Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 4 20 April 1941 Th. VIII.

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA, Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA, Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1.50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

Bab Panggulawênthah Gandhèngipun Kalayan Rêtuning Jagad

Manungsa iku duwe tôngga jiwa
Manungsa iku duwe tôngga wisma
Manungsa iku duwe tôngga desa
Manungsa iku duwe tôngga nagara

Sêsorah kula ingkang sampun-sampun bab panggulawênthah kados ingkang sampun kula bèbèr wontên ing S.R.V. tuwin P.P.R.K. namung angrêmbag lampahing panggulawênthah ingkang limrah dipun tindakakên ing sadintên-dintên, sanadyan ing sêsorah kula wau ugi sampun ngêwrat panjôngka sagêda manungsa punika anêtêpi jêjêring kamanungsanipun anuju dhatêng karahayoning bêbrayanipun manungsa. Nanging kula dèrèng nate ngrêmbag bab panggulawênthah ingkang gêgandhengan kalayan rêtuning jagad ingkang sami dipun alami dening manungsa ing wêkdal sakmangke. Awit sangking punika kula manah pêrlu wêkdal punika ngrêmbag prakawis panggulawênthah ingkang wêkdal sakmangke pêrlu sangêt dipun bèbèr ing pundi-pundia kemawon.

Kawontênanipun jagad saya ruwêt kacihna saking mrèmènipun paprangan ing Eropah dhatêng buwana sanès-sanèsipun. Manawi pamrèmènipun wau saya ndadra gèk badhe kadospundi [kadospun...]

--- 74 ---

[...di] kawontênanipun bêbrayaning manungsa. Nitik glagadipun pêprangan ing samangke punika badhe bêkta kurban ingkang anggêgirisi, awit mèh sadaya nagari sami siyaga dêdamêl anjangkêpakên srana panulaking bêbaya. Kados-kados ing wêkdal samangke punika sadaya nagari namung sami kuwatos manahipun bokbilih kêtrajang mulad-mulading latu pêprangan. Pikiranipun manungsa prêsasat namung mlêbêt mriku, ngantos botên wontên wêkdal ingkang kangge manah dhatêng kawilujênganipun bêbrayan.

Manut kawruh bab kridhaning jiwaning manungsa, babaring gêsangipun manungsa punika katingal saking cipta rasa karsanipun, punika mêndhêt gêmblêngipun kemawon. Kridhaning pikir ingkang ing samangke kanamakakên intellect punika manawi botên dipun awasakên nênuntun dhatêng watak gumêdhe utawi jubriya. Ingkang makatên wau tamtu kemawon lajêng nuwuhakên ing raos manawi badanipun piyambak ingkang inggil, dene tiyang sanès lajêng dipun rèmèhakên. Limrahipun tiyang ingkang makatên wau namung manah dhatêng kêmajênganipun piyambak, nanging botên gadhah cipta mulung dhatêng sasaminipun gêsang. Ingkang makatên wau sampun mêsthi anuwuhakên congkrahipun manungsa satunggal lan satunggalipun, mila sanajan manungsa punika nama wajib anggulang pikir, ewasamantên kêdah anjagi supados kêmajênganing pikir wau botên malèncèng sangking dhêdhasaranipun, awit sajatosipun pikir punika manawi sampun dumugi ing bontosipun, inggih punika dumugi ing budi, tamtu ngicalakên dhatêng raos jubriya. Manungsa lajêng èngêt dhatêng sasamining gêsang, tuwuh kajêngipun angayomi dhatêng sasami. Sambêt kalayan kawontênan punika wau pêrlu para guru tuwin para tiyang sêpuh anggènipun nuntun dhatêng para murid tuwin para putra ing bab kridhaning pikir sagêda ambontosakên dumugi ing budi.

Kridhaning raos pêrlu ugi dipun wulangakên. Manungsa punika sugih pêpenginan. Upami dipun cacahakên pêpenginan wau dhosinan. Awit sangking punika manungsa wajib anyumêrêpi punapa inggih pêpenginan wau tuwuh saking jiwanipun ingkang suci, punapa tuwuh sangking angkaraning driya. Amargi sajatosipun pêpenginaning badan wadhak tuwin pêpenginaning sajatining manungsa botên sami. Têgêsipun ingkang dipun kajêngakên dening sajatining manungsa punika dèrèng tamtu dados pêpenginanipun badan wadhak. Kosokwangsulipun pêpenginanipun badan wadhak punika dèrèng tamtu dados pêpenginanipun sajatining manungsa. Milanipun manawi manungsa gadhah pêpenginan punapa-punapa, punapa kêpengin nêdha, punapa kêpengin mangangge lan sapiturutipun punika

--- 75 ---

puruna mawas sawatawis sampun enggal-enggal dipun turuti, pêrlunipun sagêd sumêrêp yêktos tuking pêpenginan wau. Punapa sangking manungsa sajati punapa sangking badan wadhak. Sintên ingkang sampun nate ngalami bab punika, tamtu sampun sumêrêp kadospundi tanduking pêpenginan wau. Manawi botên enggal-enggal dipun pituruti, nanging kosokwangsulipun dipun wawas sawatawis, pêpenginan wau kêndhak piyambak. Têgêsipun tanduking pêpenginan wau lajêng sarwa sarèh. Manungsa botên kawêngku dening pêpenginanipun, nanging manungsa ingkang mêngku pêpenginanipun. Sampun mêsthi kemawon tanduk ingkang makatên wau nuwuhakên kawilujêngan, botên tumrap dhatêng badanipun piyambak, ugi tumrap dhatêng sasamining gêsang.

Kridhaning raos punika gumantung dhatêng kawontênaning pikir lan raos. Pikir manawi sampun ngancik tataran budi wontênipun namung sêdya angayomi. Kridhaning raos manawi sampun kawêngku dening sajatining manungsa, dados têgêsipun botên angladosi dhatêng karsaning badan wadhak, kawontênanipun lajêng asipat trêsna, gadhah sêdya damêl wilujêngipun sasami.

