Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-04, #1803

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1903, #1803
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-01, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #206.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-02, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #434.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-03, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #435.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-04, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #436.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-05, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #437.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Sura taun Wawu, ôngka 1832. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA. 30 MAART 1903.

--- 481 ---

Ngèlmu Tani

Sambêtipun Candrakanta ôngka XX taun III kaca 429

Chloor (Cl)

Khlur punika kahanan maligi (ontsar) ananging sadaya khlur ing jagad punika sampun sami nunggil kahanan kalihan sanès-sanèsipun, dados botên wontên khlur ingkang maligi, dene mênggah khlur ingkang maligi wau warninipun kados kukus.

Mênawi khlur nunggil kahanan kalihan oksigenium kalih bagean, dados khlursir chloor zuur bilih khlursir wau nunggil kahanan kalihan basên, lajêng dados sotên (têtêdhaning tanêman) ananging tanêman botên patos kathah ngangge sotên saking khlur, mila ing salêbêtipun awu badaning tanêman amung pinanggih sakêdhik sangêt.

Sêsukêring tiyang utawi khewan, ingkang kênthêl miwah cuwèr (tinja, uyuh) punika amot khlur, anganging ingkang langkung kathah khluripun, sêsukêr ingkang cuwèr (uyuh).

Khlur mênawi nunggil kahanan kalihan natrium kawastanan: khlur natium, inggih punika sarêm, ingkang kathah dumunung wontên ing toya sagantên, pramila toya sagantên wau raosipun asin.

Khlursir wontên paedahipun malih, bilih kaêworakên ing toya kenging kangge nyiram ing sênthong-sênthong ing

--- 482 ---

griya sakit, ingkang gandanipun awon (arus bacin) mênawi kasiram ing khlursir wau, ambêtipun awon lajêng sirna, ing wêkasan botên damêl sêsakit.

Khlur ingkang nunggil kahanan kalihan kalsium kawastanan khlur sirêkalsium chloorzure calcium, kenging kangge ngicalakên ambêt-ambêtan ingkang awon ing gêdhogan, ingkang wontên kapalipun sakit pilêg, supados kapal-kapal sanès-sanèsipun botên sagêd katularan. Awit mênawi khlur kauwur-uwurakên ing gêdhogan, lajêng pisah anggènipun nunggil kahanan kalihan kalsium, khlursir wau tumuntên nunggil kahanan kalihan hawa ingkang ambêtipun awon, ngantos gônda awon sagêd sirna.

Khlur sagêd ajur ing toya, sarta toya ingkang amot khlur wau kangge angrêsiki panggenan, sandhangan pêthak, utawi kadamêl pêthak bakalan dalancang.

Khlur ingkang nunggil kahanan kalihan hidrogenium kawastanan khlur watêstop chloor watêrstov, tanpa warni miwah botên sagêd kabêsmi, sarupi kados kukus, punika sagêd anyirnakakên dhatêng manusa tuwin kewan bilih wontên ing salêbêtipun khlur watêrstop wau. Ing dalêm badaning tanêman, khlur tulung supados sètmil dados glikosê, kangge tanêman tela pêndhêm batatas, mênawi kathah khluripun katela [ka...]

--- 483 ---

[...tela] wau yèn kagodhog jêmèk, sabab kirang sètmin,sètmil. kangge tanêman sata awon sangêt, amargi mênawi godhongipun kêkathên khlur dadosipun sata kaobong botên sagêd mêmpan, pramila tanêman sata ingkang cakêt pasisir kirang prayogi.

Kalium (Ka) ugi nama Potassium

Punika kahanan maligi (ontsar) ing jagad punika sadaya sampun nunggil kahan kalihan sanès-sanèsipun.

Kalium kasêbut logam, tiyang sagêdipun pikantuk saking panunggilanipun kahanan ingkang kawastanan: potas (kulsir kali = Koolzure Kali).CO2 + Ka O.

Kalium ingkang mligi warni pêthak kados salaka, sarta kenging katugêl-tugêl, mênawi nunggil kahanan kalihan oksigenium sabagean, kawastanan: kalium oksidê utawi kali (Ka O).

Kalium punika nunggilipun kahanan kalihan oksigenium gampil sangêt, mênawi kadadèkakên ing toya, lajêng oksigenium saking toya wau nunggil kahanan kalihan kalium saking toya wau, ngantos ingroginiumipun kalih bagean dados pisah.

