Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 5 20 Mèi 1941 Th. VIII.

MARDI-SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta, p/a SOENARJA, Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA, Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah.

tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

Bab Panggulawênthah Gandhèngipun Kalayan Rêtuning Jagad

(Sambêtipun M.S. No. 4. Th. VIII)

Manungsa punika sami kadunungan hawa napsu utawi arda, manawi dipun pituruti arda punika botên wontên pêdhotipun, botên wontên marêmipun. Gandhèng kalayan kaekonomian lajêng manungsa sami gadhah kajêng nyêbar pêdhaganganipun dhatêng nagari-nagari sanèsipun pêrlu ugi ngupados bathi ingkang kathah. Kaprajan-kaprajan ingkang sami dhêdhasar kabangsan wau mbêtahakên ngêlar jajahan pêrlu kangge nyêbar dagangan wau, sagêda lêstantun sampun ngantos karibêdan ing sanès. Kawontênan ingkang makatên wau sampun mêsthi kemawon nuwuhakên padudon lan pasulayan, amargi satunggal-tunggalipun namung manah badanipun piyambak. Manungsa sami manungsa sami cêcongkrahan, praja lan praja sami mêmêngsahan. Manut sabdanipun Krisnamurti, jagad ingkang kula alami sakmangke punika isinipun namung pêranging aku lan aku. De strijd tusschen de ikken.

Ngèngêti kawontênan ingkang makatên wau lajêng tuwuh pitakenan ing manah kula, punapa panggulawênthahing lare-lare ing sakmangke ingkang ing têmbe badhe dados gêgêntosipun kula sadaya kalajêngakên kados wontênipun sakmangke,

--- 98 ---

amargi para bangsa kula ingkang manah dhatêng tumindaking panggulawênthah wontên ing pamulangan kêdah angakêni, manawi panggulawênthah wau taksih adhêdhasar pamanggih kilenan, manungsa punika gadhah kamardikan sacêkapipun kangge mêkarakên dhasar-dhasaripun piyambak. Wontên ing pamulangan watak jor-joran, watak unggul-unggulan punika taksih kemawon, mila rèhning bangsa kula punika badhe ngancik jaman enggal, punapa botên pêrlu para ahli panggulawênthah tuwin para sêpuh amanah tuwin angraosakên kadospundi panggulawênthahing putra ing pamulangan-pamulangan. Sadaya tiyang sami gadhah sêdya sagêda gêsang ingkang têntrêm, sampun manggih bêncana wontên ing donya, mila kula wajib ngaturakên panyuwun supados bab panggulawênthah punika dadosa panggalihanipun bangsa kula sadaya.

Kula ngakêni manawi botên gampil badhe ngewahi tatananing panggulawênthah wontên ing pamulangan punika. Nanging ingkang sampun têrang lan botên kenging dipun selaki malih; pamulangan punika sabagean agêng namung mêrlokakên panggulawênthah kridhaning pikir, intellectueele vorming. Manawi naliti wontênipun leerplan pamulangan andhap, têngahan dumugi ing universiteit pisan cêtha wela-wela manawi wêkdalipun prasasat namung katujokakên dhatêng kridhaning pikir. Kenging katêmbungakên botên wontên wêkdal kangge manggulawênthah lare utawi jêjaka ing bab kridhaning raos ingkang pantogipun dhatêng katrêsnan. Ing nginggil sampun kula pratelakakên manawi pikir lan rasa botên lêrês anggènipun manggulawênthah sagêd damêl rubedanipun tiyang gêsang, punapa malih manawi caraning panggulawênthah adhêdhasar kamardikan ingkang tanpa watês, botên mawi ngèngêti manawi manungsa sêjati ingkang sagêd mikir lan sagêd ngraosakên lajêng botên sagêd kababar.

Ing karangan kula ingkang kula wêdalakên ing kalawarti Mardi Siwi kala wulan Dhesèmbêr taun kapêngkêr sampun kula pratelakakên urut-urutanipun manggulawênthah wiwit lair dumugi umur 21 taun. Inggih punika dumugi 7 taun ingkang pêrlu dipun èngêti bab runtuting panggulawênthahing badan, wiwit 7 dumugi 14 bab runtuting panggulawênthahing raos, wiwit 14 dumugi 21 bab runtuting panggulawênthahing pikir, mangka kula sadaya sampun nyumêrêpi wontên ing pamulangan andhap saklêbêtipun 7 taun panggulawênthahing raos prasasat botên kacakan, awit sangking kathahing wulangan-wulangan ingkang tumuju dhatêng ulah pikir, mangka sajatosipun pikiripun lare umur-umuran samantên punika dèrèng tinarbuka, dados kêkiranganipun panggulawênthah ing samangke punika bab raosing manungsa botên dipun gêgulang, mangka wontên ing pamulangan têngahan dumugi [du...]

--- 99 ---

[...mugi] pamulangan inggil punika lare-lare kapêksa migunakakên daya kêkiyatan ingkang tumuju dhatêng kridhaning pikir.

Manawi raosipun botên angsal panggulawênthah ingkang sakmêsthinipun, mênika ing têmbenipun lare botên gadhah kajêng ingkang santosa, manawi badhe anjangka dhatêng satunggaling bab.

Wontên ing pamulangan têngahan tuwin pamulangan inggil panggulawênthahing raos mêsthinipun botên kenging dipun lirwakakên, awit manungsa botên sagêd oncat sangking raosipun, mila sanadyan pamulangan tangah lan inggil wau wancinipun lare-lare migunakakên pikiranipun, ewasamantên raosipun botên kenging katilar.

