Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Jumadilawal taun Be, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 6 AUGUSTUS 1902.

--- 306 ---

Ngèlmu Alam Bab Pêksi

Sambêtipun Candrakanta ôngka XIV kaca 284 taun II

Pêksi punika kabedakakên dados tiga, kados ta: pêksi ibêran utawi pêksi awang-awang, inggih punika pêksi ingkang kulinanipun mabur, pêksi dharat saha pêksi toya.

1. Pêksi ibêran.

Ingkang kalêbêt pêksi ibêran inggih punika pêksi ingkang laripun suku anglangkungi sangandhapipun pupu, saha sagêd mabur, punapa malih bilih mabur sukunipun dipun palêngkungakên. Pêksi ibêran punika kaperang malih dados sakawan, inggih punika: 1: ingkang nêdha saminipun khewan, 2: ingkang mènèk, 3: ingkang ngocèh saha 4: bangsanipun pêksi dara

Pêksi perangan ingkang sapisan punika cucukipun ingkang pucuk malêngkung, ngantos kadosdene grèthèl, ing pokipun kabalêbêd ing kulit, ingkang wontên bolonganipun irung. Sukunipun santosa, darijinipun sakawan, ngajêng tiga wingking satunggal. Dariji wau wontên kukunipun malêngkung, damêlipun kangge nyangkêrêm. Pêksi-pêksi ingkang kasêbut ing nginggil wau ingkang kathah wangunipun awon, saha anakipun ingkang [ing...]

--- 307 ---

[...kang] taksih alit botên sami kalihan ingkang sampun agêng. Paningalipun têbih utawi awas, paniganipun sataun sapisan, saha botên kathah, dene pamanggènipun ingkang kathah wontên ing papan ingkang sêpên, ing salêbêtipun wana, utawi ing rêdi-rêdi ingkang inggil. Wontên ing ngriku lajêng nusuh ing panggenan ingkang botên nate dipun ambah ing tiyang. Têdhanipun pêksi alit-alit, tikus, saha kewan sanès-sanèsipun.

Pêksi ingkang pikantukipun têtêdhan sarana nyambêr, kabedakakên dados kalih, inggih punika ingkang pados têdha ing wanci siyang, kalihan ingkang pados têdha ing wanci dalu. Pêksi perangan ingkang sapisan punika sirahipun ragi lancip, saha wontên ingkang cucukipun nginggil sagêd ebah, dene têdhanipun pêksi alit-alit, tikus saha kewan sanès-sanèsipun, kados ta: anak kidang, maenda, têrwèlu sapanunggilanipun. WuluWulung. sagantên, wulung ayam, sriti saha pêksi sêndawa, sami kalêbêt ing perangan punika.

Pêksi Ghir Gier ingkang manggèn wontên ing tanah Èghipte Egijpte maedahi sangêt dhatêng tiyang, sabab damêlipun nêdha bathang sêsaminipun, ingkang anggônda botên eca, ananging pêksi ghir ingkang gêsang wontên ing parêdèn Alpên Alpen ing tanah Switsêrlan Zwitserland asring damêl kapitunan utawi kacilakanipun [kacilakani...]

--- 308 ---

[...pun] tiyang, sabab asring nyambêr maenda sêsaminipun, utawi lare alit.

Pêksi-pêksi ingkang pados têdhanipun ing wanci dalu, inggih punika pêksi kokokbêluk sêsaminipun, suwiwinipun kirang santosa tinimbang pêksi ingkang kasêbut ing perangan sapisan, sirahipun papak saha katutupan ing lar ngantos dumugi ing pok cucuk, punapa malih laring sukunipun ngantos dumugi ing dariji.

Perangan kalih, pêksi ingkang mènèk

Pêksi-pêksi ingkang kalêbêt ing perangan punika, darijinipun sakawan, ngajêng kalih, wingking kalih, pêrlu kangge nêkêm êpang sêsaminipun. Têdhanipun wowohan utawi isi saha ulêr alit-alit. Pêksi ingkang kagolong ing perangan punika warninipun kathah ingkang sae, kados ta: pêksi slindhitan, jakatuwa, platuk sêsaminipun.

