Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-02, #1803

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1903, #1803
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-01, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #206.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-02, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #434.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-03, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #435.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-04, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #436.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-05, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #437.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Dulkaidah taun Be 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 30 Januari 1903.

--- 437 ---

Ngèlmu Alam, bab Pêlikan

(sambêtipun Candrakanta blz 430)

7. Lisah Siti

Ing jaman sapunika mèh sadaya tiyang ngangge lisah sarana lisah siti, sabab saking punika lisah wau sapunika pajêng sangêt, dene kadadosanipun saking woworanipun jasad warni-warni kados ta kulsêtop (koolstof) watêrsêtop waterstof tuwin sanès-sanèsipun.

Lisah siti punika wontên tigang warni ingkang kênthêl dipun wastani: tir rêdi, utawi: bèrêhtir, ingkang ragi cuwèr dipun wastani: petroleum petroleum dene ingkang cuwèr sangêt dipun wastani naphtah (naphta) supados lisah wau kenging dipun angge, kêdah dipun rêsikakên sarana dipun paat, inggih punika dipun bêntèri, jasad-jasad ingkang andadosakên lisah wau lajêng sami angukus, wontên ingkang enggal, wontên ingkang dangu. Sasampunipun kukus wau asrêp, lajêng dados cuweran malih, sabab saking punika sagêd angwontênakên cuweran tigang warni inggih punika naptah, petroleum, kalihan lisah ingkang pêrlunipun namung kangge anglisahi pirantos pabrik, sêpur tuwin sanès-sanèsipun, naptah punika pêrlunipun kadamêl ngêjur barang ingkang badhe damêl panis, petroleum kadamêl lisah, inggih punika

--- 438 ---

minôngka lintunipun dilah-dilah lisah kalapa utawi lisah kacang, sabab lisah petrolèum punika rêginipun langkung mirah, tuwin urubipun langkung padhang tinimbang lisah kalapa utawi lisah kacang wau.

Lisah siti punika asalipun saking thêthukulan tuwin khewan-khewan ingkang ajur mumur sadèrèngipun bumi punika dipun ênggèni ing tiyang. Sarêng sumbêr-sumbêr petrolèum ing tanah Pèlsilpaniah kilèn, kasumêrêpan ing tiyang, sarta ing dugi-dugi botên badhe têlas-têlas, lisah wau lajêng kangge ing ngakathah. Sabab lajêng sagêd amilahakên jasad ingkang gampil urubipun utawi naptah, kalihan lisah panggosokan utawi jasad ingkang angèl urubipun, sarta ingkang ambêbayani, utawi nêniwasi, kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, ing tanah Eropah ugi taksih kathah malih sumbêr lisah siti. Bilih lisah petroleum punika dipun wowori naptah, botên kenging kadamêl lisah dilah, awit asring niwasi, sabab taksih gampil urubipun.

8. Turêp (turf)

Turêp punika warninipun siti têlês, asalipun saking peranganipun thêthukulan, ingkang bosokanipun kirang sampurna. Turep punika sasampunipun dipun êpe, lajêng kenging kaobong. Ing jaman kina kathah thêthukulan ingkang dados turêp,

--- 439 ---

ing sapunika ugi wontên, inggih punika ing panggenan ing thêthukulanipun sagêd subur, sarta kathah toyanipun, dene ingkang limrah, inggih punika ing rawa-rawa. Rawa ingkang wontên turêpipun punika dipun wastani: pin (veent), pin punika warni kalih, pin inggil kalihan pin andhap, pin inggil punika asalipun ing wana agêng, kados ta ing: tanah Bèiêrên Beieren wontên pin ingkang inggilipun langkung saking 1000 kaki, saking lumahipun toya sagantên, dene pin andhap punika kadadosanipun makatên: bilih thêthukulan ingkang gêsang wontên ing rawa-rawa wau pêjah, lajêng sami kêlêm, lami-lami lajêng bosok, ananging sarèhning sursêtop zuurstop ingkang wontên ing toya punika kathahipun kirang, tinimbang ingkang wontên ing hawa, dados bosokipun thêthukulan wau kirang sampurna. Botên antawis lami thêthukulan ingkang sampun kêlêm wontên ing toya wau katindhihan thêthukulan sanèsipun, makatên salajêngipun ngantos angwontênakên turêp pintên-pintên sap, sap ingkang nginggil dados turêp panjang, dene ingkang cêlak-cêlak punika saking sap ingkang ngandhap utawi saking salêbêtipun êndhut: ingkang wontên ing rawa wau. Turêp ingkang wontên ing êndhut punika pamêndhêtipun sarana pirantos kados dening jala kaêntasakên, lajêng kaêlèr wontên ing siti, ingkang [ing...]

