Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-03, #1803

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1903, #1803
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-01, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #206.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-02, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #434.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-03, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #435.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-04, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #436.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-05, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #437.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Bêsar taun Be, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 1 MAART 1903.

--- 459 ---

Ngèlmu Alam Bab Pêlikan

(sambêtipun Candrakanta blz 437)

Sêndawa kalihan Tawas

Sêndawa tuwin tawas punika mèh sawarni, sarta saraos kalihan sarêm, sêndawa punika ingkang kathah asalipun saking pulo Selon, sarta iing. sapinggiripun lèpèn Gangês Ganges, kanggenipun kadamêl jampi tuwin obat sênjata, dene tawas kanggenipun kadamêl nawas sinjang ingkang badhe kababar, supados soganipun sagêd kêkêt, sarta babaranipun rêsik.

Erêt (Erts)

Ingkang dipun wastani èrêt punika, menêral ingkang wontên woworanipun pêlikan ingkang awrat, kados ta: êmas, platinah sasaminipun, pêlikan ingkang awrat punika wontên ingkang kawoworan ing jasad sanèsipun, wontên ingkang suci, mas sarta platinah punika suci, sêlaka sarta toya raos ingkang kathah ugi suci, ananging wontên ingkang kawoworan jasad sanèsipun, dene tosan, timah, sèng punika mèh namtokakên wontên woworanipun, amila kêdah karêsikakên.

Mas sasaminipun punika wontênipun ing siti, wontên ingkang kados oyod-oyodan (galigèn) ingkang agêngipun kalih utawi tigang kaki, ananging ugi wontên [wontê...]

--- 460 ---

[...n] ingkang ngantos 60 utawi 100 kaki, sabab saking punika pamêlikipun langkung rêkaos tinimbang pêlikan sanès-sanèsipun, awit kêdah nurut panunjêming mas, ingkang lampahipun kadosdene lampahing oyod wau, sarta kathah ingkang kacilakan, sabab lêpata pêjah kajugrugan siti, inggih pêjah kobong utawi kaplêpêk ing gas warni-warni, ingkang mêdal saking siti ingkang kadhudhuk wau.

Ha. Erêt tosan

Sami-sami èrêt botên wontên ingkang pêrlunipun angungkuli tosan, ing bumi punika mèh waradin wontên tosanipun, tosan ingkang mêdal saking pêlikan ing tanah Eropah sabên taun, kintên-kintên wontên 3500 yuta pun, dene ingkang sae piyambak, tosan wêdalan saking tanah Swèdhên, tuwin saking pulo Inggris, tosan punika wontên tigang warni, inggih punika tosan cithakan, gêmblengan tuwin waos.

1. Tosan cithakan

Tosan punika bilih kapêlik, mèh sadaya kawoworan barang sanèsipun, sasampunipun kalêbur dados tosan cithakan lajêng kenging kadamêl tosan gêmblengan, sarta tosan waos, tosan cithakan punika botên kenging kagêmblèng, ananging bilih dipun lêbur, langkung gampil [gampi...]

--- 461 ---

[...l] tinimbang tosan ingkang kalih warni wau, bobotipun 7 sagêdipun lêbur bilih bêntèripun 1100 dumugi 1200 grad, sèlsius.

2. Tosan gêmblengan

Tosan punika ugi dipun wastani tosan êmpuk, kulsêtopipun kirang kathah tinimbang tosan cithakan, tosan punika mulur sangêt, sagêd ngantos dados kawat ingkang alit sangêt, sarta kenging kagêmbleng ngantos tipis, sasampunipun dipun bêntèri panggêmblèngipun gampil, balebekan tosan kalih ingkang dipun obong, bilih kasungsun lajêng kagêmblèng, punika sagêd dados satunggal, bobotipun 7,6 dumugi 7,9 sarta lêbur bilih bêntèripun 2250 grad sèlsius.

3. Tosan waos

Tosan waos punika kulsêtopipun langkung kathah tinimbang tosan gêmblengan, bilih kulsêtopipun tosan cithakan kasuda, utawi amêwahi kulsêtopipun tosan gêmblengan, tosan wau dados tosan waos, lêburipun tosan wau punika bilih bêntèripun 2000 grad sèlsius, dados langkung gampil tinimbang tosan gêmblengan, ananging langkung angèl tinimbang tosan cithakan, bobotipun 7,6 dumugi

--- 462 ---

7, 8, bilih tosan waos ingkang dipun bêntèri dadakan dipun asrêpakên, utawi dipun cêlubakên ing toya, tosan wau dados atos sangêt, ananging bilih lajêng dipun bêntèri malih ngantos 221 dumugi 316 grad sèlsius, atosipun sagêd suda.

