Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Mulud taun Be, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 8 JUNI 1902.

--- 262 ---

Landboruw Plantenkunde (= ngèlmu tani)

Sasampunipun kula nyariyosakên bab têtanêman tuwin rabuk-rabuk ingkang kadamêl ing para tani, kawuningana sampun kakintên sadaya ingkang tumitah gêsang punika gêsangipun saking têtêdhan kemawon, o punika lêpat, amargi ing ngagêsang punika kathah sangêt uba rampenipun, kados ta: têtêdhan wau sagêdipun tumônja ing salêbêtipun badan dados ajur punika kalayan dayanipun hawa, tiyang narik napas punika botên amung kangge napas kemawon, kangge ugi anglêbur sakathahing têtêdhan, amila napas nalikanipun mêdal awon ambêtipun, amargi hawa sampun nyambut damêl, wondene napas ingkang mlêbêt wau taksih rêsik, sinarêng mêdal sampun kacampuran, inggih punika ingkang nama kool zuirstop, ingkang mêdal trus mumbul ing gêgana, wangsulipun malih katarik dados têdhaning têtuwuhan: sarêng kalayan jawah.

Pratôndha lêrês bilih hawa punika kangkekangge. sarat ngagêsang, saupami titahing Allah ing dalêm sajam botên asal hawa, sampun tamtu sirna, guru kula sampun adamêl conto, satunggal wadhah sêtoplès ingkang sampun dipun wêdalakên hawanipun, lajêng dipun lêbêti tikus, sakêdhap sagêd gêsang antawis 3/6 jam, tikus wau katingal lêmês sarta lajêng pêjah, punika [puni...]

--- 263 ---

[...ka] tôndha yakin.

Wontên malih ingkang kangge sarat gêsang, inggih punika soroting srêngenge, têtuwuhan ingkang wontên salêbêting siti, kêdah kenging soroting srêngenge kalayan toya, punika sawêk têtuwuhan sagêd nêdha, amargi sadaya dados ajur, kula nuwun botên angêmungakên kangge ajuring têtêdhan kemawon, srêngenge wau adamêl daya ijêming ron têtuwuhan, sumôngga kapriksaa sadaya ron tanêman ingkang botên kenging soroting srêngenge rupinipun pêthak, sarêng sampun kenging soroting srêngenge lajêng ijêm, pupus pisang kadospundi, wontên malih têtuwuhan ingkang thukul ing salêbêting griya, inggih pêthak ronipun.

Amila kula matur para tani kêdah nyumêrêpi sanèsipun ngèlmu, dados têrang yèn srêngenge punika kangge sangêt ing atasipun têtêwuhan ing ngalam dunya.

Sadaya rupi ing dunya punika ajur saking srêngenge, sanadyan bangke bêbosokan sangking punapa-punapa ripakrisak. dening soroting srêngenge.

Gônda utawi ambon-ambon ingkang mumbul punika sadaya dados têtêdhaning têtuwuhan, amila kasêbut ing cariyos buku Natuur kunde sadaya ingkang gêsang manungsa, sato, têtuwuhan kadadosan saking 4 prakawis

--- 264 ---

1e. Nijtrogieunim (Stickstop) latu, 2e. Carbonuim (Koolstop) arêng bumi, 3e. Hijdrogenuim (waterstop) toya, 4e. Ozijgenuim (zuirstop) angin

Kitab-kitab ugi nyêbutakên kadadosanipun badan kita punika saking 4 prakawis latu, angin, toya, bumi, ananging botên kacêthakakên babar pisan, rupinipun sêmu dipun kêkêr, punapa malih para guru ing nagari Jawi wêcanipun: iku wadi ora kêna kêlatir, dados ngèlmu alam Jawi saha Ngarab punika kirang cêtha, kagaliha kadadosaning wiji saking 4 prakawis, cariyos Jawi:

1e. Gêni, dudu gêni murub, dudu gêni thithikan utawa agaran, iya iku gêni langgêng, dados botên cêtha kêdah dipun upadosi piyambak.

2e. Bumi, dudu bumi kang diidak, dudu bumi ngalam dunya, iya iku bumi langgêng.

