Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 1 20 Januari 1941 Th. VIII.

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA, Manahan, M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA. Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

BÊBUKA

Momongan kula sadaya nêmbe nandhang sakit, mèh kemawon lumpuh. Sarêng sêsambat nyuwun usada, tingalipun kathah ingkang kapranan ing panggalih. Dhatêngipun jampi saking pundi-pundi ambanyu mili, mèh botên wontên kêndhatipun adamêl njêgènggèngipun sanalika.

Ingkang punika para pamong ngaturakên gênging panuwunipun ingkang tanpa upami ing sih panjênêngan sadaya wau. Anandhakakên bilih pun Mardi-Siwi taksih kathah ingkang nrêsnani. Saupami ngantos kêlajêng lumpuh, botên sagêd sowan ngarsa panjênêngan, saiba emanipun, la tiyang sapunika sampun ngancik umur sawindu. Mênggaha lare mangsanipun rumaos dados lare agêng, amargi sampun badhe malêbêt sakolah. Makaten ugi Mardi-siwi. Sapunika rumaos sampun agêng, dumugi mangsanipun migunakakên kasagêdan lan pêngalaman ingkang kaklêmpakakên wiwit lair dumugi umur 7 taun.

Ngiras pantês kangge miwiti ngancikipun taun wêdaling Mardi-Siwi ingkang kaping 8 punika, para pamonging Mardi-Siwi sami mêmuji, mugi-mugi lêstantuna sih sutrêsna panjênêngan dhatêng momongan kita wau, sarta pinaringana tambahing pangèstu, widadaa gêsangipun, kalisa ing sambekala, mindhaka kathah sêsêrêpanipun tuwin jêmbara têbanipun. Amin.

PARA PAMONG.

--- 2 ---

NGUKUM LARE

Ngukum lare punika wigatos sangêt. Yèn botên kalêrêsan, sagêd ambadharakên sêdyaning tuntunan. Contonipun lare murang sarak, wani dhatêng tiyang sêpuhipun, murid ndugal, sêrik dhatêng gurunipun, kathah sangêt; kados-kados para maos Mardi Siwi ing bab punika sampun mbotên badhe kêkilapan malih.

Miturut pêmanggihipun tw. Rousseau, manungsa punika sagêdipun makartèkakên punapa-punapanipun kalawan sampurna, mênawi gêsangipun sagêd mbabar mêrdika, mbotên kêcancang ing tatacara utawi pakulinan, mbabar salugunipun. Panjênênganipun babarpisan mbotên ngajêngi pranatan paukuman tumrap lare, kadosdene wontênipun anggêr-anggêring praja tumrap para kawulanipun, jalaran paukuman utawi ganjaran punika yèn kalaras sayêktos wujudipun namung pituwasing sadaya tindak. Têrangipun makatên:

Lare kêsèd, têmtu kèthèr pasinaonipun; ing wusana badhe nandhang wirang jalaran mbotên minggah. Wirang punika paukumanipun watak kêsèd wau.

Tiyang ingkang kêladuk anggènipun nêdha, têmtu badhe sakit padharanipun. Sêsakit wau satunggiling paukuman.

Lare nakal, têmtu badhe angsal paukuman saking tekadipun, upaminipun dipun sirik kanca-kancanipun sêdaya.

Kosokwangsulipun: lare srêgêp ing pungkasan taun bingah, jalaran minggah. Tiyang ingkang ngêrtos nêdha mawi takêran, badanipun kraos sakeca. Makatên sapiturutipun. Kabingahan sarta kasusahan punika sampun dados bêktanipun sadaya tindaking manungsa. Pramila para tiyang sêpuh tuwin guru punika yêktosipun, mbotên susah ngawontênakên paukuman utawi ganjaran sanèsipun malih; jalaran sadhengah lare badhe angsal pituwas saking tindakipun piyambak-piyambak.

Makatên lênggahipun paukuman sarta ganjaran ing panggulawênthah, miturut wawasanipun tw. Rousseau. Têtêmbunganipun makatên: "Para tiyang sêpuh tuwin guru punika kawajiban manggulawênthah lare, miturut èsthining gêsang, ingkang dumunung wontên ing satunggal-tunggalipun lare. Dene wujudipun tuntunan punika namung asuka pitulungan, samangsa lare manggih karibêdan, utawi tumut bingah, mênawi piyambakipun angsal kabêgjan saking tindakipun piyambakipun. Dados babarpisan mbotên badhe angrudapêksa lare, ngajêngi pêmanggihipun piyambak. Sintên ingkang anyondhongi pêmanggih kula punika, têmtu botên ambêtahakên paukuman utawi ganjaran, jalaran sadaya tindak punika sampun ambêkta ganjaran utawi ukuman piyambak tumrap ingkang anindakakên".

--- 3 ---

Mênawi lare pinuju amanggih karibêdan, wajibipun para juru panggulawênthah namung makatên:

1e. Arekadaya sagêdipun rêribêd wau enggal sirna.

2e. Andunung-dunungakên pun lare dhatêng sabab-sababipun.

Tindak ingkang kados makatên wau miturut tw. Rousseau badhe anuwuhakên panarima tuwin trêsnaning pun lare dhatêng ingkang anuntun piyambakipun. Lare rumaos, yèn tansah kawêngku ing guru utawi tiyang sêpuhipun; mila lajêng rumaos bêtah dhatêng tuntunan; dados wusananipun mbotên wontên guru pados murid. Pun murid dhatêng piyambak.

Yêktosipun mbotên wontên para ahli panggulawênthah, ingkang mbotên sagêd nampèni wawasanipun tw. Rousseau wau, jalaran panggulawênthah ingkang sawantah-wantahipun punika, kajawi gampil lampah-lampahipun, inggih laras sangêt kalihan wataking manungsa, adrêng badhe gêsang mêrdika tanpa wêwangênan.

