Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 6 20 Juni 1941 Th. VIII.

MARDI-SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA, Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA, Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

Kawruh Babad Dados Sarananing Panggulawênthah

Manungsa gêsang wontên ing donya punika gadhah lêlampahan. Saklêbêtipun lumampah sok manggih ribêt utawi manggih sênêng, sok angsal kamulyan utawi dhawah ing sangsara. Kajawi punika satunggal-tunggaling manungsa gadhah tatanan piyambak-piyambak ing bab anggènipun gêgriya, têgêsipun anggènipun nata gêsangipun tuwin sêsambêtanipun kalihan anak semah tuwin tangga têpalihipun. Mêkatên ugi gêsanging bangsa inggih makatên kawontênanipun, sami gadhah lêlampahan piyambak-piyambak, sami gadhah tatanan piyambak-piyambak tumrap kaprajan. Lêlampahan-lêlampahan wau makatên ugi tata-tatananipun gêsang sagêd dados têpa-palupining anak-anakipun utawi ingkang nglajêngakên lêlampahanipun bangsa punika wau. Punika ingkang dipun wastani babading bangsa.

Sampun sakmêsthinipun manawi para lare-lare utawi para mudha wajib anyumêrêpi lêlampahanipun bangsanipun piyambak tuwin bangsa sanès-sanèsipun. Ing wêkdal samangke rèhning gêsangipun bangsa-bangsa punika sampun rapêt sangêt sêsambêtanipun, dados inggih pêrlu para mudha sami anyumêrêpi gêsangipun bangsa-bangsa sanès.

Saklêbêtipun nyinau babadipun bangsa-bangsa sanès, têmtu lajêng tuwuh pamanahanipun punapa lêlampahanipun bangsa wau lêrês utawi lêpat, sae utawi awon. Makatên

--- 122 ---

sapiturutipun. Dados cêkakipun pasinaon babading bangsa piyambak utawi bangsa sanès punika sagêd andayani dhatêng osiking pikir lan raosipun ingkang sami nyinau. Wontên ing ngriku paedahipun sinau babad lan ugi wontên ing ngriku dununging daya ingkang sagêd manggulawênthah para mudha ingkang sami nyinau babad wau. Osiking pikir lan raos badhe mahanani tuwuhing pamawas utawi kritiek dhatêng lêlampahan ingkang dipun sumêrêpi, punapa malih pamawas wau sagêd nuwuhakên kajêng sagêda lêlampahanipun bangsa ing têmbe wingkingipun sampun ngantos nêmahi lêpat utawi kasangsaran kados ingkang sampun kasandhang ing uni. Makatên ugi lêlampahanipun para tiyang utawi para luhur ingkang gadhah kaprawiran badhe dados têpa-palupinipun para mudha ingkang kataman dening dayaning pasinaon punika wau. Kosokwangsulipun lêlampahanipun bangsa ingkang dadosakên kasangsaran utawi kaasoran sagêd dados kaca brênggal kangge ngilo manawi satunggaling bangsa badhe gadhah tindak utawi kajêng.

Bangsa kula piyambak ingkang kathah-kathah sami botên mêrlokakên nyinau babadipun piyambak, manawi dipun titipriksa kawontênanipun lajêng katingal namung sakêdhik sangêt tiyang ingkang mangêrtos dhatêng lêlampahanipun bangsa ing nguni. Punika satunggalipun kapitunan agêng, awit lajêng sampun botên kèngêtan malih dhatêng lajêring gêsangipun bangsanipun, utawi lampah-lampah ingkang lêpat utawi lêrês, tuwin lampah-lampah ingkang nênuntun dhatêng kautamèn utawi kaluhuran. Awit saking punika kula rumaos wajib ngawontênakên wawasan bab gandhèngipun babad tuwin panggulawênthah, ing pangajêng-ajêng sagêda narik manahipun para sadhèrèk kula piyambak rêmên nyinau babadipun bangsa kula. Sakbotên-botênipun pasinaon babad wau nambahi kawruh kenging kangge dongèngi dhatêng sanak sadhèrèk utawi anak putu piyambak ingkang dèrèng sami nyumêrêpi, nanging kangge badanipun piyambak sampun têrang sangêt paedahipun, amargi lajêng sumêrêp dhatêng kêkiranganipun piyambak, kosokwangsulipun ugi nyumêrêpi isinipun piyambak angèngêti ebah-ebahaning bangsa sami anuju dhatêng kautamèn tuwin kaluhuran, kula sadaya kêdah sangu kawruh-kawruh ingkang kapêthik saking babad.

Babading bangsa punika kenging kabedakakên dados kalih warni, inggih punika ingkang angêwrat lampahing kabudayanipun, kaping kalihipun ingkang angêwrat lampahing kaprajan, ing basa Walandi katêmbungakên de cultuurgeschiedenis lan de staatkundige geschiedenis. Babading kabudayan isi bab kasusastranipun bangsa, kagunanipun bangsa, bab agamènipun, bab anggènipun gêsang bêbrayan, bab wawasanipun bangsa tumrap

--- 123 ---

warni-warnining prakawis lan sanès-sanèsipun malih. Dene lampahing kaprajan angrêmbag tatananipun praja, sêsambêtanipun prajanipun piyambak lan praja sanès-sanèsipun, sêsambêtanipun ratu tuwin kawula, panggêsanganipun mawarni-warnining pakaryan, inggih punika kaekonomianipun bangsa tuwin sanès-sanèsipun. Manawi kula sadaya purun nyinau bab-bab ingkang kula pratelakakên ing nginggil punika wau, sampun têmtu lajêng tuwuh panggraitanipun anyaèni sadaya kawontênan wau kalêrêsakên kalihan jamanipun. Makatên ugi manawi kawontênan-kawontênan wau katandhing kalayan kawontênaning bangsa sanès-sanèsipun, lajêng têmtu tuwuh zelfcritiek, mawas dhiri, sumêrêp dhatêng ajinipun piyambak, nanging ugi sumêrêp dhatêng kêkiranganipun. Sadaya wau têmtu andayani dhatêng pikir raos tuwin sêdyanipun bangsa anggènipun badhe ngudi dhatêng kasaenan tuwin dhatêng kalangkungan.

Makatên ugi manawi saya dipun lêbêtakên pamanahipun cêtha sangêt manawi kawruh babad punika sagêd anuntun ingkang lèrègipun dhatêng panggulawênthah. Minangka gamblangipun wawasan punika, pêrlu kula princi-princi bab-bab ingkang dayani dhatêng panggulawênthahing para mudha. Sapisan: ing babadipun bangsa kula kathah têpa-palupi ingkang suka bukti mênawi lêluhur kula kathah ingkang bêkti dhatêng nagarinipun. Tuladha-tuladha wau sagêd nuwuhakên raos trêsna dhatêng siti wutah rahipun utawi dhatêng prajanipun. Antêpipun para satriya anggènipun sami nglabuhi dhatêng prajanipun sagêd kabuktèkakên dening lêlampahanipun para lêluhur ing jaman kina, kados ta: lêlampahanipun Prabu Rêsi Gêntayu ing Kêdhiri anggènipun puruita dhatêng satunggaling pandhita sagêda ambengkas karya dene nalika sêmantên nagarènipun nandhang ribêt. Sagêd kalampahan kaêntas saking kasangsaranipun, ing wasana praja Kêdhiri lajêng waluya malih dados satunggal botên pêcah-pêcah kados nalika sadèrèngipun jumênêng ratu. Makatên ugi sarêng nagari sampun waluya malih kathah para pujangga-pujangga ingkang kacêlakakên minangka kangge rencang nata kawilujênganing prajanipun. Tuladha ingkang enggal-enggalan inggih punika K. Gusti Mangkunagara kaping VI agêng sangêt bêktinipun dhatêng praja ngantos prasasat kenging dipun wastani botên manggalih dhatêng sarira piyambak, ing pangajap sadaya bandha, kakêmpalakên sagêda dados srana anggènipun badhe damêl raharjaning praja. Manawi para lare-lare utawi para mudha kasumêrêpakên tuladha-tuladha ingkang makatên wau têmtunipun badhe osik manahipun ing bab katrêsnanipun dhatêng praja utawi dhatêng tanah wutah rahipun.

