwatosi sangêt, mila èmpêripun Plato (Plato) wau sangêt ajrih dhatêng dhawahing bêbaya, angungkuli muridipun ingkang wasta Sokratès (Socrates) wêkasan Plato wau lajêng angêkêr pamanggihipun, sarta angatos-atos sangêt anggènipun nêrang-nêrangakên, supados sampun ngantos adamêl kagèting akathah, dados botên andhatêngakên bêbaya ing atasing badanipun piyambak.

Sarêng watawis saabad malih saweg wontên ingkang anggiyarakên sarta anyatakakên, yèn surya punika dados pêpusêr, manggèn ing têngah-têngah, ingidêran dening bumi, inggih punika Aristarkhus Phan Samos Aristarchus van Samos (270 taun sadèrèngipun Ngisa). Mila piyambakipun inggih sagêd anêrangakên kados pundi lampahing surya katingalipun [katinga...]

--- 121 ---

[...lipun] saking bumi, makatên ugi lampahing lintang-lintang ingkang botên têtêp, dene katingal sami ebah nurut langit, inggih punika jalaran saking lampahing bumi angubêngi surya, lan mungsêring bumi angubêngi indhênipun, ananging sadaya wau botên migunani, wêkasan piyambakipun ginugat, kaanggêp murtad ing Allah.

Mênggah pamanggihipun Aristarkhus wau kasêbut ing sêrat-sêratipun Arkhimèdhès Archimedes sêrat-sêrat wau nyarisosakên manawi pamanggih punika kosok wangsul utawi botên nojoginocogi. pamanggihipun sadaya ahli nujum, ingkang sampun kagiyar ing akathah, jalaran saking punika, punapa malih jalaran piyambakipun botên sagêd anêdahakên katêrangan ingkang nyatakakên lêrêsipun pamanggih wau, sarta malih pamanggih wau botên nocogi punapa ingkang katingal, mila pamanggihipun Aristarkhus wau botên sagêd sumrambah ing akathah, wiwit saking jamanipun Aristarchus dumugi Kopêrnikus (Copernicus), inggih punika wiwit taun 270 sadèrènging Ngisa dumugi abad kaping 16 bumi tansah inganggêp dados papusêring sadaya tumitah.

Sintên ingkang nyêbal saking pamanggih wau botên sagêd pisan-pisan anyatakakên anggêr dumadosing jagad, ingkang anocogi kawujudan ing sawatawis, Lukresiyus [Lukre...]

--- 122 ---

[...siyus] Lucretius pujôngga kêkidungan bôngsa Rum (lair taun 44 sadèrènge Ngisa), ingkang sampun kawêntar ambêg guna, ing sêratipun kidung De Rerum natura§ kawruh kodrating barang. nyariosakên prakawis dumadosing jagad, ananging mênggah suraosing kawruh kasoran dening anggitanipun sang winasis Genesis dene anggitanipun Ovidius. Mênggah pangrakiting kidung inggih pancèn langkung awig tinimbang anggitanipun Lucretius, ananging ing atasing kawruhipun kasoran.

Ing ngriku dongèng lan gugon tuhon asring-asring worsuh kalihan kawruh, ing nalika punika para pujôngga kidung kados sampun sami rumaos utawi mangrêtos sawatawis dhatêng watak-wataking barang, sarta angulur kawruh ingkang sayêktos mirit saking kanyataan.

Ing salêbêtipun jaman têngahan panggagasing akathah bab gêgolonganing surya taksih ajêg kemawon, inggih punika bumi dados pêpusêring awang-uwung, sarta botên ebah-ebah, punapa malih ingidêran dening sadaya lintang ingkang botên têtêp, undha-usuk têbihipun.

Mênggah saking panyananipun ingkang langkung cakêt piyambak kalihan bumi inggih punika rêmbulan, lajêng lintang-lintang ingkang botên ajêg planeten Merkurius, Phenus, surya, ingkang

--- 123 ---

ugi kaanggêp planit, Marês, Yupitèr, Saturnus, planit sanèsipun ing nalika samantên dèrèng kasumêrêpan, sajawining kalanganipun Saturnus lan bumi, mênggah saking panyananipun, punika talatahing lintang-lintang têtêp, sadaya lintang têtêp wau akalangan bundêr ngubêngi bumi.

