Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1902, #1802
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-01, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #204.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-02, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #423.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-03, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #424.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-04, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #425.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-05, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #426.
6.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-06, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #427.
7.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-07, #1802 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #428.
8.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-08, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #429.
9.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #430.
10.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-10, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #431.
11.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-11, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #432.
12.Candrakanta, Radya Pustaka, 1902-12, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #433.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Siyam taun Be, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 2 DESEMBER 1902

--- 393 ---

Ngèlmu Tani

Sambêtipun Candrakanta 812 (ôngka XVII) taun II kaca 856

Oxijgenium

Oksigenium punika gêgolonganing hawa utawi angin, alus botên katingal, ing ngantariksa wontên, 1/5 bagean, migunani sangêt kangge napas kita, sabab manungsa tuwin khewan mênawi narik (nyêrot) napas punika mêndhêt oksigenium kadamêl ngêjur têtêdhan ing wadhuk, wontên ing ngriku ingkang sabagean ngêmpal sarining têtêdhan, kaisêp ing rah kawradinakên ing badan sakojur, ingkang sabagean anunggil kahanan kalihan karbonium Carbonium ingkang wontên ing têtêdhan, karbonium sabagean, oksigenium kalih bagean, lajêng dados kulsir Koolzuur mêdal saking irung utawi cangkêm, wontên ing ngantariksa lajêng dados têdhaning tanêman, kaisêp mawi sèl cangkêming godhong, karbonium kantun salêbêting godhong, oksigenium kawêdalakên, makatên ing sapiturutipun gilir gumantos-gantos. Gilir gumantos of gantos gumantos = gênti Maar gumantos-gantos = tansah Red.

Oksigenium ugi migunani angwontênakên latu, mênggah urubing latu margi saking dayaning oksigenium, sarta

--- 394 ---

malih gadhah daya sagêd damêl kêcuting têtêdhan, bosoking jasad, mênawi tiyang madhahi kêlan§ kêlan, ing Surakarta priya werkw jangan: aran zelfstandig nwd dados ing Karanganyar têmbung kêlan sami kalihan jangan. botên katutupan rapêt, tamtu dados kêcut (sayub) amargi saking dayaning oksigenium, makatên ugi sadaya bangke, bosokipun inggih saking dayaning oksigenium. Makatên ugi sadaya bangke, bosokipun inggih saking pandamêling oksigenium. Saupami kêlan upami bangke kawadhahan sêtoplès katutupan rapêt, sampun ngantos kalêbêtan oksigenium, amêsthi botên sagêd kêcut utawi bosok, kados ta: mêrtega, mèlêk, dhaharan utawi ulam ingkang wontên ing ngêblik§ ing Surakarta blèk Red. (Wêdalan toko). Sanajan lami (raka) inggih taksih sae, amargi oksigenium botên sagêd lumêbêt.

Ing pundi-pundi panggenan kados ta salêbêting toya,. Salêbêting siti ugi wontên oksigeniumipun, punika ingkang kangge angratêngakên têdhaning tanêman sabab sadaya kahanan ingkang badhe dados têdhaning tanêman, satunggal-tunggalipun dèrèng sagêd nunggil kahanan dados sotên zouten mênawi botên kapitulungan, oksigenium rumiyin, yèn sampun sagêd kataman, oksigenium sawêg sagêd dados [da...]

--- 395 ---

[...dos] sotên, têmahan ajur dening toya = saking toya, punika dening, bagus, dede: door Red kaisêp dhatêng oyosdingoyoding. tanêman.

Nitrogenium = N

Nitrogenium punika golonganing hawa utawi angin, alus botên katingal, kathahipun ing ngantariksa wontên 4/5 bagean, dados golongan ingkang kathah piyambak, pandamêlipun wontên ing dirgantara adamêkadamêl. pêpêr (angêndhokakên) dhatêng kêrasipun (kakiyatanipun) dayaning oksigenium, wau oksigenium sagêd ambêsni saiisining jagad, mênawi ing ngantariksa pinuju mêndhung utawi jawah asring angwontênakên oksigenium ingkang kêras (electriciteit) inggih punika balêdhèg ingkang suwantênipun mak jêbrèt sêru gumaludhug anggêgirisi. Ing ngriku oksigenium ingkang kêras lajêng nunggil kahanan kalihan nitrogenium, oksigenium, tigang bagian, nitroogenium sabagian, punika dipun wastani salpètêrsir (zalpeterzuuur) tumuntên katut ing toya jawah, wontên ing siti lajêng nunggil kahanan kalihan basên (bazen) saking kahanan ingkang agal, tumuntên dados sotên (zuoten) têtêdhaning tanêman kangge angwontênakên ewit (eiwit) ingkang dumunung salêbêting