--- 124 ---

Kaping kalih. Ing nginggil sampun kula pratelakakên bilih satunggal-tunggaling bangsa têmtu nglampahi sangsara, utawi asor drajatipun. Babad tanah Jawi ugi wontên têpa palupi ingkang makatên. Manawi dipun raosakên ingkang lêbêt asoring drajatipun praja Mataram wiwit Kartasura sakpawingking botên sanès kajawi namung saking padudonipun utawi rêbad dhèkipun para ingkang gadhah hak tumrap cêpurining praja. Kawontênan ingkang makatên wau ingkang lajêng andadosakên ambrukipun praja Mataram. Para mudha ingkang sami nyumêrêpi kawontênan punika têmtu lajêng kèngêtan dhatêng paribasan Jawi: congkrah marakake bubrah, rukun agawe santosa. Sampun mêsthi para mudha ingkang samangke sampun purun ngraosakên dhatêng lêlampahan lajêng kagigah manahipun ngudi dhatêng karukunan sagêdipun gadhah daya ingkang sêntosa, nyingkiri sadaya bab-bab ingkang nuwuhakên icaling karukunan wau, sarana ngicalakên raos manah dhiri pribadi. Dados sêsêrêpan kados makatên wau ugi pêrlu tumrap panggulawênthahing para mudha, supados ing têmbe gêsangipun sagêd gêndhon rukon utawi nyatunggalakên kêkajêngan ingkang tumuju dhatêng kasaenan.

Kaping tiga. Pasinaon babading bangsa suka kawruh dhatêng kula sadaya bilih gêsanging bangsa sangêt kawêngku dening tatacara utawi tradhisi. Ing ngriku kraos bilih gêsanging satunggal-tunggaling manungsa kawêngku sangêt dening tatacaa utawi tradhisi wau, ingkang atêgês mbandha dhatêng kamajênganipun utawi kamardikanipun satunggal-tunggaling tiyang. Mangka manawi katliti tatacara wau sampun botên jaman malih, têgêsipun botên laras kalayan kawontênan. Para ingkang sami sinau lajêng katuwuhan pikiran lan raos ngupados kamardikan sampun ngantos gêsanging manungsa tansah namung kawêngku dening adad, punika badhe nuwuhakên dhatêng kawontênan ingkang kawastanan ing bangsa Walandi individueele vrijheid. Kangge kamajênganipun kawontênan kamardikaning satunggal-tunggaling tiyang punika pêrlu sangêt.

Kaping sakawan. Pasinaon babad isi ugi pasinaon kasusastraning bangsa. Inggih punika ingkang kêlêbêt babading kabudayan. Ing ngriki saya têrang sangêt agênging paedahipun pasinaon babad, amargi ing salêbêtipun kasusastran punika wontên pintên-pintên bab ingkang minangka dados gambaring kridhaning pikir lan raosipun tuwin kajêngipun bangsa. Wawasan bab sambêting kawula gusti, wawasan bab kasusilan, kasusilan lair saha kasusilaning batos, wawasan tumrap dhatêng panggulawênthahing putra sakpiturutipun, punika têmtu angebahakên pikir lan raosipun para mudha ingkang sami nyinau babad wau. Buku-buku Jawi ingkang isi dêdongengan,

--- 125 ---

mawarni-warni, isi wulang bab kasatriyan, bab luhuring wanita lan sapiturutipun, punika sadaya sagêd dados ubarampe anggènipun para sêpuh manggulawênthah dhatêng para putra tuwin para putri. Gandhèng kalayan jamanipun inggih punika jamanipun bangsa kula sami ngupados kasantosaning kabatosan lan kalairan wulangan babad kados ingkang kula pratelakakên ing nginggil punika sampun têrang agêng sangêt paedahipun. Amargi wulang-wulangan punika wau ing têmbe têmtu sagêd nyurung dhatêng anggènipun para mudha badhe anêtêpakên adêging gêsangipun (levenshouding). Kula inggih mangêrtos manawi dumadosipun levenshouding wau saking pêngalaman-pêngalaman ingkang dipun panggih salêbêtipun gêsang, ewasamantên pêngalaman-pêngalaman ingkang sampun dipun lampahi dening para lêluhur sagêd dados colokipun para mudha.

Kaping gangsal. Pasinaon babad sagêd suka kawruh bab lampahing kaprajan utawi tatananing praja. Sampun mêsthi kemawon tuwuhing tatanan punika sangking wawasan ing bab kaprajan, mila pêrlu sangêt bangsa kula ugi nyumêrêpi dhatêng wawasanipun bangsa piyambak ing bab panguwaosing praja. Wontên ungêl-ungêlan ingkang mratelakakên bilih ratu punika gadhah watak tiga: inggih punika kadosdene lare, kadosdene sima, kadosdene wataking pandhita. Têtêmbungan makatên wau, têmtu lajêng ngosikakên manah madosi isinipun sima, isinipun lare, isinipun pandhita. Sasampunipun lajêng minangka dados colokipun para ingkang badhe olah praja, inggih punika anggènipun badhe ngangge panguwaosipun. Taksih kathah malih wulang-wulang bab praja, staatsidee, kadosdene wulangipun Prabu Ramawijaya dhatêng Wibisana ingkang kacakup dening asthabrata, punika manawi dipun raosakên inggih botên kawon kêplasipun kalayan staatsidee-staatsidee ingkang kababar wontên ing nagari-nagari Eropa.

Kaping nêm. Ing salêbêtipun babad kula sadaya sami mrangguli manawi bangsa kita punika rêmên olèholah. dhatêng kabatinan. Asring-asring dipun sêbatakên bilih bangsa kula punika rêmên dhatêng mystiek, inggih punika ulah manunggiling kawula gusti. Makatên wau nuwuhakên pamanggih bab lampahing gêsang, têgêsipun manungsa ingkang ulah manunggiling kawula gusti badhe kasinungan daya ingkang angedap-edapi, namung kemawon manawi kalèntu panganggenipun, botên namung sagêd damêl kasangsaranipun ingkang sami ulah piyambak, nanging ugi sagêd damêl kasangsaraning bangsa, amargi ulah manunggiling kawula gusti punika, nuju dhatêng jaya kawijayan ingkang wohipun badhe kamêldamêl. kasangsaranipun bêbrayaning manungsa. Rèhning bangsa kula sampun ngalami kados makatên, mila kawontênan wau kenging kangge kaca brênggala anggèn kula sêdaya

--- 126 ---

badhe ngolah gêsang enggal, bangun bêbrayan enggal, botên mawi lampah manunggiling kawula gusti, namung anglênggahi drajating kamanungsan. Kawruh-kawruh makatên wau bangsa kula sampun gadhah, sami kawrat wontên ing babad, dados nama kapitunan sangêt manawi botên dipun sumêrapi botên sagêd ngilo dhatêng lêlampahan ingkang sampun-sampun, paribasan Walandi wontên ingkang mratelakakên: Wie zich aan een ander spiegelt, spiegelt zich zacht.