Tosan cithakan punika ingkang kathah kadamêl pirantos warni-warni, kados ta: masin, saka, kori, baita kapal, karêtêg, ril sêpur sapanunggilanipun, tosan gêmblengan punika ingkang kathah kagarap dening pandhe tosan, kadamêl barang warni-warni, dene tosan waos kadamêl pirantosing griya, pawon, punapa malih kadamêl bôngsa landhêp utawi lanncip, kados ta: dom, gêgaman, kikir sapanunggilanipun, utawi kadamêl anglapis baita kapal pêrang.

Na Erêt Têmbagi

Erêt têmbagi punika ingkang kathah ing pulo Inggris, tanah Honggariyah, Rus, Jêrman lèr, Ostraliyah, Jêpang tuwin ing Amerikah lèr, têmbagi punika wontên ingkang kawoworan menêral sanèsipun, wontên ingkang rêsik utawi suci, bobotipun 8,9 sarta lêbur bilih bêntèripun 1100 grad sèlsius, kanggenipun ingkang kathah adamêl yatra sarta pirantosing pawon, kados ta: dandang, [da...]

--- 463 ---

[...ndang,] kêndhil, cèrèt sapanunggilanipun, sabab bêntèripun langkung enggal tinimbang tosan, ananging bilih kangge angratêngi têtêdhan ingkang kêcut utawi anggajih, kirang prayogi, bilih botên kasadhur utawi kalapis, sarta sasampunipun têtêdhan wau dipun ratêngi ugi botên prayogi kalêstantunakên wontên ing wadhah punika, sabab sagêd angwontênakên woworan têmbagi ingkang mawi racun, kala rumiyin kawat têmbagi punika kadamêl kawat telêgraph, sabab pamindhahipun èlêktrisitit gampil, ananging sapunika ingkang dipun angge kawat tosan, kalapis timah sari utawi sèng supados sampun ngantos aninja.

Gêntha punika ingkang dipun damêl gôngsa, inggih punika woworanipun têmbagi kalihan timah pêthak (prunggu) bilih woworan wau têmbaginipun 78 panduman, prunggunipun 22 panduman, dadosipun gêntha ungêlipun sae, kala rumiyin mariyêm punika ingkang dipun damêl ugi gôngsa, ananging prunggunipun kirang kathah tinimbang gôngsa ingkang dipun damêl gêndha,gêntha. dene ing sapunika mariyêm punika ingkang dipun damêl tosan gêmblengan kawoworan tosan waos, pêniti utawi dom bundhêl tuwin pirantos ngèlmu kodrat, sasaminipun punika ingkang dipun damêl woworanipun têmbagi 76 utawi 65 prêsèn, prunggunipun 24 utawi 35 prêsèn, komposisi [ko...]

--- 464 ---

[...mposisi] Copositie inggih punika ingkang dipun damêl garpu (cukit) tuwin sendhok (suru) punika woworanipun têmbagi 55 panduman, prunggu 37 tuwin nikêl 8 panduman.

Ca Erêt Timah

Timah punika ingkang kathah pamêndhêtipun saking woworan ingkang nama ludglanês loodglans, inggih punika woworanipun timah kalihan walirang, ludglanês punika asalipun ingkang kathah saking pulo Engêlan, lêbur bilih bêntèripun 332 grad sèlsius, sarta botên ninja, bobotipun 11,37 gotri, pelor sapanunggilanipun, punika ingkang dipun damêl timah, urung-urung utawi brumbungan dilah gas, ingkang dipun damêl ugi timah, sabab panyambung, pangêthok utawi pamlêngkungipun gampil, balebekan timah ingkang tipis sangêt punika kangge ambêbuntêl kados ta: tèh, srutu, soklat sapanunggilanipun, kajawi saking punika timah punika ugi asring kangge ngancur tosan, ingkang tumrap ing sela tuwin sanès-sanèsipun, aksara sasaminipun, ingkang dipun capakên wontên ing dalancang punika ingkang dipun damêl timah 4 panduman, antimonium 1 panduman, wontên ugi ingkang dipun wowori parunggu sarta bismut bismuth sawatawis.

