Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Rêjêb taun Be, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 4 OCTOBER 1902

--- 350 ---

Ngèlmu Tani

Sambêtipun Candrakanta kaca 312

Perangan 4

Siti punika kaperang dados kawan warni: 1. Siti lêmpung Kleigrond, 2. Siti pasir Èandgrond, 3. Siti woworan lêmpung kalihan pasir Liemgrond, 4. Siti Imês§ imês, ing Surakarta botên wontên, punapa sami kalihan: amês (= siti têlês). Humusgrond

1. Siti lêmpung punika, siti ingkang lêmpungipun wontên 75 % utawi langkung, mênawi têlês plikêt, badanipun klangkung rapêt, toya botên sagêd rêmbês (mrasuk), mênawi garing atos, kabênterên anêla.

2. Siti pasir punika, siti ingkang pasiripun wontên 75 % utawi langkung, punika botên sagêd ngandhêg toya, tansah ambrabas, mênawi kabêntèrên mawur langkung bêntèr.

3. Siti woworan punika, siti ingkang lêmpung tuwin pasire sami kathahipun, inggih punika ingkang sae.

4. Siti imês punika, siti ingkang kadadosan saking bosokaning badan tanêman tuwin khewan (siti lêmèn) punika kirang prayogènipun mênggah ing tanêman, amargi dadosipun kêsuburên (kêlêmon) sagêd rêbah.

Ingkang prayogi punika mênawi siti woworan wau, lajêng [la...]

--- 351 ---

[...jêng] kauworan imês, badhe dipun tanêmi punapa kemawon, tamtu sae.

Siti lêmpung mênawi badhe kadamêl sae, rekanipun kados ingkang sampun kasêbut ing Candrakanta VIII taun II kaca 268 cêkakipun makatên: pasitèn wau sakothak-kothakipun kadamêla balumbangan ingkang lêbêt wiyaripun tigang kaki, dene panjangipun miturut panjanging galêngan, sabên lêt 4 kaki kadamêla balumbangan ingkang sampun, ngantos waradin sakothak, siti dhudhukan kadèkèk ing sêla-sêlanipun, pinggiring kothakan kasukanana kalèn kangge mêndhêt toya saking lèpèn, ngilèni balumbangan wau, supados angsal pasir, kados gambar punika:

[Grafik]

Mênawi sampun pikantuk pasir lajêng kaurugana siti sakiwa têngênipun, kados panggenan ingkang waunipun dede blumbang sagêd angsal pasir. Mênawi sampun kaisèn pasir sadaya, lajêng kacarub sagêda dados siti woworan.

Siti pasir mênawi badhe kadamêl sae, inggih ugi kadamêlakên [kada...]

--- 352 ---

[...mêlakên] kalenan, kangge ngilèkakên toya saking panggenan siti lêmpung, dumugi ing ngriku, siti lêmpung wau dipun paculana kalêbêtakên dhatêng kalenanipun, anuntên dipun kudhêg-kudhêg (kaadhug-adhug) ngantos dados leleran (bubur awor toya) sarta toyanipun buthêg, sadumugènipun ing panggenan siti pasir, toya kaênêbakên supados siti lêmpung ingkang sampun awor toya, rumêsêp ing salêbêting pasir, makatên wau kêdah dipun talatosi, lami-lami sagêd dados siti woworan.

Siti ingkang kathah imêsipun, kêdah dipun pêndhêtakên siti woworan (prayogè (5) nipun kêdah siti ingkang woworan pasir alus), supados sampun ngantos kêkathahên imêsipun, pamrihipun tanêman botên kêsuburên, ewadene mênawi badhe dipun tanêmi ingkang dipun suprih godhong uwitipun, kados ta: kobis, lobak, sapanunggilanipun, punika prayogi ingkang kathah imêsipun, ananging mênawi ingkang kasuprih wijè (5) nipun, kados ta: pantun, jagung, sapanunggilanipun, punika kêdah ingkang cêkapan kemawon.

Perangan 5

Ing ngajêng sampun kapratelakakên mênawi hawa tuwin bêntèring surya punika pêrlu sangêt sagêdipun lumêbêt ing siti, kangge [kang...]

