Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Jumadilakir taunbe, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèhi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 5 SEPTEMBER 1902.

--- 328 ---

Ngèlmu Tani

Sambêtipun Candrakanta kaca 312

Perangan 3

Ing ngajêng sampun kula pratelakakên yèn tanêman punika nêdha têtêdhan saking ngantariksa tuwin saking siti. Ingkang katêdha saking ngantariksa punika: kulsir koolzuur kahanan saking karbonium carbonium, sabagean oksigènium Oxijgenium kalih bagean, sasampunipun nunggil kahanan lajêng kaisêp mawi cangkêm ingkang dumunung wontên sakubênging godhong, punika namung kapêndhêt karboniumipun kemawon, amargi ingkang saèstu tumrap dhatêng têtêdhaning tanêman, mênggah oksigènium kawêdalakên malih, saha mêdalipun saking tanêman sampun rêsik, pramila karsaning Allah makatên, sabab oksigenium wau ingkang mligi kangge napasing tiyang.

Bab têdhaning tênaman ingkang saking ngantariksa sampun botên ewah malih. Dene ingkang wontên ing siti para tani sagêd ambudi amrih prayoginipun, amargi salêbêting siti ingkang dados têdhaning tanêman kathah, nanging taksih mêntah sadaya inggih punika taksih dados basên bazen utawi [uta...]

--- 329 ---

[...wi] sirên zuren, malah wontên kahanan sawatawis ingkang taksih mligi (tulèn) môngka ingkang sampun matêng punika bab sêklansirên wau kêdah nunggil kahanan, dados sabadan sanyawa lajêng nama sotên zouten, inggih punika têdhaning tanêman ingkang sampun matêng, kenging kaisêp dhatêng oyoding tanêman.

Sirên lan basên wau kadadosanipun kahanan 17 warni, kasêbut ing nginggil ingkang dèrèng kathah woworanipun, oksigenium utawi dèrèng sami nunggil kahanan, sagêdipun mêkatên mênawi sampun kataman ing swasana tuwin soroting surya, pramila pangupakaranipun, siti wau kêdah dipun paculi utawi kawluku ingkang lêbêt, punika langkung sae pamurihipun supados hawa tuwin soroting surya sagêd rumasuk ing nglêbêt, ing tanah Eropah mênawi mêdal saening siti kêdah kadhudhuk lêbêtipun 3 kaki, rekanipun makatên. Saupami patêgilan utawi pasabinan sampun dipun kothak-kothak mawi galêngan majêng sakawan kados gambar punika:

--- 330 ---

[Grafik]

Ing pinggiring galêngan ôngka 1 sabin, A. Wiwit kadhudhuk mawi sêpadhê (pecok tosan garan kajêng), lêbêt wiyaripun tiga kaki, panjang sami kalihan panjanging galêngan, siti dhudhukan kadèkèk ing sabin sisihipun sacakêting galêngan, inggih punika ongka 1 sabin. B. Sasampunipun dados balumbangan 3 kaki kubuk, lajêng damêl balumbangan malih, inggih punika ôngka 2 lêbêt wiyaripun kados ingkang sampun, siti dhudhukanipun ôngka 2 kalêbêtakên ing balumbangan ôngka 1 siti nginggil kadèkèk ngandhap, ingkang ngandhap kadèkèk nginggil ngantos balumbangan wau kêbak, sampun tamtu siti

--- 331 ---

ingkang kadhudhuk ôngka 2 dados balumbangan malih, ingkang lêbêt wiyaripun 3 kaki kubuk, tumuntên damêl balumbangan malih ôngka 3 lêbêt wiyaripun kados ingkang sampun, siti dhudhukan kalêbêtakên ing balumbangan ôngka 2, makatên salajêngipun ngantos dumugi ôngka 5. Balumbangan ôngka 5 wau kaurugana mawi siti saking balumbangan wiwitan ôngka 1 A, ingkang dipun dèkèk ing ôngka 1 B, mênawi sampun rampung lajêng sumêrêp lêbêtipun pasitèn sakothak wau, ingkang êmpuk nigang kaki. Ing ngriku basên tuwin sirên saking kahanan 14 warni ingkang kasêbut saking pitulunganipun hawa tuwin bêntèring surya, satunggal-tunggalipun kahanan wau sagêd ngêmpal nunggil kahanan, lajêng dados sotên, inggih punika têdhaning tanêman.