Pêksi nori punika pamanggènipun wontên ing tanah bêntèr, cucukipun malêngkung sangêt saha pokipun kabalêbêt ing kulit, têdhanipun wowohan, dene cucukipun ingkang malêngkung wau, kanggenipun kadamêl cêpêngan bilih mènèk. Pêksi jakatuwa, kasturi, bèthèt punika sami kalêbêt golonganipun nori.

--- 309 ---

Perangan tiga, pêksi ingkang ngocèh.

Ingkang kathah pêksi ingkang kalêbêt ing perangan punika alit, wanguning cucukipun warni-warni, darijining sukunipun sakawan, ngajêng tiga, wingking satunggal, pangocèhipun sae, ananging wontên ugi ingkang namung cuwat-cuwèt kemawon, têdhanipun wowohan, isi-isi, ulêr alit-alit sêsaminipun.

Pêksi ing perangan punika, ingkang sami manggèn ing hawa ingkang cêkapan, bilih pinuju môngsa asrêp kathah ingkang pindhah ing panggenan ingkang kalêrês môngsa bêntèr, sasampunipun gangsal utawi nêm wulan, sarêng ing panggenanipun lami sampun môngsa bêntèr malih: lajêng sami wangsul, pêksi glathik, gagak, cindrawasih sasaminipun sami kalêbêt ing perangan pêksi ingkang ngocèh.

Perangan sakawan, pêksi dara

Pêksi dara punika cucukipun lêrês, cucukipun malêngkung sakêdhik, pokipun kabalêbêd ing kulit, ingkang wontên bolonganipun iru,irung. darijinipun sakawan, ngajêng tiga wingking satunggal, têdhanipun wowohan sêsaminipun, anakipun bilih nêmbe nêtês gundhul, saha dipun loloh ngantos sagêd mabur saha pados têdha piyambak, pêksi dara punika kirang langkung wontên kalih taun, wolung dasa warni, dene

--- 310 ---

pêksi dara ingkang sagêd saha lêpas piyambak ibêripun ing dalêm satunggal jam sagêd anglampahi 8 ½ mil têbihipun (1 mil = 7420, 4 mètêr = 4, 924 pal Jawi) saha kenging dipun wulang ngantos sagêd anglampahakên sêrat punapa malih namanipun ugi kasêbut: dara playangan.

Bab 2 Pêksi Dharat

Pêksi dharatan punika wontên ingkang sagêd mabur, wontên ingkang botên, punapa malih wontên ingkang botên gadhah dariji wingking, kukunipun cêlak saha papak, têdhanipun perangan cêcukulan.

Pêksi dharat wau kaperang dados kalih inggih punika ayam sêsaminipun saha pêksi ingkang kulinanipun malampah.

Ayam sêsaminipun punika cucukipun malêngkung sakêdhik, pokipun botên kabalêbêd ing kulit, dariji ingkang wingking langkung inggil, tinimbang dariji ingkang ngajêng. Lar sawung punika langkung sae tinimbang lar babon, saha kalurukipun langkung sora, ayam Walandi utawi kalkun, mêrak, pêrkutut, dara Jawi sêsaminipun sami kalêbêt ing perangan punika.

Pêksi ingkang kalêbêt ing peranganipun pêksi ingkang malampah punika kathah sangêt, gulunipun ingkang limrah panjang, darijinipun: kalih, tiga utawi sakawan, wontên ingkang sagêd mabur, wontên ingkang botên, pêksi-pêksi punika [puni...]

--- 311 ---

[...ka] manggènipun namung wontên ing tanah bêntèr, têdhanipun cacukulan, pêksi suari punika manggèn wontên ing ara-ara utawi ing sagantên wêdhi tanah Aphrikah sarta tanah Asiyah ingkang sisih kidul kilèn, anggènipun nusuh wontên ing siti. Boboting tiganipun satunggal mèh wontên tiga têngah kati. Suwiwinipun cêlak, mila botên sagêd matur,mabur. ananging palajêngipun rikat sangêt, laripun kenging kadamêl rêrênggan, bulu-bulu sêsaminipun, ingkang awis piyambak, laripun suwiwi ingkang warninipun pêthak, awit punika langkung alus saha langkung sae tinimbang lar ing perangan sanès-sanèsipun.

Bab 3 pêksi toya.

