Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-05, #1803

Katalog:Candrakanta, Radya Pustaka, 1903, #1803
Sambung:
1.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-01, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #206.
2.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-02, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #434.
3.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-03, #1803 . Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #435.
4.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-04, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #436.
5.Candrakanta, Radya Pustaka, 1903-05, #1803. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #437.

Candrakanta

Kaping 1 wulan Sapar taun Wawu, ôngka 1833. Mêdal sawulan sapisan sabên tanggal sapisan. Rêginipun ing dalêm satêngah taun 3 rupiyah, nanging mênawi sampun dados lêngganan ing kabar Sasadara kasuda sapalih namung rêgi 1 rupiyah 50 sèn sarta kêdah kabayar rumiyin.

Ingkang anggadhahi Candrakanta Pahêman Radyapustaka, juru pangripta Ngabèi Wirapustaka

Ingkang nyithak sarta ngêdalakên ALBERT RUSCHE & CO. SOERAKARTA 29 APRIL 1903.

--- 503 ---

Landbouw Planten kunde = ngèlmu tani

(Sambêtipun Candrakanta blz 498)

Ing sajatosipun bapa tani nanêm pantun gadhon punika kirang sae, jalaran siti botên sagêd ngaso, utawi kaupamèkakên tiyang nênêdha amung nêdha sarupi kemawon, kajawi kirang sae ingkang mêsthi bosên, sarta kirang kathah panêdhanipun, makatên ugi siti botên wontên bedanipun, sanadyan mêdala asilipun inggih kaot, amila ing samangke kêdah nanêm palawija, ingkang sampun kalampahan ing nagari Jawi, bapa tani nanêm palawija ing sabin rupi: Zea mais (jagung), Manihot utulisima (pohung), Schorpioijdes (canthèl), Dioes Coréa (katela), sadaya tanêman palawija, kêdah dipun atur gulan Petak-petak gulan punika ingkang sae kangge palawija, wiyar 4 kaki panjang 12 kaki, tiyang nanêm palawija jagung, tuwin canthèl, ingkang sampun kalampahan kawuwur wijinipun panjan, ing dalêm saêlèng 3 glintir wiji, ananging kawuningana sarèhning tanêman jagung wau botên purun kêkathahên toya, dados bapa tani kêdah milih siti sabin No. 3 satêngah têgalan, punapa malih pikajêngipun tanêman jagung oyodipun kêdah minggah-minggah,

--- 504 ---

awit saking punika mênawi jagung wiwit sêkar kêdah kaurugana witipun supados sampun ngantos rêbah.

Wit-witan jagung cumbana kêdah katulung saking tawon, wancinipun sacumbana wiwit jam 8 enjing dumugi jam 10, jam 11 sapanginggil cakokingcangkoking. sêkar sampun anutup.

Ingkang punika sadaya wit-witan sami ugi kêdah sacumbana kadosdene manungsa utawi sato, saupami botên sacumbana sampun tamtu botên angwontênakên wiji, wontên ugi têtuwuhan ingkang botên sagêd sacumbana kalihan pitulunganipun sato kewan, punika kêdah dipun tulungi piyambak dhumatêng manungsa, kados ta wit panili tuwin wit kurma, wondene patrapipun: sarining sêkar èstri kadadèkakên sarining sêkar jalêr, mugi sampun andangu, kaya apa kêmbang wedok lan kêmbang lanang, kula botên sagêd ngaturi katrangan warninipun kalayan sêratan kemawon, kêdah ngangge tuladha sêkar, sumôngga kula aturi rawuh ing griya kula.

Witing kurma ing Mêkah, Mêdinah, Indi, Sêtambul, Mêsir, tanpi§ = tanpa Red. katulung ing tiyang sagêd sacumbana piyambak kalayan sato ingkang tulung nama angkot-angkot.

Ing samangke sampun gonah sadaya têtuwuhan asalipun saking wiji, makatên ugi wontên saha kathah têtuwuhan ingkang [ing...]