3e. Banyu, dudu banyu bêngawan lan lautan, dudu banyu kali, lan dudu banyu sumbêr utawa banyu deresan, iya iku banyu langgêng.

4e. Angin, dudu angin barat, dudu lesus, dudu prahara, iya iku angin langgêng. Sadaya punika nama botên cêtha, mênawi natir kindhe cêtha wela-wela gênah prênah, kados ta:

1e. Gêni, ing ngawang-awang ana hawa kang kasêbut Nijtrogienuim (stikstop) iku yèn kagosok dhewe karo hawa zeurstop anganakake gêni kang padha sakala, inggih punika ingkang dipun wastani: balêdhèg, têtiyang Jawi amastani balêdhèg punika maujud, kados ta: maujud sato, utawi sanèsipun, môngka sayêktosipun [sayê...]

--- 265 ---

[...ktosipun] hawa.

2e. Bumi, Carbonum (koolstop), punika hawa ugi ananging kadadosan saking siti ingkang mumbul, sarêng-sarêng zurstop, ingkang nama kulsir, sanadyan wontên ing awang-awang, wangsul malih ingkang katêdha ing têtuwuhan.

3e. Banyu, hijdrogenuim (Waterstop), punika toya ingkang langgêng ingkang wontên salêbêting awang-awang uwung-uwung, mila sampun kakintên ing kiwa têngên sampeyan punika papan ingkang kothong, lêrês paningaling manungsa katingal kothong, ananging sayêktosipun: botên wontên isinipun kêbak hawa tuwin toya, saupami kothong manungsa tuwin sato botên sagêd lumampah, amargi dayanipun manungsa sagêd ngadêg lumampah punika saking dipun apit-apit ing hawa tuwin toya. Mugi sampun ngandika mônga kok ngonoa, manungsa sato ngadêg lumaku pancèn bisa dhewe, punika lêpat, ing nginggil kula sampun matur, sadaya ingkang tumitah gêsang, manusa, sato sarta têtuwuhan, yèn botên wontên hawa tuwin toya, botên sagêd gêsang, kados tikus ingkang kangge conto ing sêtoplès, punapa malih lumampah yèn sagêda.

Yakininipun atur kula mênawi sakiwa têngên sampeyan kêbak hawa tuwin toya, ingkang langgêng minôngka isarat kadadosanipun [ka...]

--- 266 ---

[...dadosanipun] wiji-wiji ingkang gêsang, kados para maos sampun anguningani, mênawi sampeyan angunjuk toya is, kawadhahana ing gêlas, sadangunipun dèrèng kaunjuk, wau toya ing jawinipun gêlas katingal pating parêntul, punika kadalih punapa?, punapa kadalih gêlasipun bocor, panggagasipun para ingkang dèrèng kawasitan mila makatên, ananging punika lêpat panggagas wau, têmênipun inggih punika hawa toya ingkang wontên ing jawi, amargi sampun kasêbut ing ngèlmu alam, ingkang langkung asrêp punika adamêl daya hawa tuwin toya kênthêl, kados ta ing gêgana ingkang inggilipun langkung saking 1000 kaki, saking toya sagantên, punika hawanipun langkung asrêp, dados toya hawa lajêng kênthêl, sinarêng kênthêl awrat timbanganipun, lajêng dhawah ing siti, inggih punika jawah. Sadangunipun hawa tuwin toya dhawah ing siti, panggenanipun kothong, lajêng dipun isèni hawa ingkang nama (Nijtogenium stiekstop), ingkang cumlorot dhatêngipun inggih punika kilat, ananging kasarêngan kalihan pangalihipun ingkang asal saking hawa siti, Carbonium (Koolstop) tuwin Hijdrogenium (Waterstop), saking santêripun pangalih satunggal lan satunggalipun têtumbukan (tergosok beradue), lajêng mungêl dhèr, punika ingkang dipun wastani: balêdhèg, dados têrang botên maujud sato, mênggah balêdhèg wau dhawah ing siti [si...]

