Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Rabingulakir taun Be, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 8 JULI 1902.

--- 284 ---

Ngèlmu Alam Bab: Pêksi

Sambêtipun Candrakanta ôngka I kaca 278 taun II

Kadadosanipun Tigan

Pêksi èstri punika, awit saking kalowakah dumugi ing sangandhapipun maras, wontên kanthongan utawi usus-ususipun, inggih punika margi tigan, pokipun wontên ing sangandhaping maras, nama oparium Ovarium isi uritan ingkang warninipun beda-beda. Uritan ingkang sampun ragi agêng warninipun jêne, walipun saking oparium lajêng malêbêt ing usus-usus wau, inggih punika jênenipun tigan, salajêngipun anggalundhung saya mêdal saha sadangunipun anggalundhung wau, angsal balêbêt cuweran pêthak, ingkang mêdal saking dayaning pirantos kang nama klir klier ing usus-usus wau, cuweran ingkang mêdal saking klir wau ugi andadosakên pêthakipun tigan saha galabad sanèsipun, bilih tigan wau mèh dumugi ing pungkasanipun usus-usus lajêng pikantuk balêbêd cuweran ingkang kathah kapuripun, ingkang watêkipun enggal atos saha enggal garing, salajêngipun tigan wau mêdal saking usus-ususipun, malêbêt ing kalowakah lajêng mêdal, wontên ingkang satunggal dintên wontên ugi ingkang mawi lêt satunggal utawi kalih dintên.

--- 285 ---

Paniganipun pêksi wau botên mêsthi, wontên ingkang namung nigan kemawon ngantos kathah botên dipun êngrêmi, wontên ingkang nigan sataun sapisan, wontên ingkang nigan saha salajêngipun angrêm, kados ta: ayam, wontên ingkang angrêm gêntas-gêstosgêntas-gêntos. jalêr èstri, kados dene pêksi dara, wontên ugi ingkang namung jalêripun kemawon ingkang angrêm, inggih punika pêksi suwari, ananging pêksi suwari wau anggènipun angrêm namung pêndhak dalu, bilih siyang katilar sabab punika kathah tiyang amastani, bilih nêtêsipun tigan suwari wau namung jalaran saking bêntèripun surya. Kajawi saking punika wontên malih pêksi ingkang tiganipun dipun êngrêmi pêksi sanèsipun.

Pêksi punika anggènipun angrêm, dumugi panêtêsipun, laminipun botên sami, kados ta: tiganipun pêksi alit-alit, sawêlas dintên kemawon sampun nêtês, ayam anggènipun angrêm ngantos salikur dintên,§ ing Surakarta nêtês ing ayam, têtiyang mastani tigang Jumungah = 21 dintên, cocog namung sanès têmbung kemawon. pêksi suwari ngantos sèkêt dintên utawi langkung. Sadangunipun pêksi dèrèng nêtês ingkang dados têdhanipun pêthak saha jênenipun tigan, amila jasad kalih warni wau lami-lami têlas, sabab saking punika godhagipun panggenan hawa ugi mindhak [mindha...]

--- 286 ---

[...k] wiyaripun, saha kaisenan hawa mêdal ing bolongan cangkokipun, ingkang pêrlu kangge napasipun pêksi ingkang dèrèng nêtês supados tigan wau sagêd dados pêksi saha nêtês sampurna, bêntèripun kêdah 35 dumugi 40 grad sèlsius celcius saha kêdah kalêbêtan hawa bêntèr. Bilih botên sagêd kalêbêtan hawa bêntèr, utawi bêntèripun langkung saking 44 grad sèlsius, maripat utawi asalipun pêksi wau pêjah.

Pêksi ingkang nêmbe nêtês punika, wontên ingkang gundhul, wontên ingkang sampun gadhah wulu, ingkang warninipun kados kapuk utawi rambut kados pêksi dara, wontên ugi ingkang nêtês sampun mawi êlar kados pêksi ingkang sampun agêng, inggih punika ayang sêsaminipun, saha pêksi ingkang nglangi. BangsaninBangsaning. ayam bilih nêtês lajêng sagêd malampah saha kapadosakên têdha tut wingkinging babonipun, dene pêksi ingkang nêtês taksih gundhul punika botên sagêd malampah utawi mabur, dados kêdah dipun loloh ngantos sagêd mabur saha pados têdha piyambak.

Susuh Pêksi

Pêksi punika ingkang kathah jêjodhoan wontên ingkang salaminipun gêsang, kados ta pêksi dara, wulung, bango, sapanunggilanipun, wontên ingkang anggènipun jêjodhon [jêjo...]

--- 287 ---

[...dhon] wau namung sadangunipun nigan, dumugi sapanêtêsipun, upaminipun, pêksi gareja, wontên malih pêksi èstri sawatawis ingkang jalêripun namung satunggal, kados ta: ayam sêsaminipun.

Pêksi-pêksi wau sadaya sami nusuh, ananging susuhipun botên sami, wontên ingkang pandamêlipun sae saha alus, wontên ingkang awon, kasar utawi sajak groboh, saha wontên ingkang pandamêlipun sarana pranata, wontên malih ingkang pandamêlipun namung sarana kacèkèr ing wêdhi utawi uwuh sêsaminipun.