Kalium sadèrèngipun dados oksidhên Osczijden sampun sagêd nunggil kahanan kalihan sirêp warni-warni dados sotên [so...]

--- 484 ---

[...tên] (têtêdhaning tanêman).

Wondene kulsir kali (Koolzure kali) punika, sanèsipun kangge têtêdhaning tanêman, kenging kadamêl sabun, ugi kangge ing pabrik-pabrik adamêl gêlas.

Sotên potas pêrlu sangêt dhatêng tanêman, ingkang kathah dumunung wontên ing tanêman ingkang amot, sètmil kathah, kados ta: pantun, jalung,jagung. katela sapanunggilanipun, dhatêng tanêman sata ugi sae, amargi godhongipun gampil kabêsmi (botên ambalêbês).

Natrium (Na)

Punika kahanan maligi (Ontsar) kasêbut logam, warninipun pêthak sangêt, ing jagad punika sadaya natrium sampun nunggil kahanan kalihan sanès-sanèsipun, asring pinanggih wontên ing salêbêting sela, mênawi nunggil kahanan kalihan khlur kasêbut khlur natrium, inggih punika sarêm ingkang kathah manggèn ing toya sagantên.

Natrium gampil sangêt anggènipun nunggil kahanan kalihan okigenium, ingkang nunggil kahanan wau kawastanan natrium oksidhê, utawi natron, mênawi nunggil kahanan kalihan kulsir, kasêbut kulsirê natron Koolzure Natron utawi sodhah Soda asring kadamêl ngumbah pangagepangangge. utawi sanès-sanèsipun.

--- 485 ---

Natron wau mênawi nunggil kahanan kalihan salpètêrsir (Salpeterzuur) N.O3 kawastanan salpètêrsir natron (natronitrat) Natron Nitraat ingkang kathah pinanggih wontên ing nagari Sili, mila kawastanan Sili salpètêr.

Calcium (Ca)

Punika kahanan maligi (ontsar) ingkang kathah wontên ing salêbêting bantala, sanèsipun kangge têtêdhaning tanêman, wontên malih pigunanipun ingkang agêng, inggih punika kadamêl tomboking griya gêdhong, sarta kangge nglabur griya, tuwin kangge nginang inggih punika ingkang nama apu (ênjêt).

Mênawi nunggil kahanan kalihan oksigenium sabagean, kawastanan kalêk, utawi kapur gêsang (ca.O), inggih punika ingkang nama gamping (kulsir kalêk) = (Ca, O+C.O2) punika jasad pêthak ingkang pinanggih ing rêdi-rêdi.

Gamping wau mênawi kabêsmi, kulsir miwah oksigenium mumbul ing awang-awang, kantun kalsium maligi, nanging tumuntên nunggil kahanan malih kalihan oksigenium saking awang-awang punika, lajêng dados kalêk (kapur gêsang), sarta ugi tumuntên nunggil kahanan kalihan kulsir, nanging anggènipun nunggil kahanan wau beda kalihan gamping, kulsir kalêk punika mênawi kasiram toya lajêng umêb,§ ing Surakarta = umob. sabab barang wau angêculakên [angêculakê...]

--- 486 ---

[...n] (angudharakên kulsir), kalêkipun tumuntên nunggil kahanan kalihan toya, kawastanan kapur pêjah (ets kalk) lami-lami kapur pêjah wau ugi purun nunggil kahanan malih kalihan kulsir, lajêng angêculakên (angêdalakên toyanipun).

Kulsir kalêk punika ingkang kathah dumunung wontên ing badaning khewan, kados ta: balung, cangkang§ punapa sami kalihan kulit, utawi klothokan tigan, dene têmbung cangkok, kangge i kêmiri.enz. Red. tigan, sêsukêr ingkang kênthêl tuwin cuwèr, ugi dumunung ing badaning tanêman.

Kulsir kalêk punika ugi sagêd ajur dening toya ingkang amot amoniak (Amonia) utawi sirên warni-warni.

Kalêk pêrlu sangêt tumrap dhatêng tanêman, sabab wontên ing salêbêting khloropil (clooroplil ijêming godhong) anjagi supados, glikosê botên nunggil kahanan kalihan sirên warni-warni, tuwin anggadhahi daya narik kulsir saking ing ngantariksa, kangge angontênakênangwontênakên. sètmil ing salêbêting sèl-sèl.

Aluminium (Al).