--- 267 ---

[...ti] sarêng kalihan toya jawah, punika asring wontên ingkang maujud kênthêl, awarni sela sêmu abrit kados ati ayam, têtiyang dhusun amastani untuning balêdhèg, tumurunipun rupi-rupi, hawa ingkang sarêng kalayan toya jawah dados têtêdhaning têtuwuhan, amila mênawi ing môngsa kapat jawah sapisan, sadaya têtuwuhan katingal ijo royo-royonipun, amargi saking nêmbe nêdha. Ing wusana têtuwuhan katêdha ing manungsa, punika kêdah èngêt sampun nênêdha amangsulna punapa ingkang dados têtêdhaning têtuwuhan, amurih saening têtanêman, ngrabuk siti.

Amangsuli cariyos kula ing ngajêng bab pantun, ing jaman kina nagari Jawi punika botên wontên tanêman pantun, dene ingkang katêdha minôngka sêsulihing rijêki tanêman juwawut tuwin jali, wondene tanêman pantun punika bibit utawi wijinipun saking nagari Karolinah (Karolina) kilap ing pundi prênahipun, salajêngipun kabêkta dhatêng nagari Jawi ingkang ambêkta amêncarakên bibit-bibit wau satunggal tuwan bongsa Rumêni nama tuwan Orisa Orijza amila dumugi sapriki namaning pantun kabêkta namaning tuwan, ingkang amêncarakên wji Orisa satipa (Orijza satipa) pangrêtosipun pari jêro, pari kangge ing basa ngoko pantun kangge ing basa krama, wontên malih Orisaglotunosa (Orijza Glutunosa) pangrêtosipun pari genjah lêbêt saha cèthèncêthèk. punika

--- 268 ---

umuripun pantun, wondene pantun wau kathah namanipun, mênggah ing têtiyang Jawi ananging têmbung laten namung kalih rupi kemawon, amila botên pêrlu kula aturakên kados para maos sampun anguningani.

Taksih wontên sambêtipun

R Jayaatmaja. Sapunika kaganjar pangkat mantri sasêbutan rôngga nama R.R. Rêksawilata.

Rekadaya murih saening patêgilan ingkang sitinipun lincat (siti lêmpung).

Têtanêman ingkang katanêm wontên ing patêgilan utawi sabin tadhahan ingkang sitinipun lincad punika sampun tamtu kirang lêma utawi kirang prayogi dadosipun, amargi têtanêman wau botên sagêd angsal têdha kathah. Siti lêmpung kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, kenging dipun reka daya murih saenipun, têtanêman ingkang katanêm ing ngriku, lajêng sagêd lêma tur kathah pamêdalipun, mênggah rekanipun makatên:

I Tumraping tiyang ingkang tabêri.

Pinggiring patêgilan sasisih kadhudhuk kaurut panjangipun dene pandhudhukipun cêkap mênawi panjang wiyar tuwin lêbêtipun sami nigang kaki, mênawi sampun rampung, siti sacêlaking balumbangan [balumbang...]

--- 269 ---

[...an] wau lajêng kadhudhuka, wiyar utawi lêbêting dhudhukan kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, siti dhudhukan kaurugna ing blumbangan ingkang sampun dados, makatên salajêngipun, sawiyaring patêgilan punika kadamêla blumbangan sadaya urut-urutan, sabên balumbangan sampun dados, lajêng kaurugan siti dhudhukan saking sisihipun. Dados siti patêgilan wau prasasat kawalik ingkang nginggil wontên ing ngandhap, ingkang ngandhap wontên ing nginggil, mênawi sampun rampung sadaya pandhudhukipun, patêgilan wau sampun têrang kados kapaculan lêbêtipun nigang kaki. Siti wau sampun dipun êlêbi, prayogi kaêsata rumiyin, supados hawa tuwin soroting surya sagêda rumasuk ing ngriku. Yèn siti sampun garing, lajêng kauwur-uwurana mawi lêmi talethonging maesa utawi lêmbu ingkang sampun kacarub kalihan wêdhi lêmbat, sukur mênawi pikantuk lêmi saking gêgodhongan, punika langkung prayogi. Wondene anggènipun anguwur-uwuri lêmèn, dipun kapara kandêl. Yèn sampun: lajêng kapaculana malih, supados lêminipun wau sagêd carub kalihan siti, wiwit nalika punika, siti sampun kenging katanêman, nanging murih saenipun: katanêmana katela pêndhêm, (katela rambat) (batatas edulis) pamurihipun supados hawa ing jawi sagêd lumêbêt ing siti mêdal urut oyod tuwin wohing katela