Ananging ingkang dados pakèwêd punika, punapa tatanan panggulawênthah ingkang kados makatên punika inggih sampun mathuk kalihan jamanipun? Punapa para bapa tuwin biyung inggih sagêd tega saèstu ninggali anakipun badhe nyêpêng kawat lêstrik? Punapa inggih badhe mbotên purun anyaruwe utawi mênging, jalaran namung badhe ngugêmi pêmanggih, yèn nalaring lare punika saenipun kêdah mêdal saking badanipun piyambak? Kados-kados panggulawênthah ingkang salugu-lugunipun, ngêtut kajêngipun lare punika tangèh sagêdipun tumindak. Saking trêsnaning para pamardi siwi, lajêng sami sumêlang dhatêng wêkasanipun, mênawi lare punika dipun êjor satindak-tandukipun piyambak. Pramila lajêng wontên mawarni-warni tatanan panggulawênthah, ingkang nyêbal saking wataking lare salugunipun sarta ing tatanan wau katêtêpakên, yèn paukuman punika ugi dados salah satunggiling srana, kangge nyaèni watak wantunipun lare.

Kajêngipun tiyang ngukum lare punika namung badhe anglêrêsakên lampahipun, sagêda wangsul jêjêg malih kados dene suwaunipun. Uwosing sêdya sagêda lare wau bibar kaukum, wêwah sêsêrapanipun dhatêng lênggahing barang awon tuwin sae; sagêda mindhak kêkiyatanipun, kangge amêrangi dayaning awon ing têmbe wingkingipun; sagêda gadhah panjangka, badhe miwiti gêsang mawi gagrag enggal. Dados paukuman punika tumrap lare awujud tataran, kangge anginggilakên bêbudènipun. Sagêdipun kêlampahan mêkatên, manawi lare ingkang nampi paukuman wau, mbotên sêrik manahipun sarta ukuman wau ngêmu tuntunan tumrap

--- 4 ---

piyambakipun. Mêkatên punika èwêd-pakèwêdipun tiyang badhe andhawahakên paukuman, ingkang anuju saening bêbudènipun lare.

Sabên tiyang punika angrêgèni badanipun piyambak. Panyaruwe, pamêling sarta paukuman sagêd kalêbêt ing nalaring lare, samangsa êtraping tuwin têtêmbunganipun mbotên anêdhasi ajining badan; sadaya tindakipun pamardi siwi lajêng katampi kados samêsthinipun dening pun lare.

Adilipun paukuman punika kêdah timbang kalihan kalêpatanipun. Pakèwêdipun, dene agêng aliting kalêpatan punika mbotên gumathok wêwatonipun. Ukuranipun tansah gontas-gantos; pramila inggih rêkaos sangêt pamawasipun, gampil mlèsèdipun; langkung-langkung manawi kita taksih kataman krodhaning manah; sadaya-sadaya katingal awon lan klèntu, gadhah adrêng badhe malês.

Ananging manawi manah kita sampun lêrêp, têntrêm, kita lajêng kadugi nitipriksa sabab-sababipun kalêpatan, amurugakên mangrêtos dhatêng lênggahing kalêpatan punika. Limrahipun lajêng sagêd pratitis, anggèn kita badhe andhawahakên paukuman.

Têntrêming manah punika dados dhasaripun badhe angukum lare.

Lampah ingkang kados makatên punika badhe langkung mikantuki malih, manawi para pamardi siwi anggadhahi watak sabar, jalaran lajêng purun anandhing-nandhing bêbudènipun anakipun piyambak kalihan lare sanès, purun atêpa slira, anggagas-gagas, punapa kalêpatan ingkang badhe kaukum punika namung kalêpatanipun anakipun piyambak. Ing wusana para pamardi siwi lajêng sumêrêp ukuranipun. Paukuman lajêng nama amaton sarta adil, mbotên sagêd anatoni manahing lare. Ukuman ingkang kados makatên punika dados srana angalusakên lan anginggilakên bêbudènipun lare.

Kaadilanipun paukuman dumunung wontên kasabaran.

Lare anêrak wêwalêr punika warni-warni jalaranipun. Wontên ingkang margi saking ajrihipun, wontên ingkang saking dèrèng ngêrtosipun, wontên malih margi saking kêsèdipun lan sanès-sanèsipun, sakêdhik sangêt cacahipun lare, ingkang anjarag nêrak wêwalêr. Pramila para pamardi siwi badhe langkung pratitis anggènipun nêtêpakên paukuman, upami mbotên enggal-enggal pitados, yèn lare nakal utawi ndugal punika pancèn sampun mbotên purun angglape pitutur utawi anggêr-anggêr.

--- 5 ---

Nuwun, saking rêmbag kula ing nginggil punika kados-kados sampun cêkap, kangge ngupadosi wêwatonipun ngukum lare, ngukum lare punika babarpisan mbotên nêdya badhe malês, jalaran badanipun rumaos kapitunan saking tindakipun pun lare utawi rumaos mbotên dipun aosi ing samêsthinipun.

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No.II. Th. VII.)

Jalêr. E, kok iya bênêr bangêt olèhe nuturi marang kowe, ora nyana aku, Bakyu Rahayu, kok bisa mulang sing pêng-pêngan. Dadi karêpe ngandhani, wong gunêman kuwi kudu adhêdhasar têlu, yaiku: gunême nyata tur maedahi, carane gunêman kudu angrêsêpake. E, e, iya nyamlêng bangêt, ngono kuwi wis sumisih saka bêbaya, dene bêbayane wong gunêman, iku jèplèk bae, maune iya padha bisak-bisik, suwe-suwe ilang wêwekane, jêbul têkan ngrasani tanggane, têpungane, anggunggung awake, ngaku bênêr, ngalingi lupute dhewe. Iya ing kono wiwite bilahi. Padha sanalika mlorot darajade kamanungsan. Iya, iya, ayo padha dieling-eling wulang nyata mau. E, kok anggumunake tênan ya,

--- 6 ---

wong kuwi. Dadi ujare paribasan: jalma tan kêna ingina, kae tênan ya, ning.

Èstri. Hla, iya. Mulane dadi paribasan rak iya saking kêrêpe ana lêlakon mangkono. Tunggale paribasan: bathok bolu isi madu. Hla, ya kuwi Bakyu Rahayu. Mas, mas, ambalèni rêmbug. Kapan olèhe sowan mênyang Sêtyabangsan?

Jalêr. Sakarêpmu, anggêre ora udan.

Èstri. Iya.