--- 505 ---

[...kang] katanêm botên sarana saking wiji, kados ta: dêling, pisang, waru, katela, katela pohung, nanas, uwi sapanunggilanipun, punika wit-witan sampun supe sêkar jalaran têtiyang botên purun nanêm saking wiji, tansah saking sêsiwilan bung tuwin saking trubusan utawi saking nêtèk (witipun), amargi mênawi nanêm saking wiji dangu sangêt sagêd dipun mêndhêt asilipun, anamung sakawit saking wiji kula ugi sampun anyoba nanêm 1 pisang, 2 dêling, 3 katela pohung, salajêngipun thukul ugi, ananging kados antawis 10 taun sawêg sagêd mêndhêt tanêman wau, kêlamèn sangêt, sadaya tiyang nanêm palawija mèh sami patrapipun amung nanêm palawija kadhêle, wontên kaotipun, jalaran tanêman kadhele purun ing toya, saha sarana dipun sêbar, siti kêdah jêmêk-jêmêk, ananging murih saenipun siti inggih ugi kêdah dipun rabuk.

Tanêman palawija ing pakêbonan.

Ing sapunika kula matur nanêm palawija ing salêbêtipun pakarangan ingkang kathah tiyang nanêm, Dioescorea olata (wi warak abrit), Dioescorea olata Alba (wi lêgi), Dioescorea olata Nugres (wi cêmêng sasaminipun), tanêman uwi punika pikajênganipun wontên sanginggiling siti,

--- 506 ---

dados kêdah adamêl papan siti kaunthuk-unthuk, sarana kacampur rabuk tamêndhiling menda, punika langkung agêng winipun, anamung rèhning wi punika umuripun kantos 7-8 wulan, sadaya siti ingkang kaunthuk-unthuk, langkung sae dipun campuri rabuk saking ron-ronan tanêman alit, klatêng§ bokmanawi = latêng Red. enz.

Groone bemasting

Tanêman Pisang. Muisacé doméssénaé (pisang)

Ingkang sampun kalampahan bapa tani nanêm pisang, mênawi sampun ngundhuh wohipun, botên angèngêti punapa-punapa, namung ngèngêti ngundhuh malih badhenipun, ingkang punika kawuningana, nalika pisang kaundhuh sapisan, wohipun agêng-agêng, sinarêng kaping kalihipun suda, kaping 3 sangsaya suda jalaran tiyang nanêm pisang sajatosipun, mênawi sampun kaundhuh kaping kalih, anakipun botên kenging dipun tulusakên kêdah katanêm sanèsipun panggenan, makatên lugunipun tanêman pisang.

Aturaning tanêm, sakawit tiyang adamêl luwangan, lêbêt saelo wiyar satêngah elo, kakèndêlakên sawulan, karabuka wau luwangan, tumuntên wiji pisang wau katanêma, punika ingkang sampun agêng-agêng wêdaling tanêman ingkang makatên, wondene bapa tani amastani, bêbosokan [bêboso...]

--- 507 ---

[...kan] gêdêbog dados rabuk, punika lêpat: jalaran bêbosokaning gêdêbog, malah andadosakên asêm-asêman, amargi gadêbog wau bosokipun dados toya, dados aturan nanêm pisang kêdah ngundhuh kaping kalih nanêm malih botên kenging kantos sadangunipun tanpi katanêm malih, ing môngka wowohan pisang wau kapetang no 1 ing ngajêng kula sampun cariyos bab tanêman palawija, jagung ing nagari Amerikah wau, tanêman jagung botên angêmungakên kangge têtêdhan jagung balaka, malah kangge gêndhis ugi nama gêndhis jagung warni kados gêndhis kalapa, anamung rèhning kadadosanipun kirang lêgi lajêng dipun kèndêli tuwan ingkang damêl wau, ananging kenging kadamêl gêndhis.

Ing nagari Jawi ingkang sampun kalampahan, têtiyang damêl gêndhis saking deresan arèn, klapa, siwalan tuwin saking têbu, ing nagari Eropah wontên malih tiyang damêl gêndhis saking oyod, inggih punika bit wortêl, sampun kakintên bit punika uwoh, kados para maos sampun nyumêrêpi, bit tanêman kêbon sayur, punika bôngsa oyod, kados ta katela pohung, Wortel Boemen wondene rupining gêndhis, mrusuh pêthak kadosdene gêndhis pasir ing ngriki, anamung raosipun kaot sakêdhik kirang manis, pandamêlipun gêndhis botên sanès kados tiyang damêl pathi [pa...]