--- 270 ---

wau, dene yèn mangsanipun ngundhuh, pangundhuhipun prayogi sarana dipun dhudhuk, supados sitinipun wêwah madhuk, dene lung katela sampun dipun pêndhêti, aluwung katilara ing ngriku kemawon, sagêd amêwahi lêmi, ing môngsa rêndhêng, patêgilan wau dipun lêmènana malih kados ingkang sampun lajêng katanêman kimpul, awit kimpul punika tahan dhatêng toya, tur pangundhuhipun kêdah kadhudhuk, dados sagêd adamêl êmpuking siti. Makatên salajêngipun, lami-lami siti wau amêsthi dados siti campuran (liem grond) lêmpung kaworan wêdhi alus, ing wêkasan siti wau amêsthi dados siti sae. Sakathahing têtanêman ingkang katanêman ing ngriku sagêd sae tur kathah pamêdalipun.

II. Tumrap Tiyang Ingkang Kirang Tabêri

Patêgilan wau inggih dipun dhudhuk kadamêl balumbangan kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, ananging botên sadaya, namung kaêlêtana nigang kaki, dados balumbang satunggal kalihan satunggalipun êlêt nigang kaki. Dene siti dhudhukaning blumbangan punika kaurugna ing siti ingkang botên kadamêl balumbangan, lajêng kauwur-uwurana lêmèn kados ingkang sampun, patêgilan wau lajêng katanêmana katela rambat, samôngsa ngundhuh lungipun kacêmplungna ing blumbangan, siti ingkang waunipun dèrèng kadamêl balumbangan, sapunika kêdah kakêdhuk, dhudhukanipun [dhudhukanipu...]

--- 271 ---

[...n] kaurugna ing tilas balumbangan ingkang sampun kaisenan lung, ing môngsa rêndhêng, siti wau kauwur-uwurana lêmèn malih, lajêng katanêmana kimpul, mênawi panuju ngundhuh, siti dhudhukaning kimpul, kaurugna ing blumbangan sapalih kemawon supados siti sagêd waradin, ingkang makatên punika têrang mênawi patêgilan wau sampun êmpuk lêbêtipun ngantos tigang kaki.

Salêbêtipun 2-3 taun, sabên-sabên badhe katanêman kêdah dipun lêmèni rumiyin, sampun tamtu patêgilan wau ing têmbe dados sae. Ewadene mênawi sabên-sabên dipun lêmèni talethong inggih langkung prayogi.

Ing wusana mênawi wontên lêpating pangarang kula, punapadene kithaling têtêmbungan, para nupiksa aparinga gunging sagantên pangapuntên.

16 5-902. Wantya wantu ing pawiyatan Jawi Karanganyar. R. Pringgasubrata

Kawruh Pêlikan

Candhakipun Candrakanta ôngka XI taun I kaca 238

II. Wêwatêkaning Pêlikan

Pêlikan punika barang peranganipun siti ingkang asipat nir daya, botên anggadhahi daya sarana anangkarakên wiji, botên anggadhahi pirantosing gêsang, botên sagêd ebah [e...]

