Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 3 20 Maart 1941 Th. VIII.

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA. Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

ANCASING PANGGULAWÊNTHAH

Mardi Siwi ôngka 12 ingkang mêdal wulan December taun 1940 ngêwrat karangan kula bab panggulawênthah adhêdhasar kawruh kodrating manungsa. Wosing rêmbag ing karangan kula wau, amratelakakên pirantos-pirantosing manungsa ingkang kêdah dipun olah, dipun gulawênthah, supados sagêd dados pirantosing jiwa tuwin sukmanipun manungsa, inggih punika pangolahing badan wadhak utawi badan jasmani, pangolahing raos, pangolahing pikir tuwin pangolahing kajêng. Pirantos-pirantos punika wau kêdah sampurna anggènipun ngrukti, supados botên gadhah watak kêsèd, têgêsipun sagêd dados tumpakanipun suksmaning manungsa ingkang badhe makarti. Ing pungkasaning karangan wau, kula pratelakakên kadospundi sagêdipun manungsa anjumbuhakên rasa lan pikiripun, supados tindakipun ing sadintên-dintên utawi wontên ing pundi kemawon, sagêda kasunaran saking dayaning suksma, lajêng sagêd nuwuhakên kawontênan rahayu.

Saking pamanggih kula ancas ingkang kula pratelakakên ing pungkasaning karangan kula wau sampun anyêkapi kangge bêtahipun tiyang gêsang sêsarêngan utawi gêsang bêbrayan. Amargi manungsa punika manawi sampun sagêd anglênggahi kawontênan rahayu, têmtunipun gêsangipun sagêd tata lan têntrêm wontên ing batos tuwin kêlairanipun. Ewasamantên manungsa punika gêsangipun botên namung gêgandhengan

--- 50 ---

kalayan bêbrayanipun, nanging ugi gadhah sêsambêtan kalayan kodrat. Têgêsipun, manungsa sagêd manunggilakên gêsangipun kalayan gêsanging kodrat. Lajêng sampun botên wontên warana ingkang angaling-alingi jagad alit lan jagad agêng. Ing basa Jawi kawontênan ingkang kados makatên wau limrahipun kawastanan manunggiling kawula Gusti. Manawi manungsa (microcosmos) sampun sagêd nyatunggal kalihan macrocosmos, punika lajêng sagêd mangêrtos utawi sumêrêp dhatêng kêrsaning kodrat, limrahipun bangsa kula Jawi mêstani wicaksana, utawi wêruh sadurunge winarah. Ingkang makatên wau mêsthinipun botên kawulangakên wontên ing pamulangan, nanging manungsa satunggal-tunggalipun sagêd gayuh dhatêng drajat ingkang samantên inggilipun. Ing karangan kula ingkang kula pratelakakên ing nginggil, ing bab angka 3 sampun kula pratelakakên manawi manungsa punika sagêd ngolah kabatosanipun ngantos dumugi ing puncak, têgêsipun ngantos bontos. Inggih punika manawi manungsa sampun sagêd ngêrèh dhatêng sadaya lampahing sadaya saranduning badan, inggih punika dumugi ing tatanan atma. Ing sarèhning ancas ingkang makatên wau kêlampahanipun namung mêdal sangking kakiyataning satunggal-tunggaling tiyang, botên kenging dipun ugêri mawi cara ingkang umum, ingkang dados rêmbag wontên ing jagading panggulawênthah, mila bab makatên wau gumantung dhatêng pangolahipun satunggal-tunggaling tiyang. Ewasamantên bokmanawi wontên paedahipun kula mratelakakên ing ngriki, isinipun Sêrat Bagawat Gita ingkang wontên ing jagad Kajawèn sanès barang enggal. Sêrat Bagawat Gita punika angêwrat wawan sabdanipun Sri Krêsna kalihan Arjuna, nalika paprangan wontên ing Kurusetra. Arjuna mangu-mangu manahipun nalika badhe paprangan kalayan gurunipun, inggih punika Pandhita Durna. Saking kasoking manahipun Arjuna anggènipun badhe mêngsah kalayan guru tuwin sanakipun piyambak ngantos kêsupèn dhatêng jêjêring darmanipun satrya. Mila lajêng dipun èngêtakên dening Sri Krêsna, kadospundi lênggahing satrya.

Wêtahipun Bagawat Gita punika wontên 18 bagean. Saking pangraos kula sak bagean-bageanipun punika suka katrangan bab pratitising lampah utawi têmbungipun Sanskrita, kanamèkakên yoga. Yoga makatên têgêsipun manunggil, dados kajêngipun sadaya lampah punika kêdah pratitis, sampun ngantos kaworan punapa-punapa. Urut-urutanipun bagean wau kados ing ngandhap punika:

1. Mangu--manguning Sang Arjuna.
2. Pratitising panimbang.
3. Pratitising lampah.

--- 51 ---

4. Kawicaksananing tindak
5. Pangêkêring tindak
6. Mangrèh badanipun piyambak.
7. Mratitisakên beda-bedaning kawruh.
8. Bab pundi ingkang langgêng, pundi ingkang botên.
9. Kawruh ingkang inggil piyambak tuwin kawruh gaib.
10. Pratitising pangrêngkuh
11. Pratitising panyawang dhatêng kawontênaning kodrat.
12. Pratitising bakti
13. Pratitising ambedakakên kawruh lan ingkang ngawruhi
14. Pratitising ngoncati watak têtiga
15. Pratitising lampah nuju dhatêng kasuksman
16. Pratitising kawruh ing bab beda-bedaning ke-Allahan lan setan.
17. Pratitising pangandêl têtiga
18. Pratitising pangrucat.