Taksih wontên sambêtipun

Prawirawiyata, abdi dalêm juru sêrat II kabupatèn pulisi Surakarta

--- 465 ---

Nuwun ingkang kula aturakên, sanadyan wimbaning Sasadra sarta Candrakanta sampun arambah-rambah mêdharakên jampining panyakit kolerah, nanging sarèhipun ing môngsa punika panyakit wau katingal malih mênawi panjênênganipun kyai juru pangripta amarêngakên, mugi karsa amacak atur panjurung kula punika, nyukil saking sêrat karanganipun tuwan Y. A. A. Kkêrlin.

Saking pangajêng-ajêng kula bokmênawi atur panjurung kula wau sagêd amêwahi wêwênganing galihipun para maos, ingkang sami amarsudi kawilujênganipun badan, kados ingkang kacêtha ing ngandhap punika:

Salumahing buwana punika wontên pintên-pintên panyakit ingkang sagêd angrusakakên badan, utawi nyirnakakên jiwa manungsa.

Sawarnining panyakit punika atas saking karsanipun Allah, makatên ugi saliring usada ingkang sagêd nyirnakakên panyakit wau, inggih atas saking titahipun Allah, Gusti Allah ingkang mirah ing dunya asih ing akherat, aparing ngèlmi utawi hikmat dhumatêng manungsa supados sagêd nyumêrêpi pilah-pilahing jampi, ingkang kenging kadamêl nyirnakakên satunggil-tunggiling panyakit, punapa malih wontênipun Gusti Allah nitahakên kawignyan dhumatêng manungsa, sagêda budidaya ngupados [ngupado...]

--- 466 ---

[...s] sarana ingkang kenging kadamêl nanggulangi panyakit wau.

Sawênèhing manungsa wontên ingkang darbe cipta: tiyang nanggulangi panyakit punika botên kenging, awit dados awisanipun agami, nanging cipta ingkang makatên punika pancèn nalisir. Bilih nanggulangi panyakit têmên asal dosa, sabab dening punapa Gusti Allah têka nitahakê ngèlmi utawi hikmat dhumatêng manungsa ingkang kenging kadamêl nanggulangi panyakit.

Kalih dene wijining panyakit punika, kathah ingkang dumadosipun saking rêrêgêding manungsa piyambak, malah kenging dipun wastani panyakit wau mijil saking pandamêling manungsa dede ganjaranipun Gusti Allah, mila inggih sampun lêrêsipun (botên kêsipatan dosa) tiyatiyang. ingkang nyirnakakên panyakit tumrap wontên ing badanipun.

Sawarnining panyakit punika ingkang mutawatosi piyambak: panyakit kolerah, sabab tiyang ingkang sinêrang, awis sangêt sagêd saras, ingkang cêpak namung tiwasipun kemawon.

Kathah sangêt para dhoktêr sami karsa matitisakên wontên sêsukêr ingkang sami mêdal saking badanipun tiyang kenging panyakit kolerah, utawi ambêdhèl pintên-pintên jisimipun punapadene niti pariksa isiniisining. wêtêngipun mayit ingkang sami pêjah katêdha ing panyakir kolerah wau.

--- 467 ---

Wusana angsal-angsalipun papriksan, botên sanès anjawi namung ujud kewan ingkang alit sangêt, upami kewan wau dipun jèjèr ngantos malêksa-lêksa, agêngipun mêksa dèrèng sami kalayan rema saêlêr, saking aliting kewan wau, ngantos botên kasat mata, sagêdipun katingal kêdah kanthi kaca praksana.

Para dhoktêr sagêdipun sumêrêp kewan wau, ugi sarana ngangge kaca praksana, mênggah dêlêsipun kewan wau pancèn alit sangêt, mênawi wontên kewan makatên kalih utawi tigang iji kemawon, sakêdhap netra sagêd branahan dados maèwu-èwu.

Sabên tiyang sakit kolerah, êrah ing angga kamôngsa dening kewan wau ngantos kantun toya kemawon, sarta toya wau lajêng mêdal saking badan.

Para dhoktêr gêgêdhug sampun nyoba mêjahi kewan wau, katranganipun kewan punika wêntala sangêt wontên ing bêbênteran, utawi ing asrêp: sagêdipun pêjah bilih dipun soki toya siblimat.

Siblimat punika mèmpêr racun, ingkang kadamêl: rasa, siblimat botên kenging kaombe, kengingipun namung kadamêl nyiram sêsukering tiyang sakit kolerah, sabab pundi kewan ingkang kataman siblimat tamtu pêjah sami sanalika.