Sarêng kalêrêsan sae mangsanipun, botên jawah, prèi, kuwajibanipun tiyang gêgriya sampun rampung, lajêng sami mrêlokakên tuwi dhatêng Radèn Sêtyabôngsa, botên kacariyos raricikanipun, lajêng sampun dumugi ing griyanipun.

Jalêr + èstri. Kula nuwun.

Sêtyabôngsa. E, môngga, kêlêrêsan. Kula sawêg dhog kemawon, dèrèng cucul.

Dèn Karyadarsana. Rawuh saking pundi?

Sêtya. Anu, saking pêrgadêring kalihan kônca-kônca, ngrêmbag bab Opvoeding.

Jalêr + èstri. We, hla, klêrêsan sangêt, manawi wontên [wontê...]

--- 7 ---

[...n] ingkang kenging kadhawuhakên, bok dipun paringi angsal-angsal pêrslahipun.

Sêtya. E, kenging sangêt, tiyang Opvoeding punika inggih kangge sadaya tiyang, kok. Môngga dipun sakecakakên lênggahipun, bune, êlo ana dhayoh, sanak lawas. Dhèk kumpulan biyèn kae padha têtêpungan, saiki mrêlokake rawuh rene.

Sêtya èstri. Iya. We, môngga-môngga. Kalêrêsan sakalihan.

Dèn Karya. Inggih, inggih, sampun dangu anggèn kula kêpengin sowan, sawêg sapunika sagêd kêlampahan.

Sêtya èstri. Inggih, hla tiyang gêsang punika kathah kuwajibanipun, mêsthinipun inggih ngêntosi sêlanipun.

Sêtya jalêr. Anu, ibune, iki mau aku lagi mlêbu ngomah, blêng, krungu kula nuwun, tak toni, kok dhimas Dèn Karyadarsana sakalihan, mulane kowe tak bêngoki, ki, rak kuwi.

Sêtya èstri. Iya, kosik tak nyang buri sadhela.

Dèn Karya jalêr. Punika wau, klêrêsan sangêt, bêtah kula

--- 8 ---

kalihan kônca èstri pancèn badhe sowan mriki, prêlu nyuwun bêrkah sêsêrêpan bab Opvoeding, tiyang sapunika jaman panggulawênthah, manawi bibrah panggulawênthahipun, inggih lajêng tanpa kukupan, môngka panggulawênthah punika kathah warninipun, tur sadaya sami sae, sarèhning tiyang punika wajib nandhing milih, jêbul malah bingung, pundi ingkang dipun pilih. Hla, punika wau kangmas kok kundur saking pêrgadêring, wah bab Opvoedingi lo, rak nama kapasang yogi sangêt ta. Môngga, makatên punika kalêbêt ing paribasan punapa?

Dèn Karya èstri. Inggih, kangmas, nama klêrêsan ingkang sangêt, ingkang prêlu sangêt, inggih kaparênga mêdharakên suraosing Opvoeding, ingkang gêgandhengan kalihan bêbrayan umum.

Sêtya jalêr. Inggih, dhi, punika ingkang baku. Pancèn pikajêngipun panggulawênthah punika kangge sadaya tiyang, botên namung tumrap satunggal kalih. Gèk punapa damêlipun manawi namung tumrap tiyang sagriya, nadyan dumugi sakampung, sanagari pisan, inggih botên makatên ingkang dipun ênêr.

--- 9 ---

Sêtya èstri. Ha, punika unjukanipun wedang, môngga sakaparêngipun, wis, mas, kono ditêrusake, malah aku tak mèlu krungu, bèn ngrêti, priye.

Dèn Karya jalêr. Inggih, hla, tiyang èstri punika mila ingkang baku, maringi Opvoeding putra wiwit dipun kandhut, ngantos dumugi diwasa, sasat botên pisah ibu.

Sêtya jalêr. Iya ta, malah kêbênêran, dene kowe barang iya padha anane, sabab sanyatane, panggulawênthahing anak iku, wong tuwa loro pisan kudu ngrêti gêgayuhane Opvoeding. Apa sing dikarêpake, kapriye cak-cakane, lan kapriye patrap pratikêle, yèn wis ngrêti ngono, dadi jênêng saiyêg, bapa biyung padha cake, sanajan lagi lungan salah siji, ibune, utawa bapakne, jêjêring piwulang lan Opvoeding ing ngomah, tansah ajêg, ora ana bedane karo yèn kêtunggon wong loro, hla, kaya karsane Dèn Karyadarsana sakalihan iki, kêna digawe conto, iya [i...]

--- 10 ---

[...ya] pancèn kudu mêngkono kuwi, saiki aku mung arêp ngandhakake, mungguh jêjêring Opvoeding sing baku mung: (Taksih badhe kalajêngakên).

Punapa Sport Cara Samangke Punika Mikantuki Yêktos?

Bangsa kula samangke sampun wiwit rêmên nindakakên sport. Ing pundi-pundi wontên pakêmpalan sport. Saking pamawas kula kathah kadadosan-kadadosan saking rêmênipun dhatêng sport, ingkang pêrlu dados pênggalihanipun para sêpuh. Tumraping kasarasan sport cara samangke punika sagêd ugi munfangati yêktos, nanging ingatasipun panggayuh dhatêng watak sae, minggahipun dhatêng bêbudèn luhur, mbêbayani. Wohipun tumrap kasarasan botên satimbang kalihan kapitunan ingkang badhe kasandhang ing anak-anak kita ing têmbe, manawi para sêpuh kalajêng lena, namung tansah nguja pakarêmanipun putra-putranipun dhatêng sport.

Lêrês lêpatipun pamawas kula, kula sumanggakakên dhatêng para maos. Panuwun kula mugi kathaha ingkang kaparêng mêwahi utawi nglêrêsakên punapa ingkang kaanggêp lêpat. Sport ing samangke, langkung-langkung sport cara kilenan, sawêg nêdhêng-nêdhêngipun dipun sênêngi wontên ing ngriki, mila pamuji kula, sagêda dados rêmbag ingkang rame.