--- 396 ---

sèl-sèl badaning tanêman, sabab badaning tanêman punika asal saking pakêmpalaning sèl-sèl, kawastanan sèl phrotoplasma (Frotoplasma) ingkang isi jasad kados pêthaking tigan, nama ewitstos eiwitstof (C. O. H. N.) satunggal-tunggaling sèl wau ingkang kathah wangun pasagi panjang sarta lêmbat sangêt, wanguning kulit kados impês, kasêbut sèl wan (wand) salêbêting sèl wau amot sèl alit-alit nama: kèrên kern sarta malih sèl pakuolên Vacuolen ingkang isi glikose glucose utawi dhripênsiker druvensiuker ((gêndhis ingkang ajur) (C.O.H = setmin ingkang sampun wêwah oksigenium)) sarta isi toya miwah bundêr-bundêran ijêm. Dados salêbêting sela sèl wau wontên jasad ingkang warni eiwit, sètmin, toya sèl, gêndhis, lisah, susu (powan) tuwin bundêr-bundêran ijêm. Glikose mênawi kawêwahan nitrogenium dados eiwit toph, sèl pakuolên wau gadhah toya kados sarêm, sagêd nariktoya ngantos manjing salêbêtipun sèl wau. Pramila saking dayaning sèl-sèl toya ingkang isi têtêdhan kaisêp ing oyod sagêd tundha-tumundha zie gilir gumantos gantos bov.red. dumugi ing godhong. Sèl-sèl protêptasmaprotêplasma (dan di tempat lain). wau sagêd mindhak-mindhak dados kathah wiwitanipun saking sèl karên wau, pramila tanaman sagêd mindhak [mindha...]

--- 397 ---

[...k] agêng inggilipun, amargi sèl-sèl sagêd tangkar-tumangkar kasinggihan. Red (manak-manak).

Mênggah pigunanipun nitrogenium kathah sangêt, sabab gêsanging sèl-sèl wau sarana mawi eiwit toph (C.O.H.N.) utawi sanès-sanèsipun ingkang sampun kasêbut ing ngajêng.

Carbonium (C)

Karbonium ingkang mligi (ontsar) warni kênthêl) kadosdene arêng, intên, utawi patot, ananging mênawi sampun nunggil kahanan kalihan oksigenium kalih bagian dados kulser (koolzuur) lajêng botên katingal (awor kalihan swasana). Karbonium pêrlu sangêt dhatêng tanêman sabab badaning tanêman, panganggenipun karbonium kathah sangêt, ing sèl-sèl protêptasma wau isi eiwit lan sètmin, punika kadadosan saking karbonium mênawi badaning tanêman kaobong dados arêng, pramila arêng wau inggih karbonium, ananging taksih kawoworan kahanan sanès-sanèsipun, toyan ingkang buthêk bilih kadekekan arêng sagêd bêning, bangke ingkang bosok kadekekan arêng botên mambêt, awit kasêrot (kaisêp) dening dayaning arêng wau.

Hidrogenium (H)

Hidrogenium punika gêgolonganing hawa utawi [uta...]

--- 398 ---

[...wi] angin, alus botên katingal, tanpa warni, tanpa gônda lan tanpa raos, ing ngawang-ngawang punika nitrogenium sadaya mèh sampun nunggil kahanan kalihan oksigenium, mênggah hidrogenium punika kahanan alus ingkang ènthèng piyambak, ènthèngipun tinimbang hawa tikêl 14 ½ tinimbang oksigenium langkung ènthèng malih tikêl 16 pramila asring kangge ngumbulakên ting wontên ing dirgantara.