--- 353 ---

[...ge] matêngakên têdhaning tanêman, pramila mênawi macul utawi maluku, sitè-(5) nipun prayogi ingkang garing (sampun mawi toya) ananging mênawi sitè-(5) nipun atos sangêt, rêkaos pamacul utawi pamluko-(5) nipun, kenging ugi kaêlêb rumiyin 2 dintên, ing wanci sontên kaêsata babar pisan, enjingipun lajêng kapacul utawi kawluku ngantos rampung, punika têrus kaêsat dumugi kapacul kaping kalih, yèn taksih atos, inggih kaêlêb toya malih, ananging mênawi badhe kapacul, kaêsata ngantos dumugi anggaru. Mênawi anggaru kêdah mawi toya, supados sitè-(5) nipun sagêd ajur saha waradin, sarta toya wau kangge wawas mêndhak mêndhukulipun siti, pundi ingkang botên kaclapa-(?) n toya, tôndha mêndhukul (inggil) ingkang toyanipun lêbêt punika panggenan lêgog, pêrlu sangêt siti wau kêdah waradin (watêrpas) pamrihipun yèn dipun ilèni toya sagêd racak lêbêtipun.

Mênggah kajêngipun siti dipun pacul, dipun waluku, sarta dipun garu ngantos êmpuk dados lêndhut§ lêndhut, ing Surakarta botên wontên, punapa sami kalihan êndhut. sapisan: hawa tuwin bêntèring surya sagêd gampil rumasukipun dhatêng siti, punapa malih toya gampil rumêsêpipun. Kaping kalihipun supados oyoding tanêman gampil lampahipun, sarta sagêd nunjêm lêbêt, sadaya tanêman mênawi oyodipun [oyo...]

--- 354 ---

[...dipun] panjang akathah punika sae, amargi pangisêpipun têtêdhan kathah.

Pasabinan ingkang sitè-(5) nipun lêndhut cêthèk, bilih katanêman pantun, waktu matun katingal ijêm, mênawi sampun mapak godhongipun katingal abrit, amargi oyodipun sampun dumugi ing siti ingkang atos, punika hawa tuwin bêntèring surya botên sagêd têrus, pramila tanêmanipun lajêng kêra. Damêl titikan ingkang gampil, mênawi nuju nanêm palawija ing môngsa katiga, damêla balumbangan ing môngsa rêndhêng kaurug, lajêng katanêman pantun, ing ngriku lajêng katingal kemawon, panggenan tilas balumbangan tanêmanipun tamtu ijêm anggênggêng, sanèsipun abrit anglêntrih, sabab tilas balumbang wau sitinipun ingkang êmpuk lêbêt, oyodipun panjang taksih manggèn ing siti êmpuk, têtêdhanipun kathah, panitikan ingkang kasêbut ing nginggil, sagêd anggugah panggraitanipun kônca tani, adamêl saening siti murih prayogè-(5) nipun dhatêng tanêman.

Rumput-rumput punika dados mêngsahing tanêman ingkang pinulasara, sabab rumput ugi nêdha têtêdhan ing siti, pramila sarananipun kêdah kasirnakakên (kawatun) supados têtêdhanipun mligi katêdha dhatêng tanêman ingkang pinulasara piyambak, sarta botên ngaling-alingi hawa tuwin bêntèring surya.

--- 355 ---

Mênawi matun, rumput kakêmpalakên ing galêngan rumiyin, lajêng dipun bucal, sampun ngantos kapêndhêm ing siti ngriku, anjawi sagêd thukul malih, mênawi bosok andadosakên sirên, zuren ambêntèri oyod.

Perangan 6

Sanajan patrapipun adamêl saening siti, sampun kula sorahakên, pandugi kula para tani ingkang taksih kasêngsêm dhatêng kawruh kina, dèrèng pitados amargi dèrèng kathah sasêrêpanipun kahanan ing jagad ingkang agal miwah alus, saha dayanipun satunggal-tunggaling kahanan, mila pêrlu sangêt kêdah kula sorahakên. Ing awang-uwung sajêmbaring ngantariksa punika kaisi kahanan ingkang alus, 4 warni kados ingkang sampun kacariyos ing perangan 2 inggih punika, 1. Oksigenium, 2 karbonium, 3. Nitrogenium, 4. Hidrogenium, kahanan kawan warni wau sinêbut hawa utawi angin, iku migunani sangêt dhatêng gêsang kita tuwin tanêman, kahanan kawan warni wau sanèsipun karbonium, wontên ing ngantariksa sami wor-winoran nanging botên nunggil kahanan (sabadan sanyawa), awit mênawi sami nunggil kahanan lajêng sanès warni, kados ta: hidrogenium warnè-(5) nipun alus botên katingal, mênawi nunggil kahanan oksigenium sabagian, hidogènium [hidogèni...]

