Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Bêsar taun Dal, ôngka 1831. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 11 MARET 1902.

--- 196 ---

Ngèlmu Tani tuwin Ngèlmu Nênanêm

sambêtanipun Candrakanta ôngka VI kaca 140

Bab Rabuk

Amangsuli cariyos kula bab rabuk, ing tanah Jawi prakawis angrabuk siti mèh botên kamanah, anamung ing nagari Eropah, para tani angrabuk siti punika kadamêl tamtu, saupami wiwit nanèm mêsthi ngangge rabuk jalaran sampun nyumêrêpi ngèlmu kados ingkang kasêbut nginggil.

Ing nagari Jawi rabuk-rabuk ingkang kangge 1e talethong kuda,§ ing pasisir boten mastani kapal, mastani kuda. 2e maesa, 3e lêmbu, 4e tamêndhil maenda, punika ingkang sami kangge sadangunipun, samantên malih saking paningal kula wontên lêpatipun sakêdhik, jalaran wau rabuk tanpi dipun upakara, lajêng kabêkta dhatêng sabin kadèlèh pêthuthuk.

Ing salêrêsipun wau rabuk kedah kadèlèh ing satunggaling kolah kantos sawulan laminipun sawêg kenging kangge ngrabuk siti ingkang badhe dipun tanêmi, sukur pisan kauwor klayan uyuh punika langkung sae.

Wontên malih rabuk tinja lawa, punika langkung sae, ananging wau rabuk salêrêsipun amung kenging kangge ngrabuk dhatêng bangsanipun tanêman Herbarium (bangsa roempoet) tanêman ingkang [ing...]

--- 197 ---

[...kang] woh sapisan pêjah kados ta: pantun, jagung, rosan, palawija sanès-sanèsipun, amargi wau rabuk pandamêlipun langkung enggal.

Ing nagari Eropah wontên rabuk ingkang nama vesch guano, tambêlèk pêksi sagantên, zaut amonia, punika rabuk prasasat ajining salaka para tuwan-tuwan, kabudidayan pabrik-pabrik sami tumbas kangge angrabuk tanêmanipun.

Wontên malih rabuk kadados saking bêbosokanipun badan (bangke) ugi dipun upakara ing satunggaling panggenan ingkang têbih kalayan griya, amargi ambêt-ambêtan wau sagêd angwontênakên sêsakit kolerah, ing wingking badhe kula cariyosakên amargi pêrlu sangêt dipun uningani.

Kula abdi dalêm juru taman praja ing Kêbon Sriwadari, Surakarta. R. Jayaatmaja

Lintang Nurari

Sawatawis kula nyariyosakên saat lintang nurari, mirit saking ngèlmu papak anggitanipun Kiyai Abdulsamsu Almatarammihyi, ingkang bôngsa Cakrada. Saat wau lumampah siyang dalu, santun-santun ing sabên jam, dene wêwatonipun [wêwa...]

--- 198 ---

[...tonipun] amung lintang pêpitu, mênggah namanipun sarta watakipun kados ing ngandhap punika:

1. lintang Samsu, punika sae yèn dipun angge kêkesahan miwiti samukawis pandamêlan, ngupados yatra utawi dagang layar. Dene awonipun mênawi kangge ngêdalakên rah, kados ta: nêtakakên, nyanthuk, nyanggrak, utawi mangkat pêrang.

2. lintang Juhra, punika sae yèn dipun angge miwiti damêl ngamal akerat, kangge bingah-bingah, kangge mangkat pêrang utawi damêl jimat, dene awonipun kangge miwiti pakaryan utawi yasa dêdamêl.

3. lintang Atarik, punika sae kangge mangkat kêkesahan, nglurug pêrang, utawi samukawis ngêdalakên rah. Dene awonipun yèn kangge mêmaos, cukur, kêthok-kêthok, ngrêrampas, utawi ngrêrêngga.

4. lintang Kamar, punika sae kangge miwiti nyambut damêl, ngêdêgakên griya, pêpagêr, babad wana, mangkat pêrang, nyêrat, mêmaos, pados yatra, kengkenan, nikahan, ngêmpal-ngêmpalakên, ambêbujung dhatêng wana.

5. lintang Jukal, punika awon sadaya.

