Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 2. 20 Fèbruari 1941 Th. VIII.

MARDI-SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA. Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA. Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

UGI PANTÊS DADOS PANGGALIHAN.

Tamu: Kula nuwun.

Ingkang dipun tamoni; E, la mbakyu. Mangga, lênggah ngriki kemawon mbakyu botên angin. Kalêrêsan sangêt, mbakyu rawuh. Kala wingi kula badhe sowan, nanging botên èstu, margi jawah. Kala wingènipun wontên ing pêpanggihanipun L.P.C. wontên sadhèrèk ingkang mrayogèkakên, supados L.P.C. nyuwun dhatêng mbakyu, karsaa kala-kala paring karangan kangge Mardi-Siwi. Mardi-Siwi punika sabagean agêng ingkang maos priyantun putri. Yèn wontên karanganipun priyantun putri, mêsthinipun langkung "narik". Sukur yèn mbakyu kêrsa dados warga L.P.C. pisan.

T. punapa ta, L.P.C. punika. Yèn wontên kula nyuwun statutênipun.

I.d.t. L.P.C. punika cêkakanipun literair paedagogische club. Wondene ancasipun: ngrêmbag lan ndandosi kasusastran Jawi sarta mêncarakên kawruh babagan panggulawênthah. La, Mardi-Siwi punika ajangipun mêncarakên sêsêrêpan bab panggulawênthah benjing yèn wontên wragadipun, literaire afdeling (bagean

--- 26 ---

kasusastran) ugi badhe ngêdalakên kalawarti. Wondene L.P.C. namung atêtangsul pasadherekan, mila inggih mbotên mawi statutên.

T. Inggih, dhi. Kula manahipun rumiyin.

I.d.t. Matur nuwun, mbakyu.

T. Anu, dhi. Punapa adhi simpên sêrat waosan Jawi "Wulang Bêcik", karanganipun Tuwan Wintêr. Punika sêrat kina nanging isinipun sae kangge lare.

I.d.t. Ing batos: Wah, mbakyu iki têka nggalih tênan marang panggulawênthah. Lajêng wicantên makatên: We la, botên gadhah mbakyu. Nanging cobi-cobi mbakyu, kula badhe takèn dhatêng kanca-kanca utawi sadhèrèk kula, bokmanawi wontên ingkang taksih kagungan. Botênipun inggih nyuwun pirsa, punapa taksih wontên ingkang sade lan kadospundi adrèsipun.

T. Matur nuwun dhi. Kula pancèn kêpengin sangêt gadhah.

I.d.t. Dèrèng dangu punika kula maos wontên ing "Pêwarta-Umum" mbakyu nalika Sêtu wingènipun punika tindak dhatêng Bêtawi pêrlu layad sedanipun sadhèrèk Tamrin. Nitih bis, tindake 13 jam, kondure 13 jam, kathik siyam pisan. Kiyat-kiyate ta mbakyu.

T. Inggih dhi. Samargi-margi kanca-kanca sami mastani, yèn kula api-api siyam. Wongsal-wangsul sami nawèni têtêdhan. Dangu-dangu kula kêpêksa blaka, yèn kula pancèn sawêg siyam. Wiwit rumiyin mila kula asring siyam. Wiwitanipun kula yèn kêlêrês wontên ing pasamuwan dipun sêgah, inggih kula têdha, supados sampun ngantos dipun wastani mamèrakên anggèn kula siyam. Nanging sarêng kula manah malih, makatên punika rak inggih nggorohi badan kula piyambak. La, wong wis niyat puasa, ana ngêndi-êndi ya ora kêna mêmangan. Nèk tansah ngèlingi gunêming liyan, tênèh ora bisa ngêncêngi tekade dhewe.

I.d.t. Kasinggihan, mbakyu. Tiyang punika lampah lan tekadipun piyambak-piyambak. Anggêr sae pikajêngipun lan botên damêl kapitunanipun tiyang sanès, rak sampun. Mênggah kêrsanipun mbakyu siyam punika punapa ?

--- 27 ---

T. Anu, dhi. Ingkang putra pun M punika, ingatasipun sampun agêng, wiwit nalika taksih wontên ing A.M.S., ngantos sapunika sampun wontên ing G.H.S., anggêr-anggêr têka nyêrati kula, nêdha dipun siyamakên, supados gampil sinaunipun. Anèhipun anggêr nêmbe kula siyamakên, lajêng mratelakakên, yèn sinaunipun lajêng gampil. Mila anggêr sinaunipun rumaos radi rêkaos, lajêng nêdha dipun siyamakên.

I.d.t. La punika rak inggih mratandhani, yèn ingkang putra nak M sampun ngraosakên dayanipun mbakyu. Mila dayanipun ibu punika langkung kiyat tinimbang kalihan dayanipun bapa. Punapa malih ibu ingkang nindakakên lampah kados mbakyu punika.

T. Mila wiwit ingkang putra taksih alit, kula ngudi supados piyambakipun tansah agêng kapitadosanipun dhatêng kula lan supados kula punika dipun anggêp mitranipun. Kula sasagêd-sagêd tansah maos-maos lan ngupados sêsrawungan kangge sarana ngindhakakên kawruh kula ing samukawis, pêrlunipun sagêd mitulungi pun M, yèn kalamangsa nêdha pitulungan. Kula jagi sampun ngantos nguciwani, pramila ngantos agêngipun samantên taksih kados makatên kapitadosanipun dhatêng kula. Kula purun kemawon nyiyamakên lan nyuwunakên dhatêng Pangeran, nanging ingkang putra kula wanti-wanti sampun ngantos ngêjibakên dhatêng siyam kula: M, aku gêlêm-gêlêm wae muasakake, nanging aja mung kuwi sing kok jagakake. Aku iki mungguha wong nunggang prau, sanepane juru mudhine, sing nêmtokake dalane sarana laku lan panuwun. La kowe sing nglakokake mêsin. Arêpa dalane bênêr kae, yèn mêsine ora mlaku, ya ora têkan ing paran sing dikarêpake.