--- 468 ---

Kewan kolerah karêmanipun manggèn wontên ing rêrêgêd, mênawi wontên satunggiling kampung tiyangipun sinêrang panyakit kolerah, sadaya toya ing ngriku tamtu kalêbêtan kewan kolerah, lan malih kewan kolerah sami manggèn wontên rêrêgêd salêbêting griya utawi salêbêting papan pemahan, mila inggih gampil sangêt kewan kolerah sagêdipun lumêbêt dhatêng angganing manungsa jalaran sami katut wontên toya pangombèn, utawi katut kêsêrot lampahing napasipun manungsa, mênawi rêrêgêd pinuju dipun saponi, kewan kolerah ingkang ènthèng sangêt wau, lajêng sami kabur mrika-mrika.

Nalika manungsa dèrèng sagêd angrekadaya minôngka panulaking panyakit kolerah, mèh kenging katamtokakèn sabên wontên satunggiling nagari kataman panyakit kolerah, badaning tiyang sanagari wau sadaya tamtu kalêbêtan kewan kolerah.

Kewan kolerah sagêdipun lumêbêd dhatêng badaning manungsa mêdal saking lesan, lajêng mangandhap-mangandhap dumugi ampêdhal, ing ampêdhal wontên satunggiling toya kêcut pirantos angêjur sadaya têtêdhan ingkang sampun wontên wêtêng.

Sabên tiyang gadhah sakit wêtêng, wêtêngipun tamtu rêgêd, dalaranjalaran. saking kêladukên anggènipun nêdha, utawi saking dayaning têtêdhan [tê...]

--- 469 ---

[...têdhan] warni-warni ingkang botên sagêd ajur wontên salêbêting wêtêng, ngantos mênawi tiyang wau ambêbucal, wêdaling sêsukêr taksih maujud kadosdene nalika têtêdhan wau sawêg dipun mamah.

Mênawi tiyang wêtêngipun kraos sakit mulês utawi sênêg punika toyaning wêtêng ingkang kêcut wau sirna santun dados asin.

Wêtêngipun tiyang ingkang toyanipun asin, punika karêmanipun kewan kolerah, sakêdhap kemawon kewan kolerah dados maèwu-èwu, sami môngsa êrahing badan ngantos têlas babar pisan. Dene tiyang ingkang sakit kados makatên wau mêsthi botên sagêd saras.

Wêtêng ingkang toyanipun kêcut saèstu, sabên wontên kewan kolerah kalêbêt tamtu pêjah, sanepanipun makatên: wiji ingkang dipun sêbarakên wontên pasitèn pasir, tamtu botên sagêd tuwuh, nanging mênawi dipun sêbarakên wontên pasitèn loh, tamtu tuwuh lêdhung-lêdhung lajêng dados uwit.

Mênggah ingkang dipun sanepakakên wiji dipun sêbar wontên pasitèn pasir wau wêtêngipun tiyang sêgêr kasarasan isi toya kêcut, kataman kewan kolerah. Dene ingkang dipun sanepakakên wiji dipun sêbar wontên pasitèn loh, wêtêngipun tiyang ingkang isi toya asin, lajêng sinêrang [sinê...]

--- 470 ---

[...rang] kewan kolerah.

Mênawi sampun mangrêtos suraosipun nginggil punika, lajêng gampil anggènipun angrekadaya sagêdipun nanggulangi panyakit wau, supados sampun ngantos kataman.

Gampil ingkang sagêd mulyakakên tiyang kamôngsa panyakit kolerah prasasat botên wontên: namung mênawi sawêk kraos dèrèng dangu wondênwontên. ugi jampinipun, nanging inggih botên gampil, anjawi para dhoktêr ingkang sagêd nguningani.

Mila sadaya pêrlu sangêt kêdah anjagi badanipun, supados sampun ngantos kenging panyakit kolerah wau.

Dene rekadayanipun badhe nranggulangi panyakit kolerah kados wêwarah ing ngandhap punika:

1. Mênawi wontên pawartos satunggiling nagari utawi kitha sampun wontên tiyangipun sinêrang panyakit kolerah, pêndhak wanci enjing utawi sontên salêbêting griya sarta pemahan, kedah dipun saponi ingkang ngantos gumrining, sadaya rêrêgêd kabucala dhatêng jugangan ingkang têbih saking griya, sarta mênawi sontên rêrêgêd wau lajêng kabêsmi ngantos têlas babar pisan, mênawi badhe nyaponi pemahan kêdah kasiraman toya rumiyin, supados balêdugipun botên kabur mrika-mrika.