Kaping pitu. Gandhèng kalayan wawasan kaprajan wau ing babadipun bangsa kula ugi sampun kathah têpa palupi ingkang buktèkakên manawi bangsa kula punika ugi sampun nate olah dhiplomasi. Kadosdene para bangsa Eropa anggènipun olah praja. Cara-cara wau tumrapipun bangsa kula samangke ingkang sawêk nêdhêng-nêdhêngipun lêlumban wontên ing praja parlu sangêt dhatêng olah dhiplomasi wau, amargi babaring pikir tuwin babaring raos manawi anggènipun madhahi, têgêsipun mawi basa utawi têtêmbungan botên pratitis, asring nuwuhakên kawontênan ingkang botên sae, mila bab dhiplomasi wau ugi pantês dipun sinau dening para mudha. Ingkang katingal mêncorong bab anggènipun ulah dhiplomasi bangsa kula inggih punika Radèn Wijaya, ingkang yasa kraton Majapait. Prof. Kern amratelakakên R. Wijaya anggènipun ulah dhiplomasi botên kawon kalayan para dhiplomat-dhiplomat ing nagari Parangakik, nalika abad ingkang kaping 17-18. Bokmanawi wontên paedahipun kula pratelakakên ing ngriki saksampunipun R. Wijaya kêplajêng saking Tumapèl, lajêng dhatêng Madura. Wontên ing ngriku tampi pitêdah supados nyuwita dhatêng Kêdhiri, pasuwitanipun katampi. Awit sangking labêtipun lajêng kaparingan bumi ing Majapait. R. Wijaya lajêng têtruka wontên ngriku, minangka dados wiwitaning adêgipun kraton Majapait. Ing têmbe jumênêng Ratu Majapait, ingkang kapisan. Nalika tanah Jawi kalurugan wadyabala sangking nagari Cina tuwin wadyabala wau dhatêng ing Surabaya, R. Wijaya suka sumêrap dhatêng Jendral Cina mratelakakên botên badhe nanggulangi dhatêngipun wadyabala wau, malah badhe ngrencangi anggènipun wadyabala Cina badhe gêpuk Kêdhiri. Saksampunipun Kêdhiri bêdhah, R. Wijaya lajêng wangsul dhatêng Majapait bêta jarahan warni-warni. Jendral wadyabala Cina gadhah panêdha dhatêng R. Wijaya supados masrahakên punapa ingkang kabêkta dhatêng Majapait. Nanging tansah dipun sakecani manahipun, nanging panêdhanipun botên dipun turuti. Ing wusana wadyabala Cina kapêksa nilar tanah Jawi botên angsal damêl.

--- 127 ---

Kaping wolu. Bab gêsangipun bêbrayan bangsa Jawi. Sagêd kasumêrêpan ugi saking babadipun. Miturut babad-babad ingkang sampun kula sinau wiwit kina-makina gêsangipun bêbrayan bangsa Jawi punika lêlandhêsan gotong-royong. Ngantos sapriki gotong-royong punika wau taksih tumindak lan bokmanawi sagêd dados dhasaripun sêsambêtan lan bangsa sanèsipun. Bab raos gotong-royong tumrap dhatêng bêbrayanipun gêsang bangsa Jawi sagêd nuwuhakên kawontênan ingkang kula wastani anèh, amargi manawi dipun manah, gêsangipun tiyang padhusunan, sanajan kawontênanipun sarwa kacingkrangan, ewa samantên kenging kawastanan tata têntrêm, botên sanès kajawi namung saking tumusing raos rêmên gotong-royong punika wau. Sakupami raos punika botên wontên, kintên kula nêgari badhe kacomprengan ragad kangge nata gêsanging padhusunan.

Bab wawasanipun bangsa Jawi tumrap adêging wanita ing sakmangke taksih dados problêm utawi dados soal, nanging sajatosipun manawi karsa ngolak-alik babadipun bangsa piyambak badhe sagêd sumêrêp manawi bangsa Jawi ing jaman kinanipun pênganggêpipun dhatêng para wanita sampun inggih sangêt, tandhanipun ing babagan kaprajan, para putri kenging ngasta pusaraning praja dados ratu. Ing padhusunan-padhusunan, dados wontêning bêbrayan, para tiyang èstri gadhah hak milih pangagênging dhusun, ngantos sapriki hak wau taksih lêstantun. Ing jaman kinanipun kamardikaning bangsa putri ugi sampun wiyar. Dados manawi sakmangke para putri sami ambela hak-hakipun punika saking pamanggih kula piyambak namung atêgês mangsulakên kawontênan ingkang mêntas kasilêp kemawon, têgêsipun botên nama barang enggal.

Kaping sanga. Minangka panutuping karangan punika pêrlu kula pratelakakên manawi pasinaon babad ugi sagêd dados sarananipun anyumêrêpi tatacaranipun anggènipun bangsa kula sami gêsang bêbrayan. Kathah tatacara-tatacara ingkang isi piwulang utawi gedachte ingkang inggil-inggil, ingkang samangke sêmunipun botên patos dipun manah, lajêng wontênipun namung mêstani barang kina, kabêkta saking botên sumêrêp isènipun. Nanging lajêng niru barang-barang saking ngamônca ingkang ugi dèrèng dipun sumêrêpi isènipun, wontên ing ngriku tuna dungkapipun lampah lajêng nuwuhakên kawontênan ingkang kirang prayogi. Nitik andharan ing nginggil wau sampun cêtha paedahipun tiyang nyinau babad, awit kenging dados sarana nuntun dhatêng lampahing cipta, rasa karsanipun lare utawi para mudha, ingkang atêgês manggulawênthah [mang...]

--- 128 ---

[...gulawênthah] dhatêng para mudha wau, supados ing têmbe sagêda matrapakên gêsangipun wontên ing bêbrayan lan sagêd anêtêpi kamanungsanipun.

SOETEDJO

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No. 5 Th. VIII.).

Kacariyos, sarêng sampun wontên wanci ingkang prayogi, Dèn Karyadarsana jalêr èstri lajêng sami ajak-ajakan sowan dhatêng Kyai Nurngalim, sarèhning sampun dangu anggènipun ngancang-ancangi, amila lajêng tata-tata, dandos, mangkat. Ing samargi-margi warni-warni ingkang karêmbag, tarkadhang kabêtahan griya, lajêng santun bab ingkang kêtingal ing margi ingkang kêlangkungan, santun malih babagan sanès, nanging yèn sampun nyandhak bab opvoeding hla, punika ingkang guyêng sangêt, pamikir tansah muthêk wontên ing ngriku, amargi sawêg dados bakuning gêgayuhan, sampun malih wontên kancanipun ngrêmbag, tur tunggil kajêng, bobotipun piyambakan kemawon, tarkadhang anggènipun anggagas prakawis panggulawênthah punika ngantos bêblês, tanpa kandhas. Santun-santun gagasan manawi pinuju kèmutan kaprêluan sanès, utawi kêpanggih tiyang ingkang gadhah kaprêluan dhatêng piyambakipun.

--- 129 ---

Sigêg, botên kacariyosakên sêngsêming gagasan ingkang anggayuh opvoeding jlig, sampun dumugi ing griyanipun Kyai Nur. Enggal dipun acarani, tata lênggah, saha bagya-binagya kados sacaranipun tamu limrah. Tumuntên wiwit ngandikan:

Kyai Nurngalim. Êlo, kadingarèn rawuh panjênêngan sakalihan gèr.

Dèn Karya sakalihan. Inggih kyai, kasinggihan dhawuh panjênêngan, kajawi sowan kawilujêngan, anggèn kula kusung-kusung tiyang kalih punika, pancèn gadhah bundhêlan.

Kyai Nur. E, hla, gèk wigati punapa ta gèr, kados-kados panjênêngan punika botên nate kêkilapan.