6. lintang Mustari, punika sae kangge pados pangasilan, wiwit dêdamêlan, nyênyêrat, mêmulas, ngragum, nênun,

--- 199 ---

sêsinaon, dene awonipun kangge ngêdalakên êrah.

7 lintang Marih, punika kangge samukawis pandamêlan awon, upami kangge mêjahi kodhok prasasat botên sagêd pêjah.

Taksih wontên sambêtipun.

R Lurah Puspaatmaja ing Ngayogyakarta.

Ngèlmu Bumi (Andhasat)

Sambêtipun Candrakanta ôngka IX kaca 183

Ing paresidhenên Madiun ing margi ingkang saking utêran dhatêng Panaraga, sacakêtipun dhusun Gêbang wontên tilas kadhaton bokmênawi tilas kadhatonipun ratu ing Daha.

Ing paresidhenan Kadhiri, ing inggiring rêdi Wilis, inggilipun ± 3000 kaki, wontên patilasan pasujudan dipun wastani panampikan, ing sukunipun rêdi wau wontên candhinipun guwa Selamanglèng, ing rêdi Wajak sacakêtipun Tulungagung, wontên candhinipun sakawan, saha sênthongan guwa kalih iji. Dene candhi ing Paresidhenan Kadhiri ingkang misuwur inggih punika candhi Panataran, ing dhistrik Srêngat botên têbih saking kitha Blitar. Kajawi saking punika wontên malih Candhi Surawina ing dhistrik Sukarêja, candhi Budha ing dhistrik Papar [Pa...]

--- 200 ---

[...par] sami paresidhenan Kadhiri.

Ing paresidhenan Pasuruan kathah candhi, karaton tuwin balumbang padusan ingkang sae sarta alus pandamêlipun, inggih punika candhi Singasari (cungkup) ingkang dipun damêl sela dasaripun banon, sacakêtipun candhi wau wontên malih candhi 4 ananging sampun sami rêbah. Ing sawetanipun kitha Malang, inggih punika ing têmpuranipun lèpèn Banga kalihan lèpèn Brantas, wontên patilasan kitha bêdhah, ingkang banonipun sami dipun pêndhêti tiyang ing Malang, kadamêl tomboking griya. Ing kitha Batu tuwin Ngantang wontên tilas damêlan Indhu warni-warni sarta misuwur, inggih punika padusan Ngaglik tuwin candhi tuwin sumbêr Singasari. Ing sakidulwetanipun kitha Malang wontên candhinipun satunggal, ingkang sae pandamêlanipun inggih punika candhi Kidhal, ananging sami-sami candhi ing Malang ingkang misuwur piyambak, inggih punika candhi Tumpang (candhi Jaha) ing sacakêtipun kitha Tumpang dhistrik Pakis, sarta candhi wau mèh sawarni kalihan candhi Panataran. Ing Bangil sacakêtipun Kasri, wontên candhinipun Putrijawi. ing Prabalingga kapetang botên kathah patilasan Indhu, bokmênawi saking dèrèng kasumêrêpan ing tiyang. Ing Lumajang sacakêtipun dhukuh Pananggal, wontên candhinipun Ardipura. Dene candhi ing Prabalingga ingkang misuwur namung candhi Jabung. Ing saantawisipun [sa...]

--- 201 ---

[...antawisipun] parêdèn Yang kalihan Lamongan (tapêl watês Prabalingga kalihan Basuki), wontên candhi Kadhaton, panggenanipun botên têbih sangking dhusun Andhongsari. Kajawi saking punika ing pucakipun ardi Argapura wontên patilasanipun damêlan Indhu, ing Bôndawasa tuwin ing Macanputih, sacakêtipun Banyuwangi ugi wontên patilasan damêlan Indhu.

Ing Surabaya: ing dhistrik Rawapula II cêcakêtipun lèpèn porong (ing dhusun Candhipare) wontên candhinipun tiga, sanèsipun ugi wontên, ananging sampun sami rusak, ing dhistrik Lêngkir (Lamongan) sacakêtipun dhusun Malati, wontên tilas bètèng kitha Rosan, ing sacakêtipun Trawas (ing inggiripun rêdi Pananggungan sisih kilèn) wontên satunggaling panggenan ingkang dipun wastani Jêloktundha, mirit cariyosipun tiyang punika pasareanipun para raja ing Jênggala. Kajawi saking punika, ing igiriinggiring. rêdi Pananggungan ugi wontên tilas pasiramanipun Kiyai Balahan, sarta candhi Jêdhung (cakêt dhusun Bangsri).