Ing sagolong-golonganipun pêksi wau pandamêlipun susuh sami kemawon, saha awit jaman kina dumuginipun sapunika botên wontên ewah utawi indhakipun, wontên malih sawênèhipun pêksi ingkang andamêl susuhipun sarana siti katèmplèkakên wotên ing tembok utawi ing karang-karang, kados ta: pêksi sriti saha sêndawa. Kajawi saking punika wontên pêksi ingkang panusuhipun sarana ngêrong kados ta: pêksi cucuk urang utawi urang-urangan, saha wontên ingkang anggowok ing kêkajêngan ingkang gapuk sêsaminipun, kados ta: pêksi êngkuk, platuk sêsaminipun.

Wulu Utawi Lar Pêksi

Lar pêksi punika kaperang dados tiga, inggih punika: lar

--- 288 ---

ingkang lêmbat-lêmbat utawi wulu luwak, lar panutup saha lar suwiwi tuwin buntut satunggal-tunggaling lar suwiwi kaperang malih dados tiga kados ta: sêpul Sepoil punika perangan ingkang ngandhap ingkang warninipun bêning, sêkaph Schaft perangan ingkang nginggil ingkang warninipun pêthak, saaphlah vlag utawi gêndera, inggih punika perangan ingkang wontên ing saturutipun sêkaph, ing salêbêtipun sêpul, wontên kulitipun ayam ingkang sampun sami garing. Sêkaph punika isi jasat ingkang warninipun pêthak, dene gênderanipun kadadosan saking pang-pangipun sêkaph ingkang sami pang malih, pang ingkang alit piyambak manangkung saha anggrèthèl ing pang sanèsipun, lar panutup punika kawontênanipun sami kemawon kalihan lar suwiwi namung kaot agêng kalihan alit, dene wulu luwak, peranganipun ingkang nginggil tipis sangêt saha malêngkung, sabab saking punika wulu wau êmpuk saha alus.

Sabên taun lar pêksi punika santun, wontên ingkang sataun sapisan wontên ingkang sataun kaping kalih, dene lar ingkang enggal cukulipun wontên ing sangandhapipun lar lami saha ngantos sagêd anjêbolakên lar ingkang lami wau. Lar enggal punika warninipun sami kalihan ingkang dipun sulami ananging wontên ugi ingkang langkung utawi kirang sae tinimbang [tini...]

--- 289 ---

[...mbang] lar ingkang lami wau, suku pêksi punika wontên ingkang cukuling laripun ngantos dumugi ing cakar.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata, abdi dalêm carik ôngka II kabupatèn pulisi Surakarta

Pitakèn

A. Turunipun tiyang sagêd kalihan turunipun tiyang ingkang dèrèng nate kasrambah ing piwulang, upami sami-sami dipun parsudi ing kawruh, sagêdipun rumiyin ingkang pundi, sarta punapa sababipun.

B. Babon punika bilih badhe nigan sarta sasampunipun ngêdalakên tigan, mawi pêtog, punika punapa kajêng sarta sababipun.

Wangsulan

Pitakènipun Mas Prawirawiyata, ingkang katêngêran aksara A ing nginggil punika (zie candrakanta XII blz. 259) sampun rampung mênawi kajawab: bab punika dèrèng mêsthi, awit sintên ingkang sumêrêp prakawis gaib ingkang taksih kinêkêr ing asamar. Nanging wangsulan makatêmakatên. punika mênawi tumrap dhatêng tiyang ingkang rêmên nimbang bab kadadosaning alam sampun saèstu botên adamêl marêming manahipun. Arak inggih: ta, rama Red§ marêm punika ing dunya namung wontên saprakawis, suwawi kula aturi mêthèk.

--- 290 ---

Amila suwawi Mas Prawirawiyata midhangêtna atur kula ing ngandhap punika, bokmênawi sawatawis adamêl marêming galih sampeyan, nanging bilih botên cocog kalihan pamanggih sampeyan kemawon sampun duka: lo.

Kasêbut ing sêrat OEMA-JONFAL Ie deel, blz 95 pêthikan saking sêrat padhalangan saha cariyos warni-warni, ingkang kajarwakakên dening Mas Ngabèi Prawira ing nagari Madiun, wontên cariyos kula cêkak kados ing ngandhap punika:

Wontên pêksi gagak sajodho, nusuh ing sapucukipun rêdi inggil, kalih-kalihipun sami karahayon sarta botên kêkirangan, sangêt anggènipun sih-sinihan salakirabi, andadosakên têntrêm lan sênênging gêsangipun dumunung ing ngalam dunya.

Wontên pêksi wulung sajodho amiyik satunggil, bapak lan êmbokipun sangêt trêsna sarta parimarma, sabên dintên piyikipun dipun loloh. Anuju ing dintên satunggil wulung jalêr èstri kesah ngupados mêmangsan, piyikipun katilar wontên ing susuh, wusana wulung jalêr èstri ngantos dangu dèrèng mantuk, awit dèrèng angsal bêburukan, piyik ingkang tinilar sangêt kêluwèn, dados tansah ngolang-aling talusuran wontên sapinggiring susuh, têmah andhawah. Kalanipun sawêg cumalorot lajêng kasambêr ing pêksi gagak ingkang nusuh ing rêdi [rê...]