Mênggah hidrogenium ingkang kathah wontên ing kukusing toya bêntèr utawi kukusing rêdi latu, mênawi kenging latu lajêng murup abêntèr nanging kirang padhangipun, yèn kalêrêp makatên, lajêng wontên oksigenium nunggil kahanan, sanalika tumut dados latu, sasampunipun cêkap anggènipun nunggil kahanan lajêng dados toya. Sampun kasêbut toya punika ingkang kalih bagean saking hidrogenium, sabagean, oksigenium, pramila pêrlu sangêt kangge gêsanging manungsa, kewan tuwin tanêman, awit sadaya wau mêsthi ngangge toya sarta malih salêbêtipun toya protêplasma eiwitstoph, miwah toya sami kadadosan saking hidrogenium.

Taksih wontên sambêtipun.

Guru bantu ing Karanganyar, R. Pringgasubrata.

--- 399 ---

Ngilmu alam, Bab pêlikan

Sambêtipun Candrakanta Blz 372

4 mikah mica (2-3)

Mikah punika cahyanipun sae, punika malih gampil kasigar. Sigaranipun bên ing sangêt saha kenging kapalêngkungakên, sabab saking punika ing tanah Sibèri Siberie mikah punika kadamêl jandhela tuwin sêmprong utawi brumbungan dilah, anggènipun langkung awèt timbang brumbungan gêlas sanès-sanèsipun, sabab botên pêcahan. Mikah punika kadadosan saking kisêlsur, kali sapanunggilanipun, ingkang amigunani sangêt tumrapipun siti patêgilan.

Na: menêral ingkang kathah kapuripun

1. Sela kapur utawi kalêksêtin kalaksteen. Ingkang dipun wastani sela kapur punika: woworanipun kapur kalihan kulsur koolzuur. Punika amaedahi sangêt tumrapipun siti, ingkang tanêmanipun badhe katêdha pawêdalipun, bilih sela kapur punika dipun obong, kulsuripun mêdal, kêkantunanipun dipun wastani gamping. Gamping punika bilih dipun soki toya lajêng umob dados ênjêt.

2. Sela marmêr (3 1/2). Wontên satunggaling bôngsa sela kapur ingkang nama sela kimakisma. utawi sela marmêr, warninipun pêthak utawi mawi galêr-galêr [ga...]

--- 400 ---

[...lêr-galêr] abrit tuwin wontên ingkang galêripun cêmêng, damêlipun kangge anrasah joganing griya sêsaminipun, punapa malih kadamêl umpak, rêrênggan griya, rêca sapanunggalipun, ing pulo Sumatra kathah selanipun marmêr kados ta: ing Tanah datar saha sanès-sanèsipun panggenan, ananging sami-sami sela marmêr, ingkang sae piyambak wêdalan ing tanah Italiyah, inggih punika wêdalan sacakêtipun kitha Kararah Carrara.

3. Kapur Walandi. Kapur Walandi punika ugi bôngsa kapur asal saking cangkok utawi griya kewan sagantên, ingkang gêsang sadèrèngipun bumi punika dipun ênggèni tiyang. Ingkang kathah asalipun saking pulo Engêlan Engeland awit sauruting pasisiripun pulo punika kathah unthukipun kapur wau. Ing pulo Kreta Creta tuwin ing pulo Rugên Rugen ugi kathah kapuripun Walandi, damêlanipun kapur walandi wau kangge nyêrat ing balabag panyêratan utawi bor bord .

4. Gipês Gips. Bilih woworanipun toya kalihan ênjêt dipun wowori swapêlsur zwafelzuur lajêng andadosakên kapur ingkang nama swapêlsurekalêk zwavelzure kalk utawi gipês = Gips punika pêrlu tumrap gêsangipun thêthukulan, gipês punika [pu...]

--- 401 ---

[...nika] damêlipun kangge ngusar tembok sêsaminipun, kuwali, golèk utawi, rêca tuwin sapanunggilanipun.

Ca Bangsanipun Siti

Menêral-menêral punika sadangunipun wontên ing siti utawi ing hawa lajêng sami papêthalan, pêthalanipun menêral punika bilih kawor kalihan humus, humus andadosakên siti warni-warni. Humus punika woworanipun jasat warni-warni asalipun saking thêthukulan utawi khewan. Bilih siti kathah humusipun tamtu sae.

1. Siti Wêdhi. Ingkang dipun wastani siti wêdhi punika siti ingkang wêdhinipun wontên 90 prêsèn, siti punika botên sagêd angêmu toya. Bilih humusipun kirang. Siti wau kirang sae.