Dèn Karya. E, la, inggih taksih sipat kawula, ta, kyai, kathah kemawon barang sapele ingkang andadosakên bundhêt, udharipun saking pitulunganipun sanès, amila sowan mriki, punika badhe nyuwun barkahipun Kyai Nur.

Kyai Nur. E, gèk kula sagêd punapa ta gèr. Tiyang panjênêngan sampun sarwa mumpuni kok dadak mawi rawuh mriki, panggenanipun tiyang sêpuh ingkang sampun, uit de mode (botên anjaman).

--- 130 ---

Dèn Karya. O, botên makatên kyai, inggih awit panjênêngan sampun yuswa punika ingkang murugakên kula suwuni barkah sêsêrêpan, jalaran ingkang dados so'al wontên manah, punika prakawis opvoeding utawi panggulawênthah. Priyantun sêpuh sampun tamtu sugih pangalaman, sugih ervaring, kula punika taksih lare, mêsthi kirang sêsêrêpan bab punika, bêbasanipun punika wontên: blilu tau, pintêr durung nglakoni. Makatên punika rak inggih nyata, para sêpuh, nadyan kados punapa bodhonipun, rak sampun tukang anggulawênthah putra wayah, dados sugih pangalaman, wangsul pun ênèm, ngrêtos sawêg saking buku-buku, dados dèrèng nate ngêcakakên, upami ngêcakna tumindakipun inggih taksih grayung-grayung. Amila kados sampun salêrêsipun manawi kula nyuwun barkah priyantun sêpuh kados panjênênganipun kyai. Awit bôngsa kasêpuhan tamtu langkung pana ingatasipun panggulawênthah.

Kyai Nur. I, i, baut panjênêngan punika gèr, layak ngagêm asma: Dèn Karyadarsana, pancèn kenging sinudarsana yêktos.

--- 131 ---

Dèn Karya. Sampun kyai, mindhak kêpanjang-panjang, sagêd damêl cabaring sêdya, amargi ngênggrêg-ênggrêgi raosing manah, kabêkta saking ambêdhêdhêg, manawi pun manah kèrêm ing pangalêm, lajêng dados pêpalang utawi pamurunging lampah. Amila botên sanès, namung pangèstu panjênêngan ingkang kula pundhi.

Kyai Nur. O, sukur gèr, sukur, dene sampun kagungan panggalih ingkang mapan, kula andhèrèk sèwu jumurung. Samangke môngga kula aturi ngandikakakên ingkang dados bundhêlaning panggalih, môngga mangke sami dipun rêmbag, bokmanawi sagêd narbuka ingkang dados so'aling panggalih.

Dèn Karya. Nuwun, sandika. Kula tiyang kalih sampun dangu manah-manah bab opvoeding sêdyanipun badhe milih ingkang langkung pakantuk, parlu kangge mulang muruk anak, murih ing têmbe sagêda rahayu, ngrêtos dhatêng wajibipun bêbrayan. Malah sampun kêlampahan narutus, sowan para linangkung, inggih nyuwun sêsêrêpan bab punika, angsal-angsalanipun inggih sampun kula pèngêti. Nanging kula tansah pados-pados malih, bokmanawi wontên larasan sanès, kenging kangge lêlimbangan.

--- 132 ---

Kyai Nur. Inggih, inggih, gèr, sukur manawi sampun ragi kathah, mênggah cêculikanipun, kadospundi, sarta mawi dhêdhasar punapa. Sabab sadaya-sadaya punika mêsthinipun sami ngangkah bab kawilujêngan, karahayon, kabêgjan, inggih bêgjanipun piyambak utawi umum. Nanging rak wontên sarana ingkang kangge jêjêr, tansah kangge larasanipun, makatên punika nama dhêdhasaripun, lajêng dipun angge panutan utawi tuntunan ing cak-cakaning gêsang padintênan. Hla, makatên punika ingkang nama panggulawênthah, nanging rak wontên ingkang minôngka dhasaripun.

Dèn Karya. Nuwun, mênggah dhêdhasaring panggulawênthah ingkang sampun kula mirêngakên, sampun wontên kalih warni, inggih punika: angluhurakên: ekonomi, kalihan angluhurakên bôngsa. Dene ingkang dados pangèsthining sêdya, cocog kados pangandikanipun kyai, inggih punika: gêsang mulya, gêsang rahayu. Dados opvoeding punika namung sarana ingkang sagêd andumugèkakên ing kamulyan lan rahayu. Ananging inggih punika wau, lajêng manut panampinipun piyambak-piyambak. Kaum ingkang mêntingakên (ngutamèkakên) economie gadhah panganggêp, tiyang [ti...]

--- 133 ---

[...yang] punika sagêdipun mulya, manawi tinêngga ing bôndha donya. Dene kaum sanèsipun malih, nganggêp bilih ingkang nama mulya punika tiyang sabôngsa sami sagêd ngraosakên kanikmatan punapa kaluhuraning bangsanipun, punika nama rahayu lan bêgja. (Badhe kasambêt).

Kêmpaling Kawibawan, kapintêran lan Luhuring Bêbudèn, Minangka Tumbaling Karisakanipun Gêsang Bêbrayan

Rahayu lan kêrta raharjaning alam punika samangsa gêsang bêbrayaning manungsa punika winêngku dening para ingkang ginadhuhan kawibawan agêng, jêmbar kasagêdanipun, tur kasinungan ing luhuring bêbudèn. Sakwangsulipun: gêsang bêbrayan têmtu risak, samangsa rinêgêm dening para ingkang sinung kawibawan agêng, nanging kirang jêmbar wawasanipun, utawi mbotên kasinungan ing luhuring bêbudèn.

Imam Jalal Suyuti ngandika makatên: Ngadil (jêjêging) nata, iku luwih bêcik tumrap umuming manungsa, tinimbang murahing sandhang pangan, kang ingasta nata ora adil. Coba (kasangsaraning) umum iku, lamun kapanujon ngalami akèh wong-wong pintêr, kang ora padha bêcik bêbudène (adat klakuane).

Mirit katrangan ing nginggil punika, sampun têrang bilih para ingkang ngasta pusaraning praja, tuwin para wiryawan, bilih botên kinantên ing luhuring bêbudènipun, kenging kula parabi dados rêtuning jagad bêbrayan saumumipun.

Awit saking ingkang makatên wau, para pamardi siwi, anggènipun sami anjangka murih mulyaning panggêsanganipun putra wayah, lan mulyaning alam saumumipun, mbotên cêkap namung kaajêngakên dhatêng jêmbaring kasagêdanipun blaka, wangsul langkung pêrlu sangêt ugi kêdah kadhidhik murih luhuring bêbudènipun, kalih-kalihipun wau kêdah tumindak sarêng nunggil mangsanipun.

--- 134 ---

Kawuningana! jêmbaring kasagêdan, punika mbotên mêsthi sagêd kêmpal lan luhuring bêbudèn. Pasaksènipun mbotên kirang-kirang para ingkang sampun wêdalan saking pamulangan luhur wasana katawis taksih mbotên nyirik ing asoring bêbudèn.

Para ngulama ahli olah budi, sami mupakat pamanggihipun, bilih ngèlmu (kasagêdan) lan bêbudèn, punika kaanan kalih ingkang mbotên kêmpal pamanggènipun, mbotên masthi sagêd kêmpal tujuanipun, lan beda mênggah patrap ginayuhipun. Dene jerenganipun kados ing ngandhap punika:

Kawontênan ing jagad punika kenging kagêrba winêngku dening tatanan 3 warni inggih punika: 1. wèting alam, qodrat (natuur), 2. wèting masarakat umum, tuwin 3. pranataning agami. Kawontênan utawi tindak ingkang nyulayani ing wèt-wèt wau, masthi kaanggêp lêpat, utawi awon dening ingkang gadhah pranatan (wèt). Dene ingkang kaanggêp lêrês utawi sae, manawi sagêd kêplok utawi nêtêpi pranatan wau. Mila kita manungsa sagêdipun anggayuh murih lêrêsing tindakipun, mbotên kenging mbotên kêdah mangêrtos ing wèt wau kalihan sampurna lajêng sawêg sagêd milih ingkang lêrês (sae) nampik ingkang lêpat (awon).

