Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Sura taun Dal, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 10 APRIL 1902.

--- 218 ---

Sambêtipun Candrakanta ôngka: X kaca: 199

Bab Wulancatatan tangan: rêmbulan.

Wulan punika asalipun saking bumi, makatên ugi wulan sanès-sanèsipun, asalipun saking lintangipun piyabak-piyambak ingkang midêr. Wangunipun bundêr kadas dening lintang sanèsipun.

Agêngipun: Panjanging indhên (ngas) = 468 mil, wiyaring lumahipun = 688.000 mil pasagi. Isinipun = 54 yuta mil kubuk = 1/50 isinipun bumi.

Bobotipun: padhêt (têtêlipun) tikêl tiga tinimbang padhêting toya, panarik (kakiyatanipun) = 1/7 panarikipun bumi. Awrat utawi bobotipun = 1/88 wawratipun bumi.

Têbihipun: têbih-têbihipun kalihan bumi (apogeyum = apogeum) = 54644 mil, cakêt-cakêtipun kalihan bumi (perigeyum = perigium) = 48961 mil.

Ebahipun: a. mubêng saubêngan 27 1/3 dintên, b. angidêri bumi salêbêtipun 27 1/3 dintên, c. angidêri surya sêsarêngan kalihan bumi

--- 219 ---

Perangan lumahing wulan ingkang majêng ing bumi punika salaminipun mèh sami kemawon (ajêg) tandhanipun wayangan ingkang katingal ing wulan purnama salaminipun sami kemawon, saupami ingkang majêng ing bumi wau perangan sanèsipun, utawi sontan-santun, ingkang saèstu wayanganipun ugi gèsèh-gèsèh. Ingkang makatên wau pancèn têmên wontên ugi gèsèhipun sakêdhik, awit wulan punika 3/7 lumahipun sadangunipun katingal ajêg (têtêp) ingkang 3/7 malih babar pisan botên nate katingal, dene ingkang 1/7 wontên kalanipun katingal, wontên kalanipun botên.

Panggenan lampahipun wulan punika andadosakên pojok 50 kalihan panggenan lampahipun bumi, sarta kalih-kalihipun wau trajangan, cêcêking trajangan dipun wastani bundhêlan.

Sadangunipun wulan angidêri bumi lumahipun ingkang majêng ing bumi ajêg kemawon, saha saidêranipun wau namung mubêng sapisan, awit saking punika saidêran wulan wau dangunipun sami kalihan saubênganipun. Saidêran wulan wau dipun wastani 1 wulan.

Idêranipun wulan kabedakakên tigang warni, kados dening idêranipun bumi (kapariksaa ing bab VII a, b, tuwin c) awit saking punika angwontênakên:

--- 220 ---

a. wulan sinodhi, b. wulan sidhèri, c. wulan anomali

a. ingkang dipun wastani wulan sinodhi punika, idêran wulan wiwit ajêng-ajêngan kalihan surya (pusêring bumi, wulan sarta surya dados sagaris, saha wulan wontên ing saantawisipun bumi kalihan surya) ngantos wangsul malih ajêng-ajêngan kalihan surya wau, cêkakipun: wiwit wulan enggal (tanggal sapisan) ngantos wangsul wulan enggal malih, dene laminipun 29 dintên 12 jam 44' langkung 2,9".

b. ingkang dipun wastani wulan sidhèri punika, idêran wulan wiwit ajêng-ajêngan kalihan satunggaling lintang têtêp, ngantos wangsul malih ajêng-ajêngan kalihan lintang têtêp wau, laminipun 27 dintên 7 jam 43' langkung 11,5'.

c. ingkang dipun wastani wulan anomali punika, idêran wulan wiwit saking pèrigeumipun ngantos wangsul malih dhatêng pèrigeumipun, laminipun 27 dintên 13 jam 21' langkung 3'.

X. Bab Padhanging Wulan

Wulan punika wontên kalanipun pêtêng, mindhak dintên wêwah padhang sakêdhik, ngantos lumahing wulan ingkang ngajêngakên bumi katingal padhang sadaya (wulan purnama). Sasampunipun [Sasampuni...]

--- 221 ---

[...pun] wulan purnama, padhanging wulan saya dangu saya suda, ngantos wangsul malih wulan pêtêng (wulan kôntha).

Bilih wulan umur 7 dintên, sapalihing lumahipun wulan ingkang ngajêngakên bumi katingal padhang, sapalihipun pêtêng, dipun wastani wulan nèm, bilih wulan umur 21 dintên, ugi makatên, inggih punika sapalihing lumahipun wulan ingkang ngajêngakên bumi katingal padhang, ingkang sapalihipun pêtêng, ananging kosokwangsulipun ingkang rumiyin, inggih punika, perangan ingkang sapunika padhang, ingkang suwau pêtang, dene ingkang sapunika pêtêng, ingkang suwau padhang (wulan panglong).

Padhanging wulan punika sabên dintên tansah ewah, awit saking idêripun wulan angubêngi bumi. Sadangunipun midêr wau, wontên kalanipun wulan wontên ing saantawisipun surya kalihan bumi, bilih makatên peranganing wulan ingkang ngajêngakên bumi botên kasorotan surya, dene ingkang kasorotan peranganipun ingkang botên ngajêngakên bumi, dados peranganipun wulan ingkang ngajêngakên bumi katingal pêtêng, dene perangan ingkang padhang botên katingal saking bumi. Wontên kalanipun malih, bumi wontên saantawisipun surya kalihan wulan, wêdal punika sadaya perangananing wulan ingkang ngajêngakên bumi kasorotan surya, amila katingalipun sangking bumi padhang sadaya, dipun wastani wulan purnama. Pitung dintên malih sapalihing [sa...]