2. Siti Lim Leem. Siti Lim punika humusipun kalih dasa prêsèn, kulsurêkalêk koolzure kalk gangsal pêrsèn utawi kirang, limipun sawidak prêsèn, pangisêpipun toya kathah, saha sagêd angêmu toya wau ngantos lami, siti punika awon, plikêt, panggarapipun rêkaos, inggih punika ingkang dipun wastani siti lincat.

3. Siti Kapur. Siti kasurkapur. punika ingkang kalih dasa prêsèn utawi langkung kulsurekalêk [kulsu...]

--- 402 ---

[...rekalêk] koolzure kalk saha kalêbêt siti ingkang awon, pangisêpipun toya kathah, kadosdene siti lim, nanging enggal garing.

4. Siti Mèrgêl mergel. Siti mèrgêl punika woworanipun kulsurêkalêk koolzure kalk kalihan lim, pangisêpipun toya kathah kadosdene siti lim, sitinipun ugi plikêt, ananging bilih garing lajêng sami nêla. Siti punika sae.

5. Siti Lêmpung. Siti lêmpung punika kadadosan saking kisêlsurêalunardhê kiezelzure aluinaarde kalihan wêdhi. Bilih siti wau kulsurêkalêk koolzure kalk tuwin humusipun gangsal dumugi kalihdasa prêsèn, dados siti sae sangêt, siti punika pangisêpipun toya kathah, tuwin sagêd angêmu toya ngantos lami, garingipun botên nêla.

6. Siti Humus. Siti ingkang kasêbut ing nginggil punika sadaya wontên woworanipun humus, wontên ingkang kathah wontên ingkang namung sakêdhik, bilih humusipun langkung saking kalih dasa prêsèn, siti wau dipun wastani siti humus, inggih punika siti ingkang sae piyambak.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata, abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 403 ---

Bab Pangrêksaning Badan

Miturut piwulanging suraosipun kitab pêkih kêkaranganipun Kangjêng Nabi Mukhamad, ratu binathara ing nagari Madinah, kados ing ngandhap punika katranganipun:

Ing salugunipun Kanjêng Nabi Mukhamad punika satunggaling ratu ingkang waskitha, kontaping prajam sumawur misuwur krêtarta amumpuni ing ngaguna: marta asih ing dasih, tandfhanipun sadaya sêrat karanganipun sami migunani tumrapipun dhatêng manungsa kados ta; angarang sêrat piwulang kangge pangrêksaning badan tumrap dhatêng para umat utawi kawulanipun ingkang dumunung wontên ing tanah Asiyah, awit ing tanah wau hawanipun anglangkungi saking bêntèr (prênahipun cakêt kat-istiwa) sêrat piwulang wau dipun wastani Kitab Pêkih.

Mênggah piwulang pangrêksaning badan ingkang kasêbut ing kitab Pêkih punika pêrlu sangêt kangge dhatêng sadaya manungsa, awit gêsanging manungsa sarana dados pêpulihipun (kêmpalaning) kodrating jiwa têgêsipun nyawa, ingkang tansah sumaring ing sadintênipun, jalaran jiwa ingkang sumaring wau gêsangipun kados urubing dilah ingkang lisahipun pancèn kangge namung sadalu, môngka kagêngên ing urub, ingkang tartamtu andadosakên jalaran enggalipun asating lisah, sasampuning lisah

--- 404 ---

asat, urubing dilah amêsthi tumuntên pêjah.

Kasêbat ing piwulang makatên;

1. Ing wanci tabuh 2 dalu dumugi tabuh 4 enjing, limrahipun tiyang ingkang dumunung wontên ing tanah Asiyah kodrating jiwanipun taksih sami ngêmpal, sarining jiwa botên sagêd mêdal saking badan, lêstantun anggèning manuksma wontên ing rah, bilih sampun wanci enjing kodrating jiwa amiwiti amèr, saking undhangipun agami rasul para tiyang sami kinèn sêsuci (toya wulu) amrih utaminipun adus jinabat pisan, saking pamanggih kula ingkang makatên wau kajawi sampun kawajibanipun para tiyang agami Islam, (agami rasul) wontên ugi pêrlunipun, inggih punika awanci wau amangsulakên kêmpaling jiwa ingkang amiwiti amèr, sasampuning sêsuci lajêng salat, ing salat wau winastanan salat subuh, pamrihipun sagêda anglêmêsakên otot ing salêbêtipun badan, awit otot ingkang kakên angandhêgakên lampahing rah, têmahan botên sagêd anartani asrêping panon (manoni) têgêsipun sarining toya ing batalmakmur (sirah) panggenanipun wontên satêngahing têlêng manik, sarining toya wau yèn ing têmbung Arab dipun wastani insan kamil, bilih têmbung Walandi dipun wastani antrèkên ingsun jalaran panon wau saupami kirang asrêp, andadosakên [andadosa...]