--- 272 ---

[...bah] saking kajêngipun piyambak, punapa malih botên sagêd mindhak agêng kados dene kewan tuwin têtuwuhan, sagêdipun mindhak agêng bangsaning pêlikan punika namung saking kêkêmpêlan utawi rêrakêtan kalihan samining pêlikan ingkang atunggil dhasar, cacahing dhasaripun pêlikan punika kathah sangêt, milanipun pêrlu kasumêrêpan mênggah bêda-bêdaning dhasaripun wau, dene sagêdipun ambedakakên ingkang sapisan saking wangunipun, kaping kalih saking dhasaripun, kaping tiga saking dhasaring paprincènipun bilih pinariksa miturut ing kawruh pamisah, mênggah ringkêsanipun, wanguning pêlikan punika warni kalih, wangun rampak kalihan botên rampak, ingkang dipun wastani wangun rampak punika pêlikan ingkang anggadhahi lumah kathah sarta rampak, inggih punika ingkang winastan pêlikan awangun kristal, wondene ingkang dipun wastani pêlikan wangunipun botên rampak, punika ingkang lumahipun botên waradin, wangunipun mêndhak mandhukul, pêlikan ingkang awangun kristal punika sadaya anggadhahi lumah ingkang kenging kaukur, sawênèh wontên ingkang awangun dhadhon (cuben), wontên ingkang awangun tugon, wontên ingkang anggadhahi lumah ngantos wolu utawi kalih wêlas, sanadyan wangunipun pêlikan wau botên sami: warni-warni, ewadene sadaya wau kenging kagarba dados nêm golongan agêng, satunggal-tunggaling golongan [golong...]

--- 273 ---

[...an] anggadhahi wangun piyambak-piyambak bilih kawujudakên kristal.

Taksih wontên sambêtipun

R. L Mangkudimêja ing Ngayogyakarta

Lêpating panyithak TJANDRO KANTO Blz . 239- r.6 Wiwit kasumêrêpan Lees wiwit ing jaman kina kasumêrêpan.

Sambêtipun Candrakanta ôngka X kaca 197

Dene lampahipun awit dintên Ngahad enjing jam 6 ing ngandhap punika pratelanipun

Dintên Ngahad, jam 6 lintang samsu / jam 7 lintang Juhra / jam 8 lintang Ngatarik / jam 9 lintang kamar / jam 10 lintang jukal / jam 11 lintang mustari / jam 12 lintang marih / jam 1 lintang samsu / jam 2 lintang juhra / jam 3 lintang ngatarit / jam 4 lintang kamar / jam 5 lintang jukal

Malêm Sênèn, jam 6 lintang mustari / jam 7 lintang marih / jam 8 lintang samsu / jam 9 lintang juhra / jam 10 lintang ngatarik / jam 11 lintang kamar / jam 12 lintang jukal / jam 1 lintang mustari / jam 2 lintang marih / jam 3 lintang samsu / jam 4 lintang juhra / jam 5 ngatarit

--- 274 ---

Dintên Sênèn, jam 6 lintang kamar / jam 7 lintang jukal / jam 8 lintang mustari / jam 9 lintang rarih / jam 10 lintang samsu / jam 11 lintang juhra / jam 12 lintang ngatarik / jam 1 lintang kamar / jam 2 lintang jukal / jam 3 lintang mustari / jam 4 lintang marih / jam 5 lintang samsu

Malêm Salasa, jam 6 lintang juhra / jam 7 lintang ngatarit / jam 8 lintang kamar / jam 9 lintang jukal / jam 10 lintang mustari / jam 11 lintang marih / jam 12 lintang samsu / jam 1 lintang juhra / Jam: 2 lintang Ngatarit / jam 3 lintang kamar / jam 4 lintang jukal / jam 5 lintang mustari

Dintên Salasa, jam 6 lintang marih / jam 7 lintang samsu / jam 8 lintang juhra / jam 9 lintang ngatarit / jam 10 lintang kamar / jam 11 lintang jukal / jam 12 lintang mustari / jam 1 lintang marih / jam 2 lintang samsu / jam 3 lintang juhra / jam 4 lintang ngatarit / jam 5 lintang kamar

Malêm Rêbo, jam 6 lintang jukal / jam 7 lintang mustari / jam 8 lintang marih / jam 9 lintang samsu

--- 275 ---

jam 10 lintang juhra / jam11 lintang ngatarit / jam 1 lintang jukal / jam 2 lintang mustari / jam 3 lintang marih / jam 4 lintang samsu / jam 5 lintang juhra

Dintên Rêbo, jam 6 lintang ngatarit / jam 7 lintang kamar / jam 8 lintang jukal / jam 9 lintang mustari / jam 10 lintang marih / jam 11 lintang samsu / jam 12 lintang juhra / jam 1 lintang ngatarit / jam 2 lintang kamar / jam 3 lintang jukal / jam 4 lintang mustari / jam 5 lintang marih

