Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Ruwah taun Be, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 3 NOVEMBER 1902

--- 372 ---

Ngèlmu Alam

Bab Pêlikan

Barang ing bumi punika, ingkang botên kalêbêt ing golongan khewan, tuwin thêthukulan, sadaya botên gêsang kados ta: hawa, toya, sela, mas panunggilanipun.

Ingkang dipun wastani pêlikan, punika barang ingkang angwontênakên peranganipun bumi ingkang anjêndhêl, wêwahing agêngipun saking ing jawi, botên saking ing nglêbêt, kadosdene khewan utawi thêthukulan, pêlikan punika migunani sangêt dhatêng manungsa, sarta kathah ingkang pêrlu tumrapipun thêthukulan, sabab sitinipun kathah lêlunturanipun pêlikan wau, anjalari dados gêsangipun thêthukulan, kajawi saking punika wontên malih pêlikan, pêrlu badhe andadosakên latu utawi anjalari urubing dilah kados ta: arêng sela, lisah petrolium, saha wontên ingkang kangge pirantosing griya, wradinan, karêtêg sapanunggilanipun, kadamêl rêca-rêca, utawi rêrênggan sanès-sanèsipun, punapa malih kathah kadamêl jampi-jampi.

Pêlikan punika wontên ingkang murni, wontên ingkang woworan, ingkang murni punika peranganipun sami kadadosanipun, inggih punika ingkang dipun wastani menêral Meneraal dene pêlikan ingkang woworan kadadosan saking menêral warni-warni.

--- 373 ---

Menêral punika ingkang kathah botên gadhah wangun utawi amorêph Amorf dene ingkang mawi wangun, wujudipun kadosdene barang ingkang pandamêlipun sarananipun pranata ingkang watêsipun lumah waradin, wujud wau dipun wastani: kristal, Kristal = kristal punika warni-warni, kados ta sarêm, wujudipun kados kubus kubus (wangun gambiran), tosan brani kados wujud lumah wolu, tuwin sapanunggilanipun.

Menêral punika tugêlan utawi gêmpilanipun wontên ingkang waradin, wontên ingkang kadosdene gêmpilaning siti. Kajawi saking punika menêral wau kenging kabedakakên malih saking atosipun, katêrangan kados dene pratelan ing ngandhap punika, ôngka ingkang kapacak ing sawingking namanipun menêral punika, anantokakên atosipun: sêpèksêtin Speksteen 1 (timah langkung atos sakêdhik). Gipês Gips 2 (kuku dariji) walirang atosipun sami, mas, salaka langkung atos sakêdhik. Kalêsksêpat Kalkspaat. 3 Plusipat Vloeispaat.4 Apatik Apatied 5. pèlêdspat Veldspaat 6 (tosan brani, waja atosipun mèh sami)

--- 374 ---

Kwart Kwarts 7. Topas Topaas 8. Kerun korund 9. intên 10.

Intên punika atos piyambak tinimbang menêral sanèsipun, awit sagêd anggaris sadaya menêral ingkang kawrat ing nginggil wau, bilih badhe nyumêrêpi atosipun menêral, kêdah nyoba menêral-menêral ingkang kawrat ing pratelan nginggil punika, pundi ingkang sagêd anggaris menêral ingkang badhe dipun sumêrêpi atosipun saha pundi ingkang botên anggaris menêral wau,upami: bilih satunggaling menêral botên kenging kagaris ing 4 warni ingkang sakawit, ananging kenging kagaris ngangge menêral ingkang atosipun gangsal dumugi sadasa, dados atosipun menêral ingkang kapriksa katamtokakên 4 1/2 .

Kajawi saking punika bilih badhe nyumêrêpi satunggaling menêral, ugi kenging kayêktosan saking bobot, warni, cahya, bêning sapanunggilanipun, punika malih saking kadadosanipun.

Menêral punika kaperang dados sakawan,

I Sela-sela tuwin menêral ingkang sawarni siti. Menêral ingkang kagolongakên ing perangan punika, sadaya

--- 375 ---

botên kalêbêt ing perangan sanèsipun, dados minêral wau botên sagêd ajur utawi luntur ing toya botên kenging kaobong tuwin botên kawoworan tosan. Têmbagi, timah, toya raos, sêlaka, mas, platinah utawi mas pêthak, wontên ugi ingkang kawoworan, ananging upami woworanipun wau kapêndhêt, prabeyanipun langkung kathah tinimbang rêgining angsal-angsalanipun, dados nama botên kurup, jalaran saking sakêdhikipun.

2. Menêral ingkang sagêd kobong.

3. Menêral ingkang saêgd ajur utawi luntur ing toya.

4. Bangsanipun èrêt Erts

Bab I

Sela-sela tuwin menêral ingkang sawarni siti.