Sagêd ugi wontên tiyang ingkang pitakèn, la manawi makatên tiyang gêsang wontên ngalam donya punika punapa lajêng botên manah dhatêng kawadhaganipun. Pitakèn ingkang makatên wau tumrapipun tiyang ingkang botên gêgulang dhatêng kaalusaning cipta lan rasa, sampun lênggah. Ananging rèhning panggulawênthah punika sêdyanipun dhatêng kaluhuraning kamanungsan, amila wangsulan kula sampun mêsthi kemawon badan punika dipun upakara ingkang saèstu, ingkang ngantos sagêd rêsik kawontênanipun, nanging manungsa botên kenging kasupèn bilih badan wadhak punika namung minangka pirantosipun manungsa sêjati, dados saksampunipun manungsa manggulawênthah dhatêng badanipun sagêd saras tuwin rêsik, badan wau namung minangka dadosa sarananipun anggènipun manungsa badhe tumindak angayomi ing sasami tuwin trêsna ing sêsami. Mila badan wadhak punika kenging kaupamèkakên kapalipun, manungsa sêjati ingkang numpaki. Têrang wajib manungsa punika anggulawênthah badanipun, amargi manawi kawontênanipun kirang sampurna botên sagêd angladosi kridhaning manungsa sajati. Manawi botên klèntu, ing agami Islam ugi wontên sanepa bilih K. Nabi punika numpak burak. Pralambang punika sampun cocog, kadosdene ingkang kula aturakên punika wau.

Saksampunipun kula mratelakakên sipat-sipating cipta, karsa, sakmangke pêrlu kula manah dhatêng kawontênanipun manungsa ing wêkdal sakmangke, ingkang sami wontên salêbêtipun [salêbêt...]

--- 76 ---

[...ipun] pêpêtêng, ngantos tumbukan satunggal lan satunggalipun kacihna wontên ing paprangan ing jaman sakmangke. Panggulawênthah ingkang tumindak wontên ing Eropa, ingkang kadayan dening pêmanggih libêralismê, inggih punika manawi satunggal-tunggalipun tiyang gadhah kamardikan mêkarakên daya-dayanipun, tundonipun cara panggulawênthah ingkang makatên wau manungsa lajêng botên èngêt dhatêng sasaminipun gêsang, ingkang dipun wigatosakên namung kabêtahanipun piyambak. Libêralismê ingkang makatên wau dhawahipun wontên jagad ekonomi inggih sami kemawon, têgêsipun satunggal-tunggalipun tiyang ingkang olah kaekonomian namung tansah manah dhatêng agênging batinipun piyambak, babarpisan botên purun angèngêti dhatêng sêsaminipun gêsang ingkang botên sagêd yasa barang-barang kangge anyêkapi kabêtahanipun padintênan. Gandhèng kalayan landhêping pikiranipun manungsa lajêng kawontênakên bêbadan-bêbadan ingkang kawastanan maskape-maskape utawi trust-trust ingkang sêdyanipun badhe nyêpêng panguwaos ing jagad ekonomi supados angsala bathi ingkang kathah piyambak. Pêmanggih libêralismê ingkang kula bèbèr wau ugi anuwuhakên praja-praja ingkang adhêdhasar kabangsan, kawastanan nationale staten, ingkang ugi lajêng namung manah dhatêng kawilujênganipun krajanipun piyambak, unggulipun prajanipun piyambak, botên angèngêti dhatêng praja-praja ingkang dados tôngga têpalihipun. (Badhe kalajêngakên)

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No. 3 Th. VIII.).

Sasampunipun sami pamitan, Dèn Karyadarsana jalêr èstri wontên ing margi taksih anglajêngakên anggènipun sami rêrêmbagan bab opvoeding.

Dèn Karya èstri. Lo, piye mas, kabèh katrangane para wong sing wis tak anggêp mumpuni marang babagan opvoeding kabèh cêtha, maton lan bênêr. Para

--- 77 ---

ahli olèhe awèh katrangan nganggo dhêdhasar sing nyata bangêt. Hara coba, sampeyan kèmutan apa ora, ngandikane para ahli kae.

Dèn Karya jalêr. Kèlingan bae.

Kangmas Bôndha, nêrangake: sing dadi dhêdhasare: opvoeding iku, kudu mêlêng marang economie disaranani kawruh rupa-rupa. Dene wêwatone iya nyata lan mêlok bangêt: urip tanpa economie mêsthi amblêdug. Uripe sangsara, kalênggahane ora ana ing voor grond (ngarêp) iku upama gambar.

Dèn Karya èstri. Ngono kuwi, iya tênan. Mêsthine iya diakoni wong saêmbrah.

Dèn Karya jalêr. Bênêr, aku dhewe iya ngarani ngono. Dene mungguh kangmas Sêtyabôngsa, sing dadi gêgêbêngane:

Sabên uwong, lanang utawa wedok padha dadi cuwilane bôngsa, dadi ora cukup yèn mung mikir butuhe dhewe, kudu nganggo ngèlingi bôngsa,

--- 78 ---

sabab kajèn utawa ora kajène bôngsa, iku katitik ana pasarawungane para bôngsa. Bôngsa sing ora kajèn iku kojur, padha babae. karo srawungane uwong padha uwong, êndi sing ora kajèn iya banjur kêlara-lara, rumasa nistha. Môngka satêmêne olèhe disapèlèkake mau mung saka panggawene dhewe. Wong iku bisane kajèn kèringan, rak iya kudu duwe lêlabuhan sing ebat, nganti kiwa têngêne misungsung pangaji-aji. Dadi bêbundhêlane: kudu duwe watak lan pakarti sing bisa anjunjung dhirine nganti tumêka sabôngsa pisan, iki voor grond sing dadi gêgayuhan, dene sababe iya cêtha lan mêlok, yaiku: tiba unyik iku sangsara bangê.bangêt.

Dèn Karya èstri. Iya ngono tênan kok. Môngka isih kêna binudi bisane munggah, maju. Sranane nganggo kawruh rupa-rupa, ngajokake sakolahan, ngajokake kagunan lan kabudayan, apadene karukunan, parlune anggampangake sawarnane ada-ada utawa pagawean kang kudu dilakoni bêbarêngan (samenwerken).