Ing ngajêg sampun kasêbut, siti ingkang wontên ngandhap kadèkèk nginggil, punika namung dipun walik, supados siti ingkang dèrèng nate kenging hawa tuwin soroting surya lajêng sagêd pikantuk, amargi siti ing ngandhap punika pancèn kathah kahanan cêcadhangan têdhaning tanêman, ananging dèrèng matêng taksih kathah sirên zuren saking tosan, ingkang kasêbut ing têmbung Latèn isêr oksidhul Iser Oxijdul, pramila siti ingkang nêmbe kawalik tumuntên katanêman sagêd pêjah, sabab saking bêntèripun isêr oksidhul wau, mila kêdah kalêrêmakên [kalêrêma...]

--- 332 ---

[...kên] rumiyin ngantos sawatawis lami, supados sirên tosan sagêd dados sotên rumiyin, amargi saking pitulunganipun hawa miwah soroting surya. Mênawi sulak (sêmuning) siti taksih abrit nèm, tôndha tosan dèrèng dados sotên, yèn sampun abrit sêpuh (sêmu cêmêng) punika sampun dados, lajêng kenging katanêman.

Siti ingkang pandhudhukipun dèrèng lami punika, sadaya kahanan dèrèng tamtu dados têdhaning tanêman (dèrèng matêng) pramila mênawi badhe dipun tanêmi kêdah kasukanana lêmèn rumiyin. Sarèhning para tani bôngsa Jawi dèrèng sami sadhia angêmpalakên lêmèn, dados ingkang gampil ngupados bosokaning uwuh utawi talethong ingkang sampun kados siti lami, samantên wau kêdah kapisah rumiyin, dipun angin-anginakên mênawi sampun garing dipun iringi, supados botên katututan sela utawi wingka, lajêng gampil anggènipun anguwur-uwurakên ing siti sagêd waradin, mênawi ragi kêkêt (lèngkèt) botên mawur, kauwurana pasir§ pasir ing Surakarta nganggo wêdhi, nanging batu pasir, gêndhis pasir, gêlaran pasir, pasir awukir, enz. Kangge ing Surakarta. awis (pasir ladhu) kacarub ngantos waradin, supados sadèrèngipun kahanan ing siti matêng, tanêmanipun sampun sagêd pikantuk têtêdhan saking lêmèn wau. Amargi saking dayaning hawa tuwin bêntèr, ing sawêtawis wulan kemawon, sitènipun sampun amot têdhaning tanêman ingkang sampun matêng sadaya, tanêmanipun sanalika [sanali...]

--- 333 ---

[...ka] wêwah sae.

Ing ngajêng sampun kacariyos tanêman punika nêdha têtêdhan siti ngangge oyodipun, dados mênawi lêbêtipun siti ingkang êmpuk tigang kaki, sampun tamtu oyod ingkang lêmbat (ingkang ngisêp têtêdhan), sagêd nalosor lêbêt tur panjang, sadaya tanêman manawi saya kathah oyodipun miwah panjang, punika sagêd lêma akêkah, sabab panêdhanipun kathah, lan malih sagêd lumintu têdhanipun, jalaran hawa tuwin bêntèring surya pêndamêlipun têtêdhan sagêd têrus, basên miwah sirên ingkang dèrèng nunggil kahanan, lajêng sagêd nunggil (sabadan sanyawa), dados sotên, siti botên sagêd bacêk, amargi toyanipun enggal asat, inggih lêrês tanêman kêdah mawi toya kangge mitulungi ngêjur têtêdhanipun, ananging ingkang dipun rêmêni namung toya sakêdhik, ingkang lampahing toya sagêd tumaruntun agontas-gantos, mawi kaêlud ing hawa tuwin bêntèring surya.

Taksih wontên sambêtipun

Guru bantu ing Karanganyar, R Pringgasubrata

--- 334 ---

Nanêm Kapas

Mênawi tiyang badhe nanêm kapas, amiliha siti patêgilan ingkang woworan wêdhi lajêng kawaluku rambah-rambah ngantos alus, lajêng kagaru ngantos mawug, sarampungipun: lajêng kagula-gula, wiyaripun kalih mètèr, panggulanipun ingkang kêncêng kangge ilèn-ilèn mênawi wontên toya jawah.