--- 222 ---

[...palihing] peranganipun wulan ingkang ngajêngakên bumi tuwin sapalihing peranganipun wulan ingkang botên ngajêngakên bumi, kasorotan surya, wêdal punika sapalihing peranganipun wulan ingkang ngajêngakên bumi katingal padhang, sapalihipun malih pêtêng, punika dipun wastani wulan panglong.

XI. grahana wulan sarta grahana surya

Sadangunipun wulan angidêri bumi, sawulan-wulanipun panggenanipun sagaris kalihan surya tuwin kalihan panggenanipun sagaris kalihan surya tuwin kalihan bumi. Bilih panggenan lampahipun wulan dados sarai kalihan panggenan lampahipun bumi, punapa malih bilih wulan salaminipun sami têbihipun kalihan bumi (upami têbihipun sami kalihan perigeumipun) sampun tamtu sabên wulan wontên sapisan wulan punika kenging wayangan bumi, sarta ugi sapisan bumi kenging wayangan wulan. Ananging wulan punika botên sagêd kenging wayanganipun bumi, punika dipun wastani grahana wulan.

Bumi punika anggènipun kenging wayangnwayangan. wulan, tamtu wontên ing wulan Kontha, bilih makatên wontên saperangan lumahing bumi, ingkang botên kasorotan surya, awit sorotipun kaling-kalingan wulan, wêkdal punika surya botên katingal saking panggenan punika, punika dipun wastani grahana surya.

Sampun kasêbut ing bab IX bilih wulan punika sadangunipun [sadanguni...]

--- 223 ---

[...pun] botên sami têbihipun saking bumi, awit saking punika wayangan wulan botên tamtu sagêd dhumawah ing bumi, sarta wayanganing bumi ugi botên tamtu dhumawah ing wulan. Kajawi sangking punika, panggenan lampahing wulan botên waradin kalihan panggenan lampahing bumi, sabab saking punika, wulan botên sadangunipun dados sagaris lêrês kalihan surya sarta bumi, wêdal wulan purnama sarta wulan kôntha. Mirit gumêlaring kalih bab wau dados têtela bilih botên sagêd sabên wulan wontên grahana wulan utawi grahana surya.

Wontênipun grahana wulan, namung bilih wulan purnama lêrês manggèn ing bundhêlanipun sarta kalêrês wontên ing perigèyumipun utawi mèh wontên ing pêrigèyumipun, Dene wontênipun grahana surya, namung bilih wulan kontha manggèn lêrês ing bundhêlanipun, sarta wulan wau ugi kalêpas wontên aperigeyumipun.

Awit ingkang makatên wau, ing salêbêtipun sataun sagêd wontên grahana kaping pitu, inggih punika grahana surya kaping 5 sarta grahana wulan kaping 2 utawi grahana surya kaping 4, grahana wulan kaping 3.

Bilih wontên grahana wulan, grahana wau katingal ing tiyang-tiyang ingkang sagêd aningali wulan punika, sarta kalêrês ing wanci dalu. Ananging grahana surya botên makatên, salêbêtipun [sa...]

--- 224 ---

[...lêbêtipun] grahana surya punika pêtêng sadaya, wontên ingkang sumêrêp pêtêngipun wau namung sakêdhik, wontên malih ingkang babar pisan botên sumêrêp grahana wau.

Katingalipun grahana wulan têlas babar pisan, dangunipun ngantos 4 jam, ananging katingaling têlasipun grahana surya dangu dangunipun namung 5 mênit.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata. Abdi dalêm carik ôngka II ing Kabupatèn Pulisi Surakarta

Surya Siriyus (rêringkêsan saking het rijk der sterren)

Sakidul wetanipun cakêt palintangan Luku orion wontên lintang agêng satunggil, warninipun pêthak mancorong, ing wulan Phebruari 1902 wanci jam 8 sontên katingal ing nginggil lêrês, inggih lintang punika ingkang kawastana surya siriyus.

Siriyus punika lintang ingkang mêncorong piyambak ing langit

Mênawi tiyang pitakèn: kala jaman punapa manungsa sumêrêp dhatêng lintang wau, punika prasasat pitakèn kala jaman punapa [puna...]

--- 225 ---

[...pa] wontên manungsa ingkang kawitan, awit manungsa kawitan ingkang manggèn ing bumi, mênawi tumênga ing langit, amêsthi eram nyawang mêncoronging lintang wau.

Nama: Siriyus, mirit saking têmbung Yunani, ingkang tunggil asal kalihan têmbung Sangskrita: Svar§ Rama: Red punapa têmbung-têmbung wau tunggil asal kalihan têmbung jawi: surya = srêngenge, lan têmbung Mêlayu soewar = obor. Partawidigda. kados mèmpèr panggalih sampeyan yèn têmbung wau tunggil asat, kathah kemawon panunggilanipun sampun malih ingkang nunggil basa, Jawi sam Jawi Kawi sami Kawi, sanadyan sanès basa kathah ingkang nunggil ugi, kados ta: petangan Kawi mèmpèr kalihan petangan Walandi, eka = een, dwi = twee, enz Red. ing basa Ngarab kawastanan, alsirah al-schira tiyang Jawi mastani punapa rama Red.§ punika kula sumanggakakên Bagus Ngardhah, amêsthi langkung patitis. Red.

Gangsal èwu taun ingkang kapêngkêr, utawi 3285 sadèrènging Ngisa, utawi 150 taun sasampuning adêgipun piramidhê agêng ingkang nama: Cheops utawi 940 taun sadèrènging jamanipun Kangjêng Nabi Nuh utawi jagad kinêlêm, lampahing pananggalan ing tanah Mêsir kapranata manut siriyus wau. Siriyus ing basa Mêsir kawastanan: sothis têgêsipun ingkang mêncorong. Ing sanalikanalika. samantên malêthèkipun surya yèn pinuju tanggal ping 21 Juni sêsarêngan kalihan siriyus, dene banjiripun bênawi Nil wiwit tanggal sapisan wulan Pachon (wulan mangsaning banjir) katingalipun lintang wau amratandhani bênawi Nil badhe banjir mila siriyus cinirèn ing gambar pasêmon, [pasêmo...]