--- 291 ---

[...di] wau nuju ngumbara: ugi ngupados mêmangsan. Piyik wulung dipun cangkêrêm ing gagak kabêkta dhatêng ing susuhipun. Sarêng dipun sèlèhakên gagak sangêt kagèt sarta eram, awit ing sawau kakintên tikus, jêbul kalintu piyik. Dangu-dangu eramipun ical dados bingah, pangartikanipun: baya iki parentahing dewa kang mulya dhawuh angêntas marang kasangsaraning liyan, cêkakipun piyik wulung dipun opèni tunggil kalihan piyikipun piyambak.

Ing alami-lami piyik wulung dados agêng, êlaripun mêpêg wiwit sagêd mibêr, nalika punika wulung wiwit gadhah cipta kapengin kesah saking susuhing gagak, sumêdya ngupados kasênêngan tuwin bêburukan piyambak sacêkaping gêsangipun. Wulung botên pisan-pisan gadhah pangintên bilih pêksi gagak punika dede bapa biyungipun piyambak, nanging eraming manah botên têlas-têlas punapa piyambakipun têka anggadhahi karosan sarta cukat tarampil angungkuli anak-anaking gagak ingkang sampun manjing dados sadhèrèkipun. Kajawi punika wulung gadhah cipta, punapa sababipun wêwangunaning awak, cara saha kalakuanipun têka bènèh kalihan anak-anaking gagak.

Sarèng wulung kêrêp kadunungan angên-angên makatên, sirna têntrêming manah, sabên dintên pasêmonipun kados nandhang prihatos. Gagak aningali anakipun pupon nandhang susah, lajêng

--- 292 ---

pitakèn ingkang dados sababipun, wulung walèh sababing susah: awit sampun botên kraos adêdunung wontên susuhing gagak, sêdya andon lêlana anjajah nagari ngamônca, supados sagêda nêningali barang ingkang endah-endah ingkang dèrèng nate dipun sumêrêpi.

Pêksi gagak mirêng wicantêning wulung, sangêt gêtêr lan susah manahipun. Wulung lajêng dipun pituturi kathah-kathah sarana têmbung manis, sarta dipun sêrêp-sêrêpakên kasangsayanipun tiyang lêlana, amrih sandening pikajênganipun, nanging wulung mêksa ...

Gagak sumêrêp adrênging kakiyatan wulung, dangu-dangu mupus ing pêpêsthèn ciptanipun: upama êndhoge gagak ginawa ing mêrak sarta banjur diêngrêmi, yèn nêtês iya isih dadi gagak bae.§ punika lêrês. Lan manèh upami gagak diwènèhana wowohan kang bangêt mirasane wêton saka patamanan pirdos, mêsthi dipilih amangan bathang.§ ingkang gadhah cipta makatên dede gagak, dados botên kenging kadamêl tuladhaning gagak, sinaos marsudi raos. Sarêng bêbolèhing gagak ingkang kathah-kathah botên migunani, panêdhanipun wulung dipun lilani sarana tangis, wulung sangêt bingah, lajêng cucup-cucupan kalihan para sadhèrèkipun têmon saha pamitan. Botên antawis dangu wulung nem-neman kêbêt-kêbêt mumbul ing awang-awang. Sarêng ibêripun sampun karaos kêsêl, niyup mencok [me...]

--- 293 ---

[...ncok] sapucuking rêdi sarta mêmilang-miling ngulat-ngulatakên kiwa têngan. Wusana sumêrêp ayam wana satunggil saba ing parumputan, tumuntên kasambêr dipun môngsa. Osiking wulung e lah dhasar enak têmên rasane daging ayam alas mono, êndhas tumêkane cakare ora ana sing kêbuwang, dudu-dudu kacèke yèn katimbang karo bathang. Saiki têtela ing sumurupku, yèn daging mangkene rasane mêmangsan kang munphangati tumrap ing awakku, dadi ora kaya daging buthuk kang dicawisake ing aku ana ing susuh pêtêng kae. Yèn mangkono para sadulurku kang padha karasan ana ing susuh kang mangkana sêsake ika, kalêbu wêwilangane manuk asor. Sukur têmên dene saiki aku wis mardika, bakal ora sêpi ing pangarêp-arêp bisaku olèh kauntungan kang luwih gêdhe. lan aku bakal bisa têtunggalan kambi manuk bôngsa luhur, kang kalakuwane padha karo aku. Sigêg

Mênawi manut suraosipun piritan ing nginggil punika sampun têtela bilih turunanipun tiyang sagêd punika ing sadèrèngipun kawulang sampun ambêkta dhasar kawruh pikantuk saking bêsutaning jiwa ragane bapa biyungipun, amila mênawi kawulang inggih tumuntên sagêd, turunipun tiyang ingkang dèrèng wanuh dhatêng piwulang, sadèrèngipun kaparsudi ing kawruh, inggih sampun ambêkta dhasar, pikantuk saking bêsutane jiwa ragane

--- 294 ---

bapa biyungipun, nanging dhasar kabodhoan, amila mênawi kawulang inggih dangu utawi lami sagêdipun, têrkadhang ... Wiji latêng sanadyan katanêma ing siti ingkang dipun lawêd, thukulipun inggih taksih latêng kemawon. Beda kalihan wiji pantun, sanadyan kasêbara wontên ing siti dhaas, mênawi sagêd thukul, inggih mêksa wujud pantun, wohipun eca katêdha. Makatên ugi mariyêm dêdamêlanipun tuwan Kroepp ing nagari Duitschland mênggah awig santosa sarta awising rêginipun, inggih ngungkuli mariyêm dêdamêlanipun Sadrana pandhe ing Tawang gunung bawah Gêduwang. La rak inggih ta, Kyai Jalela. Sampun malih bedaning wiji botêna anjalari bedaning kadadosan, la tiyang sami-sami wiji, nanging pananêmipun gèsèh (pêlênging cipta gèsèh kadadosanipun inggih gèsèh). Kayêktosanipun:

Bagawan Wisrawa ing Lokapala, sasampunipun amêjang ngèlmu kêkêraning jagad, inggih winastanan Sastrajendrayuningrat, dhatêng Dèwi Sukèsi wontên ing taman Argasoka, lajêng sami andhatêngakên karsa. Punapa§ bab punika sampeyan nyuwun pitêdah dhatêng Rms Suwita, kondhanging juru pangripta Sasadara, awit panjênênganipun punika satunggiling prayantun ingkang ahli maos pakêm ringgit.H.H. sarêng sang dèwi sampun anggarbini mêdal putra, gêgalihanipun têka gèsèh-gèsèh: [gèsèh-...]

--- 295 ---

[...gèsèh:] Prabu Dasamuka ambêkipun bodho (angkara murka) nanging Wibisana ambêk sarjana sujana rêmên olah kapandhitan angêgungakên paramarta.

Wangsulan pitakèn B.

Saupami pitakèn punika pinuju dhatêng Sang Prabu Anglingdarma, raja ing nagari Malawapati, sampun saèstu lajêng pikantuk wangsulan ingkang patitis, botên angaping kalih damêl, awit panjênênganipun Prabu Anglingdarma kagungan aji Suleman, dayanipun sagêd sumêrêp dhatêng basaning sato kewan. La wangsul tumuju dhatêng kula, inggih namung pikantuk wangsulan wêwaton dumugi-dugi kemawon, ing ngandhap punika:

Darunanipun babon mênawi badhe utawi sasampunipun nigan lajêng pêtog, kados botên beda kalihan tiyang èstri badhe rencang lare: sadèrèng utawi sasampunipun jabang bayi mêdal, biyungipun asêsambat ngaruara, jalaran ngraosakên sakit. Nanging nalika jabang bayi nêdhêngipun badhe mêdal, biyungipun kèndêl kemawon sabab mêgêng napas, mênggahing ayam punapa inggih botên makatên. Wusana kula nyumanggakakên dhatêng para nupiksa.

Mas Arjautama

--- 296 ---

Gagasan

A. Kula amastani: tiyang ing dunya punika botên wontên tiyang pintêr

B. Mênawi saking botên sumêrêp sampeyan kemawon: botên

A. Lah sintên

B. Swargi sarjana Tuwan Archimedes ing Yunani, punika nyumêrêpi rumiyin wontênipun cacah L (vormleer) saha timbanganing bobotipun barang (Soortelijk-gewicht) salêbêting toya. Swargi Tuwan N. Copernicus nyumêrêpi rumiyin bumi punika mubêng. Tuwan Edusond dados gêgununganing kawruh Electrisch Kyai Jalela lêbda dhatêng pasanging basa Jawi§ kula kalêbêt ing tarka, wala-wala kuwata, tujunipun botên ngrumiyini, anua kadospundi. Tuwan Kroepp kasêbut rajaning mariyêm. Saha wontên malih tiyang ingkang sampun pikantuk sêsêbutan Mr tuwin Dr ngantos kula botên sagêd mastani, awit saking kathahipun.

A. Inggih lêrês, nanging tuwan Kroepp punapa sagêd geronganing gêndhing gambir sawit. Utawi Kyai Jalela punapa sagêd dhatêng kawruh abên-abênan jampi kêkuwataning badan kados anak mudha: Mas Prawirawiyata (cabe lêmpuyang), bendhalaos enz.

B. Lah mênawi tuwan Kroepp sapunika taksiha sugêng, sarta lajêng sinau kakrawitaning gêndhing dhatêng prayantun Surakarta ingkang putus bab punika, punapaa botên sagêd.

A. La wetik Kang Jadrana, Inthuk ing … kaparsudia kawruh damêl mariyêm kados Tuwan Kroepp punapaa botên sagêd. Utawi Kyai Jalela rikala taksih anak mudha karsa angudi kados Mas Prawirawiyata, kathik botên sagêd punika sababipun punapa,§ kathah. kados malah sinêbut, Dr§ bendhalaos. yèn anggèn kula mastani ing agêsang punika nama sami-sami§ punika pathine kawruh têpaning agêsang. awit pun suta sagêd bab A, nanging bab B botên sagêd, môngka bab B punika bilih tumrap dhatêng punaya:punapa. kawruh sapele. Makatên salajêngipun.

B. Yèn makatên, dados ingkang dipun wastani tiyang pintêr punika ingkang pundi.

--- 297 ---

A. Coba sampeyan nyuwun pirsa dhatêng rama Red. Bokmênawi lajêng kaparingan katêrangan§ ingkang nama tiyang pintêr punika ingkang rumaos taksih kirang, kula urak-urakakên apalan kula sapada sampeyan mirêngakên. Ambêke kang wus utama, tan ngêndhak gunaning janmi, amiguna ingaguna, sasolahe kudu bathi, pintêre dèn alingi, bodhone dinèkèk ngayun, pamrihe dèn inaa, mring sama-samaning janmi, suka bungah dèn ina sapadha-padha. Red.