2. Toya ingkang dipun ombe utawi kadamêl kêmu, kêdah [kê...]

--- 471 ---

[...dah] kagodhog rumiyin ngantos umob enggal-enggalipun saprapat jam, supados kewan ingkang wontên salêbêting toya sami pêjah. Bilih toya sampun umob lajêng kawadhahan karap utawi lantingan kasumpêlan ingkang rapêt, supados kewan ingkang sami kabur botên sagêd lumêbêt dhatêng karap utawi lantingan wau, makatên malih pangombening toya wau bilih sampun asrêp, ing salêbêtipun môngsa panyakit kolerah, tiyang sampun ngantos ngombe toya ingkang dèrèng kagodhog umob, sanadyan toya wau wêdalan saking sumur, sêndhang lèpèn sasaminipun, awit toya ingkang makatên wau taksih kawoworan kewan kolerah.

3. Mênawi adus toya jamban sampun ngantos kadamêl kêmu, bilih kêmu kêdah ngangge toya ingkang sampun umob.

4. Badan sarta wêwêtêng kêdah kajagi sangêt, sampun ngantos kenging anyêp, mênawi dalu sampun ngantos mêdal dhatêng sajawining griya. Makatên malih mênawi tilêm sampun ngantos angliga wêtêng kêdah dipun balêbêd sinjang, mênawi dalu nyambut damêl wontên sajawining griya, kêdah ngangge rasukan kain panas, sarta wêtêngipun kêdah dipun ubêd-ubêdi [ubê...]

--- 472 ---

[...d-ubêdi] sinjang utawi salendhang.

5. Sampun ngantos nêdha sawarnining têtêdhan ingkang botên gampil ajuripun.

Dene têtêdhan ingkang kêdah kasirik salêbêtipun wontên panyakit kolerah: a. Timun, labu sarta wowohan sanès-sanèsipun ingkang sami ngêmu toya, b. Ulam sagantên ingkang sampun buthuk, kêrang, kapithing sarta sanès-sanèsipun, awit sadaya wau wontên ing wêtêng sami angèl ajuripun.

Ing salêbêtipun wontên panyakit kolerah, mênawi wontên tiyang wêtêngipun kraos botên sakeca: mulês, sêsêg, botên ambucal kados padatan, utawi bilih saranduning badan kraos gumêtêr, pating salêngkring, lajêng enggal angombea jampi ingkang sagêd angrêsikakên wêtêng utawi ampêdhal, sampun ngantos lungse dangu-dangu.

Bilih salêbêting griya wontên satunggiling tiyang ingkang kenging panyakit kolerah, sampun ngantos kabêkta ngalih mrika-mrika, utaminipun kapulasaraa wontên satunggiling ambèn kemawon, sarta lajêng enggal angaturana dhoktêr: Mênawi botên wontên dhoktêr kêdah kajagia piyambak kalayan angatos-atos, kadosdene wêwarah ing nginggil wau.

--- 473 ---

Kados ta: sakathahing rêrêgêd ingkang mêdal saking badaning tiyang sakit kolerah, kêdah kawadhahan dados satunggal, lajêng dipun êsoki siblimat, sasampunipun lajêng kabucala dhatêng jugangan panggenan pambêsmenan rêrêgêd, botên kenging pisan-pisan mênawi rêrêgêd wau ngantos kabucal dhatêng lèpèn sasaminipun.

Mênawi botên angsal jampi saking dhoktêr, tiyang ingkang sakit wau lajêng kaumbenana toya kêcut, inggih punika: toya ingkang sampun umob dipun mori cokak utawi wênyêdan asêm.

Mênawi tiyang ingkang sakit wau nêmahi pêjah utaminipun botên susah dipun dusi. Bilih kumêdah dipun dusi, mayit wau kaangkata dalah ambènipun pisan lajêng kasèlèhna wontên sanginggiling jogangan panggenan rêrêgêd wau, toya ingkang mili mriku lajêng kagrujuga toya racun.

Sawarnining pangangge sarta pangombèn ingkang mêntas dipun angge mayit, kêdah dipun bêsmi sadaya sèlêbêtingsalêbêting. griya utawi tilas panggenaning mayit, kêdah dipun rêsiki kagrujug toya racun.

Mênawi sadaya umat sami purun ngangge sêsorah ing nginggil punika, insaallah panyakit kolerah kenging dipun tanggulangi, supados botên angrêda ngômbra-ômbra.

--- 474 ---

Wusana mênawi wontên lêpatipun atur kula, mugi para maos angêgungakên sagantên pangapuntên, iti.