Rèhning lare ingkang umur 14 taun minggah sampun sagêd dipun jak rêmbagan dening gurunipun mawi kalandhêpaning pikir mangka raosipun ugi sampun gêsang pêrlu sangêt para jêjaka punika dipun jak ngrêmbag utawi dipun sumêrêpakên dhatêng bab kamanungsan, têgêsipun ngrêmbag gêsangipun manungsa sêsarêngan gêsang kalayan manungsa sanèsipun. Ing nginggil sampun kula pratelakakên ingkang nuwuhakên rêtuning jagad botên sanès kajawi anggènipun manungsa botên èngêt dhatêng badanipun piyambak, têgêsipun manungsa kawêngku dening ardaning pikir lan rasa, mila ingkang pêrlu punika sagêda para mudha gadhah sêsêrêpan bilih sajatosipun pikir rasa lan karsa punika wontên ingkang gadhahi inggih punika manungsa sajati, punika ingkang sagêd ngêrèh kridhaning raca cipta lan karsa.

Awit sangking punika pêrlu wiwit lare wontên ing pamulangan têngahan dipun mangêrtosakên manawi sampun dados tiyang sêpuh sampun salakirabi kêdah ngrumaosi anjagi dhatêng kawilujênganipun brayatipun, têgêsipun anggènipun gêsang wontên donya punika atêgês wajib damêl wilujênging gêsangipun brayat. Manawi punika sagêd lumêbêt, lare sagêd gadhah kayakinan watoning gêsang punika nglampahi kuwajibanipun tumrap sêsamining manungsa.

Wontên ing pundi kemawon, punapa malih wontên ing tanah ngriki watoning gêsangipun bangsa kula punika têtanggan, mila kêdah èngêt dhatêng tangga têpalihipun, gadhaha rumaos wajib tumut mêmayu hayuning tangga têpalih botên manah dhatêng bêtahipun piyambak.

Manawi kajêmbarakên lajêng tumuju dhatêng ngèngêti gêsanging bangsanipun ingkang dumunung wontên ing praja, dados ugi kêdah gadhah raos wajib damêl kawilujênganipun prajanipun.

--- 100 ---

Kawontênanipun jagad sakmangke sampun dados satunggal, kenging kaparibasakakên gêsangipun bangsa-bangsa sampun têtanggan, awit saking kamajênganipun techniek. Awit saking punika kuwajibanipun manungsa ugi botên namung manah dhatêng praja utawi bangsanipun piyambak, ananging ugi rumaosa wajib manah dhatêng bangsa lan praja sanèsipun. Punika ingkang kula têmbungakên mawi tangga nagara. Kados andharan punika pêrlu katanêm wontên ing pamulangan-pamulangan.

SOETEDJO.

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No. 4 Th. VIII.).

Èstri. Apa sing kok karsakake ahli batin.

Jalêr. E, hla, angèl pitakonmu kuwi, aku ora bisa ngarani gêcos ngono, mung gampangane bae ngene: yaiku sawijining panganggêp, kang nekadake, yèn kabêgjan, kamulyan, lan karahayon, iku bisa tinêmu, ora mung gondhelan kadonyan bae.

Èstri. Ora ngrêti mas, gunêmmu. Bok aja pating kruwil ngono.

Jalêr. Pancène iya ora pating kruwil, saking durung kulinamu mêmikir utawa ngrasakake karêp kang linairake nganggo basa. Banjur kêsusu ngarani pating kruwil. Kandhaku mau têrange manèh mangkene: [m...]

--- 101 ---

[...angkene:]

Lumrahe ngakèh, sing diarani: bêgja, mulya, rahayu, iku rak yèn uripe ana ing donya kene rinubung ing bôndha, diaji-aji utawa linuhurake wong akèh, tur slamêt tanpa sambekala.

Èstri. Iya ngono.

Jalêr. Hla, kuwi nèk wong ahli batin durung cukup, isih ana manèh sing dianggêp sak dhuwure kuwi. Amarga kabèh iku mau, diarani gondhelan donya. Dene sing dianggêp sak dhuwure kuwi, yaiku karahayone rohe. Awit roh iku ora digolongake kadonyan, dianggêp bangsane batin, mulane banjur tak arani ahli batin, sing dadi sranane dudu kadonyan, lan iya dudu kawruh wetenschap thok, nanging ilmu sing bisa anggênahake bab anane batin (geest) mungguh olèhe padha nyangkani anggayuh iya rupa-rupa bangêt, ana sing mêtu dêdalan pituduhe agama, ana sing mêtu wêwêjangan utawa wiridan. Ana sing nganggo tapa brata, ana manèh sing nganggo panitipriksa kaanane kuwadhagan lan kaalusan iki, lan liya-liyane manèh.

--- 102 ---

Èstri. We, hla, rak angèl-angelan bangêt, ngono kuwi. Kabèh iku durung têrang.

Jalêr. Akua kae, iya durung têrang, nanging carane siji-siji panggayuh mau banjur duwe larasan sing kêna diarani opvoeding bêcike iya takon-takon marang sing ahli dhewe-dhewe.

Èstri. IyeIya. ngono.

Jalêr. Nèk babagan kawruh sing marang agama, aku duwe sanakan wong tuwa, jajah tênan kawruhe, dhasar iya marsudi batin, coba liya dina padha disowani.

Èstri. Sapa, ta, mas?