Pun balilu Arjautama

Sêratipun Mas Arjautama punika kula lugokakên kemawon, anggènipun anglulu dhatêng kula mawi: na, gondhèl, punika sampun dangu, Red.

Kawruh Pêlikan

Sambêtipun Candrakanta ôngka I kaca 271 taun (II)

II. Wêwatêkaning pêlikan

Mênawi badhe nyoba nyatakakên sarana rekadaya ingkang langkung pasaja, punapa yêktos pêlikan punika kenging kawujudakên adhapur kristal, makatên: toya ingkang sampun kawoworan tawas kawadhahan ing gêlas utawi ing wadhah sanèsipun, kaclupan bolah sawatawis êlêr, botên dangu tamtu lajêng katawis bilih ing bolah ingkang kaclupakên ing toya tawas wau wontên pringkilanipun tawas ingkang adhapur kristal, ingkang kenging kangge tôndha pasaksèn malih, kados ta: jejeran walirang bilih kaêlèr langitanipun lajêng [la...]

--- 298 ---

[...jêng] ngintip, sanadyan intipipun wau bilih katingalan ing sanalika botên rampak, ewadene bilih kawaspadakakên dangu-dangu inggih adhapur kristal ugi, ing ngatasipun para marsudi dhatêng kawruh pêlikan, kawruh amujudakên kristal kados ingkang kasêbut ing nginggil punika dèrèng pisan-pisan anyêkapi, nanging sampun kenging kangge pasaksèn ing bab wêwangunanipun pêlikan, sagêdipun bangsaning pêlikan wau kadhapur kristal ingkang rampak, sarta ingkang sae wujudipun, kêdah satiti sarta ngatos-atos panggarapipun, sabab kathah sangêt pangkalanipun ingkang murugakên botên sampurna wujuding kristal, kados ta: botên anggadhahi lumah trèpès waradin, nanging mêndhak mandhukul, ngantos angicalakên sipating kristal, asring wontên ingkang dhapuripun kados êdom, utawi kados kawat, dados dèrèng mêsthi sami, jalaran saking sabab warni-warni, sanadyan makatêna ewadene mêksa kenging kawatonan miturut dhapuripun ingkang baku, awit saking kawruh pameranging pêlikan ingkang dhapur kristal kalihan ingkang dede, tiyang lajêng sagêd angsal sêsêrêpan ingkang gampil ing bab pamerangipun pêlikan mirurut dhasaripun ingkang baku.

Kajawi kawruh ingkang kasêbut ing nginggil ugi têksih wontên kawruh sanèsipun kangge anitik bedaning dhasaripun pêlikan, inggih punika miturut wêwatêkanipun ing kodrat, kados [ka...]

--- 299 ---

[...dos] ta: rêrakêtanipun, upami pêlikan ingkang adhapur kristal kapisah-pisah nurut ênêring gêlitanipun awak-awak, ingkang mêsthi taksih anggadhahi lumah lètèr malih, wontên ugi ingkang lumahipun ragi barênjul sawatawis, nanging botên sapintêna, dene pamisahipun wau wontên ingkang angèl, wontên ingkang gampil, ingkang gampil panyigaripun punika dipun wastani pêlikan kenging kasigar, bangsaning pêlikan ingkang dipun wastani ghlimêr (glimmer) inggih punika peranganing cêcamboranipun ghranit (Graniet) gampil sangêt panyigaripun, ngantos kenging kasigar-sigar lêmbat, granit (graniet) punika wastaning pêlikan paworipun veldspaat kwarts tuwin glimmer sela ghranit abrit kacariyos prayogi sangêt kangge dhasaring abên-abênanipun abahan pandamêling griya gêdhong.

Anjawi ingkang kasêbut ing nginggil, taksih wontên malih kawruh pamrincining pêlikan manut atosipun, sawênèh ing pêlikan wontên ingkang atos, ngantos botên sagêd barut kinikir sarana kikir ingkang landhêp sangêt.