Pêksi toya punika panglanginipun sagêd sangêt, bilih mabur sukunipun dipun kacocongakên dhatêng wingking, saha ingkang kathah gulunipun panjang, pêksi toya punika kaperang dados kalih, pêksi rawa saha pêksi nglangi pêksi rawa punika sukunipun panjang, laring sukunipun namung dumugi sapalihipun pupu, têdhanipun kewan alit-alit, cacing, kodhok, ulam sêsaminipun. Pêksi bango, kontul sêsaminipun kalêbêt ing perangan punika.

Ing antawising darijinipun pêksi ingkang nglangi punika, wontên kulitipun tipis, damêlipun sami kalihan paedahipun wêlah baita, gulunipun langkung panjang tinimbang sukunipun,

--- 312 ---

kajawi sagêd nglangi, silêm utawi salulupipun ugi bêtah, pêrlu gogo ulam sapanunggilanipun ingkang wontên ing toya. Ananging pêksi ing perangan punika wontên ugi ingkang têdhanipun cêcukulan, inggih punika banyak, kambangan sapanunggilanipun.

Prawirawiyata, abdi dalêm carik II kabupatèn pulisi Surakarta

Ngèlmu Tani

Sampun sawatawis lami anggèn kula badhe nyariyosakên bab têtanèn, sadèrèngipun kula cariyosakên, panuwun kula dhatêng para priyantun ingkang karsa§ karsa, warni, ing Sasadara kasêrat karsa, warni. maos cariyos punika, mênawi wontên lêpatipun punapa malih awonipun têtêmbungan (panggandhènging gatra utawi ukara) mugi-mugi aparinga sagantên pangapuntên, sokur mugi karsa anglêrêsakên utawi anambahi kakiranganipun, badhe andadosakên suka rênaning manah kula. Ingkang makatên wau amargi saking sangêting cotho kula dhatêng têtêmbungan Jawi, punapa malih têtêmbungan mônca, babar pisan dèrèng nate sinau (sarawungan).

--- 313 ---

Bêbuka

Ing salêbêtipun taun walandi: 1902 punika kathahipun jiwa ing pulo Jawi kirang langkung wontên: 29 yuta, sabên taun tansah wêwah kathah. Mênggah gêsanging manungsa samantên wau, ingkang dipun têdha pamêdaling siti (tanêm tuwuh), kadospundi pamêdaling siti sagêdipun anyêkapi katêdha ing tiyang samantên kathahipun, ingkang sabên taun tansah wêwah kathah. Môngka wontênipun siti ing tanah Jawi botên sagêd wêwah wiyar, pamêdalipun ajêg malah têrkadhang suda. Saking pamanggih kula pamêdaling siti saya lami saya sakêdhik, amargi têdhaning tanêman (lêmèn utawi gêmuk) sampun kathah ingkang têlas katêdha dening tanêman wau, botên mawi dipun lintoni (wêwahi).

Salèbêtipun taun 1901 sampun kêlampahan ing tanah Jawi kakirangan têdha (pailan), jalaran tanêman pantun kathah pêjah kenging ama utawi kabanjiran, môngka pamêdaling palawija ingkang minôngka lintunipun pantun botên anyêkapi, para maos tamtu sagêd nimbang piyambak, mênggah ngêrêsing manahipun têtiyang dhusun ingkang sugih anak rayat, mênawi nuju môngsa makatên kathah-kathahing tiyang ingkang botên sagêd angingoni anak rayatipun, ngantos wontên ingkang tega nyade tuwin ambucal anakipun, ingkang makatên wau punapa botên nama anggêgirisi. Kadospundi mênggah

--- 314 ---

timbanganipun rama juru pangripta.§ Kamajênganing among tani ingkang kaajêng-ajêng dhatêng para lêpas ing budi dèrèng sagêd timbul, pangintên kula sagedipun kalampahan botên saking piwulang, kêdah saking pangrèh. Red.

Pramila mênawi para tani botên ambudidaya kaindhakanipun kawruh têtanèn, manut kawruhipun bôngsa Eropah ingkang sampun misuwur kasagêdanipun tamtu tiyang Jawi badhe kêlajêng-lajêng kakiranganipun, miwah kêrêp kasangsaran margi pailan, kados ingkang sampun kêlampahan mênggah têtiyang dhusun anggènipun botên sagêd mindhak kawruhipun têtanèn, amargi taksih kathah ingkang kalimput ing gugon tuhon (ngangge kawruh ingkang nglêngkara) nglêluri jaman kina.