Ha. Menêral ingkang kadadosanipun mèh saking wêdhi utawi kisêlsur Kiezelsuur sadaya.

1. Borèh kristal Bergkristal (7) Menêral punika sagêd maujud kadosdene prismah juru utawi pojok nêm, ingkang dhasaripun piramidhê pojok nêm, punapa malih rêsik, bêning saha kalêbêt bangsanipun kuwarêt Kwarts = sadèrèngipun tiyang sagêd damêl gêlas, bèrêh kristal wau kadamêl cangkir-cangkir sêsaminipun, ananging sapunika amung kadamêl [kada...]

--- 376 ---

[...mêl] maripat-maripat kemawon, kados ta: maripat sêsupe sapanunggilanipun. Ingkang dipun wastani rinkisêl Rijnkiezel punika gêmpilanipun borèh kristal, ingkang wontên ing wêdhi lèpèn rin rijn. Sabab saking gosokan sadangunipun kèli saking switsêrlan zwitserland, dados gêmpilan wau sarêng dumugi ing ngandhap, wangunipun ragi bundêr.

Kuwarêt Kwarts punika mênawi kawoworan sodhah soda kenging kacuwèrakên, lajêng kadamêl gêlas sêsaminipun, kuwarêt punika ingkang kathah awarni wêdhi utawi kisêl, kizel siti punika kisêl utawi wêdhinipun kathah piyambak, tinimbang perangan sanès-sanèsipun. Rumput sêsaminipun punika botên sagêd thukul, bilih sitinipun botên isi kuwarêt, utawi bilih oyodipun thêthukulan wau botên sagêd angisêp kisêlsur Kiezelzuur saking kuwarêt Kwarts ingkang wontên ing siti wau.

2. Phirsêtin Vuursteen (7) utawi sela api, punika asalipun saking cangkok utawi griya khewan-khewan sagantên, ingkang gêsang sadèrèngipun bumi punika dipun ênggèni tiyang.

3.Pèlêdsêpat Veldspaat (6) menêral punika wontên ingkang wangunipun kadosdene prismah pojok nêm, ingkang [ing...]

--- 377 ---

[...kang] dhasaripun piramidhê pojok gangsal. PèlênsêpatPèlêdsêpat. punika kadadosan saking kisêlsur Kiezelzuur kalihan siti tawas ingkang kawoworan kali, utawi natron Natron utawi kawoworan kali kalihan natron. Sabab saking hawa utawi têlês, pèlêdsêpat wau kenging kapilah dados barang warni kalih, kisêlsurê kali Kiezelzure kali utawi kisêlsurên natron Kiezezure natron inggih punika woworanipun kisêlsur Kiezelzuur kalihan kali Kali utawi natron Natron, sagêd ajur wontên ing toya, saha pêrlu tumrap gêsangipun thêthukulan 2 Kisêlsurê alunardhê Kiezelzure aluinaarde, inggih punika woworanipun kisêlsur Kiezelzuur kalihan siti tawas, punika botên sagêd ajur saking toya, namung dados saperangan agêng tumrapipun siti lêmpung.

Ing Switsêrlan zwitsêrland wontên Pèlêdsêpat Veldspaat ingkang cahyanipun mèh kados motiara, menêral punika dipun wastani adhular adular.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata. Abdi dalêm juru sêrat II Kabupatèn Pulisi Surakarta

--- 378 ---

Bab Thukulipun Kawruh Palintangan

Golonganing Surya

Sambêtipun Candrankanta VI ôngka VI ka 256

Kacariyos mênggah Kèplêr wau pancènipun pinatah sinau kawruh agami, ananging botên andadosakên sênênging manahipun, mila botên kadumugèkakên, pêrlu marsudi kawruh wiskindhê, ing nalika taun 1594 Kèplêr dados guru ing Ginasiyêm kitha Gras Graz ing ngriku (1596) ngêdalêkan sêrat cinirèn Mijsterium Cosmographicur ingkang sêrat wau isi katêrangan pathokanipun Kopèrnikus wêwaton kawruh kodrat sarta kawruh pilosophi. Sêrat wau sagêd anggèndèng manahipun pujôngga Itali, nama Galilèi-Galilèi Galilei (ingkang = Galilei, sampun nate têpang sêrat kemawon) (kalihan piyambakipun) sarta dhatêng pujôngga palintangan bôngsa Dhin awasta Tijge de Brahe Galilei wau mênggah ing pamanggihipun sami kalihan Kopèrnikus, ananging pamanggihipun Tijge de Brahe botên.

Kèplêr dhasar nyata limpat sarta padhang nalaripun, ngantos angeram-eramakên, kacêtha saking sadaya pamanggihipun, sarèhning sampun malêbêt ing agami Protèstan mila kapêksa kesah saking kitha Graz, jalaran botên badhe malêbêt agami [a...]