Punika kahanan maligi (ontsar) ing jagad punika sampun sami nunggil kahanan kalihan sanès-sanèsipun, kasêbut logam ingkang ènthèng piyambak awarni pêthak, asring kangge barang alit-alit ing griya. Aliminium wau gampil sangêt anggènipun nunggil kahanan kalihan oksigenium, ingkang kathah [ka...]

--- 487 ---

[...thah] pinanggih wontên ing salêbêtipun siti lêmpung tuwin siti ton (thon) ing dalêm lêmpung rêsik 1 1/2 KG wontên aliminiumipun 1 KG, ananging pamêndhêtipun aliminium saking lêmpung rêkaos sangêt.

Tanêman panganggenipun aliminum botên kathah, ananging pigunanipun dhatêng tanêman agêng sangêt, amargi mitulungi sagêd angandhêg warni-warni sotên têdhaning tanêman.

Siti ingkang amot aliminium, kasêbut siti tawas, awit aliminium ingkang kathah wontên ing salêbêting tawas, ing tawas wau aliminium nunggil kahanan kalihan swapêlsir (zwavelzuur) utawi sirên, tuwin sanès-sanèsipun.

Perang nkaping:Perangan kaping: 7

Kahanan: 14 warni ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, mênawi sampun pêpak, kamot wontên salêbêting siti, tuwin sampun rumantos dados warni-warni sotên zouten ngantos botên kêkirangan satunggal punapa, kanthi pitulungan pamulasaranipun, murih siti sagêd êmpuk ing sadangunipun, miwah êmpukipun siti wau lêbêt, tamtu sagêd anuwuhakên tanêman sae. Sabab siti wau sagêd anggadhahi daya kalakuan (watêk warni-warni) kados ing ngandhap punika:

1. Kalakuan (watêk) kapilaritèt (capilariteit)

--- 488 ---

inggih punika mênawi ing môngsa katiga toya sami asat, siti sagêd narik toya ingkang kantun ing siti ngandhap, toya wau sagêd rumêsêp tundha-tumundha manginggil, lajêng nêlêm sêsiti ingkang wontên ing nginggil.

2. Kalakuan, watêrkapasitèt (Watercapaciteit) inggih punika dayanipun siti sagêd angandhêg toya, toya botên sagêd ambrabas.

3. Kalakuan, kondhènsasi pêrmokên (Condensatie vermogen) inggih punika bilih ing môngsa katiga, ing wanci dalu siti sagêd angisêp hawa toya (H 2 O) saking awang-awang, kadamêl cuwèr dados toya kangge nêlêsi siti (êbun).

4. Kalakuan absorsipêrmokên (Absorbtievermogen) dayanipun siti sagêd ngisêp tuwin angandhêg, sotên warni-warni, ingkang ajur dening toya, inggih punika saking pitulunganing siti ingkang amot kahanan: dhibêlsotên (3 Si O3 + Mg3T3 + S. O.ca O).

Taksih wontên sambêtipun

Guru bantu ing Karanganyar, R. Pringgasubrata

--- 489 ---

Kawruh Pêlikan

Sambêtipun Candrakanta ôngka XX kaca 415.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, pêlikan taksih anggadhahi watêk sanèsipun, ingkang kenging kangge titikan mênggah bedaning dhasaripun, inggih punika ingkang tumrap ing panggônda, ing pangraosing ilat tuwin pangraosing badan, pêlikan ingkang kathah botên anggadhahi watêk ingkang kenging kasaksèkakên sarana panggônda, bilih wontên, sampun tamtu wontên makatên punika pamoring pêlikan warni kalih utawi langkung, botên maligi awujud jasad satunggal, ing kawruh pêlikan dipun wastani jasad lômba awisan (arsênicum = warangan) kalihan walirang bilih dipun gosok utawi dipun bêntèri angwontênakên ambêt botên eca, inggih punika jalaran saking kumpul pisahing cêcamboran.

Pêlikan salong wontên ingkang kenging katitik saking pangraosing ilat, kados ta: ingkang winastan bitêr ardhê (bitteraarde) raosipun pait, sêndawa (salpeter) raosipun anyêp tumrêcêp dhatêng ilat, sarêm sela (steenzont) raosipun asin, yèn makatên sabarang ingkang sagêd ajur dening idu anggadhahi raos, pêlikan wontên ugi ingkang kenging katitik saking pangraosing badan, inggih punika saking êmèk, sawênèh êmèkipun kasap, kados ta:

--- 490 ---

siti ladhu (lava) sawênèh nglisah utawi ngêndhal, kados ta: speksteen, wontên ingkang êmèkipun anyêp, kados ta: sela rajapèni: intên sasaminipun.