Sapunika kula kumêdah anglairakên kawruh têtanèn, manut kawruhipun tiyang Eropah, pangajêng-ajêng kula supados para tani ing tanah Jawi, sami puruna sarta apitadosa nelad (niru) dhatêng ngèlmu têtanèn ingkang prayogi kangge pangupakaraning siti tuwin tanêman, amrih sae saha kathah pamêdalipun.

Perangan 1

Kawontênanipun jagad punika kaperang dados kalih, perangan agêng 1: wujud gêsang, 2: wujud pêjah.

Wujud ingkang gêsang kaperang malih dados kalih, 1: manungsa tuwin kewan, 2: thêthukulan

--- 315 ---

Wujud pêjah punika: siti, sela sapanunggilanipun bangsaning pêlikan.

Sapunika ingkang kula pêrlokakên bab tanêman (thêthukulan), tanêman punika kathah gunanipun, wontên ingkang kenging katêdha, utawi kangge jampi. Sadaya tiyang sampun sami sumêrêp mênggah kanggenipun satunggal-tunggaling tanêman, kados ta: pantun, jagung, ingkang katêdha wijenipun§ i. oe dados e, o punika nêtêpi rimbag, kula lêstantunakên, minôngka pasêksèn bilih i, oe mantun thêngêr-thêngêr Red. pohung (kaspe) (ing Karanganyar bodin) ingkang katêdha oyodipun, sanès-sanèsipun ugi sampun kasumêrêpan sadaya.

Ing ngajêng sampun kula pratelakakên, thêthukulan punika perangan wujud ingkang gêsang. Gêsanging tanêman botên beda kalihan tiyang, sarana têtêdhan.Têdhaning tanêman punika saking siti tuwin saking ngantariksa (awang-awang), dene praboting ngagêsang ingkang kangge ngupados têtêdhan wau oyod saha godhongipun, mênggah badaning tanêman kadadosan saking pakêmpalanipun sèl-sèl (cel-cel) kados dening tenunan§ ing wingking badhe kula cariyosakên, R. Pringgasubrata. satunggal-tunggaling sèl isi kahanan§ kaannan kêmirahên gondhèl, kasêrat kaanan. ingkang gadhah daya sagêd narik toya, ngantos sagêd tundha-tumundha wiwit saking oyod dumugining godhong, oyod ingkang nunjêm mangandhap punapa oyod lajêr, sakiwatêngênipun ugi [u...]

--- 316 ---

[...gi] mêdal oyodipun malih, minôngka kangge cêpêngan supados uwitipun ngadêg kêkah. Oyod ingkang mêdal sakiwatêngêning lajêr, punika mêdal oyodipun malih langkung kathah, sarta lêmbat-lêmbat, kawastanan oyod rambut, pucukipun oyod wau sadaya kangge ngisêp têtêdhan ing siti, ingkang sampun kaêjur dening toya, lajêng lumêbêt ing dalêm sèl, amargi saking dayaning sèl-sèl, toya ingkang isi têtêdhan salêbêting siti, sagêd lumêbêt anyarambahi uwit tuwin godhongipun.

Satunggal-tunggaling godhong wontên sisik (rainipun kêkalih) ing nginggil kawastanan lumah, sisih ngandhap kurêbipun, ing kurêbing godhong wontên pintên-pintên sèl cangkêmipun, kangge ngisêp (nyêrot) swasana ing ngawang-awang, kauwor kalihan têtêdhan ingkang saking siti, sasampunipun dados têtêdhan lêrês sarana pitulunganipun yiyiding uwit, sagêd anyarambahi pokokipun§ pokok, ing Surakarta: dêlêg. sakojur, kangge angêndhakakên agênging tanêman wau, amêwahi pang tuwin godhong. Mênawi uwit wau sampun dumugi agêngipun, têtêdhanipun kangge angwontênakên sêkar dumugining uwoh.

Ing lumahipun godhong wontên sèl-sèl cangkêm, ananging namung sakêdhik, wontên ugi ingkang kathah, inggih punika têtuwuhan ingkang gêsangipun kumambang ing toya. [toya...]