Salêbêtipun jaman têngahan panyana wau limrah kawastanan: Ptolomacische stelsel, nama punika manut namanipun: Ptolomeus Ptolomeus pujôngga palak ingkang sampun kalok, ing nagari Alèksandriah, inggih punika ingkang nganggit sêrat: Almagest ingkang kaanggêp ing akathah kados dene Bibêl ngiras palintangan.

Pamanggihipun Ptolomeus wau kêkanthenan sarana warni-warni, kangge anêrangakên sadaya kadadosan utawi wiwit tingalaning jagad, ing salêbêtipun jaman têngahan pamanggih wau kawulangakên wontên ing pamulangan -pamulangan luhur. Mênggah kawruh makatên wau namung pangandêl kemawon, sintên ingkang nyimpang saking pamanggih wau kaêlokakên bodho, utawi mênawi pamanggihipun lêlawanan kalihan agami, kaanggêp mutajilah (taksih wontên sambêtipun)

Saking Mudhapunggung. Partawidigda. Kandhidhat guru ing Blora.

--- 124 ---

Ilmu Bumi. (Andhasat)

Sambêtipun Ôngka IV kaca 102

b. Môngsa

Ing pulo-pulo punika sataunipun wontên mangsanipun kêkalih. Ing salèripun garis antawisipun pulo timur kalihan kitha Padhang, wontênipun makatên: awit ing wulan April dumugi ing wulan Oktobêr, môngsa jawah (barat kidul kilèn) awit ing wulan Oktobêr, dumugi ing wulan April, môngsa têrangan (barat lèr wetan), ing sakidulipun garis wau wontênipun makatên: awit ing wulan April dumugi ing wulan Oktobêr môngsa têrangan (baratipun wetan) awit ing wulan Oktobêr dumugi ing wulan April môngsa jawah (barat lèr kilèn), bilih môngsa wau badhe santun kadugi 21 utawi 30 dintên laminipun, sakêdhap kèndêl, lajêng pôncawôra, jawah kanthi galudhug tuwin kilat, sakêdhap kèndêl malih.

Mirit ingkang kasêbut ing nginggil punika bilih môngsa barat kilèn punika môngsa jawah, dene bilih môngsa barat wetan, punika môngsa têrangan, ananging wontên ugi panggenan ingkang nyêbal saking punika, ingkang kasababakên [kasaba...]

--- 125 ---

[...bakên] saking rêdinipun, utawi sabab sanèsipun, upami: ing pulo-pulo Ambon tuwin Bandhah, baratipun wetan ambêkta jawah, ing pulo Salèbês sisih kidul ugi makatên, ing Bogor tuwin ing Padhang nginggil, ing salêbêtipun sataun tansah wontên jawah, ing pulo Aru wontênipun jawah namung bilih santun môngsa, wontên malih pulo-pulo ingkang peranganipun ing sisih kidul, mênawi mangsanipun beda kalihan ingkang sisih lèr, inggih punika pulo Buru kalihan Seram.

c. Barat

Ing sakiwa têngênipun garis kat-istiwa wontên barat ingkang salaminipun salampah (saênêr) inggih punika barat ajêg utawi têtêp (pasat = passaat).

Ing salèripun kat-istiwa wontên pasat lèr wetan, ing sakidulipun wontên pasat kêkalih wau ing môngsa têrangan.

Barat kilèn ingkang sabên 6 wulan anggêntosi barat pasat, kasababakên ing pintên-pintên bab, sarta inggilipun namung 1500 dumugi 2000 mètêr, dados puncakipun rêdi ingkang inggil-inggil, botên sagêd kasrambah.

Rêdi inggil ingkang mêdal latunipun, nêring kukusipun ngalèr ngilèn, sabab katut ing barat kilèn.

Ing môngsa têrangan, hawaning pulo-pulo punika kirang bêntèr [bê...]

--- 126 ---

[...ntèr] tinimbang ing môngsa jawah.

Kajawi barat ingkang kasêbut ing nginggil, ing pasisiring pulo-pulo punika wontên malih barat ingkang sadintên-dintênipun santun kaping kalih, inggih punika barat saking sagantên, tuwin barat ingkang saking dharatan dhatêng sagantên, dipun wastani barat dharat, barat sagantên punika wontênipun ing wanci siyang, wiwt jam 9 enjing dumugi jam 8 dalu, dene wontênipun barat dharat wiwit jam 9 dalu dumugi jam 8 enjing.