--- 226 ---

[...n,] awujud sagawon ambaung.

Omeros lan Èsiodus sami ngrumpaka siriyus sarana kêkidungan, kados dene tiyang-tiyang Cina ing tanah Mêsir, Kaldheyah, Asiyah lan Cina. Pamanggihipun Èsiodus, mênawi siriyus lan lintang Luku wontên ing nginggil lêrês, punika mangsanipun tiyang ngundhuh woh anggur, nalika jaman kina lintang wua katingalipun wanci enjing tanggal ping 21 Juni, dados ngalamat dhatênging banjir, ananging ugi dados pratôndha dhatêngipun môngsa somêr ingkang panas sangêt, punika wontênipun sêsêbutan têmbung Walandi hondsdagen, têgêsipun dintên ingkang panas piyambak ing dalêm sataun, sampun wiwit nalika samantên Pirgilius, Orasiyus lan Maniliyus sami gadhah piwulang, ing salêbêtipun waktu wau prayogi tiyang sami mêdal saking kitha agêng dhatêng sajawining nagari.

Siriyus punika lintang ingkang agêng piyambak, utawi lintang a ing palintangan, de groot hond palintangan, de Groot hond botên patos kêtêl lintangipun, kathah ananging ingkang pèni-pèni. Kajawi saking siriyus ing ngriku kathah lintang ingkang sami malih utawi ewah warni lan agêngipun, angèmpêri ingkang kasêbut ing Tj. K. VIII. Nanging botên kacariyosakên ing ngriki, awit lajêring cariyos surya siriyus.

Manut sêrat-sêrat kina ing nalika samantên warninipun siriyus [siriyu...]

--- 227 ---

[...s] abrit, môngka wujudipun ing sapunika pêthak, punika anèh sangêt, pamanggihipun tuwan Phlamarion, bok mênawi sêrat wau lêpat panyêratipun, utawi ingkang nganggit piyambak botên anyatakakên ing salêrêsipun, namung mirêng ujaring liyan, punapa malih ingkang sami nganggit sêrat wau ingkang kathah dhasar dede ahli nujum, mila saking panyananipun tuwan Phlamarios sampun mêsthi warninipun siriyus ing nalika samantên pêthak.

Ewasamantên kathah para ahli nujum ing jaman sapunika ingkang kapêksa pracaya yèn warninipun siriyus rumiyin pancèn abrit Sir John Herschel, Seechi Argo, lan Humboldt sami anggagas-gagas punapa ingkang dados sababing malih wau. Pangarangipun sêrat De kosmos ingkang sampun misuwur, wicantên makatên: mung siriyus sing dadi tuladha nyata bab owahing warnane. Ing jaman saiki warnane putih têmênan, kang bisa andadèkake malihing warnane mau ora ana liya amêsthi mung musêring lumahe utawa musêring awang-awange kang nglimputi, nganti dadi ilange warna abang. Dene ilange warna abang mau bok manawa sorot-sorot tomplêmèntèrkomplêmèntèr. Complemmentaire stralenComplemmentaire stralen punika sorot ingkang dados pêthak manawa kawor kalihan abrit. kasêrot dening hawa awange, [awang...]

--- 228 ---

[...e,] kang nglimputi lumahe. Bokmanawa uga anane warna abang mau jalaran saka pêdhut ing awang-uwung kang lakune alon bangêt, katêrangan ingkang wêkasan wau kaanggêp lêrês dening Sir John Herschel.

Sanajana malihing warni wau kenging kaandêl, ananging ugi mawi angandhêmi lêrêsipun.

Miturut kawruh spectraanalijse lintang-lintang ingkang pêthak jasadipun ingkang kathah inggih punika waterstof, dene lintang abrit jasadipun ingkang kathah inggih punika kolstofoxijden lintang-lintang abrit botên patos panas, sarta kenging kawastanan sampun sêpuh. Mênggah kawontênaning lintang-lintang ingkang limrah inggih punika kawitanipun pêthak, lajêng dados abrit. Mila siriyus wau dados kosokwangsul. Mirit saking spèktrumipun (mèh sadaya lintang malih warninipun abrit) punika sadaya bôngsa srêngenge, ingkang sampun sami katutup ing blêntong sarta sampun wiwit asrêp.

Sampun wiwit ing jaman kina jalaran saking mêncorongipun, siriyus wau anênangi manahipun para juru nujum, awit sami sumêrêp yèn siriyus punika lintang ingkang aèng Aristarkus phan Samos sampun amastani siriyus wau surya. Ing nalika abad ingkang kapêngkêr pangintênipun Kant siriyus punika kados pusêring panarik, ingkang angubêngakên [angubêngakê...]

--- 229 ---

[...n] surya kita lan tintang-lintang.lintang-lintang. Ing jaman punika sarèhning sampun kasumêrêpan têbihipun, makatên ugi masa massa nipun sagêd katamtokakên kita tansah sangsaya eram jalaran saking agêngipun.

Mênawi kagagas têbihipun sorot wau pintên-pintên èwu wurda kilomètêr saking ngriki, ananging kita ing ngriki taksih sagêd tampi sorod samantên kathahipun, ngantos kenging kagambar sarana photographi, sarta panasipun kenging kaukur sarana tèrmomètêr, amêsthi kita botên sagêd cariyos punapa ingkang tumanduk ing angên-angên kita.