Kula nuwun. Para maos sampun asring mrangguli karangan-karangan utawi sêrat-sêrat ingkang nêrangakên, bilih solah-tingkah, tindak-tanduk lan obah-mosikipun badan jasmani punika kawêngku dening pamikir (verstand). Verstand punika tukipun gagasan lan karêp. Sarupinipun pandamêl, awona saea, mêsthi karumiyinan ing gagasan lan karêp ingkang tumuju dhatêng pandamêl wau.

Tiyang kagèt dados pucêt, tiyang ajrih kalamangsa ngantos dhèngkèlên, botên sagêd punapa-punapa. Tiyang ingkang tansah nandhang sisah dados kêra. Kanêpson, saking pamanggihipun para ingkang ngudi kasuksman, nggaringakên kulit. Kanêpson ugi ngrêndhêtakên wêdaling zat-zat cuwèr ingkang ngêjur têtêdhan wontên ing wadhuk lan usus. (Bab punika sampun dipun anggêp sah, dipun akêni lêrêsipun dening wetenschap). Sadaya wau matandhakakên bilih wontên daya saking nglêbêt, ingkang botên kasat mripat, ingkang sagêd andayani dhatêng badan jasmani.

--- 11 ---

Mila botên anèh, bilih tiyang sami pitados, yèn kasarasaning badan punika sagêd kadayan dening pakartinipun verstand. Gagasan awon, punapadene wohipun, inggih punika pandamêl awon lan raos panêtah (zelverwijt) sasampunipun nindakakên pandamêl wau, andayani botên sae dhatêng kasarasan.

Tiyang ingkang sagêd nata gagasanipun, sagêd nyandhêt hawanipun. Sagêd ngulinakakên namung nggagas ingkang sae lan luhur, rêmên ngupados kamarêmaning batos sarana nindakakên pandamêl sae, sarana nindakakên kuwajibanipun kanthi sênêng, botên gampil kataman ing sêsakit. Sadaya wau lêrês dede kawruh ingkang kaanggêp sah (wetenschappelijk verstagelegd), nanging kula mastani logisch (pinanggih ing nalar). Tiyang ingkang makatên punika mêsthi sagêd nata gêsangipun ing bab têdha, ngombe, tilêm lan kasênênganipun.

in een gezond lichaam woont een gezonde geest. Anggêr bandhanipunbadanipun. saras, rochipun (geest) ugi saras. Nitik wontênipun ungêl-ungêlan makatên punika, tiyang sami gadhah pamanggih makatên: nèk kowe kêpengin waras awakmu, sporta wau sing akèh ora susah mikir geest-mu. Geest-mu mêsthi banjur mèlu waras.

La yèn geest punika sara,saras. punapa inggih mêsthi sae? Ingkang kula wastani sae ing ngriki sae ingatasipun gêsang bêbrayan, dados botên namung sae kangge sarira pribadi. Mangka geest punika tukipun pamikir (verstand), tukipun gagasan lan karêp (wil). Bêtahipun bêbrayan dede geest ingkang saras thok, nanging geest ingkang sae, ingkang sagêd nuwuhakên budi lan pandamêl sae saha luhur. Geest saras nanging awon, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng ngrisak kasarasan, tur malah bêbayani, langkung-langkung tumrap bangsa kula ingkang saklangkung mbêtahakên budi luhur. Dados sport punika murih mikantuki yêktos, kêdah dipun kanthèni pangudi dhatêng budi luhur.

Bangsa kula samangke sawêg rêmên-rêmênipun niru sport cara kilenan, kados ta: tennis, badminton, bal-balan, nglangi, wandelmars. Sport wau yèn kamanah yêktos, jêbul sapunika mèh ical sipatipun sarana kangge ngudi dhatêng kasarasan, lajêng dados sarana kangge ngupados kasênêngan. Tandhanipun sport ingkang botên nyênêngakên, nanging ugi murakabi dhatêng kasarasan, kados ta: kamersport, Zweedse utawi Haagse gijmnastiek, lumpatan (hoogspringen, verspringen l.s.s) botên patosa dipun doyani.

Sênêng anggendhong lali. Makatên ugi sport cara kilenan wau. Pasêksènipun kathah, kados ta:

a. Tandhingan bal-balan asring nuwuhakên jotosan. Makatên wau ugi saking mubaling hawa napsu, kapengin unggul.

--- 12 ---

b. Saking rêmênipun dhatêng sport, malah supe dhatêng kasarasanipun. Têrkadhang sampun dipun èngêtakên dhoktêr, mêksa nekad, ngantos kacandhak ing sêsakit: hartklopping utawi hartvergroting.

c. Kathah ingkang morat-marit gêsangipun, saking kathahipun arta ingkang kawêdalakên kangge kapêrluanipun sport.

d. Murid wontên ingkang kêndho pasinaonipun, jalaran ing wancinipun sinau, èngêtanipun tansah karidhu ing pamanah dhatêng sport.

e. Kula gadhah sadhèrèk, tur inggih intellect jêmpolan. Yèn mangsanipun tennis, anakipun alit-alit (umur 3-8 taun) dipun tilar wontên ing griya, sami dolan dhatêng pundi-pundi, botên dipun prêduli.

Dados sport thok, botên mawi tuntunan dhatêng bêbudèn sae utawi luhur, malah sagêd adamêl risak. Intellect bangsa Indhonesia sapunika sampun kalêbêt kathah. Nanging ingkang tumut biyantu ngudi ngajêngakên bangsa dèrèng sapintêna. Kaowntênan makatên punika botên ketang sakêdhik sagêd ugi saking dayaning sport ingkang eenzijdig wau.

Goncangipun jagat kados samangke punika ugi wohipun pangudi dhatêng kasarasanipun badan lan kasarasanipun verstand thok. Kasagêdanipun tiyang sapunika mila ngedab-edabi yêktos, nanging jagad botên rahayu, margi verstand wau namung kapigunakakên kangge ngupados margi, sagêdipun nuruti panêdhanipun badan jasmani (het lager ik = watak chewani). Swaranipun "het hoger ik" botên pisan dipun bombong, malah dipun sirêp.

Yèn kula botên klèntu symbolipun olympische spelen punika gêlangan gangsal dipun gandhèng dados satunggal. Bawana gangsal, Azie, Europa Amerika Afrika lan Ausralie sagêda rukun dening olympische spelen. Wusana malah wontên kawontênan ingkang akosokwangsul sangêt.