Wiji kapas kaêkuma ing toya londha awu sadintên sadalu, lajêng kaisisakên wontên sanjawining griya kaprênahna panggenan ingkang aub, supados sagêd kêpyar, mênawi sampun malêm wiji lajêng kaulurakên, saluwang kalih utawi tigang êlas.

Paedahipun wiji kaêkum toya londa wau, supados sampun ngantos bosok, tuwuhipun sae kados dene karabuk, sarta kalis ama ulêr, dene mênawi namung kaêkum ing toya wantah kemawon: kathah ingkang bosok utawi wontên ingkang botên sagêd thukul.

Mênawi kapas sampun godhong tumpang tiga lajêng kadhangir, mênawi sampun ngumur kalih têngah wulan kadhangir malih, nanging mênawi sampun wancinipun sumêrung botên kenging kadhangir, namung kagugutan thukulanipun rumput kemawon, jalaran mênawi kadhangir sarana [sa...]

--- 335 ---

[...rana] pacul, oyodipun katut ing pacul, kapas dados kuning.

Mênawi kapas sampun mêdal bungkulipun lajêng kakèndêlakên kemawon: ngantos garing, mênawi sampun garing kapas kaundhuh, lajêng kaêpe, lajêng ngopèsi, lajêng anggilingi, lajêng musoni, lajêng ngêntih, lajêng nglikasi, lajêng katukêl, lajêng kaulur ing ingan, lajêng kaikal ing tropong, lajêng ngapani, wusana lajêng katênun.

Sarampunging panênun: lajêng katigas, lajêng nama kêntèl wujud pêthakan, mênawi lawe sadèrèngipun katênun dipun wêdêl: nama lurik.

Nanêm Kacang Ijêm Wontên ing Sabin

Sabin ingkang badhe kasêbaran kacang ijêm, kaplanthiran galêngan kabêdhahan supados mênawi panuju wontên jawah, utawi toya saking kalèn ilinipun sagêda lêstantun: mênawi sampun makatên lajêng kasêbaran wiji, wiji wau inggih kacaruban awu, supados botên sagêd bosok, dami ingkang taskih wontên ing sabin lajêng kagrabak, utaminipun sabin ingkang kasêbaran wiji kacang ijêm punika damining pantun kêdah dipun riti ingkang rêsik, thukulipun kacang ijèm badhe sagêd sae,

--- 336 ---

tur lêma, sêkaripun kathah, nanêm kacang ijêm punika botên susah mawi lêb, beda kalihan nanêm kadhêle mawi kaêlêb, pangundhuhipun kacang ijêm, kados kadhêle mênawi sampun garing kajêbol sauwitipun.

Panutunipun kacang ijèm punika namanipun inggih kagêdhig kados dene kadhêle, bedanipun kacang ijêm mawi kalemekan gêlaran pacar, amargi pêcahing kulitipun gampil, beda kalihan kadhêle pêcahing kulitipun angèl, mila botên kalambaran ing gêlaran.

Kaanggit dening Ngabèi Rêksa Astana

Pananêming Uwi

Mênawi badhe nanêm uwi ing môngsa kapat, angupadosa wiji uwi, wohipun ingkang ngandhap nama: êndhas-êndhasan, dene wohipun ingkang nginggil tumèmplèk ing uwit nama katak, punika botên prayogi kadamêl wiji, kang êndhas-êndhasan uwi mênawi badhe kadamêl wiji kasigar-sigara kakintên agêngipun sakupat ingkang sêdhêng, nanging sabên wiji kêdah kêkatutan kulitipun, mênawi sampun kasigar-sigar, tilasing [tila...]

--- 337 ---

[...sing] sigaran wau kêdah dipun awoni, sarta lajêng kaêpe, amrih tuntasing tlutuhipun, mênawi sampun tuntas lajêng kawadhahan ing sênik utawi ing kranjang, kasimpên ing panggenan ingkang prayogi.

Uwi punika warni-warni, kados ta uwi bêras, lêgi, bang kulit, rondha sisik, randhu, widoro sêsaminipun.