Dene kridhaning anggayuh ing sadaya wau sarana ngêngakakên ing sadaya pancadriyanipun lair, sagêda kalêbêtan ing isèn-isèning alam saumumipun, lajêng kalêbêtakên ing utak tinampèn dening pikir, sakancanipun ingkang dumunung ing afdeeling utak, amargi saking landhêping pikir, manungsa sagêda mangêrtos ing awon lan sae, tuwin lêrês lan lêpating samubarang kaanan ingkang kairup dening pancadriyanipun lair wau. Inggih pamanggihing pikir wau, ingkang kawastanan ngèlmu, kawruh, kapintêran, utawi kasagêdan bangsa lair. Mila para pangudi ngèlmu, marginipun kêdah sarana sinau, anggêguru, nênitèni, tuwin sanès-sanèsipun. Dene wohipun mbotên wontên malih kajawi namung sumêrêp awon lan sae, utawi lêrês lan lêpat, tumrap kaananing alam.

Sadaya ngèlmu punapa kemawon (awona, saea, lêrêsa, utawi lêpata) ingkang tuwuh saking kridhaning pikir wau, mêsthi lajêng kapasrahakên dhatêng budi sakancanipun ingkang sami manggèn ing afdeeling batin (sanubari) inggih punika nafsu, mulkim, was-was lan galab (kuwanèn).

--- 135 ---

Kawuningana! Sang budi nampi ngèlmu-ngèlmu saking pikir wau lajêng ebah (gêtêr), ebah utawi gêtêring budi wau dipun wastani krêntêg (katir), krêntêging budi, mahanani ing tuwuhing karsa (niyat), tuwuhing karsa, lajêng mujudakên ing jumêdhuling tênaga lair, jêr lair punika utusaning batin. Amila ing ngriki kados wontên cangkriman: manawi sang budi punika santosa, botên kingguh dening pikajênganipun hawa nafsu, lan was-was, sampun masthi sagêd milihi lan nyondhongi ing ngèlmu-ngèlmu ingkang lêrês-lêrês, lan sae-sae, nampik ingkang lêpat-lêpat, lan awon-awon, wasana manungsa lajêng sagêd nêtêpi ing luhuring bêbudèn, nanging manawi kawon dening hawa nafsu, utawi was-was, sampun masthi lajêng kêplorot ing asoring bêbudèn.

Awit saking nalar ingkang makatên wau, mbudi (mardi) putra wayah murih pintêripun punika, taksih langkung gampil yèn tinimbang murih sae, alus, utawi luhuring bêbudènipun, amargi yèn namung murih sagêdipun pintêr (alim) punika cêkap dipun sinaokakên ing guru, dipun sêsorahi, t.s.s. Piwulanging guru kenging ginayuh dening lantiping pikir. Nanging manawi ndhidhik murih luhuring babudèn, kêdah mbudidaya murih tangoluking bêbudènipun lare-lare (putra wayah) dhatêng tindak kautamèn, lan gêthing dhatêng tindak awon (lêpat) mila tumindaking pandhidhikipun kêdah tlatos saking sakêdhik sarta mbotên cêkap namung saking pitutur kemawon, balik kêdah sarana nyontoni ing tindak, supados tinulada, lan manawi sampun tumindak, kêdah dipun atulakên ngantos saingga dados watak ingkang asli.

Sang Bagindha Ali bin Abu Talib kawêdhar pangandikanipun makatên: Ngilmu iku kêna ginarba mung rong warna, ya iku I kang tuwuh saka qodrad (natuur) lan II kang tuwuh saka disinau (tularan sangka wong liya), ngèlmu kang saka kodrat, iku sadhengah manungsa mêsthi kadunungan, lan mêsthi linakonan apa samêsthine (mênggah wujudipun kados ta: kêdhèping netra, gumujêng, nangis, panêsêping bayi t.s.s) Dene ngèlmu kang saka sinau, yèn ora bisa tumindak dadi watak, mêsthi ora ana pigunane babarpisan, ora beda kaya padhanging srêngenge, tumrap marang wong wuta.

Mênggah jerenganipun pangandika ing nginggil punika, makatên: kula sampun mangêrtos (angsal ngèlmu) miturut wèting alam, miturut tatananing bêbrayan umum, lan ugi cocog lan piwulanging agami, bilih nindakakên, bangsaning Ma (main, minum ...) punika mbotên sae, ngèlmu ingkang makatên wau sagêdipun piguna dhatêng kula, kêdah tumancêp ing budi kula, lajêng mahanani kadunungan watak (klakuan) gêthing dhatêng tindak wau, lan gadhah raos awrat, upami nindakna.

--- 136 ---

Malih: upami kula angsal kawruh ngèlmu bilih rukun punika utami sangêt, ngèlmu wau upaminipun manawi sagêd tumanêm ing budi, ngantos dados watak rêmên dhatêng karukunan, lan gadhah raos gêla (cuwa) manawi mbotên nindakna rukun. Makatên sasaminipun. Tiyang ingkang sampun mangêrtos, bilih royal Ma punika awon, lan rukun punika sae, mangka mbotên gadhah raos gêthing dhatêng Ma, utawi mbotên rêmên dhatêng karukunan, sampun têmtu kawruhipun wau, mbotên wontên gunanipun babarpisan.

IHSANOEDIN

NGLARAS WOSING IDHAM-IDHAMANIPUN SUWARGI R.A. KARTINI

(Sêsorahipun NYI SOEPARDJO)

Sdr. Pangarsa! Parêpatan!

Ing basa Walandi wontên bêbasan makatên: Eere wien eere toekomt ! Mênggah jarwanipun, inggih punika, bilih tiyang kêdah angaosi sintêna kemawon ingkang pantês nampi pangaji-aji.

Kadosdene dalu punika kula kapatah nglaras wosing idham-idhamanipun swargi R.A. Kartini.

Ing ngriki kados sampun mapan lan pantês, mênawi kula ngakêni lan mèngêti ugi lêlabêtanipun swargi ingkang minulya, inggih punika Tuwan Dr. Abêndhanon, sarta ingkang rikala samantên angasta Directeur Departement Ondewijs en Eeredienst.

Sabab inggih panjênênganipun wau ingkang sampun kêrsa kangelan angimpun lan mêncarakên isining sêrat-sêratipun R.A. Kartini. Inggih punika ingkang suraosipun ngêwrat idham-idhamanipun ingkang sampun swargi wau. Wusana dados lantaran gumaregahing bangsa-bangsa kita, wiwit ada-ada angayati wontênipun pawiyatan ingkang mbêkta jagading wanita dhatêng alam kêmajêngan.

Wusana nglaras idham-idhamanipun R.A. Kartini punika, amrih sampun mlèsèd saking undêraning rêmbag, têmtu kêmawon kêdah sarana nglarasakên sadaya kawontênan kalihan alam lan jamanipun.

Dados sanajan ta botên trêp, ngêplêki kawontênanipun ingkang sak nyata-nyatanipun, nanging mêksa inggih mbotên têbih sangêt kalihan kanyataanipun, utawi realiteiten.

Punapa ta ingkang kula maksudakên realiteiten wau?!

--- 137 ---

Sadhèrèk-sadhèrèk: tumrap mahargiya dintên wiyosipun R.A. Kartini punika, mênggah saèstunipun ing antawisipun golongan kita piyambak, wontên ugi ingkang mbotên purun utawi sagêd angrujuki.