--- 405 ---

[...kên] bêntèring panon, trus anêmpuh ilining rah ingkang sami lumampah wontên ing wêwêngkoning utêk, rah ingkang kataman ing napas lajêng lumêbêt ing jêjantung, nalika kenging bêntèring rah andadosakên aluming mani, aluming mani botên sagêd adamêl bêning wêdaling rah, bêntèring rah tumuntên tangkar-tumangkar tumular ing badan, ing wusana andadosakên jalaranipun sêsakit panas, bèntên saupami katimbang ajêg lêmêsipun otot, tartamtu têbih saking sêsakit.

2. Ing wanci tabuh 12 siyang, kodrating jiwa sawêg nêdhêng amèripun, undhangipun agami rasul, kinèn sêsuci, pêrlunipun kados ingkang kasêbat ing bab 1: salatipun dipun wastani salat luhur.

3. Ing wanci tabuh 4 1/2 sontên kodrating jiwa sampun wiwit kêmpal, awit sampun kataman dening sawatawis hawa asrêp, undhangipun agami rasul kinèn sêsuci, pêrlunipun kados ing bab 1: salatipun dipun wastani salat ngasar.

4. Ing wanci tabuh 6 sontên, kodrating jiwa sangsaya tambah kêmpal, awit hawa tambah asrêp, undhangipun agami rasul kinèn sêsuci, pêrlunipun kados ing bab 1: salatipun kawastanan salat mahrib.

5. Saha ing wanci tabuh 7 sontên, kodrating jiwa anambahi kêmpal, awit kenging daya asrêping dalu, undhangipun

--- 406 ---

agami rasul kinèn sêsuci, pêrlunipun kados ingkang kasêbut ing bab 1: salatipun dipun wastani salat ngisa.

Ing saupami para tiyang ing tanah Asiyah wau kirang pangrimating§ pangopèn. badanipun, saking pangintên kula ingkang tartamtu asring-asring kataman ing sêsakit.

Dados sampun têtela sadaya suraosing kitab pêkih wau, amurih rahayuning badan ingkang supados awèt santosanipun, pamrih sampun ngantos angicalakên sari, awit kodrating jiwa ingkang botên suda sarinipun, ngantos dumugi ing jaman kamuksan taksih jangkêp (wêtah) titipaning trimurti, saengga =§ = ngantos. tumimbaling akir ing salêbêting gêsangipun botên darbe cacad, sarta luwar saking sangsara.

Sadaya ingkang kasêbat ing bab kaping 1, 2, 3, 4 sarta 5 punika namung tumraping badan kemawon, ananging wontên malih ingkang dumunung ing cipta (angên-angên) liripun makatên kados ta: cipta ingkang anglêrêsi arda, têgêsipun ngumbar karsa ingkang kathah-kathah, punika ugi dados jalaran dhatêng para tiyang ingkang dumunung ing tanah panas wau, pramila undhangipun agami rasul, sasampuning salat supados sampun pêgat ujinipun, mênggah pêrlunipun uji wau anglêmpêrakên tumangkaring [tu...]

--- 407 ---

[...mangkaring] karsa ingkang kathah-kathah, tumangkaring karsa wau bilih sirêp, ingkang mêsthi kuwawi anartani martani cipta, martaning cipta kuwasa angêmpalakên kodrating jiwa, ing wusana andadosakên wilujêng (widada) ing salajêngipun.

Sadaya ingkang kasêbat atur kula ing nginggil, saupami para maos wontên ingkang botên anayogyani mugi angêgungna samodra pangaksama.

