Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1901, #1801
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-06, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #203.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-07, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #417.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-08, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #418.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-09, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #419.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-10, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #420.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-11, #1801 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #421.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1901-12, #1801. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #422.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Siyam taun Dal, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 12 DECEMBER 1901.

--- 130 ---

Pitutur Jati.

Sambêtipun ôngka V kaca 108

Patrap pangrêksanipun dhatêng lêlampahan utami

Ingkang sampun kula sorahakên ing nginggil wau, sadaya tumrap ing badan, ananging wontên malih ingkang langkung perlu kasumurêpan, inggih punika patrap pangrêksanipun dhatêng ambêk kautamèn, tumrap dhatêng badan piyambak sarta dhatêng para anak, rapara. bapa biyung sami tumêmêna pamarsudinipun dhatêng para anak, supados anglampahana saraking agami, ngèngêtana lan ngabêktia dhatêng Gusti Allah. Makatên ugi tiyang jalêr samia marsudi dhatêng semahipun, supados angèstokakên sêsorah ing nginggil (bab 1) sadaya wêwatêkaning bapa biyung, têtela tumimbal dhatêng para anak, awis ingkang nyêbal. Pramila pamuji kula mugi bapa biyung kadunungan ingkang salèh, lumèbèripun dhatêng para anak.

Pangupakaranipun dhatêng para anak, ing môngsa kasarasan wiwit lair ngantos mêdal untunipun.

Para rare alit (bayi) punika, sêsakitipun ingkang mutawatosi inggih punika kasêsêgên ambêkan, samôngsa rare ambêkanipun ngangsur, ing môngka botên tumuntên pikantuk pitulungan, punika dangu-dangu ambêkanipun kêlah (alon) [(a...]

--- 131 ---

[...lon)] wêkasan ical, anjalari tiwasipun hawa ing guwagarbanipun rare punika taksih kathah pêpalanganipun, jalaran badaning rare pancèn taksih ringkih.

Bilih rare ambêkanipun ngangsur (botên aring) ihtiyar ingkang kêdah kalampahan makatên: rare wau lajêng kacêlupna ing toya asrêp sakêdhap, tumuntên kaêntasa malih. Dayaning toya ingkang memba electriciteit murakabi dhatêng saranduning badanipun rare, têmahan anggampilakên ambêkaning rare, nulak dhatêng bêbaya pêjah.

Ing sawênèhing panggenan, têtiyang taksih wontên ingkang nganggêp toya kados usada, katôndha bilih gadhah cêmpe utawi bêlo ingkang sawêg mêdal, sarta botên sagêd ambêkan, sirahing cêmpe utawi bêlo wau lajêng kagrujug toya asrêp, têmahan ugi sagêd katulungan: lêstantun gêsang.

Kajawi toya, hawa punika tumrap ing manungsa sarta kewan, ugi pêrlu kêdah kamanah, awit botên mêsthi yèn sabên rare ambêkanipun kanthi hawa ingkang sae, dene hawa ingkang utami inggih punika hawa Zuurstov.

Kathah-kathahing para biyung, bilih ngêdusi anakipun kanthi toya angêt, ananging pamanggih ingkang makatên wau kalintu, jalaran toya bêntèr punika ngrisakakên dhatêng kasarasan, [kasara...]

--- 132 ---

[...san,] sampun anggalih kuwatos, ngulinakna dhatêng toya asrêp kemawon, dene bilih pancèn rêkaos inggih ngangge toya ingkang mônda-mônda angêtipun, saya lami saya kasudaa angêtipun, wêkasan dhawah asrêp babar pisan.

Yèn angêdusi rare ingkang taksih bayi, sampun ngantos kadangon, cêkap kacêlupakên kanthi etangan 1-2-3, lajêng kaêntas, ananging sampun kakêsudan, wangpulwangsul. lajêng kakêmulan sarta kakêlonan ing patilêman kêmawon, bilih dèrèng nyumêrêpi kanyataanipun, tartamtu maibên yèn rare rêmên dhatêng toya asrêp, sumôngga kayaktosana, rare ingkang sampun sagêd wicantên, saèstu bingah yèn kaêdus§ Ing Surakarta: kaêdus: barang, kaêdusan: tiyang. kanthi toya asrêp, malah yèn biyungipun kasupèn botên ngêdus, pun rare lajêng gadhah panêdha piyambak.