Miturut pêperanganipun Bagawad Gita 18 bab wau, botên gampil tiyang ingkang nuju dhatêng manunggiling kawruh Kawula Gusti. Awit kêdah gadhah sêsêrêpan ingkang bontos ing bab 18 prakawis punika wau. Arjuna sagêdipun angsal kasunyatan sangking Sri Krêsna mawi lampah jumênêng Bagawan Ciptaning. Dene dêdamêlipun sak dèrèngipun Cipta Êning wau, inggih punika Pulanggêni, Sarotama, kalayan Pasopati. Wontên ing jagad Kajawèn kados têmbung-têmbung wau sampun kasumêrêpan ing akathah.

Sarotama têgêsipun mawi dêdamêl kautaman, kajêngipun nglênggahi kasaenan. Pasopati têgêsipun anangsuli ardaning tyas. Dados sintên ingkang gadhah ancas dhatêng manunggiling Kawula Gusti, kêdah sagêd anglampahi kalih-kalihipun. Pêrlunipun botên kasrimpêt ing lampah. Amargi manawi manungsa punika gêsangipun kawêngku dening durgamaning tyas, têmtu botên sagêd pajar manahipun. Mangka sampun têrang sangêt, manawi manungsa punika gadhah colok utawi dilah ing batosipun. Ananging dilah wau asring kalimputan ing pêtêng ngantos botên sagêd sumunar. Warananipun, utawi ingkang ngalang-alangi soroting dilah wau, botên sanès inggih punika durgamaning tyas.

Lampah ingkang tumuju dhatêng manunggiling Kawula Gusti, punika inggih botên sagêd kalêksanan sakdhêk saknyêt, têgêsipun inggih mawi antan-antan. Mila sintêna ingkang gadhah sêdya dumugi samantên, gêsangipun padintênan ugi kêdah dipun tata.

Supados panglantihipun sagêd rancag wajib manungsa punika migunakakên dayaning pikiran, ambedakakên pundi

--- 52 ---

ingkang lêrês lan pundi ingkang lêpat, pundi ingkang nyata lan pundi ingkang botên nyata, pundi ingkang awon pundi ingkang sae.

Kaping kalihipun tindakipun ing sadintên-dintên manungsa punika sampun ngantos kawêngku ing pamrih, utawi kawêngku ing pêpenginan, amargi punika ingkang lajêng asring nuwuhakên pêpêtêng, ngaling-alingi sumunaring damaring manungsa.

Kaping tiga manusa punika wajib anggladhi watak sae, utawi gêgulang watak sae. Bab watak sae punika sampun nate kula pratelakakên wontên ing Mardi Siwi ingkang mêdal taun 1936 angêwrat kawruh kasusilan, kapêthik sangking karanganipun Sang Mahatma Gandhi bab "Ethische religie".

Kaping sakawanipun manungsa kêdah ngalntih dhatêng katrêsnan. Mênggah têgêsipun katrêsnan punika, lampah ingkang tumuju dhatêng kawilujênganipun sanès, utawi malih katrêsnan punika botên namung tumuju dhatêng lampah ingkang kababar, namung sanadyan ing batos, ugi kêdah dipun kulinakakên ngraosakên katrêsnan. Mênggah ricikanipun kados ing ngandhap punika. Sapisan manungsa kêdah tansah mikir dhatêng kasaenan. Kaping kalih sampun ngantos nyêntosakakên pikiran ingkang awon ingkang dumunung wontên ing manungsa. Kaping tiga sampun ngantos manungsa ngraosi awon dhatêng tiyang sanès. Manawi tiga-tiga punika wau sampun sagêd kacêkap, ing ngriku badhe kababaring manunggiling Kawula Gusti.

SOETEDJA.

Kagunan Gêgandhengan Kalihan Kasusilan

Sêsorahipun Sadhèrèk Nyi Soepardjo Wontên ing Pêpanggihanipun "Jatno Sidojo"

Sayêktosipun bab kabudayan utawi kagunan lan kasusilan punika mila botên sagêd pisah mênggahing satunggal lan satunggalipun. Awit kabudayan punika asal saking têmbung: budaya, têgêsipun wohipun kaluhuraning budi (geestes-vernuft).

Dene kasusilan punika ugi dipun wastani sipating kaluhuranipun budi. Dados kabudayan punika maksudipun utawi maknanipun: pambudidaya amrih saenipun gêsang ingkang alam, têgêsipun punapa kemawon ingkang gêsang wontên ing

--- 53 ---

alam. Nanging kangge umum kabudayan punika katujokakên dhatêng pambudidaya amrih saening alamipun manungsa.