Upaminipun, golongan ingkang sami sajak wantêr ing budi lan panggayuh. Inggih punika ingkang limrahipun dipun juluki nama-nama fihak kiri.

Jalaranipun, inggih punika, amargi ing suraosing sêrat-sêratipun swargi R.A. Kartini wau mbotên wontên ingkang nggambarakên angên-angên utawi wêwênganing sêmangat: "bawa pribadi." ingkang makatên wau, mênawi tansah èngêt dhatêng alam lan jamanipun ing wêkdal punika, mila dèrèng wontên trontong-trontong ingkang lèrègipun dhatêng raos utawi angên-angên makatên punika, inggih sampun mapan. Utawi mbotên pantês dipun paibên, punapadene dipun gumuni. Wêwah-wêwah angèngêti, kala samantên yuswanipun R.A. Kartini nêmbe 20 taunan. Tur pasinaonipun namung saking pamulangan andhap kemawon. Malah saklêrêsipun, kêdah dipun akêni, bilih R.A. Kartini punika pramila satunggaling putri ingkang pantês sinêbut: "kinacèk" dene tansah manggalih samukawis ingkang ruwêt-ruwêt, sarta kagungan idham-idhaman adi luhung tumrap kêmajêngan utawi karaharjaning bangsa. Punapa malih mênawi dipun tandhing kalihan jaman sapunika, ingkang limrahipun dipun sêbut jaman kêmajêngan. Lêrês, mênggahing kanalaran jaman sapunika antawisipun para pêmudha-pêmudhi umur 20 taunan sagêd ugi langkung onjo, jalaran sapunika sampun kathah sakolahan ingkang mawarni-warni wulangan sarta ancasipun. Nanging mênggahing lêpasing gagasan ingkang nglangut sarta ngênêr ing kamulyan, inggih punika kamulyaning jiwa lan pikiran, kados têbih sangêt sungsatipun.

Jaman sapunika malah para mudha ingkang umuripun langkung saking 20 taun, sanajan mbotên sadaya, nanging racakipun gagasanipun taksih kampul-kampul, kalimput wontên ing alaming sêmangat mudha. Inggih punika ingkang mêngku suraos karêm ing lêlangên, kadosdene main èskorsi, pikinik, wandelmarsch, dhatêng padusan lan sapiturutipun ingkang sarwa mbotên maedahi. Malah sakwangsulipun, sisip sêmbiripun sagêd nênuntun dhatêng kadrawasan (Kupiya mbotên kirang-kirang). Para miyarsa, mugi sampun sami klèntu panampi, kula mbotên pisan niyat badhe nyaruwe, malah kula piyambak ugi gadhah kêyakinan, bilih sênêng punika mênawi laras, lan manut êmpan papan sarta kalamangsanipun, mila dados kabêtahaning jiwa lan pikiran.

Sapunika mangsuli bab panglaras tumrap wosing idham-idhamanipun R.A. Kartini. Kula damêl cêkakan kemawon, mêndhêt sak pêrlunipun.

--- 138 ---

Bab punika mêsthinipun kêdah kawawas saking babagan warni-warni. Upaminipun, kadosdene:

a. Babagan panggulawênthah
b. Agami
c. Kabangsan, minggahipun dhatêng bêbrayan

a. Babagan panggulawênthah punika ingkang tansah dipun gatosakên sangêt dening R.A. Kartini. Kala samantên R.A. Kartini sampun kagungan kêyakinan, bilih kaum wanita nomêr satunggal kêdah lêbda dhatêng cak-cakanipun kawruh panggulawênthah. Sabab R.A. Kartini mangrêtos, bilih kaum wanita punika kinodrat dados ibuning bêbrayan.

b. Bab agami. Nitik suraosipun sêrat-sêratipun R.A. Kartini asring kacuwan ing bab agami. Punika mbotên atêgês, bilih R.A. Kartini wau ngêmohi utawi nacad dhatêng tatananing agami. Punika mbotên. Malah mênawi nitik lêlabêtan sarta trajangipun, punapadene kridhaning pikir lan bêbudènipun, saèstu R.A. Kartini tansah nindakakên dhawuhing agami. Kados ta rêmên têtulung dhatêng sêsami, paring pêpadhang, ngudi kamajêngan lan karaharjaning sêsami lan sapiturutipun. Tur akanthi mbotên manggalih dhatêng kasangsayaning sariranipun. Dene anggènipun sajak kacuwan ing babagan agami punika, gampil kemawon katranganipun: tur inggih pinanggih ing nalar. Dene sababipun inggih punika amargi kala samantên, dèrèng wontên caranipun tiyang mulangakên agami kanthi gamblang. Dunungipun wulangan agami antawisipun namung wontên ing solat gangsal waktu, siyam ing wulan Ramadhan, angaji Quran. Caranipun guru maos rumiyin, murid nirokakên. Sadaya kanthi mbotên mangêrtos dhatêng suraos utawi maksudipun. Awit basanipun mbotên mangêrtos babarpisan, inggih punika basa Arab. Kala samnatên dèrèng wontên tiyang ingkang purun utawi gadhah gagasan, sarta malih sagêd anjarwakakên Quran ing basa ingkang dipun mangêrtosi ngakathah. Têmtu kemawon kawontênan ingkang makatên wau adamêl cuwaning panggalihipun R.A. Kartini. Awit R.A. Kartini punika satunggaling putri ingkang wantêr panggalihipun; sêngsêm dhatêng salwiring kawruh. Sadaya kêdah dipun mangêrtosi kanthi gamblang.

c. Ing babagan kabangsan utawi babagan bêbrayan.

Ing ngriki R.A. Kartini tansah ngudi lan manggalih, kadospundi sagêdipun nuntun bangsanipun kaum putri dhatêng alam kêmajêngan. Supados ing têmbenipun mumpuni ing kawruh tumrap jêjêring ibu, inggih punika ibuning bangsa.

--- 139 ---

Dene ingkang mbuktèkakên lêpasing panggraitanipun R.A. Kartini inggih punika ... upaminipun bab kasangsaranipun bangsa kita ingkang jalaran saking candhu.

Salajêngipun bab, kawêdaling angên-angên supados bangsa kita kapasrahana kêwajiban ingkang mêngku suraos kapracayan (verantwoordelijke posities).

Mangka gagasan makatên wau sumêbaripun wontên kalangan kita dèrèng dangu. Antawisipun sêdasanan taun. Inggih punika ingkang dipun wastani gagasan "Indianisatie." Nitik ingkang makatên punika, R.A. Kartini tuhu satunggaling putri ingkang linangkung sarta kadunungan kawicaksanan, limpad pasanging graitanipun. Sarta sanajan R.A. Kartini punika umumipun ingkang dipun gatosakên bangsa Jawi, nanging mbotên sande mêksa ugi asring nggêpok bangsa kita sumrambah ing nusantara ngriki.

Mênggahing kamantêpan utawi tekatipun R.A. Kartini kadayan sangêt dening sêmangat Multatuli: inggih punika: sangêt anggènipun manggalih kawontênanipun, rakyat, murba. Ing bab kawruh umum R.A. Kartini ing sêmu kados ugi kadayan sangêt dening suraosipun buku ingkang dipun wastani: "tendenz romans." Inggih punika buku-buku ingkang sarana rêrumpakan nggambarakên kawontênan ing alam bêbrayan: sarta ingkang sayêktosipun. Upaminipun buku-buku kadosdene: Multatuli, Hilda van Snylenburg, Grovin Hanna lan sapiturutipun. Salajêngipun R.A. Kartini ugi anggatosakên babagan kasarasan (volkshygiene). Kagunan asta utawi asta gina (kunstnijverheid) kadosdene, ngukir-ngukir sarta ingkang magêpokan kalihan pangupajiwanipun rakyat. Sarta ugi asring kawêdalakên kadêrênging panggalih, kapengin sangêt nyakêti rakyat umum utawi kawula murba. Dados têbaning gagasanipun lan gêgayuhanipun ingkang gêgayutan kalihan alam kêbangsan sampun ombèr sangêt têbanipun. Mangka gagasan kabangsan, tumrapipun bangsa kita katingalipun wiwit mêlok nêmbe ing nalika taun 1908, inggih punika nalika lairipun pakêmpalan Budi Utama (swargi).