Inggih botên wontên pakèwêdipun, rare kacêlupakên ing toya angêt, ananging tumuntên kacêlupna ing toya asrêp.

Toya punika kajawi wiwit ngangge srananing gêsang, inggahinggih. kangkengangge. salaminipun, ing môngsa kasarasan utawi nandhang sakit, sanadyan rare sami sêgêr, badanipun lêma, ananging botên mêsthi bilih kiyat, têrkadhang lêmanipun namung anggajih (sponschtig).

--- 133 ---

Atur kula namung rare ingkang sawêg umur sawulan mangandhap, bilih ngêdusi sampun kêdangon, cêkap kacêlupakên kanthi etangan 1-2-3 lajêng kaêntas, kakêmulan sarta dipun kêloni.

Sêsagêd-sagêd para rare kakulinakna dhatêng hawa. Sirah dhadha, suku sabên-sabên kêdah kaelèra supados angsal hawa, sampun tansah kabungkus. Awit mênawi botên kakulinakakên, bilih kanginan sakêdhik kêmawon inggih lajêng kagèt, wêkasan nuwuhakên sakit, kados ta: watuk, pilêk sapanunggilanipun.

Bilih bapa biyung trêsna dhatêng anak, sampun mawi taha-taha angulinakakên dhatêng toya sarta hawa.

Taksih wontên sambêtipun

Sastradiharja. Cand. Inl. Ond. Surabaya.

--- 134 ---

Ilmu Bumi (Andhasat)

Sambêtipun ôngka: IV kaca 102

Pratelanipun môngsa tuwin kathahing jawah ing pulo Insulindhê, kados ing ngandhap punika:

[Grafik]

--- 135 ---

[Grafik]

--- 136 ---

[Grafik]

--- 137 ---

[Grafik]

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II Kabupatèn pulisi Surakarta

--- 138 ---

Sêkar Mêlathi minôngka cundhukipun Candrakanta.

Sambêtipun Candrakanta ôngka VI kaca 129.

Manungsa iku kabèh bisa mulang utawa bisa muruki murih sabisa. tawêkal lan tabêri, ananging sabab dening ngapa têka ora nyênyabili budine dhewe kang tansah angkara.

Mênawa kowe nêmu kaluputan nampani dêdukaning bêndara iku aja pisan mêsgul ing ati, awit iku dadi piwulang bêcik, dadi jalaran olèh kaluhuran.

Yèn kowe tinitah dadi gêdhe, sing bisa ngapenaki padhane wong cilik, awit iku minôngka jaro supaya bisane lêstari.

Wong kang ora ngestokake marang piwulang bêcik, iku prasasat anadhahi rubuhing kayu gorda, yèn maido jajalên.

Aja anggêp, utawa êmoh jagongan karo wong kang tinitah miskin, awit kasugihanmu iku durung mêsthi langgêng utawa durung mêsthi yèn bisa tumurun marang anak putumu ing buri, tarkadhang uripmu dhewe bae ora bisa têkan.

Yèn kowe jêjagongan karo wong akèh, iku aja katungkul omong-omongan bae, balik mikir rasarerasane. kang ala lan kang bêcik, kang ala aja korungokake ing kuping, ananging kang bêcik tanjêbna ing ati, dadi ênggènmu [ênggè...]

--- 139 ---

[...nmu] dhêmên kakumpulan iku ana paedahe utawa ana bathine.

Aja banjur ngalêm loma: marang wong kang wèwèh marang kowe: iku sulaya awit wong akèh angarani cêthil.

Aja sêdhih utawa susah dumèh iki môngsa rêndhêng, ora ngapenakake ênggonmu turu, jalaran saka katrocohan, balik mênênga bae antinên besuk katiga, mêsthi ênggonmu turu angalepus.

Kang diarani maling utawa durjana iku ora ngêmungake kang nglimpe lêbune marang ngomah ing wayah bêngi bae, tarkadhang rewangmu lêlungguhan iku ana durjanane.