Sacakêtipun Bangkal wontên candhinipun tuwin guwa sarta sela ingkang wontên sêratanipun, saha ing sacakêtipun dhusun Palu ugi wontên candhinipun nama Ngrimbi. Ing Majakarta (sadèrèngipun taun 1838 nama Japan), kathah sangêt tilas damêlan Indhu, [I...]

--- 202 ---

[...ndhu,] inggih punika tilas karaton Majapait, (cakêt Majaagung (Wirasaba)), bilih tiyang lumampah saking Majaagung mangetan mêdal ing radinan agêng, ing kiwanipun sawatawis têbih tiyang sumêrêp damêlan ingkang inggil, dipun wastani gapura Waringinlawang, utawi candhi Waringin, ing satêngênipun ugi wontên gapura ragi risak, inggih punika Bajangratu. Mirit cariyosipun tiyang, ratu ing Majapait ayasa dalêm badhe kaparingakên putra pangeran adipati, ananging dèrèng ngantos dados, karaton Majapait lajêng karisak ing mêngsah, sabab saking punika gapura wau lajêng dipun sabdakakên sintên ingkang malêbêt ing gapura wau ingkang tamtu cilaka, amila ngantos sapriki botên wontên tiyang Jawi ingkang purun malêbêt ing gapura wau. Sakilènipun Bajangratu (kintên-kintên têbihipun 2 pal) wontên patilasan wujud sela, dipun wastani Sanggar Pamêlêngan, utawi Menakjingga, awit sanginggilipun patilasan wau wontên recanipun kekalih, ingkang satunggal agêng, satunggalipun alit, ingkang agêng inggih punika Menakjingga ratu ing Balambangan, ingkang nglamar raja putri ing Majapait, sakilènipun sakêdhik saking rêca Menakjingga, wontên balumbangipun nama sagaran Majapait, ingkang sapriki taksih wontên toyanipun, panjangipun ± 1200 kaki, wiyaripun ± 600 kaki, lêbêtipun [lêbêti...]

--- 203 ---

[...pun] 12 kaki, kubêngipun sadaya banon, ing nginggil mawi êlis dhasaripun kajobin, pojokipun kidul wetan wontên calangêpipun pambucalan toya. Ing sakidulipun sagaran wau wontên malih balumbangipun, ananging alit, dipun wastani Tamanan, dene sakilènipun balumbang kêkalih wau wontên patilasanipun mawi palataran, bokmênawi tilas pasanggrahan utawi pakèndêlan, ing ngriku wontên selanipun cacah 30 iji dados tigang jejeran, ingkang têbihipun 12 kaki, bokmênawi tilas umpaking pasanggrahan wau. Saking cariyosipun tiyang kathah, sakanipun pasanggrahan punika kabêkta dhatêng Dêmak, kangge saka masjid damêlanipun para wali. Ing salèrwetanipun sagara wau wontên pasareanipun ratu putri Cêmpa kalihan inyanipun. Kajawi saking punika ing ngriku taksih kathah malih candhi-candhi, kados ta: candhi Prau, Bothokpalung tuwin sanès-sanèsipun.

Pun Prawirawiyata, Abdi dalêm carik ôngka II ing kabupatèn pulisi Surakarta

--- 204 ---

Kawruh Adamêl Banon tuwin Gêndhèng

Ing jaman kina tiyang Jawi wontên ingkang griya gêdhong,§ griya tembok. awit mênawi dèrèng mangrêtos mênggah pandamêlipun banon tuwin gêndhèng, saya lami lajêng wontên ingkang manggih akal pandamêlipun gêndhèng tuwin banon wau, ananging ingkang ngagêm taksih bôngsa agêng, tiyang alit taksih awis-awis sangêt, awit wragadipun kathah, samantên wau saèstu bôngsa sugih.

Ing wêdal sapunika sampun kathah para agung, malah lumèbèr dhatêng kawula tiyang alit ing padhusunan, griya-griya mawi kagêdhong, ing tanah parêdèn ugi sampun wontên saking satunggal kalih, ingkang kathah inggih namung payonipun kemawon gêndhèng.