--- 379 ---

[...gami] Rum malih.

Kalêrêsan dene (piyambakipun) = Kèplêr lajêng kabantu (dening) = dhatêng Tijge de Brahe (limrah kasêrat): Tijcho de Brahe manut cara Phranès, ananging lêpat (ingkang) = amargi nalika samantên manggih kalêpatan wontênipun ing kadhaton Dhènêmarkên, ananging lajêng kaangkat dening = dhatêng sang prabu Rudhalêph kaping kalih Rudolf II§ putra Kèizêr Maximiliaan II 1572 jumênêng ratu ing Hongarije, 1575 ing Bohêmên, 1576 Kèisêr ing Dhitlan, wasis ing kawruh alkimiah lan panujuman, 1552-1612 (Brouwers Encijclopaedie). dados abdi dalêm pujôngga palintangan ing ngiku Kèplêr tumut andamêl dhaptaring sadaya planit ingkang kaetang manut papriksanipun Tijge de Brahe, sapêjahipun Tijge de Brahe ing taun 1601, Kèplêr anggêntosi kalênggahanipun, kaparingan ing sabên taun f 500 pinôngka têdhanipun.

Mênggah etang-etangan ingkang kangge andamêl dhaptar wau, punika ingkang adamêl kuncaraning namanipun, awit piyambakipun = Kèplêr lajêng manggih pathokan utawi pêpacaking awang-uwung. Mênggah pêpacêk ingkang misuwur wau kawastanan pêpacaking Kèplêr, awit piyambakipun = Kèplêr ingkang sumêrêp rumiyin.

Pêpacak wau ingkang sapisan suraosipun makatên: margining sadaya planit anggènipun ngidêri surya sami awangun èlips ellips. Dununging surya wontên ing salah satunggiling branpên Brandpunt

--- 380 ---

Miturut pamanggihipun Kopèrnikus rumiyin, margining sadaya planit anggènipun ngubêngi surya sami bundêr lêrês, sarèhning Kèplêr nyumêrêpi rikat abêring lampahipun bumi ing sabên-sabên panggenan, sarta sagêd nyumêrêpi têbih cakêting surya ing sabèn môngsa, inggih punika mirit saking agêng aliting surya katingalipun saking bumi ngriki (mênawi bumi têbih saking surya, katingalipun surya alit, saya cakêt sangsaya agêng katingalipun), wêkasan jalaran saking bab wau sadaya Kèplêr lajêng gadhah panggraita, ingkang pancèn lêrês yèn margining bumi punika awujud elips ellips, makatên ugi (piyambakipun) = Kèplêr inggih anyatakêkan margining planit sawatawis.

Ing Wusananipun jalaran saking panitipriksaning liyan ugi lajêng kacêtha, yèn pêpacak wau tumôngja dhatêng sadaya planit, sarta kenging kanyatakakên sarana kawruh wiskindhe, yèn ellips wau mèh kenging kapêsthèkakên dados margining sadaya wujud ingkang ngidêri wujud sanès minôngka pêpusêripun.

Pêpacak ingkang kaping kalih anêdahakên rikat abêring lampahipun sadaya planit nalika bumi ngubêngi surya.

Pêpacak ingkang kaping tiga amot timbanganipun wêktuning ngidêri

--- 381 ---

kalihan têbihipun satunggil-tunggiling planit saking surya.§ Murih têrangipun, para maos kula aturi mariksani: Ilmoe Alam III anggitanipun Dr. J.A.C. Oudemans. kaca 71-78 bab De derde wet van Kepler.

Ing sapunika kawruh bab gêgolonganing surya mindhak kathah sangêt, botên namung sagêd sumêrêp kadospundi ebahing sadaya planit kemawon, ananging ugi sagêd sumêrêp pêpacak ingkang mranata ebahing planit wau sadaya.

Pujôngga ingkang anggiyarakên kawontênaning pêpacak wau, sagêdipun ngêdalakên saking pêpêtêng dhatêng pêpadhang, anggènipun ngêngetang sarana sarèhing manah, tabêri sarta pamêsuning budi, ngantos dalancang ingkang kangge ngetang kathahipun sadasa rai, dene sadaya pangetangipun sami kaambalan kaping pitung dasa, kangge nyingkiri lêpat, môngka sayêktosipun piyambakipun = Kèplêr punika malarat sangêt, dados gêsangipun kalêbêt sangsara. Ing salêbêtipun pêrang 30 taun,§ Pêrang ing tanah Dhitslan 1618-1648 Sang Prabu Kèisêr linawan ing mêngsah kathah sarta karajan môncanagari. Rampunging pêrang (dening) saking pirukunan ing Munstêr Munsteri. balônja pêparingipun sang prabu kacêlêd ngantos kapêksa nglampahi dados juru nujum, supados cêkapa ingkang kaêdol. Ananging sadaya wau botên sagêd nyêkapi bêtahipun, nalika [nali...]