--- 508 ---

[...thi] garut, amung kaot ngangge masinê gilingan, amurih wêdaling pathi, aturan kadosdene damêl gêndhis têbu ing pabrik-pabrik. Taksih wontên sambêtipun

R.R. Rêksawilata

Kawruh Ulam Loh

Sambêtipun Candrakanta ôngka: XXI kaca 450

Papan panggenan ingkang badhe dipun damêl takir, kêdah dipun rêsiki rumiyin, rumput krowodan sasaminipun kabucalana, kêkajêngan ugi kêdah dipun têgori, amung kantun tunggakipun kemawon papak kalayan siti, awit bilih kêkajênganipun botên kabucal, benjing mênawi bosok ing nglêbêt takir = tanggul tamtu growong, dados kirang santosa.

Sasampunipun makatên, trucuk lajêng kaêtrapna, wondene ingkang prayogi kangge trucuk, inggih punika glagah, enggal sangêt thukulipun, tur oyodipun sagêd ngêrda ngêbaki takir sangsaya santosa, botên gampil ambrol katrajang ing bêna. Langkung prayogi malih trucuk galagah wau dipun sulami sawatawis kajêng ingkang sagêd tumuntên sêmi, lajêng dipun gapit mawi dêling kasigar dados kalih ing têngah tuwin pucuk (ingkang nginggil) glagah ugi kenging kadamêl gapit, nanging [na...]

--- 509 ---

[...nging] kêdah karangkêpa tiga utawi sakawan, nuntên jangkaripun kaêtrapna, dipun canthèlakên ing gapit mawi tangsul dêlipdêling. plunton utawi tutus. Dene ingkang minôngka jangkar: panging kajêng utawi pucuking dêling ingkang kathah carangipun.

Mênawi trucuk tuwin jangkar ing ngandhap sampun rampung, ing sisih nglêbêt kaurugana godhong glagah utawi kêmbangan, dipun pathoki kalayan galagah ngantos rapêt, nuntên camboraning siti kalayan toya = êndhut cuwèr, dipun galontorakên (gontor) murih sagêd rapêt sadaya.

Bilih undhak-undhakan ingkang ngandhap sampun pèrès kêbak toya, nuntên atrap trucuk sapanunggilanipun ing undhak-undhakan ingkang kaping kalih, makatên sapiturutipun ngantos rampung tanggul punika sadaya. Sabên-sabên pasang trucuk rênggangipun dhatêng nglêbêt kawan kaki.

Mênawi papanipun radin utawi namung mayat sakêdhik, kenging ugi andamêl sêgaran mawi galêngan agêng ing sisih tiga utawi sakawan, wah malih sarana andhudhuk siti, sangsaya prayogi mênawi wontên toya ingkang kenging kadamêl anggontor. Upami ing ngriku kathah selanipun, katumpukana ing têngah kemawon murih kenging kadamêl ngêrong ulam, sêgaran alit makatên punika winastan suwakan.

Jurang-jurang utawi papan ingkang badhe kadamêl tambak wau sadèrèngipun [sa...]

--- 510 ---

[...dèrèngipun] kailenan toya, kêkajênganipun sadaya kêdah kababadana rumiyin, amurih botên ngèwêd-èwêdi pamisayanipun ulam.

Panênêmipun Tanêman Rawa ing Pinggir Sêgaran.

Pinggiring sêgaran prayogi dipun tanêmi tanêman rawa, kados ta: kangkung, ganggêng, rumput kalamênta, kênil (= sladhah toya) sapanunggilanipun, mênggah pananêmipun bilih sêgaran wau sampun isi toya. Saha malih langkung pêrlu kadamêlna ilèn-ilèn minôngka pambucalan toya, pigunanipun samôngsa bêna, sêgaran wau sampun ngantos lubèr, punika dhebadhe. ngrisakakên têtanggul.

Ilining toya ing sêgaran alit-alit prayogi dipun reka, mawi pancuran katutupan anaman dêling, supados botên kêbêbêlan (walêd kêsanggrok ing rêrêgêd) saha ulamipun botên sagêd minggat mêdal saking pancuran.

Mangsuli pratelan ing nginggil, mênggah ingkang prayogi piyambak ing sabên tambak kadamêlna ilèn-ilèn bucalan toya kalih panggenan, satunggal ingkang ngandhap kanggenipun mênawi botên bêna, satunggalipun watawis êlêt sakaki, kangge samôngsa wontên bêna.