Rumiyin kula mêningi, rêgining banon ing dalèm 1000 nipun f 15 utawi f 20 gêndhèng 1000 nipun f 30 utawi f 40, sapunika rêgining banon namung f 1,50 utawi f 2 dene gêndhèng namung f 3 utawi f 4 sèwunipun, tur mawi ingkang gadhah ngatêrakên ing griyanipun ingkang tumbas, awit sapunika sampun kathah tiyang ingkang sagêd dêdamêlan punika, sanadyan makatêna ing atasipun tiyang ing dhusun cêre§ punapa tulèn. taksih kathah ingkang dèrèng dumunung garapan punika, sapunika badhe kula [ku...]

--- 205 ---

[...la] cariyosakên ing Candrakanta mênawi wontên paedahipun: lowung.

Mênggah pratikêlipun adamêl gêndhèng makatên:

I. ingkang rumiyin kêdah ngwontênakên blabag 2 iji, kangge cêkapan sapêrlunipun ingkang 1 agêngipun 0,05 x 0,30 x 0,40 mètêr lan satunggalipun 0,07 x 0,24 x 0,40 mètêr.

II. 1 bêbar§ ? cucaling lêmbu ingkang wêtah.

III. 1 tong alit wadhah toya, ing nglêbêt wontên ladingan alit kajêng jati, tuwin cucal alit wiyaripun 0,06 x 0,08 mètêr.

IV. gantar dêling, kadamêl sendhenan gêndhèng, punika dipun cagaki kalih utawi tiga ing bokotbongkot. têngah, tuwin ing pucuk.

Wondening kajêng ingkang nomêr 1 punika kadamêl cithakan pandhendhengan, namanipun panglêmpêran, blabag punika yèn lumahipun sampun kapasang waradin, lajêng kagêrong têngahipun, lêbêtipun 0,012 wiyar 0,25 panjang 0,33 mètêr.

Wondening kajêng ingkang nomêr 2 punika kadamêl cithakan gêndhèng ingkang wiyaripun 0,20 panjangipun 0,30 mètêr.

--- 206 ---

V. Nati§ ? apados siti lêmpung warni abrit sêmu cêmêng ingkang angêmu wêdhi, kaêpe garing sangêt, sontên kasiram ing toya tawa ingkang wradin, enjingipun kailês ing suku wontên ing cucal wau, ngantos plikêt dados lêmpung êmpuk, lajêng kaênthu-ênthu§ = kaêndhèg-êndhèg. dados satunggal wontên papan panggarapan ingkang sampun kapêsthi, sarta kaêlus mawi toya supados awèta êmpuk.

Ing ngriku lajêng tandang wiwit andhèndhèngi (nglimpir) lêmpêran punika kasawuri,§ kasawuran, mênggahing rimbag lêrês: kasawuri = tak ko, disawuri. ing wêdhi ingkang wradin, supados lêmpungipun botên badhe kêlèd, lêmpung lajêng kairis wiyar mawi kawat ingkang sampun kadamêl saistha kados gandhewaning jêmparing, sacêkaping gêronganing lêmpêran, kablêkakên sapurunipun, lajêng ingênêt-ênêt ngantos padhêt, lajêng kairis mawi kawat wau, ing ngriku lêmpungipun kantun wontên ing gêronging blabag, kapênêt ing èpèk-èpèk tangadtangan. katut kaangkat, makatên salajêngipun ngantos kathah, pandhèlèhipun mung katumpuk ngantos inggil.

Kèndêlipun anglèmpêr lajêng tumandang badhe panyithakipun,

--- 207 ---

nyithak punika lênggahipun dhingklik alit, cakêt panggenan tumpukan dhendhengan punika sarta nyakêtakên êtong wadhah toya wau sapirantosipun wacucal alit tuwin ladingan kajêng, ugi nyakêtakên wêdhi sawatawis, cithakanipun inggih mawi ganjêl sapurunipun, banon utawi sanèsipun, amurih sakecaning panggarap, patrapipun makatên:

Ingkang badhe nyithak lênggah ing dhingklik plêk, cithakanipun katumpangakên ing ganjêl: plêk, nyêpêng dhendengan kasèlèhakên ing pasir: lèh, ingangkat malih katumpangakên ing cithakan plêk, katata sapêrlunipun mênawi sampun gênah: lajêng ingêlus kalihan toya mawi kakosoki cucal alit wau punika, mênawi sampun alus, langkunganipun urut pinggir lajêng kairis mawi ladingan kajêng, lajêng katumpangan wilah ing kiwa têngên sarta lajêng kasèndhèkakên ing gantari ingkang sampun katata ngajêng punika wau, cithakan kadudut kangge nyithak malih ngantos satêlasipun lêmpiran.