Taksih wontên sambêtipun saking balilu Partawidigda

Sambêtipun ôngka X kaca 216

Pratikêlipun Tiyang Anggarap Sabin Nuju Môngsa Katiga

Amrih saenipun dhatêng tanêm dumuginipun dados pantun, mênggah panggarapipun kêdah dipun kênthèng, dene patrapipun anggarap sabin kênthèngan wau makatên: siti sacêlakipun kalèn punika kêdah dipun paliri rumiyin, supados sampun kilenan toya amargi mênawi sitinipun wau ngantos kilenan toya têmahan dangu garingipun, bilih sampun rampung anggènipun maliri, tumuntên mêthali (maculi) siti ingkang sami taksih dados bêran wau, dene epahanipun mênawi dipun bêrahakên, ing dalêm tiyang satungal 6 sèn, awit jam nêm dumugi jam sanga siyang, samôngsa sampun rampung pamêngalipun sadaya, lajêng dipun kèndêlakên rumiyin supados garing, yèn sampun garing lajêng dipun waliki, mênawi siti pêthalan punika sampun têtela garing siti pêthalan ingkang taksih agêng prongkolanipun punika lajêng dipun [dipu...]

--- 230 ---

[...n] gandhèni. Supados sampun ngantos magêl, (nglêbêtipun têksih malêm) mênawi sampun wradin garing lajêng dipun rabuki, dene prayoginipun ingkang kadamêl rabuk punika, awu obong-obongan balung lêmbu tuwin maesa, gamping tuwin ampas tom punika dipun carup dados satunggal, lajêng dipun pôntha-pôntha dipun dhèkèkakên wontên siti ingkang dipun pêthali wau. Bilih sampun rampung lajêng dipun kèndêlakên malih, dene ewahanipun mênawi dipun bêrahakên tiyang madamêl punika, garu tuwin maluku ing dalèm tiyang satunggal bilih maesa ingkang kadamêl madamêl 30 sèn, bilih lêmbu 25 sèn, awit jam 6 enjing dumugi jam sanga siyang, tuwin lawêdan punika sadangunipun dipun kèndêlakên sampun ngantos kêkirangan toya, saha sadangunipun anglêrêmakên lawêdan punika, lajêng amopoki galêngan supados sagêd lêrêm toyanipun, mênawi sampun dipun popoki galêngan wau lajêng dipun tampingi, mênawi sampun rampung sadaya anggènipun nampingi wau, sabin punika lajêng dipun anglèr. (Kagaru) mênggah patrapipun anglèr wau makatên: awit sapisan dipun garu mujur, sarampungipun dipun ujur: lajêng dipun garu malang, sarampungipun dipun alang, lajêng dipun garu mujur malih: sarampungipun dipun garu mujur malih punika lajêng dados leleran, dene mênawi sampun dados leleran lajêng dipun srambahi, mênggah patrapipun nyrambahi punika makatên: Leleran wau ingkang taksih katingal inggil lajêng dipun garu malih, dipun purugakên dhatêng ingkang andhap, supados sagêda waradin sampun ngantos andhap inggil margi manawi ngantos andhap inggil, bilih leleran wau sampun dipun tanêmi, mênawi dipun lêbi, ingkang andhap sampun, klêlêp tanêmipun, ingkang inggil dèrèng kasrambahan toya, têmahan dhatêng tanêm kirang racak saenipun, mênawi leleran wau sampun waradin, toya ingkang wontên leleran punika kêdah dipun bucal supados asat, bilih sampun asat lajêng dipun sorogi kalayan pacul ingkang ngantos alus, bilih sampun lajêng dipun lêrêmakên supados angsal angin, awit bilih kanginan tumuntên sagêd kênthêl, sadangunipun anglêrêmakên leleran punika lajêng angawiti andhaut wiji ingkang badhe katanêm wau. Mênggah patrapipun bilih andhaut punika makatên: wiji punika dipun bêdholi, yèn sampun angsal sakolong lajêng kakêplèkakên ing garês ingkang ngantos ical blothokipun, mênawi sampun ngalêmpak angsal satêkêm lajêng dipun tangsuli, mênggah ingkang dipun angge tangsul punika alang-alang, sarampungipun lajêng dipun banjarakên (katata) ing leleran wau.

Taksih wontên sambêtipun.

Kaanggit dening Radèn Sayid Budiman. Warga mardiguna ing Klathèn

--- 231 ---

Daya Sarana

Kawruh migunani

1.Urubing dhamar lisah patra (petroleum) kukusipun cêmêng, sagêd angrêgêdi barang ingkang kasorotan ing nginggilipun, murih icaling kukus wau: amêndhêta kalothokan (kulit) tigan ayam, dipun gêcêk ngantos lêmbat, nuntên kaudhêg kalayan lisah patra wontên ing wadhahipun damar. Yèn murih rêsiking sumbu, prayogi kacêmplungana sarêm 3, utawi 4 wuku.

2. Murih awèt kanggenipun pèn wêsi utawi waja Kolzuur dari kapoer, satunggal bagean kolsiripun kapur: dipun jur kalayan toya bêning wolung bagean, pèn ingkang sampun kangge: kacêlupakên ing toya camboran wau, tamtu sagêd awèt.

3. Mangsi: amurih botên sagêd jamurên, kacêmplungana cêngkèh sakêdhik, punika kalangkung prayogi katimbang kacamboran sêndawa, sarêm tuwin toya kêras.

4. Kasiyatipun mangsi cêmêng, Alizarin prayogi minôngka usada: kaosèr-osèrakên tiyang ingkang kenging latu, pigunanipun sagêd asrêp.