Bab sêsrawungan kalihan bangsa utawi golongan punapa kemawon dipun adrêngi. Punapadene nyinau sawêrnining kawruh. Sadaya wau kasurung dening adrênging panggalih, kêpengin nanjakakên darmanipun, lêladi tumrap nusa lan bangsa, langkung-langkung kawula alit, kanca padhusunan. Inggih punika ingkang mujudakên têlajêripun bangsa (het eigenlijke volk). Sarta malih ingkang ambêtahakên sangêt dhatêng kawigatosan lan sêsêrêpan. Punapadene pitulungan lair batin.

Ing ngriku kacêtha ugi kaluhuraning panggalihipun R.A. Kartini. Sanadyan cara padhalanganipun R.A. Kartini wau

--- 140 ---

trahing kusuma, rêmbêsing madu, wijiling maratapa, turasing andanawarih, têdhaking aluhur, nanging tumrap R.A. Kartini mbotên nate ngagul-agulakên asalipun.

Ingkang tansah dipun udi, inggih punika tumindaking kaluhuranipun budi pêkêrti lan pikiran. Inggih punika ingkang langkung laras kalihan wosipun utawi isi lan lênggahipun darahing aluhur.

Punika nama nêtêpi suraosing piwulang-piwulang lan wêwalêripun lêluhur kita.

Nyariyosakên kaluhuranipun R.A. Kartini, lajêng kagugah manah kula kèngêtan uran-uran Dhandhanggula sapada, ingkang ngêwrat cangkriman sak batanganipun pisan.

Inggih punika, manawi mbotên klèntu, cangkrimanipun ratuning gandarwa dhatêng Sri Maharaja Kano ing Purwacarita. Makatên:

luhur apa ingkang angluwihi / luhuring kang gunung Maleawan / myang kluhuraning pamase / dêdêle manuk mabur / kabèh durung ana madani / nadyan kang taranggana / surya lan sitèngsu / kabèh isih kaungkulan / lawan luhur sajati luhuring budi / budine janma tama //

Dados cocog sangêt kalihan trajangipun R.A. Kartini.

Pramila R.A. Kartini saya kandêl kêyakinanipun bilih wêwatakan egoismê, inggih punika wêwatakan ingkang namung mikiri dhatêng kasênêngan lan kauntunganipun badan piyambak punapadene sêngsêm kapenak punika, wajib dipun brastha awit timur mila.

Punika ingkang gadhah sêsanggan mbotên liya kajawi namung kaum ibu tumrapipun anak - Mugi bab punika tumanêma sanubarinipun bangsa kita, dadosa jimat paripih langkung-langkung tumrapipun kaum ibu supados kita sagêda nurunakên bangsa ingkang karêm mêmangun ing karahayon. Punapadene anak kita sêngsêm mikiri dhatêng kasangsaraning kawula alit; trêsna lan ngajèni dhatêng sêsama, kadosdene idham-idhamanipun swargi R.A. Kartini lan ugi nêtêpi kêkudanganipun lêluhur kita ingkang kababar ing kasusastranipun.

Kangge upami kemawon. Saiba ta saenipun, mênawi kita kaum putri purun sêsambêtan kalihan para sadhèrèk tani pêrlu suka sêsuluh ingkang mila dipun bêtahakên sangêt. Punika ugi salah satunggaling idham-idhamanipun R.A. Kartini. Dados anggèn kita tansah mèngêti [mè...]

--- 141 ---

[...ngêti] dintên Kartini punika mila wontên têgêsipun, wontên wosipun, wontên isinipun ingkang mêntês. Têgêsipun kita mbotên mangeran utawi mundhi-mundhi dhatêng tiyang, nanging dhatêng lêlabêtanipun, dhatêng bêbudènipun, ingkang mila pantês cinandhi lan sinudarsana. Punika langkung laras lan mapan. Awit; poking idham-idhamanipun R.A. Kartini inggih punika ajak-ajak bangsanipun sêngsêm mêmayu karahayon.

Wasana ing pangajab, mugi-mugi pahargyan dalu punika ambêrkahana, lan andhawahna wahyu tumrap nusa lan bangsa kita, satêmah kita sagêd nglêluri, mêmêtri, ngipuk-ipuk lan nggêgêsang bêbudèning lêluhur kita ingkang sarwa mulya. Wasana kita tansah pinayungana ing nugrahaning Pangeran ingkang mêngku wahyuning bangsa, ingkang luhur drajatipun. Mugi-mugi. Amin! Matur nuwun.

Katrêsnanipun Guru Dhatêng Murid

Pamulangan andhap, langkung-langkung pamulangan H.I.S. lan Schakel punika ing wêkdal samangke tumrap lare Indhonesia dados pancadanipun dhatêng pamulangan panginggilanipun, ingkang ugi dados marginipun kangge anggayuh dhiploma utawi botênipun inggih kasagêdan minangka dêdamêlipun kangge ngupados panggêsangan. Sabên lare ingkang sakolah wontên ing H.I.S. utawi sasaminipun, mêsthi dipun gadhang-gadhang tiyang sêpuhipun sagêda dumugi ing pamulangan sainggil-inggilipun. Sanajan anggènipun mragadi paribasanipun dipun rencangi nêkak gulu, inggih mêksa dipun têmah. Kula gadhah têpangan ingkang blanjanipun sabên wulanipun têlas kangge ambayari sêkolahipun anakipun. Daklakoni ngêlih minangka rialatku cikbèn anak-anakku padha nêmu kamulyan makatên cariyosipun para sêpuh ing jaman alitan kula.

Lare punika sagêda dikados punapa, sakolahipun botên sagêd njujug ing pamulangan lajêngan, kêdah ngambah H.I.S. utawi sasaminipun rumiyin. Dados badhe kadospundi dadosipun lare ing têmbenipun punika ugi gumantung saking kasagêdan angsal-angsalanipun saking H.I.S. (Salajêngipun murih gampilipun yèn kula nyêbatakên H.I.S. punika ugi atêgês pamulangan sasaminipun). Yèn angsal-angsalanipun wau nyêkapi kangge nêmpuh examên kangge nglêbêti pamulangan lajênganipun H.I.S. utawi yèn tanpa examên kangge nampi wulangan ing pamulangan wau, pancadan ingkang angka kalih lajêng kaambah kanthi wilujêng (Ingkang kula

--- 142 ---

kajêngakên ing ngriki lare ingkang èngêtanipun normaal, têgêsipun botên nandhang sêsakit èngêtan, upaminipun idioot utawi achterlykheid).

Angsal-angsalanipun saking H.I.S. punika kathah sakêdhikipun gumantung saking panyambutdamêlipun para guru ing H.I.S. sadaya.

Padamêlan mulang lare punika beda kalihan padamêlan ing sêpur, kantor pos, pêgantosan lan sasaminipun. Para punggawa kantor-kantor wau bilih sampun cêkap pangalamanipun, lajêng sagêd nindakakên padamêlanipun kanthi sae. Guru sagêdipun sae pamulangipun botên cêkap awêwaton pangalaman thok. Kawruh lan pamanggih bab mulang (paedagogie) kawruh kabatosanipun lare (kinderpsychologie) tansah wêwah-wêwah lan ewah-ewah. Guru ingkang mulang mawi cara kina, sanajan sampun kathah pangalamanipun, wohipun mêsthi kawon kalihan guru ingkang tansah ngudi wêwahing sêsêrêpanipun, tansah manut ombyaking jaman lan ugi sampun kathah pangalamanipun.