Mênawi sampun malêm, ragi garing gêndhèngipun kaêlih saking ing gantar kaisis ngantos sagaringipun kaêpe sarta salajêngipun katumpuk ngadêg.

Mênawi pandamêlipun sampun kathah sarta sampun garing lêrês, lajêng kabêsmi ing kobongan§ = pawon, utawi linggan. prantos panggenan ambêsmi,

--- 208 ---

pratikêlipun makatên.

Adamêl pangobongan punika, ingkang kadamêl banon, luluhanipun siti, kangge limrahing padunungan kula wangunipun pasagi panjang, ing lêbêt wiyaripun 1,22 panjang 2 utawi 2,50 inggilipun 2 mètêr, ingkang ngandhap ing têngah lêrês mawi kabolong têrusan, kangge yèn anyugoni§ ing Surakarta namung ngangge ke kriya: nyugokaken, botên ngangge i kriya: nyugoni. kajêng saking ngriku wiyaripun 0,40 inggilipun 0,50 mètêr, upami kobongan punika mujur mangèlèr, pambolongipun inggih ingkang lèr mangidul, sarta ing nglêbêt kadamêlakên planggrangan banon ugi inggilipun 0,50 mètêr jèjèr kalih mujur ngalèr, ing ngandhap kabolong-bolong ugi, pamurihipun latu supados sagêd buyar salatipun§ = nyalat, nanging rimbagipun lêrês pasisir, kados ta buyar lakune = buyar salate, botên buyar mlakune = buyar nyalate. nyarambahi saking ngandhap sadaya.

Gêndhèngipun katata ing sanginggiling planggrangan ngadêg rapêt susun ngantos sakêbakipun kobongan.

Manawi pangobongipun sampun wanci sumub§ ing Surakarta têmbung sumub namung wontên tiyang adang. ing nginggil lajêng kasukanan sakathahing rêrêsak§ = uwuh. arambah-rambah, awit [a...]

--- 209 ---

[...wit] punika tumut kobar§ ing Surakarta kangge ing kawi. amila ngantos samatêngipun, katawisipun matêng, mênawi gêndhèng ingkang nginggil piyambak sampun abrit utawi latu mêngangah.

Kajêng ingkang kangge ambêsmi punika ingkang misuwur sae piyambak inggih punika brongkah dêling, utawi bongkok.

Pandamêlipun Banon

Adamêl cithakan banon punika, ingkang kangge limrah ing padunungan kula kajêng jati, panjangipun botên mêsthi, namung miturut sasênêngipun ingkang ngangge, ingkang limrah tuwin kathah panjangipun ing nglêbêt 0,33 wiyar 0,25 kandêlipun 0,06 mètêr, panjangipun samantên wau kabage dados tiga, dadosipun mênawi nyithak sapisan angsal banon tiga ingkang agêngipun 0,11 x 0,25 x 0,06 mètêr, ananging wontên ugi cithakan ingkang isi ngantos nêm iji, samantên wau kalêbêt awis ingkang purun ngangge, awit awrat pandudutipun.

Mênawi badhe adamêl banon kêdah adamêl kowèn rumiyin, kowèn punika siti dipun dhudhuk wiyaripun botên mêsthi, miturut sasênêngipun piyambak, upami murih gampilipun kemawon, panjang 5 wiyar 5 lêbêtipun 0,75 mètêr utawi 0,50 tumuntên kaisenan siti garing kawoworan [kawowor...]