Kaimpun dening Mas Ngabèi Prawiraamijaya, magang wadana dhistrik Jênggala I (Sidaarja)

Wangsulan

Anggèr Mas Prawirawiyata, mênggah pitakènipun Radèn Wiryasubrata kasêbut ing Candrakanta ôngka XVI kaca 346 kala taun ôngka pintên wontên grahana ing dalêm sataun ngantos kaping pitu, punika ing sadèrèngipun kula andumuk taun ingkang pundi, kula kêdah pitakèn rumiyin dhatêng Radèn Wiryasubrata, mênggah pitakènipun wau pêrlunipun punapa, mênawi sakintên badhe migunani dhatêng tiyang kathah inggih badhe kula dumuk, awit barèsipun kula piyambak inggih dèrèng nate nrênjuhi grahana sataun ngantos kaping pitu, ingkang sampun nate kula panggih ing petang kathah-kathahipun namung kaping nêm sataun, ewadene mênawi pitakènipun Radèn Wiryasubrata wau badhe migunani ing ngakathah kula inggih sagah wadal kangelan angupadosi taun ingkang wontên grahananipun ngantos kaping pitu wau, sarta kula namtokakên [na...]

--- 408 ---

[...mtokakên] badhe sagêd amanggih, awit prakawis punika botên mokal, salah grahana surya sawulan ngantos kaping kalih inggih botên mokal.

Kauninganan mênawi namung nêrangakên anggènipun botên mokal kemawon sanadyan punika kula ugi sagah, buku Elementa Astronomica ungêlipun makatên: Ajo etiam fierinon poffe, ut sol deliquium patiatur bia eodem menfe inuman oedem loco: neque etiam hoc unquam poffe contingere inuman duobus locis diverfis climatum borealium, qnam doque vero hoc contigerit inuman duobus locis ab aequatore disjunctis, uno inuman partem brealem, altero inuman auftrinam.

Têmbung Latin ing nginggil punika têgêsipun ing têmbung Jawi makatên: lan manèh kandhaku grahana srêngenge iku ora bisa kalakon rambah pindho ing dalèm sasasi katon saka panggenan siji bae, utawa panggonan loro kang karo-karone dumunung saloring lini kabèh, bisane klakon grahana srêngenge nganti rambah pindho ing dalêm sêsasi kudu tumrap ing panggonan loro kang lêt-êlêtan garis lini, kang siji ana saloring lini, sijine ana sakiduling lini.

Antaranipun grahana surya kêkalih utawi grahana rêmbulan kêkalih punika ingkang cêkapan nêm wulan, awit lampahing surya saking satunggiling bundhêlan dumugi bundhêlan sisihipun udakawis 6 sinodhi, ingkang sasinodhinipun 29 dintên, 12 jam, 14 mênut, 2 1/2 sêkondhê, dene ubênganing rêmbulan saking pèrigiumipun dumugi wangsulipun ing ngriku malih laminipun 27 dintên 13 jam 21 mênut, 8 sêkondhê.

Ewadene mênawi anglangkungi wulan ingkang agêng-agêng punika têrkadhang lêt 5 wulan kemawon sampun grahana malih, ingkang winastan wulan agêng wau mênawi surya pinuju cêlak sangêt kalihan bumi, dados lampahipun rikat sangêt, enggal dumuginipun [dumu...]

--- 409 ---

[...ginipun] ing bundhêlan, nanging lampahing rêmbulan pinuju rindhik sangêt.

Têrkadhang antawisipun grahana wau ngantos 7 wulan, inggih punika mênawi anglènggahi wulan ingkang alit-alit, têgêsipun surya pinuju têbih sangêt saking bumi, kados lampahipun rindhik sangêt, dangu dumuginipun ing bundhêlan malih, sarta lampahing rêmbulan pinuju rikat sangêt.

Wondene sagêdipun grahana surya sawulan ngantos kaping kalih punika awit saking lampahing surya sakalangkung rindhik, dados sadangunipun rêmbulan akalangan bumi ing pèrigium malih, mingsêding surya dèrèng langkah nêm grad saking bundhêlan panggenan anggènipun grahana ingkang rumiyin, nanging pasangipun kalihan rêmbulan sipat lêrêsipun saking bumi sampun ewah, kapara ngalèr utawi kapara ngidul, mila mênawi grahana ingkang rumiyin katingal saking lèring lini, grahana kaping kalihipun mêsthi katingal saking sakiduling lini. Utawi kosokwangsulipun.