--- 356 ---

[...um] kalih bageyan, punika lajêng dados toya katingal, inggih toya jawah tuwin toya ingkang kula ombe sabên dintên. Toya mênawi kaêpe: lajêng udhar saking panunggiling kahanan, wangsul ing asalipun piyambak-piyambak (musna botên kêtingal) wontên ugi ingkang sampun nunggil kahanan ananging taskih botên kêtingal, inggih punika kulsir salpètêrsir, koolèuur salpetelèuur, tuwin amoniak amonia nanging namung sakêdhik.

Mênggah satunggal-tunggaling kahanan wau sapunika kula gancarakên.

Taksih wontên sambêtipun

Guru bantu ing Karanganyar, R. Pringgasubrata

Kawruh Pêlikan

Sambêtipun Candrakanta ôngka XV kaca 320.

Pêlikan punika ugi anggadhahi sikêp warni-warni kados dene jasad sanès-sanèsipun, inggih punika cêpêng utawi [uta...]

--- 357 ---

[...wi] ikêripun balêgêring jasad ingkang awujud satunggal, sikêp, cêpêng utawi ikêripun balêgêring jasad wau angwontênakên wawrating dhasar, upaminipun pêlikan warni kalih kadota: jêne, kalihan têmbagi ingkang sami agêngipun, punika mêsthi botên sami mênggahing wawratipun, makatên punika ingkang dipun wastani wawrating dhasar, awit saking punika wawrating dhasaripun satunggal-tunggaling jasad wau mawi dipun watoni miturut timbangan toya pahatan ingkang bêntèripun 4 grad sèlsius (40o C) sarta dipun wastani dhasar miturut timbangan toya, ing têmbung walandi kawastanan soortelijk gewicht (sor têlêkgêwich = wawrating dhasar, ing piwulang kawruh etang sarta wangun (vormleer) sasaminipun ugi asring dipun wastani specifiek gewicht mênggah têrangipun makatên, mênawi badhe namtokakên wawrating dhasaripun, satunggaling jasad, jasad wau kêdah kawawrat, sapintên wawratipun lajêng kapara kalihan sapintên wawratipun toya pahatan ingkang sami kathahipun ingkang bêntèripun (40o C) sapintên wicalanipun ingkang pinanggih paran punika nêdahakên wawrating dhasaripun jasad wau pranataning timbangan, takêran sarta ukuran ingkang kangge karajan Nederlan punika kawatonan paugeran mètêr (meter) saha dipun wastani metrik stelsel (Metriek-Stelsel) sapara dasanipun satunggal mètêr winastan satunggal dhèsi mètêr utawi palêm, toya rêsik [rê...]

--- 358 ---

[...sik] inggih punika toya pahatan satunggal dhèsi mètêr kubuk utawi satunggal palêm kubuk (cubieke) (decimeter = d. M. d M3) punika dipun angge paugêran wiwiting petang takêran saha timbangan, saminipun mètêr kangge paugêran wiwiting petang ukuran, sadasa mètêr dipun wastani satunggal dhekamètêr (decameter) saparadasanipun satunggal mètêr dipun wastani satunggal dèsimètêr, (decimeter = d.M) barang cuwèr ingkang takêripun sadhèsimètêr kubuk dipun wastani salitêr, sadasa litêr nama sadhekalitêr, saparadasanipun satunggal litêr nama sadhèsilitêr enz enz, wawratipun toya pahatan satunggal (dhèsimètêr kubuk, 1 dM3) ingkang bêntèripun 40C punika dipun wastani satunggal kilogram utawi pon (pond) kados upaminipun timbêl satunggal dhèsimètêr kubuk wawrat 11352 kilogram, punika nêdahakên bilih wawrating dhasaripun timbêl (specifiek gewicht) wontên: 11352 amargi takêripun timbêl sarta toya wau sami 1 dM3 nanging wawratipun tinimbang toya 1 dM3 utawi 1 Litêr (L) sampun langkung, yèn makatên specifiek gewicht of sortelijk gewicht punika kenging kula wastani wawrating dhasar miturut timbangan toya.

Sarèhning jasad punika sanadyan botên tunggil bôngsa saking pangrekadaya sagêd sami wawratipun, pramila kawruh nyumêrêpi

--- 359 ---

wawrating dhasar (Specifiek gewicht) punika agêng sangêt paedahipun kangge ambedakakên bangsanipun, ing ngandhap punika pratêlanipun wawratipun dhasaripun pêlikan sawatawis ingkang pêrlu kasumêrêpan.