--- 317 ---

[....]

Mênggah têtêdhaning tanêman ingkang kasêbut wau, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Perangan 2

Mênawi badhe nyumêrêpi têtêdhaning tanêman, kêdah nyumêrêpana rumiyin badaning tanêman punika asal (kadadosan) saking punapa. Sagêdipun nyumêrêpi sarana kabêsmi, ingkang sabagian dados kukus, mumbul ing ngantariksa ngêmpal kalihan hawa. Sabagian malih dados awu, ngêmpal kalihan siti. Sapunika sagêd têrang, dados badaning tanêman wau asal saking hawa tuwin siti.

Mênawi badhe sumêrêp têdhaning tanêman ingkang asal saking hawa, kukusing kajêng ingkang kabêsmi wau kapriksanana ngangge pirantos ingkang nama analisê annalische punika lajêng katingal wontên kahanan: 4 warni,§ karsa, warni, ing Sasadara kasêrat karsa, warni. ing têmbung Latèn kawastanan: 1. Oksigènium Oxijgenium (Zuurstof), 2. Karbonium Carbonium (Koolstof), 3. Nitrogenium Nitrogenium (Stiekstof), 4. Hidrogenium Hidrogenium (Waterstof) } a§ mênggah têmbung-têmbung Latèn ingkang kangge nama ing nginggil wau, Sala botên wontên Jawènipun.

Kawontênan kawan rupi wau dumunung angêbaki ing ngawang-awang. Kukusipun kajêng ingkang kabêsmi wau katutan kahanan sakêdhik, ing têmbung Latèn kawastanan: sulpêr Sulphur tuwin: pospor Phospor ananging§ annanging, kêmirahên gondhèl, kasêrat ananging. sulpêr tuwin pospor wau ingkang [ing...]

--- 318 ---

[...kang] kathah dumunung ing siti.

Dene têdhaning tanêman ingkang saking siti, asalipun kahanan sadasa warni, ing têmbung Latèn kawastanan: 1. Sulpêr ... Sulphur ... walirang / 2. Pospor ... Phospor ... / 3. Kalsium ... Calcium ... gamping / 4. Kalium ... Kalium ... potas / 5. Ppherum ... Ferium ... wêsi / 6. Mahnesium ... Magnecium ... / 7. Silisium ... Cilicium ... pasir / 8. Natrium ... Natrium ... panunggilanipun sarêm / 9. Khlur ... Cloor ... panunggilanipun sarêm / 10. Aliminium ... Aliminium ... tawas } bmênggah têmbung-têmbung Latèn ingkang kangge nama ing nginggil wau, Sala botên wontên Jawènipun.

Dados sampun têrang, kahanan ingkang saking awang-awang tuwin saking siti wontên: 14: warni, sadaya dados badaning tanêman, lajêng gampil pambudènipun§ ing wingking badhe kula gancarakên, sabab kados ta: Hidrogenium Hidrogenium kawastanan toya, punika dèrèng mathuk, amargi toya (hawa toya) punika asalipun saking kadadosan kahanan kalih warni, inggih punika Oxijgenium kalihan Hidrogenium.R. Pringgasubrata. manungsa tuwin khewan, ingkang dipun têdha mèh sadaya asal saking tanêman, pramila tinja, talethong, uyuhipun manungsa sarta khewan, dados badaning [ba...]

--- 319 ---

[...daning] tanêman, punapa malih ingkang asal saking tanêman wau, kados ta: godhong tuwin êpang-êpang ingkang taksih ênèm, mênawi dipun kalêmpakakên kauwor kalihan tinja, talethong, uyuh, ngantos bosok dados siti, nama sampun matêng (dados lêmèn utawi gêmuk) punika kauwor siti kenging kangge têdhaning tanêman. Amargi sadaya wau kadunungan (amot) ing kahanan: 14 warni ingkang kasêbut ing nginggil.

Têtêdhaning tiyang punika kêdah dipun matêngi rumiyin, makatên ugi tanêman, sarana nêdha lêmèn ingkang sampun dados, bab lêmèn ing wingking badhe kula cariyosakên.