Ingkang kathah tiyang andamêl bucalan toya wau wontên sacêlaking [sacê...]

--- 511 ---

[...laking] tanggul, punika botên prayogi, awit sagêd ngrisakakên tanggulipun, murih santosa sagêd awèt, pandamêlipun bucalan toya wau amiliha siti lami ingkang sampun kêmpêl padhêt, êlêt sawatawis cêngkal saking tanggul. Bilih dhasaring kalèn bucalan toya, sitinipun ambalubur, prayogi dipun lapis mawi dhasar sela lèpèn ingkang ragi agêng-agêng.

Ing undhak-undhakan tanggul ingkang cèthèk toyanipun saha sapinggiring tambak, katanêmana pandhan tuwin walingi, mênggah paedahipun:

I Wêwah santosaning tanggul saha pinggiring tambak.

II Mênawi ulam alit-alit dipun bujêng babdhe kamôngsa ulam agêng, sagêda umpêtan sangandhaping rêrungkud pandhan tuwin walingi.

III. Oyodipun tanêman wau kenging kadamêl panggenan nigan ulam bibit. Punapa malih godhonging pandhan ugi kenging kadamêl gêlaran§ gêlaran K klasa N cara têmbungipun tiyang Pacitan, winastan klasah K.N. slêpi tuwin sanès-sanèsipun.

T.S. T.J.

Taksih wontên sambêtipun

TAN SING TJWAN. Solo

--- 512 ---

Wêwayangan ing gêgana ingkang anggawokakên, inggih punika ingkang winastan Fata Morgana

Sambêtipun Candrakanta ôngka XXIII kaca 490

Mênggah jênggêlêgipun kawujudan ing bumi kita wontên ing ngawang-awang, punika margi saking hawa bêntèr ing dirgantara katunggilan hawa asrêp ing sanalika, punapa malih hawa warni kalih wau sulaya sangêt mênggahing bêntèr-asrêpipun, sulayaning kawontênan ingkang makatên punika andadosakên bedaning amèr kêkêtipun, têmahan arêbat daya, botên sagêd carub atunggil kawontênan ing sanalika, malah kapara dangu, pramila kanthanipun wayanganing kawujudan ing dirgantara ingkang winastan Fata Morgana, punika inggih ragi dangu, icalipun lamat-lamat saking sakêdhik, sadèrèngipun sagêd carub dados satunggal atunggil kawontênan, hawa asrêp kalihan hawa ingkang bêntèr wau dunungipun sap-sapan piyambak-piyambak, lajêng sagêd dados sarana kanthaning awujudan.

Rèhning bab kawruh punika magêpokan kalihan kawruh bab pêpadhang, namung kula jugag dumugi samantên, ing wingking badhe kacariyosakên malih dumugi gancaripun, bilih cariyos kula bab pêpadhang sampun dumugi ing bab wangsulipun sorot.

R.L. Mangkudimêja ing Ngayogyakarta.

--- 513 ---

Kula cuwunnuwun. ingkang kula aturakên sanadyan para pambantu sampun kathah ingkang manjurung bab pratikêl anêbihakên sêsakit ingkang sagêd anênular, kados ta: kolerah sasaminipun, ewadene kula mêksa amanjurung pratikêl ingkang sagêd anjalari supados sêsakit wau sampun ngantos sagêd nular, katêranganipun kados ing ngandhap punika:

Pranatan bab anyirnakakên jasading sêsakit ingkang nulari tumraping griya, grobag, kareta sasaminipun, baita, pangangge, urung-urung saha pawuhan, punapa malih ambêsmi utawi anyirnakakên wujud, sarana reka sanèsipun, mirit saking undhang-undhang katitimangsan kaping 11 Pebruari 1892 Sêtatsêblad ôngka 44 saha 45, ingkang dipun ewah kawrat sêrat undhang-undhang katitimangsan kaping 19 Pebru 1092Pebruari 1892. sêtatsêblad ôngka 44 saha 45.