Mênggah patrap pangetangipun grahana surya utawi rêmbulan amurih sagêdipun anamtokakên dintên saha wancinipun sarta sapintên krowakipun, ing têmbe badhe kapratelakakên wontên ing sêrat Sidhikala ingkang tumrap ing Sasadara.

Kula mitra sampeyan nalika wontên pamulangan agêng calon guru ing Prabalingga, bapakipun Iskandar guru ing Kaliwira, sapunika kula sampun winisudha saha santun nama.

Abdi dalêm ngulama ing Surakarta, Bagus Ngarphah.

Pitakênipun M Walidi ing Dêmak, Bab têgêsipun uran-uran: Sêmut Irêng, dumugi sapunika dèrèng wontên ingkang karsa narbuka, kados kagalih kêrèmèhên ing mangke kula rumaos kêjibah utawi kêtêmpah sêpuh, punika kula pikantuk cathêtan ing dalêm primbon, bokmênawi wontên tèmpèlipun.

--- 410 ---

Sêmut irêng sapiturutipun punika pralambangipun nagari:

1. Majapait, jumênêngipun Prabu Brawijaya ingkang wêkasan.

2. Dêmak Ngawantipura, jumênêngipun Sultan Sah Ngalam Akbar kapisan, kaping kalih sarta kaping tiga.

3. Pajang, jumênêngipun Sultan Adiamijaya.

4. Mataram, jumênêngipun Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga, dumugi jumênêngipun Kangjêng Sultan Agung Prabu Hanyakrakusuma.

5. Kartasura, jumênêngipun Sinuhun Mangkurat sapisan dumugi Sinuhun Pakubuwana kapisan.

Mênggah cariyosipun

Sêmut irêng, punika pasêmonipun putri ing Wandhan, nama Dèwi Sapudhi, kulitipun cêmêng.

Anak-anak sapi, sarêng kapundhut garwa pangrêmbe dhatêng Prabu Brawijaya, patutan satunggal kakung nama Radèn Lêmbu Pêtêng, kaambil mantu dhatêng Kyai Agêng Tarub.

Kêbo Bongkang punika pasêmonipun Kyai Agêng Kêbo Kanigara sarta Kyai Agêng Kêbo Kênanga ing Pêngging, awit sami darahing ratu binathara sarta sami putranipun kakung Sang Prabu Brawijaya, sarisaking karaton Majapait lajêng adêging karaton Dêmak, satriya kêkalih wau sami kasilêp.

Nyabrang ing bangawan, Kyai Kêbo Kanigara sarta Kyai Kêbo Kênanga sami murtat botên purun anut agami suci, têmahan Kyai Kêbo Kanigara muksa wontên ing wukir Marapi, Kyai Kêbo Kênanga balela ing ratu, kasedanan mulung saking karsanipun piyambak, dening Sunan Kudus. Nyabrang kali bangawan wau isbatipun ngambah utawi nyabrang dhatêng jaman kapatèn, utawi kasampurnaning pêjah.

Keyong gondhang crak sungute, punika pralambangipun Mas Karèbèt utawi Radèn Jaka Tingkir, keyong buron toya alit, mila dipun upamèkakên [u...]

--- 411 ---

[...pamèkakên] makatên, awit mêndhêt saking dêdunungan utawi kamulanipun Radèn Jaka Tingkir: saking tanah Pêngging punika kathah toyanipun umbul, cêrak sungute, dene bangsaning alit sagêd dados agêng jumênêng ratu amêngku tanah Jawi.

Timun wuku gotong wolu, punika pasêmonipun Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, sampun dados têdhak alit, sagêd dados agêng jalaran kapundhut putra angkat dhatêng sultan ing Pajang, jumênêngipun ratu saking pangangkatipun tiyang agêng wêwolu, inggih punika:

1 Kiyai Agêng Mataram, 2. Kiyai Agêng Jurumartani, 3. Kyai Tumênggung Mayang, 4. Kiyai Panjawi ing Pathi, 5. Pangeran Madepandhan 6. Kiyai Buyut Wirasraba, 7. Kiyai Jurukithing, 8. Adipati ing Batang.

Inggih priyantun agêng wêwolu punika ingkang anjunjung jumênêngipun ratu Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, mila dipun upamèkakên gotong wolu.