Een gezond lichaam, een gezonde geest" Cêtha kêdah kawalik dados Een goede geest schept een gezond lichaam. Kakiyatanipun roch ingkang suci (de goede stem) ingkang kêdah kaudi rumiyin, sampun ngantos kalindhih ing roch chewani (de kwade stem). Sasampunipun rahayu ingkang pinanggih, kasarasanipun badan botên usah kaudi têmtu lajêng nusul kajêngipun piyambak.

Sênêng nggendhong lali. Yèn tiyang sêpuh sagêd supe saking sênêngipun dhatêng sport, lare têmtu saya gampil supenipun. Gêsangipun lare lêrês pancèn kêdah kaudi sagêda sênêng. Nanging yèn namung kauja kemawon kasênênganipun, punapa

--- 13 ---

ing têmbe sagêd dados tiyang utami? Sport sagêdipun mikantuki yêktos, kêdah kasarêngan pambudidayanipun tiyang sêpuhipun, supados lare puruna ngupados kasênêngan sarana nindakakên samukawis ingkang murakabi. Padamêlan ing griya kathah ingkang kenging kapasrahakên dhatêng lare, kados ta: rêsik-rêsik jogan, ngêluti meja kursi, nata meja panyêratan, nyukani têdha lan ngombe dhatêng ingah-ingahan, nyirami tanêman lan sapanunggilanipun. Punika sadaya dede barang sapele mênggahing panggulawênthah. Yèn putra panjênêngan sampun panjênêngan pasrahi salah satunggalipun padamêlan wau, panjanêngan kêdah ngudi, sampun ngantos putra panjênêngan kêsupèn nindakakên. Yèn panjênêngan tlatos, putra panjênêngan kenging kaajêng-ajêng dados tiyang ingkang sumêrêp ing kuwajibanipun sarta rumaos gadhah têtanggêlan (iemand met verantwoordelijkeidsgevoel). Tur sadaya wau ugi murakabi dhatêng kasarasanipun.

Limrahipun samangke tiyang ingkang kasêmbadan, sagêd ngingah rencang kathah. Botên purun masrahi padamêlan anakipun. Panggulawênthahipun namung kapasrahakên dhatêng pamulangan. Sarèhning wêntahipun namung kapasrahakên dhatêng pamulangan. Sarèhning onderwijs ing samangke prasasat namung mligi ngudi landhêping pikir, dhidhikan ingkang langkung pêrlu, inggih punika ingkang tumuju dhatêng kautamèn, lajêng kirang kopèn. Mila tiyang sêpuhipun ingkang kêdah ngopèni.

Tiyang pintêra dikados punapa, botên sagêd manah barang kalih utawi langkung sêsarêngan. Tiyang maos yèn kasarêngan nindakakên utawi manah barang sanès, botên badhe ngrêtos punapa ingkang sampun dipun waos. Lare sinau, bilih sinambi nggagas rupi-rupi, botên badhe enggal sagêd.

Bioscoop, radio, roman gambar-gambar ing kalawarti, punika sadaya sagêd dados rêridhunipun lare ing mangsanipun sinau. Sport makatên ugi. Nanging dhidhikan sanèsipun kados ingkang kasêbut ing ngajêng, ugi dipun opèni, botên badhe adamêl pituna sangêt-sangêt.

Panggulawênthahipun lare ing samangke saklangkung gawat, inggih saking wontênipun rêridhu mawarni-warni wau. Mila panuwun kula andharan kula punika sagêda adamêl wêwahing ramenipun rêmbag babagan panggulawênthah. Amin.

Kula pun S.S.

--- 14 ---

Kadospundi Sagêdipun Panggulawênthah Gadhah Daya, Jêr Kawontênan ing Griya Tansah Anduwa

Sabên wontên rêmbag bab panggulawênthah têmtu anêrangakên dayaning kawontênan wontên ing griya. Kawontênan punika sagêd andayani awon utawi sae dhatêng lare ingkang taksih kinêmulan ing pangêmonging bapa lan ibu. Pamanggih ingkang makatên punika sampun salêrêsipun. Sanajan pamanggih "De mens it het product van de omstandigheden" punika botên lêrês, jalaran nyatanipun botên makatên, ewasamantên inggih taksih wontên lêrêsipun Convergentie-theorie ingkang samangke dados watonipun panggulawênthah, punika ngakêni dayanipun kawontênan manawi sêsarêngan kalihan thukuling wiji ingkang cocog, ing môngka ing salêbêting manahipun lare kathah wiji-wijinipun, wontên ingkang awon, wontên ingkang sae, malah ingkang awon gampil thukulipun, saèmpêr kados gampiling thukulipun rêrungkudan. Dados pancèn inggih lêrês sangêt manawi kawontênan ing griya punika kêdah dipun upakara, kêdah dipun jagi, sagêda dados rabukipun wiji-wiji sae ingkang dumunung wontên ing manahing lare. Botên manawi sabên tiyang sêpuh inggih nglêrêsakên, lan gadhah niyat badhe ngupakara kawontênan wau.

--- 15 ---

Para maos, manawi panjênêngan sami karsa ningali kanan kering, nginguk ngrika-ngriki, badhe kagèt, jalaran kawontênan ing griya punika ingkang kathah botên sagêd laras kalihan idham-idhamanipun panggulawênthah, punapa ta sababipun? Wah, lah punika botên gampil dipun cariyosakên, jalaran saking kathahipun.

Ing ngriki sasagêd-sagêd badhe kula gambarakên kawontênan-kawontênanipun ingkang botên salaras kalihan panggulawênthah, pêrlunipun para ahli panggulawênthah sagêda paring pamanggih murih saenipun.

Sapisan: bapa lan ibu botên sami kamajênganipun, botên timbang sêsêrêpanipun, bapakipun manah sangêt dhatêng panggulawênthahipun anak-anakipun, namung ibunipun botên prêdulèn tur kèrêm ing main, ngantos têdha lan sandhanganipun pisan botên dipun manah. Sadaya pitutur alus lan kasar botên sagêd tumama, awit ugi gadhah watak anggugu karêpe dhewe, wong bocah bae kok diênak-ênik, kabèh-kabèh wis duwe garis dhewe, yèn arêp dadi bêcik, rak iya bêcik dhewe.