Jasadipun sêsakit ingkang nular, sagêd ical sarana:

1. Pirantos wadhah latu (Ontsméttingsoven) ingkang sagêd angwontênakên sêtum(stoom).

2. Woworaning sublimat, inggih punika toya 1 litêr sublimat (kwiik zilve chloridé) 1 gram, sarta sautsur ingkang tulèn (acidumhijd ochloricum Concontratum) 2 sèntimètêr kubuk, utawi kawoworan sublimat 1 gram saha wijnsteenzuur 5 gram, utawi malih sublimat,

--- 514 ---

1 gram kalihan sarêm ingkang tulèn (keuken zout) 1 gram.

3. Woworaning zu ver carbolzuur inggih punika 1 bagean karbolsur kawoworan 18 bagean toya bêntèr (pandamêlipun kêdah titi). Bilih karbolsuripun taksih wontên ingkang kênthêl, wadhahipun kêdah kalêbêtakên ing satunggaling wadhah ingkang isi wedang bêntèr, supados karbolipun wau sagêd cuwèr.

4. Woworaning zuw carbolzuur kalihan toya, inggih punika 1 bagean zuw carbolzuur 18 bagean toya bêntèr. Bilih damêl woworan punika kêdah ingkang kathah babar pisan, kados ta zuw carbolzuur 2 1/2 litêr, toyanipun bêntèr 45 litêr, bilih badhe ngangge kêdah kagojog rumiyin.

5. Woworaning sapo carbol yinggihinggih. punika sapokarbol 3 bagean toya 100 bagean, pandamêlipun sapokarbol makatên: amêndhêta zuw carbolzuur 5 bagean sabun ijêm 3 bagean dipun wor lajêng dipun êpe supados sagêd cuwèr dados satunggal.

6. Gamping ingkang dèrèng kawoworan toya, saha ingkang sampun kawoworan toya.Gamping ingkang sampun kawoworan toya wau, takêranipun gamping rêsik 100 gram

--- 515 ---

toyanipun 1 litêr bilih ngangge ontsmettingsoven kedah manut pranatan ingkang sampun katamtokakên ing satunggal-tunggalipun oven bilih ing apotheker sasaminipun botên sadhia woworaning sublimat, ugi kenging ngangge keu kenzout sublimaat pastilles ingkang isi sublimat 1 gram.

Bilih woworaning sublimat, botên wontên toya saringan, sarta toya godhogan, utawi toya jawah tulèn, ugi kenging ngangge toya sumur, lèpèn utawi umbul, ananging anggènipun damêl woworan wau botên kenging sadhia kathah-kathah, angêmungna bilih badhe ngangge kemawon.

Gêndul-gêndul ingkang kangge wêwadhah woworan sublimat, ingkang badhe kasimpên dangu, kêdah katutup rapêt sarta dipun lak, saha saangsal-angsal kasèlèhakên ing panggenan ingkang sae, sarta dipun kunci. Gêndul wau kêdah dipun tèmplèki sêratan ingkang mungêl sublimaat oplossing, vergift, têgêsipun: sublimat woworan racun bilih pêrlu tumrap tiyang Jawi sasaminipun, ugi kêdah dipun tèmplèki sêratan cara Jawi saha Malajêng, ingkang nunggil têgês kados ingkang kasêbut ing nginggil, pêrlunipun sarèhning gêndul wau isi racun, dados sagêd kasumêrêpan sadhengah tiyang, sarana angungêlakên sêratan ingkang katemplekakên wau.

--- 516 ---

Bilih wontên sublimat ingkang dèrèng dipun wowori, kasadhiakakên ing satunggaling panggenan, punika kêdah kasimpên sarana dipun kunci saha wadhahipun kêdah dipun sêrati: sublimaat, vergift (sublimat: racun).

Sawarninipun rekadaya ingkang kangge nyirnakakên jasading sêsakit ingkang sagêd nular, woworan sublimat punika sae piyambak, awit kakiyatanipun agêng sangêt, karbolsur utawi sapokarbol, migunani sangêt kangge nyirnakakên rêrêgêdipun tiyang sakit ingkang jasadipun sagêd nular, kados ta: sakit kolerah cholera tipus (tijphus) longtèrêng (longtering) dhiptèritis (diphteritis) sapanunggilanipun.