Taksih wontên sambêtipun

Guru bantu ing Karanganyar. R. Pringgasubrata

--- 320 ---

Kawruh Pêlikan

(Mineralogie)

Sambêtipun Candrakanta ôngka XI kaca 238

Awit saking kaot-kaoting atos êmpukipun pêlikan sang sarjana tuwan Mohs gadhah pamanggih amranata pêlikan wau kaurutakên undha usuk saking ingkang kawical êmpuk piyambak dumugi ingkang atos piyambak, kados ta: ingkang êmpuk piyambak inggih punika bangsaning pêlikan ingkang winastan talk sêsaminipun pêlikan ingkang êmpukipun sami kalihan talk atosipun kalêbêt ing pranatan urut ôngka I ingkang atos piyambak intên,kalêbêt ing perangan urut ôngka 10 botên wontên pêlikan ingkang atosipun anglangkungi ôngka 10 perangan, ôngka 1 = Talk, 2 = Gijos utawi Steenzout, (sarêm sèl), 3 = Kalkspaath, 4 = vloeispaath, 5 = Apatiespaath, 6 = Veldspaath, 7 = Kwarts, 8 = Topaas (sela cêpak = intên sêkar), 9 = Korund, 10 = diyamant (intên) mênawi wontên pêlikan warni kalih salah satunggalipun pasah kagaritakên ing sanèsipun, ingkang winastan anglangkungi atos punika ingkang pasah kagaritakên, pêlikan ingkang pasah kagaritakên ing gips utawi Steenzout nanging pasah kagarit mawi kalkspaath atosipun [a...]

--- 321 ---

[...tosipun] pêlikan wau winastan saantawisipun 2 kalihan 3, awit dene atosipun gips kalêbêt perangan ôngka 2, kalkspaath ôngka 3, upaminipun pêlikan ingkang atosipun saantawisipun 2 kalihan 3 wau kacirenan mawi aksara a panyêratipun kenging karingkês makatên: hardheidsschaal a = 2-3. Dhasaripun pêlikan ingkang nunggil pisah kalihan wêwatêkanipun punika ugi warni-warni, sawênèh wontên ingkang gêtas, inggih punika gampil sangêt gêmpil utawi rimpilipun, upaminipun walirang, wontên ingkang kenging kaulur ngantos sagêd dados kawat, utawi dados bênang ingkang langkung lêmbat, kados ta: êmas sagêd dados bênang êmas ingkang saklangkung lêmbat, wontên ingkang wulêd kenging kadhapur warni-warni sarana kagêbag, inggih punika dipun wastani pêlikan kenging ginêdhig, kados ta: tosan sêsaminipun, wontên pêlikan ingkang dhasaripun lêmês sarta alot, punika ingkang gampil panggêbagipun kadhapur warni-warni, upaminipun: timbêl, wontên ingkang dhasaripun kumênyal, kados ta: waja.

Taksih wontên sambêtipun

R. L Mangkudimeja ing Ngayogyakarta

--- 322 ---

Bab Ananêm Sêmôngka

Mênawi siti patêgilan katanêman sêmôngka punika kêdah kawaluku rambah kaping tiga, lajêng kagaru ingkang ngantos lêmbat, ingkang prayogi amiliha siti ingkang lasih (wujudipun siti lasih punika wungu), mênawi sampun alus saha waradin, panggarunipun ingkang têngah kaplanthir (dipun kalèni sawiyaring pacul sarta botên lêbêt, badhe panggenan panyèlèhing wiji), sarta mênawi wontên jawah kangge ilèn -ilèn lampahing toya jawah), mênawi sampun mangsanipun ulur, panggenan wiji wau mawi kaluwangan wiyaripun sakaki mubêng (= kalih wêlas dimreinlan) lêtipun luwangan sanèsipun sami angênêm kaki, saluwangan katanjanan wiji gangsal iji, mênawi sampun sami thukul sadaya, wiji ingkang têngah lajêng kapunggêla uwitipun, prêlunipun uwit ingkang satunggal kapunggêl, wêdaling toyanipun kangge nyirami uwit sakawan ingkang botên kapunggêl, amargi uwit ingkang kapunggêl wau sabên dintên mêdal toyanipun, ing salaminipun têtiyang tanêm dèrèng wontên ingkang ngangge cara nyirami uwit sêmôngka kalihan toyaning wit sêmôngka ingkang kapungêl, amila lajêng wontên pamanggih kados ingkang kasêbut nginggil punika.