5. Ngrêsiki baludru ingkang sampun ragi bawuk, utawi lungsêt, ing suwalikipun ngandhap dipun kumbah sarana toya, nuntên katindhês sêtrika (ingkang sampun mawi latu), têlêsing toya sagêd bêntèr saha lajêng ngukus mêdal ing suwalikipun. Balêdhug utawi rêrêgêd ingkang tumèmplèk ing baludru: tamtu lajêng gogrog katut kalihan hawa kukus. Dados ingkang dipun wasu, tuwin kasêtrika wau: amung ing suwalik ingkang nglêbêt kemawon.

Baludru cêmêng ingkang sampun bêlawus rêgêd prayogi kagêbêga kalayan bawang iris-irisan, ngantos ical sadaya rêrêgêdipun, sagêd cêmêng malih.

5. Ngulapi balêntonging sinjang, dipun kumbah rumuyin kalihan wedang mangêt-mangêt, nuntên amêndhêta sabun kalih dasa bagean, puhan utawi pêrêsaning susu lêmbu: nêm bagean, kanji (tajin) sadasa bagean, sadaya dipun rêmêd kalihan jêram pêcêl, kadamêl anggêbêg balêntonging sinjang wau, sasampunipun makatên lajêng kabilasana wedang malih.

6. Pandamêlipun baromètêr ingkang sakalangkung gampil sakêdhik prabeanipun, baromètêr punika satunggiling pirantos kangge tôndha nyumêrêpi bilih badhe jawah utawi badhe wontên angin. Sarèhning rêginipun botên mirah, mila awis tiyang ingkang gadhah pirantos wau, amargi katimbang pêrlunipun, lagi botên migunani. Ing mangke kula mratelakakên, mênggah pandamêlipun pirantos baromètêr ingkang sakalangkung gampil sakêdhik prabeyanipun, tur pigunanipun botên beda [be...]

--- 232 ---

[...da] kalayan baromètêr sayêktos.

Ngupadosa gêndul alit labêt wadhah lisah kolonyo, dipun kumbah ingkang rêsik. Nuntên amêndhêta sendawa 8 gram, salam moniak 2 gram, dipun kêrus ngantos lêmbat kados galêpung, kacamboran branduwin 64 gram, kagojog ing nglêbêt gêndul wau, lajêng dipun tutupi sarana plêmbungan ulam (kêndhangan) nuntên kacocoh êdom murih bolong nrancang alit-alit.

Bilih ing cakrawala pinuju sae padhang sumilak wêning, camboran wau mênêp ing ngandhap, branduwin katingal bêning. Mênawi badhe jawah, galêpungipun minggah radi buthêk, wondene bilih badhe jawah mawi angin, galêpung wau sadaya dumunung ing nginggil sarta branduwinipun katingal obah. Mênggah ingkang makatên punika katingal rumiyin ing dalêm kawan likur jam, sadèrèngipun kalampahan.

7. Pangungsir murih icalipun sêmut. Arêng kajêng saha kapur Walandi dipun gêcêk ngantos lêmbat, nuntên kauwur-uwurakên ing êlèngipun sêmut. Lisah gas, utawi pirantos sanèsipun patralium, kacamboran toya sawatawis, kasiramakên ing êlèng, saha panggenan ingkang kathah sêmutipun, makatên ugi ing panggenan ingkang kathah rayapipun, bilih dipun sirami toya camboran wau, tartamtu rayapipun lajêng sirna sadaya.

Pun balilu sru paparda: TAN SING TJWAN Ing Pacitan

Urun Wudhu

Karanganipun Radèn Munandar: mantri cacar ing Dêmak, Sasadara ôngka VII bab cumbana kêra lêma, wontên priyantun ingkang botên nyondhongi pamanggih wau. Saking panggalihipun Radèn Munandar, bilih mangsuli bab punika, tartamtu dados wêwinihing pasulayan.

Wondene pamanggih kula piyambak, mênggah kawruh migunani ingkang dèrèng sagêd condhong punika: prayogi dipun rêmbag (kamusawaratakên) amurih gumolong tumraping tiyang kathah, sampun ngantos andadosakên pasulayan, sadaya siswaning sasadara candrakanta (para pambantu) sagêda rukun anggiyarakên pamanggih ingkang migunani, wah malih: kawruh thithittuwit.

Mila bilih kaparêngakên dening panêmbahan juru pangripta, kula dhèrèk urun wudhu.

Karanganipun Radèn Munandar: bab cumbana ( kêra lêma) sanadyan gèsèh kalayan pamanggihipun priyantun sanès, ewadene sêsorah wau botên ngayawara, dede anggitan piyambak ingkang botên limrah tumrap ing akathah, lugunipun mawi pathokan, inggih punika pêpiritan wêwarahipun doktêr, tuwan Yophosmadar, [Yo...]

--- 233 ---

[...phosmadar,] saking sêrat têmbung Malayu ngalamat: poengoetan dari dalêm kitab pangajaran akan panjang oemoer, dari toean .J. VOSMAER jang dahoeloe djadi Doktêr bêsar di nêgri Olanda, dados Radèn Munandar amung nêdhak kemawon, amurih gumêlaripun ing Sasadara. Awit wêwarah ingkang kagiyarakên dening doktêr punika, tartamtu migunani saha sampun wontên katatalipun.

Sarèhning Radèn Munandar nguningani kados dene bêbasan, bisa mituturi nanging durung mêsthi bisa nglakoni, mila ugi dipun kuwayani. Pungkasaning karanganipun kasêbutakên: sumarah dhatêng ingkang karsa ngangge,§ Mênggah gèsèhing pamanggih: botên kalihan Radèn Munandar, inggih punika kalihan sêsorahipun dhoktêr. jêr sadaya kawruh, wêwarah tuwin pamanggih ingkang migunani punika wajibipun kagiyarakên ing akathah, sanadyan badanipun piyambak dèrèng tamtu utawi botên sagêd anglampahi, bokmanawi wontên tiyang ingkang kêsdu ngestokakên, tartamtu mupangati tumrap dhatêng ingkang ngangge.