Jalêr. Anu, panjênêngane Kyai Nurngalim.

Èstri. O, iya, ning aku durung tau sowan mrana, mung krungu kabare bae. Iya mas, kêbênêran, ngiras sowan nêpungake. Lo, hla iki kok wis têkan ngomah. We, nèk disambi gunêman sing guyêng, kok ora krasa, wêruh-wêruh wis têkan ngomah.

Jalêr. Pancèn ya ngono. Apa-apa kuwi nèk kanthi sênêng pangrêmbuge, banjur lali wêktu, sabab katrêm ana ing onderwerp sing dirêmbug, mulane sok ditêmbungake nganggo basa Walônda, er bestaat geen ruimte en tijd

--- 103 ---

Jawane: ora ana papan lan wêktu. Ya nèk nuju ngene iki, lali kabèh, sing ana mung kari sing dikatrêmi. Ayo, ngaso dhisik, mêngko nèk sêla diayati manèh mênyang dalême Kyai Nur.

Tiyang kalih lajêng sami cucul, santun pangangge padintênan, kados salimrahipun umum. Nanging wosing rêmbag-rêmbag tansah sami ginagas ing salêbêting batosipun piyambak-piyambak, rumaos saya angsal pêpadhang ingkang badhe dipun tindakakên pamilihing panggulawênthah. Dumugi samantên lajêng sami ngaso. (Badhe kalajêngakên).

KASUSILAN

Kasusilan punika wiyar sangêt têbanipun, sagêd lumêbêt dhatêng punapa-punapa, kados ta: kagunan, kabudayan, tatacara, tatakrama, basa, adat, watak lan babudèn. Sadaya wau botên pisah kalihan kasusilan. Punapa-punapa ingkang nyimpang saking tatanan sae, lajêng kaanggêp botên susila. Dados gêrbanipun kasusilan punika sadaya tindak lan tanduk, patrap lan pangucap ingkang sae. Bêbudèn ingkang alus lan ngrêsêpakên, ngantos dumugi ambêg ingkang utami.

Wulang wuruk ingkang nênuntun dumugi kawontênan kados ing nginggil wau, kawastanan panggulawênthah utawi opvoeding, MARDI-SIWI tansah mindêng anggènipun sêtiyar, badhe anggayuh kasusilan luhur, sarana panggulawênthah ingkang prêmati. Luhuring panggulawênthah, sagêd mahanani saya luhuring kasusilan. Awit kasusilan punika babaranipun panggulawênthah.

Sabên bangsa, sami gadhah modhèl panggulawênthah piyambak-piyambak, [piyambak-...]

--- 104 ---

[...piyambak,] sami katujokakên dhatêng kasusilan ingkang dipun pengini. Amila sarêng sampun dados kasusilan, wêwangunan sarta caranipun inggih lajêng beda-beda. Sanadyan beda-beda kawontênanipun, nanging nunggil raosipun, inggih punika badhe ngangkah dhatêng kamulyaning gêsangipun sarta rahayu. Makatên punika ingkang sami dados pangèsthinipun sabên bangsa lan sabên tiyang umumipun.

Manawi sampun dumugi mulya lan rahayu, punika sampun botên dados rêmbag. Ingkang rame pangrêmbagipun punika anggènipun sagêd dumugi ngriku, kadospundi sarananipun tuwin lampah-lampahipun pangudi. Ing ngriki punika ingkang lajêng nuwuhakên beda-bedaning pamanggih, sanadyan têtiyang ingkang sami nunggil sabangsa inggih mêksa beda-beda pamanggihipun, punapa malih ingkang sanès bangsa. Botên pêrlu kula aturakên. Ingkang pêrlu punika tiyang-tiyang nunggil sabangsa, sagêda saiyêg nunggil pamanggih. Amila lajêng ngawontênakên pakêmpalan lan gêgrombolan, punika sagêda nglaras lan ngruntutakên pamanggih, yèn sampun lajêng badhe dipun cakakên sêsarêngan. Rekadaya makatên punika bokmanawi sagêd ngrancagakên kadumugining sêdya.

Tiyang-tiyang tuwin para golong-golongan wau, salêbêtipun sami anggayuh panthênganing sêdya, mawi srana opvoedingipun ingkang sampun kaanggêp lêrês, lajêng katuwuhan raos, bilih sarana utawi opvoeding ingkang dipun angge anggayuh bêtahipun, punika langkung lêrês tinimbang rekadaya ingkang dipun angge dening sanès-sanès golongan. Ing ngriki, sami sanalika lajêng nuwuhakên bibit botên wilujênging lampah, amargi sami rêbat dhêg, rêbat lêrês, rêbat unggul, sanèsipun kaanggêp klèntu, mêsthi botên dumugi ing kamulyan lan karahayon. Anggènipun rêbat unggul, punika sampun nandhang botên rahayu lan botên mulya, nama ngècèr-ècèr kêkiyatan. Darêdah kados makatên punika ugi sampun botên susila, botên mêdal opvoeding. Jalaran opvoeding punika mêsthi isi pangangkah dhatêng kawilujêngan, kasaenan lan pèni, punapadene murakabi dhatêng sadaya ingkang sami sarawungan.

Sadaya rêrigên, botên kêsupèn tansah isi sae lan wilujêng. Tumindakipun dipun padhangi mawi kawruh utawi pamikir ingkang lêrês. Kêdadosanipun inggih badhe mahanani karahayon.

Rahayu punika sinawang saking manah.