Têksih wontên sambêtipun

R. L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta

Sawêg dumugi samantên cariyos kula, kula badhe nyêlani cariyos bab kawontênan ingkang anèh, sajêg kula gêsang dèrèng nate sumêrêp, bokmênawi para maosamaos. ugi makatên.

Wayangan ing Gêgana ingkang anggawokakên, inggih punika ingkang winastan "Fata Morgana".

Sêrat pawartos "Het Centrum" ngêwrat panjurung pêpêthikan saking palapuranipun, Ophzisiring baita api: gedhe ingkang pinuju jagi, sarta ingkang kawajibakên amèngêti, nalika baita api: gêdhe ngajêngakên lumêbêt dhatêng palabuhan ing Suwès (Suêz) kalêrês tanggal kaping 18 wulan Yuni taun 1902 ing wanci jam 12 langkung 35 mênit siyang, kasumêrêpan wontên wêwayangan ing gêgana, makatên pratelanipun.

Angin pinuju kèndêl, hawanipun ing ngawang-awang rêsik, langit katingal padhang sumêblak adamêl sêngsêming manah, toyaning [toya...]

--- 491 ---

[...ning] sagantên tidhêm tanpa sabawa, ing gêgana katingal wontên wêwarnèn cakrawala tanjêbing langit lan toya, imbang-imbangan atundha-tundha saya minggah sangsaya wiyar êlêtipun, ing wêwayangan tanjêbing langit ingkang nginggil piyambak sarta ingkang katingalipun langkung cêtha tinimbang sanèsipun, kasumêrêpan cêtha awela-wela wontên wayangan baita angwêdalakên kukus saking pipanipun, wayangan cakrawala kalihan wayanganing baita ingkang ngandhap piyambak katingalipun kirang cêtha, punapa malih wayanganing baita langkung alit tinimbang wayangan ingkang sanèsipun, wayanganing cakrawala kalihan wayanganing baita ingkang sami wontên têngah, iing. saantawisipun wayangan ingkang nginggil kalihan ingkang ngandhap piyambak, katingalipun namung lamat-lamat, wujuding baita botên sami, ing têngênipun wayangan cakrawala kalihan wayangan baita api katingal wontên wayangan pulo parêdèn ngrêgêmêng adamêl gawokipun para ingkang sami sumêrêp, patrapipun inggih tundha-tundha saya mangandhap sangsaya alit, sasampunipun katingal kalih dasa mênit dangunipun, wêwarnèn wau lajêng ical, sanadyan katingalan dhatêng tiyang ingkang manuh ningali têbih (kados ta: tiyang ingkang manuh lampah palayaran) wayangan baita sakukusipun sampun botên katingal, ing wanci jam 2 langkung 35 mênit baita api gêdhe lumêbêt ing lêmponging sudhetan Suwès anglangkungi

--- 492 ---

baita api momotan, sok mêkatêna: inggih têrang punika baita api ingkang wayanganipun katingal wontên ing gêgana saking baita gêdhe, watawis lêlampahan kirang: 40 mil têbihipun saking ngriku, dene wayangan ingkang awarni pulo parêdèn punika têtela wayanganipun nagari Sapharmah (Zafarma) cêlak kalihan dunungipun baita api momotan wau.

De Observator (W. g) L Steenbergen 3: Officier S.S. Gésé

Katêrangan

Sampun wiwit iing. jaman kina têtiyang bôngsa Yunani anyumêrêpi bilih asring wontên kapuloan ingkang têbih-têbih dunungipun, sarta rêdi-rêdi parang dumadakan katingal wontên gêgana ing sanginggiling lumahipun toya sagantên, ing jaman têngahan wontên cariyos angandharakên bab ingkang winastanan ing têmbung Yunani "Famargang" inggih punika namaning kahanan ingkang lajêng tumangkar ing jaman wingking limrah winastan "Fata Morgana" wontên dene ingkang kêrêp wontên kahanan makatên punika kados-kados ing pripitanipun sagantên Mesina ing saantawisipun nagari Itali kalihan nagari Sisiliê, mirit wontênipun nama têmbung Itali ingkang lajêng pêncar limrah kangge ing akathah winastan Fata Morgana punika wau awit saking tuwuhing