Amiwiti damêl gadhangan, inggih punika damêl kalenan wiyaripun tiga utawi namung tiga têngah pêcak, lêbêtipun kalih kilan, dene panjangipun manut sacêkaping papan pemahanipun utawi kakintêna sacêkaping kathah kêdhike wijinipun, dene mênawi anggènipun badhe nanêm uwi wau kathah, môngka papanipun ciyut, pandamêlipun kalenan karangkêpa kemawon, dene êlêtipun kalenan wau wontêna saking sajangkah, mênawi kalenanipun sampun rampung sadaya lajêng kakêbakana uwuh ingkang ngantos madhêt, sadaya uwuh kenging kaisèkakên, amung godhong dêling punika kirang prayogi, adat amurugakên olèngolèng, mênawi kalenan wau sampun kêbak uwuh, siit dhudhukan wau kaurugêna satêlasipun, dados wujuding gadhangan tanêman uwit punika kados dene tanggul, sakiwa têngênipun tanggul prayogi kasukanan gadêbog, supados sitinipun sampun [sa...]

--- 338 ---

[...mpun] ngantos karut.

Ing môngsa kanêm wiji uwi ingkang kasimpên wau êndhas-êndhasanipun tamtu sami thukul, mênawi thukulanipun wau sampun watawis sakilan, utawi langkung sakêdhik, punika sampun mangsapunmangsanipun. katanêm.

Patraping pananêmipun makatên: siti gadhangan wau kakowaka mawi tangan kemawon, lêbêtipun kakintêna amung sêklêlêbing wiji, lêtipun kintên-kintên tiga têngah kilan, thukulanipun kamanggènakên ing nginggil, dene wiji ingkang sanès êndhas-êndhasan tamtu dèrèng thukul, punika ing têngahipun wiji ingkang wontên kulitipun kakuwika mawi kuku kemawon, ing ngriku badhe panggena thukuling uwitipun lajêng kaurugna mung saklêlêbing wiji kemawon, mênawi sampun rampung anggènipun ngurugi gadhangan, gadhangan wau katutupana blarag papahan, supados botên kankacekerankacekeran. ing ayam.

Sasampunipun rampung, lajêng angrakita badhe lanjaranipun, dene lanjaran punika ingkang sae kêdah kajêng utawi dêling ingkang pêjah, supados uwinipun botên malih, awit saupami uwi dipun lanjari randhu gêsang, tamtu malih dados botên lêgi. Ingkang gampil sarta mirah prabeyanipun mawia dêling ori kemawon, ing dalêm dêling salonjor ingkang panjang, kenging kadadosakên lanjaran kalih, lajêng kaadêgna [kaa...]

--- 339 ---

[...dêgna] ing antawisipun gadhangan kalih, supados kenging karambatan saking kiwa têngên, lajêng angrakita rambatanipun, dene ingkang kadamêl rambatan: deling apus kasigar mrapat utawi mratiga. Ing salining-liningipun ing bongkot kasigar-sigara malih dados sakawan, utawi gangsal, nanging panyigaripun kaandhêgna ing têngah kemawon, pucukipun kapuntu lajêng katangsulakên ing pucuking lanjaran, dene satunggil-tunggiling sigaran alit-alit wau, kacublêsna ing gadhangan sacêlaking wiji uwi wau. Mênawi thukulanipun sampun sami nêlolor, lajêng karambat-rambatna ing lanjaran wau, tamtu sagêd anurut nuntung dumugi ing nginggil, mênawi uwitipun sampun sami rumambat, kantun anjagi.

1. Wijinipun sampun ngantos mandhêlis katingal, jalaran saking longsoring siti kenging ing toya jawah, utawi sabab sanès-sanèsipun, mênawi wontên ingkang katingal, enggal kaurugana.

2. Mênawi sitinipun katingal madhêt, lajêng kadhangira, pandhangiripun cêkap mawi wangkil kemawon, nanging kaatos-atosa sampun ngantos amêdhotakên oyoding uwi.

3. Mênawi uwiting uwi wau êpang, êpangipun lajêng kabucala, awit punika amurugakên kêraning uwitipun

--- 340 ---

Mênawi sampun môngsa kalih utawi katiga, uwi punika sampun sêpuh, titikanipun sabên godhong sampun sami jêne sarta ngleyang, inggih punika sampun sêpuh sarta lajêng kenging kadhudhuk.

Ingkang limrah uwi punika panêdhanipun namung kagodhog utawi mênawi kathah inggih kaêdang, wontên ugi ingkang kakêla kadamêl woworan jangan.