Malêm Kêmis, jam 6 lintang samsu / jam 7 lintang juhra / jam 9 lintang kamar / jam 10 lintang jukal / jam 11 lintang mustari / jam 12 lintang marih / jam 1 lintang samsu / jam 2 lintang juhra / jam 3 lintang ngatarit / jam 4 lintang kamar / jam 5 lintang jukal

Dintên Kêmis, jam 6 lintang mustari / jam 7 lintang marih / jam 8 lintang samsu / jam 9 lintang juhra / jam 10 lintang ngatarit / jam 11 lintang kamar / jam 12 lintang jukal / jam 1 lintang mustari

--- 276 ---

jam 2 lintang marih / jam 3 lintang samsu / jam 4 lintang juhra / jam 5 lintang ngatarit

Malêm Jumungah, jam 6 lintang kamar / jam 7 lintang jukal / jam 8 lintang mustari / jam 9 lintang marih / jam 10 lintang samsu / jam 11 lintang juhra / jam 12 lintang ngatarit / jam 1 lintang kamar / jam 2 lintang jukal / jam 3 lintang mustari / jam 4 lintang marih / jam 5 lintang samsu

Dintên Jumungah, jam 6 lintang juhra / jam 7 lintang ngatarit / jam 8 lintang kamar / jam 9 lintang jukal / jam 10 lintang mustari / jam 11 lintang marih / jam 12 lintang samsu / jam 1 lintang juhra / jam 2 lintang ngatarit / jam 3 lintang kamar / jam 4 lintang jukal / jam 5 lintang mustari

Malêm Sêtu, jam 6 lintang marih / jam 7 lintang samsu / jam 8 lintang juhra / jam 9 lintang ngatarit / jam 10 lintang kamar / jam 11 lintang jukal / jam 12 lintang mustari / jam 1 lintang marih / jam 2 lintang samsu / jam 3 lintang juhra / jam 4 lintang ngatarit / jam 5 lintang kamar

--- 277 ---

Dintên Sêtu, jam 6 lintang jukal / jam 7 lintang mustari / jam 8 lintang marih / jam 9 lintang samsu / jam 10 lintang juhra / jam 11 lintang ngatarit / jam 12 lintang kamar / jam 1 lintang jukal / jam 2 lintang mustari / jam 3 lintang marih / jam 4 lintang samsu / jam 5 lintang juhra

Malèm Ngahad, jam 6 lintang ngatarit / jam 7 lintang kamar / jam 8 lintang jukal / jam 9 lintang mustari / jam 10 lintang marih / jam 11 lintang samsu / jam 12 lintang juhra / jam 1 lintang ngatarit / jam 2 lintang kamar / jam 3 lintang jukal / jam 4 lintang mustari / jam 5 lintang marih

Wangsul dintên Ngahad jam 6 lintang samsu

Ra: Lurah: Puspaatmaja, ing Ngayogyakarta.

--- 278 ---

Ngèlmu Alam Bab Pêksi

Pêksi punika gampil sangêt kabedakakên kalihan kewan ingkang nusoni, sabab pêksi punika:

1. Badanipun katutupan ing êlar.

2. Sukunipun ingkang ngajêng utawi tanganipun suwiwi.

3. Cucukipun botên mawi lambe saha untu.

4. Talapukanipun mripat tiga, awit kajawi talapukan ngandhap nginggil, ingkang sampun kalimrah wontên malih satunggal, wontên ing salêbêtipun talapukan ingkang kalih wau.

5. Nigan, sarta lajêng dipun êngrêmi saha dipun têtês.

Pêksi punika rahipun abrit saha bêntèr, badanipun ugi langkung bêntèr tinimbang kewan ingkang nusoni. Sêklèt Seclet utawi bêbalunganipun kaperang dados tiga, balung sirah, badan saha balung anggota, balungipun sirah dados satunggal, saya majêng saya lancip, pucukipun dados cucuk ingkang nginggil. Ingkang kathah utawi limrah cucuk pêksi ingkang nginggil punika botên mawi athik-athikan, ananging wontên ugi pêksi ingkang cucukipun nginggil sagêd ebah manginggil, inggih punika pêksi jakatuwa.