--- 440 ---

[...kang] dipun dhasari rumput garing, salajêngipun kaidak-idak ing tiyang sarana (trumpah) balabag, bilih sampun atus, sarta sampun padhêt, lajêng dipun kêthok-kêthok tuwin dipun êpe. Turêp kalih warni wau kathah bolonganipun alit-alit, amila lajêng karingkês kapipit wontên pirantos ngiras cithakan, sabab saking punika turêp wau bobotipun lajêng awrat, sarta warninipun kados arêng sela. Ing tanah Bèiyêrên, mênawi dados latu (= dadèk gêni) ing kareta latu, sarana turêp punika.

Ingkang damèl turêp punika, ingkang kathah tiyang ing nagari Walandi, kados ta ing Groningên, Prislan, Opêreisêl, tuwin ing Drèntê. Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, ing Hanopêr Hannover, Oldhênburêh (Oldenburg), Bèiyêrên (Beieren), Badhên (Baden), Irlan (Jerland) tuwin ing Prancis, ingkang sisih lèr, ugi wontên pinipun.

9. Intên

Intên utawi menêral ingkang atos piyambak punika ugi kalêbêt iing. golongan menêral ingkang sagêd kobong, sarta kadadosan sakisaking. kulsêtop, sabab saking punika sampun têrang bilih intên wau sagêd kobong, ananging bilih pangobongipun botên wontên ing panggenan ingkang isi hawa sursêtop, êmpanipun ragi dangu.

--- 441 ---

Intên punika sasampunipun dipun gosok, warninipun bêning sarta cahyanipun mancorong, dene asalipun saking tanah Indhustan, Aprikah sisih kidul, tuwin ing pulo Borneo ingkang sisih kilèn sarta kidul. Kintên ingkang misuwur piyambak, sabab saking agêng sarta saening cahyanipun nama: koinur, têgêsipun: rêdi cahya, inggih punika kagunganipun sang raja ing Engêlan, rêginipun kirang langkung 40 yuta rupiyah.

3. Menêral ingkang sagêd ajur wontên ing toya

Sarêm.

Sarêm ingkang wontên siti punika panggenanipun wontên ingkang lêbêt sangêt, pêlikan sarêm ingkang misuwur piyambak, punika panggenanipun cakêt nagari Wilitsêkah (Wielitska) bawahing Ostênrikg Oostenrijk panjangipun ngantos lampahan pintên-pintên jam, sarta satunggal-tunggaling panggenan lêbêtipun ngantos wontên ingkang langkung saking 250 mètêr, inggih punika kintên-kintên 800 kaki. Tiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing salêbêtipun pamêlikan ngriku manggèn babar pisan wontên ing guwa sarêm punika, awis mêdalipun namung bilih badhe balônja utawi pêrlu sanès-sanèsipun kemawon. Kajawi saking punika ing tanah Sêpanyol, ugi wontên pêlikan sarêm, inggih punika ing sacakêtipun kitha Kordhopah.