Taksih wontên sambêtipun

R. L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

--- 300 ---

Sambêtipun Candrakanta ôngka XI kaca 229

Bab among tani

Mênawi sampun waradin anggènipun ambanjarakên, lajêng awit nanêm wiji wau, dene opahipun tiyang tanêm punika ing dalêm tiyang satunggal 5 sèn, wondene awitipun jam enêm enjing dumugi jam 9 siyang, yèn sampun rampung pananêmipun, sabin punika kêdah dipun sat kemawon. Bilih tanêm punika sampun anglilir sawêg dipun lêbi, yèn tanêm wau nalikanipun kaêlêb katingal sakintên (lodhoh utawi bacêg) lajêng dipun sat babar pisan, samôngsa sitinipun punika sampun nêla, punika sawêg dipun lêbi malih. Nanging pangêlêbipun kêdah nyèmèk-nyèmèk kemawon, supados sampun sakitên malih, mênawi tanêm punika sampun umur 40 dintên, jawan saha rumput ingkang sami thukul ing tanêman kêdah kawatun, dene bilih badhe awit matun, popokanipun galêngan kêdah dipun tampingi, tuwin bocoranipun dipun jêjêti supados toyanipun sagêd mêgung. Mênawi sampun lajêng awit matun, mênggah pratingkahipun matun punika makatên: jawan tuwin rumput ingkang sami thukul wontên ing tanêman punika dipun bêdholi kabucal, mila jawan saha rumput kawatun, jalaran bilih botên kawatun asring minangkani kirang lêma dhatêng tanêman. Yèn tanêman punika sampun mêtêng, bilih sampun jêbrol sadaya, sabên pojokan kêdhokan prayogi dipun dèkèki bêdhiyan, dene ingkang kadamêl saking mêrang sarta rambut pantun, supados sampun ngantos kaambah dening walang sangit, amargi tanêm punika bilih sampun sami jêbrol, yèn dipun ambah walang sangit punika asring kathah ingkang gabug, jalaran sêkaripun dipun têdhani. Mênawi pantunipun sampun kuning, pasitèn sacêlaking kalèn punika kêdah dipun paliri malih, supados sampun ngantos kilenan toya, amargi yèn tansah kilenan toya pantun wau dangu sêpuhipun, katimbang kalihan ingkang botên kilenan toya, tuwin pamêndhêtipun damèn kirang gampil. Samôngsa pantun punika sampun sêpuh lajêng dipun pêndhêti (dipun ênèni) mênggah bêrahanipun tiyang ani-ani punika mara wolu kalihan pikantukipun.

Kaanggit dening Radèn Sayid Budiman warga mardiguna ing Klathèn

--- 301 ---

Wangsulan

Pitakènipun Sumitra Radèn Munandar, ingkang kawrat ing Candrakanta XI kaca 225 wêdalipun wulan Sura taun Be1832, punika mênggah atur panjarwa kula kados ing ngandhap punaka:punika.

Ngêsurtanah têgêsipun mingsêr saking tanahipun, amargi kita punika sawaunipun gêsang, dumunung wontên ing alam sahir, sarêng dumuginipun tilar dunya, mingsêr wontên ing alam kabir.

Niga dintên, têgêsipun panglêmpaking bêktan ingkang saking biyung tuwin bapa dadosipun jisim, jalaran sadaya wau nglêmpak awit badhe sampurna.

Nyèwu dintên, têgêsipun nyirnakakên gônda kalihan rasa.

Wondene wontênipun sadaya wilujêngan punika namung kangge srengat, mênggah sasêrêpan kula punika kawaton saking kitab Tanajultarki, mila bilih panjênênganipun sumitra Radèn Munandar badhe nguningani sadayanipun, prayogi maosa kitab kasêbut nginggil, botên langkung mênawi wontên sadaya kalêpatan kula sampun kirang pangapuntên.

Saking kula Radèn Sayid Budiman ing Klathèn.

Panglêmês Ilat

Roti kalih iris, kausar-usaran mantega§ ing Surakarta: mêrtega. katumpangan jênang nanas utawi irisan kèju, utawi malih irisan daging gorèng, nuntên kairis pinara sanga, wedangipun kopi utawi soklat mawi puhan, punika mathuk.

Roti kacuwil-cuwil, winadhahan ing mangkok, kauwur-uwuran gêndhis pasir lan parudaning jêram wangi sacêkapipun, nuntên kasirama bir bêning, katutupan ingkang rapêt, watawis satêngah jam kabikak, panêdhanipun mêntas tangi tilêm punika ugi mathuk.

Sêkul tim sapiring, pisang raja kalih êlêr, kagorèng mawi mantega, katêdha kalihan irisaning daging gorèng utawi ulam ayanayam. gorèng ingkang kasiram anggur, punika eca.

Sêkul liwêt lawuhipun dhèndhèng, utawi blênyik bakaran, sambêlipun praos saking Rêmbang, punika inggih eca.

Kasapah (pohung) utawi katela rambat, kagodhog lajêng karajang nuntên kaurak [kau...]

--- 302 ---

[...rak] lan parudana kalapa mawi sarêm sakêdhik, punika inggih ugi eca.

Talês utawi kimpul sasampunipun dipun oncèki rêsik, kapanggang ing latu arêng, kakêpyokana toya sarêm wedangipun kopi punika prayogi sangêt kangge sarana minggah ing rêdi Murya botên susah rêrambatan.