Kabudayan punika sipatipun utawi babaripun warni-warni, namung kemawon, rèhning sadaya wau wohipun kasusilan, mila kabudayan punika sipatipun tansah mêngku: têrtib, pèni, maedahi, adiluhung (luhur) sarta mahanani raos sênêng, têntrêm, bêgja lan sapanunggilanipun. Sipat-sipat wau katitik wontên ing alamipun manungsa ingkang sampun susila utawi gadhah kasusilan. Pambudidaya ing bab kagunan warni-warni, kados ta: gêndhing, jogèd, nggambar, damêl rêca lan sapanunggilanipun. Milanipun ingkang makatên punika, kabudayan utawi kagunan punika tansah dados titikan lan ukuran tumrap asor luhuripun kasusilanipun satunggal-tunggaling bangsa.

Miturut perangan-perangan utawi warni-warninipun kabudayan punika kaperang dados 3 bagean:

a. Inggih punika gêgandhengan kalihan gêsanging kabatosan manungsa, sarta nuwuhakên tata têntrêming alam pasrawungan (têrtib dhamai). Kados ta saking wontênipun tatacara ingkang sae lan alus. Tata têntrêmipun paprentahan nagari, agami, utawi ilmu kabatosan lan kasusilan.

b. Ingkang gêgandhengan kalihan angên-angênipun manungsa (verstandelijk), nuwuhakên kaluhuraning basa, kasusastran.

c. Gêgandhengan kalihan kagunanipun manungsa (kunst vaardigheidszin). Dene pêprincènipun inggih punika ing bab ngocal siti, dagang, dêdamêlan, lêlayaran lan sanès-sanèsipun.

Miturut a, b, c kabudayan ingkang kababar ing kagunan warni-warni, ambuktèkakên manawi bangsa kita punika sampun pantês dipun wastani bangsa ingkang susila. Dene kasusilan wau katitik saking caranipun anggènipun mangangge ingkang sarwa nyêkapi kapêrluanipun lan botên kirang pèninipun, caranipun gêgriya utawi jêjodhoan, ngurus bale griya, anjagi kasarasanipun jiwa lan raga. Kajawi punika kabudayan kita ugi kababar ing kagunan gêndhing, jogèd, wayang, dêdamêlan warni-warni lan sapanunggilanipun.

Sarèhning Yatna Sidhaya ngudi dhatêng kagunan gêndhing lan jogèd, milanipun sêsorah punika lugunipun ngrêmbag bab kagunan gandhèngipun kalihan kasusilan, langkung-langkung tumrap para kênya, ingkang ugi sami dados warganipun Yatna Sidhaya. Wau sampun kula aturakên manawi kagunan lan kasusilan punika sami dados pêperanganipun kabudayan (cultuur). Dados kalih-kalihipun inggih sagêd lumampah sêsarêngan. Dene maksudipun jogèd tumrap panggulawênthahipun para kênya, kados ta:

--- 54 ---

1. Anggayuh bêning lan murninipun gêsangipun batos.

2. Wangsul dhatêng alam kabudayanipun piyambak.

3. Ngèngêti kawontênan ing jaman samangke, eman sangêt dene pamudha-pamudhi kita sajak nêbihi kagunanipun piyambak, malah ingkang dipun gandrungi dhansah cara kilenan, ingkang tandang-tandukipun sarta panganggenipun nyulayani tumrap kasusilan wetanan.

Miturut cathêtanipun pakêmpalan Kridha Bêksa Wirama, dansfiguur bêdhaya sêrimpi wontên 90 warni. Ingkang saperangan agêng niru utawi nggambarakên kodrat alam ingkang katingal, kados ta: pucang kanginan, gajah ngoling, wêdhi kèngsêr, sapanunggilanipun. Dados manawi dipun wawas saking alam pandhidhikan, kagunan jogèd bêdhaya sêrimpi, punika tujuanipun, anggayuh dhatêng raos kaendahan ingkang suci, wirama, katêrtiban lan adat-istiadat.

Bab kagunan gêndhing lan têmbang, sampun dipun akêni wigatosipun tumrap pêndhidhikan. Emanipun dene dumugi titimangsa punika dèrèng kagatosakên ing samêsthinipun. Dene gêndhing lan têmbang punika gadhah daya njêmbarakên lan murnèkakên sarta ngalusakên raosipun manungsa. Swara ingkang bêning gambaripun gêtêr ingkang nêmbus wontên ing jiwanipun manungsa. Makatên gêtêr ingkang sae nuwuhakên daya ingkang sae ugi. Manawi endahing gêndhing lan swara tansah ndayani jiwa, wusana wêwatakan ugi badhe tuwuh (tangi). Kosokwangsulipun, susunan swara ingkang botên laras, ugi ngrisak jiwa lan budi pakêrti.

Mila bab punika pantês dipun tanggulangi sarana anggêgêsang kabudayanipun piyambak, sampun ngantos kalajêng-lajêng anggènipun nêmpuh kamunduran, sabab kabudayan punika sarana ingkang pêrlu sangêt tumrap lampahing kasusilan (culturele opbouw). Sampun dados kuwajiban kita, nanggulangi risak utawi munduripun kasusilan kita kanthi kêncêng.

Ing pamuji kula Yatna Sidhaya ingkang ancasipun ugi ngupakara lan nggêsangakên kabudayan ingkang gêgandhengan rapêt kalihan kasusilan, sagêda lêstantun gêsangipun.