--- 382 ---

[...ka] Kèplêr ing têun 1631 sowan dhatêng Regens Burg supados Sang Prabu Kèisêr karsa amaringana§ têmbung supados lêrês angsal sambawa na: supados amaringan of maringna, nanging bilih sampun kasêlan jêjêr wangsul dados i kriya, utawi ke kriya kados ta: supados sang prabu keisêr karsa saha maringi utawi maringakên Red. malih balanjanipun lami ingkang kacêlêt, jalaran saking jèngkèl sarta susahing manah sakalangkung (= jalaran saking sakalangkung jèngkèl sarta susahing manah) lajêng dhumawah ing sakit sangêt, ing nalika tanggal kaping 14 Nov 1631 piyambakipun Kèplêr mantuk dhatêng jaman kalanggêngan, pêjahipun Kèplêr kenging kaupèmèkakên sêraping surya, ingkang mêntas anggiyarakên padhanging cahyanipun dhatêng sadaya planit, brêgas sangêt Red.

Ing sapunika umpaking kawruh ingkang langkung sae ing atasipun palintangan gêgolonganing surya sampun dados, ing wêkasan kathah para marsudi budi ingkang tansah ngudi jangkêping kawruh wau.

Ing nginggil sampun kasêbut pujôngga Itali nama Galilei (1564-1642) ingkang misuwur namanipun jalaran saking kanggenipun mêmêngsahan kalihan agami. Sanajana sasampuning rampung anggènipun mêmariksa, lajêng kèndêl kemawon, ananging piyambakipun [pi...]

--- 384 ---

[...yambakipun] ugi tumut kaetang anggiyarakên sarta nyampurnakakên kawruhipun Kopèrnikus, punika malih piyambakipun punika manggih kawruh warni-warni bab mekhanikah (werktuigkunde) = kawruh bab bobot timbanging barang sarta ebahing barang-barang ingkang pêrlu sangêt tumrapipun kawruh palintangan.

Inggih Galilei punika ingkang rumiyin piyambak ngangge pèrêkèkêr, kadamêl nitipariksa langit (mênggah kêkèr wau sapisanipun damêlan ing nagari Walandi) = ing ngriku piyambakipun (Galilei) sagêd sumêrêp yèn lumahing rêmbulan punika sitinipun parêdèn, sarta anêdahakên ugi yèn tiyang sagêd ngukur inggiling rêdi-rêdi wau sarana ngukur wêwayanganipun, ingkang dhumawah ing siti ngriku. Ing nalika piyambakipun nitipariksa lintang têtêp, lajêng sumêrêp yèn nèpêlplak (nivelvlek). Blêntong-blêntong ing langit katingal pêthak rêmu-rêmu kados pêdhut, katingal pêpisahan ijèn-ijèn kados lintang-lintang têtêp, mila lajêng gadhah panggraita yèn lintang bimasêkti yêktosipun lintang-lintang têtêp ingkang tanpa wicalan kathahipun, makatên ugi piyambakipun ingkang sumêrêp rumiyin yèn planit mèrkurius lan phenus inggih molah-malih wujudipun, kadosdene rêmbulan, dene planit-planit wau, inggih punika wujud bundêr kêplêng, pêtêng tanpa cahya, kados dene [de...]

--- 384 ---

[...ne] punika.

Malah ing nalika tanggal kaping 7 Januari 1610 piyambakipun Galilei sagêd sumêrêp rêmbulanipun planit yupitêr. Ing ngriku piyambakipun ngintên yèn punika satunggiling gêgolonganing surya nanging alit, manut pangintênipun Kopêrnikus makatên, (piyambakipun) Galilei sagêd sumêrêp gêlanganing planit saturnus, nanging dèrèng sagêd nyatakakên kadospundi wanguning gêlangan wau.Sarta malih sagêd ningali bêlang-bêlanging surya, ingkang dados jalaran sagêd sumêrêp yèn surya punika ugi mungsêr ngubêngi indhênipun.

Galilei dhasar agêng kaluwihanipun ing atasing kawruh palintangan, inggih piyambakipun Galilei ingkang miwiti ngulur sadaya ingkang aèng-aèng kagathukakên kalihan sadaya kadadosan ingkang limrah ing sabên dintên, angwontênakên kêkênthêlaning nalar mirit samudaya, pasisir, sadaya Surakarta ingkang sampun nyata, kadadosakên pêpacak, wusana panitipariksa ingkang dados watoning pêpacak wau jalaran saking punika lajêng kathah panyana-nyana ingkang tanpa katêrangan, ing sapunika angsal waton ingkang mantêp.