Mangunsuwiriya

Wisanipun Wit Ingas

Wit ingas punika kalêbêt golonganipun kajêng taun, amargi witipun sagêd agêng sarta gêsangipun atêtaunan, mênggah rupinipun ron kados ron pakèl, ananging wangunipun wit kados randhu wana. Dados mênawi dipun tingali saking katêbihan saèmpêr randhu wana, yèn dipun cêlaki angèmpêri wit pakèl, rupining ron ijêm sêpuh, wangunipun panjang aciyut, kandêlipun sami kalihan roning mlinjo. Ingkang wontên wit ingas punika limrahipun ing pinggir dhusun utawi ing pinggir lèpèn, sapunika kathah ingkang sampun agêng-agêng, amargi botên wontên ingkang purun nêgor, jalaran ajrih kataman ing wisanipun, dene ingkang kula wastani wisa punika sayêktosipun: lugut. Wit ingas punika wontên lugutipun lêmbat-lêmbat, makatên ugi ron pangipun, saking lêmbating lugut, ngantos gampil kaburipun môngka samôngsa tumèmpèl ing panganggenipun tiyang, inggih lajêng têrus dhatêng badan, badan ingkang katempelan lugut wau, sanalika karaos gatêl akanthi risi, mênawi dipun kukur: kulit lajêng lonyoh, tur lajêng tumular angradini badan, amargi saking punika kathah tiyang ingkang ajrih nêgor wit ingas wau. Sampun malih nêgor, nyêlak wontên ing ngandhapipun kemawon ajrih inggih saking samar mênawi katempelan lugutipun, sampun kêrêp kula mirêng utawi nyumêrêpi tiyang kenging luguting ingas, punika badanipun sakojur lajêng nyènyèh, (kathah korèngipun) môngka tatu wau raosipun tansah gatêl, dados sampun tamtu kemawon adamêl susah sarta rêkaosipun ingkang nandhang sakit, yèn botên kakukur kraos gatêl, mênawamênawi. dipun kukur saya nyènyèh. Para tiyang ing dhusun kathah ingkang sampun ngupados jampinipun wontên ingkang dipun ênjêti, dipun wêdhaki sapanunggalanipun tarekah ing têtiyang dhusun, sawênèh wontên ingkang nyuwun usada dhatêng dhoktêr, nanging inggih botên mitulungi (bokmênawi pancèn dèrèng jodho). Dene ingkang sampun wontên kêtatalanipun mitulungi ingkang kathah dipun jampèni mawi bangsaning lisah.

--- 303 ---

kawastanan lisah wangi, mênggah ingkang sade lisah wangi punika tiyang sade sêkar, ingkang dipun damêl: lisah jarak kauworan lilin cêmêng kalihan ron jati, pandamêlipun makatên:

Lisah jarak dipun latoni rumiyin wontên ing wajan, mênawi sampun umob, lajêng kacêmplungana lilin cêmêng, kathahipun kakintên-kintêna mangke yèn asrêp sagêda kênthêl sarta atos, sampun ngantos lêstantun cuwèr kemawon, mênawi lilin sampun kacêmplungakên tumuntên kacêmplungana ron jati ingkang nèm, pêrlunipun supados rupining lisah wangi wau botên katingal rêgêd saha sagêda katingal sêmu abrit, amargi saking lunturing ron jati, mênawi sampun luntur ron jati wau kaêntasa (kabucal) sarêng sampun lajêng kaêntasa, lisahipun kaêsoka ing wadhah sanès (tatakan utawi mangkok) bilih botên kirang lilin sasampuning asrêp lisah wau ugi lajêng kênthêl tur ragi atos, rupinipun cêmêng mêlêng-mêlêng sulak abrit.

Wondene anggènipun anjampèkakên: tatu tatu utawi badan ingkang karaos gatêl, kausap-usapana lisah wau ngantos waradin, kapara dipun kandêlana, supados mênawi kasenggal-senggol botên enggal têlas, sadintên kaping tiga utawi kaping sakawan, bilih pikantuk pitulunging Allah, salêbêtipun tiga utawi kawan dintên kemawon sagêd saras, ananging wadosipun sadanguning sakit, sampun ngantos adus, sabab mênawi dipun dusi sagêd anular ing kulit ingkang saras, mênawi jampi wau badhe dipun santuni, namung kapêtêlna kemawon mawi sinjang ingkang rêsik saha garing, pamêtêlipun kêdah alon, saha dipun usapakên ingkang lirih, sampun ngantos ambabakakên, dados sagêd rêsik sarta tatu-tatunipun botên sakit.

Ing wusana mênawi wontên lêpating cariyos, para nupiksa aparinga gunging pangapuntên.

Guru bantu ing Karanganyar, pun: R Pringgasubrata

Dayaning dhasar kalihan Ajar

Bokmênawi rama juru pangripta anglilani, ing ngandhap punika kula urun wudhu bab dayaning dhasar lan ajar kados dene ingkang sampun dipun andharakên dening rama kasêbut ing Candrakanta: ôngka XI kaca 235.

Wontên satunggiling tiyang èstri dados garwa gundhikipun satunggaling asistên residhèn ngantos patutan kathah, jalêr tuwin èstri, dumugining môngsa kangjêng tuwan wau [wa...]

--- 304 ---

[...u] nyuwun pènsiun. Saking gêng katrêsnanipun kangjêng tuwan, tiyang èstri wau kadhawuhan andhèrèk dhatêng nagari Walandi, sarta kasagahan badhe kaningkah sinêngkakakên dados garwa padmi, ananging tiyang èstri wau solèh, pawadanipun taksih awrat sangêt nilar agaminipun Islam, awit bilih piyambakipun dados garwa padmi, tamtu kêdah gantos agami Kristên. Tiyang èstri wau kalampahan katilar ananging kaaringankaparingan. bôndha sakalangkung kathah, dene putra-putranipun kangjêng tuwan wau kabêkta sadaya. Sasampunipun makatên, tiyang èstri wau lajêng imah-imah pakantuk santri, tumuntên kalih-kalihipun sami mangkat minggah kaji, ananging anguciwani sangêt, amargi ingkang jalêr sakalangkung andugal, ngantos bandhanipun ingkang èstri mèh katêlasakên sadaya, wusana lajêng perakan§ ing Surakarta: pêgatan. tiyang èstri wau tumuntên imah-imah malih ugi pikantuk kaji,§ pancèn cècèg dhatêng rama kaji. lan sagêd ujub ngantos gêndhon arukon, sapunika ugi taksih sami gêsang kalih-kalihipun, ananging kula ajrih badhe amrasajakakên namanipun, awit bokmênawi botên dados rênanipun.