Pêpiritan saking pustaka warti basa Malajar, kaikêt dening:

Mas Ngabèi: Prawiraamijaya. Magang wadana dhistrik Jênggala I (Sidaarja)

--- 140 ---

Ngèlmu Tani tuwin Ngèlmu Nênanêm

Sambêtipun Candrakanta ôngka V kaca 86

Kula anglajêngakên bab tanêman: mring kônca tani ing nagari Jawi ingkang sampun kalampahan ngèlmu ingkang kaangge têtanèn, pathokanipun amung ngangge 1e. Lampahipun lintang, 2e pranata môngsa, sanès-sanèsipun ngèlmu: sêpên ingkang sampun-sampun kathah sulayanipun jalaran saking majèng munduring kalimat, kados ta: taun ingkang sampun pranata môngsa sakawan: kônca tani sampun wiwit anggarap sabin jalaran ingkang sampun-sampun môngsa sakawan wiwit wontên jawah, ing wusana lêpat, sinarêng môngsa tanêm lajêng jawah botèn kèndêl, dumugi môngsa kasanga, punika pratôndha rêndhêngan mundur, dados inggih sulaya, kêjawi saking sulaya petanganipun, para tani ing ngriki, botên angèngêti bilih sadaya ingkang tinitah gêsang punika kêdah mawi sarat têdha, sanadyan têtuwuhan, punapa punika botên dumunung gêsang, punika kônca tani botên amanah suka têdha dhatêng têtanêmanipun, dumados sangsaya lami sangsaya kirang pamêdalipun asil, kados ingkang kalampah samangke punika salêrêsipun siti bawah nagari Surakarta, tuwin ing Ngayogyakarta sampun nama siti kêra, amargi siti tanpi karabuk, môngka tanêman tanpi kèndêl, kônca tani ingkang makatên wau

--- 141 ---

kenging kasêbut tani Landbauw roepbouw, mangrêtosipun tani kluthuk tanpi ngèlmu sanèsipun, saha kaupamèkakên tiyang gadhah arta sakanthong ing sabên dintên, dipun pêndhêt, môngka botên anglêbêtakên sakêsèn, lami-lami inggih têlas, makatên ugi kônca tani, yèn tanpi èngêt dhatêng têtêdhanipun tanêman, lami-lami têlas asilipun.

Amila ingkang kasêbut tani lêrês, ing nagari Eropah kêjawi èngêt dhatêng têtêdhaning tanêman, èngêt ugi siti wau kêdah ngaso, Berganti taneman, sampun nanêm sarupi, kados ta: taun punika nanêm pantun, sanès taun nanêm palawija, sarêng kagungan dalêm siti ingkang dipun paosi para tuwan, punika sampun kenging kasêbut siti ical-icalan, jalaran para tuwan ingkang amaosi siti upami kirang pamêdalipun asil, botên patos kamanah, jalaran mênawi sampun dumugi tempo kirang pamêdal sampun tamtu kondur, yèn taksih ajêg pamêdalipun inggih dipun onjot.

Bapa tani sanèsipun amanah bab saening tanêman, amanah malih saenipun kalimat, (hawa) amargi mênawi kalimatipun sae adamêl daya kathah jawah, wondene amurih damêl saening kalimat, sarupining rêdi-rêdi botên kenging gundhul, katêgoran kajêngipun, amargi saupami [saupa...]

--- 142 ---

[...mi] rêdi-rêdi wau gundhul, adamêl daya kêkirangan jawah, sumbêr bêlik sami pêjah sadaya, jalaran saking bêntèring kalimat, punika kônca tani botên nguningani, dumados sami nyuwun idi nêgori têtuwuhan, kangge papan pagagan, pangangkahipun amurih wiyaring siti kangge tambah tanêman, punika panggagas lêrês, anamung kawuningana adamêl pêjahing sabin langkung kathah, lah punapa lêrês pandamêl punika? sanès kalayan ingkang rêdinipun taksih kathah têtuwuhanipun, punika adamêl kalimat ingkang asrêp, jalaran sadaya têtuwuhan, ronipun sagêd nyêrot kalimat ingkang wontên nginggil, mêdalipun ing oyod, anuwuhakên sakathahing toya sumbêr, bêlik mripat toya, andadosakên sabin botên kêkirangan toya, punika wontên tandhanipun, siti bawah Jawi kilèn tanah Pasundhan, rêdi-rêdi taksih kathah têtuwuhanipun, botên gundhul, ingkang punika ing Pasundhan, mirah têtêdhan tinimbang ing Jawi Têngahan.