Kula ugi nyondhongi pamanggih mênggah tiyang jalêr èstri ingkang asring cumbana, tansah nguja ardaning manah (hawa napsu birai) tartamtu badanipun sakojur lêsah, amargi kêkathahên ambucal sarining ngagêsang, punika lakar kirang prayogi tumrap kasarasaning badan, tarkadhang ingkang makatên wau sagêd dados jalaraning kêra, ( mirit sêsorahipun doktêr tuwan Ophosmadar) tuladhanipun kados ta: tiyang utawi kewan ingkang dipun kabincih, mèh nracak sadaya badanipun lêma, awit botên nate acumbana.

Pamanggihipun tuwan D.J Vmr: saha para dhoktêr bôngsa Eropah, panjang cêlaking umuripun manungsa sarta sababing badanipun kêra utawi lêma, punika gumantung wontên ing wiji, kalakuan, èngêtan, têtêdhan, katularan, kasakitan sapanunggilanipun, prasasat botên gumantung ing papêsthèn, kodrating Pangeran (ananging bilih wontên ing cilaka ngantos nêmahi pêjah, punapa takdir utawi ... ? sumôngga para maos).

Mênawi kula manah ingkang panjang, têka inggih wontên èmpêripun, jêr kodrating Pangeran punika sagêdipun sumêrêp, sasampuning kalampahan, botên sumêrêp ing takdir, wajib ambudidaya utawi istiyar, botên ngêmungakên pasrah tuwin sumarah kodrating Pangeran kemawon, makatên pamanggih kula pun balilu punika.

Bilih wontên ingkang lêpat tuwin kêkiranganipun, kula nyuwun gunging pangapuntên sarta sumôngga dhatêng para maos.

TAN SING TJWAN ing Pacitan: dede mitranipun Radèn Munandar

--- 234 ---

Kula botên pisan-pisan nêja nyeda dhatêng karanganipun R. Munandar bab cumbana, malah rêna kanthi suka lan rujuk, awit wau karangan, kula upamèkakên satunggiling pèngêtan ing karsa jati tur barès (teroes trang), botên andadosakên saru tumrap ing sêrat kabar Sasadara, utawi Candrakanta, wanci sampun mêsthinipun.

Kauningana, nalika kula nyambut damêl wontên ing bibliotiking kêbon raja ing Bogor, asring-asring kula ningali buku ingkang isi karanganing para propesor mawi gambar-gambar praboting tiyang jalêr èstri. Pandugi kula karangan wau suraosipun bokmênawi botên beda kalihan karanganipun R. Munandar makatên. Lo punika pangintên kula: saru mêggahing tiyang ingkang asring kodhêngan utawi ingkang asring nanggap thithittuwit, ananging dipun anggêp piwulang ingkang adi dening tiyang ingkang bodho sakula punika.

La: wangsul, R. Munandar punika sadèrèngipun manjurung bab cumbana, pamirêng kula sampun nate ngraosi (angginêm) kawontênan kula, sarêng dadosing karangan têka kathah panyindiripun dhatêng kula kados ta ingkang mungêl: tiyang nèm-nèman ingkang kapêksa lênggah dangu awit saking padamêlanipun enz-enz punika manah kula lajêng nalôngsa sangêt ing batos, O Allah, kêbangêtên têmên R. Munandar ênggone ngrasani biyèn kae dadi mêngkene karsane. Ya dikapakake manèh.

Awit saking punika mila kula lajêng kadêrêng manjurung ing sêrat kabar Candrakanta. Wondene bêbukanipun panjurung kula wau panyêrat kula makatên: kêra lêma, wusana sarêng sampun kaêcap, sangandhaping: kêra, lêma: wau têka mawi tambahan ungêlipun makatên: sarasean§ Têmbung sarasean, punika dene têmbung: panyeda, têmbung: alus, têgsêsipun sami kalihan têmbung musawarat (anggathukakên pamanggih) Red. pamanggih kalihan Mas Munandar. Pangintên kula punika, sababipun ingkang ngantawisi yèn kula nyeda dhatêng karanganipun R. Munandar wau. Môngka salugunipun panjurung kula wau botên mawi tambahan makatên, layak dados ngômbra-ômbra.

Dhawuh timbanganipun rama juru pangripta, pamanggih ingkang botên sagêd nyondhong prayogi kèndêl enz enz, punika lêrês sangêt, ananging sriwang-sriwing, kula taksih mirêng rêraosan ingkang amrih kalingsêman kula, tambah-tambah mas kodhêngan ing jawikandha kathik nyeda dhatêng sêrat sasadara lan candrakanta, la: lajêng mrèmèn-mrèmèn, dangu-dangu kula ingkang kojur, la bok dipun tumbalana lisah kadhal cêmêng punika inggih mêksa kojur.

R. Mangun Suwiriya (mupus)

--- 235 ---

Pitakèn

Sampun limrahipun bôngsa kula tiyang Jawi mênawi kasripahan tiyang sêpuh utawi anak bojo tuwin kulawarganipun mawi wilujêngan kados ta: ngêsur tanah, nigang dintên, mitung dintên, ngawandasa dintên, nyatus dintên, pêndhak pisan, pêndhak ping kalih, nyèwu, punika kadospundi, awit mulabukanipun saha dhèrèk waton punapa. Para warganing sasadara candrakanta ingkang kaparêng mugi aparinga panjarwa dhumatêng panyuwun kula wau.

R. Munandar

Dongèng

Tiyang ingkang angrêmbag: dhasar, kalihan: ajar, sugih, akalihan: singgih, utawi: kasugihan kalihan: kapintêran, punika kêkah ingkang pundi.