Sortelijk of Specifiek Gewicht

1. Platina§ platina punika klêbêt dhatêng golonganipun logam ingkang adi utawi logam rajapèni, têgêsipun ingkang kathah pangaosipun: sami-sami logam kalêbêt awrat piyambak, warninipun pêthak klawu kados dene waja sulak klawu, platina, punika saking têmbung Sêpanyo plata, pikajêngipun salaka, dene têmbung platina pikajêngipun kados salaka = mèmpêr salaka, wondene ingkang nyumêrêpi wontênipun platina rumiyin piyambak punika tiyang Sêpanyol ingkang sami bubak jêne kala taun 1748 wontên ing tanah Amerikah sisih kidul, Mangkudimêja. gêmblongan: 22069, gêbagan: 20337, êmas: 19362, timbêl: 11352, salaka: 10474, têmbagi: 8878,tosan: 7788, rêjasa (tin): 7291, sing: 6861, walirang: 2038.

R.L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta

Nanêm gudhe

Tiyang nanêm gudhe punika ingkang limrah namung kangge mêmanising patêgilan kemawon, kaplisirakên wontên pinggir minôngka pagêring têtanêman utawi kalarikakên wontên ing têngah,

--- 360 ---

ewa samantên mênawi katanêm ing siti ingkang wiyar inggih kenging, sarta sasêlaning gudhe kenging katanêman katela pohung, nanging pananêmipun mênawi gudhe sampun thukul ing nginggilipun kalih wêlas dim reinlan, wohipun gudhe punika kenging kasade taksih nèm, kangge janganan, mênawi kasade sampun sêpuh ingkang ngantos garing wosenipun, kangge pêpanganan, sadangan pajêng tigang dasa sèn.

Nanèm wijèn

Siti patêgilan kawaluku ingkang lêbêt lajêng kagaru ingkang alus, sarampungipun lajêng kagula-gula wiyaripun kawan kaki lajêng kasêbaran wijèn, ingkang prayogi wijèn pêthak punika kathah rêginipun, ing dalèm sakati pangaos gangsal sèn.

Ngabèi Rêksa Astana

Nanêm Sêdhah

Nanêm sêdhah punika prayoginipun ing môngsa sakawan sampun wiwit nanêm lanjaran, dene lanjaran sêdhah punika ingkang sae kajêng kelor, amargi dhatêng sêdhah botên angayomi warninipun jêne, raosipun pêdhês.

--- 361 ---

Dene pratikêlipun nanêm kajêng lanjaran amiliha panggenan ingkang tênggar, ananging sêsagêd-sagêd ingkang cêlak toya, dados botên rêkaos ing panyiramipun, siti ingkang kapilih wau lajêng dipun dhudhukana; 8 cM, lêbêt wiyaripun, dene panjangipun dipun dugia badhe sapintên kathahing pananêmipun, ing têngah kadhudhuka malih 50 cM lêbêt wiyaripun, kakintêna sacêkapipun kajêng lanjaran ingkang badhe katanêm, lajêng kacêmplungna saha lajêng dipun urugana siti dhudhukan wau, amung mênawi wontên brangkalipun saha banon alit-alit kapilihana, sampun ngantos katut kaurugakên, dene ingkang dipun urugi namung 50 cM. Ingkang katanêman kajêng lanjaran wau sêsampunipun kaurug lajêng dipun ênêta saha dipun idak-idaka supados madhêt, sabên enjing sontên kajêng lanjaran ingkang sampun katanêm kasirama ing toya, supados enggal gêsang utawi lajêng sêmi, mênawi kajêng lanjaran wau sampun wontên antawisipun gêsang, luwangan ingkang 80 cM. Kadhudhukana badhe kangge nanêm sêdhah wau, pandhudhukipun dipun kintêna 10 cM têbihipun saking kajêng lanjaran, supados sampun angongkalakên, lêbêt wiyaripun antawis 25 cM mênawi sampun rampung ing pandhudhukipun lajêng amêndhêta wiji sêdhah, amilaha êlung (golor) ingkang agêng saha ingkang warninipun ijêm sulak pêthak, punika ingkang sae