--- 493 ---

gagasanipun têtiyang ingkang taksih sangêt pasaja sêsêrêpanipun ing tanah kidul-kidulan, têmahan angwontênakên panyakrabawa bilih wêwarnèn ingkang asring katingal ing gêgana kados ingkang kapratelakakên ing nginggil wau têtela kontha-kanthaning kahyanganipun pêri ingkang awasta "Morgana", nanging katêranganipun ingkang sampun pinanggih ing pambudi, miturut sêsêrêpanipun para sarjana ing kawruh alam, ingkang sampun kababarakên sarana wêwaton tôndha pasaksèn ingkang sah, botên makatên.

Taksih wontên candhakipun

R. L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta

Ngèlmu Alam Bab Pêlikan

(Sambêtipun Candrakanta blz 459)

Ra. Timah Sari utawi Sèng

Timah sari punika asalipun saking tanah Jrêman, Bèlgi, Èngêlan, Sêpanyol, tuwin tanah Polèn, timah sari ingkang taksih woworan, wontên ingkang nama kulsursir oksin koolzuur zink oxijd kisêlgalme kiezelgalmei (woworanipun kisêlsur kizelzuur kalihan singoksin zink oxijdzijd) tuwin singblindhê zinkblinde (woworanipun [(woworani...]

--- 494 ---

[...pun] timah sari kalihan walirang). Pamêndhêtipun saking woworan ôngka 1 sarta ôngka 2 punika langkung gampil tinimbang saking woworan ingkang ôngka 3 timah sari utawi sèng punika bobotipun 7,1 dumugi 7,3 sarta lêbur bilih bêntèripun 413 grad sèlsius, panyadenipun warni balebekan sarta ingkang kathah kadamêl talang, urung-urung toya, payon griya sapanunggilanipun.

Ka. Timah Pêthak utawi Prunggu

Timah pêthak utawi prunggu punika ingkang kathah pamêndhêtipun saking woworan ingkang nama tinsêtin tinsteen inggih punika kawoworanipun prunggu kalihan sursêtop, asalipun saking pulo Bangkah, Blitung tuwin tanah Malakah. Ing tanah Boemên, Saksên tuwin ing pulo Inggris, ugi wontên tinsêtin, anangiananging. kirang sae tinimbang wêdalan ing tigang panggenan wau. Prunggu punika bobotipun 7.3 sarta awis-awis kangge, sadèrèngipun kawoworan ing pêlikan sanèsipun, timah pêthak ingkang dipun damêl pirantos punika, tamtu sampun kawoworan timah 10 utawi 20 prêsèn, awit mênawi kêkathahên timahipun, bilih kangge pirantosing pawon, asring angwontênakên woworan ingkang kirang prayogi tumrapipun tiyang. Prunggu ingkang balebekan tipis sangêt punika kadamêl ambêbuntêl, toya [to...]

--- 495 ---

[...ya] raos ingkang wontên ing suwalikipun pangilon punika dipun wastani: tin, amalgam tin amalgaam inggih punika woworanipun toya raos kalihan prunggu.

Da. Toya Raos

Toya raos punika wontên ingkang suci, wontên ingkang woworan, kados ta sinabêr Cinnaber woworanipun toya raos kalihan walirang. I tanah Kalipurniyah, Iliriyah, Sêpanyol tuwin ing Rinbiyêrên, wontên pêlikanipun sinabêr. Toya raos punika cuwèr, sagêdipun anjêndhêl bilih ukuranipun bêntèr langkung asrèp 40 grad sèlsius tinimbang toya ingkang anjêndhêl (-40oC) sarta sagêd umob, bilih bêntèripun 360 grad sèlsius, bobotipun 13,50 bilih dariji upami kacêlupakên ing toya raos punika botên sagêd têlês, makatên ugi barang sanès-sanèsipun, toya raos punika warninipun mèh sami kalihan prunggu.

Pêlikan-pelikan punika kathah ingkang sagêd ajur wontên ing toya raos, bilih woworan wau dipun bêntèri, sadèrèngipun ngukus, toyanipun raos sampun ngukus rumiyin, sabab punika toya raos wau kenging kadamêl amilahakên mas kalihan salaka saking èrêtipun, kajawi saking punika toya raos wau ugi kengikenging (dan di tempat lain). kadamêl nyêpuhi [nyê...]