Susila lan mulya punika yèn sinawang saking sarawungan.

Wusana sumangga.

S.W.

--- 105 ---

Pangalaman Ing Jaman 50 Taun Ingkang Kapêngkêr

(Sambêtipun M.S. No. 4 Th. VIII)

Ing sadèrèngipun taun 30 sanadyan para wrêdha cucul waragad dhatêng para putranipun sarana ngaya-aya, satamating pasinaon sagêd andêmênakakên, liripun lajêng sagêd ngundhuh wohipun ingkang satimbang kalihan pambucalipun waragad. Sarêng andungkap ing taun 1930 taun Jawi 1860, dumugining jaman ingkang kita idaki punika, adhuh. Botên salewah kalihan pralambanging pujôngga kita, nir sad èsthining urip, lare lare wêdalan pamulangan têngahan manginggil, katingal pating klèlèr, dados pangangguran. Daruna saking kirang papan, kêkathahên kaanan. Kapintêran botên pajêng dole, kang môngka pambêganipun para lare-lare sampun kalajêng gêsang cara kilenan. Bêgrotêng praja mindhak agêng, mila sêsanggèning pribumi, inggih katut mindhak agêng (awrat). Kabudidayanipun piyambak samapunsampun. sirna, pindhah ing sanès bangsa. Ngangkah nututi budaya tanah kilenan, sampun nyamut-nyamut. Raos kita sampun kalajêng kamiburuhên, liripun anggèning karaya-raya sinau, wiwit lare-lare saking pamulangan ingkang andhap piyambak (sakolahan dhusun) ngantos pamulangan ingkang inggil, tujuaning raos

--- 106 ---

namung badhe kangge praboting suwita, utawi kangge bêrah-bêrah, kang môngka ingkang bêrahakên sampun botên ambêtahakên malih, mila lajêng nama kêcelik.

Sarêng sampun kêbêntus-bêntus, sawêg karaos, niyat damêl ada-ada nyirnakakên ing raos ingkang têrang lêpatipun wau, sarana ambangun raos enggal cara pondhok pasantrèn, inggih punika tujuanipun ambudi ngèlmu, utawi kawruh, namung niyat karana Allah, (ngèstokakên ing dhawuhing Gusti Allah), botên niyat badhe kangge pados kadonyan, kawibawan, kêsuwuring nama t.s.s. Wangsul kangge praboting têtulung madhangakên ing para sadhèrèk ingkang kapêtêngan ing kawruh. Nêtêpi dhawuhing Hadis Tongalimu, wa-ngalimu, sira ambudi ngilmu, sawuse mangrêti, banjur tular-tularna, nanging ambangun raos kados makatên wau, botên gampil. Punapadene amangsuli ing budaya, saha kasusilanipun piyambak ingkang asling, punika ugi angèl sangêt. Ewadene sanadyan angèla dikados punapa, inggih mêksa kêdah binudi murih asilipun, puluh-puluh gèk kadospundi malih. Upami suthik ambudi, sampun mêsthi badhe pinêksa dening kodrat. Kêdah amangsuli sêkul wadhang, jalaran kita ngagêsang punika mêsthi bêtah

--- 107 ---

nêdha, mangangge, bale griya, tuwin sapiturutipun, ingkang sadaya wau kêdah mawi arta, môngka sagêd kita gadhah arta ngêjibakên manawi angsal bêrahan, wasana botên angsal tiyang ingkang ambêrahakên. Gèk lajêng kadospundi polah kita, hla, punapa kapilalah pêjah kalirên, rak mêsthi botên, wangsul inggih kêdah reka rekadaya piyambak sakangsal-angsalipun, cara Suryamantaramipun: mulur mungkrêt.

Candraning para mudha jaman samangke punika: solah-bawa, muna-muni, kêsênêngan, mangangge, bale griya, sapiturutipun nyara kilenan, nanging pangupajiwa kangge wragading niru ngrika wau, dèrèng sagêd. Harak nyata manawi lajêng mêkèwêd.

Namung samantên atr kula: yèn lêpat, nyênyadhang pangaksami.

Ihsanudin.

Bab Sport lan Pangudi Dhatêng Kasarasan, (lichamelijke opvoeding).

Minangka lajêngipun andharan kula bab: Sport cara samangke punika punapunapa. mikantuki yêktos, ingkang sampun kawrat wontên ing M.S. wulan Januari ingkang kapêngkêr punika, ing ngriki kula badhe ngaturakên pêthikan sawatawis saking sêsorahipun tuwan P.J. y.d. Walle, ingkang kapacak wontên ing kalawarti "Opvoeding" wêdalan wulan April 1941.

Manut pamanggihipun pamêdhar sabda, ing wêkdal samangke sport lan lichamelijke opvoeding punika kaanggêp nunggil ancas (doel). Mangka sajatosipun beda sangêt.

--- 108 ---

Sport punika sarana kangge ngenggar-enggar manah lan kangge ngupados pangeram-eram (sensatie sport). Lichamelijke opvoeding punika panggulawênthah ingkang tumuju dhatêng badan jasmani lan rochani.

Klèntuning panampi kados makatên punika nuwuhakên klèntuning pamanggih ing bab: maksud tuwin pigunanipun lichamelijke opvoeding wontên ing bêbrayan.

Mila ing ngriki pêrlu katêrangakên kadospundi têgês saha ancasipun sport lan lichamelijke opvoeding wau.