--- 79 ---

Dèn Karya jalêr. Tekat mangkono mau iya bênêr, nanging cacahe wong kang duwe karêp mangkono kuwi durung pati akèh, sabab durung ngrêti paedahe, malah ngira: rêrukunan, gotong-royong, kumpul-kumpulan, iku kabèh, isih kalah enak, kalah sênêng katimbang karo ijèn, bisa sak sir-sire.

Èstri. Hla, kuwi bênêr sing êndi? Awake banjur arêp nganggo sing êndi?

Jalêr. Mulane kuwi, lagi padha dipikir, digolèki. La, olèhe naruthuk rana-rana iki, rak iya arêp wêruh êndi sing prayoga linakonan ta. Mêsthine panglimbange kudu dawa, lan iya kudu ngrungokake para ahli liyane manèh. Kaya ta: ahli wetenschap, ahli kabatinan, lan liya-liyane, iki kabèh padha duwe gêgêbêngan kang tansah pinasthi, dipundhi-pundhi sarta dièsthi rina wêngi, kayadene ideaal ngono.

Èstri. Iya mas, nanging nèk wetenschap aja digolongake ideaal ngono, amarga mung dadi srana (middel) bisa angrikatake kêcandhake [k...]

--- 80 ---

[...êcandhake] ideaal. Dadi wetenschap ora kêna diarani ideaal, nanging middel sing prêmati. Tandhane, wong-wong sing padha duwe wetenschap (intellect) tekade iya isih dhewe-dhewe, ana sing ngene, ana sing ngono. Dadi saupama wetenschap iku ideaal rak wis rampung. Ora duwe tekat liyane.

Jalêr. O, iya, dadi nèk ngono, kabèh golongan kudu duwe wetenschap dene sing durung duwe, lakune kamajuan iya rêndhêt. Iya, bênêr kowe, dadi saiki, kudu golèk wawasan manèh marang wong sing ahli kabatinan. (Badhe kasambêt).

WATAK ISINAN

Ing sêrat (de Verlegenheid) anggitanipun Tuan J. Schouten nyêbutakên bilih watak isinan punika sampun limrah, sabên manungsa anggadhahi watak punika. Malah tiyang ingkang botên gadhah watak isinan, kawastanan abnormaal, botên limrah. Sanajan lare taksih alit pisan, inggih sampun gadhah raos isin, jêr isin punika makartinipun raos ingkang tanpa dipun wuruki ing sanès sarta tanpa dipun gladhi rumiyin, lugu bêktan saking wiwit lair, inggih punika ingkang têmbungipun manca kawastanan instinct.

Lare alit ingkang nêmbe sagêd ngyêktosi bapa lan biyungipun, agêngipun dumugi dhatêng tiyang ingkang tunggil sagriya, punika asring kalèntu nêdha êmban utawi badhe tumut dhatêng tiyang sanès, upaminipun tamu. Nanging manawi sumêrap ing klèntunipun, lajêng nangis. Punika jalaran saking isin, dene klèntu. Ugi kathah lare alit ingkang (ajrih) dhatêng tamu. Ajrih punika klèntu, lêrêsipun (isin). Sadaya punika ambuktèkakên manawi isin punika watak bêktan saking wiwit lair.

--- 81 ---

Lare punika saya agêng saya suda watêkipun isinan. Dados indhaking umur adamêl tipising raos isinan. Sudaning isinan wau saya kathah, manawi sampun umur 6 taun. Nanging manawi ngancik ing wanci achir balich (puberteitsjaar) pun isinan wangsul malih. Malah sagêd ugi saya sangêt. Dene kandêl tipising watak punika gumantung saking dhidhikan, pasrawungan, padatan lan papan ingkang asring sinaba lare punika.

Dados têtela sangêt bilih watak isinan punika ugi satunggaling bab ingkang kêdah kita èngêti salêbêtipun kita mrihatosakên panggulawênthahing anak-anak kita. Punapa inggih urup kalihan pêrlunipun, upami bab watak isinan punika dipun dadosakên kawigatosaning pandhidhikan? Para maos, watak ingkang samantên umumipun, botên sagêd badhe tanpa daya dhatêng gêsanging tiyang ingkang andarbèni. Malah mandar punika salah satunggaling bab ingkang gawat tumrap dhatêng pandhidhiking wêwatakan (Zij is iets van het hoogste gewicht voor de vorming van het karakter). Sabab punapa? Sêbab raos isin punika raos ingkang botên sakeca sangêt. Manawi lare wiwit alit wongsal-wangsul tansah kisinan, punika sagêd ugi ambêbayani tumrap dhatêng gêsangipun ing têmbe wingking, ing samangsa sampun dados tiyang sêpuh. Sagêd ugi dados tiyang clingus, tiyang ingkang botên gadhah zelfvertrouwen (botên gadhah piandêl dhatêng kakiyatanipun piyambak), botên wontên sêsrawungan lan sapiturutipun, punika satunggaling kapitunan ingkang agêng sangêt ingatasipun tiyang bêbrayan gêsang ing paramean.

Punapa watak isinan punika awon? Punika kula sumanggakakên dhatêng para maos. Punapa punika wontên gunanipun? Sadaya paringipun ingkang Kuwaos kêdah wontên gunanipun. Jênèh mangke botên wontên têtêmbungan: O, bocah ora wêruh ing isin. Lah punika satunggaling bukti, manawi manungsa punika pêrlu gadhah raos isin. Nanging botên sae gadhah watak isinan. Pundi watêsipun watak isin lan isinan? Ing ngriku punika gawating pandhidhik. Saking pamanggih kula panjaiting garis watês kêdah wêwaton kasusilan kita, liripun sadaya pakartining raos isin ingkang jalaran saking solah-tingkah tindak-tanduk ingkang sajatosipun botên dados alanganing kasusilan, punika prayogi dipun sirnakakên sarana panggladhi, pitutur, pitêdah lan tuladha warni-warni.

Botên wontên awonipun, bilih ing ngriki kula pratelakakên, manawi isin punika ragi gèsèh kalihan wirang. Gampilanipun isin punika kathah condhongipun dhatêng ajrih; wirang punika rumaos asor nglampahana, utawi rumaos dipun asorakên; asoring bêbudèn utawi tindak-tanduk. Nanging tumraping pandhidhikan barang kêkalih wau sami kemawon gawatipun.