--- 362 ---

katanêm, amargi mênawi pamêndhêtipun wiji wau kalintu ingkang golor sulak abrit kurang sae, inggih punika ingkang dipun wastani golor cacing, enggal gêsang saha kathah indhikipun ananging botên sagêd carangan, manawi sampun pamêndhêtipun wiji lajêng katanêma ing luwangan wau, patrapipun pananêm makatên: papan ingkang badhe kangge nanêm sêdhah wau lajêng kaurugana ingkang 10 cM lajêng kasukanana toya sawatawis, siti lajêng kapênêda ingkang lêmbat, sasampunipun wiji sêdhah kacêmplungna ing luwangan, ananging dipun lêkêra watawis 2 utawi 4 êros supados kathah tuwuhing oyodipun, lajêng kablêsêkna ingkang tandhês, sarta kaurugana ing siti dhudhukanipun siti wau kalayan dipun wowori lêmèn (rabuk) kakintêna saparasakawan, pangurugipun kalayan dipun sarêngi toya supados madhêt ngiras kangge nyiram, sêdhah ingkang katanêman katangsulana ing gadêbog garing angsal kajêng lanjaran sarta lajêng anglothokana gadêbog ingkang taksih sae lajêng katutupna ing sêdhah, ingkang ngandhap katancêbna, sabên enjing sontên sêdhah wau kasiramana, mênawi sampun wontên antawisipun gêsang, gadêbog tutup wau kabucala supados sêdhahipun angsal hawa bêntèr, sabên 15 dintên pucukipun sêdhah wau katangsulana angsal kajêng lanjaran, supados lêstantun marambat watawis 6 utawi 7 wulan tamtu sampun carangan [ca...]

--- 363 ---

[...rangan] sarta sampun kenging kaundhuh.

Wondene pangundhuhipun caranganing sêdhah mênawi sampun godhong 3 utawi 4 lêmbar, ingkang salêmbar ing ngandhap piyambak kangèngèhna supados lajêng sagêd tuwuh caranganipun malih. Punapadene pamêndhêtipun kêdah ajêg, kados ta: saupami ngèngèhan punika thukul caranganipun malih ngantos 3 utawi 4 lêmbar pangêthokipun inggih ingkang mêntas kapêndhêt rumiyin wau, amêsthi raosing sêdhah ingkang mêntas kaundhuh lajêng sagêd agêng saha tuwuhipun carangan kathah, dene pêmêndhêtipun kadah ing wanci enjing utawi sontên dados sêdhah botên kantrak, mênawi sêdhah wau sampun inggil amurih sampun ngantos risak pangundhuhipun mawi pirantos ôndha pangantèn dene patraping panyandhik sarta pamêthik punapadene panyimpênipun, sarèhning punika kagolong garapanipun tiyang èstri kula botên sagêd angaturakên, botên langkung muhung kula sumanggakakên.

Ing Ngimagiri kaping 10 Mulud Dal 1831

Saking kawula dalêm pamagang ingkang gumadhuh ing kabupatèn Ngimagiri pun Suwarta.

--- 364 ---

Tanêman

Sami-sami tanêman klapa punika langkung maedahi dhatêng manungsa tinimbang kalihan tanêman sanès-sanèsipun, kados ta: pêlêm, kuwèini, pakèl, sabên taun namung awoh sapisan, tarkadhang namung pradapa. Wiwiting pananêm dumugining pangundhuhipun 8 taun, mênawi sampun awoh tumaruntun botên wontên kêndhatipun, mila mênawi dipun ingah sêpuh, sabên wulan sagêd ngudhunakên saudhunan sakêdhikipun kathahipun 15 iji mawi awon saening siti ingkang katanêman wit kalapa saking papan tênggar utawi ayom, kapêndhêt têngah-têngahipun, satunggaling wit kalapa ingkang sae ing dalêm sawulan sagêd ngudhunakên 10 iji 1 rêgi 5 sèn x 10 = 50 x 12 = f 6. Dados wit kalapa satunggal ing dalêm sataun mêdal nipkahipun f 6 rupiah. Mênawi wit kalapa sadasa inggih f 60 rupiah, lo kok kathah.

Sami-sami sêkar asor, sêkar pacarbanyu punika kalêbêt agêng piyambak pamêdalipun, pasitèn ingkang wiyaripun 12 kaki kubuk bilih katanêman sêkar pacarbanyu sagêd mêdal asilipun ing dalêm sadintên 2 1/2 apêsipun 1 1/2 sèn, kapêndhêt sêdhêngipun ing dalêm sawulan ngalêmpakipun sagêd pajêng 50 sèn. Gunggunging dalêm sataun 6 rupiah, dene [de...]