Cêkap samantên atur kula sarta matur nuwun.

--- 55 ---

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No. 2 Th. VIII.).

Sêtyabôngsa. Nuwun, sasampunipun tiyang sami ngrêtos lan rumaos bilih dados peranganing bôngsa, lajêng badhe ngrêtos malih bilih adêging bôngsa punika saking paklêmpakaning tiyang-tiyang ingkang klêbêt ing kukubanipun, têgêsipun: sapintên darajadipun têtiyanganipun, kadospundi watak lan kalakuanipun, kados punapa kasagêdan lan bêbudènipun, klêmpakipun sadaya wau lajêng mujudakên darajading bangsanipun, dados luhuring watakipun, punika inggih sambêt kalihan luhuring bangsanipun, makatên ugi nisthaning tindakipun, inggih badhe anggèndèng nisthaning bangsanipun, amila manawi sampun ngrêtos yêktos, punika salampah jantranipun, tansah sêsambêtan kalihan bangsanipun, ing ngriku bôngsa wau lajêng wiwit gêsang subur, amargi klêmpakaning pangèsthinipun tiyang kathah wau badhe saya agêng lan saya santosa, wasana pun bôngsa inggih badhe angsal aji (waarde) wontên ing kalanganipun para bôngsa. Kosokwangsulipun, bôngsa ingkang sampun angsal aji saking pasrawunganipun [pa...]

--- 56 ---

[...srawunganipun] para bôngsa, pangaji-aji wau inggih badhe lumèbèr dumugi tiyang-tiyangipun ingkang sami dados bôngsa wau. Mênggah gampilanipun, bôngsa punika sagêdipun angsal pangaji saking pakartinipun tiyang-tiyangipun, kosokwangsulipun, pangaji ingkang tinampi ing bôngsa wau lajêng dipun êdum waradin dening tiyang-tiyang ingkang sami klêbêt ing bôngsa wau, sadaya sami sagêd ngraosakên.

Saya sae pakartinipun ing sabên tiyang, saya rikat ajênging bangsanipun, saya têtêp anggènipun sami anglampahi kuwajibanipun ing sabên dintên, saya luhur panjurungipun dhatêng bôngsa, saya luhur kamanungsanipun, saya santêr anggènipun anjunjung bangsanipun. Dados luhuring bôngsa, punika saking luhuring bêbudènipun para têtiyang kukubanipun.

Dèn Karya èstri. E, e, lêrês kangmas, kok mèmpêr kalihan kasarasaning badanipun tiyang. Tiyang ingkang saras badanipun punika, amargi saking perangan sadaya saranduning badan sami saras, ngantos perangan cel-cel ingkang alit-alit punika sadaya inggih [ing...]

--- 57 ---

[...gih] kêdah saras, sarèhning badan sakojur punika awujud paklêmpakanipun cel dados yèn cel-cel lipun sami sakit, badanipun inggih sakit, saya kathah cel ingkang sakit, badanipun badhe sangsaya lêmês, sagêd ugi ngantos lumpuh.

Sêtya èstri. Inggih, punika kok mèmpêr sangêt, kula lajêng kêdah gumujêng, dados manawi wontên cel ingkang urik, namung mikir sarasipun piyambak, botên manah dhatêng cel sanèsipun, punika rumaosipun sampun bêgja, nanging badanipun rak taksih lumpuh ta. Hla, punapa têgêsipun bêgja ing ngriku punika?

Sadaya gumujêng.

Dèn Karya jalêr. Iya, ning, ngêndikane bakyu iku wis cocog. Bôngsa iya ngono, nèk wong-wong iki ora mraduli karo rewange urip, sasat mung padha golèk uripe dhewe-dhewe, wêkasan iya sabôngsa padha sangsara. Padha bae karo bôngsa mau katrajang ing lêlara. Dadi golèk sarasing bôngsa, iku iya kudu gawe sarase dhewe-dhewe. [dhewe-...]

--- 58 ---

[...dhewe.]

Sêtya jalêr. Hla, samangke sampun angsal kasarasan, anggayuh sarasing bôngsa punika sami kalihan anggayuh sarasipun piyambak, manawi makatên punika sampun rumaos kuwajiban, sampun tamtu sadaya badhe ngalami gêsang ingkang tata têntrêm, botên wontên ingkang munasika.

Atur kula makatên wau namung mêndhêt ringkês lan gampilipun, dene rêricikan sarta tumindakipun, punika lajêng wontên ing panggulawênthah padintênan, nanging sok ugi rama ibu sampun cêtha nêring panggulawênthah, tamtu satindak-tandukipun padintênan dhatêng putra-putra inggih tansah ngênêr mriku purugipun.

Dèn Karya èstri. Piye, dhimas, saiki wis olèh wawasan cêkak, ning, wah, nyukupi saprêlu, sabab yèn diudhari, wis compleet apa-apa ana, mung kari gaduging pamikir bae kapriye. Dadi cêtha, golèk slamête dhewe, iku durung cukup, malah bisa gawe lumpuhe badan sakojur, sing prêlu golèk slamête kabèh. Supaya badan sakojur iya slamêt, ora laranên. Slamêtmu lan slamêtku aki pidhaiki padha. ora ana têgêse nèk cel-cel kiwa têngênku iki iya durung

--- 59 ---

slamêt. Dadi nèk ngèlingi badan sakojur, cel-cel sing sacahecacahe. mayuta-yuta iki pancèn ana gêgayutane siji lan sijine, malah satêmêne sanajan katone dhewe-dhewe, nyatane iya mung barang siji, yaiku mujudake dadi blêgêring awak iki, yèn ana sagrombolane cel sing lara, awak iya banjur lara.