--- 82 ---

Ngiras kagêm ular-ular kêparênga kula ngaturakên salah satunggaling kadadosan. Wontên murid èstri pangkat 6 H.I.S. ingkang padatanipun manawi ngaturakên punapa-punapa dhatêng gurunipun botên tampèn-tinampèn, namung dipun glethakakên kemawon. Gurunipun ragi bingung anggènipun badhe anjampèni sêsakit punika, jalaran mawi pitutur limrah, mantunipun têka namung kangge sawatawis wêkdal. Lêt sawatawis dintên inggih wangsul makatên malih. Bokmanawi kemawon inggih lêpatipun pun guru piyambak, dene anggènipun mituturi namung: "Êmoh, nèk anggonmu mènèhake mung kok glethakake bae." Dados rumaosipun lare punika pun guru namung ngadi-adi kemawon, nêdha dipun ladosi akanthi sae, tanpa waton. Jampi inggih kathah, nanging judhêgipun pun guru punika anggènipun milih jampi ingkang sampun ngantos ngatawisi manawi punika jampi. Sabab lare pangkat 6 umur 12a 13 taun, dèrèng sagêd mangêrtos dhatêng pitutur ingkang ragi wigatos. Malah sagêd ugi dipun tampi srêngên alus; lare anggènipun mantuni, sabab saking ajrih, botên jalaran saking mangêrtos. Pramila inggih anjudhêgakên sayêktos. Sarêng satunggaling dintên lare wau kapinujon kêdah ngaturakên kapur dhatêng gurunipun, ndilalah supe malih dhatêng parentahing guru, kapur dipun glethakakên ing meja sangajênging pa' guru. Tanpa dipun manah malih pun guu mungêl kalihan sajak gujêngan: "Lo, kuwi rak lageane pêngantèn anyar sing isih isin nyang sing lanang". Gêr, lare saklas gumujêng sadaya. "Kowe isin karo gurumu, pêngrasamu wae kêpriye!" Têtêmbungan punika kenging kawastanan nyêbal saking ngèlmu pêndhidhikan (opaedagogisch). Nanging buktinipun lare wau lajêng mantun anggènipun gadhah lagean kasêbut ing nginggil. Malah trajangipun ingkang suwau tansah kamomoran sêmu isin èwêd-pakèwêd lajêng malik grembyang, dados sarwa tatag botên rikah-rikuh. Sinaosa dipun kèn majêng kapurih nêmbang piyambak inggih purun, sarta swaranipun sagêd mêdal limrah. Lo para maos, punapa pambirating isin ingkang tanpa dunung makatên punika (valse schaamte) kêdah asarana barang ingkang murugakên isin? Kadosdene tiyang nyêpêng pandung ugi kêdah kalihan pandung? Wusana sumangga.

K.W. Solo

--- 83 ---

Pangalaman Ing Jaman 50 Taun Ingkang Kapêngkêr

(Sambêtipun M.S. No. 3 Th. VIII)

Ewahing tatanan lan kawontênan

Sarêng kala taun 1896 ngantos satêrusipun, punika kawontênanipun ing tanah kita ngriki, kathah ewahipun, ewahipun wau katingal ngêgèt sangêt, mênggah wujudipun kados ta: kabudidayan tanêman rosan, sata, t.s.s, mindhak wiyar sangêt têbanipun. Punggawa pabrik ugi mindhak kathah, têtanèning pribumi saya mundur amargi têtiyang tani lajêng sami rêmên bêrah dhatêng kabudidayan, kayungyun ing gêbyaring arta. Budayanipun piyambak, nênun, lan ngantih lajêng mundur, pangangge suwèk santun sêmbagi, lan sinjang bathikan (cap) sarana tumbas. Rasukan saha sruwal botên kaur anjarumi piyambak, wangsul ambêrahakên dhatêng tukang mêsin, utawi tumbas sampun dados, rèhning tampi arta sabên dintên, mila lajêng rêmên anjajan ratêngan. Sêsrawunganipun jalu lan wanita ing salêbêtipun nyambut damêl ing pabrikan saya supêkêt. Mila agami lajêng mundur, pondhok-pondhok pêsantrèn kathah ingkang pêjah, kamurkan ing kadonyan saya mindhak agêng. Kabêtahanipun ngagêsang inggih lajêng mindhak kathah wragadipun.

Wiwit ing taun 1900 nagari angindhaki cacahing priyantun, [pri...]

--- 84 ---

[...yantun,] kados ta: juru sêrat ondêr, punggawa panjualan candu, punggawa gadhean, irigari, t.s.s. Ngantos kêkirangan tiyang ingkang kacalonakên dados priyantun wau. Inggih wiwit titimôngsa punika para golongan sanès trahing priyantun, sami rêmên ing kapriyantunan. Wiwit ing taun 1910 lare-lare kita saumumipun, jalêr èstri, wiwit majêng dhatêng kaondêrwisan, kasêmbuh nagari, sarta kabudidayan ingkang agêng-agêng ambêtahakên punggawa ingkang mangrêtos ing basa Walandi, mila nagari ngiyasani pamulangan H.I.S. Milo, sapiturutipun. Ing rikala lare-lare ingkang mangrêtos ing basa Walandi dèrèng kathah (taun 16 dumugi 22-ran) lare ingkang mangrêtos basa Walandi katingal aji sangêt, jalaran kathah ingkang ambêtahakên, taksih dèrèng kathah padinipun. Ing wêktu punika wau lare wêdalan H.I.S. utawi K.E. wiwit malêbêt nyambut damêl, blêng, manawi ing kabudidayan, sagêd balônja sèkêtan minggah, lare wêdalan Milo sagêd satusan minggah. Awit saking ingkang makatên wau, umbyaking para warga ingkang ambudi nyinaokakên putranipun ing pamulangan H.I.S. sapanunggilanipun, sami rêbat dhucung, jor-joran, saya lami tuwuhing pamulangan [pamulanga...]