Kaping kalih: bapa lan ibu sami majêngipun, sêsêrêpanipun babag, bapakipun sabar, watonipun anggulawênthah katrêsnan, dados lare kêdah cakêt kalihan tiyang sêpuhipun,

--- 16 ---

agêng pangapuranipun, nanging ibunipun inggih sampun gadhah pamanggih piyambak ingkang kosokwangsul, wontênipun anggulawênthah lare kêdah ajrih, tandangipun kêrêng: sadaya kêdah miturut kajêngipun, lajêng dados cariwis lan rèwèl. Makatên punika botên namung dhatêng anakipun, dhatêng rencang utawi tiyang-tiyang ing griya ngriku inggih makatên, malah dhatêng semahipun inggih botên ringa. Ing môngka sampun botên purun nglimbang utawi manah pamanggihipun tiyang sanès, malah maos buku ingkang gêgayutan kalihan panggulawênthah botên purun, manawi sok mrangguli pamanggih sanès dipun bantah piyambak: nèk aku ora ngono.

Kaping tiga: bapa lan ibu watakipun sami kêncêng lan kêrasipun, botên wontên ingkang purun ngawon, malah sami jor-joran. Upami bapakipun kesah pêrgadêring utawi sanjan, môngka kasèp, lajêng dipun labrag, dados pabên, enjingipun ngêjori kosah,kesah. wancinipun ingkang jalêr dhatêng anjarag nêlat dhatêngipun.

Kaping sakawanipun, kosokwangsulipun bab kaping sapisan, kalih lan tiga wau.

Kaping gangsal: ibunipun sambêtan, ibu kuwalon watakipun kêrêng (streng) mutungan, gêga kajêngipun piyambak, isin mundur, botên purun anglimbangi pamanggihipun piyambak,

--- 17 ---

(zelcorrectie) panganggêpipun dhatêng lare kados sampun gadhah pamanggih sêpuh (een mens ingsun klein formaat) wêwah-wêwah raosipun tansah taksih misah, dèrèng sagêd nyatunggal kalihan semahipun, lare botên pikantuk manah, gadhah rumaos nalôngsa, wontênipun namung ajrih, ewasamantên taksih tansah botên kalêrêsan, bapakipun manawi tumut cawe-cawe, anglêrêsakên ingkang sakintên botên lêrês dados pabên, lajêng saya botên sae kanggenipun anggulawênthah.

Manawi para maos karsa ragi angraosakên kawontênanipun tôngga têpalih utawi kawontênanipun têtêpanganipun wontên ing griya, têmtu badhe kagèt, dene kok jêbul inggih kathah ingkang angèl dandos-dandosanipun, lah, sapunika lajêng kadospundi cakipun panggulawênthah? Sumôngga sami dipun galih.§ Noot. Red. Pancèn kasinggihan, kawontênan ing griya punika asring adamêl kosèkipun panggulawênthah, botên namung saking lêpatipun pun ibu kemawon, sanajan bapa ugi kathah ingkang kirang manah dhatêng pangupakaraning anak, pramila tumraping panggulawênthah ingkang pêrlu kadhidhik punika jêbul pancèn tiyang sêpuh kalih pisan rumiyin, kadosdene ingkang sampun asring karêmbag ing M.S. Ewadene nyumanggakakên, utawi rêmbag punika prayogi radi dipun ramèkakên sawatawis.

L.K.P.

--- 18 ---

Sêsorahipun Sadhèrèk Nyi Soepardjo Wontên ing Abipraya, Nglêrêsi Dintên Ibu (Moederdag)§ Noot. Red. Sanajan sêsorah punika sampun sami kamirêngakên dening para ingkang sami ngrawuhi "Moerderdag" wau, sarta ugi sampun kapacak ing ariwarti, nanging rèhning taksih kathah sangêt ingkang dèrèng ngawuningani, pramila saking angèngêti mêntêsing isinipun kados pêrlu sangêt sêsorah wau kaêwrat ing Mardi Siwi ngriki, supados sangsaya langkung sumêbar.

Sayêktosipun jagad kawanitan punika botên kenging utawi botên sagêd kawawas saking salah satunggaling ilinipun kawontênan kemawon. Awit gêsangipun jagading wanita punika inggih wêtah kados gêsanging alam saumumipun, inggih punika mêngku kabudayan, kasusilan, sarta punapa kemawon ingkang kawêngku ing dalêm bêbrayan.

Para sarjana sujana angakêni, bilih darajad ingkang luhur piyambak ing kawanitan, sarta ingkang laras kalihan kodratipun, punika darajat ibu, ingkang ugi atêgês: ibuning bangsa utawi ibuning turun-tumurunipun manungsa. Manawi dipun wawas saking bab punika, tatela bilih darajading wanita sajajar kemawon kalihan darajading priya, botên kirang botên langkung. Sagêd kacêtha utawi katitik saking kasusastran kita ingkang kenging kaanggêp kadosdene gêgambaran utawi wêwayanganing polahipun kasusilaning manungsa, sarta kenging kangge nglaras sipating jêjêripun wanita wontên salêbêtipun gêsang punika.

Upami kemawon mêndhêt saking cariyos padhalangan utawi cariyos kina sanès-sanèsipun, ingkang marsitakakên dêdongengan: sayêmbara pilih, inggih ing bab milih jatukrama. Wontênipun sayêmbara wau, manawi kawawas wosipun ingkang wigati, anjagi sarta ambantu kamajênganing (evolutie) gêsangipun wanita, sarta ngluhurakên dhatêng darajat miwah jêjêripun wanita.

Sarat rukunipun nêmpuh pandadaran sayêmbara pilih, ing jaman kasatriyan (riddertijd) priya nglamar wanita sawêg sagêd katampèn manawi sagêd ambrastha satru sêkti ingkang ngrabasèng prajanipun putri wau. Trêkadhang dipun bêbanani katampèn panglamaripun ugêr sagêd unggul ing yuda kaabên prang tandhing kalihan sadhèrèkipun pun putri. Ingkang kangge sawung wau, trakadhang ugi bapakipun pun putri piyambak.