Dèn Karya jalêr. Iya, iya. Sarèhne wis suwe, lan iya wis olèh wawasan kabutuhane, ayo padha nyuwun pamit, liya dina sowan manèh, nêrusake nyuwun sêsêrêpan.

Dèn Karya èstri. E, iya, ayo, kok banjur lali wajibe. Sampun bakyu, kêparêng nyuwun pamit, kangmas, klilan. Ayo, mas.

Sêtya sakalihan. E, kok banjur kaya ditundhung, inggih, inggih. Dhèrèkakên sugêng, mugi sampun kapok kemawon.

Dèn Karya sakalihan. Inggih, botên, sampun, nuwun.

--- 60 ---

Pangalaman Ing Jaman 50 Taun Ingkang Kapêngkêr

(Sambêtipun M.S. No. 2 Th. VIII)

Caraning Gadhah Damêl

Têtiyang jaman samantên, ingkang dipun pêng wani cucul wragad kathah, manawi gadhah damêl mantu, têtakan, sapanunggilanipun, ngantos kabasakakên mêcah ing celengan. Jêr inggih namung manawi gadhah damêl punika anggèning ngêdalakên wragad kathah. Para ingkang kacêkapan, taksih kirang sataun sampun dipun rancang, taksih kirang sawulan sampun katingal, klêthêg-klêthêg, dene ingkang nama sampun pasamuwan yêktos, tigang dintên tigang dalu, dintên sapisan pasang tarub, malêm dintên kaping 2 nama nanggulan (ngingoni têtiyang sadhusun ingkang sami pados ron lan kajêng dhatêng wana), dintên kaping 2 (siyang) nampi para têtiyang buwuh, malêm dintên kaping 3: midadarèni, enjingipun ijaping pangantèn. Sontênipun manggihakên pangantèn ngantos sadalu muput. Dalunipun malih kanamakakên bêrsihan, ngundang para santri kapurih tahlilan, lajêng salawatan, (pasugatanipun namung trimah sawontênipun). Sapêkênipun, kaundhuh ing tiyang sêpuhipun ingkang jalêr. Salapanipun dipun wilujêngi malih ing griyaning pangantèn èstri.

Jaman samantên prakawis tumpakan taksih awis sangêt, ingkang [ing...]

--- 61 ---

[...kang] wontên tumpakan dhokar satunggal kalih punika namung ing kitha-kitha, dene ing padhusunan, wontênipun namung kapal. Ewadene tiyang jagong-jinagong ing jaman samantên malah katingal enthengan. Jêr sami mlampah dharat sapos, kalih pos, sampun kalimrah. Mila caraning anjagong dhatêng pamili, utawi mitra darma, ngantos sipêng tiga utawi sakawan dalu, tur saanak rayat (bêdhol talês). Manawi jagongan bayi, ingkang limrah kasambi mirêngakên waosan sêrat ingkang kasêkarakên, kados ta: sêrat Menak, Damarwulan, Pakêm Ringgit Purwa, t.s.s. Mila tiyang ingkang sagêd maos têmbang, sarta sae swaranipun, punika dipun pilala sangêt.

Jaman samantên para jêjaka anggèning rabi, botên susah ngêntosi manawi sampun gadhah balônja, utawi cêpêng damêl, ugêr sampun wancining simah, inggih lajêng simah, dene manawi sampun kalampahan, êlêt sataun utawi kalih taun, ingkang putranipun priyantun sawêg pados pandamêlan, sarana magang, ngantos mataun-taun, sawêg angsal pandamêlan. Sadangunipun taksih magang sampun sami bale griya, kasokong tiyang sêpuh, lan ingkang èstri nyambi nyêrat utawi makarya ingkang dipun sagêdi, trêkadhang ngantos pêputra 2, 3 sawêg angsal pandamêlan, dados jêjodhoaning para priyantun jaman samantên, putrinipun tumut lara lapa yêktos, dene [de...]

--- 62 ---

[...ne] tumrap kaum tani, sudagar, sasaminipun, salêbêting 2, 3 taun taksih kaêmong dening marasêpuh, sasampunipun samêkta, sawêg kapisah kapurih griya piyambak.