Tumrap sêsakit ingkang kasêbut ing nginggil, karbolsur utawi sapokarbol langkung sae tinimbang woworan sublimat, sapokarbol langkung sae tinimbang karbolsur. Kapur (gamping) ingkang dèrèng kaworan utawi ingkang sampun kawoworan toya, sae sangêt kangge nyirnakakên hawaning sêsakit ingkang wontên ing pangangge tuwin urung-urung, ananging bilih botên sagêd angsal sapokarbol utawi karbolsur. Anglabur tembok, gêdhèk, utawi lotèng sasaminipun, ugi kathah tulunganipun tumrap anyirnakakên hawaning sêsakit.

--- 517 ---

Sanadyan ngangge pratikêl ingkang kasêbut ing nginggil wau pêrlu sangêt, ananging ugi kêdah botên kenging kasupèn dhatêng rêsikipun griya, sarta kêdah anjagi supados sagêd angsal hawa sae (rêsik) utawi soroting surya supados sagêd malêbêt ing griya, sabab punika ugi pêrlu tumrap nyirnakakên hawaning sêsakit

I. Pranatan anyirnakakên hawaning sêsakit ingkang nular, ing barang-barang ingkang kenging utawi ingkang dipun kintên kenging hawaning sêsakit ingkang nular. Anggènipun anindakakên rêsikipun barang-barang wau, saangsal-angsal kêdah kajagi, supados balêdugipun sampun ngantos kabur, pambêktanipun dhatêng panggenan anggènipun angrêsiki utawi ing panggenan ambêsmi, kêdah kawadhahan ing kanthong utawi gêlaran sasaminipun, ingkang sampun dipun têlêsi woworaning sublimat, sapokarbol, utawi karbolsur.

A. Pangangge utawi klambuning patilêman

Pangangge, klambu sapanunggilanipun, ingkang sampun kenging utawi ingkang mêntas dipun angge tiyang sakit ingkang nular, anggèning anyirnakakên hawaning sêsakit, kêdah wontên ing ontsmettingsoven bilih botên wontên ontsmettingsoven sinjang-sinjang wau kêdah dipun godhog ing wadhah ingkang dipun tutupi, [tu...]

--- 518 ---

[...tupi,] dangunipun 20 mênut, kawoworan sarêm 2 utawi 3 gêgêm.

Pangangge klambu sasaminipun, gêlaran, barang-barang saking wacucal sasaminipun, ingkang botên kenging dipun sirnakakên hawanipun sarana sêtum utawi dipun godhog, kêdah dipun têlêsi utawi dipun kumbah ngangge woworan sublimat utawi woworan, zu ver carbolzuur bilih watawis sampun satêngah jam, utawi langkung kêdah dipun kumbah ngangge toya sabun sarta toya rêsik lajêng dipun êpe.

B. Kasur sarta bantal

Kasur sarta bantal-bantal anggènipun anyirnakakên hawanipun sêsakit, kêdah kalêbatakên ing ontsmettingsoven bilih botên kenging, kapuk utawi jasad sanèsipun ingkang kangge isèn kasur utawi bantal wau, kêdah dipun wedalakên, lajêng dipun bêsmi, ulêsipun dipun rêsiki manut pranatan A, bantal wacucal panggarapipun kados pranatan C.

C. Pirantosing Griya Sasaminipun.

Pirantos-pirantos punika kêdah kakumbah ingkang rêsik, ngangge woworan sublimat, bilih sampun satêngah jam utawi langkung, lajêng dipun kumbah ngangge toya bêning, saha dipun lap ingkang rêsik, bilih sampun: lap wau lajêng dipun [dipu...]

--- 519 ---

[...n] bêsmi.

Pirantos saking blèg, têmbagi, kuningana,kuningan. utawi cêkakipun barang ingkang saking pêlikan saha barang sanèsipun ingkang botên kenging dipun kumbah mawi sublimat, sarta ingkang hawanipun sêsakit botên kenging kasirnakakên ing ovên kêdah katindakakên mawi woworan zu ver carbolzuur lajêng dipun kumbah.

Gêlas sarta pirantos siti anggènipun ngumbah mawi wedang umob, dene sadaya barang ingkang hawanipun sêsakit botên kenging kasirnakakên sarana sêtum, wedang umob, utawi sarana jasad sanèsipun kêdah dipun êpe, saangsal-angsal ingkang dangu, utawi dipun garingakên sarana reka sanèsipun.