Lichamelijke opvoeding punika ingkang dipun ancas saras lan kiyatipun badan, sagêda kapigunakakên manut dhasaripun (anleg) piyambak-piyambak, watakipun lare ingkang sae sagêda ngrêmbaka tuwin kajêngipun saya kêncêng (om de wil te sterken).

Ancas-ancas wau kenging kaperang dados kalih perangan: Sapisan: ingkang tumuju dhatêng jasmani. Kaping kalih: ingkang tumuju dhatêng rochani.

Ingkang tumuju dhatêng jasmani wontên tigang warni: inggih punika: a. Ngudi sampurnaning (kiyat lan sarasipun) jasmaninipun lare.

b. Sinau migunakakên pancadriya punapadene anggotanipun kanthi ngêrèh hawa napsunipun. Dados sagêda rochaninipun ingkang ngêrèh jasmaninipun, sampun ngantos kuwalik.

c. Badanipun lare dadosa kiyat kaconggah nanggulangi daya awon bêktanipun gêsang wontên ing bêbrayan saha pandhidhik ingkang namung katujokakên dhatêng pikiran (intellectueel onderwijs), inggih punika daya ingkang sagêd nyuda kasarasaning badan tuwin ngalang-alangi indhaking kêkiyatanipun. (belemmert de lichamelijke ontwikkeling).

Ingkang tumuju dhatêng rochani ugi wontên tigang warni:

a. Angêncêngakên kajêng (karêp), ngindhakakên rêmênipun tumandang ing damêl saha adamêl lare gadhah watak berag, botên enggal sêdhihan.

b. Ngagêngakên kapitadosanipun lare dhatêng badanipun piyambak. Ngicalakên raos asor (minderwaardigheidsgevoel) lan botên enggal anggragap, botên gêtapan.

c. Lare sagêda dados tiyang ingkang ngantêpi sêdyanipun (iemand met volharding), ngêrtos ing wajib tuwin rêmên nyambut damêl sêsarêngan.

La Sport punika ingkang dipun ancas punapa?

Pamanggihipun tuwan George Hebert makatên: Sport punika atêgês ngebahakên saranduning badan kanthi migunakakên pikiran kangge anggayuh idham-idhaman ingkang sampun katamtokakên ing sadèrèngipun, upaminipun: sagêd mlajêng samantên têbihipun ing salêbêtipun samantên mênit, sagêd nglumpati barang ingkang [ing...]

--- 109 ---

[...kang] inggil, sagêd nyêpêng utawi ngawonakên kewan utawi mêngsah sanèsipun.

Dr. W.P. Hubert ngandika makatên: Sport punika kangge ngupados kasênêngan lan kêmarêman sarana migunakakên badan lan pikiran.

Dados tiyang nindakakên sport punika ingkang kajangka ebahing badan, sagêda nggayuh prestatie. Ingkang dipun wastani prestatie punika kados ta: sagêd ngawonakên mêngsah wontên ing tandhingan tennis, sagêd mlumpat inggil sangêt, sagêd lumampah jam-jaman lan sapanunggilanipun. Sport tansah ngêmu kajêng (karêp) badhe ngindhakakên kasagêdan, nandhingi, ngawonakên tiyang sanès; sadaya wau sagêdipun kadumugèn sarana pangladi ingkang ajêg, lampah ingkang katata (taktiek), saha sêsêrêpan, pikiran tuwin kaprigêlan (techniek).

Ing ngriki lajêng cêtha sangêt bedanipun kalihan lichamelijke opvoeding. Lichamelijke opvoeding ing samangke sampun dados kawruh (wetenschap) ingkang ugi kalêbêt dhatêng golonganing kawruh bab panggulawênthah umum (opvoeding in het algemeen), dados tumuju dhatêng badan kalih-kalihipun (jasmani lan rochani), awêwaton kawruh bab perang-peranganing badan (anatomie), kabatosan lan pandhidhikan.

Sport yèn sae tuntunanipun, pancènipun inggih sagêd murakabi dhatêng panggulawênthah, nanging wontênipun samangke mbotên mêkatên. Para neneman ingkang sami katrêm dhatêng sport, sami botên sumêrêping watês, ngantos dados bibrahipun.

Bêtahipun lare punika agênga alita, pancèn ngebahakên badanipun. Dêrêngipun dhatêng ulah raga agêng sangêt.

Ingkang kêdah kaudi inggih punika supados ing salêbêtipun nanggapi dêrêng wau, sagêda nyandhêt hawhawa. nafsunipun, ngêrtos ing watês. Lare kajagia sampun ngantos ngênut pakêmpalan utawi bêbadan ingkang botên pana ing bab lichamelijke opvoeding ingkang sêjatos.

Ing samangke mila kathah sangêt neneman sami lumêbêt warganing pakêmpalan sport rupi-rupi. Manut ungêling pranatanipun (reglement) sêdiyanipun mila sae, nanging nyatanipun tumindakipun beda sangêt. Pakêmpalan-pakêmpalan wau limrahipun ingkang dipun pêng ngawontênakên têtandhingan, ngindhakakên saening prestatienipun, ngudi supados kaprigêlanipun para warganipun tansah mindhak-mindhak, ngantos botên wontên ingkang sagêd ngawonakên (kweekt kampioenen aan). Ingkang kaanggêp wigatos lajêng kalairanipun, ngantos supe dhatêng ancasipun ingkang sêjatos. Sipatipun sport malih babarpisan. Sintên ingkang kampiun nindakakên salah satunggaling sport, ing samangke dados pangeram-eram, dipun aji-aji, dipun alêmbana.