I.d.t. Kasinggihan sangêt, mbakyu. Ing jaman samangke langka-langka ibu ingkang kêrsa "tapa", "napakakên" putranipun. Para bapa makatên ugi. Upami lampah makatên punika wangsul malih kados jaman rumiyin, saiba saening kadadosanipun. La tiyang sapunika punika anggêr barang gaib, kados gêtêr ingkang nyatunggalakên raosipun ibu lan anak punika, botên dipun êndêl. Ingkang dipun têngênakên namung kalairan thok.

--- 28 ---

T. Mila kula inggih sampun natê mrangguli kadadosan ingkang akosok wangsul. Kula gadhah têpangan priyantun putri sampun sêtêngah sêpuh. Putranipun èstri sampun agêng, umur sêlikur taun. Ibu lan anak tansah bêngkrik, bèncèng kajêngipun. Kalih-kalihipun asring dhatêng griya kula, piyambak-piyambak. Ibunipun nggrêsah, ngandikakên putranipun punika wangkal, mbotên manut babarpisan dhatêng kêrsanipun (dhawuhipun). Putranipun sambatipun dhatêng kula tansah dipun lêpatakên ibunipun, satindak-tindakipun botên kêlêrêsan. Yèn wontên punapa-punapa ingkang pancènipun kêdah nyuwun têtimbanganipun ibunipun, malah dipun lairakên dhatêng kula. Batos kula: We la, mêsakake iki. Nèk aku ora mèlu cawe-cawe, biyung lan anak saya suwe saya padha ora ngêrtine (begrijpen elkaar niet), wêkasane bakal saya rênggang ora ana mantra-mantrane biyung karo anak. Sarêng ibunipun dhatêng ing griya kula malih, kula prasajani makatên: Ingkang putra makatên punika, kula mastani, lêpatipun mbakyu piyambak. La tiyang mbakyu punika namung tansah nggalih dhatêng kêrsa panjênêngan piyambak, botên kêrsa nalusur kadospundi pikajênganipun ingkang putra. Ingkang putra punika kêpengin langkung dipun gatosakên lan rumaosipun koncatan katrêsnan.

I.d.t. Kasinggihan sangêt mbakyu. Kula cocog sangêt kalihan pangandikanipun mbakyu makatên punika. Samangke botên kirang ibu ingkang kados makatên punika. Rumaosipun anggêr putranipun sampun dipun sakolahakên ingkang pantês, sampun cêkap. Malah wontên ibu ingkang egoistisch, namung tansah manah dhatêng kabêtahan lan kasênênganipun piyambak, ngabtos prasasat botên nate sêsrawungan kalihan putranipun, botên kobêr ngulat-ulatakên lan nênitèni, punapa malih nyuwunakên dhatêng Pangeran, murih wilujêng lan saenipun putranipun ing têmbe.

T. Lêt sawatawis dintên putranipun têpangan kula wau dhatêng malih. Katingalipun sisah, wontên ingkang dipun raosakên. Dhatêngipun wau pêrlu nêdha rêmbag dhatêng kula. Batos kula makatên: "Bocah iki nèk tak turuti mêsthi bakal saya kêmliya karo ibune. Aku kudu njaga, aja kongsi mangkono. Kowe, ki têka anèh, ndhuk. Anggêr ana apa-apa sing wigati, sing kok suwuni rêmbug têka aku, mêsthine 1 29 3
rak ibumu ta. Aku êmoh nèk têrus-têrus ngono kuwi. Mêsakake ibumu. Mêngko nèk mirêng rak rumaos kok rèmèhake, tur kanggo aku ya ora kapenak. Coba saiki kowe aja wêdi-wêdi lan rikuh karo ibumu; anggêpên mitra, suwunana pamrayoga. Anggonmu matur kang bêcik lan sarèh. Yèn ana pangandikane ibumu kang ora kok cocogi, pikirên kang dawa, aja banjur nêpsu. Inggih, bu, kula badhe ndhèrèk dhawuhipun ibu", makatên wangsulanipun.

I.d.t. Bakyu punapa inggih asring ngêmpali para neneman.

T. Inggih, dhi. Wah, manawi kula mirêng ginêmipun lare sapunika saya prihatos, amargi sampun nyêbal sangêt saking kasusilan Jawi. Cobi ta dipun galih, la tiyang lare jalêr Jawi têka ngalêm kancanipun èstri makatên: "Wah klambimu apik têmên. Saya ketok nèk ayu. (Wat ben je lief!)"

I.d.t. Pancèn nyata makatên, mbakyu. Kula gadhah sadhèrèk neneman, sampun nate mungêl makatên dhatêng lare èstri: "Lambemu kuwi kathik abang mangar-mangar." (Wat zijn je lippen rood). Wah, kasinggihan malih pangandikanipun mbakyu wau. Pangalêmbana makatên punika langkung-langkung dhatêng tiyang èstri sanès (dede semahipun) babarpisan dede caranipun bangsa Jawi. Kula mastani kêlacutên modernipun. Mila yèn botên wontên tuntunan saking tiyang sêpuhipun ingkang prayogi, kasusilan kula sadaya badhe saya risak.

T. E, la kula lajêng kèngêtan. Dèrèng dangu punika kula dipun takèni sadhèrèk Arab kadospundi pamanggih kula ing bab vrije omgang. Piyambakipun kuwatos bilih vrije omgang punika mbêbayani dhatêng lare èstri.

I.d.t. Kula inggih kepingin mirêng, kadospundi pamanggihipun mbakyu ing bab punika.