--- 210 ---

[...an] rabuk talethong kapal tuwin mrambut, bageanipun ugi namung kintên-kintên kemawon, ingkang prayogi upami tlethong 1 takêr tuwin siti tiga takêr, lajêng kailenan toya ingkang agung, tumuntên karêmêti§ = karêmêt, utawi rêmêtan, sami ing nginggil. ing tangan ngantos mukêt dados êndhut saèmpêr siti leleran ing sabin makatên, mênawi sampun rampung nuntên kakèndêlakên ngantos sadintên sadalu, mênawi sampun asat dados jêblog, lajêng kacithak, panggenanipun anyithak punika wontên ing papan siti kemawon, ing latar utawi patêgalan, ingkang rêsik tuwin waradin ingkang saèmpêr lataran mênggah patrapipun makatên:

Cithakanipun kakumbah rumiyin ingkang rêsik: ing tong wadhah toya pakumbahan, kakosokan mawi suwekan sinjang amoh, tumuntên kadèlèhakên ing siti papan panggenan ingkang kangge mêsthi wau, kaisenan êndhut luluhan punika sakêbakipun cithakan, sarta kaênêt-ênêt ing tangan ngantos padhêt waradin, kakosok ing toya mawi tangan ngantos alus, lajêng kagarit ing driji kalih: lêr, cithakan kadudut, makatên ing salajêngipun ngantos êndhutipun têlas.

Yèn banon wau sampun malêm jlibrisipun§ = bokong utawi gigiripun. ing ngandhap [ngandha...]

--- 211 ---

[...p] tuwin kiwa têngên kasisiki§ = kasisikan Id. mawi mothik§ = punapa lading panjang ? utawi lading bêndho,§ ing Surakarta, lading: inggih lading, bêndho: inggih bêndho, lading bêndho: botên wontên. sasampunipun kaisisakên ngantos sagêdipun garing sangêt, mênawi sampun garing tumuntên kalingga katata badhe pangobongipun.

Anglingga punika banon wau katumpuk miring, ing ngandhap mawi dipun wadhahi§ = lowahi. pirantos panggenan latu saèmpêr pawon bolong têrus, mênawi lingganipun agêng pawonipun inggih kathah, pinggiranipun mubêng sabên sampun saelo kasukanan gadêbog garing, panjangipun anutupi mangandhap dumugi dhasaripun, sapanginggilipun makatên.

Mênawi anggènipun anglingga kadamêl rampung, tumuntên gadêbog wau dipun rancang, saèmpêr panganamipun jala, sarampungipun punika lajêng kapopok ing luluhan siti ingkang tanpa rabuk: ngantos rapêt, supados pêga sampun ngantos ambrabas, sarampungipun punika tumuntên kalatonan sangking ngandhap wau mawi kajêng glinggang, dangunipun miturut mênawi dipun tingali ngandhap banon sampun matêng saprapatipun linggan, pawonan katutup rapêt mawi luluhan, lajêng katilar

--- 212 ---

kemawon, mila sanadyan ingkang matêng namung saprapat, suprandosipun sagêd anglanjak manginggil anyarambah ing nginggil sagêd matêng sadaya.

Wondene anggènipun adamêl linggan punika ingkang prayogi, inggilipun kalangkungi§ = kalangkungan id. saprapatipun saking panjanging linggan, upami panjang 2 mètêr, inggilipun 2,2 mètêr, dene wiyaripun sampun miturut pawonan, langkung wiyar, langkung pawon, awit sabên tigang banon tamtu kêdah mawi pawonan.

Ambêsmi banon punika ing padunungan kula sakêdhikipun 10.000 ingkang limrah 50 èwu, wontên ugi ingkang ngantos 100 èwu, pambêsmènipun mênawi tanpa alangan sadintên sadalu, mênawi wontên nguduripun ngantos kalih dintên sadalu, têrkadhangan inggih mêntah.

Saking panuwun kula dhatêng sadaya ingkang karsa nupiksani kithaling têmbung kula tuwin liyanipun, mugi kêparênga aparing pangapuntên, sokur nuwun sèwu kapundhi mênawi lajêng karsa anglêrêsakên.

Sastradipura. Opnèpêring Watêrstat I ing Madiun

--- 213 ---

Rekanipun Mulasara Tanêman Sawo Mênila, amurih Wêwah Agêng saha Ecaning Raosipun

Wit sawo mênila punika ing têmbung Latin kawastanan Achras sapota golonganing Sapota ceae bangsaning tanêman agêng, gêsangipun sagêd lami, (arbor) wit sawo mênila wau sagêdipun mêncar, saking wijinipun ingkang dipun tanêm, kenging ugi dipun cangkok, ananging wit ingkang asal saking wiji langkung sae tinimbang kalihan wit ingkang saking cangkokan, sabab wit ingkang asal saking wiji punika gadhah oyod lajêr, dados langkung kêkah, makatên ugi gêsangipun inggih langkung lami tinimbang cangkokan.