Ananging sampun parmaning Gusti ingkang Maha Agung, sang kuncara suryaning kawruh palintangan ugi lajêng timbrêng dumugining sêrap, jalaran [jalar...]

--- 385 ---

[...an] kalingan dening mêndhunging kasusahan, wuta, budhêg, tanpa tilêm sarta prihatining manah ngalêmpak dados satunggil kadosdene sampun sabiyantu angrêridhu sêraping gêsangipun sang kuncara, ingkang nêmahi kasirnan cahya ing nalika tanggal kaping 8 Januari 1642 wontên ing pangkonipun Vinceso Viviaui inggih punika muridipun ingkang ênèm piyambak. Red.

Taksih wontên sambêtipun

Partawidigda. Ngawi 1-6-902

Ikêtanipun R. Partawidigda: Brêgas sayêktos, mênggah têmbung-têmbung sawatawis ingkang kula kurung punika pamanggih kula dede ikêtan Jawi, ikêtan Malayu kados ta têmbung: ingkang kanggenipun ing ikêtan Jawi, namung ingkang punika = mungguh ingkang ênèm = sing ingkang rayi = e, botên kenging sumambung ing ukara enggal sarta lajêng dados jêjêr, kados ta: kula bai tan, ingkang lajêng anjaring ulam, sang prabu sinewaka ingkang lajêng andhawuhakên pangandika sapanunggalipun ingkang suraosipun makatên, punika dede ikêtan Jawi, ikêtan Malayu. Red.

Sakalangkung atur panuwun kula ing rama juru pangripta, dene sampun karsa paring katêrangan ing pitakên kula kasêbut ing Candrakanta blz 344 ing bab rêbah jêjêging swara I-II.

Kaping 26 Sèptèmbêr 1902. Pun Wiryasubrata.

--- 386 ---

Dongèng pinanggihing kawruh bab têlegram

Salugu kula mirit saking cariyosipun têtiyang sêpuh, yèn têlegram lan sapanunggilanipun punika asal saking nalar utawi kawruh ingkang karumiyinan dening kaanan (kapinujon).§ Bokmênawi bangsaning sêtum ugi makatên M.S.

Kacariyos: kirang langkung 100 taun sapriki, ing tanah Dhit wontên satunggiling gêrma nem-neman kesah ambêbujêng namung angsal pêksi bango satunggil, ciptaning manah nêja dipun ingah. Mantukipun saking ambêbujêng ngambah têpining rawi nyambi nubruki kodhok badhe kangge têdhaning pêksinipun, sadugining griya kodhok katêdhakên sawatawis, kantun tiga kangge ngengehan enjingipun, lajêng kacanthèlakên ing paku têmbagi ingkang pinakokakên dhatêng pagêr sing§ ing Surakarta sèng. angsal lan saka tosan saha ngandhap korugan rimpilaning arêng sela. Kocapa sarêng gêrma badhe nêdhani pêksinipun kagèt akanthi gumun aningali kodhok ingkang sami cumanthèl punika pating kroncal kados gêsang, sarêng kapêndhêt katingal pêjah, kacanthèlakên malih lajêng pating kroncal kados ingkang wau, enggaling cariyos kaanan makatên punika kapirêng ing ngakathah saha ngantos katitipariksa dening tiyang sagêd, kêpanggihing nalar cariyosipun: iluning kodhok, têmbagi, sing, tosan lan arêng sela wau pinanggih saraos (rasaning tunggal) ... gêsang. Awit saking punika sarèhning bôngsa Eropah wau pinunjul ing budi dhatêng saniskaraning kahanan, pramila dêdamêlanipun ing sapunika tansah adamêl gumun sarta amayarakên lêlampahan ingkang sakalangkung rêkaos.

Mênggah dongèng ing nginggil punika kayêktosanipun kula ugi sampun sumêrêp, ananging sampun dados pirantos sarupi masin, inggih punika wontên ing kantoripun tuwan Dr. Boorsma ing golonganing Pharmagologisch laboratorium ing kitha Buitenzorg wondene masin wau bumbunipun botên beda kalihan têlegram telêpun utawi pirantos karosan makatên, amung kemawon§ têgêsipun punapa? Sarta sampun nate kula sarwe. ing ngriku mawi pirantos kangge anggêsangakên kewan alit-alit kados ta; marmut,§ = marmot Red. tikus lan kodhok ingkang nêmbe pêjah kangge nyoba racun damêlanipun tuwan Dr. Boorsma wau.

Mangunsuwirya.