T. Mênggahing kula, sadaya-sadaya punika rak gumantung dhatêng kêkêncêngan lan kasucianing manahipun wanita. Anggêr tiyangipun èstri kêncêng manahipun lan anggènipun sêsrawungan kalihan priya punika saking kasurung ing ancas ingkang suci, botên gadhah pamrih sanès, botên badhe wontên priya wani sêmbrana. Malah ajrih piyambak. Kula piyambak sadangunipun tansah sêsrawungan kalihan sadhèrèk jalêr, nanging rumaos tansah dipun ajèni.

--- 30 ---

I.d.t. Vrije omgang punika botên badhe sagêd dipun icali. Pancèn inggih cocog kalihan jamanipun. Angènipun wontên kadadosan ingkang botên sae, punika rak saking kirang kiyating panduwa dhatêng pangajakipun setan, tur anggènipun sêsrawungan punika têrkadhang namung saking pikajêng ingkang botên suci. Mila para sêpuh kêdah saya prayitna. Kêdah saya kathah tuntunanipun, supados para putranipun ing têmbe sami kaconggah nanggulangi panggodhanipun iblis. Waosan lan tontonanipun kêdah milih; Samangke kathah sangêt waosan lan têtingalan ingkang nuntun dhatêng lampah kirang prayogi. Mila yèn kamanah panjang, têtanggêlanipun tiyang sêpuh saklangkung awrat. Jaman ewah-ewahan (overgang) punika, yèn botên dipun sarêngi tuntunan lan panggulawênpanggulawênthah. ingkang prêmati, sagêd andrawasi.

Sadaya tuntunan lan panggulawênthah sagêdipun wontên wohipun, namung manawi katindakakên wiwit lare nêmbe lair. Yèn sampun kalajêng, angèl sangêt dandos-dandosanipun. Malah langkung prayogi sangêt yèn bapa lan biyung sami miwiti nggulawênthah, sasampunipun wiji èstri lan jalêr asipat satunggal badhe mahanani turun, sarana lampah lan pandamêl ingkang sae. (Bab punika botên kula panjang-panjangakên, jêr sampun asring kababar wontên ing udiyana ngriki).

T. Kalihan mirsani: "La kok wis sore têmên. Sampun dhi, nyuwun pamit.

I.d.t. Mangga mbakyu. Matur nuwun rawuhipun.

Pangalaman Ing Jaman 50 Taun Ingkang Kapêngkêr

(Sambêtipun M.S. No.11 Th.VII)

Manawi ing wulan Siyam jaman samantên, bilih ing raina, ing padhusunan katingal tintrim, jalaran têtiyang ing padhusunan mèh sadaya sami nindakakên siyam, dalah lare-lare ingkang

--- 31 ---

sawêg umur pitung taunan, ugi sampun sami kuwawi siyam. Ingkang dèrèng kuwawi siyam nutug, sami kapardi siyam ambêdhug utawi dumugi ngasar. Kosokwangsulipun, manawi ing wanci dalu katingal rame, margi saking kathahing langgar-langgar ingkang ngêdêgakên sêmbahyang tarwèh tuwin dêdarusan maos Kuran, punapadene swaraning bêdhug (tidhuran) wiwit jam 12 dalu ngantos antawisipun jam 2 sawêg sami kèndêl. Saya malih manawi malêm riyadin, ing sadalu muput, botên wontên tiyang tilêm. Wiwit dintên riyadin dhêng, ngantos dumugi riyadin Sawal, ombyaking têtiyang jalêr èstri dalah lare-larenipun, pating balunglung alal balal dhumatêng para pinisêpuh, lan para kyai-kyai gurunipun, ing dalêm 8 dintên punika tingarahipun botên wontên tiyang nyambut damêl. Ing pêkên-pêkên prasasat sami pêjah.

Dêdolananipun para lare-lare

Sarèhning kalêmpaking lare-lare jalêr sami ing pondhok utawi langgaring para kyai, lare èstri sami ing griyanipun nyai, mila ingkang rame kêbak lare-lare sami dolanan inggih wontên palataraning masjid utawi langgar, lan ing lataring nyai. Mangsaning dêdolanan namung ing wanci dalu kalêrês pajar surya (padhang rêmbulan). Lare jalêr sami dolanan gobag [go...]

--- 32 ---

[...bag] cu, èthèng, ênthik, bèntèn, tuwin wontên ingkang ajar main selat. Lare èstri sami dolanan jamuran, jumpritan junjang, uri-uri, t.s.s. Dene para putraning priyantun ingkang limrah sami dolanan pangantenan, niru cara-caraning tiyang gadhah damêl mantu ing rikala jaman samantên. Tumrap ingkang sêmbada, mawi sasêgahan, lan ngawontênakên sumbangan barang.

Pangupajiwanipun têtiyang padhusunan

Ing jaman samantên pangupaboga, utawi panggêsanganipun têtiyang ing padhusunan, ingkang baku namung têtanèn, sarta bêbakulan alit-alit. Kaum bêrah amung sakêdhik sangêt, mênggah kawontênanipun katingal ayêm lan têntrêm, jalaran sami botên ambêtahakên arta kathah, dados kayaning anggènipun têtanèn, sampun cêkap kangge panggêsanganipun. Kasêmbuh ing nalika samantên kawontênanipun siti dèrèng kathah ingkang kadhêsêg dening kabudidayan (babrik rosan utawi sanèsipun) wontêning jiwa dèrèng patos kathah, panganggening toya taksih malak dhatêng sabin utawi patêgilan, botên kamaru dening pabrik. Kawontênaning siti kathah ingkang brobahan enggal saking wana, mila inggih taksih êloh, wêdaling pantun tikêl kalih tinimbang ing jaman samangke punika. [pu...]