--- 365 ---

[...ne] ingkang ragi kathah pêpajênganipun sabên malêm jumungah sarta malêm anggara kasih kangge bucalan dhatêng panggenan ingkang kiwa-kiwa, supados ingkang ambaurêksa ing ngriku botên salah damêl angganggu. Dene pananêmipun sêkar pacarbanyu gampil kemawon, wijinipun ingkang sampun cêmêng kasêbarakên sami thukul piyambak anarucuk, sarta botên susah kadhangir, anggêr botên kapintên siramipun, sêkaripun tanpa kêndhat, sanadyan sêkar pacarbanyu punika botên sagêd lami gêsangipun, nanging têtuwuhaning wijinipun saya angêrda, kuciwanipun botên kenging dipun rosani pananêmipun, saupami nanêm sêkar pacarbanyu kados pananêming sêkar sumba: badhe bubruk.

Radèn Ngabèi Sastradilaga

Damêl Arêng Kajêng Warni-warni

Kajêng ingkang pinilih dening têtiyang damêl arêng punika ingkang sae piyambak amung kajêng kasambi, sanèsipun kajêng kasambi asor sadaya.

Tiyang damêl arêng punika kêdah damêl tobong (pawon) ingkang kadamêl sela ingkang agêng-agêng kajèjèr katumpuk-tumpuk inggil 1/2, panjang 1 1/2, wiyaripun 1 mètêr, mênawi badhe katanêman kajêng ingkang ngandhap pisan kadhasarana awu, pêrlunipun garing.

--- 366 ---

Kajêng ingkang badhe kabêsmi kakêthokana panjang cêlakipun kaukura sacêkaping pawon, sarampunging pangêthok, kajêng lajêng katata sap-sapan katumpuk ingkang rampak, sadèrèngipun katatanan kajêng, latu wiwit kadadosakên, rampung panatanipun kajêng sanginggiling kajêng wau kasukanana aram§ punapa êram, mênawi dede êram kula dèrèng sumêrêp têgêsipun Red. godhongan ingkang taksih têlês sarta ingkang kandêl, lajêng kaurugana siti lêmbat, ugi ingkang kandêl pêrlunipun sampun ngantos amblêg sisih, sanadyan amblêga inggih ingkang rampak, tamtu kajêng ingkang kabêsmi wau dados arêng sadaya, mênawi amblêgipun amung sisih kajêng ingkang dipun bêsmi: mogol mêntah matêng. Danguning pambêsminipun arêng sadintên sadalu, lajêng kadhudhah.

Pandhudhah arêng kêdah ngangge pirantos kados ta: sorok tosan tuwin toya, sorok punika kangge nyingkirakên awunipun aram utawi awu ingkang tumumpang ing aram, punika sampun lajêng dados satunggal kalihan arêngipun, amila kangge nyingkirakên awu, sasampuning awu kasingkirakên, arêng lajêng kasiram ing toya, sarampungipun arêng kaêlèr, manawi sampun asrêp lajêng kawadhahan ing kranjang. Sarêmbat rêgi 50 sèn. Ngabèi Rêksa Astana

--- 367 ---

Kawruh Kaelokan

1. Mênawi wontên gonja dhuwung ingkang mangkêluk, kacublêsna ing kajêng dhadhap srêp, kaêlak-êluka amêsthi manut kemawon. Enggalipun sakajêngipun ingkang gadhah sagêd kalaksanan.

2. Mênawi bêdhe jagong dhatêng sanès panggenan, bidhala saking dalêm kaangkah antawis kintên kirang kalih jam kalihan wiwiting unjuk-unjukan ing panggenan pakêmpalan wau, badhe mangkat bidhal angunjuka jênèwêr utawi brandi sagêlas alit, kêdah têlas sanalika, mênawi sampun dumugi ing pakêmpalan ngriku, ngunjuka sapintên kemawon, Insyallah botên sagêd wuru, ananging pangunjukipun botên kenging campuran. Mênawi saking dalêm ngunjuk jênèwêr, wontên ing ngriku inggih kêdah ngunjuk jênèwêr kemawon botên kenging ngunjuk brandhi, kosok wangsulipun, mênawi saking dalêm ngunjuk brandhi, wontên ing ngriku botên kenging ngunjuk jênèwêr.

3. Amêndhêta wiji sêmôngka ing sawatawis, lajêng kaisèkna ing cangkoking tigan ayam, ingkang namung bolong sawatawis ing pucukipun, bolonging cangkok kadalita mawi dalancang ingkang ngantos rapêt, sasampunipun lajêng kakêmpalna kalayan tigan ayam sanèsipun ingkang sawêg kemawon kaangrêman, lajêng katêngganan, botên kenging nêdha ngombe utawi kesah mênawi ayam ingkang angrêm wau botên angtêrêsianglêrêsi. saba, enggalipun mênawi ayam mau botên saba inggih kêdah siyam. Laminipun engga§ ngantos. dumugi panêtêsipun, mênawi sampun nêtês, cangkok ingkang isi wiji sêmôngka wau enggal kapêndhêta.