Dene mênawi kadamêl panganan, ingkang prayogi kacriping, punika kalangkung eca, sagêd rênyah kêmripik, tur dhasaripun karaos lêgi.

Mênggah uwi punika mênawi mêdal ing dalêm sauwit sadenanipun sagêd pajêng 10 dumugi 15 sèn, dados mênawi nanêm 100 luwang sagêd pajêng 15 rupiyah.

Kaping 12 Maret 1901

Kaanggit dening radèn Dêmang Citrasantana, Dêmang guru ing Mangkunagaran.

Bab Ulês utawi Wuluning Ayam

F. a. A. Anglêbêtakên cariyos ing Pustaka warti Indische pluim graaf, mêthik saking pustaka warti Wienir Algen zeitung.

--- 341 ---

Ayam ingkang ulês (wulunipun) warni sêpuh punika paniganipun kathah sarta kathah ingkang dipun têtês tinimbang kalihan ayam ingkang wulunipun warni ênèm, samantên wau mênawi ayamipun kaumbar, dene mênawi dipun kurung kemawon paniganipun suda.

Bab titikan panigan wau botên angêmungakên ayam kemawon, sanajan bangsaning pêksi kados ta: banyak, menthok, tuwin kambangan ingkang wulunipun cêmêng, langkung kathah paniganipun tinimbang ingkang pêthak, dados mênawi badhe numbas ayam ingkang dipun amrih tiganipun punika kêdah milih ayam ingkang wulu sêpuh, kados ta: klawu inggih klawu sêpuh, abrit inggih abrit sêpuh.

Ingkang anggadhahi pamanggih wau sampun angyêktosi piyambak, inggih punika satunggaling Walandi bôngsa Dhitsê: (Natteur ondder zoeker) Hij schrijft dit verhijhsel da raan toe dat de donkere veeran de zonnewarmte beter opslorpen, daardoor de ichaamswarmte verhoogen en het organisme tot hoogere werkzaamheid aansporen.

R. Pringgasubrata

--- 342 ---

Pitakèn

Kula nuwun, rama juru pangripta Sasadara sarta Candrakanta, kadospundi mênggah kanggenipun têtêmbungan ing ngadhap punika tumrapipun wontên sêrat ibêr kados ta: salam, taklim, salam taklim, salam pandonga, sêmbah, sêmbah taklim, sêmbah bêkti, pangabêkti, utawi pangabêkti: tampa sêmbah, sêmbah sungkêm, pangèstu, pamuji, sumujud.

Kula nyuwun katêrangan satunggal-tunggalipun ingkang ngangge makatên punika, mênawi wontên sêrat saking sintên dhumatêng sintên sukur mênawi wontên wêwaton saking karaton Surakarta.

Pamêkasing pambantu pacrabakan ôngka II ing Karanganyar. Abdulsalam

Pitakèn sampeyan ing nginggil punika kula kirang têrang, namung kula caosi awag-awagan sasêrêpan kula, dados kirang pratitis maklum sampeyan kemawon kula suwun:

1. Salam, kangge ing ngaluhur dhatêng ing ngandhap, kados ta: sêrat dalêm sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan dhatêng putra sêntana saha pêpatih dalêm, ungêlipun: kang dhihin salam ingsun marang sira ...

2.salam taklim kangge tiyang sêpuh dhatêng tiyang ênèm, nanging kawon inggil sakêdhik kalênggahanipun, sasampuning salam taklim, kula anggèr mas ngabèi ...

3. Salam pandonga kangge tiyang sêpuh dhatêng tiyang nèm sarta wênang luhur, nanging dede anak putu namung paprênahan kemawon sawise salam pandongaku utawi sasampune salam pandonga kula nggèrmas ngabèi ...

4. Sêmbah, kangge têtiyang alit dhatêng tiyang agêng. Kula nuwun, atur sêmbah kula ngabèi ... utawi kawula nuwun, atur [a...]

--- 343 ---

[...tur] sêmbah kula (botên dalêm) pun ngabèi ... katur utawi konjuk ing panjênêngan dalêm ... (botên sangandhaping barang-barang), punika sampun notog minggahipun malih: konjuk saandhaping sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan utawi ingkang sinuhun kangjêng sultan, saha ingkang sagêd ngaturi sêrat namung putra sêntana utawi pêpatih dalêm.