--- 33 ---

[...nika.] Jaman samantên, punapa malih tiyang ingkang gadhah sabin, botêna kacêkapan, cacak têtiyang ingkang namung bêrah dêrêp kemawon, yèn tumêmên tumindakipun sami gadhah simpênan pantun cêkap katêdha dumugi panènipun malih.

Dene ingkang bêbakulan inggih namung grabadan, klithikan, blantik kewan, t.s.s. Ingkang sadean montên, sarta bangsaning sêmbagi ing pêkên-pêkên punika, namung bôngsa Tyongwa, saha tiyang saking Baweyan. Têtiyang jaman samantên kabêtahaning têtumbas ing pêkên, namung sakêdhik sangêt. Cêkap saking pêpajênganipun wulu pamêdaling tanêmanipun ingkang kasade ing pêkên ngriku, lajêng katumbasakên sarêm, gêrèh, lisah pèt, tuwin sasaminipun, ingkang botên sagêd damêl piyambak.

Dene prakawis panganggenipun tiyang padhusunan, ingkang sabagean agêng sami rasukan sarta sinjang lurik, ingkang ngangge sinjang bathik, punika namung têtiyang ingkang alus-alus, dene ngawontênakên panganggèn lurik-lurikan punika, nama sampun mêntas saking awakipun piyambak, jalaran lawenipun saking ngantih kapas tanêmanipun piyambak, dadosipun sêmbêt dipun tênun piyambak, panyêlêpipun inggih saking nila pangaburipun tom tanêmanipun piyambak, pandamêlipun rasukan, ugi dipun jarumi piyambak, dados ingkang tumbas namung dom, tuwin [tu...]

--- 34 ---

[...win] bolah thok. Dene tumrap sinjang sêratan, cuculipun arta namung kangge tumbas montênipun. Panyêrat, panyêlêp, sarta pambabaripun ugi saking rekadayanipun piyambak. Amung bumbuning ambabar gènês, kados ta: sêndawa, tawas, sari kuning, sapêpakipun, punika ingkang andadak tumbas ing pêkên.

Cêkakipun têtiyang ing jaman samantên prakawis pangangge mèh kenging winastanan mêntas saking budayanipun pribadi.

Prakawis praboting griya, ing jaman samantên sarwa prasaja sangêt. Ingkang ngingah palênggahan kursi punika namung para priyantun thok, dene tiyang sanèsipun, cêkap linggih ambèn, utawi risban. Para priyantun ing jaman samantên balanjanipun inggih alit-alit: A. wadana namung 70 rupiyah, wadana namunamung. 260 rupiyah, para mantri namung 30 rupiyah, ewadene sami sagêd kacêkap, jalaran gêsangipun sami sarwa prasaja, tur botên mragadi pasinaoning putra. Putra kakung cêkap ing pamulangan Jawi, putra putri malah sagêd angrencangi nyokong kabêtahaning gêgriya. Cuculing wragad kathah, namung manawi mantokakên, lan numbasakên pangangge thok. Tur saugi putra umur 16 taun, sampun kaemah-emahakên. (Badhe kalajêngakên)

--- 35 ---

Sêsorahipun Sadhèrèk Nyi Soepardjo, Nglêrêsi Dintên Ibu

(Sambêtipun M.S. No.I, th. VIII)

Kadosdene wontênipun sapunika, kaum putri sampun wontên tandha yêktinipun, bilih ing bab pasinaon punapa kemawon botên kawon kalihan kaum kakung. Malah asring kemawon kaum putri ing pasinaon katingal langkung tumêmên lan mêmpêng katimbang kalihan sadhèrèkipun jalêr.

Panjênêngan sadaya ugi sampun pirsa bilih sapunika sanadiyan dèrèng kathah, sampun wontên kaum putri bangsa kula ingkang sami anggembol titêl; meester dokter, hoofdacte sarta sanès-sanèsipun. Nanging punapa punika sampun kenging kangge ukuran tumrap kamajênganipun bêbrayan sarta majênging darajadipun wanita utawi minggahipun malih tumrap bangsa. Dèrèng tamtu. Amargi emancipatiegeest wau mêsthinipun botên ambabarakên kawontênan ingkang atêgês kongkurènsi utawi rêbat unggul ing kalanganipun priya kalihan wanita, nanging kamardikan wau kêdah sagêd dados sarana anggampilakên wontênipun competitie, inggih punika balapan nyambut damêl sêsarêngan priya kalihan wanita, tumrap kamajêngan lan karahayoning bêbrayan.

Pramila kamardikanipun kaum wanita punika, kêdah dados sarana sagêdipun kaum wanita siyaga miwah mumpuni (siap dhan cakap -vaardig en berekend zijn voor de opgelegde maatschappelijke taak). Inggih punika botên kuciwa anggènipun nindakakên kuwajibanipun ingkang awrat sarta amêngku suraos rumêksa ing kawontênan tumrap gêsangipun lair batin, rochani lan jasmaninipun.

Dene kuwajibanipun wanita tumrap sarira pribadi, utawi badanipun piyambak, inggih punika kêdah tansah rumêksa ing kasarasanipun, punapadene anjagi mênggah trêtibipun sadaya solah-tingkah, tindak-tanduk, lampah lan pandamêlanipun ing sabên dintênipun. Sarta nggulawênthah utawi ngebahakên sariranipun (ulah raga) ingkang cocog lan laras kalihan gêsangipun wanita.

Tumrap gêsanging rochani, wanita wajib lan anggadhahi hak (wêwênang) ngudi panggulawênthahing budi pakêrti. Sabab wanita punika, ing bêbrayan umum, kêdah sagêd madêg dados saka guru utawi pêmimpin (pênuntun) ingkang rahayu ing budi (yang bêrdhaulat) sabab ingkang mêkatên wau sagêd nuwuhakên tata têntrêm lan raharjaning kulawarga inggih punika ingkang sabagean agêng saking kasusilanipun pun ibu.