--- 442 ---

Ara-ara wêdhi ing tanah Asiyah têngah tuwin tanah barat, wontên ingkang mêdal sarêmipun, amargi saking kathah utawi wiyaripun ngantos kenging dipun wastani: ara-ara sarêm. Bilih jawah: sarêm wau sami ajèr, sasampunipun garing: ara-ara wau ngantos sapaningal botên sanès ingkang katingal kajawi namung sarêm, sarêm ingkang asal anggènipun andhudhuk, punika kirang sae, sabab ingkang kathah kawoworan siti lêmpung utawi gipês, amila supados sarêm wau rêsik, sarta lajêngipun kenging kadamêl bumbu sasaminipun, kêdah dipun jur wontên ing toya, rêrêgêdipun lajêng kêlêm, sabab siti lêmpung wau botên sagêd ajur sarta gipês, ajuripun namung sawatawis. Sasampunipun kabucal rêrêgêdipun toya sarêm wau lajêng angukus, sarta pilah kristalipun ingkang sawarni kubus, inggih punika ingkang lugu sarêm.

Sarêm pêlikan ingkang rêgêd sangêt, rekaning pamêndhêtipun botên kadosdene sarêm ingkang kasêbut ing nginggil wau (ananging) pamêndhêtipun siti-siti ingkang wontên sarêmipun wau dipun jugangi, sarta dipun kêbaki toya, sarêmipun lajêng ajur. Woworan toya ingkang ngandhap langkung awrat tinimbang ingkang nginggil, amargi kathah sarêmipun, sabab punika woworan [wowor...]

--- 443 ---

[...an] ingkang ngandhap wau lajêng kapumpa sarta lajêng dipun jogi toya malih, salajêngipun toya pumpa wau kagodhog kados dene ingkang sampun kawrat kapratelakakên ing nginggil, kapêndhêt sarêmipun.

Toya sagantên punika ugi kathah sarêmipun, amila tiyang pasisir wontên ingkang (yasa damêl) tambak ing pinggir sagantên, sarta dipun sukani ilèn-ilèn dhatêng sagantên, bilih toyanipun kalêrês agêng, tambak wau sagêd kaisena (kisèn) n toya sagantên, sasampunipun kêbak, ilèn-ilèn wau kabêndung. Sabab saking bêntèring surya, toya ingkang wontên ing tambak wau angukus: lajêng sat, dene ingkang kantun: inggih punika sarêm.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata abdi dalêm carik II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 444 ---

Kawruh Ulam Loh saha Pratikêl Pangingahipun

katêdhak ing têmbung krama dening TAN SING TJWAN

Tiyang ingkang gêgriya cêlak lèpèn agêng anggêr sagêd pikantuk ulam loh ingkang eca, inggih lumayan tumraping pangupajiwanipun. Ananging lèpèn agêng ing tanah Jawi botên kathah, môngka ulam loh ingkang winisaya ing lèpèn alit saha ing kalèn-kalèn, sakêdhik sangêt tur ulamipun alit-alit, wah malih pamêndhêtipun ugi kangelan, jalaran sampun asring winisaya ingkang tanpa dugi-dugi, anggêr sanalika wau sagêd pikantuk kathah, botên ngèngêti ing têmbe sagêd anyurêsakên bibit ulam loh ingkang agêng-agêng. Dados rêkaosipun tiyang ingkang sami misaya ulam alit-alit wau, botên murwat kalayan angsal-angsalanipun.

Ing ngandhap punika kula prètelakakên mênggah pratikêl murih indhaking ulam loh.

Adamêla panggenan toya kangge ngingah ulam loh, kados ta: wontên ing bêndungan, lèpèn, sêgaran, rawa saha ing sabin ingkang sawêg dipun ênèni. Pratikêl punika winastanan nanêm ulam loh, kaperang makatên:

1. Nanêm ulam ingahan, kados ta: ulam mas, gramèh [gra...]

--- 445 ---

[...mèh] sapanunggilanipun, sarta ulam wanan, inggih punika: kutuk, wadêr, tômbra sasaminipun.

2. Ngêculakên ulam ingahan, ing lèpèn tuwin ing rawa-rawa.

3. Rumêksa: amurih ing lèpèn-lèpèn saha ing rawa-rawa sampun ngantos curês ulamipun winisaya, punika ugi prasasat nanêm ulam loh.

Nanêm utawi ngingah ulam loh punika langkung maedahi tinimbang kalayan ngingah rajakaya tuwin pitik iwèn, saiba ta aèngipun, nanging sayêktos tamtu kathah pamêdalipun ulam loh, môngka mèh sadaya tiyang doyan lawuh ulam wau, kajawi raosipun eca, ugi sagêd wêwah ngiyatakên badan.