Mênawi wit sêmôngka sampun nalolor sadhêpa, katataa sampun ngantos tumpang tindhih, lajêng kasundêpana iratan dêling, kapêthaa kados balêngkukipun arnal, pêrlunipun mênawi

--- 323 ---

wontên angin agêng uwiting sêmôngka sampun ngantos morak-marik, sêkaripun sampun ngantos gogrog, paedah sagêd lêstantun sae, mênawi sêmôngka sampun wancinipun mêndhêmi inggih lajêng kapêndhêma kados patrapipun tiyang nanèm sêmôngka.

Amangsuli cariyos ngajêng, mênawi wiwit sêmôngka sampun wancinipun nyundêpi, sêlanipun larikan sêmôngka lajêng kaulurana katela pohung, mênawi sêmôngka ngundhuh sapisan, katela pohung wiwit dhangir sapisan, bibar sêmôngka katela pohung dhangir kaping kalih.

Tumraping patêgilan, patrap pananêm kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, mênawi kasamèkakên sabin, sami kalihan sabin gadhu walikan.

Mênawi pasêtrèn pinggir lèpèn, punika sitinipun sakalangkung sae, ananging botên wiyar, ingkang kathah ciyut kemawon.

Têtiyang tani nanêm palawija sêmôngka punika kenging kasrungga§ têmbung kasrungga kula dèrèng sumêrêp [kasrungga = kaslambur = dipun sêlingi]. palawija sanèsipun, anggêr botên kasrungga bangsanipun katela rambat§ katela rambat, punapa inggih katela lumrah punika. amargi uwitipun sami nalolor.

Bab pananêm sêmôngka ingkang kasêbut nginggil wau, kula

--- 324 ---

sampun nyoba wontên ing dhusun Sagarayasa (Ngimagiri) angsal-angsalanipun sagêd tikêl langkung kalihan kala dèrèng mawi pratikêl punika.

Nalika taun 1884, kula akèn nanêm sêmôngka dhatêng lurah dhusun Cèkèl, bawahing Dêmak, wontên siti kagungan dalêm ing Tlawah nunggil watês kalihan siti bawahing Dêmak, wontên ing pasabinan, punika botên mawi kawaluku, sarta botên kadhangir, amung kaluwangan kemawon, saluwang-luwangipun kauluran wiji gangsal wiji, patrapipun kados pananêm ing nginggil wau, ing dalêm sauwit ngantos sagêd awoh gangsal utawi nênêm, sarta botên kapêndhêm, amung kaurugan dami kemawon, suprandosipun sagêd agêng-agêng ambingahakên manah.

Nanèm Kacang Cina

Mênawi nanêm kacang cina ingkang prayogi amiliha siti patêgilan ingkang kamomoran wêdhi utawi ladhu punika kawaluku ingkang lêbêt, lajêng kagaru malang mujur, sarampunging panggaru lajêng anglèr kalihan nanjakakên wiji kacang ingkang sampun kacaruban awu, tiyang ingkang nyêbar kacang manggèn wontên sangajênging lêmbu utawi maesa, ingkang kangge madamêl, panyêbaripun kacang lajêng kagaru, siti garon lajêng sagêd angurugi kacang ingkang kasêkar wau, dados botên kacucuk ing gagak, paedahipun [pae...]

--- 325 ---

[...dahipun] wiji kacang dipun awoni, sapisan pêksi kirang doyanipun, kaping kalih botên sagêd bosok, kaping tiga kalis ing ama.

Patêgilan kacang ingkang prayogi mawi kasrungga kauluran jagung ingkang awis-awis, kasipat ingkang lêrês, thukulipun katingal atharik-tharik, kangge mêmanising têgil, saha paedah mêdal uwohipun.

Mênawi kacang sampun godhong tumpang tiga lajêng kadhangir, mênawi ngajêngakên sêmêrung kadhangir malih, nanging mênawi sampun sêkar botên kenging kadhangir, amargi bok mênawi anggogrogakên sêkaripun. Kacang Cina punika mênawi sampun wanci sêmêrung hawaning siti botên sagêd oncat saking panggenan, nampêg dhatêng godhong, lajêng anuwuhakên oyod, oyod wau mênawi sampun sagêd tumancêp ing siti lajêng malêmbung wontên ingkang panjang wontên ingkang cêlak, kawastanan: gombong, salêbêting gombong lajêng tuwuh patikipun, antawis sawulan lajêng dados kacang.