Gêgandhengan kalihan kasarasanipun rochani sarta jasmani, kaum wanita kêdah wani ngudi kanthi têmên-têmên, amrih icaling

--- 36 ---

rêribêd ingkang ngrêndhêtakên lampah, kadosdene adat lan pakulinan ingkang botên anjaman (upami saking kaum priya, pranatan nêgari, punapadene pangangge umum).

Nanging sawangsulipun, kaum wanita piyambak kêdah tansah samêkta miwah mumpuni nulak bêbaya ingkang sagêd damêl kapitunan tumrap darajadipun, ingkang atêgês wigati punika. Punapadene sagah utawi wani angwontênakên caranipun gêsang ingkang laras kalihan wontênipun alam lan jaman, inggih mênika jaman modern, nanging modern ingkang utami, sarta sagêd angluhurakên darajadipun punika.

Dene ing salêbêtibunsalêbêtipun. ngupadosi tatanan utawi wêwênangipun cara gêsang, kêdah tansah ngèngêti bilih kamardikan punika mila satunggaling sarat ingkang dipun butuhakên sangêt, inggih punika tumrap gêgayuhaning gêsang ingkang tansah nêmpuh alam kamajêngan (evolutie) sarta mangêrtos bilih kamajêngan punika mila wontên watêsipun. Awit kamardikaning wanita punika sawêg sagêd pangaji, manawi sagah saha sagêd milah-milahakên punapa ingkang prayogi lan wajib katindakakên. Inggih punika ingkang dunungipun wontên ing trajunipun batin, sarta ingkang kawatêsan dening kodratipun kawontênan. Inggih kodrat punika ingkang suka obor utawi pêpadhang nêmpuh ing ngalam karahayon.

Dene kodrat wau ugi amêngku kêkiyatan sarta kasampurnaning jiwanipun manungsa, ingkang tumindakipun lumampah anut tuntunanipun raos iman (het zuivere geweten).

Ing bab kawajiban tumrap kulawarga, wanita kêdah sagêd madêg panuntun umum ingkang wani tanggêl (bêrtanggung-jawab - verantwoordelijk) tumrap karahayoning kulawarga saumumipun. Pokokipun kêdah madêg dados saka guru tumrap batihipun, ingkang ngêmu suraos anggulawênthah, supados ing têmbenipun sami dadosa manungsa ingkang sampurna, inggih punika manungsa ingkang sagêd gêsang mêrdika lan mupangati tumrap bêbrayan. Ingkang mêkatên wau atêgês nêrusakên lan ngiyatakên turunan. Dados inggih satunggaling kawajiban ingkang sakalangkung wigati.

Kaping kalihipun kawajibanipun wanita, inggih punika ngwontênakên utawi nyipta swasana lan pranatan ingkang nuju dhatêng karahayon, supados sagêda nyipta karahayoning kulawarga saumumipun sarta wosipun sagêd tumut majêngakên kawontênanipun kulawarga.

Sagêdipun sagah nyêkapi utawi mumpuni ing bab nindakakên kawajibanipun, kaum wanita kêdah sarwa cêkap pangrêtosanipun ing bab panggulawênthah lan tatanan bale griya, sarta kawruh punapa kemawon ingkang gêgayutan kalihan bab punika, kados ta: kawruh bêbrayan, ngèlmu kasarasan, ngêlmu basa, ngèlmu jiwa, kawruh kabudayan, kawruh petang lan

--- 37 ---

sapanunggilanipun.

Katrangan kula ing ngajêng punika, botên atêgês manawi kaum wanita sami kêdah mumpuni ing bab-bab wau kados ingkang ahli, kadosdene guru, dhoktêr, ahli gêndhing lan sapiturutipun. Nanging ingkang prêlu sami anggadhahana pangrêtosan bab kawruh umum, inggih punika sarana rêmên mêmaos, gêthok tular, srêgêp ngupados nasehat-nasehat, andhatêngi muder-cursus, tuwin sapanunggilanipun.

Ing bab kawajibanipun tumrap bêbrayan, kaum wanita kêdah tansah ngèngêti, bilih bêbrayan umum minggahipun dhatêng kabangsan, punika kadhapuk saking kêmpalipun sadaya kulawarga ingkang nunggil sanagari. Dados karahayonipun kulawarga wau ugi gadhah daya tumrap karahayoning bêbrayan umum. Sawangsulipun karahayoning bêbrayan umum sagêd angayomi sarta majêngakên karahayoning satunggal-satunggalipun kulawarga.

Drajatipun kaum wanita wontên ing bêbrayan umum, botên beda kalihan wontên ing salêbêting kulawarga, inggih punika: anggayuh kamajêngan lan miyara (ngupakara) tata têntrêming kawontênan sarta anjagi subur lan kiyating turunanipun manungsa.

Ngèngêti bab-bab wau, kaum wanita kêdah gadhah bageyan utawi wani nindakakên pandamêlan ing bêbrayan ingkang laras kalihan drajadipun, inggih punika padamêlan kamasyarakatan saumumipun, sarta pokokipun sadaya pandamêl ingkang sagêd milujêngakên gêsangipun lare (anak) sarta golongan wanita ingkang kinodrat dados pamangku lan kakiyatan kawidadaning turun-turunipun manungsa.