Rajakaya pitik iwèn kêdah dipun rêksa sarta kaênggèn utawi dipun têdhani ing sabên dintên, ananging ulam loh botên, bilih sampun kadamêlakên panggenan, mayar kemawon pangingahipun, wah malih enggal angêrda dados kathah, punika ingkang murugakên indhaking pamêdal saha kauntunganipun ingkang ngingah. Makatên wau tumrap tiyang ingkang gêgriya cêlak lèpèn, rawa utawi ing pasisir cêlak sagantên.

Ing tanah Jawi wetan tuwin Pasundhan saha ing tanah-tanah pasisir, [pa...]

--- 446 ---

[...sisir,] kathah tiyang ingkang sami sur sudi ngingah ulam loh, ing tambak, sêgaran sarta ing rawa. Têtiyang ingkang sampun gadhah tambak ulam ingahan, bilih wontên kalih utawi tigang panggenan, punika kalêbêt cêkap, botên rêkaos pangupajiwanipun.

Ing kabupatèn Pacitan wêwêngkon paresidhenan Madiun, cêlak sagantên sarta kalêbêt tanah pasisir, ananging tumrapipun tiyang ingkang misaya ulam loh ing sagantên, angsalipun sakêdhik sangêt, awit saking kirang pratikêl, pirantosipun kajawi namung jala utawi pancing: botên wontên, pamêndhêtipun mawi baita alit saèmpêr tembo, wah malih tambak panggenan ngingah ulam, dhasar dèrèng wontên. Sanadyan pasisir ing Pacitan punika tanah parêdèn, têbih pasabinan, ananging mênawi dipun udi kalayan tabêri, tamtu sagêd andadosakên indhaking pamêdal saha kauntunganipun kathah. Awit ing Pacitan ugi wontên lèpèn ingkang anjog dhatêng ing sagantên, punapa malih sungapan, lubèripun ilining toya sagantên ingkang winastan têlêng, saupami dipun rekadaya: andamêl tambak saurutipun têlêng wau kangge ngingah ulam loh, saiba prayoginipun. Bilih pangagênging nagari Pacitan karsa anggalih bab punika kalayan angudi saha marsudi, tamtu sagêd kalampahan sadaya wau.

--- 447 ---

(Nuwun-nuwun, mugi linêpatna ing saru siku, cumanthaka kula ngaturakên pamanggih sarèhning kula sampun sumêrêp sadaya mênggah kawontênanipun ing Pacitan, saking pandugi kula: botên wontêna liyanipun, kajawi namung panjênênganipun rama Radèn Ngabèi Tirtadipura, ingkang pantês sagênsagêd. nêmbadani kalampahanipun pandamêlipun wau jêr, panjênênganipun lakar priyantun ingkang wicaksana susatya kathah lêlabêtanipun dhatêng kangjêng guprêmèn, asih dhumatêng sêsamining titah, tansah ngudi saha marsudi amurih tata têntrêm raharjaning têtiyang bumi. Mugi-mugi karsaa anggalih tumuntên dipun lêksanani, tartamtu jinurung sarta sinêmbadan dening kangjêng parentah, ing têmbe agêng kas kayanipun. Kenginga tinulad ing liya nagari).

Ing tanah Jawi yasanipun tambak, mèh sabên-sabên kenging kaglontor§ kagontor. mawi toya, mila gampil kemawon. Bilih kathah tambak ing lèpèn, ugi kathah panggenan andhêging toya, wêkasan mênawi bêna botên patos santêr ilining toya sarta ragi dangu anjogipun dhatêng sagantên, dados toya ingkang kenging kaangge ngilèni sabin: sangsaya kathah.

Ngadat sabên toya bêna ing lèpèn ciyut mili kumrasak, ananging bilih wontên tambakipun, ragi dangu asatipun, amargi [a...]

--- 448 ---

[...margi] kandhêk ngêcêmbong ing mriku.