Surabaya gègèr kapati, punika pralambang bêdhahipun nagari Surabaya kala jumênêngipun Pangeran Ratu Agung ing Surabaya, ingkang rama Pangeran Ratu Pêkik, dening utusanipun sinuhun Sultan Agung ing Mataram, nama Tumênggung Mangunonêng akalihan Tumênggung Sapanjang, têtiyang ing Surabaya sami kagegeran.

Ana wong nguyak macan dèn wadhahi bumbung, punika pasêmonipun pêrangipun sinuhun Mangkurat ing Kartasura kalihan ingkang rayi Sinuhun Ngalaga (Pangeran Pugêr) wontên ing dhusun Kuwêl, kandhêg kapambêng ing lèpèn, wusana Sinuhun Ngalaga nglokro kèndêl ing pangramanipun, èngêt dhatêng wajibing pamundhinipun dhatêng sadhèrèk sêpuh, lajêng lumèngsèr kaprabonipun, wangsul dhatêng

--- 412 ---

kasatriyanipun, punika saking pambujukipun Tumênggung Urawan, utusanipun Sinuhun Mangkurat, mila dipun pralambangi: ana wong nguyak macan, têgêsipun ngoyak kraman, dèn wadhahi bumbung, dene kramanipun lajêng nutut botên mawi suwala, punika dipun upamèkakên kaelokan, macan dipun lêbêtakên ing bumbung, pancènipun angèl têka dados gampil.

Alun-alun Kartasura, gajah mêta cinancang wit sidaguri, patine cinèkèr ngayam, punika pasêmonipun nagari Kartasura wontên tiyang kraman nama Dirana, turunipun Buyut Dirada lurah srati, adêging pangramanipun wontên ing dhusun Ngenta-enta, sampun kathah ingkang sami suyut, mila dipun upamèkakên alun-alun Kartasura: gajah mêta, têgêsipun: talatah ing nagari Kartasura wontên kraman turunipun abdi dalêm srati. Tumuntên sang prabu utusan anglurugi kraman ing dhusun Ngenta-enta wau sarta mênawi kenging dikakakên nyêpêng gêsang, ingkang kautus Pangeran Pringgalaya, cêkaking cariyos pun Dirana sampun kacêpêng wontên ing Barabudhur, balanipun bibar sasaran, lajêng kabêkta dhatêng ing Kartasura, sampun kauningan dhawuhipun sang prabu: pun Dirana kinèn ngugêr wontên ing ngringin kurung, lajêng ingandikakakên ngrampok kalayan dom, wusana pêjah, mila dipun upamèkakên: cinancang ing sidaguri, punika pangugêripun wontên ing ngringin kurung, patine cinèkèr ngayam, pêjah kinrocok ing dom. Red.

--- 413 ---

Kula sampun aprasabên dhumatêng Mas Ngabèhi Suraprabawa, supados angintunakên têtêdhakanipun Sêrat Budha Gotama ingkang badhe dados tambahanipun Sêrat Candrakanta, ananging dumugi sapunika dèrèng kakintunakên sarta botên prasabên, mokal yèn cidraa awit ingkang sampun kula sumêrêpi botên nate: ngumbar sanggup mênawi botên sayêkti.

Kula ngaturi uninga bilih wêdalipun tambahan Candrakanta kacariyos Rangsang Tuban: sampun tamat, badhe wêdalipun tambahan wulan ngajêng punika dèrèng kinantên, punika bilih Mas Ngabèi Suraprabawa saèstu ambalenjani. Red.

Ngaturi katrangan ing panjênênganipun rama juru pangripta ingkang kasêbut Candrakanta XVIII blz 389.

1. Tirah sêwanda punika lêrêsipun samya.

2. Dhanyang gung amôncaniti, 3. dhustha surawilaga} punika botên kenging kangge ngetang cangkriman ingkang waton watak driji. Mila inggih lêrês uran-uranipun sumitra Mas Abdul Salam, muncarnya mangundhang niti, tuwin brastha surawilaga, dene kanggenipun dhatêng suraos sanèsipun kula matur solo botên sumêrêp.

R. Munandar

--- 414 ---

Susulan: lêpating panyêrat kula bab pinanggihing kawruh telêgram, ing Candrakanta wulan Ruwah kapêngkêr punika blz 386. 5 ingkang mungêl ± 100 taun punika lêpat, lêrêsipun ± 1000 taun.

Mangunsuwirya.