Tèkênar arsitèk Wiratanaya

Cariyosipun putu kula dhoktêr Irman ing Samarang, jampi sakit kolerah ingkang pinanggih jodho: dèrèng wontên, kandêling buk sêsorahing pangupakara sarta warni-warnining jampi taksih saêdim kandêlipun, môngka ing pangajêng-ajêng sagêda kantun namung salarik kados ta: kaprêpên urus-urus, kastroli lajêng tômbetômba. kininê: rampung gudhig, salêp, makatên ingkang nama jodho.

Saupami kolerah saèstua pêjah dening toya dêgan ijêm, punika nama jodho, ananging sapunika tiyang katrajang ing kolerah dipun ombèni toya dêgan ijêm sakitipun kalis kemawon, ingkang sawêg pinanggih ing istiyar: badan rêsik, nêdha apik, bilih katrajang: môngsa bodhoa. Red.

Ngrêsiki Barang Pêlikan

Tosan, waja tuwin sanès-sanèsipun, mênawi badhe ngrêsiki utawi anggilapakên, kagêbêga sarana wacucal maenda ingkang lêmês, mawi camboran punika: 1 1/2 lud, awu timah 3 lud WIJNGEEST 2 drahmên, singat sangsam.§ cublikan S Dj. botên kapratelakakên singat sangsam wau mênggah panganggenipun, punapa dipun bakar kabubuk, utawi dipun kêrik.

Ngrêsiki kuningan: kagêbêga kalihan singat sangsam tuwin cokak, sasampunipun rêsik, nuntên kagêbêg malih sarana dalancang pênêd vlueipapier, kacêlupakên ing Wijngeest.

Ngrêsiki sêlaka kacêlupna ing Wijnstenloog ingkang sampun umob sawatawis mênut dangunipun, nuntên kagêbêga mawi wacucal maenda ingkang lêmês. Mênawi badhe mêthakakên [mêthakakê...]

--- 475 ---

[...n] sêlaka ingkang sampun cêmêng, amêndhêta kapur sela, gips dipun gêrus ngantos lêmbat, kadamêl bubur kalihan cokak Walandi kangge anggêbêg barang-barang sêlaka ingkang sampun cêmêng, sasampuning rêsik lajêng kagêbêga malih kalihan bubuk kapur Walandi. Langkung prayogi: MANGAANZURE KALI dipun jur ing toya kangge anggêbêg sêlaka wau, nuntên kagêbêg malih kapur walandi sawatawis. Ngrêsiki mas, kagêbêga kalayan wacucal maenda ingkang lêmês mawi PARIJS ROOD.

Ngrêsiki sêsotya kagêbêga mawi toya walirang Zwa velmelk sarta dipun têlêsi Wijngeest sawatawis, panggêbêgipun sarana sikat alit ingkang kangge nyikat baludru.

Andamêl gadhing tiron

Sêrat kabar Amerikah anggiyarakên mênggah pratikêlipun andamêl gadhing tiron, sarana toya susu. Dene ingkang winastan toya susu wau, inggih wunikapunika. pêrêsaning toya susu lêmbu, pratikêling pandamêlipun makatên:

Toya susu punika dipun godhok ngantos kênthêl, sasampuning kaêntas, ingkang nglambang§ punapa sami kalihan anglangit. kados kalangsutaning tigan§ punapa sami kalihan kalamudan. Red. ayam ing nginggil, kaleropana ing wadhah sanès. Nuntên amêndhêta borax wawrat tigang pon, kaêjur ing toya [to...]

--- 476 ---

[...ya] tigang litêr, lajêng cinambor kalayan toya susu ingkang kênthêl wau wawrat sadasa pon, kagodhoga malih wontên ing kuwali utawi kêndhil, latunipun kêdah kaintir-intir kemawon supados urubipun ajêg, ngantos sawatawis dangunipun, camboran wau dados kalih bagean, ingkang cuwèr kalihan ingkang kênthêl kadosdene umbêl kapisahna ing wadhah sanès. Ingkang kênthêl cinamboran malih kalihan MINERAAL ZOUT 1 pon, kaêjur ing toya tigang êkan. Camboran punika ugi dados kalih bagean, ingkang cuwèr kalayan ingkang kênthêl kados jaladrèn (galêpung ulêd-ulêdan) ingkang cuwèr kapisah malih sarana dipun saring, dados amung kantun ingkang kênthêl kemawon, warninipun pêthak.