Saupami kula dados guru bantu, adangiyah kula bilih gadhah atur dhatêng tuwan Insêpèktur makatên:

Kawula nuwun,atur kawula pun ... guru bantu ing ... konjuk kangjêng tuwan isêpèktur ingkang ... saminipun; konjuk kangjêng tuwan bêsar = konjuk kangjêng parentah agêng, ingkang makatên wau punapa taksih kirang angluhurakên panjênênganipun, pamanggih kula kados sampun pantog.

5. Sêmbah taklim, kawon kaluhuran mênang sêpuh, kados ta; sadhèrèk dalêm sêpuh dhatêng sampeyan dalêm.

6. Sêmbah bêkti, anak dhatêng bapa biyung kaki nini, utawi dhatêng sadhèrèk sêpuh pambajêng.

7. Pangabêkti, dhatêng sadhèrèk ipe, uwa, paman, sêsaminipun.

8. Sêmbah sungkêm, sumêrêp kula kangge sadhèrèk pasisir, ing Surakarta botên ngangge.

8. Pangèstu, tiyang agêng dhatêng tiyang alit voorb sawise pangèstuku uwa ngabèi ...

10 Pamuji, bapa dhatêng anak voorb, sawise pamujiku marang kaslamêtan thole ngabèi ...

11. Sumujud, botên mawi kangge ing pasisir, ing Surakarta botên ngangge

--- 344 ---

Mênggah oreanipun prakawis punika taksih kathah sangêt mawi mawang darajating kaluhuranipun, ênèm sêpuhing yuswa, awon saening kalakuan, asal-usul, pintêr bodho katimbang kalihan darajating awakipun, mila bupati nayaka sami bupati nayaka botên mêsthi angsal pangaji-aji sama saking kalerehanipun, langkung malih mantri sami mantri, utawi mantri kalihan panèwu saya ruwêt, botên kenging dipun pathok mawi êmpan-êmpan, dugi prayogi, ewadene tiyang jawi botên kewran ngêcakakên tatakramanipun wau kalayan sampurna. Red

Patanyan

Katur ing panjênênganipun rama juru pangripta Sasadara tuwin Candrakanta

I nuwun kasêbut ing sêrat Paramabasa ingkang ôngka 8, ing bab rubuh jêjêging swara, kados ta: têmbung penên = penên, paronên = paronen, jêjêg, ing Paramabasa dipun sisihi mungêl penên lan paronên, punika dipun samèkakên kalihan upami têmbung nèkên lan bosên, môngka têtandhinganipun têmbung-têmbung ing nginggil punika beda, bedanipun makatên; têmbung pe lan paro punika têmbung lingga ingkang wandanipun wêkasan mênga, sarta angsal panambang ên makatên ugi swaranipun e lan o inggih jêjêg (ukara jawi ôngka 226-230) dene têmbung nèkên (tèkên, bosên), punika têmbung lingga ingkang wandanipun wêkasan sigêg, sarta angsal sandhangan swara: pêpêt.

II têmbung caraka, kaya ta: tiga pisan swaranipun jêjêg, punika têka beda kalihan têmbung nagara, angkasa, sami-sami aksara ingkang sinaroja tiga (Paramabasa ôngka 2-3) punika purwaning têmbung mungêl a utawi kados mungêl e rêbah. Sanèsipun jêjêg.

Kaping 25 Juli 1902. Wiryasubrata

--- 345 ---

I Pamanggih sampeyan punika lêrês, cocok kalihan ungêlipun ukara blèz 226-287, namung têmbung wônda mênga ingkang pinanggih namung wontên satunggal têmbung:pe, wontên malih tiyang kasukan pèi gadhah têmbung te liyanipun ika dèrèng pinanggih malih.

Sarèhning ingkang sampun têtela têrang têmbung ingkang wêkasaning lingga karakêtan sandhangan swara: pêpêt (mêsthi sigêg) punika angrêbahakên aksara purwaning lingga ingkang karakêtan sandhangan swara: eo kados ta: mèdêm, bogêm, sapunika kantun anggalih têmbung wot sarta têmbung lingga wanda mênga ingkang ngajêngakên panambang: ên, rêbah punapa jêjêg, kados ta:

pènên = pènên punapa penên

gonên = gônên punapa gonen

gawènên = gawènên punapa gawenên

paronên = parônén punapa paronên

Mênawi mirit wontênipun panambang nên lintunipun an, ên, lêrês pènên amargi pe-an, pèn botên pe utawi pin sêsaminipun, gadhe-an dados gadhèn kados ta: gadhènipun, botên gadhinipun, utawi gadhenipun êwadene lêrês punika kawon kalihan kalimrahan, kados ta pamoring têmbung rama ibu, dados krama inggil bapa biyung, dados krama ngoko sarêng kapisah lajêng beda panganggenipun sarta beda panambangipun kados ta:

Rama, kangge krama dhusun (sira mênyang Sala si biyung mênyang warung) utawi kangge wrêdha krama (rama Pangeran).