--- 110 ---

Sport cara makatên punika malah ndhidhik watak kêthaha (eigoistisch), namung mbujêng sênêng utawi marêmipun piyambak tuwin watak rêmên mongkog (onggrongan).

Sapunika cêtha sangêt bilih lichamelijke opvoeding punika ingkang dipun kajêngakên dede sport kados samangke punika. Papanipun nyukani lichamelijke opvoeding ingkang pêrmati namung pamulangan. Nanging ingkang kapatah nyukani kêdah tiyang ingkang sampun dhamang ing bab punika, inggih punika bab lampah-lampahipun ngebahakên saranduning badan (lichaamsoefeningen). (Badhe kasambêt).

Sêrat Satus Tri Wasita

(Sambêtipun M.S. No. 4 Th. VIII)

[Dhandhanggula]

1. sangang dasa catur bab gumanti / wau agni kang kinum ing toya / nadyan pirang warsa bae / dating agni tan lêbur / yèn ginosok ing waja yakti / mijilakên dahana / pêpindhane manus / kang wus têtêp imanira / piandêle maring Hyang tan owah gingsir / kinêpunga piala // Bab 94.

2. linimputa kamurkan donyèki / tan tumama têtêp piandêlnya / yèn ana kang ngucapake / asmane Hyang Maha Gung / agni jroning kalbu andadi / bab nawa dasa pônca / gumanti tinutur / sêmbahyang gêng dayanira / lamun lesanira kêplok lawan kapti / kapyarsa ing Hyang Suksma // Bab 95.

3. balik lamun ngucap yèn Hyang Widi / kang kawasa kagungan samoa / batin ngrasa mèlu duwe / sêmbahyang kang kadyèku [kadyè...]

--- 111 ---

[...ku] '/ tanpa tuwas datanpa kardi / gantya bab sangang dasa / lwih nênêm winuwus / salaminya tan prasaja / lir prasajèng raryalit tangèh atampi / cahya ilahi sira // Bab 96.

4. lênging nala dèn têmahan lali / limut kagunan ta kalairan / mung blilu bodho darbèke / barès lir rare timur / ya ing kono bisane tampi / wahyu ngèlmuning Allah / gantya sangang puluh / pitu bab ingkang winarna / ngèlmuning Hyang kang langgêng lan nyata nênggih / tangèh sawiyah tômpa // Bab 97.

5. ingkang nora tumêmên ing ati / lire dora tindak lêlamisan / yêkti dudu bageane / gantya bab sangang puluh / lêwih astha winahyèng tulis / apan ôngka sajuga / ajinya wuwuh trus / winuwuhan das wurinya / nanging lamun ôngka sajuga tan mawi / sakèh das nir ajinya // Bab 98.

6. ya mangkana pindhaning jiwèki / kanang têtêp ngancas mring Pangeran / sayêkti ana ajine / yèn obah osikipun / ngancas lyaning Hyang maha suci / pakartinya tan pedah / tanpa aji iku / sumambung bab sangangdasa / langkung sanga apan rancanèng donyèki / kanang agung priyôngga // Bab 99.

7. yèku arta kalawan pawèstri / dadya rancana agung priyôngga / kosokbalik ana dene / dadya dêdalan ayu / yèn [yè...]

--- 112 ---

[...n] inganggêp dumadi wibi / nglairkên kaelokan- / ning Hyang Maha Agung / bab kaping satus winarna / amarna rèh puhan winor lawan warih / kumpul dadya sajuga // Bab 100.

8. pae puhan kang wus salin warni / dadya martega winor lan tirta / pilah tan carub karone / marteganya nèng luhur / ya mangkana pindhane nênggih / jiwa kanang wus nunggal / kalawan Hyang Agung / kumpul kyèh jiwa kang mudha / tan sangsaya mardika nir sing rêrênggi / kalis salwir rancana //

9. gumantya bab satus luwih siki / manusa kang ingaranan dadya / dera ngêningkên ciptane / panêngrannya kalamun / amurwani sira tumuli / kinêmulan ing cahya- / ning Hyang Maha Luhur / iya kalamun mangkana / jiwanira nulya gandhèng lan Hyang Widi / bab satus ro winahya // Bab 101.

10. kaanannya ing dalêm samadi / ponang jiwa wangsul myang wisata / marang asal kamulane / wangsul maring Hyang Agung / myang sipatnya dadya sawiji / lan sipating Pangeran / samadi ranipun / nulya sang aku winawa / wangsul malih waluya sasana munggwing / têlênging asalira // Bab 102.

11. kang mangkana sira têmah yakin / yèn sang aku asal saking Allah / miwah Allah sajatine / janma lan jagad iku / sipat kasunyatan môngka wit / lamun wus wrin [wri...]

--- 113 ---

[...n] sajuga / kewala yakti wruh / kabèh sèsining rat maya / kang kawarna bab satus tri amungkasi / puspita rinumpaka // Bab 103.