Bilih badhe marnèkakên sakajêngipun ingkang damêl, kêdah dipun cambori kalihan bubukan cèt, kados ta: warni pêthak, cêmêng, ijêm, ugi mawi bubukan cèt makatên wau, lajêng kacithak punapa ingkang dipun kajêngakên, kadamêl garan pèn, garan lading, cangkir sapanunggilanipun, nuntên dipun pe ngantos garing, atosipun botên beda kalayan gadhing sayêktos.

TAN SING TJWAN Solo 25-12 1902.

--- 477 ---

Ingkang sami ngrêmbag wontên ing kabar bab gugon tuhonipun têtiyang Jawi: botên wontên pêdhotipun, kula sampun purun usul, bok inggih sampun mantun dipun rêmbag kemawon, kados pundi, punapa gêla galihipun bilih botên nguwus-uwus kabodhohanipun têtiyang Jawi, tur ingkang nguwus-uwus punika inggih bôngsa kula têtiyang Jawi piyambak, kaotipun sampun nginguk pamulangan, sumêrêp taptip, lajêng muring-muring puruging bêndu dhatêng bangsanipun piyambak, busuk thêkluk ora mangan wuruk.

Kula botên matur gêgujêngan, sayêktosipun kula dèrèng mangrêtos ingkang nama gugon tuhon punika, awit tiyang Jawi taksih nyêmbah dhatêng kayu watu (kijing) ngutugi wêsi aji sabên malêm Jumungah sarta Anggara Kasih, punapadene milujêngakên nyaosi dhahar dhatêng sêmara siti, sarêng ngutugi patilasan ingkang misuwur: sêndha, guwa sasaminipun dipun anggêp gugon tuhon, punika bedanipun punapa kalihan ingkang kasêbut ing nginggil, makatên malih sawênèhing tiyang ingkang dipun wastani korup pamanggihipun, tarkadhang dados mulya, kosok wangsulipun tiyang ingkang dipun wastani wêning èngêtanipun botên katempelan ing budi gugon tuhon, kalêbêt priyantun ingkang rêmên muring-muring dhatêng bangsanipun piyambak, têka malah dados thetheore ngaub dhatêng ingkang cinêri-cêri.

Wontên malih ingkang anggumunakên anggènipun têtiyang Jawi sugih tatakrama ajrih dhatêng inggil-inggilanipun, punika dipun wastani ingkang marahi, mêndhak-mêndhak kaya liwêt, botên nuwuhakên panggraita dening botên gadhah kapulunan, rak kasangêtên, tiyang sugih tatakrama ajrih dhatêng inggil-inggilanipun têka malah dipun lêpatakên, sumêrêp kula pamanggihipun bôngsa Eropah, sami ngalêm saha eram dhatêng alus sarta warni-warnining tatakramanipun têtiyang Jawi, nanging tiyang Jawi piyambak malah amastani awon, saha sampun kathah ingkang nyangkok tatakrama sarta têmbungipun bôngsa sanès, kados ta: ngebahakên pamidhangan, pêpêthukan namung kumlawe astanipun, tanpa aruh-aruh, malah bilih pamanggihan mawi tabe, pamanah kula aluwung anggaliha tahu goling, tinimbang anggalih bab gugon tuhon sarta tatakrama ingkang sampun sami dipun lampahi, punika wontên pikantukipun.

Môngsa.

E diaturi kok maibên, raosipun kados pundi ta.

--- 478 ---

Gurih

Ingkang sampeyan tumbasi sintên.

Mêrangi tatal sampeyan punika sok wontêna tahu gorèng ingkang sade inggih Cina.

Punapa tahu punika wêdalan nagari Cina.

Anèh sampeyan punika. Tahu pathining kadhêle diwastani bangsaning kalèngkèng.

Punapa Cina nanêm kadhêle

Botên, ingkang nanêm inggih tiyang Jawi.

Sabab punapa têtiyang Jawi botên isin tumbas tahu

Isin kados pundi, sampun malih tahu, têtiyang dhusun ing môngsa pailan sami nêmpur utawi numbas pohung dhatêng pacinan, langkung malih têtiyang nagari botên wontên ingkang tandho uwos, padintênanipun inggih nêmpur dhatêng pacinan, botên isan-isin.