Tiyang ingkang anglampahi kados makatên, amêsthi sagêd nyulap damêl sêmôngka namung ing dalêm saprapat jam, wiwit nanêm wiji dumugi awohipun. Pratikêlipun makatên: anyèlèha siti sawatawis ing meja, wiji sêmôngka wau ingkang satunggil kadhêdhêra ing ngriku, lajêng katutupana mawi rinjing§ kados punapa? Red. botên susah dangu-dangu, sakêdhap kemawon lajêng kaungkabana, wiji wau amasthi sampun thukul. Katutupana malih sakêdhap, lajêng kabika,kabikaka. amêsthi sampun mulur panjang, salajêngipun makatên, ngantos rambah-rambah, dangu-dangunipun saprapat jam, wit sêmôngka

--- 368 ---

wau amêsthi sampun awoh nanging namung satunggal. Agênging woh raosipun botên beda kalayan sêmôngka ingkang kapêndhêt wijinipun rumiyin. Ananging kauningana, ing dalêm sadintên sadalu botên kenging andhêdhêr wiji langkung satunggil. Sarta ingkang andhêdhêr kêdah tiyang ingkang anglampahi tarekah ing nginggil wau.

Kawruh ing nginggil wau sanajan anglêngkara, ewasamantên kula kadugi tanggêl mênggah ing yakininipun, mila kula ngantos purun nyundhukakên ing ukêlipun rara Candrakanta, sintên ingkang sampun kalampahan nyoba môngka cabar, kenging lajêng paring dêduka dhatêng pun, Suryadipura, mantri panjuwal ing Mangu (Magêtan)

Sampun ta notog eram kula, ngungkuli ningali kumidhi Jêpan, sanadyan yêktining kawruh botên tilar sabab. Red.

Wangsulan

Kula sampun maos pandangunipun Rama Bagus Ngardah, abdi dalêm ngulama ing Surakarta, kamot wontên Candrakanta ôngka XV kaca 327 wêdalipun ing wulan Jumadilawal Besar punika. Suraosipun mundhut katrangan mênggah kawontênanipun kitab Tanajultarki, ingkang kula angge wêwaton anggèn kula mangsuli pitakènipun Radèn Munandar, bab prakawis wilujêngan Ngêsurtanah saha nigang dintên sêsaminipun. Mênawi panjênganipun rama badhe uninga kitab wau, salugunipun kula botên sumêrêp ingkang anggadhahi anggit, manawi têmbung Jawi saha dèrèng kaêcap, taksih sêratan kemawon. Namung kawontênanipun sêratan Ngarab kapara kula sawatawis mayar, amargi botên susah anjawèkakên, tuwin botên susah nyêrat aksara Walandi, amargi kula punika: nyêrat aksara Walandi malih yèn sagêda, tiyang ngungêlakên kemawon: jimbit§ bilih sayêktos, mênggah ing jaman sapunika anèh, nanging mênawi mirit brêgasing angkanipun Walandi sarta rum botên anèh, wah baud gondhil pegon saya: jamak. mila panjênênganipun rama

--- 369 ---

sok sampuna priksa. Dene pêthikanipun kados kula aturakên ing ngandap punika, lugunipun:

I. Punika bab kasiyate wong mati mulane dèn surtanah iku, ananahakên jisime lan olêse lan ngisêr tanahe, kang mau ana alam sahir, salin ana alam kabir.

II. Mulane wong mati dèn têlung dinani iku nyampurnakakên kang patang prakara, kaya ta: gêni, angin, banyu, bumi.

III. Mulane wong mati dèn pitung dinani iku nyampurnakakên wulu lan kulit.

IIII.Mulane wêong mati dèn patangpuluh dinani iku nyampurnakakên gawan saka bapa biyung, gêtih, daging, sungsum, jêroan, kuku, rambut, balung, otot.

V. Mulane wong mati dèn satus dinani iku sampurnaning sêsipatane badan wadhag.

VI. Mulane wong mati dèn pêndhak sapisan, iku sampurnaning kulit, daging, sungsum lan jêroan.

VII. Mulane wong mati dèn pêndhak pindho iku sampurnaning kaanan kabèh rupa kulit, gêtih, sungsum, mung kari kaananing balung.