--- 387 ---

Pitakên

Sêmut irêng anak-anak sapi, kêbo bongkang nyabrang ing bêngawan, keong sacarak sungute, timun kang gotong wolu, Surabaya gègèr kapati, ana wong ngoyak macan, dèn wadhahi bumbung, wringin kurung Kartasura, gajah mêta cinancang wit sidaguri, patine cèkèr ngayam.

Kadospundi mênggah têgêsipun uran-uran ing nginggil punika. Sintên ingkang ngarang, mêthik saking sêrat punapa,

Dêmak 19 Septêmbêr 1903, pun Walidi

Pitakèn ing nginggil kula wradinakên dhatêng para pambantu ing Surakarta, sintên ingkang sagêd, mugi lajêng sukaa katrangan, kula piyambak botên sagêd. Red.

Katur ing panjênênganipun rêdhaktur Candrakanta ing Surakarta.

Mênawi kaparêng ing panggalih kula nyuwun barkah katêrangan bab angrêsiki gadhing ingkang sampun lami, supados rêsik pulih kados kala enggal.

Mênggah katrangan wau kula suwun mugi kapacaka wontên ing Candrakanta. Sangêt panyuwun kula sih pitulungipun Rêdhaktur.

Wusana kula matur nuwun.

21/9 '02. Wadana guru Banyumas Abdulah

Pitakènipun priyantun wadana guru ing Banyumas kula wradinakên dhatêng para pambantuning kabar Candrakanta, sintên ingkang sumêrêp mugi lajêng sukaa katrangan kula piyambak botên mangrêtos. Red.

--- 388 ---

Kula nuwun, kasêbut pitakènipun katandhan nama Wiryasubrata, ing Candrakanta ôngka XVI kaca 346, kula botên sagêd aminangkani, awit anggèn kula mratelakakên makatên wau botên mirit saking kanyataan, amila bilih kapurih dumuk taunimuntaunipun. nalika wontên grahana sataun kaping 7 têmênipun kula botên sagêd, amargi dèrèng nate nrênjuhi. Anggèn kula sagêd amratelakakên sataun sagêd wontên grahana surya sarta wulan, kathah -kathahipun kaping 7 punika (botên kaping 24) kados dene ingkang kasêbut ing bab kaping XI (grahana surya tuwin wulan) ing adêg-adêg sapisan sarta kalih Candrakanta ôngka XI). Amung mirit wêwaton saking kasêbut bab kaping IX (bab wulan) dumugi kaping XI ing Candrakanta ôngka XI, cublikan saking sêrat têmbung Walandi bab ilmu alam, anggitanipun tuwan Dr. J .A. C. Oudemans dados botên wêwaton saking kanyataan, sarta sanadyan wontêna kayêktosanipun, kados mêksa botên sagêd katingal ing sadonya.

Bilih panjênênganipun ... Wiryasubrata têmên kumêdah badhe pariksa dhatêng bab punika, kados panjêngênganipun rama Radèn Sastraadirênggapunika sintên? Punapa Bagus Ngardhah, bilih têmên, kasèp têmên pamirêng sampeyan anggènipun winisudha sampun rambah kaping kalih, sarta santun nama kaping kalih. Red. botên kewran dhatêng pitakèn wau, pramila mênawi andadosakên dhanganing panggalihipun rama ugi kaparênga angandharakên bab kala wau wontên pasamuaning sêrat kabar Candrakanta, saiba badhe bingah sarta panuwun kula dhatêng panjêngênganipun rama.

Pun Prawirawiyata

Sambêtan panjarwanipun Radèn mas Suwita, kendhangingkondhanging. Sasadara miwah Candrakanta, dhatêng pitakènipun Sumitra Abdul Salam Candrakanta ôngka XVI kaca 347.

Saking pangintên kintên kula mênawi anggèning ngupadosi sastra ingkang kasingitakên namung sarana kaèngêt-èngêt kewran, kados-kados pinagihipunpinanggihipun. tuna dungkap, sagêd ugi kirang pratitis, mênggah saking sasêrêpan kula punapa botên langkung prayogi, ngangge waton drijining tangan, satunggal-tunggaling driji wontên watakipun piyambak-piyambak, kados ta: driji ênthik watak 1, jênthik manis watak 2, panunggul watak 3, panuduh watak 4 jêmpol watak 10. Mênawi watak driji tangan wau kagunggung 1+2+3+4+10 = 20 inggih punika pinanggihipun sastra sadaya, satunggal-tunggaling [sa...]