Wontên paribasan: amêrangi tatal utawi anggraji awu, punika panunggilanipun pitakèn wau.

Dhasar Ajar

Sayêktosipun dhasar akalihan ajar punika sami tumindak sarêng, bilih kèthèr ing salah satunggilipun botên jumênêng kamanungsanipun utami.

Dhasar, mugi sampun kagalih namung kadarbe trahing ngawirya kemawon, bilih makatên: mêsakakên trahing ngapapa. Dhasar punika: budi sae, angsal piwulang sae, sanadyan anaking ngapapa inggih sagêd dados tiyang utami, langkung malih trahing ngawirya budinipun sae, angsal piwulang sae, sampun saèstu angungkuli trahing ngapapa wau. Mênggah: dhasar punika tètèsing wiji sae nuwuhakên budi padhang, punika atas pêparinging Allah, kathah trahing ngawirya ingkang dhumawah ing sangsara, kosok wangsulipun botên kirang trahing ngapapa, ingkang sagêd dados ngawirya, punika ingkang nelakakên yèn dhasar wau wiji sae, mila sampun ngêndêl-êndêlakên dupèh trahing ngawirya, kosok wangsulipun sampun alit manahipun dupèh trahing ngapapa. Kula nyariosakên sakêdhik, wontên trahing ngapapa, pinrêtêk ing piwulang, mêdal saking pamulangan taksih ganti kêpuh, lajêng kaabdèkakên ing kangjêng guprêmèn, sapunika gadhah pamêdal ing dalêm sawulan 500 rupiyah, sintên ingkang maibèn kenging kabônggakakên, bapa biyung sarta kakèk ninèk priyantun punika taksih sami gêsang, sarta taksih lêstantun nandhang papa, punapa ngayom,

--- 236 ---

trima kasih, sampun marêm ningali kemawon.

Sugih Singgih

Watêsing kasugihan lan kasinggihan, punika sarêng kalihan bumi langit nangkêb, kasugihan ingkang dhumawah ing manungsa utami, sanadyan kathah ing artanipun sampun sainguk, inggih taksih kirang kathah. Makatên ugi kasinggihan ingkang dhumawah ing manungsa utami, sanadyan dhumawah ing ratu pisan, inggih ugi rumaos taksih kirang. Prabu Napoliyun Bonahparte trahing abdi sagêd jumênêng ratu, punapa dèrèng pantog, lêrêsipun inggih sampun, ananging sarèhning sang prabu anglênggahi namaning manungsa, inggih botên sagêd narimah, badhe ngêlun nêlukakên ratu sakurêbing langit: kêplêngkang.

Awit saking punika watêsing kasugihan kasinggihan, prayogi botên sarêng kalayan bumi langit nangkêp, cêkap namung wontên panarimah ing manah kemawon, ing atasipun mantri bilih pamêdalipun cêkap kangge kabêtahaning sandhang panganipun ingkang botên nama nistha, sarta botên gadhah sambutan, sampun nama sugih singgih, kosok wangsulipun mantri sugih ingkang taksih ngôngsa-ôngsa nyandhang awon utawi luwas tur rêgêd, ajrih dhatêng rasukan lèinên, dèrèng têrang dhatêng trah tuwin dhèsi, sêlutipun saklungsu-klungsu, nedha botên miraos, prasasat niksa dhatêng badanipun, punika dede nama: singgih: dupèh mantri, nama mantri nistha: sugih, sarta taksih dados pocapan awon, tiyang utami botên purun samêkêt dhatêng priyantun nistha punika. Ing Surakarta ingkang kenging sinêbut nama: sugih singgih, kajawi trahing ngawirya, namung wontên satunggal inggih punika suwargi Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, Ridêring Ordhê Nèdêrlansên Leo pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, kala taksih manakawan ngantos jumênêng pêpatih dalêm botên nate katempelan budi nistha. Punapa sugih botên kawêntar, ananging botên nate kirangan arta, tur botên wanuh dhatêng tindak pangisêping êrah, sanadyan tindak pangangkah ingkang murih indhaking kagunganipun arta: tinêbihakên, kasugihanipun maligi saking pêparinging Gusti punapa kasinggihanipun kadamêl idir ?, malah agêng palimarma saha pitulunganipun dhatêng têtiyang alit, punapa miyur pangastanipun adil ? santosa kados wêsi galigèn, botên gigu midana tiyang kalêpatan. Punapa manggan dhatêng pamidosa ? tiyang ingkang kajantapa sami tampi piwêlas têdha sapantêsipun, sawênèh kaabdèkakên malih dados kawula dhusun.

Ngawirya ingkang botên têntrêm, amêsthi tilar dugi prayogi.

Mênggah misuwuring asmanipun kangjêng radèn adipati wau botên, namung sasampunipun [sasampuni...]

--- 237 ---

[...pun] jumênêng pêpatih dalêm, ingkang mungêl ing Sêrat Babad Pasanggrahan Têgalgônda karangan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, pungkasanipun wontên pangalêmbananipun dhumatêng kangjêng radèn adipati wau nalika taksih asma ondêr mayor, ungêlipun kados ing ngandhap punika.