Ing salêbêtipun nindakakên pandamêl tumrap karahayoning bêbrayan, wêwênang miwah kawajibanipun priya kalihan wanita punika sami kemawon. Dados drajad kamanungsanipun ugi sami. Dene ingkang beda inggih punika kodrat lan wiradatipun. Pramila kêdah wontên pambagean padamêlan ingkang laras sarta pantês, ingkang tamtu katindakakên kanthi têmên-têmên, tuwin tumindak karana pikajênganipun ingkang murni, utawi tuwuh saking gêtêring sukmanipun. Awit mênawi botên makatên, cara nindakakên pandamêl ingkang botên laras, punika danguning-dangu sagêd ngrisak kawontênanipun jiwa, sabab sadaya-sadaya tumindakipun kanthi pêksan utawi botên mawi ngèngêti sarta maèlu dhatêng raos, watak tuwin kodratipun. Ing mangka sadaya pandamêl punika kêdah tumindak kanthi sae sarta mahanani uwoh ingkang marêmakên. Katindakakên kanthi gambira, punapadene lêlambaran raos trêsna.

Ingkang makatên wau, pramila sipatipun pandamêl kêdah cocog kalihan watak lan kodratipun ingkang nindakakên. Dados botên tumindak namung rèhning rumaos sagêd utawi kaconggah, [kacong...]

--- 38 ---

[...gah,] sarta namung sabab rumaosipun botên utawi dèrèng wontên padamêlan ingkang dipun sênêngi. Ingkang pokok kula sadaya kêdah ngèngêti bilih idham-idhaman ingkang gêsang ing sanubari kula sadaya punika, lugunipun sami kemawon; inggih punika: rumagang nyambut damêl, ngupados margi ingkang anjog dhatêng karahayon.

Kados sampun cêkap samantên atur kula.

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.T. No. 1 Th. VIII.).

Kudu ngrêti, yèn awake iku padha tinitah dadi: uwong lan iya dadi sawijine bôngsa.

Wong-wong iki kabèh iya padha ngrêti yèn urip, lan rumasa dadi uwong, nanging durung karuan yèn dhèwèke rumasa dadi sawijine bôngsa. Mulane iya ora anggagas marang uriping bôngsa, sing digagas mung uripe dhewe, yaiku uripe olèhe dadi uwong.

Yèn ana bôngsa, môngka wong-wonge sing klêbu dadi kukubane bôngsa mau, eraora. ngrêti wajibe, ora anggagas bangsane, dadi rasane kabangsan durung urip, iku adêging bôngsa mau iya durung santosa. Môngka sanyatane, mungguh lêlakone bôngsa-bôngsa sangalam donya iki kabèh, iya padha bae karo lêlakone uwong urip (individu) têgêse: iya nganggo bêgja, iya nganggo cilaka,

--- 39 ---

nganggo asor, nganggo luhur, nganggo lara lan nganggo kapenak, malah satêmêne iya nganggo lair lan nganggo mati. Nyata yèn owah gingsir, ora beda karo uripe titah liya-liyane iki kabèh.

Anggêr urip, iya padha tau ngrasakake sangsara, mulya, asor lan luhur, hara coba dêlêngên uripe wit-witan, saka: thukul, sêmi, ngrêmbaka, andadi, anggègrègi, ngarang, mati, gapuk. Ngono kuwi lakune anggêr-anggêring wèt alam. Dene sêtiyare manungsa, sajrone lumaku manut tumindaking anggêring kodrat, bisaa mrênahake awake ana ing sawiji-wijining tatarane lakune kodrat mau. Yèn nyulayani, iya saya sangsara. Kasangsaran sing padha disôngga saiki kuwi, dudu saka kasangsaran manut lakuning kodrat, nanging kasangsaran saka klèruning manungsa utawa bôngsa dhewe.

Yèn ana bôngsa, wis olèh kaluhuran, wusana kêplorot, malah tumiba ing sangsara, iku mêsthine saka lupute dhewe, ora bisa anjaga kaluhurane. Têrkadhang kaluhurane iku malah digawe pameran, diunggul-unggulake, bôngsa-bôngsa liyane saya katone asor. Mangkono uwis wiwit klèru, ora manut lakune wèt alam, janji wis nyulayani wèting kodrat, iya wiwit kêplorot. Ora beda kayadene uwong,

--- 40 ---

maune rêkasa, saka mêmpênge, suwe-suwe olèh kamulyan, olèh kaluhuran, barêng wis têkan kono, ora bisa ngrêksa kamulyan lan kaluhurane, banjur lumuhur, kumingsun, sawênang-wênang marang sing isih asor, hla, ya wiwit titimôngsa kuwi wong mau kawitane, kêplorot saka kaluhurane.

Dèn Karyadarsana. E, e, lêrês sangêt kangmas, tiyang utawi bôngsa, sabên sampun gadhah tindak ingkang mainan, lajêng gumlundhung dhawah asor.

Sêtyabôngsa. Anu, dhimas, punika wau kula sawêg anggênahakên dhatêng ingkang bakyu, amila mawi basa ngoko, nyuwun pangapuntên.

Dèn Karya èstri. Botên dados punapa, malah têrang. Wa, kula sawêg sumêrêp sapunika, bilih lêlampahan punika molak-malik, gumantung tumindakipun. Punapa bôngsa Jawi, sampun nate luhur?

Sêtyabôngsa. Sampun kemawon. Sadaya titah, tamtu sampun nate ngalami luhur, mukti, sakeca, kados atur kula wau. Punapa wontên ta, cilaka têrus-têrusan ngantos kukuting jagad? Yèn ngatên, punapa ing donya wontên cilaka langgêng lan bêgja langgêng.

--- 41 ---

Sadaya sami gumujêng suka.

Sêtya èstri. Lo, hla nèk ngono, nèk wis dadi luhur lan mulya kuwi rak malah kudu saya ngati-ati. Rak inggih ta, dhi.