Mênawi lèpèn alit-alit kathah ingkang dipun tambak, bênawi pun lèpèn agêng ingkang kêjogan toya saking lèpèn-lèpèn alit wau, ugi botên patos sangêt, dados toya bêna botên sangsaya lubèr ngêlêbi dhusun-dhusun sacêlakipun ngriku. Wah malih mênawi tambak wau sampun kêbak êndhut utawi lumpur, kenging kaolah kadamêl sabin ingkang langkung loh, kadosdene ingkang sampun kalampahan ing Priyangan tanah Pasundhan.

Mila pêrlu sangêt têtiyang alit kapêrdi pratikêlipun andamêl tambak kangge ngingah ulam loh. Mênawi tiyang satunggal utawi kalih botên bangkat iyasa, prayogi guyuban tiyang sadhusun, mênggah pamêdalipun asil ugi kaêduma waradin.

Têtiyang dhusun ing tanah Pasundhan, kathah ingkang sami gadhah tambak panggenan ngingah ulam loh, sabên dintên kenging kaangkah ulamipun, tur taksih sagêd murih keyongipun ingkang kadamêl ênjêt. Wah malih urut pinggiring tambak utawi sêgaran wau katanêman pandhan wangi, godhongipun kadamêl gêlaran, slêpi, kêpèk sapanunggilanipun, pamêdaling kauntungan inggih lumayan = lowung.

Ing Priyangan sanadyan sampun lami, têtiyang ingkang yasa tambak nanêm ulam loh, ewadene sangsaya lami sangsaya wêwah kathah [ka...]

--- 449 ---

[...thah] asiling pamêdalipun, ing ngandhap punika kula pratelakakên pratikêlipun sadaya:

Bab 1. Pamilihipun siti tuwin toya kangge ngingah ulam loh.

Bilih ngupados panggenan wau, kêdah nitik rumiyin mênggah warnining ulam loh ingkang badhe kaingah. Mila makatên, amargi wontên ulam ingkang karêm manggèn ing toya bêning dhasaripun wêdhi, sawênèh karêm manggèn wontên ing toya buthêk adhasar êndhut, dados beda-beda kêkarêmaning dunungipun, bab punika ing têmbe badhe kula pratelakakên sadaya mênggah golongan sawarnining ulam loh saha karêmipun manggèn wontên toya, kados ta: ulam rawa, ngadat botên patos eca kadosdene ulam ingkang saking toya bêning, dhasar wêdhi utawi êndhut.

Bab 2. Pandamêlipun Sêgaran

Pandamêlipun sêgaran sarana ambêndung toya ingkang mili utawi angêdhuk siti, kados ta: ambêndung lèpèn alit ing perengan, punika winastan tambak mênawi agêng, utawi bêndungan yèn ragi alit.

Mênawi badhe yasa tambak utawi bêndungan, miliha papan ingkang ciyut piyambak lèpènipun, langkung prayogi malih

--- 450 ---

yèn wontên kalènipun ing nginggil, minôngka angglontor toya, sabab takir utawi têtangguling tambak ingkang dadosipun saking glontoran toya wau, langkung santosa tinimbang kalayan takir tanggul siti garing.

Pratikêlipun damêl takir kados ing ngandhap punika:

I. Wiyaripun takir ing ngandhap utawi sukon, kêdah tikêl kalih kalayan inggilipun.

II. Takir wau kadamêla ambal-ambalan (sap-sapan, undhak-undhakan) inggil kawan kaki satunggal-tunggalipun.

III. Tampinganing undhak-undhakan sampun ngantos kêjêjêgên, kêdah kadamêl mayat kemawon, murih rumput sagêd thukul ing ngriku, dados tanggulipun botên gampil gugur utawi gêmpal.

IV. Wiyaripun gigiring tanggul, watawis wontên saprapat wiyaring dhasaripun.

V. Takir utawi tanggul wau kêdah dipun santosani mawi jangkar dêling kaangsalakên gapit saha mawi trucuk kajêng ingkang sagêd tumuntên gêsang, kados ta: kajêng randhu, dhadhap, kolontara§ = salatara utawi kêmlandhingan. sapanunggilanipun.