Tatanan praja jaman samantên

Cacahing priyantun ing jaman samantên taksih sakêdhik sangêt, ing kabupatèn namung: bupati, patih, mantri kabupatèn, tuwin juru sêrat 2. Ing kantor residhenan namung juru sêrat kantor 2. Ing kadhistrikan namung wadana lan juru sêrat satunggal. Ing kaondêran namung A. wadana thok, juru sêratipun partikêlir, dipun balônja dening A. wadana piyambak. Ing kantor kajaksan namung jaksa lan juru sêrat satunggal. Ing kolèkturan namung kolèktur kalihan juru sêrat satunggal. Ing wadana namung mantri pulisi lan boswahtêripun. Kitha agêng namung wontên pamulanganipun Jawi 2, kitha alit namung nyatunggal, babagan rêsi, ingkang kaasta nagari sawêg sarêm kalihan kopi. Sanèsipun sadaya wau taksih kacêpêng amtênar Walandi sadaya. Bôngsa Jawi ingkang mangrêtos basa Walandi sawêk sakêdhik sangêt. Dene panjualan candu, tuwin gadhean, taksih dipun cêpêng Tionghuwa, mila tiyang magang wêkdal samantên, lami pikantukipun pandamêlan. Ngantos kathah ingkang botên sabar. [sa...]

--- 63 ---

[...bar.] Tujunipun ingkang ngangkah kapriyantunan punika namung putra wayahing priyantun, golongan sanès sami botên purun ambudi, namung sami ngantêpi pakaryaning lêluhuripun. Malahan sanadyan golongan priyantun, ugi kathah ingkang botên ngudi kapriyantunan. Dados akosokwangsul kalihan jaman samangke punika. (Badhe kasambêtan).

Sêrat Satus Tri Wasita

(Sambêtipun M.S. No. 2 Th. VIII)

[Pocung]

1. dyan sumambung pinandarèng têmbang Pocung / bab kasapta dasa / lêwih sanga kang winarni / ana juga dhukun akarya waluya // Bab 79.

2. tanpa jamu muhung kinèn nyiptèng kalbu / aku ora lara / aku iki waras-wiris / parandene si lara nulya waluya //

3. marmanipun dèn samya ngandêl kalamun / kawasaning cipta / dayane ngedap-edapi / ala ayu tinêmu munggwing sarira //

4. nora luput bêbasan ingkang amuwus / kang wus katarima / apa kang cinipta dadi / bab ping astha dasa winarna ing kata // Bab 80.

5. akèh manus / ngrasa apês angganipun / pinindha wrêsita / têmah ciptanta nuhoni / miyur mêlur yayah wrêjit [wrê...]

--- 64 ---

[...jit] kang wardaya //

6. yogyanipun aywa nyipta kang tan arus / mandar sirnakêna / rasa kang uwas kuwatir / was-was iku dadi pêpalanging marga //

7. nora maju ujêr kaananing idhup / ing lair punika / kadadyan sarèhing batin / bab kaastha dasa juga kang gumantya // Bab 81.

8. kang tinutur jêmbangan umèsi ranu / cinêmplungan tawas / sawastu wêning kang warih / rêrênggining tirta ngumpul anèng dhasar //

9. pindhanipun ponang kawruh kang sinêbut / wiweka we raja / akarya wêninging ati / nirmalèng tyas napsu mring kadonyan sirna //

10. wardinipun wiweka milahkên iku / kang langgêng lan boya / we raja nguwalkên nênggih / atining wong saking bêbandaning donya //

11. dyan winuwus bab astha dasa dwi yèku / têruse ing ngarsa / wiweka watakira dwi / nyampurnakkên lan ngumpulkên dadya juga // Bab 82.

12. lire nuntun mring pangayunan Hyang Agung / kadwi analika / sipating Hyang Maha Suci / kanang gumlaring sajagad pramudita //

13. gantya wau bab astha dasa têtêlu / janma roga panas / ngêlak ngônta-ônta warih / rasèng nala lwir nlaskên we sasamodra // Bab 83.

14. dupi uwus waluya kadya rumuhun / nir pangônta-ônta / nginum warih mung sacangkir /

--- 65 ---

kewala wus marêm ngêlakira sirna //

15. pindhanipun wong kagêdhèn ing piangkuh / kumingsun rumasa / Allah wus ana jro ati / sajatine saking sru kabandèng donya //

16. balik yèn wus ilang rasane kumingsun / sira nulya ngrasa / mangrêti rasaning urip / saking Allah muhung satètès kewala //

17. pan wus cukup nyampurnakkên raganipun / nunggal Hyang Suksmana / urip langgêng tan wah gingsir / bab ping astha dasa catur kang winahya // Bab 84.

18. kang winangun kêkonang ing wanci surup / pangrasaning nala / sira ingkang anêrangi / ing bawana kaprabawan prabanira //

19. dupi dalu tumonton kartikèng luhur / gumunggunge sirna / mangkya lintang gumanti /Kurang satu suku kata: mangkya kang lintang gumanti. rumasa yèn sira manrangi bawana //

20. tan adangu Hyang Candra mêmahyèng timur / kartika rumasa / maksih ana kang ngungkuli / gantya wulan kang rumasa manrangi rat //

21. dalu puput surya mijil mungup-mungup / nir sunaring côndra / mangkana pêpindhanèki / wong kang sugih barana gumunggung ing tyas //

22. limut lamun kèh kang luwih sugihipun / kaya pa sugihnya / tinandhing sugih sabumi / muhung pindha bandhane wong papariman //

23. lamun emut pralampita kang wus kasbut / nir gumung ing tyas /Kurang satu suku kata: nir gumunggung ing tyas. ngandêlakên

--- 66 ---

sugih picis / baranarta kang tan langgêng sipat tiga //

24. wolung puluh lwih lima bab kang sumambung / napsuning sujanma / kanang wus amawa budi / pindha garis anèng salumahing tirta // Bab 85.