Wondene pangupakaranipun wit sawo mênila punika makatên, mênawi wiji ingkang kadhêdhêr sampun thukul, kintên-kintên inggilipun 1 d.M lajêng kaputêra (dipun angkat ananging siti watawis ½ d.M mubêng kakatutna murih oyod botên ewah), katanêm ing panggenan ingkang prayogi kangge nanêm punika ingkang têngkar, sitinipun ingkang garing, punapadene amiliha siti ingkang (Liemgron) ing ngriku kadamêla luwangan kalih kaki kibik, lajêng kaisenana siti cêmêng ingkang sampun kacaruban gêmuk (lêmèn) bosokaning ron, gêmuk wau kaangin-angina rumiyin, supados ragi garing, lajêng kairigana, ingkang lêmbat kauwor kalihan siti [si...]

--- 214 ---

[...ti] cêmêng wau, tumuntên kaêsokakên ing luwangan sakêbakipun, lajêng katanêman bibit sawo wau.

Dene ingkang kawastanan siti cêmêng punika woworan lêmpung kalihan wêdhi sami kathahipun, sasampuning sawo wau katanêm, lajêng kadamêlna srumbung 4 kaki mubêng, yèn tanêman wau sampun ragi inggil, lajêng kapriksanana, yèn dhoyong prayogi kasukanana adêg-adêg supados jêjêg, yèn êpangipun bengkong kapitulungana dêling supados lêncêng, ing poking pang ingkang ngandhap piyambak kêrêp mêdal trubusipun (siroeng) punika prayogi kapunthês§ ing Surakarta kakêthok. supados sampun ngantos adamêl kêraning wit lajêr utawi êpang, sabab mênawi trubusanipun lêstantun gêsang, nyuda têdhaning tanêman (cambium) ing wêkasan botên sagêd awoh, sanadyan awoha inggih namung sakêdhik tur botên eca, makatên ugi êpang sanès-sanèsipun (ing nginggilipun êpang wau) trubusanipun kêdah kapunthêsan tumuntên, makatên salajêngipun, sabên tiga utawi kawan dintên kapriksanana.

Mênawi wit sawo wau inggilipun sampun 12 utawi 15 M sampun kenging kawangun piramidhê, rekanipun: pang ingkang ngandhap piyambak kagêsangna 4 kemawon, ingkang lêtipun sami [sa...]

--- 215 ---

[...mi] pucukipun satunggil-tunggiling pang dipun tangsulana tambang§ têgêsipun punapa katangsulan tangsul, punapa: tambang anggadhahi têgês sanès tangsul. ingkang panjang, tambang wau lajêng kaulura manginggil, kaangsalna pucuking uwit, pundi êpang ingkang mongol saking saantawising tambang lajêng kapênclasana§ ing Surakarta, kapancas. supados waradin, makatên wit sawo wau sagêd awangun piramidhê, pundi pang ingkang moncol saking sapitan kapaprasa amurih tansah ajêg waradin.

Sanajan wit sawo wau sampun agêng, inggih kêdah kalêstantunakên anggènipun munthêsi trubusipun, mênawi pangupakara makatên wau katindakakên, sampun tamtu wohipun sagêd agêng, kathah tur eca raosipun.

Sanèsipun wit sawo mênila inggih wontên malih ingkang kenging kadamêl wangun piramidhê, inggih punika wit jambêt, wontên ingkang kenging kadamêl wangun bundêr, kados ta: wit jêram punika wanguning wit ragi bundêr kados wohipun.