Taksih wontên sambêtipun

TAN SING TJWAN, SOLO

--- 451 ---

Kula nyariyosakên sêsêrêpan kula bab pananêm saha pigunanipun kalapa, sarèhning sampun têtela agêng paedahipun, pangajêng-ajêng kula supados dadosakên jalaran panggugahing manahipun para kônca siti amargi pasitèn salêbêtipun nagari Surakarta, saha ing dhusun-dhusun taksih kathah ingkang kenging katanêman wit kalapa, sami-sami kitri taun ingkang lumintu nipkahipun kados botên wontên ingkang nyamèni kados wit kalapa. Pakèl, nôngka, blimbing, manggis, durèn, jambu sapanunggilanipun, wêdaling uwoh amung sabên taun sapisan, sarêng kalapa mênawi sampun wiwit awoh ajêg botên kêndhat-kêndhat, kajawi bilih kaparag ing ama, utawi sawêg anglakani, punapadene sabab sampun sêpuh, punika kirang wohipun, makatên malih agênging pigunanipun, kenging kadamêl abêning olah-olah, sêkul, ulam, panganan tuwin kenging kadamêl lisah ingkang eca piyambak nama: kalêntik, punapadene kenging kadèrès lêgènipun eca kaombe lajêng dipun damêl gêndhis, mila pamuji kula mugi-mugi para kônca siti katuwuhana manah wêkêl sarta tabêri nanêm wit kalapa, mênggah patraping pananêm kados ing ngandhap punika:

Pamilihipun wiji kalapa ingkang prayogi punika kêdah amiliha kalapa ingkang pusêr têgêsipun: janjanganing kalapa ingkang [ing...]

--- 452 ---

[...kang] ngandhap piyambak, sarta miliha kalapa sêpuh garing wontên ing uwit, sarta ingkang sampun sêpuh wit, utawi galugunipun, punapa dene ingkang agêng sarta kandêl, pangundhuhipun sampun ngantos coplok kêcèripun, lajêng kagantanga wontên ing wit-witan ingkang ayom, sampun ngantos kagantang wontên salêbêting griya, amargi sênadyan sagêd thukul, tamtu kirang prayogi, saking botên kasorotan surya, sarta botên angsal hawa lumampah, gantangan wau bilih sampun sawatawis wulan namtokakên tuwuh, punika sadèrèngipun kêdah damêl jugangan rumiyin, awis kêrêpipun jugangan sampun kirang saking 12 elo, kasipata ingkang pênêr, wiyar 3 kaki pasagi, lêbêt 3 kaki, lajêng kaurugana rêrêgêd utawi talethong ingkang sampun dados siti, kathahing urug amung sapalih, sampun ngantos kêbak, amargi kangge ngengehan badhe papan lumpur, inggih punika siti lêmbat ingkang katut ilining toya jawah winastanan: lêmi, pananêmipun kêdah môngsa labuh.

Mênawi wiji suluripun sampun mêdal saking tabon, rabuking jugangan punika kadhudhuka malih, supados ngonggrong wiji lajêng katanjakna, kaurugtakauruga. sawatawis, siti ingkang sae, kiwa têngênipun karêsikana sampun ngantos wontên thêthukulan rumput sasaminipun, bilih sampun katingal ragi agêng saha inggil [inggi...]

--- 453 ---

[...l] kêdah kadhangir sarta kauruga malih, mênggah pandhangiripun sampun ngantos amêdhoktakên,amêdhotakên. oyoding cikal, makatên salajêngipun, wiwit pananêm dumuginipun awoh adat ingkang sampun kalampahan, mênawi wiji kalapa genjah sarta tabêri pangupakaranipun dhasar sitinipun sae 6 taun sampun awoh, bilih wiji kalapa lêbêt, kirang pangupakaranipun 10 taun sawêg awoh.