Taksih wontên sambêtipun

Kula abdi dalêm juru Taman ing Sriwadari Surakarta R Jayaatmaja

--- 143 ---

Wangsulan Bab Kambangan

Ing pustaka warti: Candrakanta ingkang kawêdalakên ing Surakarta kaping I Jumadilawal taun Dal: 1831, ôngka III kaca 63: wontên pitakènipun Sayid Budiman ing kitha Klathèn, punapa bèntênipun kambangan kalihan menthok purun angangkrêmi§ ing Surakarta: ngangrêmi. tiganipun, ananging kambangan botên. Saking pitakèn wau kalilana kula kemawon ingkang ngaturi wangsulan.

Mênggah bèntênipun kambangan, kalihan menthok, tuwin banyak, kula botên sagêd ngaturi wangsulan, mugi sampun andadosakên panggalih, awit ing pundi-pundi panggenan utawi nagari sampun tartamtu wontên tiyang ingkang ngingah, dados sampun mriksani piyambak mênggah wulu: wangun: utawi bèntênipun.

Wondening pitakèn sampeyan bab kambangan botên sagêd angangkrêmi tiganipun, kados ing ngandhap punika katranganipun

1. Kambangan punika satunggaling pitik iwèn ingkang botên purun kêkirangan têdha (botên bêtah ngêlih) saupami sawêg angkrêm, ing dalêm 1 utawi 2 jam dangunipun, lajêng katilar ngupados têdha, bilih sampun tuwuk sawêg purun [pu...]

--- 144 ---

[...run] wangsul angkrêm ing panggenanipun malih. Pramila tigan ingkang dipun angkrêmi wau botên sagêd nêtês (wukan) jalaran nêtêsing tigan punika sarana kenging daya sumuking kambangan ingkang angkrêm, andadosakên angêt, angêting tigan angêmpalakên pêthak tuwin jênenipun (anjêndhêl) ing ngriku saking kuwasa utawi gaibipun Gusti ingkang andum gêsang (manungsa) botên sagêd angintên, lajêng kaparingan manon, têgêsipun suksmaning jiwa, pamrih sampun ngantos nyirnakakên wiji ingkang pinêsthi, liripun makatên, wiji kambangan inggih dados kambangan, salajêngipun (badhe botên kalampahan wiji pantun sagêd dados randhu) ing wusana lajêng anêtês, dene wiwit angkrêm dumugi nêtêsipun ingkang sampun kasumêrêpan laminipun ngantos: 36 utawi 40 dintên, ingkang punika punapa panjênêngan sampeyan sampun mupakat, saupami dèrèng têrangipun makatên: 2. bilih tigan kambangan katêtêsakên ing ayam, utawi menthok, sampun tartamtu sagêd nêtês, jalaran ayam utawi menthok bilih nglêrêsi angkrêm ngantos sawatawis dintên, botên purun nilar tiganipun, andadosakên jalaranipun tigan sagêd anjêndhêl, salajêngipun kados ingkang kasêbat§ = kasêbut. atur kula ing nginggil.

--- 145 ---

Dene bilih wontên tigan ingkang wukan, sababipun kados kemawon pataranganipun botên waradin, wontên ingkang mandhêlong têngah utawi pinggiripun, têmahan pitik iwèn ingkang angkrêm wau wulunipun botên sagêd angêmuli tigan. Dados tigan wau botên kataman sumuk awaking ayam (panas) môngka tigan ingkang botên kenging panas saking ingkang angangkrêmi (ayam ingkang angkrêm wau) wulunipun rênggang saking ing tigan) sampun tamtu tigan wau botên sagêd nêtês (wukan).