Ibu, kangge krama inggil ibu sawêg gêrah)

Bapa kangge têmbunging agêng dhatêng alit, tinimbang sariranipun kados ta: tumêka marang bapa utawi dhatêng ingkang bapa.

Biyung, kangge krama dhusun zie rama.

Rama, kangge têmbung: ramak, kangge krama dhusun nanging bapa dados: bapak kangge nagari.

--- 346 ---

Ramakne botên ramane, sarêng ibune botên ibokne, bapakne botên bapane, sarêng biyungne botên biyunge.

Lah sapunika sintên ingkang sagêd mathoki lêrêsing rimbag, sampun malih rêbah jêjêging swara, kajawi namung miturut punapa ungêlipun tiyang kathah, ewadene ki pujôngga ing sêsagêd-sagêd mathok lêrêsing rimbag swara sarta rêbah jêjêging swara wau, ingkang kenging nanging ingkang botên kenging botên kapêksa, namung dipun titèni kemawon, botên kados pamulangan Banjarnagara: pêksan, kados ta tunna, têkka = bapakne, ibokne, utawi: tuna, têka = bapane, ibune, punika winastanan runtut, sisah punika.

II têmbung caraka mênawi atêgês utusan, swaranipun aksara purwaning lingga: rêbah, ca dados caroko dene mênawi carakan amêsthi kemawon jêjêg, co amargi wijinipun saking satunggal-satunggal kados ta: ha, na, ca, ra, ka, milanipun: carakan botên caraka.

Têmbung kayata sami kalihan harata enz swaranipun aksara têtiga sami jêjêg sadaya awit pancèn kalih têmbung kaya, kalihan ta, hara kalihan ta wontên ugi têmbung tigang wanda swaranipun jêjêg sadaya nanging têmbung kawi kados ta: lawana enz. Red

Nuwun ing Candrakanta ôngka 223 wontên ungêl-ungêlanipun makatên: ing salêbêtipun sataun sagêd wontên grahana kaping pitu, inggih punika grahana surya kaping 5 sarta grahana wulan kaping 2, utawi grahana surya kaping 4 grahana wulan kaping 3. Ingkang punika kula nyuwun sakêdhik kanyataanipun, kala taun pintên wontên grahana kados ing nginggil (sadunya).

Kaping 25 Juli1902. Wiryasubrata

--- 347 ---

Anggèr Mas Prawirawiyata, mugi lajêng amangsulana pitèkanipun anggèr Wiryasubrata ing nginggil punika. RED.

Pitakèn

Sigra kang bala tumingal, acampuh samya mêdali, lir thathit wilêting gônda, muncarnya mangundang niti, benjang sang ngaji mijil, lathinya mêdali wuwus, brastha sura wilaga, kaya buta singa wrêgil, pasthi jôngga dhêndhanya mangambak baya.

Kadospundi mênggah têgêsipun uran-uran sapada ing nginggil punika. Sintên ingkang ngarang, pêthikan saking sêrat punapa.

Pun Abdul Salam

Pitakenan punika lajêng kula pasrahakên dhatêng kondhanging Candrakanta Radèn Mas Suwita. Red.

Pitakènipun Mas Ngabdul salam ing nginggil punika lêrês anggènipun angodhêngakên, amargi punika pancèn ungêl-ungêl kawan pada kadadosakên sapada, ing dalêm sapada padanipun kapêndhêt kalih utawi tigang pada lingsa,pada ôngka 1 kapêndhêt kalih pada lingsa: sigra kang bala tumingal, acampuh samya mêdali, pada ôngka 2: kapêndhêt kalih pada lingsa: lir thathit wilêting gônda, dhanyang gung amôncaniti botên muncarnya mangundhang niti, pada ôngka 3 kapêndhêt kalih pada lingsa: benjang sang ngaji mijil, lathinya mêdali wuwus, pada ôngka 4: kapêndhêt tigang pada lingsa dhustha botên brastha surawilaga, kaya buta singa wrêgil, pasthi jôngga dhêndhanya mangambak baya.