Thukulan kacang Cina nama ganthêng. Witipun mênawi sampun mrambat nama solor, godhongipun nama rèndèng, mênawi andhudhuk kawastanan anggugur.

Nanêm Kadhêle wontên ing têgil

Patêgilan ingkang badhe katanêman kadhêle kawalukua rambah-rambah [ra...]

--- 326 ---

[...mbah-rambah] ingkang ngantos lêmbat, lajêng kagaru malang mujur, mênawi siti sampun racak alusipun: lajêng kasêbarana kadhêle, sarampunging panyêbar lajêng kagaru malih sapisan, supados wiji kadhêle sageda korugan.

Nanêm Kadhêle Wontên ing Sabin Lêbar Panèn Rêndhêngan

Sabin ingkang badhe kasêbaran kadhêle botên susah kawaluku namung kaplanthir§ têmbungipun têtiyang tani Kêjawèn: kajangêt. kemawon sarta galênganipun kabêdhahan, supados mênawi wontên toya jawah sagêd lêstantun ilinipun, tur botên bacêk, lajêng kasêbaran toyaning kadhêle dami ingkang taksih wontên ing sabin lajêng kagrabagan§ têgêsipun punapa, punapa angrêbahakên dami sarana garu. utaminipun dipun riti ingkang rêsik, thukuling kadhêle badhe sagêd lêma sêkaripun kathah angantawisi badhe kathah wohipun. Ngajêngakên isi: dipun lêb.

Wiji kadhêle prayogi mawi dipun carubi awu, paedahipun: sapisan kalis ing ama, pêksi botên doyan, kaping kalih: botên sagêd bosok, kaping tiga nracak sagêd thukul sadaya.

Pangundhuhing kadhêle kêdah mênawi sampun garing sarta kêdah kajêbol sauwitipun.

Panutunipun kadhêle nama: anggêdhig, wontên ing siti

--- 327 ---

kemawon, bilih sampun pêcah kulitipun lajêng dipun aragi, sarta lajêng dipun tapèni.

Rêgining kadhêle ing dalêm Sadangan dhusun 4 uang, ingkang sae ing dalêm sadangan dhusun 5 uang, ingkang kadamêl wiji ing dalêm sadangan dhusun 6 ngantos 8 uang.

Sadangan dhusun punika 4 bêruk = 8 kati, sadangan nagari punika 5 bêruk = 10 kati.

Kaanggit dening Ngabèi Rêksa Astana

Pitakèn

Radèn Sayid Budiman ing Klathèn nêmbe punika kula mirêng bilih Tanajultarki punika namaning kitab, kados ingkang sampun sampeyan angge wêwatoning sur tanah, nigang dintên sarta nyèwu, gumêlar ing Candrakanta ôngka 14 taun Be 1832 punika. Waunipun Tanajultarki punika kula wastani namung kangge nêmbungakên minggah mêdhaking martabat kemawon, Mila ing mangke sangêting kumêcêr kula badhe sumêrêp kitab Tanajultarki ingkang sampeyan angge wêwaton wau kula kêdah nyuwun katêrangan ing sampeyan.

Kitab Tanajultarki wau anggitanipun sintên, têmbungipun têmbung punapa sarta sampun kaêcap punapa taksih sêratan kemawon, mênawi sampun kaêcap babaran ing pangêcapanipun sintên, nagari ing pundi mila kula nyuwun katêrangan makatên, supados gampil anggèn kula ngupados kitab wau, sampun kagalih punapa-punapa.

Kajawi saking punika kula nyuwun cêculikan, mugi sampeyan pêthèkakên bab surtanah, nigang dintên, sarta nyèwu kados ingkang sampun sampeyan gêlarakên, mugi lajêng kalêbêtna ing Candrakanta, nanging kula suwun lugu têmbunging babon kitab Tanajultarki, botên susah kajawèkakên. Malah mênawi têmbung Arab prayogi kasêrat akasara Walandi kemawon, wusana badhe andadosakên gênging panuwun kula.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta, Bagus Ngarphah.