25. lire muhung sadhela kewala laju / sirna saking nala / gumantya bab wolung dèsi / langkung nênêm mangke winursitèng kata // Bab 86.

26. wus tartamtu taman bangkis sirandulu / rowangira lênggah / ingkang kinarukub nyamping / ya mangkana manusa lawan Hyang Suksma //

27. tan andulu si manusa mring Hyang Agung / lêwih parêkira / karana mripating janmi / winaranan hawa napsune priyôngga // Badhe kasambêtan.

Kasusastran

Cakra Panggilingan

Sinandi

[Dhandhanggula]

1. rarasing rèh lwir wipra sêmèdi / dèn ta dahat gêntur tapa brata / mastuti maladi bae / ngarah mrih bangkit antuk / berawane aksamèng Widhi / ilanga ruharèng rat / karsaning Hyang Agung / talutuhe binerata / dudu padon padanira manthêng èsthi / tatasa kang rancana //

2. rèhning wau sira sang suyati / sakamantyan antêping pamudya / dadya orêk kang arga grèng / anggêrêng gung gumuruh / jroning jagad tanpa mêmanis /

--- 67 ---

kasok ing aruhara / dhêdhêt ingkang pêdhut / dhèdhèt erawati ngakak / bumi molah tansah gênjot gonjang-ganjing / balêdhèg ngampar-ampar //

3. tatas tistis tyase para janmi / sakyèh kênya kumênyar ing arga / endhang-endhang gandhengane / pan samya ribêt ribut / pating krêbêt kabotan tapih / lumayu akêkitrang / kontrang-kantring bingung / dènirarsa mrih martana / kang sulistya ing warna anclum ingèksi / lwir wulan karainan //

4. rêke rakite kang swara atri / otêr gêtêr gatraning kanang rat / môngka cihna sasmitane / panyuwune sang wiku / wêwêngkone winikan wangsit / mudhara kridhaning tyas / gyanira manêngkung / nungku puja wus koningan / samantara têruh ingkang gêgirisi / goraning gara-gara //

5. wus sirnanting katongton gumanti / lêlangêning jagad angalela / langit nglangut pating jlarèh / ijo nom miwah biru / kapurônta rêkta myang langking / kalangkung sri kawuryan / mangsung sêming kalbu / derarsa antuk sasmita / panyuwune aksama sira sang rêsi / mangkana wahyèng swara //

6. rêngên ta hèh babo sira rêsi / rasakêna mobah mosiking rat / ywan samêngko kaanane / sanggyaning kang rêrêtu / ingkang karya gênging rudatin / lah durung wancinira / brastha têmah lêbu / lêbur bubar pating slêbar / kabur ambyar tibèng têbih mring wanadri / pan maksih angèl dahat //

7. jêjêjêre ing jaman samangkin / têtêp jênêng jaman kamoitan / tan kêni

--- 68 ---

dèn age-age / mrih kayoman rahayu / dening pancèn durung winanci / sanadyan dèn oyaka / iya tan kêpangguh / panggah panggêng mung ruhara / nanging ingkang padha madhêp ngidhêp maring / adiling Hyang Suksmana //

8. liring nalar luhurên kang wêning / tancêbêna ing cipta pranawa / umèngêta sakabèhe / kaanan jro jagad gung / iku mêsthi salin sumalin / anyakrapanggilingan / tan ajêg sumunu / sênêning cahya ngujwala / lalu surêm sabab ana kang nyurêmi / têgêse tan widada //

9. dadi tumrap wong kang sugih singgih / samubarang karêpe katêkan / iku ingkang akèh-akèh / ana kang tandya rêmpu / rêmuk rêmak syuh brastha tapis / sanggyaning kang bradarta /branarta. myang kawiryanipun / pêpês papa mêlas arsa / taman langgêng manggung mênggêp ngrênggêp mukti / mangkono kang winastan //

10. têtêp cakra panggilingan yêkti / kang artawan dadi kamlaratan / ingkang luhur têmah èndhèk / pralambange wus mathuk / galindhingan akosokbali / amubêng sêsêr saksat / jinôntra nèng ranu / rana-rene nora taha / sanityasa salin sumalin kang kèksi / iku kang wus kanyatan //

11. sabarêna benjang ywan wus prapti / warsa ingkang nênggih sinêngkalan / wiku sapta ngèsthi rajèng = (1877)§ Punika dede saking têmbung garba = raja ing, pancèn sampun têtêp têmbung Kawi: rajèng, têgêsipun: ratu. Zie Bausastra Jarwa Kawi, kaca 218. '/ ing kono babo lamun / nora cidra nora [no...]

--- 69 ---

[...ra] blenjani / tibane kanugrahan / kabêgyan linuhung / gawe gawok myang trusthaka / mring pra janma dera nityasa antuk sih / sihe Sang Widhi dhustha //

12. lah èsthinên darapon nêtêpi / jangkanira risang sambegana / nihanta wus têlas rêke / babare kang swara rum / winursita wau sang rêsi / dyan nrima sotaning tyas / tarlèn mung nyênyuwun / salining kang jaman karta / berat mirut laruta jaman prihatin / titi kang madu môngsa //

Katandhan Wiku Dibya Jamadagni.