Dèn Karya sakalihan. Inggih: E, hla, sing akèh kok kuwalik, malah digawe sêsongaran. Layak sing akèh-akèh iya padha bisa nganti kumrutug. Barêng wis glasahan lagi gêlêm bêcik karo sapêpadha.

Sêtyabôngsa jalêr. O, kasinggihan. Sadaya punika nama pasinaon, ingkang mulang lampahanipun piyambak, tinêbas mawi kasangsaran, amila pangrêtos punika inggih awrat panumbasipun. Ananging manawi purun nyinau ing sadèrèngipun, cêkap mawi kawiwekan lan pangatos-atos, wêlasan dhatêng sadaya umat, ngayomi para papa, trêsna dhatêng sasami, ngrêsêpakên satindak-tandukipun, inggih punika sampun dados sanguning kamulyan lan kaluhuran, malah badhe saya andêdêl, môngsa kaplorota.

--- 42 ---

Dèn Karya jalêr. Inggih kangmas, kadospundi lajêngipun bab panggulawênthah wau. Sasampunipun tiyang-tiyang ngrêtos dhatêng kuwajibanipun anggènipun tinitah gêsang punika warni kalih inggih punika: gêsangipun dados tiyang lan gêsangipun dados bôngsa. (Badhe kasambêt).

TANGGAP ING CIPTA-SASMITA

(Sambêtipun M.S. No.11. Th. VII)

Umur 9-10 taun

1. Tatakrama.

a. Luwês basanipun.
b. Andhap asor dhatêng umum.
c. Lurus sarta burus manahipun.
d. Ngangge tatakrama dhatêng tiyang sêpuhipun.

2. Trêsna dhatêng sasami.

a. Nulungi dhatêng sanès ingkang butuh angsal pitulungan, botên usah ngêntosi anggènipun nêdha tulung.
b. Damêl sakeca lan sênênging sanès.
c. Sae dhatêng kewan

3. Nurutan

a. Dhatêng tiyang sêpuh lan guru. Botên mongga-manggu, malah kanthi sênênging manah.
b. Mituhu dhatêng pitutur sae.

4. Ngadil

a. Ing pikiran, ing rêmbag dalah tandangipun.
b. Botên ngèngkèl, botên ngèyèl.
c. Sugih pangapuntên dening ngrumaosi awakipun piyambak inggih taksih kathah kêkiranganipun. Ewadene inggih prêlu nêrangakên kalêpataning sanès, supados panindak ing têmbe sagêd mindhak sae.

--- 43 ---

5. Têmên

a. Têmên sayêktos.
b. Botên ubêngan sarana cariyos ingkang botên satêmênipun.
c. Botên ngapusi sarana tandang lan tatakrama (ulas-ulas).

6. Pranatan lan tatanan.
a. Ajining pranatan manut pathokan. Ingkang prêlu kaêdum, inggih dipun bage manut samêsthinipun, ingkang botên kaêdum kawangsulakên dhatêng panggenanipun.
b. Panindak sarwa ajêg nêtêpi tatanan.
c. Prigêl sarta rikat.

7. Tekad

a. Purun nggarap padamêlan ingkang angèl utawi botên nyênêngakên.
b. Manawi taksih purun dolanan, sanajan kawon botên kèndêl (ingkang atêgês urik utawi gicik).
c. Ngudi nyaèkakên utawi nyaèni tumrap awakipun piyambak.

Umur 10-11 taun

1. Tatakrama.
a. Sumringah botên grunêngan, kêdumêlan nacad ing sanès
b. Angkuh lan isinan (ingkang atêgês ambêk prawira)
c. Andhap asor.
d. Ngaosi badanipun piyambak.

2. Trêsna ing sasami (Beginsel van Sociologie).

Purun tumandang dhatêng kapêrluan umum: panulakan kabêsmèn. Panulak bêbaya ing awang-awang, griya sakit, panjagèn kitha (nagari).

3. Aji

a. Ngatingalakên katêmênanipun (pancèn têmên yêktos).
b. Ngajèni awak piyambak lan ngajèni ing sanès
c. Nyingkiri anggak ingkang botên sae.

4. Ngadil

a. Sampun damêl risak utawi damêl kapitunaning liyan.
b. Sampun ambêk siya dhatêng kewan saking nuruti sênêng, utawi mêntalan.
c. Ngrêtos prêlunipun wontên katêntrêman sarta paukuman ingkang adil.

--- 44 ---

5. Têmênan

a. Yèn nyariyosakên dongèng: sêtiti, botên ngangge omong kosong lan panacad.
b. Tandangipun yêktosan botên gêmluwèh (sêmbrana).
c. Yèn nggagas, madosi têmênipun sayêktos.
d. Barang ingkang angèl, inggih dipun kêtingalakên angèlipun.

6. Ngatos-atos.

a. Sadèrèngipun rêmbagan utawi tumandang, ngangge dipun pikir rumiyin.
b. Ing bab nêdha, ngombe, nyambut damêl lan kasênêngan sarta cêkapan (ngangge watês).

7. Kêkêndêlan

a. Kêndêl sayêktos, nanging sampun kakêndêlên (ngêmohi ajrih ingkang botên maton).
b. Sampun bingungan utawi kagetan ngantos ical pikiranipun.

8. Padamêlan

a. Sampun ngêmohi dhatêng padamêlan, kanggêp asor utawi kasar.
b. Manawi wontên tirahaning waktu, kanggea ngaosi dhatêng kasênênganipun ingkang utami.

KATRANGAN

Cak-cakanipun pamardi saya mindhak-mindhak angèlipun, sabab ing ngriki lajêng sampun wiwit ngangge êmpan papan, manut kawontênan drajadipun lare (milieu) mawang panggenan (plaats en omstandigheden), punapadene satunggal-tunggaling pandamêl ngangge putusan piyambak-piyambak (geval van geval wordt beoordeeld).