--- 496 ---

[...puhi] barang, supados dados kados mas utawi salaka, punapa malih kengi kadamêl prêmilyun vermiljoen, inggih punika cèt ingkaingkang. warnipunwarninipun. abrit, dene ingkang kadamêl jampi kabumbonan jasad sanèsipun.

Mas

Galigèn ingkang mulya inggih punika êmas, salaka tuwin platinah utawi mas pêthak, sarta botên ninja. Mas ingkang pinanggih wontên ing bumi punika tamtu suci, inggih punika botên kawoworan jasad sanès-sanèsipun, mas punika warni kalih, mas pêlikan tuwin mas ingkang asalipun saking lèpèn-lèpèn. Panggenan ingkang kathah masipun, kados ta: ing tanah Ostraliyah, Afrikah kidul, Amerikah, Rus tuwin Ostênrik, bobotipun 9,25 dumugi 9,6 sarta lêbur bilih bêntèripun 1200 grad sèlsius, rêginipun 1 kilogram, kirang langkung 1600 rupiyah, kenging kagêmblèng tipis sangêt, ngantos upami 11000 lêmbar kasungsun kandêlipun namung 1 milimètêr, bilih badhe kadamêl yatra sasaminipun, kêdah kawoworan salaka utawi têmbagi sawatawis, supados sagêd ragi atos, kados ta: dhukat dukaat Walandi masipun 983/1000 panduman, gaodhênwilêm gouden Willem masipun 900/1000 panduman, dene ingkang kadamêl rêrênggan sapanunggilanipun ingkang limrah [li...]

--- 497 ---

[...mrah] masipun namung 583/1000 panduman utawi langkung sakêdhik.

Salaka

Salaka punika wontên ingkang suci, wontên ingkang kawoworan ing jasad sanèsipun, ingkang kathah asalipun saking tanah Amerikah, Sili, Peru, Argentinah, Prisên, Ostênrik, tuwin ing tanah Saksên. Èrêt timah sarta têmbagi punika asring wontên salakanipun. Salaka punika bobotipun 10,5 dumugi 10,7 sarta lêbur bilih bêntèripun 1000 grad sèlsius sarta murih kenging kadamêl dandosan ingkang prayogi kêdah kawoworan têmbagi utawi jasad sanèsipun, yatra ringgit, rupiyah tuwin ukon, utawi têngahan rupiyah, punika salakanipun 945/1000 panduman, dene talèn, kêthip tuwin kêlip punika salakanipun 645/1000 panduman. Ingkang kangge dandosan utawi rêrênggan sanès-sanèsipun, salakanipun 934/1000 utawi 833/1000 panduman.

Platinah (= mas pêthak)

Platinah punika bobotipun 21 dumugi 23 sarta lêbur bilih bêntèripun 2500 grad sèlsius ingkang wontên pêlikanipun ing tanah Rus, inggih punika ing parêdèn, oral tuwin ing tanah Amerikah kidul (ing Brasiliah, Kolombiah, tuwin Peru). Platinah punika suci, warninipun [warnini...]

--- 498 ---

[...pun] mèh sami kalihan salaka, ananging rêginipun tikêl wolu. Ing jaman kina ing tanah Rus platinah punika dipun damêl yatra, ananging sapunika namung kadamêl barang warni-warni tuwin rêrênggan kemawon.

Pun Prawirawiyata, abdi dalêm carik II kabupatèn Pulisi Surakarta

Landbouw Planten kunde = ngèlmu tani

Sambêtipun Candrakanta blz 262

Kawuningana wit-witan ing ngalam dunya punika sadaya namung wontên tigang bôngsa perangan agêng, kados ta: 1e Bôngsa Arborium (Arborium). 2e. Pritèk (Fritek). 3e. Èrbarium (Herbarium)

Ing satunggaling bôngsa kabage 3 bôngsa alit, 1e. Klasis (Klasis). 2e. Ordho (Ordo). 3e. Genus (Genius)

Patrapipun nama makatên kados ta: wit arèn, punika kalêbêt bôngsa arbor Arborium namung malêbêt, ordhopalme (Ordo Palmei) pakumpulan, tumut nama genus, [genus...]

--- 499 ---

[...,] Aréca (arèn) Klapa (kalapa) kalêbêt ugi bôngsa arbor, tuwin tumut bôngsa ordhopalme, genusipun nama kokosnusipera Cocosnoesipéra wondene mangrêtosipun.