[Kinanthi]

Nahên rawining kalangun / pinarah wuryaning wuni / ananging kang pacangkraman / Têgalgônda kang bawani / Ondêr Mayor Jayaningrat / kêkasih jêng sri bupati //

Panji Urdênas kang lungguh / ingandêl tur misesani / salir pakaryan jro pura /ontap ing pranata titi / têtela têtêp rumêksa / ing kaprabon sang siniwi //

Palastha dera mangapus / kapapas kapêsan budi / dumadi garwa paminta / mring sagyaning kang mahapti / nungkara gita nir deya / tarlèn aksamanta sami //

Kasugihan, Kapintêran

Kasugihan kalihan kapintêran, sok wontêna tiyang sugih inggih pintêr kados ta: kasagêdanipun sudagar, metang tumanjaning bayaran dhatêng tiyangipun kuli ingkang sami nyambut damêl atusan sarta ngetang tuna bathining daganganipun namung kalayan pamikir padhang, sanadyan pangetangipun apalan utawi ijêman, pratitis sarta enggaling rampungipun angungkuli pangetanging guru pamulangan ingkang sampun lêbda dhatêng petang algêbrah, punapa punika dede kasagêdan sarta punika sudagar katêtêpakên tiyang bodho, dumèh botên wanuh kalihan gagang pèn. Kauningana kawruhing Allah botên namung prakawis petang, ngèlmu bumi ngèlmu ukur anggambar sasaminipun, ingkang dipun sinau rampung wontên ing panyêratan, nyogok lorod, pandhe kêmasan sêsaminipun, nama kawruh ugi, utaminipun samukawis kasagêdan botên tilar tulis, ananging dede prakawis tulas bab na gondhèl, rimbag daya mênggala, ki juragan botên doyan, sarèhning botên doyan punapa ki juragan kenging sinêbut bodho dupèh sêratanipun awon, botên sumêrêp dhatêng rimbag, prakawis kasusra, punika namung sumrambahing kawruh sanès-sanèsipun, sarta minôngka dados talêsing lawruh wau sadaya, amargi saking dados talês, mila kawruhing manungsa ingkang sakalangkung lêmbat, bilih tular kasusastran, amêsthi dados kasar, nanging kawruh kasar cêkap angambah suraosing sêrat kemawon, dene sêrat sae dados kuwajibanipun sarjana ulah têmbung.

Liding dongèng dhatêng ing kasugihan amêsthi saking kasagêdan, mila kasugihan saking tilaraning tiyang sêpuh ingkang dhumawah ing ali warisipun ingkang bodho, amêsthi gampil sirnanipun, awit botên dipun sangkani saking kasagêdan.

Awit saking punika têtiyang namung manah dhatêng kasagêdan supados angsal kasugihan, [kasu...]

--- 238 ---

[...gihan,] bilih kasugihan dipun sangkani tumbas lot-lotrei kanthi panyipta angsal pris 100,000 rupiyah saking kêncênging panyipta kèpi salêbêting angukupi yatra kados mênang anggènipun mêntas pèi kawon, tangi tilêm amêsthi growah manahipun, awit tiyang bodho ingkang kadhawahan bêja yatranipun amêsthi mawut dening bodhonipun wau, awit kasugihanipun boêtn saking kapintêran, saking margi gampil. Red.

Kawruh Pêlikan

Wêwatoning kawruh pêlikan, kawruh pêlikan ingkang ugi winastanan: delfstofkunde utawi mineralogie anyêrêpakên bab kawontênaning peranganipun siti ingkang asipat nir daya, inggih punika ingkang botên anggadhahi daya sarana anangkarakên wiji, punapa malih botên gêsang, wondene peranganing siti ingkang asipat nir daya punika winastanan pêlikan, inggih punika jasat peranganipun siti ingkang asring kadhudhuk kawêdalakên saking gêgolonganipun, utawi ingkang mêdal saking siti lantaran rêdi Marapi, lantaran umbul toya bêntèr sapanunggilanipun, kados ta walirang, tuwin siti warni-warni, utawi ingkang awujud uwap (gas) punapadene toya, kawruh pêlikan ugi amulangakên bab prakawis panitikipun jasad peranganing siti wau wantahan ing agalipun utawi alusipun sarana binudi miturut kawruh pamisah (scheikunde) punapa malih wêwatêkan tuwin pigunanipun, dene gancaripun ingkang kalêbêt ing kawruh pêlikan ingkang ugi winastan kawruh minêraloghi (mineralogie) wau kajawi ingkang sampun kasêbut [kasêbu...]

--- 239 ---

[...t] ing nginggil, ugi prakawis pamerangipun bangsaning sela, prênahing dunungipun sarta kadadosanipun bumi dumuginipun ing jaman sapunika, nanging sakêdhik punika lêrêsipun pancèn kalêbêt dhatêng kawruh kadadosanipun bumi, inggih punika ingkang dipun wastani kawruh geologie utawi aardkunde kawruh pêlikan punika sampun wiwit kasumêrêpan sarta kabudi ing tiyang, punapa malih kalêbêt dhatêng gêgolonganing kawruh ingkang pêrlu kasumêrêpan, para bôngsa ingkang sampun sumêrêp dhatêng rekadaya ing bab pigunanipun pêlikan, punika dados tôndha sumêrêpipun dhatêng adêging tatacaranipun agesang, sagêd angreka daya damêl barang warni-warni ingkang migunani ing atasipun tiyang gêsang, nanging sawêg ing jaman kina tiyang dèrèng sagêd sumêrêp dhatêng tôndha-tandhanipun peranganing siti ingkang mêsthi, punapa malih dèrèng sagêd amranata peranganing siti wau, kenging winastanan sawêg jaman sapunika kemawon anggènipun kawruh wau saya ngrêbda, tangkar-tumangkar awit saking tabêrinipun para sagêd ingkang tansah mungsêng ambudi dhatêng indhaking sêsêrêpan, wêkasan sagêd kadumugèn angsal kawruh langkung jêmbar tinimbang kawruh ingkang sampun kasumêrêpan kala ing jaman kina, karana punapa, botên langkung sadaya-sadaya wau ringkêsanipun namung ngupados sarana ingkang kangge ing adêging gêsangipun.

Têksih wontên sambêtipun.

R.L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.