Lah inggih punika ingkang pantês ginalih, wontên lêlampahan buwana balik, ingkang nanêm botên rawat, ingkang rawat botên nyanggi paos dhatêng kajawèn, sapunika kados pundi rekadayanipun tiyang among tani sagêd dipun rawat wêdaling têtanêmanipun piyambak, kados ta upami panyanggining paos kêdah awarni uwos, dipun kêrta aji sumbutipun kalihan kathahing paos, prêsèn katur ing nagari inggih uwos ugi, kaklêmpakakên ing gudhang sarta sadhengah tiyang Jawi kenging nêmpur satadhahipun kalayan argi mirah, sanadyan têtanêman sanèsipun pantun kados ta kacang, kadhêle, wijèn, pohung sasaminipun ingkang kenging katandho lami inggih kalêbêt dados paos ugi.

Kula kok ragi mathuk rêmbug sampeyan punika, ananging punapa nyêkapi kangge kabêtahanipun têtiyang sabawah dalêm.

--- 479 ---

Botên paja-paja nyêkapi, awit siti bawah dalêm sarta bawah kadipatèn Kamangkunagaran, kathah ingkang sampun wontên pangwasaning kabudidayan, ananging punapa botên nama lowung angopèni gadhahanipun piyambak, tinimbang dipun opèni ing bôngsa sanès, kalihdene malih sanadyan sampun kathah ingkaingkang. dados pangwasaning kabudidayan, glebaganipun inggih taksih dipun tanêmi bangsaning rijêki dhatêng têtiyang alit ingkang sami nyanggi damêl, dados taksih kathah ugi pamêdal ingkang kenging katandho. Tumuntên tiyang tani sami katamtokakên nyade wulu pamêdaling siti dhatêng ing gudhang sacêlaking kitha kabupatèn, sarta katamtokakên rêginipun panumbas ing môngsa mirah sarta panyade ing môngsa awis.

Bilih dipun jori dhatêng liyan bôngsa ing bab awising panumbasipun kadospundi.

Sokur bilih tiyang alit sagêd sade wulu pawêdaling siti langkung awis tinimbang dhatêng ing gudhang, ananging môngsa sadayaa: botên, kalih dene malih para abdi dalêm alit ingkang gêgadhuhanipun siti taksih kajawèn, kapêksa nampani palihan utawi pratiganing pawêdalipun siti, amêsthi têntrêm tinimbang nampani paos yatra.

Kula ragi mathuk malih pamanggih sampeyan punika, ananging kadospundi sagêdipun kalampahan, awit kêdah mawi prabeya agêng angwontênakên arta pawitan, môngka bandhaning nagari botên mêsthi kangge mitulungi prakawis rèmèh makatên.

Punika gumantung pamurihipun wontên pamurinanipun para lêpas ing budi, angwontênakên pakumpulan agêng dene sapunika sampun wontên ingkang ngadani pakumpulan angwontênakên arta 80 èwu kangge damêl griya pasewan, inggih punika wrêdha wisesaning abipraya Radèn Ngabèi Prajamartana, punika satunggaling priyantun ingkang pantês pinuji ing ngakathah, pintên-pintên prakawis ingkang dipun adani sagêd kalampahan dados, kula cêkak kemawon ingkang ngadani wontênipun abipraya inggih saking Radèn Ngabèi Prajamartana, lajêng dados têtuladanipun sositèit Jawi ing India Nèdêrlan, dados prakawis punika (amông dagang sade tinumbas pawêdal) bilih dipun adani dhatêng Radèn Ngabèi Prajamartana kenging dipun [di...]

--- 480 ---

[...pun] ajêng-ajêng kalampahanipun, sukur bage sèwu angsal pitulunganipun ing kangjêng parentah agêng.

Kintên-kintên cêkap pintên dasa èwu wontênipun pawitan punika.

Bilih kapetang mindhak awang-awangên, sapunika ingkang kadamêl baku botên mitulungi têtiyang alit, sayêktosipun among dagang sade tinumbas wulu pamêdal, kauntunganipun sakêdhik, tinimbang ingkang kathah-kathah, utaminipun mawia kaayoman saking pangwasanipun kangjêng parentah agêng, kados ta: têtiyang alit botên kenging sade lêmpung utawi ngijokakên tanêmanipun dhatêng sadhengah tiyang ingkang namung murih pikantuk arta sapunika sasaminipun prajanji ingkang murugakên bilai, saupami kalampahan wulu pamêdaling sabin katamtokakên dados lêlintuning paos, amêsthi suda ardanipun para abdi dalêm alit, sarta têntrêm ing panggesanganipun dening kapêksa sasimpên uwos saminipun, makatên malih têtiyang alit ing dhusun langkung têntrêm malih dening sasanggènipun paos botên awarni yatra, mêdal utawi botên namung ngladosakên pamêdal. Red.