Kacariyos sarêng sampun watawis lêt gangsal wêlas taun, kontroliripun ing kitha ngriku gantos enggal, nyonyah ibunipun tuwan kontrolir ngêtutakên putranipun, sarèhning dalêmipun tuwan kontrolir wau ajêng-ajêngan kalihan kaji wau, wah malih mila rumiyin kala taksih dados garwa gundhikipun kajêngkangjêng. tuwan asistèn sampun têpang sae, dados inggih lajêng sagêd têpang malih. Ing ngriku nyonyah mau cariyos bilih anakipun nyai kaji sapunika sampun mêncar, malah sampun wontên ingkang dados kontrolir, lan anakipun èstri wontên ingkang dados garwanipun administratur ing pabrik ing Jawi wetan, sasampunipun nyonyah ibunipun tuwan kontrolir amrasajakakên nama tuwin dununging anakipun nyai kaji, nyai kaji lajêng agahan akintun sêrat mêdal ing ponpos. dhatêng anakipun èstri suraosipun asuka wuninga bilih piyambakipun sapunika sampun imah-imah pikantuk kaji, ugi amrasajakakên nama tuwin dunungipupun,dunungipun. botên antawis lami piyambakipun tampi wangsulan makatên: "akoe soeda trima soerat dari emka, tapi saja tidak perdoeli, kena apa emak doeloe diadjak sama papa toeroet ka negri Blanda tidak maoe toeroet. Sekarang saja tidak maoe perdoeli lagi dan saja kasi enget sama emak djangan lagi sekali emak brani kasih soerat sama saja". Sasampunipun nyai kaji tampi wangsulan makatên sangêt lêgêgipun ing batos sêmu isin, awit botên nyana bilih anakipun amurang krama makatên, wusana botên antawis wulan, nyai kaji wau tampi wèsêl 60 rupiyah, inggih sakingTeks asli hlm. 306.

--- 305 ---

anakipun wau kanthi sêrat ingkang suraosipun amêmalat sih, saha anakipun ing samôngsa-môngsa sagah anuwèni ing padununganipun, wiwit kala samantên ing salajêngipun nyai kaji mèh sabên wulan tampi kintunan yatra.

Mênggah saking pamanggih kula sêrat wangsulan saking nyonyah anakipun nyai kaji, ingkang rumiyin punika anartani dhasar, dene sêrat ingkang kantun ingkang dipun kanthèni kintun arta, anartani ajar, awit limrahing akathah punika mênawi tiyang tinakdir luhur utawi mulya, môngka tiyang sêpuhipun bôngsa sudra papa, punika asring botên dipun akên, awit saking pangarosipun mindhak angatingal-ngatingalakên têmbaginipun, jalaran piyambakipun sampun ngakên mas lapisan ingkang sakalangkung rêmit panggarapipun, angantos tiyang-tiyang botên sami sumêrêp bilih piyambakipun mas lapisan kemawon, ing lêbêt dipun isèni têmbagi. Adhuh tiyang ingkang makatên punika punapa botên mathuk bilih kawastanan tiyang murang krama utawi tiyang murtad, awit supe dhatêng kamulyaning tinitahakên ing ngalam donya, lan botên rumaos bilih kaluhuran ingkang dipun awaki punika saking saening pamarsudining tiyang sêpuh kanthi puji pangèstunipun, awit kathah ngirangi dhahar nendra, nuwun barkahing Pangeran supados anakipun sagêda mulya, utawi luhur darajatipun, lah: punapa sagêd lêstantun tiyang mulya utawi luhur ingkang ngawiyah dhatêng bapa biyung, saking pangintên kula botên, awit sêkêling manahipun tiyang sêpuh punika têmah badhe milalati dhatêng anak.

Sêratipun nyonyah ingkang kaping kalih punika kabêkta saking dayaning ajar ingkang sae. Lêrêsan nalika kyai dhasar lajêng kemawon mêdal saking lesan anguman-uman dhatêng tiyang ingkang angasor-asorakên dhatêng saliringipun, amargi mila sampun ngamping kemawon wontên ing pucuking ilat, wangsul sarêng Kyai Ajar Budiman, miyos saking sanubari, anjalèntrèhakên kahanan kita wontên donya punika, kyai dhasar lajêng pêpêr galihipun, lan rumaos ing lêpatipun, wusana lajêng nalôngsa sarta manut ing sapakènipun Sang Ajar Budiman, Sang Ajar Budiman sarêng ningali kyai dhasar sampun sarèh lajêng mêmêling awanti-wanti: Kyai, iki jawane lagi nêsu, têka dhêmên têmên anyuda têntrêming ati kaya pratingkahe wong tanpa budi. Yèn kowe eling mangkono nêsumu banjur bae ambêlas§ ing Surakarta ablas, utawi bablas. tanpa pamit, ora-orane iya banjur sarèh. Kawruhanamu kyai yèn wong nêsu tan eling marang kanêpsone, iku sok dadi kadalurung, awit wong nêsu niku sêlang sêbab bae karo wong kagèt, yèn kadrawasan bisa nêkakake bilai gêdhe utawa lêlara dadakan kang bisa aniwasi. Cuthêl.

Kagubah dening Mas Suwarta mantri guru ing Dêmak.