Ananging sadaya wau saupami taksih dèrèng condhong ing panggalihipun sumitra, nuwun gunging pangaksama.

Sokur sèwu bilih ari kula Radèn Jaka Sutaji ing kabupatèn Bojanagara karsa angudhoni pitakèn wau, awit ari kula sakalangkung kathah ingon-ingonipun kambangan, ayam tuwin menthok.

Mas Ngabèi Prawiraamijaya. Magang wadana Jênggala I (Sidaarja)

--- 146 ---

Pitakènipun mitra Sayid Budiman ing Klathèn, kasêbut ing Candrakanta ôngka III kaca 63, punapa bèntênipun kambangan kalihan menthok tuwin banyak. Banyak tuwin menthok, purun angangrêmi tiganipun, nanging kambangan: botên, punika punapa sababipun. Mênggah saking sasêrêpan kula, ila-ila ujaring wong kuna sampun kina-kumina kambangan punika botên dipun angrêmakên, sababipun kados dene ingkang kula pratelakakên ing ngandhap punika:

Sampun padatanipun kambangan banyak tuwin menthok, bilih wêktu angrêm utawi ngêmong anakipun taksih alit-alit punika kêlangkung galakipun, mênawi wontên tiyang lumampah dhatêng cakêtipun lajêng kemawon kacocor. Panocoripun banyak tuwin menthok, sanadyan kraos sakit botên dados punapa sarta enggal saras, nanging kambangan panocoripun asring damêl pêjah dhatêng kewan-kewan sapanunggilanipun utawi dhatêng manungsa. Saking pangintên-kitêning akathah kambangan ingkang sawêg angrêm punika cocoripun mawa wisa (upas) amila dumugi sapriki botên wontên tiyang ingkang purun ngangrêmakên kambangan.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil wontên malih ikang mastani, sababipun kambangan botên dipun ngrêmakên: sampun limrah banyak tuwin menthok mênawi pinuju angrêm andhêkêmi tiganipun,

--- 147 ---

êlaring suwiwi kajêbèbèhakên angêmuli tiganipun ngantos rapêt botên katingal. Nanging kambangan êlaring suwiwinipun namung sakêdhik, botên sagêd angangrêmi tiganipun kalayan rapêt kados dene banyak tuwin menthok wau, sarèhning kirang rapêt anggèning ngêmuli, tiganipun lajêng sami wukan botên sagêd nêtês.

Wusana mênawi lêpat sêsêrêpan kula punika mitra Sayid Budiman utawi para nupiksa mugi paring aksama.

Katandhan dening: R Munandar

(Bilih botên lêpat sagêd ugi dados panjarwanipun pitakèn kasêbut ing wimbaning Candrakanta ôngka III kaca 63).

Mèh sadaya tiyang sumêrêp, bilih kambangan punika kalêbêt golonganing pêksi (pluin gedierte) sarta kulina saba ing toya. Sêsipatanipun mèh sami kalihan ayam, ananging cucuk utawi cocoripun langkung agêng, gulu sarta awakipun langkung panjang, suku utawi cakaripun langkung cêlak, wulunipun langkung agal, ananging kirang kathah tinimbang wuluning ayam. Antawising dariji kasambung ing kulit (Zwemvlies) pêrlunipun kangge nglangi, supados gampil anggènipun pados têdha ing

--- 148 ---

toya. Sanadyan kambangan punika gadhah suwiwi tuwin wulu kados dene ayam, menthok tuwin banyak, ewadene botên sagêd mabur sakêdhik-kêdhika kados dene ayam, menthok tuwin banyak wau.