Guru bantu ing Karanganyar, R. Pringgasubrata

--- 216 ---

Pratikêlipun Tiyang Among Tani

Mênawi wontên tiyang ingkang badhe anggarap sabin, bilih badhe anggarap sabin punika ingkang kagarap rumiyin adamêla papan kangge nyêbar wiji, dene papan ingkang badhe kangge nyêbar wiji wau mênawi sabin ingkang badhe katanêman punika wiyaripun wontên 1 bau jawi, papan pawijenan damêla kintên 6 M3 bilih sampun rampung dados leleran, panggarapipun leleran wau lajêng kakothak-kothaka kapara sakawan lêrês, saha kêdah kakèndêlakên rumiyin supados wênês (lêrêm) sadangunipun anglêrêmakên leleran tumuntên angupakaraa pantun ingkang badhe kangge wiji. Mênawi ingkang badhe katanêm punika pantun cêmpa ing dalêm 1 bau Jawi cêkap wiji 1 gèdhèng. Mênawi ingkang badhe katanêm pantun wulu ing dalèm 1 bau Jawi cêkap wiji 1 gèdhèng. Mênawi ingkang badhe katanêm punika pantun slamêt, ing dalêm 1 bau cêkap wiji ½ gèdhèng. Pratikêl pangupakaraning pantun ingkang badhe kangge wiji wau makatên, pantun punika kêdah dipun pe rumiyin kantos garing, bilih pantun slamêt tuwin pantun calu ingkang badhe kangge wiji, kêdah karêndhêm rumiyin wontên ing kulah botênipun wontên ing jêmbangan agêng tuwin kadèkèkana toya ingkang ngantos anglêlêpakên pantunipun, dene dangunipun pangrêndhêm sadintên sadalu, mênawi sampun dumugi sadintên sadalu lajêng dipun êntasi, tuwin dipun dèkèkakên wontên ing anjang-anjang rumiyin supados atus toyanipun, saha bilih sampun atus tumuntên dipun kêthoki gagangipun, sarampungipun lajêng dipun urit wontên ing leleran wau, dene panguritipun punika saking satunggal-tunggal cali tuwin gagang kêthokanipun wau adat ingkang sampun kêdah dipun pêndhêm botênipun dipun kèlèkakên wontên ing lèpèn, amargi mênawi botên makatên, bokmênawi gagang punika ngantos kobong, adat kupiya ingkang sampun kalampahan asring dadosakên gêring dhatêng wiji, namung sababipun kula botên sumêrêp, bilih ingkang badhe kangge wiji wau pantun cêmpa, pantun punika kêdah kailês dipun dadosakên gabah rumiyin, sarampungipun lajêng dipun tapèni saha dipun intêri, supados rêsik sampun ngantos kawoworan mêrang tuwin mêrang dalah gagangipun ugi sampun ngantos kobong. Mênawi sampun rêsik anggènipun ngupakara, gabahipun lajêng dipun cêmplungakên ing jêmbangan ingkang sampun isi toya supados sagêd pilah gabah ingkang gabug [gabu...]

--- 217 ---

[...g] tuwin ingkang aos, ingkang gabug kumambang, punika lajêng dipun pêndhêti kabucal, dene gabah ingkang aos kêlêm, punika lajêng kasuntak dipun wadhahi wontên sênik tuwin tumbu, bilih sampun atus sanginggilipun kêdah dipun tutupi godhong pisang tuwin dipun tindhihi sela botênipun banon, supados rapêt sampun ngantos kanginan, amargi bilih kanginan dangu thukulipun, bèntên kalihan ingkang botên kanginan, antawis kalih dintên kalih dalu laminipun bilih wiji ingkang karêndhêm wau sampun sami singit (thukul) lajêng dipun sêbarakên ing papan pawijinan wau. Mênawi wiji pantun cêmpa punika amrih saenipun dhatêng wiji, bilih nyêbar kêdah môngsa kasa, dene pananêmipun wontên môngsa katiga, prayoginipun umur 50 dintên katanêm, mênawi wiji pantun calu punika kapasrah saenipun dhatêng wiji, bilih wurit ugi kêdah wontên môngsa kasa pananêmipun ugi môngsa katiga, prayoginipun umur: 60 dintên katanêm, mênawi wiji pantun slamêt, panguritipun botên wontên môngsa kasa kêdah môngsa kawolu, pananêmipun kêdah môngsa dhêstha, prayoginipun umur 90 dintên katanêm.

Taksih wontên sambêtipun

Kaanggit dening Radèn Sayid Budiman Warga Mardiguna ing Klathèn

Sambêtipun tumuntên kakintuna Red.