--- 348 ---

Punika pêthikan saking Sêrat Ajipamasa karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, anyariyosakên kala wadyanipun prabu Ajipamasa ing Mamênang prang kalihan dênawa wadyanipun Rêsi Kala Suwidha, sarêng wadya dênawa kawon rêsi Kalasuwidha lajêng masang kamayan sari tumanduk dhatêng wadya ing Mamênang sanalika sirna budipun lajêng botên sagêd wicantên namung sami mèsêm-mèsêm kalihan garênêngan swaranipun kados angungrum dhatêng tiyang èstri, mênggah jangkêpipun ungêl-ungêlan kawan pada wau kula pêthik ing ngandhap punika nêdhak sungging tapak astanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Sigra kang bala tumingal, acampuh sasyasamya. mêdali, liwêran mungsuh lang rowang, rame rok asilih ungkih, sumrêg sinrêg makangsi, kasok kasantikanipun, wêkasan kawisesa, raksasa bala angisis, tanpa kawal kêkiwul wuwul kewala. Sigra Si Kalasuwidha, amasang kamayan sari, lwir thathit wilêting gônda, dhanyang gung amôncaniti, tumamèng mungsuh sami, sêmang-sêmang asmu samun, samantara katoran, kang tyas sanityasa tistis, lwir kakênan ing guna turidasmara. Marpêk Sang Kalasuwidha, sarywangling angêngerangi, pagene wadyèng Mamênang, têka kapinêngan sami, benjang sang ngaji mijil, lathinya mêdali wuwus, dêduka marang sira, ingaran wong tuna budi, dhêstun têmên tan bisa mungkasi karywa. Katon cabaring dinuta, angapêsakên ing gusti, pae duk lagi wiwitan, tandangmu anggêgilani, pantês manggalèng jurit, nirbaya nirwikaramuk, dhustha surawilaga, kaya buta singa wrêgil, pasthi jôngga dêndhanya mangambak baya.

Wondening ingkang ngadani kawan pada kadadosakên sapada punika kula botên sumêrêp sarta kajêngipun kula inggih botên dungkap, namung ingkang sampun kalimrah ing nagri Surakarta, punika kangge dêdodolaning rare pêthèkan aksara, makatên patrapipun: rare kêkalih ingkang cangkriman kalihan ingkang mêthèk, rare ingkang cangkriman nyêrat aksara satunggal sakajêngipun wontên ing papan punapa ingkang dipun sênêngi, ananging lajêng kasingidakên sampun ngantos kasumêrêpan dhumatêng ingkang badhe mêthèk, rare ingkang badhe mêthèk sasampunipun dipun sukani sumêrêp dhatêng rare ingkang cangkriman yèn panyêratipun sampun rampung lajêng ura-ura, sigra kang bala tumingal, sapiturutipun ngantos dhawah pada, ing sabên angsal sapada lingsa anggèning ura-ura lajêng kèndêl pitakèn dhatêng ingkang cangkriman, punapa [puna...]

--- 349 ---

[...pa] sastra panyêratipun wau kasêbut ing pada lingsa ingkang kaurak-urakakên wau, wangsulanipun rare ingkang cangkriman kêdah têmên yèn pancèn wontên inggih mangsuli wontên, yèn pancèn botên wontên inggih mangsuli botên wontên, makatên salajêngipun ngantos dumugi dhawah pada. Dene rare ingkang mêthèk kêdhah èngêt dhatêng satunggal-satunggaling sastra ingkang kasêbut ing pada lingsa-pada lingsa wau, sarta inggih sagêd kapêthèk sayêktos, namung bilih botên èngêt dhatêng satunggaling satra wau inggih botên sagêd lêrês pamêthèkipun, wusana namung punika sasêrêpan kula. Rms Suwita

Wangsulanipun Radèn Sayid Budiman ing Klathèn dhatêng Bagus Ngarphah, dèrèng kapacak, amargi dhatêngipun kasèp, mugi sampeyan andadosakên ing panggalih. Red.