VIII. Mulane wong mati dèn sèwu dinani iku nyampurnakakên gônda kanlan. rasa, ora ana rasane, ora ana gandane. Sèwu dina iku curiga pisah warôngka, ora ana curiga manjing warôngka, warôngka manjing curiga.

Kajawi ingkang kula aturakên kasêbut ing nginggil, mênggah kawontênanipun Tanajultarki wau bangsanipun Adam sarpin, mila kula sumôngga panjênêganipun rama Bagus Ngardhah, botên langkung bilih wontên kalêpatan kula ugi sampun kirang papuntên.pangapuntên.

Saking kula R. Sayid Budiman ing Klathèn.

Pitakèn

Kêrtu alit ingkang kangge kasukan cêki tuwin pèi, punika mula bukanipun ingkang yasa sintên ?, sarta kados pundi kajêngipun dene sagolong-golonganing kêrtu warni tiga, kados ta:

--- 370 ---

plompong, dèngkèk, rocina, tambur lincip§ ing Surakarta: tiga tambur. Pitakênipun Radèn Munandar ing nginggil punika, kados awis ingkang sagêd narbuka, sukur wontên. Pamanah kula ing atasing namanipun barang sajagad, punika sakawitipun amêsthi wontên ingkang namakakên, botên jumênêng pribadi, ananging sintên? Punika namung Nabi Kilir piyambak ingkang sagêd nguningani, kados ta: mata,N, mripat, Kr. Tingal, KI, soca, Kw, Ciplos, Ks barang satunggal anggadhahi nama gangsal, môngka pintên-pintên lêksa barang ingkang sampun kasumêrêpan namanipun prasasat botên wontên barang ingkang botên mawi nama, suprandosipun têtiyang: kathah ingkang sagêd èngêt, kabêkta saking gêsangipun, botên saking piwulangipun bapa biyung sarta gurunipun, punika botên makatên anggèr Krama (Rêksa) Wiyata ? Red. gunung, têlu cina} salajêngipun.

Mênggah anggèn kula nyuwun pitakèn bab sapele ing nginggil punika mugi sampun kagalih punapa-punapa, sayêktosipun namung katarik saking kadêrênging manah badhe sumêrêp.

R. Munandar mantri cacar ing Demak.

--- 371 ---

Mêmalad Lunturing Sih

Ing sêrat kabar Rêtnadumilah rumiyin wontên pambantu ingkang ngarah bab sorahipun agami Budha, wiwit saking lairipun Bathara Buda, ngantos dumugi sedanipun, cêcariosanipun sangêt anêngsêmakên.

Ingkang punika bilih para mitra, lênggananipun Sasadara wontên ingkang simpên têtêdhakanipun, mugi karsaa anglêbêtakên ing taman Sasadara utawi ing Candrakanta, supados kenginga kangge simpênan sadaya para lêngganan, punika badhe sapintên gênging panuwun kula utawi para lêngganan sanèsipun ingkang dèrèng kagungan, sukur badhe sèwu rama juru pangripta piyambak kagungan, mugi karsaa lajêng kacithakakên (kula sêpên Red).

Saking kula ingkang sangêt angajêng-ajêng, Suwarta, mantri guru ing Dêmak.

Pitakèn kula ingkang dhatêng radèn Wiryasubrata kamot ing Sasadara ôngka VII taun Dal ôngka 1831. Bab panili, ngantos sapunika dèrèng pikantuk katêrangan, bok mênawi Radèn Wiryasubrata sami pêtêngipun kados kula. Ananging kula nyuwun gunging pamêngku, botên pisan niyat anyoba dhatêng Radèn Wiryasubrata wau, mila pitakèn sawantahipun.

Ing sarèhning sapunika kula sampun manggih katrangan saking sêrat TIJDSCHRIJFT DE NATUUR dados pitakèn kula wau kula wangsuli piyambak, mugi sagêda amaedahi dhatêng para mitra lênggananipun Sasadara punika.

Bilih wontên wit panili sampun mangsanipun awoh, môngka dèrèng sêkar, utawi bilih ingkang gadhah wit wau niyat ngenggalakên sêkaripun, ing panggenan sêlaning gantèlan§ gantilan. godhong kalihan wit ingkang ngêdalakên godhong wau. Pundi ingkang katingal badhe mêdal trubusipun, punika kanyunyukana mawi tosan bêntèr, tosan kabêsmi ngantos mangah-mangah§ = mangangah Maar ulat mangah-mangah Red. sapêjahipun badhe trubus wau cariyosipun lajêng mêdal malih, malih sêkar. Walaualam bisawab.

Mas Suwarto, mantri guru Dêmak.