12. sêkar kang wus ambabar gônda mrik / maratani katub ing maruta / ingulatan sad padane / tan pae lawan sêmut / angulari unggyan mêmanis / tan mawa pinarentah / yeka pindhanipun / kang wus suci lan sampurna / sunarira ingkang nikmat munphangati / manrangi mrana-mrana //

13. para ngudi kasunyatan yêkti / têmah prapta tinarik ing daya / marma sang sinucèkake / sayêkti nora parlu / wisata rèh ngupaya murid / mrih mirêngkên wasita / titi ing pangapus / aksamanta sang sudyarsa / kang manurat mudha punggung damèng budi / tangèh karya pirêna //

Dongèng

Dongèngipun Sang Raja Askandar Zulkurnèn lan Bagendha Ilir

(Sambêtipun M.S. No. 4 Th. VIII)

Sang Raja Askandar punika wiwit taksih timur pancèn sampun kaserenan kalangkungan ingkang kinaot kalihan para lare-lare sanès, ing sasuruding ingkang rama, lajêng anggêntosi

--- 114 ---

jumênêng nata binathara yêktos, ngungkuli ingkang rama, tur ugi pinaringan panggalih suci, sumungkêm ing Pangeran ingkang Maha Agung, kenging sinêbut ratu ambêg pandhita, dene Sang Bagindha Balya (Ilir) ugi anggêntosi ingkang rama, angêmbani Sang Prabu askandar Dulkurnèn (sigêg).

Dêdongengan ing nginggil punika, kenging kangge têpa palupi prakawis badhe nètèsakên wiji ingkang murih sagêd ambabarakên ing tuwuh ingkang suci manahipun, sarta luhur bêbudènipun, punika ing sadèrèngipun dhumawah, kêdah mawi lampah têtèki, ngupados ayat utawi ilhaming Pangeran. Sarta ugi kêdah milih wahyaning môngsa ingkang kamanah langkung prayogi, botên kok amung nuruti ing ardaning manah, ingkang mijil saking ubaling sahwat (napsu) amarah. Ing sarèhning ing jaman kina punika sarengatipun tamtu beda kalihan ing jaman samangke, mila sampun mêsthi kemawon lampahing têtèki, utawi pamilihing wêkdal inggih beda, sanadyan tumrap têtiyang ing jaman samangke pisan, manawi sanès agami, namtokakên ugi beda tindakipun. Nanging mênggah tujuaning lampah, kados inggih sami.

Dêdongengan ing nginggil punika wau, wontên têtimbanganipun ingkang pinanggih akosokwangsul, inggih punika ing padhalangan: [pa...]

--- 115 ---

[...dhalangan:]

rikala Sang Hyang Bathara Guru nitih lêmbu Andini kalihan Sang Dèwi Uma, kacariyosakên rikala samantên panjênênganipun sanadyan têtungguling para dewa, nanging kawon dening ardaning napsu, ngantos kalampahan anuruti ing karsanipun, wasana lajêng nuwuhakên putra Sang Bathara Kala.

Malih, lêlampahanipun Sang Bagawan Wisrawa, rikala dipun puruitani Sang Dèwi Sukèsi, punika ugi kenging cobi botên kawawa ngampah ing ubaling hawa napsunipun. Têmahan ambabarakên ing tuwuh, Sang Rahwana, ingkang ambêg kalamurka.

Ing sajatosipun sadaya cariyos-cariyos wau mêngku piwulang, ing babagan anètèsakên wiji, mrih prayogining babaranipun.

Ing agami Islam, babagan ngilmu pêkih, tuwin tarekat, ugi ngandharakên ing piwulang bab kasusilaning nètèsakên wiji, ngantos panjang sangêt. Botên wontên pamrihipun, inggih namung ngangkah ing kamulyaning tuwuh, ing donya miwah ing akir.

Amung samantên andharan kula, mugi-mugi sagêd maedahi dhumatêng para maos, Amin.

Kacariyos rikala sedanipun Sang Raja Askandar

Sasampuning jisim karukti sarta rinêngga-rêngga sarwa adi pèni, lajêng [la...]

--- 116 ---

[...jêng] kawêdalakên ing samadyaning bangsal karaton, ingadhêp para nata ing saindênging bawana. Sarêng layon badhe kaangkatakên, ing ngriku para sarjana linangkung sami imbal wacana (munjuk), tumuju ing swargi sang nata, agantos-gantos, kados ing ngandhap punika:

1. Dhuh panjênênganipun sang nata ingkang binathara. Dintên kala wingi paduka taksih ingadhêp ing maatus-atus saking para abdi lan kawula paduka, ingkang sadaya wau sami kèndêl, botên wani cêmuwit ing ngarsa paduka, amung paduka piyambak ingkang ngandika. Nanging ing dintên punika, akosokwangsul, têtiyang maèwu-èwu, sami gumun, pating caruwèt ing ngarsa paduka, gantos paduka ingkang kèndêl, botên ebah lan botên ngandika.

2. Dhuh panjênênganipun sang nata ingkang ngêrèh ing sèwu nagari, dèrèng gantalan dintên punika para grêji sèwu, dèrèng mêsthi wontên satunggal ingkang kalêrêsan anjarumi ing agêm paduka rasukan. Nanging ing dintên punika tiyang nini-nini, utawi kaki-kaki kemawon, sampun sagêd anjarumi ing pangagêman paduka.

3. Dhuh sang nata ingkang prasasat angratoni ing salumahing bawana. Kala minggu kapêngkêr punika, sanadyan paduka sampun ambawahakên ing pintên-pintên nagari, ewadene

--- 117 ---

taksih angraosakên kirang wiyaripun, lan ambudidaya murih mindhak-mindhak wiyaripun malih. Nanging mangke sakêdhap êngkas kemawon, paduka sampun cêkap manggèn (sare) ing papan ingkang amung sacêkaping sarira paduka, sarta botên sagêd ambudidaya murih sagêdipun mindhak wiyaripun.