--- 85 ---

[...n] Walandi saya mindhak kathah, lare-lare kita jalêr èstri, kamajênganipun dhumatêng kawruh kilenan, botên susah mawi kaatag. Wiwit jaman samantên wau ngantos sapriki punika wragading nyinaokakên anak angrêgiyêg yêktos. Badhe kasambêt.

PRASAPA

Prasapa punika sami kalihan awisan (larangan); sapa-sapa ora kêna anu-anu. Nanging larangan wau namung katumrapakên anak putunipun piyambak, botên kangge umum. Dene sabab-sababipun lajêng damêl prasapa, punika wau-waunipun ngalami lêlampahan ingkang botên sae, manggih pakèwêt utawi nandhang cilaka. Wusana kangge pangrêksa murih wilujêng, anak putunipun lajêng dipun emutakên: "Sapa-sapa anak turunku, aja padha ngene-ngene."

Upaminipun: Pêrsapanipun Kyai Agêng Sêsela.

1. Botên kenging nyamping cindhe. Dene sababipun: nalika wontên tiyang ngamuk, kalêrês sawêg ngamuk ngagêm nyamping cindhe, sarêng tandang ngantos lukar.

2. Botên kenging nanêm waluh wontên sangajênging dalêm (plataran), amargi nalika badhe nyêpêng tiyang ngamuk, kêsrimpêt ing waluh ingkang wontên ing plataran.

Lajêng pêrsapanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati.

1. Botên kenging nitih kuda napas. Jalaran nalika pêrang kalihan Arya Panangsang ing Jipang, nitih kuda napas, kaplajêng, kenging waos pathakipun.

2. Botên kenging dhahar ngungkurakên kori. Jalaran nalika kacidra Kyai Agêng Bocor, panuju dhahar mêngkêrakên kori.

Kados cêkap samantên kemawon kangge tuladan, wujuding prasapa ingkang badhe kamanah sambêtipun kalihan opvoeding. Awit prasapa-prasapa punika kathah sangêt, mèh sabên pangagêng sami kagungan prasapa. Para ratu, para kyai agêng, adipati, [a...]

--- 86 ---

[...dipati,] l.s.s. turun Madiun, Madura, Dêmak, Purwarêja, Banyumas, Mataram sarta s.s. taksih kathah. Sadaya prasapa wau, rak gadhah pikajêng ngeman dhatêng para turunipun supados sami manggih wilujêng. Sarèhning panggulawênthah (opvoeding) punika inggih gadhah ancas dhatêng kawilujêngan. Samangke lajêng kadospundi gandhèngipun kalihan panggulawênthah? Têgêsipun: punapa prasapa-prasapa wau prayogi kawulangakên dhatêng anak-anak kita? Mawi dipun awisi anu-anu, sabab jaman rumiyin êmbah buyut, êmbah canggah warèng, nuju anu-anu, lajêng manggih pakèwêt. Amargi, sanajan jêjêripun pados wilujêng, yèn caranipun botên pinanggih ing nalar, lajêng kados gugon tuhon.

Mangka gugon tuhon punika sami kaanggêp botên lêrês dening para ulah pikir.

Ingkang kula manah punika, lajêng kadospundi tanduk kula utawi cak-cakaning opvoeding ingkang dhatêng anak-anak kita, tumrap kawontênanipun prasapa-prasapa kados ing nginggil wau.

Manawi para bapa lan para ibu, botên cêtha yêktos dhatêng kawontênan gugon tuhon ingkang sami dipun lampahi, sampun mêsthi anggènipun anggulawênthah anak-anakipun, inggih botên tidha-tidha. Wusana lare-lare badhe angsal tuntunan ingkang botên cêtha.

Wusana sumangga, sami dipun galih kadospundi prayoginipun.

Sêrat Satus Tri Wasita

(Sambêtipun M.S. No. 3 Th. VIII)

[Pocung]

1. gya sinambung bab astha dasa pêpitu / ngupadi kuncara / suwuring dhiri pribadi / dadi tôndha maksih binônda ing maya // Bab 87.

2. sira limut kodrat iradat Hyang Agung / mranata samoa / budiman kang tansah eling / muhung Allah kewala maha kawasa //

3. kosokwangsul sapa sira ngaku-aku [ngaku-a...]

--- 87 ---

[...ku] '/ darbe pangasawa / kasasar wuta ing budi / bab kawolungdasastha rinèh sarkara // Bab 88.

[Dhandhanggula]

1. têmbung aku mangke kang winarni / apa tangan sikil daging darah / otot bayu dudu kabèh / yèn talatèn lan atul / pamarsudi têmah mangrêti / lamun aku punika / pan nora dumunung / anèng saranduning angga / tan prabeda kadi pakartining koki / duk ngoncèki barambang //

2. kulitira barambang ing jawi / dhihin ingoncekan pinrih ilang / gantya kulit ing jro jrone / yèn wus rêsik sadarum / lêlapisan ingkang nglimputi / yakti katon têtela / kalamun sang aku / tan ana pêpindhanira / nora kêna kinira-kira tinandhing / lawan titah samoa //

3. pan mangkana wohing pamarsudi / pangupadi mring aku dunungnya / têmah wrin Allah sipate / kalamun rasa aku / uwus sirna saking sirèki / wruh Allah sipatira / ing pribadinipun / bab kawolung dasa sanga / winursita wênanging wrêdha mring siwi / tan pae êmban inya // Bab 89.

4. êmban inya angêmong ngopèni / gulawênthah ngeman trêsnèng driya / kaya mring wêkane dhewe / nanging sira sumurup / nora wênang amisesani / murba momonganira [momong...]

--- 88 ---

[...anira] '/ yèku pindhanipun / wajib wênanging wong tuwa / muhung dadya juru rawat miwah wali / Allah kang wênang murba //

5. bab kasangang dasa kang winarni / tatu ingkang wus waras waluya / kulit kang rêgêd ngalènthèk / pribadi samya runtuh / balik lamun dera ngulapi / pinardi winasesa / ing nalikanipun / mêmala durung waluya / yakti krasa lara ludiranya mijil / kadhang salah kadadyan // Bab 90.