Ing ngajêng sampun kula aturakên bilih badhe dadosipun lare ing têmbe (de toekomst van het kind) punika ugi gumantung saking angsal-angsalanipun saking H.I.S. Dados para guru ing H.I.S. punika sadaya kêdah rumaos tumut nanggêl kadospundi badhe kadadosanipun lare ing têmbe. Inggih raos tumut nanggêl punika ingkang nuwuhakên raos trêsna.

Kula sampun nate sêsarêngan nyambut damêl kalihan guru ingkang batosipun sajakipun makatên; aku toch sabên sasi mêsthi tampa bayarku, apa pêrlune ngêmên-êmênke nggonku nyambut gawe. Dhatêngipun ing pamulangan asring kasèp, asring kesah nilar kêlasipun, muridipun lajêng dipun sukani garapan pintên-pintên ing sabak utawi buku. Muridipun ngantos nate sami ajak-ajakan nilar kesah kêlasipun, margi ngêntosi gurunipun ngantos kalih jam botên dhatêng-dhatêng.

Tuladha sasaminipun punika taksih wontên tunggilipun, nanging botên pêrlu kula aturakên sadaya. Tuladha ing nginggil punika cêkap kangge mbuktèkakên, bilih botên sadaya guru nyambut damêl kanthi katrêsnan.

Raos trêsna dhatêng murid kêdah wontên, awit punika tukipun bab-bab ingkang ngindhakakên saening wohipun wulangan.

Sarat-sarat wau kados ta:

1. Raos trêsna tansah ngèngêtakên dhatêng guru, yèn kêdah rumaos tumut nanggêl badhe kadadosanipun lare.

2. Raos trêsna nuwuhakên pangudi dhatêng indhakipun kawruh ingkang munfangati dhatêng pamulangipun, inggih punika sarana mêmaos utawi sêsrawungan kalihan para ingkang langkung kawogan ing babagan panggulawênthah saha paedagogie.

--- 143 ---

3. Raos trêsna nuwuhakên panjagi ing salêbêtipun mulang utawi kêmpal kalihan murid, inggih punika panjagi supados ing muna-muni lan tindak-tandukipun sampun ngantos adamêl sêrikipun lare. Pandamêl utawi pangandika ingkang nyêrikakên punika nyuda pangaji-ajinipun murid dhatêng guru lan ugi sagêd nyuda kasrêgêpanipun murid malêbêt sakolah. Upaminipun: botên nate ngisin-isin utawi nggêgujêng lare bodho utawi klèntu ginêmipun tuwin njagi sampun ngantos lare wau dipun isin-isin utawi dipun gêgujêng dening kancanipun. Langkung-langkung lare ingkang gadhah cacad upaminipun dheglog, kirang pamirêngipun lan sasaminipun, punika manawi ngantos dipun damêl isin, lajêng saya mangkêrêd, minderwaardigheidsgevoelipun saya kandêl.

Ingkang gampil adamêl sêrik inggih punika kados ta srêngên dhatêng lare wontên ing sangajêngipun lare kathah. Mila sasagêd-sagêd yèn wontên lare kalêpatan, manawi badhe nyariyosi, kaundanga piyambakan. Sawêg lare alit kemawon sampun gadhah raos isin, punapa malih lare ingkang sampun umur sadasa taun minggah.

4. Raos trêsna tansah ngèngêtakên dhatêng guru supados panyambutdamêlipun (pamulangipun) tansah katingal kanthi sênêng (gêmbira). Yèn wontên murid ngantuk utawi linggihipun botên jêjêg, upaminipun numpangakên janggutipun wontên ing bangku, guru lajêng mastani yèn piyambakipun kêsèd utawi kirang migatosakên dhatêng wulangan (makatên wau yèn piyambakipun saras). Makatên ugi lare, yèn sumêrêp gurunipun lêsu, lêmês utawi kaleletan, lajêng sami mangêrtos yèn mulangipun kaworan raos aras-arasên. Ingkang makatên punika ugi adamêl mlorodipun pangaji-ajinipun murid dhatêng guru. Mila guru punika yèn wontên ing klas kêdah sagêd nggolongakên pikiranipun dhatêng padamêlanipun.

Kajawi punika yèn mulangipun botên gêmbira, inggih botên suggestief, têgêsipun botên adamêl gêmbiranipun lare, wêkasanipun wohipun wulangan inggih kirang sae. Kapitadosanipun lare inggih lajêng suda. Lare punika saya mindhak gêmbiranipun, bilih gurunipun sagêd mbombong, sagêd ngagêngakên manahipun. Kowe wae têka kandha bisa, wis ora; kowe ki rak bocah bodho, bisamu mung nurun. Panacad makatên punika nyuda kapitadosanipun lare dhatêng badanipun piyambak, ngandêlakên minderwaardigheidsgevoelipun.

Katrêsnan ingkang patitis panganggenipun mêsthi nuwuhakên katrêsnan. Yèn lare mituhu dhatêng guru utawi tiyang sêpuhipun, margi saking ajrihipun botên margi saking trêsnanipun, punika mênggahing panggulawênthah botên sae. Awit lare punika samangsa ajrih dhatêng guru utawi tiyang sêpuhipun, lajêng botên wani pitakèn utawi nglairakên gagasanipun. Lare alit

--- 144 ---

punika limrahipun asring pitakèn warni-warni. Yèn guru utawi tiyang sêpuhipun klèntu panampinipun upaminipun mangsuli kanthi sêrêng, pun lare mêsthi lajêng mangkêrêd. Salajêngipun botên wani pitakèn malih.

Andharan kula botên badhe kula panjang-panjangakên. Cêkakipun raos trêsna kêdah wontên, awit punika dados panuntunipun guru dhatêng pambudidaya murih wêwahipun sêsêrêpanipun ing bab-bab ingkang gêgayutan kalihan padamêlanipun. Sêsêrêpan punika dadosa ubarampenipun, supados sagêd nyumêrêpi lêrês lêpatipun panindak ing sabên dintênipun. Yèn guru botên sagêd metani badanipun piyambak, kanthi sêsêrêpanipun, sagêdipun nyumêrêpi lêpatipun namung saking tiyang sanès, mangka pitêdah saking tiyang sanès punika namung kalamangsa wontênipun, prasasat botên sataun sêpisan. Dados ingkang mitêdahi sabên dintênipun inggih kêdah badanipun piyambak. Yèn botên makatên, mulangipun sabên dintên lajêng tansah manut cara kados ingkang sampun-sampun. Panyambutdamêlipun tansah ajêg, kados mêsin kemawon.

Andharan kula punika mêsthi kathah kirangipun lan botên mêsthi lêrês sadaya. Mila kula botên kêndhat nyuwun dhatêng para maos, langkung-langkung para sadhèrèk guru, mugi sami kaparênga mêwahi utawi nglêrêsakên.

Wusana sadèrèng sasampunipun kula matur nuwun.

Kula pun S.S.

ISINIPUN MARDI-SIWI No. 6 Th. VIII.

Kawruh babad dados sarananing panggulawênthah - Sanès dongèng - Kêmpaling kawibawan, kapintêran lan luhuring bêbudèn minangka tumbaling karisakanipun gêsang bêbrayan - Nglaras wosing idham-idhamanipun swargi R.A. Kartini - Katrêsnanipun guru dhatêng murid.