Satêlasing para sarjana ingkang sami mêdhar sabda, lajêng ingkang ibu, jumênêng ing sacêlaking layon, astanipun angasta trêbêlanipun ingkang putra, ingkang kadamêl saking jêne, lajêng mêdhar sabda makatên:

Dhuh anggèr, putraku nata binathara, ing môngsa pirang-pirang taun, anggonira tansah anglumpukake mas picis rajabrana, sanajan wus angêbaki ing pirang-pirang gêdhong, ewadene mêksa isih sira budi murih undhake manèh. Nanging barêng ing dina iki, sira kapêksa winalês winêngku dening êmas, kang mung sacukupe kanggo nutupi ing sariranira wau, sira wus ora bisa polah manèh. O anggèr, dina iki kawibawan, kaprawiran, lan bandhamu, kang ngebat-ebati kalok kondhang ing salumahing bumi, wus ora maedahi apa-apa marang sira, malah kaya dadi pamêlèhing lakunira.

Sasampunipun ngandika makatên, lajêng ngacarani dhumatêng para ingkang sami lênggah, layon badhe kabidhalakên.

Mênggah suraosing pangandika-pangandika ingkang kawêdharakên wau, [wa...]

--- 118 ---

[...u,] namung asung pêpèngêt, bilih agunging bôndha, kawibawan, lan kaprawiran punika manawi sampun katilar pêjah, nyata manawi tanpa paedah punapa-punapa tumrap ingkang kadunungan wau, trêkadhang malah namung dados pawêlèh, dene ingkang maedahi, punika namung lêlabêtan sae, utawi luhuring budi. Cuthêl.

Tumindak ing Adil

Piridan dongèng saking Sêrat Tajusalatin

Sang Prabu Tajusalatin, ratu agêng binathara, kagungan putra kakung ingkang sampun rumaja putra, kagadhahng-gadhang sagêda sumilih ing kaprabon, sangêt dipun trêsnani ingkang rama tuwin para ibu sadaya. Sang rajaputra wau ing satunggaling dintên sinau anglampahakên gilingan, ing wusana anggilês pêdhèt, ngantos pêjah. Lêmbu êmbokipun pêdhèt lajêng kontrang-kantring tambuh-tambuh solahipun. Anggènipun mlajêng-mlajêng kêkitrang nyampar kênthêng tangsuling gêntha, ingkang kaungêlakên manawi wontên tiyang nyuwun pangadilanipun sang prabu. Sang prabu miyos, kaadhêp para mantri bupati, andangu punapa darunanipun, dene gêntha ngantos mungêl. Ngantos dangu botên wontên ingkang wani ngaturakên ing kawontênanipun, rèhning ingkang nandhang kalêpatan punika putraning sang nata, nanging lajêng wontên satunggaling

--- 119 ---

mantri sêpuh ingkang matur prasaja, ngunjukakên punapa wontêning lêlampahan. Sang prabu botên katingal duka ing panggalih, nanging sarèhing pangandikanipun, bilih ingkang putra, ing sarèhning cêtha ing kalêpatanipun, kêdah kapatrapan paukuman, inggih punika kapêjahan, kadosdene anggènipun sampun amêjahi pêdhèt wau.

Sang prabu lajêng dhawuh animbali para pramèswari sadaya. Ing sasampunipun pêpak sumewa, kaparingan sumêrêp ing kalêpatanipun ingkang putra sarta karsanipun anggènipun badhe amidana. Para ibu sami karuna. Sarta kathah-kathah aturipun ingkang supados sang nata anyandèkna karsanipun, ing sarèhning putra namung satunggal, kagadhang-gadhang anggêntosi kaprabon, ing wasana badhe kaukum pêjah, ingkang jalaran namung amêjahi pêdhèt, kewan ingkang taksih alit. Sang prabu botên kengguh ing bêbolèhipun para pramèswari, tuwin botên ebah saking aturipun para mantri bupati, ingkang sami munjuk: ing sarèhning sang prabu wau ratu binathara, putra namung satunggal, kados sampun èmpêripun aparinga pangapura, sarta anyandèkna pidana ingkang botên timbang kalihan kalêpatanipun ingkang putra wau.

Dhawuh pangandikanipun sang nata: he wruhanira kabèh, sira [si...]

--- 120 ---

[...ra] kabèh padha asih mring putraningsun, witning ingsun luwih-luwih trêsnaningsun, nanging manawa ora ingsun pidana, ingsun ora jênêng asih ing putra. Iku wus karsane Pangeran, pratandhane ingsun asih marang putraningsun, dene wus matrapake khukumullah. Iku manawa ora ingsun pidana saiki, ing besuk masthi bakal tômpa pidananing Pangeran dhewe. Ingsun iki wus sinêbut ratu, kinasihan dening Hyang kang maha mulya, kinacèk lan sapadha-padha, sinuyutan wong sanagara, wênang murba amisesa, mula ingsun ora bakal ambedakake. Ingsun tan darbe putra, lan tan darbe kêkasih, mangkono uga tan darbe sanak kadang, sanak ingsun khukum. Mula putraningsun mêsthi kudu ingsun trapi paukuman. Badhe kasambêt.

ISINIPUN MARDI-SIWI No. 5 Th. VIII.

Bab panggulawênthah gandhèngipun kalihan rêtuning jagad - Sanès dongèng - Kasusilan - Pangalaman - Bab sport lan pangudi dhatêng kasarasan - Sêrat satus tri wasita - Dongèngipun Sang Raja Askandar Zulkurnèn - Tumindak ing adil.