Dongèng

Dongenganipun Sang Raja Askandar Zulkurnèn, lan Bagindha Ilir. Pêthikan Saking Buku Ngarab, Panjurungipun Ng. Ihsanudin.

Ingkang kasêbut ing dalêm kitab Tapsir Jamal, kalêrês Kuran ing surat Kahpi, nyariyosakên ing dêdongenganipun Sang Raja Askandar Zulkurnèn, lan Sang Bagindha Ilir, inggih punika kadosdene pêpatihipun Sang Raja Askandar, nanging dumunung taksih kalêbêt santana (nak sadhèrèk, saking urutan putra).

Sang Raja Askandar punika nata ing nagari Rum, lan ugi ambawahakên ing nagari Paris (?) sarta ingkang rama ugi jumênêng nata

--- 70 ---

ing ngriku; sugêngipun ing sadèrèngipun jaman Kangjêng Nabi Ngisa êlêt 300-san taun. Manawi dipun inggahakên, salasilahipun sagêd sambêt kalihan Sam, putra Kangjêng Nabi Nuh.

Sang Rraja Askandar punika dipun juluki Zulkurnèn, Jawinipun kagungan singat kalih, mila dipun juluki makatên, sawênèhing riwayat jalaran panjênênganipun ambawahakên kalih nagari, inggih punika nagari Rum lan Paris. Sawênèhing riwayat amêrdèni: jalaran panjênênganipun wau kagungan wadyabala ingkang kasat mripat, lan ingkang botên kasat mripat (badan alus), lan wontên ingkang mêrdèni: jalaran panjênênganipun kagungan singat kalih yêktos, nanging singaksingat. wau namung gatra kemawon, dados botên katingal ing akathah. Inggih sabab-sababipun sang raja kagungan singat kalih yêktos punika, dêdongenganipun, ing mangke badhe kula aturakên ing ngriki.

Dene Bagindha Ilir punika asmanipun yêktos: Sèh Balya, putranipun Ki Patih Malkan, inggih pêpatihipun sang raja nagari Rum ingkang rama Sang Raja Askandar). Mila dipun juluki Bagindha Ilir, amargi mêrtapanipun ing samadyaning sagantên, sariranipun ngantos katingal ijêm (ilir) margi saking lumutên (ilir = ijêm).

--- 71 ---

Kacariyos ing rikala Sang Nata Rum (ingkang rama Sang Raja Askandar) taksih pangantèn enggal, karsa ambangun kasutapan, prasasat botên dhahar lan sare, sarta botên karsa nyarèni ingkang garwa, dene ingkang dipun èsthi namung ginêbêng ing salêbêting galih, botên kawêdharakên ing sanès, sanadyan ingkang garwa piyambak, mêksa botên dipun wêdhari, mila wontênipun para santana dalêm, sarta para abdi dalêm sadaya, namung sami nawung prihatos, ing batos sami mangunandika, baya apa kang anjalari sêngkêling panggalihing sang nata iki. Langkung-langkung Kyana Patih Malkan, sabên dalu mêsthi tuguran andhèrèk wungon sang nata, nanging sarana lampah nylamur. Ngangkah sampun ngantos kawuningan dening sang nata.

Dene mênggah ingkang dipun èsthi dening sang nata punika nyuwun pinaringan putra kakung, ingkang kasinungan ing ngilmu kasampurnan (nabi utawi aoliya), tur pinanjangakên ing yuswanipun, ngantos sagêd mêningi ing jaman akir.

Kauningana, rikala ing jaman samantên punika, kawruh astrologi taksih kalampah sangêt, sintêna ingkang anjôngka ing kaanan ingkang badhe kalampahan, mêsthi kêdah awêwaton kawruh wau, tur mêsthi sagêd dipun tètès. Mila sarêng anggèning sang nata tapa brata wau sampun pikantuk sawatawis taun, lajêng pikantuk wisik saking hawatip (gaib)

--- 72 ---

suraosipun: bab panyuwunipun sang nata wau badhe sagêd kinabulakên, bilih anggènipun anètèsakên wiji, anyarêngi lintang anu, pinuju manjêr ing têngahing langit (bêdhug) dene môngsa ingkang kados makatên punika, botên mêsthi wujud asabên abad (100 taun) sapisan, mila kabudia sampun ngantos mrucut.

Sang prabu sasampunipun pikantuk wisik kados makatên wau, anggèning têtèki saya kasrêmpêng sangêt, sabên dalu andhahar ing patamanan, botên karsa sare ing kadhaton. Sang pramèswari namung andhèrèkakên, makatên ugi Kyana Patih Malkan, sabên dalu ugi tansah ngamping-ampingi (rumêksa) ing sacêlaking patamanan ngriku, nanging sarana tindak nyamar kados adat sabên. Badhe kasambêt.

Pratelan Isinipun Mardisiwi No. 3 th. VIII.

Ancasing Panggulawênthah - Sêsorahipun Nyi Soepardjo - Sanès dongèng - Pangalaman - Sêrat Satus tri wasita - Cakra panggilingan - Dongenganipun Sang Raja Askandar Zulkharnèn lan Bagendha Ilir.