--- 19 ---

Sayêmbara ingkang makatên wau, botên sanès anggadhahi pikajêng, anjagi supados anak turunipun sami kiyat miwah sampurna, mila kêdah ngupados lajêr ingkang ugi kiyat santosa ing samubarangipun. Tumrapipun kaum priya ing ngriku kacêtha sipatipun, kêdah sagêd lan sagah angayomi lan anjagi kawilujêngan.

Sawangsulipun, priya ugi nindakakên sayêmbara, sanajan botên nate kalair utawi kagiyarakên. Priya ingkang susila, botên badhe nampèni sadhengah wanita, nanging milih ingkang miturut pamawasipun badhe sagêd dados wêwêngkuning turunipun ingkang sajajar.

Tandhanipun manawi priya inggih mawi milih dhumatêng wanita, katitik wontênipun têmbung: bibit, bèbèt, bobot. Bibit: katumrapakên mênggahing kawontênanipun jiwa raga, kêdah bagas kasarasan. Botên namung wanitanipun kemawon ingkang kawawas, nanging inggih angganing bapa ibu ingkang nurunakên. Bèbèt: mênggah asaling turunan ingkang sae. Utawi ambêk utami, kados ta: darahing satriya utawi têdhaking pandhita, cêkakipun ingkang luhur budinipun. Bobot: mênggah saening isinipun awrat bobotipun utawi ajinipun amargi saking kalimpadanipun. (geestelijke eis).

Sanajan namung dêdongengan kemawon, manawi dipun laras, dongengan Klêting Kuning lan Yuyu Kangkang ugi anggambarakên wosing kaluhuranipun wanita. Inggih punika satriya Andhe-andhe Lumut botên milih Klêting Abang, Klêting Putih, Biru, Oranyê, Klêting Ijo lan sapanunggilanipun, ingkang sami pinunjul ing warni, nanging têka milih Klêting Kuning, ingkang kêtingalipun malah asor ing warni. Amargi Klêting Kuning sagêd anjagi kasukcianipun sarana nyirnakakên pun bajul dharat, aliyas Yuyu Kangkang, inggih punika ingkang karêm damêl rêrêsah. Ing ngriku ugi kacêtha botên kiyatipun Yuyu Kangkang, dene sirna dening dêdamêlipun Klêting Kuning, inggih punika sada lanang.

Dados wosipun dongèng-dongèng wau, suka piwulang, bilih priya ingkang jumênêng lajêr kêdah kiyat. Dene wanita ingkang kodratipun dados pamêngku, kêdah sukci utawi luhur budinipun.

Sasampunipun kula anggambarakên sarwa cêkakan lan sambèn mênggah jêjêripun priya lan wanita, kados botên wontên awonipun manawi kula sapunika ngrêmbag bab wajibing wanita wontên madiyaning bêbrayan, sarta ingkang cundhuk kalihan darajadipun. Pramila makatên awit ngèngêti, bilih pèngêtan moederdag (hari iboe) punika, mulabukanipun ingkang pokok inggih punika awit saking tuwuhing raos ingkang ngakêni dhatêng sipat: asok kurban, ingkang dumunung wontên ing kaum ibu. Utawi ngakêni dhatêng raos: sihipun kaum

--- 20 ---

ibu ingkang tanpa upami. Dene pikajêngipun inggih punika: ngluhurakên jêjêr utawi drajading ibu, sarana ngèngêti lêlabêtanipun tumrap karahayoning bêbrayan, ingkang pokokipun kababar wontên ing panggulawênthahing anak.

Ingkang makatên wau mila ing pangangkah lan ing pangajab, pahargiyan hari ibu sagêda dados sarana utawi daya panggèndèng, ingkang tansah anggigah raos sih trêsna lan ingkang ngakêni dhatêng kasukcian punapadene kaluhuranipun sêsêbutan: ibu, anglangkungi katimbang kalihan ingkang sampun-sampun. Ing wasana pahargiyan hari ibu, sagêda dados sumbêring kêkiyatan. Ing wasana pahargiyan hari ibu, sagêda dados sumbêring kêkiyatan, utawi mujudakên santosaning sumangat, ingkang tundonipun badhe ngabdi dhatêng tanah lan bangsa. Punapa dene manawi pahargiyan hari ibu punika dipun wontênakên sami lan sêsarêngan ing saindêngipun bawana Indhonesia.

Sarèhning asor lan luhuring darajad punika botên sagêd pisah kalihan babaring lêlabêtanipun, pramila sapunika kula kaparênga ngrêmbag bab kawajibanipun wanita, wontên alam pasarawunganing ngagêsang. Dene paprincènipun ingkang baku, inggih punika kêdah ngèngêti:

1. Kodratipun (sipat gêsangipun wanita).
2. Kawajiban tumrap sarira pribadi.
3. Kawajiban tumrap kulawarga.
4. Kawajiban tumrap bêbrayan

Dene kodratipun wanita ingkang baku punika botên beda kalihan kodratipun sadaya makluk ing ngalam donya, inggih punika amêngku suraos utawi têgês lan maksud, punapadene nêdahakên ngalamat warni-warni, ingkang tumuju dhatêng tumangkaring warga (dhiri). Ingkang makatên wau botên namung tumrapipun manungsa kemawon, sanadiyan tumrapipun kewan lan têtuwuhan ugi makatên kawontênanipun. Bedanipun manawi tumrap têtuwuhan tumangkaring warga (winih) punika botên dipun sangkani saking kêkiyatan utawi pikajêngan ingkang insjaf (bewust) utawi dipun têmaha, ananging kadosdene maligi saking panguwaosing alam saumumipun.

Tumraping gêsangipun kewan, tumangkaring warga punika tuwuhipun maligi margi kasurung saking dayaning napsu utawi pêpenginan. Tumraping manungsa tumangkaring warga margi saking pikajêngan ingkang insyaf (bewust - pana?). Punapadene tuwuh saking dayaning bêbrayan, sarta ingkang kabiyantu dening kodrat.