II. Pranatan anyirnakakên hawaning sêsakit ingkang sagêd nular tumrap griya sênthong, grobag, kareta, baita sasaminipun.

Griya tembok, gêbyog, utawi sênthongipun griya ingkang badhe dipun sirnakakên hawanipun sêsakit ingkang nular, ingkang ngêgèningênggèni. kêdah kesah, barang-barangipun ingkang kenging dipun pindhah, anggènipun angrêsiki kêdah miturut wêwarah ing bab I kasêbut ing nginggil, rêrêgêd ingkang [ing...]

--- 520 ---

[...kang] tumèmplèk ing têmbok, anggènipun angrêsiki sarana dipun têlêsi ing woworan sublimat, lajêng dipun kêrok, balabaging gêbyog ingkang abên-abênipun mênga utawi bênthèt kêdah dipun sikat, lotèng candhela sasaminipun anggènipun angrêsiki ugi sarana woworan sublimat, sublimat wau anggènipun nyiramakên kêdah sora sarta ajêg, barang ingkang kenging kakêmpalakên wau bilih badhe dipun rêsiki wontên ing sanès panggenan, kêdah dipun têlêsi rumiyin, sasampunipun sadaya wau dipun rêsiki ngangge sublimat, antawis sajam lajêng dipun garujugi malih mawi toya rêsik, bilih sampun garing, pundi ingkang sawaunipun dipun labur utawi dipun tir, ugi kêdah lawêng dipun labur utawi dipun tir malih.

Griya payon atêp pagêr gêdhèg, ingkang limrah griyanipun tiyang Jawi ing padhusunan, ingkang saèstu botên kenging dipun rêsiki kados ingkang sampun kasêbut pranatan ing nginggil, sabab saking punika bilih griya wau pêrlu dipun rêsiki, amung kêdah dipun suwungakên sawatawis dintên, ananging kaangkah supados hawa sarta soroting surya sagêd malêbêt, ambêntèri sadaya ingkang wontên salêbêtipun griya, sarana ambikak pagêr utawi payon, sadaya rêrêgêd ing salêbêtipun griya kêdah dipun bêsmi, jarambahipun kêdah dipun adhuk sarana [sa...]

--- 521 ---

[...rana] brug utawi alu sitinipun kawoworana awu dene barang pangangge ingkang dipun kintên kenging hawanipun sêsakit ingkang nular, kêdah dipun godhog.

Baita ingkang nêmbe dipun ênggèni tiyang sakit ingkang sagêd nular, anggènipun angrêsiki sami kalihan pratikêlipun angrêsiki griya tembok utawi gêbyog.

Sadaya pirantos tumpakan kados ta: kareta, garobag, tandhu sasaminipun, ingkang kangge momot tiyang sakit ingkang sagêd nular utawi kangge momot barang-barang ingkang kenging hawaning sêsakit wau kêdah dipun rêsiki sarana dipun sikat, satasarta. dipun kumbah ingkang rêsik ngangge toya woworan sublimat utawi zuiver carbolzuur.

Griya sasaminipun utawi baita ingkang tilas dipun ênggèni tiyang sakit pès ingkang pakèwêd amrih sirnaning rêrêgêdipun, kêdah dipun obong, ananging ingkang makatên wau kengingipun katindakakên namung bilih sêsakit wau sawêg sakêdhik, utawi griya wau parênca dados upami dipun bêsmi, jasadipun ingkang nular botên sumêbar.

III. Pranatan anyirnakakên hawaning sêsakit ingkang nular, ing panggenan pambucalan sêsukêr (kakus) tong utawi sanès-sanèsipun, ingkang kangge wadhah sêsukêr, urung-urung [u...]

--- 522 ---

[...rung-urung] sêsaminipun.

Kakus sasaminipun, utawi kakus ingkang kangge ing ngakathah, kados ta: kakusing sakolahan, griya pondhokan utawi pasipêngan, ing môngsa wontên sêsakit ingkang nular, (upami kolerah) sadintên sakêdhikipun kêdah kaping 2 hawanipun dipun sirnakakên sarana jasad ingkang kasêbut ing bab 4 langkung prayogi malih dipun sirnakakên sarana jasad ingkang kasêbut ing bab 5 utawi bilih botên wontên kenging ngangge gamping utawi kapur. Torong pupapunapa. linggihan sarta pirantosing kakus sanès-sanèsipun kêdah dipun rêsiki ingkang rêsik, tembokipun pêrlu kêrêp dipun labur ingkang kalêrês dipun tir ugi kêdah dipun tir. Tong utawi pot ingkang kangge wadhah sêsukêr, kêdah dipun gojagi ngangge toya woworan sapokarbol utawi woworan karbolsur. Sadèrèngipun dipun angge tong utawi pot wau pêrlu sangêt dipun sèlèhi sawatawis sapokarbol zuiver carbolzuur utawi zurve carbolzuur kados ta ing 1 tong utawi pot, dipun sukani woworan ingkang kasêbut ing bab 3 kathahipun satêngah gêndul anggur, utawi woworan ingkang kasêbut ing bab 4 utawi 5 kathahipun 1 gêndul anggur.