Sawênèhing pêksi wontên ingkang cucukipun langkung agêng tinimbang sirahipun, inggih punika pêksi rangkok.

Ros-rosanipun balung gulu pêksi punika kathahipun botên [bo...]

--- 279 ---

[...tên] mêsthi, wontên ingkang kathah wontên ingkang sakêdhik, mawi-mawi panjang cêlaking gulunipun, saha ros-rosan wau sagêd ebah sakajêngipun, sarana gampil punika, amitulungi sangêt tumrapipun pêksi, sabab balungipun gêgêr kakên, prasasat botên kenging kaebahakên. Darijinipun suku ingkang limrah sakawan, wontên ugi ingkang namung tiga utawi kalih, ananging awis-awis.

Isinipun badan utawi jêroanipun pêksi punika mèh sami kemawon kalihan jêroanipun kewan ingkang anusoni. Jêroan wau kaperang dados kalih, perangan ing ngajêng utawi isi dhadha, saha perangan ing wingking utawi isi wêtêng. Isinipun dhadha inggih punika maras kalihan jantung. Bilih pêksi ambêkan, lêbêtipun hawa mêdal ing cangkêm, lajêng dhatêng ing margi napas ingkang êpang kalih, saha salajêngipun dumugi ing maras. Maras punika kasambung ing kanthong-kanthongan kulit ayam utawi kêndhangan: isi hawa, panggenanipun wontên ing wêtêng, saha ing perangan badan sanès-sanèsipun. Kanthongan hawa wau kasambung malih kalihan balung-balungipun, pêrlu kangge ngisèni utawi ambucal hawa ingkang wontên ing balung wau. Bilih pêksi badhe mabur, kanthongan hawa kaisenan hawa, sabab punika badanipun lajêng mindhak agêngipun, saha gampil anggènipun [anggè...]

--- 280 ---

[...nipun] ngêlayang wontên ing nginggil utawi ing awang-awang.

Bilih pêksi pêjah, balungipun suwiwi ingkang nginggil dipun kêthok, lajêng kasêbul sarosanipun, pêksi wau tamtu mungêl, punika amratandhani bilih balung-balung wau kasambung ing pirantos napas.

Pêksi punika pirantosipun margi êrah jantung kalihan otot-ototipun, dados sami kalihan kewan ingkang nusoni, ananging pirantos pangêjuripun têtêdhan beda kalihan kewan ingkang nusoni, awit pêksi gadhah têlih, inggih punika pakèndêlanipun têtêdhan ingkang dipun ulu. Têtêdhan wau sadangunipun wontên ing têlih, sampun ragi êmpuk sabab sampun kaimbu, sadumuginipun ing rêmpêla, sanadyan sampun kawoworan ing toya kêcut, ananging ajuripun dèrèng muput utawi mumur, sabab botên dipun mamah kados dene caranipun khewan ingkang nusoni, inggih punika khewan ingkang gadhah untu saha êbam.

Pêksi punika pirantosipun pamamah rêmpêla ingkang kasêbut ing nginggil, amila rêmpêla wau kajawi isi têtêdhan, wontên karikilipun, dados ajuring têtêdhan wau sabab saking gosokanipun karikil kalihan lapisipun kulit rêmpêla ingkang lêbêt, awit kulit wau kasap. Sarêng têtêdhan wau sampun dumugi ing usus, lajêng pikantuk toya

--- 281 ---

pêru (tumrap pêksi ingkang gadhah pêru) saha jasad sanès-sanèsipun, awit nalika taksih wontên ing salêbêtipun rêmpêla, kajawi kawoworan ing toya kêcut, dèrèng kawoworan toya utawi jasad sanès-sanèsipun, ing pungkasanipun usus wontên ususipun buntu kalih iji. Pungkasaning usus wêdalipun têlèk, punika wontên ing satunggalipun panggenan ingkang nama kalowakah kaloaka, pungkasanipun margi uyuh saha margi tigan, anjog ing kalowakah wau ingkang wontên têrusanipun mêdal, sagêd mênga mingkêm, kados dene bolongan kanthong yatra inggih punika silitipun.