Ing pulo: Insulindhê punika botên wontên baratipun awon, utawi ingkang anjalari sêsakit, kados dene ing pulo sanèsipun, namung ing pasisiripun pulo Sèlèbês, saantawisipun Maros kalihan Mandar ing wulan Juli, Agustus tuwin Sèptèmbêr, punika wontên baratipun ingkang dipun wastani barubuh ing Sumbawa wontên baratipun ingkang dipun wastani Boro, sarta wontênipun garing tuwin bêntèr, punapa malih anyababakên sêsakit warni-warni tumrapipun tiyang-tiyang ing ngriku, kados ta: sakit maripat, kasrêpên, tuwin sanès-sanèsipun, ing Prabalingga tuwin Pasuruan wontên barat kidul wetan, ingkang kalamôngsa agêng sangêt, ananging botên anjalari sêsakit, inggih punika pasat kidul wetan, ingkang malêbêt ing saantawis parêdèn, ing Prabalingga tuwin Pasuruan, anglangkungi Prabalingga [Prabaling...]

--- 127 ---

[...ga] sarta Pasuruan, ing Prabalingga barat wau dipun wastani barat gêndhing, dene ing Pasuruan dipun wastani barat gêronggong.

d. Jawah

Jawah ingkang dhumawah ing pulo Insulindhê punika kathah tuwin mangsanipun botên sami, mangsanipun jawah ing satunggaling panggenan punika gumantung saking barat, sarta kathahing jawah ugi gumantung saking kawontênanipun panggenan, kados ta: andhap inggilipun, têbih cakêtipun saking pinggiring sagantên utawi rawa, wana-wananipun (kêtêl utawi botênipun) agêng alitipun gêgodhongan.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II ing Kabupatèn pulisi Surakarta

--- 128 ---

Sêkar Mêlathi Minôngka Cundhukipun Candrakanta

Manungsa tinitah lêpas budine, iku prasasat soroting srêngenge kang ora kaling-kalingan ing mêndhung.

Ora pêrlu manungsa angrasakake lêlakon kang wis kêpungkur utawa lêlakon kang bakal têka, luwih bêcik angrasakake apa kang lagi dilakoni saiki.

Manungsa kang tabêri ulah kapintêran, iku prasasat intên sinarawèdi.

Manungsa kang golèk pamrih sarana têmbung lamis iku upama kêmbang rawe, yèn dinulu nyênêngakê, nanging yèn dinumuk anggatêli.

Manungsa kang dhêmên anggêdhèk-gêdhèkake marang awake dhewe iku upama gunung kêrêp murub, lawas-lawas amêsthi longsor, pirabara banjur sirna babar pisan.

Ngakua pintêr: bisa anjara langit, nanging durung sumurup marang pasang sêmune wong kang angêtrapake têmbung pangumpak, utawa pangonggrong, iku amratandhani yèn isih bodho.

Yèn kowe ngingu batur: môngka dhêmên ngumpak, utawa ngêtrapake têmbung lamis, iku banjur singkirna sing adoh, supaya ora gawe susahing baturmu kang akèh-akèh.

Yèn kowe arêp kajèn keringan, iku gampang bae, janji aja nêngênake panggawe rèmèh, mung nindakake kang pêrlu [pêr...]

--- 129 ---

[...lu] bae.

Sanadyan kowe nindakake panggawe bênêr, nanging wong akèh ora ngrujuki, iku pratôndha yèn luput.

Aja sok dhêmên angungasake kapintêran, awit titahing Allah angêbaki jagad padha kaduman kapintêran dhewe- dhewe.

Yèn uripmu tanpa kapintêran, iku prasasat kaleyang katêmpuh ing angin, saparanmu ora ana wong kang nêdya ngukup.

Wong têmên utawa bêcik wicarane, tibaa ing ngêndi-ngêndi iya pinilala ing akèh.

Wit latêng, mênawa ora tumuli dirampas, amêsthi bakal marajak, angômbra-ômbra.

Aja age-age angarani samubarang tanpa gawe, iku durung tartamtu, awit sanadyan rèmèh sok bisa dadi pêrlu.

Wong kêsèd marang pagawean, iku upamane manuk kang lagi nêtês, gampang kênaning piranti.

Aja sok dhêmên nutupi mataning wong, ora wurung bakal numbuk marang awakmu dhewe.

Taksih wontên sambêtipun

Mas Ngabèi Prawiraamijaya. Magang wadana dhistrik Jênggala I (Sidaarja).