6. ya mangkana rèhing pamarsudi / kang wus bangkit gayuh kasampurnan / yakti sira darajate / kang asor-asor lêbur / samya sirna saking ing dhiri / marma sisip kaliwat / pangajabing manus / kang maksih kabandèng donya / paksa ngarsa-arsa darajat kang inggil / ing kamanusanira //

7. sumambung bab sangang dasa siki / kang ingaran ngèlmu kasunyatan / iku nênuntun maring rèh / karukunan sawastu / ngêdohakên sulayèng budi / gantya bab sangang dasa / lêwih dwi winuwus / tirta ingkang winadhahan / mangkok kisma luhuring balabag nênggih / lama-lama yêktya sat // Bab 91. Bab 92.

8. pae lawan iku mangkok siti / tinumpangkên kinum anèng tirta / datan kalong salamine / lir pralampitanipun / wong kang brôngta maring Hyang Widhi / nadyan wus mèsi ing tyas / trêsna Hyang Maha Gung / yèn ngendahkên [ngendahkê...]

--- 89 ---

[...n] lèn-lènira / malah-malah ngantya lami mring Hyang Widi / brangtane saya suda //

9. lama-lama ilang tanpa lari / trêsnanira marang ing Pangeran / ananging ta sawalike / yèn driyanira manggung / kinum tasik rahmating Widi / tan suda brangtanira / ing bêbasanipun / sinêranga banjir bandhang / gumantya bab sangang dasa tri winarni / raryalit mring renanya // Bab 93.

10. trêsnanira rare maring wibi / suka rêna tumuntur mring rena / lêwih saking mring janma lèn / rèh rumasa ing kalbu / biyung tansah amituruti / lêwih pangujanira / iku pindhanipun / janma kang trêsna mring Allah / suka rêna mantêp sadalêming batin / lir rare mring renanya // Taksih wontên sambêtipun.

--- 89 ---

Dongèng

Dongèngipun Sang Raja Askandar Zulkarnèn, lan Bagendha Ilir

(Sambêtipun M.S. No. 3 Th. VIII)

Ing satunggaling dalu, sampun dumugi wahyaning môngsa, inggih punika ing wanci bêdhuging lintang: anu wau. Nanging dilalah karsa Allah, panjênênganipun karaos ambaliyut sangêt, botên sagêd anahanakên wungu ngêntosi bêdhuging lintang ingkang taksih dipun incêr. Wasana kawêdhar pangandikanipun dhumatêng ingkang

--- 90 ---

rayi, bilih panjênênganipun badhe sare, sarta mêling kalihan wantos-wantos sangêt, mangke bilih lintang anu, punika sampun ngajêngakên bêdhug, supados inggala dipun wungu, jalaran wontên kaparluan ingkang wigatos sangêt. Ingkang rayi nyuwun priksa mênggah kawigatosanipun punapa? Sakawit sang nata botên karsa paring priksa, jêr pancèn satunggaling prakawis ingkang winados, botên kenging winêdharakên dhumatêng sintêna kemawon. Nanging ingkang rayi tansah anggujêg, ngantos kawêdhar unjukipun: manawi botên kaparingan priksa kawigatosanipun, ing mangke botên badhe kawungu. Wusananipun sang nata kapêksa paring priksa ing kawigatosan wau. Inggih punika badhe karsa nyarèni ingkang rayi, parlunipun badhe sagêd ginadhuhan putra, dados nabi, tur panjang yuswanipun ngantos mêningi ing jaman akir.

Sakala punika ingkang rayi inggih marêm ing panggalihipun, sarta ugi nyandikani dhawuhipun ingkang raka. Pangandikanipun sang prabu kalihan ingkang rayi kados makatên wau, kapirêng dening Kyai Patih Malkan, mila sakala punika kyai patih lajêng mundur saking patuguran, rawuh ing dalêm, lajêng nindakakên angêplêki wisik ingkang kapangandikakakên dening sang nata wau, lajêng wangsul seba (tugur) malih, nanging sangêt gumunipun, dene sang nata taksih katingal sare. Sarêng sampun sawatawis [sawatawi...]

--- 91 ---

[...s] dangu saking wanci bêdhuging lintang wau, sang nata wungu saking sare, klangkung kagèt sangêt, dene lintang sampun lingsir ngilèn, sang putri têka botên karsa mungu, dados nama sampun kasèp ing parlu.

Sarêng sang putri dinangu dening ingkang raka, sabab dene punapa têka botên kawungu ing sadèrènging lintang punika wanci bêdhug? Unjukipun, margi wêktu punika kok kagungan raos lingsêm upami mungua ingkang raka, jêr parlunipun kawungu namung badhe nyarèni ing sariranipun, kang môngka sadangunipun dados garwa dèrèng nate nunggil sare. Sakala sang nata inggih badhe paring dêduka dhumatêng ingkang rayi, dene tapabrata pintên-pintên taun tanpa damêl, ing lair sabab saking pakartining ingkang rayi, nanging sarêng ginalih panjang, lajêng sirêp panggalihipun, jêr satêmênipun sadaya wau atas saking karsaning ingkang Maha Kawasa, pancèn dèrèng wahyaning môngsa pinarêngakên ing panuwunipun. Dene ingkang manggih bêgja agêng punika Kyana Patih Malkan, kalampahan kagungan putra tètès kadosdene panyuwunipun sang nata, inggih punika Bagindha Ilir (Balya) kêkasihing Pangeran ingkang Maha Agung, tur pinanjangakên ing yuswanipun, kacariyosakên, ngantos sapriki Sang Bagindha Ilir punika taksih sugêng, rumêksa ing samadyaning samodra.

Kocapa, Sang Prabu Rum, sarêng pangèsthinipun sampun gênah badhar (botên sagêd sinêmbadan) lajêng santun ancas

--- 92 ---

(panyuwunan), inggih punika pinaringana kagungan putra jumênêng ratu binathara, ngêrèhakên para ratu sèwu nagari, tur kadunungan ing sucining budi, sumungkêm ing Pangeran, pangèsthi kados makatên wau badhe kinabulakên. Sang putri anggarbini, sarta pikantuk wisik malih, sagêdipun putra ingkang taksih salêbêting guwa garba punika miyos wilujêng, sarta salajêngipun sagêd tètès kados panyuwunipun sang nata, bilih lairing sang jabang bayi punika sagêd anyarêngi ing palêthèking lintang a (upaminipun), mila kêdah kasuwun sarta dipun sêtiyari sagêdipun sang jabang bayi miyos anyarêngi palêthèking lintang a wau.