Tigan Pêksi

Tigan punika peranganipun kathah kados ta: cangkokanipun kados kapur corakipun warni-warni ananging ingkang limrah pêthak, cangkok tigan punika sami bolong alit-alit: margi hawa, khewan alit-alit utawi bangsanipun lumut, ingkang malêbêt dhatêng tigan wau. Sabab saking punika bilih tigan kadangon anggènipun ngrawati lajêng bosok anggônda botên eca.

Ing salêbêtipun cangkok wontên galabadipun§ têmbung galabad ing Surakarta botên wontên, nanging Bausastra Jawi: wontên. ingkang sawatawis kandêl. Kajawi saking punika wontên malih kulit ayam [a...]

--- 282 ---

[...yam] ingkang langkung tipis, saha lèngkèt kalihan galabad ingkang ragi kandêl wau, ananging wontên saperangan ingkang longkang: isi hawa. Jênenipun tigan punika wontên kambanganipun kalih, sami kumampul wontên ing pêthakipun, pêrlu kangge anjagani supados jênenipun tigan wau lêstantun kumampulipun wontên ing pêthakipun, sampun ngantos kandhas dumugi ing cangkok, ing salêbêtipun jêne tigan wontên usêran utawi maripatipun, ingkang kasambung ing wujud kados bênang kalihan wujud ingkang sawarni kanthong. Maripat, bênang saha kanthongan wau wujud cuweran pêthak, ingkang warninipun sami kalihan pêthakipun tigan. Maripat wau wiji utawi asalipun pêksi dene pêthak saha jênenipun calon têdhanipun pêksi, ingkang asalipun saking maripat tigan wau, sadangunipun dèrèng dipun têtêsakên, bilih têtêdhan wau sampun têlas, lajêng nêtês.

Jêne tigan wau ugi kabalêbêd ing kulit ayam utawi kêndhangan.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata, Abdi dalêm carik II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 283 ---

Cangkriman

1. Tiyang jodhoan, sampun pintên-pintên taun botên sagêd gadhah anak, sinarêng pêgatan ingkang jalêr imah-imah malih, lajêng sagêd gadhah anak.

Kosokwangsulipun ingkang èstri ugi imah-imah, inggih lajêng sagêd gadhah anak, punapa sababipun: nalika kalihan somahipun ingkang rumiyin têka botên sagêd gadhah anak.

2. Tiyang jalêr sabên-sabên somah botên nate gadhah anak, môngka ingkang èstri sarêng kapêgat, semah dhatêng sanèsipun sagêd gadhah anak.

Kosokwangsulipun ingkang èstri sabên-sabên semah botên gadhah anak, sarêng tilasanipun ingkang jalêr wau semah dhatêng sanèsipun sagêd gadhah anak, toh tiyang jalêr èstri punika dèrèng nate kasrambah sêsakit ingkang anjalari risaking pranakan punapa gabug, kadospundi sababipun.

3. Kula gadhah mitra mèh kenging katamtokakên sabên dintên sakit pilêk, tansah wahing-wahing kemawon, punapa malih mênawi dalu nêmbe jagong ingkang ngantos langkung têngah dalu, punika enjingipun sadintên botên kèndêl-kèndêl anggènipun wahing (pilêg) punapa usadanipun.

4. Kathah kemawon tiyang sakit napas (ampêg utawi mêngi) awit alit mila, botên kirang-kirang anggènipun angistiyarakên jampi dhatêng dhoktêr Walandi utawi dhoktêr Jawi punapadene para dhukun Jawi, sarta Cina (singse) Arab sapanunggilanipun, têka botên sagêd saras, malah saya sêpuh sangsaya ngrêbda sêsakitipun, punika lajêring sêsakit punapa, kadospundi katêranganipun, dene prasasat kalis dhatêng sawarninipun jampi. Mênawi para nupiksa karsa paring katêrangan jampinipun sakalangkung ing panuwun kula.

Sinêrat ing Karanganyar kaping 27 Mèi 1902 pun balilu R. Pringgasubrata.