Bilih tiyang ngangkah kathahing asilipun kambangan, kêdah kadamêlakên kandhang ingkang wiyar, siti salêbêtipun kandhang kêdah kaurug wêdhi, anggènipun nêdhani sadintênipun kaping kalih, enjing kalihan sontên, dene têdhanipun wau: pantun, salêbêtipun kalih utawi tigang dintên sapisan, kêdah dipun têdhani jagung. Kambangan punika pêrlu sangêt sabên dintên dipun êngèn wontên ing sabin utawi ing rawa, ingkang kakintên kathah cacing, ulam, kodhok, utawi thêthukulan ingkang dados têdhanipun, enjing jam 6 utawi jam 7 kêdah dipun têdhani lajêng dipun ngèn, saantukipun saking panggenan, lajêng dipun têdhani malih, salajêngipun kalêbêtakên ing kandhang. Bilih pamiaranipun kambangan kados ingkang kasêbut ing nginggil, saèstu kathah tiganipun.

Sanadyan kambangan wau nigan, ananging botên nusuh kados dene sanès-sanèsipun golonganing pêksi, anggènipun nigan saênggèn-ênggèn kemawon, wontên ing toya ugi purun, sabab saking punika, pangèn kambangan kêdah waspaos, ananging ingkang limrah paniganipun wontên ing

--- 149 ---

kandhang wêkdal dalu.

Bilih tiyang ngangkah gampil sarta kathah sagêdipun kambangan ambabranahan, tiganipun kambangan kêdah dipun ngrêmakên ing ayam, inggih punika bilih wontên babon kalêrês nigan badhe angrêm, tiganipun lajêng dipun pêndhêt, dipun santuni tigan kambangan wau, wancinipun nêtês, ingkang saèstu inggih nêtês mêdal mêrinipun, sarta dipun êmong ing babon ingkang ngangrêmi wau, pisahipun ngantos sawatawis agêng, saupami nêtês lajêng kapisah inggih kenging, awit watêking mêri botên biyungên, beda kalihan kuthuk.

Sawênèhing tiyang amastani bilih kambangan punika botên purun angrêm piyambak, kadosdene ayam, menthok, tuwin banyak. Punika amung kalantur saking reka ingkang kasêbut ing nginggil wau, dene têmênipun, upami kambangan nigan ing kandhang, lajêng kaprênahakên ing susuh utawi patarangan ing siti, sasampunipun kèndêl paniganipun, ugi lajêng angrêm, ananging awit saking wulunipun namung sakêdhik, dados tiganipun (8 utawi 10 dumuginipun 15 iji) botên sagêd katutupan wulu sadaya, dene ingkang botên katutupan wulu wau, ingkang saèstu botên sagêd dados mêri, awit kenging hawa asrêp, punapa malih sadintênipun kambangan wau anggènipun kesah pados têdha dhatêng toya ngantos [nga...]

--- 150 ---

[...ntos] kaping tiga utawi kaping sakawan, sukunipun taksih têlês, lajêng mapan angrêm malih, dados nêlêsi tiganipun. Salêbêtipun sawulan utawi salapan dintên, tigan wau nêtês, ananging upami wontên tigan 8 utawi 10 iji, ingkang nêtês kathah-kathahipun 2 utawi 3. Dene tigan sanèsipun sami kopyor, dados wiwit nigan dumuginipun nêtês, kirang langkung salêbêtipun 45 utawi 50 dintên, wangsul ayam wiwit nigan dumuginipun nêtês laminipun namung 24 utawi 25 dintên, nitik cariyos ing nginggil punika, kambangan wau botên damêl kauntungan, malah adamêl kapitunan, awit kajawi saking lami, tiganipun kathah ingkang dipun bucal, tinimbang kalihan ingkang dados mêri, punapa malih kambangan punika bilih kalêrês angrêm galak sangêt, amila lajêng tiyang angsal reka, pamêncaring kambangan wau tiganipun katêtêsakên ing ayam, kalantur dumugi sapunika, awit saupami katêtês piyambak, ingkang ngingah kathah kapitunanipun, kados ta:

a. Tiganipun botên sagêd nêtês sadaya

b. Panêtêsipun lami.

c. Wêdalipun tigan suda

d. Sadangunipun angrêm galak sangêt

Pun gugontuhon amratelakakên, bilih kambangan angrêm tiganipun ngantos sagêd nêtês, mêrinipun mandi sangêt,

--- 151 ---

sagêd adamêl cilakanipun ingkang dipun cocor, punika punapa têmên?

Pun Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II ing Kabupatèn Pulisi Surakarta.