Bodhon kangge angyêktosi mênawi inggiling galugu kaukur sampun wontên 3 papah, tamtu kathah wêdaling wohipun, winastan: kalapa nêdhêng, bilih inggiling galugu sampun 7-8 papah, wohipun wiwit angawis-awisi, trakadhang lajêng pêjah, makatên wau kajawi kalapa gadhing utawi dhono§ dhono ingkang têgêsipun kalapa gadhing: kula dèrèng sumêrêp, punapa inggih têmbung Surakarta.

Peranganipun Nama

Sadèrèngipun katanjakakên nama: wiji, sasampunipun katanjakakên nama cikal, wiwit mêgar blarakipun nama: sêmuru, katingal galugunipun nama: anggênuki, bilih sampun mêdal sêkaripun nama: wala, sêkar ingkang dèrèng mêgar nama: patrêm, yèn sampun jêbrol nama manggar, angkuping patrêm nama mancung, gagangipun nama: dolèr, sunguting manggar nama: upat, [u...]

--- 454 ---

[...pat,] pêntilipun nama: bluluk, yèn sampun isi toya nama: cêngkir, tutup gantilan nama: kêcèr, utawi topengan, cêngkir wiwit isi nanging taksih lamat-lamat nama: kêmringêt, mindhak sakêdhik nama: kêmêruk buntut, isi saya kandêl nama dêgan, ragi kaku nama kêmarud, utawi gêmobor, utawi kêmendho, tambah kandêl tuwin kaku nama: kêmurang, punika sampun sêpuh, bilih tabon sampun alum nama: kiring lajêng garing.

Mênggah Pigunanipun

Galugu kenging kadamêl balungan griya, ingkang pucuk kawastanan: pondhoh, eca katêdha utawi kaolah, bongkokipun kenging kaangge kajêng obong, blarak kaanam kadamêl aling-aling, bilih kaicalan sadanipun lajêng kawêlit kadamêl payon, sadanipun kangge sapu, bongkoting manggar kagêpuk kadamêl kêlut, utawi kasak, manggaripun kagudhêg, mancung kangge upêt, sarta pirantos anyiratakên toya mênawi angguyang maesa, tapas kadamêl balongsong wowohan tuwin kandhi wadhah arta, bathok kangge wadhah samukawis, tuwin kadamêl timang punapadene sêsupe, sêpêt kagêpuk kangge isi bantal kasur guling pajêgan, inggih punika ingkang kapasang wontên kobongan (patanèn), makatên malih katampar kadamêl dhadhung, tuwin kèsèd.

--- 455 ---

Patraping Andèrès Sarta Damêl Gêndhis Kalapa

Galugu panggenan papah karêsikana rêgêdipun, lajêng damêla pirantos: bumbung dêling ori utawi apus ingkang agêng, panjangipun amung saêros, mênggah pangêthokipun: ros ingkang pucuk kêdah kataksihakên, kalihan êros kalangkungana kawan nyari, paedahipun mênawi kapasang wontên ing nginggil botên katêdha ing kalong: tikus tuwin bajing, sangandhaping lambe bumbung kabolongana kadamêl papan tangsul tamparan, panjanging tangsul 2 1/2 kilan, tamparan wau ingkang botên katangsulakên ing bumbung, mawi kolongan, tiyang ingkang dèrès murih botên kidung pamènèkipun anganggea pirantos sabuk tampar, ingkang kalêrês gêgêr kapasangana cantholan kajêng utawi tosan, kangge cantholan bumbung wau, sarta ambêktaa dêdamêl arit.

Dene ingkang kadèrès, inggih punika patrêm ingkang dèrèng mêgar, kasigara manjingipun dados kalih, bagean ngandhap kakêthok ngêpok, nginggil kataksihakên, kangge nutupi cangkêming bumbung ingkang manjing patrêm wau, supados botên kalêbêtan toya jawah, manggar lajêng kagêbung sarana tangsul, mênawi sampun tigang dintên, kauculana, sêkaring manggar kabucalana ingkang rêsik, lajêng kagêbunga malih, bilih sampun kalih dintên pucuking manggar kapagasa ing arit ingkang papak.