Kacariyos: taksih kirang sadalu saking palêthèking lintang a punika wau, sang putri anggêrahi badhe ambabarakên putra, sarta têrus uwat agêng. Sang nata ngawuningani bilih ingkang rayi badhe ambabar ing dintên punika, kirang rêna panggalihipun, ing raos kagungan pangajêng-ajêng sagêda sarantos ing dintên benjing enjing, anyarêngi ing palêthèking lintang ingkang sampun kawisikakên. Nanging pun jabang bayi katingal adrêng badhe miyos, ingkang rama botên marêngakên, wasana lajêng dipun sêtiyari murih botên kalajêng miyos, sarana dipun tahan mawi racikan (dariji) kalih, wiwit dalu ngantos enjingipun sawêg dipun oncati. Sang jabang lajêng miyos kanthi wilujêng

--- 93 ---

sarta ngêplêki kadosdene wêca ingkang dhinawuhakên ing dalêm wisik, nanging sang jabang kenging winastan radi kagungan cacad, inggih punika tabêting pucuking racikanipun ingkang rama, rikala mêtêg sampun ngantos kalajêng miyos, dene wujuding tabêt punika katingal cêmêng jèjèr kalih ing sanginggil bunbunan, saèmpêr kadosdene gatraning sipat kalih, mila sang jabang pinaringan asma: Askandar, lan pinaraban: Dulkurnèn (kagungan singat kalih). (Badhe kasambêt)

Juru Numpês Tikus ing Kitha Hamêlên

Nuju ing môngsa bêntèr ing nêgari pundi-pundi ing tanah Europa sami sênêng-sênêng angurmati dhatêngipun môngsa bêntèr. Awit bêntèring surya nuwuhakên gêsanging tanêm-tanêman, sami mêdal pigunanipun tumrap manungsa. Botên ngêmungakên sipating manungsa kemawon ingkang sami bingah-bingah, sanadyan sato kewan ugi sami kêtingal sênêng. Ing wanci bangun pêksi-pêksi sami ngocèh utawi mêlung minôngka mahargya badhe plêthèking surya.

Mêkatên kawontênaning pundi-pundi ing tanah Europa. Namung ing kitha Hamêlên tiyang-tiyangipun sami botên sagêd tumut mahargya dhatênging môngsa bêntèr, awit ing wêkdal samantên ing kitha ngriku sawêg katrajang ing ama tikus. Cacahipun tikus maèwu-èwu ngêbyuk ing kitha Hamêlên, ngantos andadosakên kasusahanipun tiyang sakitha. Tandhon uwos, pantun, sarta gandum sami mèh têlas katêdha ing tikus. Tandhon ulam sarta daging sami gusis ugi katêdha ing tikus. Ing wanci siyang wancinipun tiyang nêdha, tikus-tikus wau sami minggah ing meja nêdha, nêlasakên têtêdhan ingkang sampun cumawis, tiyang-tiyang sami andhatêngakên kucing kapurih nêdha tikus-tikus wau, ananging pun tikus sami botên ajrih, amargi saking mênang kathah. Malah kosokwangsul, kucingipun sami dipun têdha dening pun tikus ngantos têlas.

Parentah ing kitha Hamêlên lajêng ngêtok kêkiyatan ambudidaya murih sirnanipun ama tikus wau, ananging sadaya sêtiyar

--- 94 ---

tanpa damêl. Lajêng dipun wara-warakakên ing akathah, sintên-sintêna ingkang sagêd ambirat ama tikus punika badhe dipun ganjar arta kathah sangêt.

Anuju ing satunggiling dintên pangagêng kitha Hamêlên kalihan para punggawanipun sami ngalêmpak parêpatan, wigatosipun angrêmbag kadospundi sagêdipun mbengkas ama tikus wau. Sawêg nêngah-nêngahi rêmbagan wontên tiyang mônca dhatêng ing bale parêpatan ngriku, kalihan wicantên mêkatên: "Kula mirêng wara-wara, bilih ing kitha Hamêlên ngriki dipun ambah ing ama tikus ngantos mêgah-mêgahakên. Panjênêngan sadaya sagah nyukani ganjaran arta kathah dhatêng sadhengah tiyanga ingkang sagêd nyirnakakên ama tikus wau. Mênggah ingkang mêkatên punika punapa inggih nyata."

Wangsulanipun pêngagêng kitha: "Pancèn inggih mêkatên yèn sampeyan sagêd nyirnakakên ama tikus, sampeyan angsal ganjaran arta kathah. Punapa sampeyan kadugi nyirnakakên ama, sarta sampeyan nêdha epah pintên dinar."

Wangsulanipun tiyang manca: "Kula sagah nyirnakakên ama tikus, ngantos gusis. Botên badhe wontên tikus satunggal-tunggala ingkang gêsang. Nanging kula nêdha ganjaran arta kathah. Pintên rila panjênêngan angganjar kula? Wangsulanipun pêngagêng kitha Hamêlên:

Kula sagah nyukani arta sèwu dinar ing sampeyan, anggêripun nyata kêsanggêman sampeyan.

Rupinipun juru numpês ama tikus punika ngajrih-ajrihi. Rambutipun cêmêng dhawul-dhawul, ngangge kêthu pêsak-pesok, mripatipun agêng anggêrong, rainipun kêtingal pêndhukuling balungipun. Rasukanipun kados kotang antakêsuma pating trambal mawi badhe rupi-rupi.

Sarêng sampun dipun sagahi badhe dipun epahi 1000 dinar, juru numpês tikus lajêng mêdal ing jawi, ngêdalakên sulingipun saking ing lêbêt rasukan, sarta lajêng nyuling. Suwantênipun suling angedap-edapi. Yèn dipun mirêngakên kados nyuwantên: "Ayo padha mèlu aku! Ayo padha mèlu aku!"