Sanajan dununging kodratipun priya lan wanita tumrap gêsanging turunan, utawi tumangkaring warga punika beda-beda, inggih punika priya dados lajêr, sarta wanita dados êmban utawi pamangku nanging kalih-kalihipun sami dene gadhah

--- 21 ---

daya lair lan batin tumrap gêsangipun turunan, ing ngriku katitik manawi sipat gêsang lair lan batinipun wanita punika, mêngku kawajiban murih sae utawi utamaning kulawarga.

Ngèngêti wontênipun bêbrayan punika kadhapuk saking kêmpalipun kulawarga, pramila sampun samêsthinipun manawi kaum wanita punika nindakakên sadaya pandamêl ingkang atêgês utawi asipat pangupakara murih rahayuning bêbrayan umum. Dene wêwênang sarta kawajibaning wanita tumrapipun tumut ada-ada amrih karahayonipun bêbrayan, isarat utawi bandhanipun ingkang prêmati, inggih punika kamardikan lair lan batin. (emancipatie-geest). Nanging pikajêngipun emancipatiegeest wau botên têka badhe ngangkah sami kalihan kaum priya, punika botên. Sabab manawi namung makatên kemawon ingkang dipun pikajêngakên, tamtu malah badhe nuwuhakên kawontênan ingkang botên dipun pikajêngakên. Kajawi punika inggih mratandhani bilih kaum wanita dèrèng utawi botên pana dhumatêng jêjêripun. Mênggah têrangipun makatên: Badhe kasambêt.

Sêrat Satus Tri Wasita

(Sambêtipun M.S. No. 10 Th.VII)

Asmaradana]

1. pênêd mulyakakên sami / lair batining agama / kanang ing ngarsa pindhane / kadi wiji myang kulitnya / lire dwi dèn mulya /Kurang satu suku kata: lire kang dwi dèn mulya. sarengat kakekat iku / bab suwidak tri gumantya //

2. sakyèhing agama nênggih / owah saking mulanira / kadya jawuh pêpindhane / rêsik duk nèng ngantariksa / rinêgêdan nèng marga / payon wisma myang lènipun / kalèn kali kalintangan // Bab 63.

3. mangkana rêgêding margi / sakêdhik tanapi kathah / tan asama ananing we / bab suwidak pat winarna / wowohan rinumpaka / kang matêng myang mulus wutuh [wu...]

--- 22 ---

[...tuh] '/ pênêd kinarya saosan // Bab 64.

4. nadyan dhinahar pribadi / tinon rêsêp myang mirasa / pae woh sisaning kalong / pan mangkana mardi putra / ngabêkti mring Pangeran / pênêd wiwit mêksih timur / mumpung mêksih brêsih tyasnya //

5. dèrèng kataman rêrênggi / rêrêgêdirèng kadonyan / yèn napsu kadonyan rêke / wus rumasuk sajroning tyas / karan kêna rancana / têmah rêkasa tinuntun / pinardi mring kapênêdan //

[Gambuh]

1. sinawung sêkar gambuh / bab suwidak gangsal kang winuwus / êrèk têlês tan bangkit mijilkên api / nadyan sru panggosokipun / pae rèk garing ginosok // Bab 65.

2. mung sêsakecanipun / parandene mahyakakên apyu / ya mangkana pêpindhanira sujanmi / kang wus wruh rasaning idhup / samôngsa mirêng wiraos //

3. têmbung Allah tartamtu / agni jroning nala nuli murub / lire sira mring uripnya nuli eling / pae kang rinèh ing napsu / kasêngsêman jroning batos //

4. nikmat kadonyan iku / nadyan sira pinardi pitutur / wola-wali bab kasucèn paksa maksih / tan thukul graitanipun / kadya rèk têlês ginosok //

5. gantya ingkang cinatur / bab suwidak nênêm manungsèku / sakti

--- 23 ---

ya lwir Radèn Arjuna ing nguni / lir rêsi tapane gêntur / myang pintêra lir propesor // Bab 66.

6. ugêr maksih kawêngku / ing kadonyan kabônda ing napsu / tapane lan kawignyan miwah kasaktin / tan tumrap bêkti Hyang Agung / muhung kinarya ngupados //

7. sugih luhur misuwur / dhiri dhawak nèng ngalam donyèku / bab suwidak sapta winarna ing tulis / maksih têruse ing ngayun / paksi wulung winiraos // Bab 67.

8. akalangan umabur / angambara mring ngawiyat muluk / lênging nala muhung derarsa ngulari / mêmangsan bathang myang kuthuk / marmanggung mulat mangisor //

9. mangkana pindhanipun / janma kang wus kawilang pinunjul / gêntur tapa kitab kasunyatan ahli / yèn tan wruh rasaning idhup / mung kandhêg baud kemawon //

10. micara rèhing kawruh / bêbasane ahli kitab muhung / sira dadi panganing api yomani / pira-pira kèhing ngèlmu / saking kitab mung ingêdol //

11. Bab 68. kinarya luru-luru / kasugihan luhur myang misuwur / hawa napsu sêngsêming dhiri pribadi / nèng ngalam donya puniku / bab swidak astha gumatos //

12. lalêr ingkang winuwus / mring rêrêgêd panêdyaning kayun / kalamôngsa mencok sasana kang suci / sayêktine tan sumurup / mangkana pindhane [pi...]

--- 24 ---

[...ndhane] uwong //

13. kèh kitab suci ahlul / anging kadonyan maksih lumimput / sring micara kasunyatan sajugari / yèn nuju suka ing kalbu / yakti limut mring Hyang Manon //

14. gantya mangke sumambung / bab suwidak sanga kang winangun / kapal api lumembak madyaning warih / anging parau puniku / tan kêna warih malbèng jro // Bab 69.

15. yèku pêpindhanipun / mukmin munggwing donya tan pakewuh / panggèndènging napsu donya tan dayani / ponang maya tan dumunung / ing jro tyase mukmin kono // Badhe kasambêt.

ISINIPUN MARDI-SIWI No. 1 TAUN VIII.

Bêbuka - Ngukum lare - Sanès dongèng - Punapa sport cara samangke punika mikantuki yêktos? - Kadospundi sagêdipun panggulawênthah gadhah daya, jêr kawontênan ing griya tansah anduwa - Sêsorahipun sdr. Nyi Soepardjo, nglêrêsi dintên Ibu - Satus tri wasita.