--- 456 ---

Bumbung sabên badhe kapasang kagojagan toya bêntèr rumiyin, lajêng kasèlèhana laru, wujudipun toya ênjêt, sarta rasuk angin, tuwin ataling kajêng nôngka, punapadene kulit manggis, pêrlu lêgènipun supados tuntung arum, punapa malih sampun ngantos kêcut sadèrèngipun kaudhunakên, yèn manggar sampun wiwit tètès lêgènipun: bumbung lajêng kapasanga, gilir gumantos ing bumbung kêdah enjing sontên, bilih badhe kasantunan bumbung pucuking manggar kapagasa rumiyin, ananging ingkang tipis kemawon, mênawi kirang dêrês wêdaling lêgèn, bongkoking manggar kathuthukana sawatawis, lajêng kaborèhana pususan godhong dhadhap srêp, mênggah patrêm ingkang sae kenging kadèrès tigang wulan laminipun, môngka satunggil uwit sakêdhikipun 3 patrêm.

Lêgèn lajêng kasaringa sarana kalo, kawadhahan kuwali, tumuntên kagodhoga, bilih sampun kêmrôngga (ragi kênthêl) wiwit kaudhak ing irus, mênawi sampun karaos awrat nandhakakên saya kênthêl, yèn sampun cumêthèt kuwali kaêntasa, lajêng kakêbluk, inggih punika kaudhak ingkang sêru sarta sampun ngantos kèndêl, sadadosing kelang saha sawatawis asrêp, tumuntên kacithakana tumraping bathok, bathok wau mawi kabolong sarta mawi katutupan godhong, sagaringipun kelang, bolongan kadamonana, [kada...]

--- 457 ---

[...monana,] namtokakên gêndhis lajêng coplok, dene ingkang kawastanan: gêndhis kêrengan punika ingkang kalêrês intiping kelang, gêndhis sêmut punika ingkang kawoworan parudan utawi gêbingan kalapa, wiwit anggèning ngêmorakên mênawi lêgèn sampun kêmrôngga kasêbut ngajêng.

Lêgèn mênawi botên sumêdya kadamêl gêndhis, kenging ugi kaangge rujak gobèt, inggih punika kados dene êbir, patrapipun kagodhog umob sapisan lajêng kaêntas, murih babaripun kaêjogana toya wedang, kathahipun palihan, bilih kadamêl cokak, mudhun saking deresan kawayokna kalih dintên, tamtu sampun kêcut, mênawi badhe kasade kaêjogan toya, saupami cokak 1 klênthing toyanipun 1 1/2 klênthing, panyadenipun dhatêng tiyang mêdêl, anggadhung tuwin ngêthèl.

Pandamêlipun lisah klêntik

Klapa ingkang sêpuh, kacukilan lajêng kakêrok kulitipun ingkang rêsik tumuntên kaparud, sasampunipun kaparud lajêng kaulenan kalihan toya ingkang sêru, bilih sampun kathah wêdaling santênipun kapêrêsan wontên ing kalo, ngantos rambah kaping kalih, kawadhahana kèncèng utawi jèdhi, lajêng kagodhoga, ananging latunipun kêdah alit saha ajêg urubipun, sampun ngantos byar pêt, santên wau botên kenging kaudhak, [kau...]

--- 458 ---

[...dhak,] kakèndêlakên kemawon, amargi mênawi kêndhangan utawi langitipun santên ngantos bêdhah tamtu ning-ningên botên sagêd dados lisah, bilih sampun umob sawatawis dangu, kalerobana rêrêgêd tuwin toyanipun, satêlasipun rêrêgêd, lisah lajêng kacidhukana, kanilipun punika kawastanan: blondho, ugi kalajêngna panggodhogipun, ingkang ngantos kêmpêl dados satunggal, punapa malih kapênèt-pênèta ing irus murih apuhing lisahipun, ingkang ngantos katingal pêra (êsat botên ngêmu lisah).

Wondene lisah klêntik ingkang wujudipun sulak ijêm punika nalika taksih santênipun dipun wowori pêrêsanipun godhong randhu ingkang ênèm, mênawi sulak jêne punika dipun wowori pêrêsan kunir.

Ki Patracundaka, abdi dalêm jajar anggandhèk kiwa.