--- 389 ---

[...tunggal-tunggaling] watak kayêktosana angênggèni kalih pada lingsa, sadaya wontên sangang pada lingsa, namung pada pungkasan dhawah driji jêmpol ingkang miyambaki, kados makatên patrapipun: lare kalih ingkang cangkriman kalayan ingkang mêthèk, lare ingkang cangkriman nyêrat aksara la, lajêng kasingitakên lare ingkang mêhèk wau lajêng ura-ura, ing sabên-sabên kalih pada lingsa anggèning ura-ura lajêng kèndêl, pitakèn dhatêng ingkang cangkriman. Punapa sastra panyêratipun wau kasêbut wontên ing kalih pada lingsa ingkang kaurak-urakakên wau, wangsulanipun kêdah satêmênipun: wontên utawi botên, ing ngandhap punika kula damêl upami: sigra kang bala tumingal, acampuh samia mêdali§ tirah sawônda. wontên lare ingkang mêthèk lajêng nêngêri drijinipun ênthikjênthik. lajêng katêkuk. Lir thathit wilêting gônda, muncarnya mangundhang nitibotên, danyang gung amônca niti. wontên driji jênthik manis katêkuk. Benjang sang aji mijil, lathinya mêdali wuwus, wontên driji panunggul katêkuk. Brastha surawilaga§ botên dhustha surawilaga. kaya buta singa wrêgil, wontên driji panuduh katêkuk. Pasthi jôngga dhêndhanya mangambak baya, botên driji jêmpol botên katêkuk, sabab ing pada punika botên wontên, mila inggih botên dhèrèk kapetang.

Sasampunipun lare ingkang mêthèk mau lajêng ngetang watak driji tangan ingkang katêkukakên kasêbut ing nginggil, inggih punika: 1+2+3+4 = 10 punika lajêng kaetang uruting carakan 10 wau dhawah aksara punapa kados ta: ha na ca ra ka, da ta sa wa la, inggih punika la.Makatên salajêngipun.

Sarèhning cangkriman punika sampun limrah kangge ura-ura, pambatangipun ugi kêdah kaurak-urakakên ing ngandhap punika:

--- 390 ---

Ingsun arsa amêrcèka, sastra jawa kang piningit, jajal-jajal ngadu jaya, dhasar guna angulati, sastra jawa puniki, kalih dasa kathahipun, nanging murca satunggal, kang dadi rasaning ati, bokmênawa kang disingit, aksara la.§ ing Surakarta uran-uranipun botên makatên, kados ing ngandhap punika: ingsun ambadhe cangkriman, pêthi mênga banyu bèji, sastra kang munggèng gêndhaga, sun badhe saking ing jawi, kabuka warnanèki, tan lyan: anacarakèku, datasawalapadha jayanyamagabathangi, baya-baya sun badhe aksara ...

Karangan kula punika kula caosakên ing panjênênganipun R Ms Suwita, minôngka wêwahing katêrangan, mugi sampun andadosakên ing panggalih.

Wusana mênawi lêpat sasêrêpan kula punika para nupiksa mugi paring pangaksama.

R Munandar

Wangsulan

Anggèr Radèn Sayid Budiman ing Klathèn, sakalangkung panuwun kula anampèni wangsulan sampeyan ingkang tumrap ing Candrakanta ôngka XVII ingkang kapêngkêr punika, awit kitab Tanajultarki pegon ingkang sampeyan angge wêwaton wilujênganipun tiyang ajal, surtanah, nigang dintên salajêngipun, sanadyan kitab wau botên kantênan ingkang nganggit, utawi salêrêsipun kêdah nama primbon, ewadene sintên ingkang purun ngangge wêwaton punika, angsal landhêsan, namung kuciwanipun dene dèrèng wontên ingkang mêdal cap-capan, dados kangelan sangêt anggènipun ngupados kitab wau, tarkadhang tulus botên sagêd angsal,

--- 391 ---

Kitab sêratanipun tiyang Jawi kina asring wontên corekan tumrap ing tapihipun kibkitab. wau, nanging botên karpatelakakên pêthikan saking kitab punapa, mila botên kenging dipun lacak katêranganipun, corekan wau têmbung Arab, amratelakakên pangandikanipun Kajêng Rasul, suraosipun: sidêkah sapisan, punika ganjaranipun lêstantun dumugi sidêkah ingkang kaping kalih salajêngipun, kados ta sidêkah surtanah dumugi 3 dintên, 3 dintên dumugi 7 dintên, 7 dintên dumugi 40 dintên, 40 dintên dumugi 100 dintên, 100 dintên dumugi pêndhak sapisan, pêndhak sapisan dumugi pêndhak kaping kalih, pêndhak kaping kalih dumugi 1000 dintên lêstantun salaminipun.