1e. Arbor (Arborium) punika wit-witan agêng ingkang awoh sadangunipun, kados ta: wringin, dhuku, kuwèni, asêm, klapa, jêram, pêlêm, nôngka, punika kalêbêt wit Arborium.

2e. Pritèk Friték mangrêtosipun wit-witan alit, ananging awoh ugi sadangunipun, kados ta: dalima, jêruk kingkit, sêkar puyêng, sêkar mawar, sêkar srigadhing, wit gambir, punika kalêbêt bôngsa Fritek.

3e. Hèrbarium Herborium mangrêtosipun, awoh sapisan pêjah, inggih punika bôngsa rumput, kados ta: pantun, jagung, palawija sasaminipun, rosan, pisang, dêling, sadaya bôngsa rumput, ing salêbêting 3 bôngsa wau kula sampun matur kabage tigang nama malih kangge ambage nama-nama wau, trangipun malih Sacharium oposinarium rosan, punika bôngsa herba, tumut, ordho saharêm, oposinarêm, tumut nama rupi-rupi, genus, arjuna, keong, mangli, irêng, lutung (cara Jawi) nama Latèn Alba (pêthak).

--- 500 ---

Ruba (abrit) Nigers (cêmêng) botên wontên, nama keong, arjuna, mangli.

Bapa tani kêdah nyumêrêpi siti punapa ingkang badhe dipun tanêmi wau, punika kêdah mawi pirantos ingkang nama lan analisê (= Land Annalische) ing sarèhning kula tiyang Jawi sêpên bab pirantos-pirantos, kula amung ngaturi katrangan ingkang gampil tinelad, amurih kalampahanipun nyumêrêpi siti punapa ingkang botên kalayan pirantos saking nagari Eropah, kados ta: dosa angèmpêri.

Angêthok dêling 5 ros, namung wau dêling botên kadamêl bolong trus kados sêmprong, sêsisih buntêt 1,2,3,4,5, têngah-têngahing bumbung dipun bolong, tumuntên kasukanana carang dipun dalit ingkang rapêt, satunggal lan satunggalipun dipun têrusi ngangge carang wau, kados ta:

[Grafik]

Tumutên mêndhêt siti ingkang badhe kapriksa, dipun ubak satunggal wadhah, kintên-kintên cêkap kalihan toya, sasampuning campur, tumuntên kasuntak ing bumbung ôngka 1e mênawi wau siti kathah ingkang kèndêl ing bumbung

--- 501 ---

1e sampun tamtu wau siti: siti pasir balaka, awon siti wau panas, brabas, mênawi ubak-ubakan dhumawah bumbung ôngka 2e siti lêmpung campur wêdhi. Mênawi ubak-ubakan dhumawah bumbung ôngka 3e siti lêmpung ingkang kathah wêdhinipun amung sawatawis. Mênawi ubak-ubakan dhumawah bumbung ôngka 4, 5 punika siti kadadosan saking bêbosokan rupi-rupi têtuwuhan tuwin rumput-rumput, punika siti langkung sae Heumes tiurenp inggih punika ingkang dipun wastani siti lêm. Ingkang kathah siti rêdi kawak, ingkang wontên êmbêlipun: awarni cêmêng.

Samantên ugi siti lêmpung balaka punika lami nahan toya, tanêman lajêng bacêk saha asêm-asêmên, ingkang punika kêdah kawoworan wêdhi: dados sae.

Siti wêdhi balaka punika awon, amargi siti bêntèr tur brabas, botên sagêd nahan toya, dene siti ladhu punika ingkang sae piyasbak,piyambak. amargi sampun mawi rupi-rupi têtêdhaning tanêman, siti ladhu langkung sae dipun tanêmi palawija, têmbako, sêmôngka, gaga sapanunggilanipumsapanunggilanipun. bangsaning Herbarium woh sapisan pêjah.

Tanêman Palawija

Sasampuning bapa tani mêndhêt asiling tanêman pantun, angèngêtana nyantuni tanêman, amurih siti ngaso anggènipun [anggèni...]

--- 502 ---

[...pun] nyambut damêl, bapa tani sampuning panèn langkung sae siti kapacul lajêng kakèndêlakên sawulan supados ayêm, sadaya isi ing salêbêtipun bumi dipun ajurakên kalihan soroting srêngenge tuwin bun, kados atur kula ing nginggil wau.

Taksih wontên sambêtipun

R.R. Rêksawilata.