Pancèn manawi piwulang, taksih gampil katindakakên klassikaal, nanging pamardi, klassikaalipun namung dhapur pitutur: Aja mangkono, kudu mangkene! Adhakan namung sakêdhik dayanipun. Ingkang wigatos: sabên dhong nrajang, dipun têrangakên minangka tuladha. Milanipun sae ingkang hoofdelijk (ijèn-ijèn). (Badhe kasambêt).

--- 45 ---

Sêrat Satus Tri Wasita

(Sambêtipun M.S. No. 1 Th. VIII)

[Gambuh]

1. gantya bab pitung puluh / kang winarna kêndhi mèsi ranu / lamun ngandhap bolong nadyan lintang alit / tar wande asat kang banyu / mangkana pralampitèng wong // Bab 70.

2. kasucèn kang ginayuh / winantu ing tapa brata gêntur / yèn jro tyase sanadyan muhung sakêdhik / mêksih sêngsêm ing donyèku / panggayuhe tanpa dados //

3. bab pitung dasa langkung / sajuga kang winahya ing kidung / wong sasanèng jroning pawon iku pasthi / datan wun kasenggol angus / nadyan wus dèn atos-atos // Bab 71.

4. mangkana èstri kakung / maksih mudha kang nunggal sadunung / nadyan patrap myang pikirannya jinagi / yakti ing sakalihipun / obah rasane ing batos //

5. bab kaping pitung puluh / langkung kalih ginita ing têmbung / yogya sami sumingkir ing ngèlmu sikir / yakti sulaya kang laku / lan agama kang sajatos // Bab 72.

6. pêpindhanira pupur / anutupi kulit kewala mung / tangèh lamun papta ing rasaning gaib / mangkya bab kapitung puluh / langkung tiga winiraos // Bab 73.

7. yèn [yè...]

--- 46 ---

[...n] wus têtêp ing kalbu / nêdya oncat sing pramean idhup / lah cobanên sira amarsudi ragi / tawakal pasrah Hyang Agung / kulinèng sonya umanggon //

8. winatara sataun / apa nêm côndra apa satèngsu / pês-apêse cobanên rowêlas ari / tujuning cipta muhung /Kurang satu suku kata: tujuning kang cipta muhung. angabêkti mring Hyang Manon //

9. anyênyadhang sihipun / kamurahaning Hyang kang lumuntur / eling lamun kang gumêlar ing donyèki / tan ada darbèking manus / kabèh kagungan Hyang Manon //

10. manusa sadarma mung / nganggo bae kagungan Hyang Agung / mubarang kang sira rumasa darbèni / tan langgêng salaminipun / pasthi sirna wêkasing don //

11. dèn pracaya ing kalbu / lair batinira Hyang kang mêngku / anadene Hyang Suksma anèng sirèki / yèn têmên lir kang kawuwus / waspadakna yêkti kraos //

12. sanadyan lagya antuk / sawatara ari kang tartamtu / ana antaranya pae lir duk nguni / bab ping pitung dasa catur / cinatur kaca pangilon // Bab 74.

13. kang rusak rasanipun / tan abangkit tumampia iku / maring wêwayangan sunaring Hyang Rawi / manusa sanepanipun / yèn rêgêd hawa kanapson //

14. napsu maya manglimput / datan [da...]

--- 47 ---

[...tan] bangkit tumampièng wahyu / cahyaning kang ilahi kanang dumêling / marma dèn sami anggêlung / suci nirmala ing batos //

15. yantyagantya. bab kang tinutur / pitung dasa gangsal rinah kidung / kang ingaran sajatining senapati / kawawa nêlukkên napsu / jaman pramean tan ewoh // Bab 75.

16. bab kaping pitung puluh / lêwih nênêm pinardawèng têmbung / kèh manusa ngancas mring margi utami / yèn cahya ilahi suwung / sawastu asring kaledhon // bab 76.

17. bab pitung dasa pitu / kang tinutur kabisaning sêmut / bangkit milih sarkara winor lan wêdhi / kang pinrih mung gêndhisipun / mangkana kang wus waspaos // Bab 77.

18. tinarimèng Hyang Agung / sida purusa sira tan ewuh / ambedakkên kang langgêng lan ewah gingsir / kanthi yakin jroning kalbu / sumambung bab kang gumantos //

19. bab pitung dasa wolu / manusa kang wus utama tamtu / sabarang rèh kudu sarwa ngati-ati / samêndhang kewala kliru / enggal kawistara ing wong // Bab 78.

20. warata wartanipun / ngômbra-ômbra sumêbar sapurug / pêpindhane lir panganggo warna putih / kataman tintah sadumuk / katara têrang saking doh // (Badhe kasambêtan).

--- 48 ---

PITAKENAN.

Nyuwun sêsêrêpan.

Nuwun, sampun dangu anggèn kula anggagas: punapaa tiyang wawrat ingkang kaping 3,5,7 tuwin salajêngipun ingkang dhawah ganjil, dipun wastani: mêndêking, lan saking cariyosipun ingkang nglampahi, langkung rêkaos tinimbang manawi botên anglêrêsi mêndêking, punika punapa sababipun. Ngantos sapunika dèrèng angsal katrangan. Mugi wontêna ingkang paring sêsuluh. Ing sadèrèngipun matur nuwun.

Pun: Kodhêng.

ISINIPUN MARDI-SIWI No. 2.

Ugi pantês dados panggalihan - Pangalaman ing jaman 50 taun ingkang kapêngkêr - Sêsorahipun sdr. Nyi Soepardjo nglêrêsi dintên Ibu - Sanès dongèng - Tanggap ing tiptacipta. sasmita - Sêrat satus tri wasita - Nyuwun Sêsêrêpan.