Wusana andadosna kawuningan, wêwatonipun sarengat agami Islam, madabipun Kangjêng Iman Sapingi, kasêbut ing kitab-kitab ngelmu phakih saphingèn, sawarnining sidêkah ingkang dipun tamtokakên waktunipun, kados ta nigang dintên, mitung dintên sapanunggilanipun, punika sadaya dipun cêgah, dipun wastani makruh utawi bidêngah ingkang awon, tangèh yèn angsala ganjaran, wondene kitab-kitab ingkang sami mratelakakên makatên wau kakathahên yèn kula mratelakna sadaya, ing makemangke. namung kula mratelakakên satunggal kemawon, cêkap kaanghekaangge. ngupadosi, ingggih punika kitab, Inganatutalibin, anggitanipun Sèh Bakri, ing nagari Mêkah, taksih lugu têmbung Arab, cap-capan ing nagari Mêsir, jilidan ingkang kaping kalih, bab jhanajhah kaca 143.

Pamirêng kula bôngsa Cina ugi anindakakên wilujêngan surtanah, tigang dintên sapiturutipun wau, mênggah ingkang makatên wau kilap tiyang Jawi ingkang niru Cina utawi Cina ingkang niru tiyang Jawi. Kula botên têrang, dene parincèn wijangipun sidêkahing bôngsa Cina ingkang sami kalihan tiyang Jawi, pamirêng kula kados ing ngandhap punika: sur tanah, nigang dintên, yèn Cina mastani Siyune, mitung dintên yèn Cina mastani cojat, ngawan dasa dintên yèn Cina mastani cosun, nyatus dintên yèn Cina mastani copèkjit, pêndhak sapisan yèn Cina mastani cotwini, pêndhak kaping kalih yèn Cina mastani noni, nyèwu dintên yèn Cina mastani twi acosani

--- 392 ---

kol yèn Cina mastani coki

Mênggah têrangipun wilujêngan ingkang makatên wau kula sumanggakakên panjênênganipun babah buyut, cowacukwan, kondhanging Sasadara bab têmbung Cina

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta, Bagus Ngarphah

Kangmas Ngabèi Wirapustaka, asarêng punika kula ngaturakên panjurung sêrat Budha Gotama, têdhakan saking sêrat kabar Rêtnadumilah, awit saking panêdhakipun Mas Suwarto, mantri guru ing Dêmak, sarèhning pamurihipun supados kangge simpênan bilih kang Mas kêparêng kula aturi dhatêng ing tambahan kemawon, dados badhe sagêd ngalêmpak sajilid.

Kasêrat tanggal kaping 5 Rêjêp Be 1832, Suraprabawa

Sêratipun Mas Ngabèi Suraprabawa ing nginggil punika kula pacak wontên ing Candrakanta, minôngka têtalining kasagahan yèn sêrat Budha Gotama badhe kapacak wontên tambahanipun wontên kabar Candrakanta sarta minôngka panuwun kula kalihan mas Suwarta anggènipun sami kasêmbadan sêdyanipun.

Awit saking punika panêdhanipun Candrakanta sagêda nampèni ngèngrèngipun sêrat Budha Gotama satamatipun pisan, supados mênawi rêdhaktur saha mas Ngèbèi Suraprabawa anggadhahi sabab dhatêng Candrakanta, wêdaling cariyos Budha Gotama badhe botên kandhêg, awit kandhêging cariyos, adamêl kuciwaning kabar Candrakanta. Red

--- 393 ---

Katrangan têmbung-têmbung ingkang dipun pitakèkakên dhatêng rama. Red. Ing Candrakanta XVII blz . 350-353

Imês: dede: amês (siti têlês) punika ing têmbung walandi Humus.

Siti Humus ingkang kathah dumunung wontên ing wananawana. agêng. Kêdadosan saking kêkajêngan gapuk, ingkang sami rêbah sarta êpang-êpang, gêgodhongan,wowohan, sêkar-sêkar sêsaminipun ingkang sami dhawah ing siti, tuwin bosokaning sato-sato, lami-lami ngêmpal dados siti (mèmpêr lêmèn) punika ingkang nama siti humus, sumôngga rama. Red. Ingkang makatên wau pantêsipun nama siti?§kula ugi botên sumêrêp, ngompol: saèns, madhuk, inggih sanès punapa marug ? utawi blubur Red. amargi pakèwêd anggèn kula Jawèkakên, pramila ing ngangêngngajêng. kula sampun prasêtya cotho sangêt dhatêng têtêmbungan Jawi,punapa malih têtêmbungan mônca.

Kawlos = kanclap kakêmbêng, (kawradinan utawi kakêlêm ing toya) kangge mawas mêndhak mêndhukulipun siti, supados waradin.

Lêndhut = êndhut sampun lêrês.

20 X1902. R Pringgasubrata

Lêpating panyêrat Candrakanta blz 304 r 7 vo Kyahi Lees Kyai, yèn kyai lagi nêsu, elinga mangkene: e, aku ...