Kajawi saking punika, sêsukêripun tiyang sakit sanès-sanèsipun [sanès-sa...]

--- 523 ---

[...nèsipun] ingkang sagêd nular, bilih ingkang dipun kintên ambêkta jasad ingkang nular sêsukêr wau, ugi pêrlu sangêt sêsukêr wau kalêbêtakên ing toya woworan sapokarbol, utawi karbolsur.

Urung-urung utawi kalèn, ingkang dipun kintên angilèkakên sêsukêring sêsakit ingkang nular, hawanipun kêdah kasirnakakên kadosdene pranataning anyirnakakên hawanipun kakus.

Pun Prawirawiyata, Abdi dalêm carik ôngka II kabupètan pulisi nagari Surakarta

--- 524 ---

Pitakên

Nuwun, rama Red bokmanawi amarêngi dhangan ing panggalih, kula nyuwun bêrkah sêsêrêpan kados ing ngandhap punika:

Sêsêbutan gusti, kangjêng, kangjêng gusti, arya, bêndara, radèn, mas, radèn mas, bagus, radèn bagus, mas agus, kyai enz.

Èstri, radèn rara, radèn ngantèn, radèn ayu, mas rara, mas ajêng, nyai, nyai ajêng, nyai mas enz.

Punika sadaya wiwitipun wontên sêsêbutan mêkatên, kala jamanipun sinuhun (ratu sintên) sarta sintên ingkang murwani damêl sêsêbutan wau.

Mugi wontên karsa panjênêngan aparing katêrangan urutipun kados ta:

A. Ingkang pantês sinêbut gusti, kangjêng, kangjêng gusti, bêndara, enz punika ingkang kadospundi.

B. Upami gusti punika sêsêbutanipun putraning ratu (para pangeran) icaling sêsêbutan: gusti mênawi sampun pintên turunan, lajêng gantos nama punapa.

C. Radèn mas punika putraning ..., icaling sêsêbutan radèn mas wau mênawi sampun pintên turunan, lajêng gantos nama punapa enz.

Sarta malih bapa priyantun asal, sêsêbutan, gusti, kangjêng (radèn mas utawi: radèn), biyungipun trahing ngasudra, utawi namung mas, punika anakipun angsal sêsêbutan punapa

Kosokwangsulipun, bapa: trahing asudra, utawi namung mas, biyungipun priyantun asal, gusti (radèn ayu utawi radèn ngantèn) punika anakipun angsal sêsêbutan punapa. Mugi wontêna karsa panjênêngan anêrangakên miturut wêwaton dalêm Surakarta.

Pun balilu: Pringgasubrata.

Anggèr Radèn Pringgasubrata: botên sumêrêp sampeyan bab wijang-wijanging sêsêbutan ing nginggil punika sami ugi kalihan botên sumêrêp kula. Kula sampeyan ing salaminipun namung manggih klasa gumêlar dene wijining wontênipun sêsêbutan wau ing pangintên inggih wontên ingkang andamêl, sami ugi namaning kimpul, amêsthi botên jumênêng pribadi, inggih ugi wontên ingkang namakakên sakawit, ananging sintên ingkang sagêd mratelakakên? wondening ingkang kasêbut Sêrat Waduaji sarta adhêling karaton, ugi sampun wontên kados ta; radèn verk v.rahadèn v, rahadi, têgêsipun sêsotya utawi bagus, radèn mas sêsotya êmbanan êmas, radèn bagus sêsotya sae, gusti kangjêng, bêndara, adipati, tumênggung sapanunggilanipun sampun wontên sadaya, ananging punapa pêrlu kula pratelakakên malih wontên ing ngriki. Red.