Dayaning suwantênipun suling elok sangêt, sadaya tikus-tikus ingkang wontên salêbêting griya sarta sajawining griya ingkang sami mirêng, sami pating jrunthul murugi juru numpês tikus. Maèwu-èwu cacahing tikus, ing salêbêting kitha-kitha Hamêlên gusis botên wontên ingkang kantun sumlêmpit. Sadaya tikus sami ngêbyuk murugi juru numpês tikus, ngêtutakên lampahipun ing sapurug-purugipun.

Juru numpês tikus lajêng lumampah mêngalèr dhatêng ing lèpèn Wèzêr. Tikusipun sadaya ugi ngênut dhatêng lèpèn Wèzêr. Juru numpês tikus lajêng ngambah toya, tikusipun

--- 95 ---

sadaya ugi sami nyêmplung ing toya, sadaya sami pêjah botên wontên ingkang kantun satunggal-tunggala.

Wiwit kala samantên têtiyang ing kitha Hamêlên sampun luwar saking ama tikus. Pramila sami bingah-bingah. Pun juru numpês ama tikus ugi sangêt bingahing mênahipun, dene badhe nampi arta 1000 dinar. Enggal-enggal kêpanggih kalihan pangrèhing kitha. Wigatosipun nêdha têtêping ganjaranipun. Wicantênipun mêkatên: "Pangagêng ingkang minulya, sapunika panjênêngan sadaya sampun luwar saking bêbaya tikus. Sadaya tikus sampun sirna gusis. Pramila kula nyuwun ganjaran 1000 dinar."

Kala sêmantên para pangrèh sawêg sami parêpatan. Pêngagêng mangsuli: "Kula sadaya sami sumêrêp piyambak, bilih sampeyan botên nyambut damêl awrat, namung nyuling. Botên timbang manawi kula ganjar arta 1000 dinar, patutipun namung kula sukani 50 dinar. Sêmantên punika sampun nama kêkathahên. Ing kitha Hamêlên ngriki botên wontên tiyang satunggal kemawon ingkang sagêd tampi 50 dinar ing dalêm sadintên. Pramila punika arta 50 dinar sampeyan tampi."

Wangsulanipun juru numpês tikus: "Kasinggihan pangandika panjênêngan punika, kula botên ngèngêti punapa arta 1000 dinar punika sêkêdhik punapa kathah. Ingkang kula èngêti namung rêmbag satunggal, inggih punika: panjênêngan sagah angganjar arta 1000 dinar dhatêng kula, anggêripun sadaya tikus sagêd sirna. Sapunika kula nyuwun têtêping kêsanggêman panjênêngan. Panjênêngan kula anggêp tiyang têmên, mêsthinipun botên kawratan anêtêpi kêsagahan panjênêngan.

Pangagêng kitha Hamêlên mirêng rêmbagipun juru numpês tikus sakalangkung nêpsu wicantên makatên: "Ki sanak, kula botên bêtah piwulang saking sampeyan. Sapunika cêkak aos kemawon, arta 50 dinar punika sampeyan purun nampi punapa botên. Yèn botên purun nampi, sampeyan kesah."

Wangsulanipun juru numpês tikus: "Yèn 1000 dinar kula purun nampi. Yèn 50 dinar kula botên purun, luwung botên tampi babarpisan."

Sampun, punika putusan sampeyan.

Inggih. Sapunika kula badhe kesah saking ngriki, nanging kula pitakèn ing panjênêngan. Awrat pundi kangge panjênêngan, arta 1000 dinar, punapa kaurmatan panjênêngan sadaya? Manawi awrat artanipun 1000 dinar, panjênêngan sadaya badhe kêduwung ing têmbenipun. Dene kêduwung panjênêngan punika botên badhe kenging panjênêngan têbas mawi arta 1000 dinar ping 1000.

--- 96 ---

Juru numpês tikus lajêng mêdal ing jawi, tumuntên nyuling malih kalihan mlampah urut margi-margi. Ing samargi-margi sadaya lare wiwit umur 2 dumugi 10 taun sami mêdal murugi pun juru numpês tikus, ngêtutakên lampahipun ing sapurug-purug. Ngantos nglêmpak wontên lare 150. Tiyang sêpuhipun lare-lare wau sami sumêrêp anakipun sami ngêtutakên juru numpês tikus, ananging tiyang sêpuhipun lare-lare sami kamidhèngkèlên botên sagêd lumampah nututi anak-anakipun.

Lampahipun juru numpês tikus mêngidul nuju gumuk. Sarêng dumugi ing ngriku lajêng minggah ing gumuk, lare-lare sami tumut minggah. Kacariyos ing sanalika punika gumuk lajêng sigar, lare-lare sami mlêbêt ing lowahaning siti, sitinipun lajêng nangkêp pulih malih, lare-lare sami pêjah botên wontên ingkang sagêd mêdal saking siti. Pun juru numpês tikus lajêng kesah tanpa lari. Sarêng mêkatên, tiyang sêpuhipun lare-lare wau sanalika sagêd lumampah, mantun kamidhèngkèlên, lajêng mlajêng-mlajêng dhatêng ing gumuk, ambêngoki anak-anakipun, gêdrug-gêdrug ing siti, sami ngêbuki siti, ananging sadaya sêtiyar sampun tanpa damêl. Lare 150 sami sirna sadaya.

Tiyang sakitha sami ngrêtos sababipun wontên kasangsaran agêng sêmantên, sami anglêpatakên tindakipun para pangrèhing kitha Hamêlên. Ing kontêning bale parêpatan ing kitha Hamêlên dipun sêrati ungêlipun makatên: "Prajanji iku wajib tinêtêpan." Punika minangka kangge pangemut-emut dhatêng anak putu, samia tumindak têtêp, supados sampun ngantos manggih sangsara kados ingkang sampun.

S.

ISINIPUN M.S. No.4 Th. VIII.

Bab panggulawênthah gandhèngipun kalihan rêtuning jagad - Sanès dongèng - Watak isinan - Pangalaman ing jaman 50 taun ingkang kapêngkêr - Prasapa - Sêrat satus tri wasita - Dongèngipun Sang Raja Askandar Zulkarnèn lan Bagendha Ilir - Juru numpês tikus ing kitha Hamèlên.