Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 7 20 Juli 1941 Th. VIII.

MARDI-SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta, p/a SOENARJA. Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA, Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

LAIR LAN BATOS

Wontên ing kalanganipun bangsa Jawi bab kabatosan lan kalairan punika asring kemawon dados rêmbag. Ingkang makatên wau botên anèh amargi manungsa punika gêsangipun wontên ing ngalam donya botên sagêd pisah kalayan kalairan, nanging ugi botên sagêd nilar kabatosan.

Sawênèhing kawruh mratelakakên manungsa punika dumadosipun saking kêmpaling lair lan batos (geest en stof). Kêmpalipun wau sampun botên sagêd kacêgah malih. Wontên ugi tiyang ingkang gadhah pamanggih, sajatosipun ingkang wontên punika namung batos utawi geest. Kalairan punika namung dados pirantosipun pakartining batos, utawi dados pirantosipun gêsang ingkang tansah ambabar (het leven openbaart zich in de stof).

Tumrapipun tiyang kathah pamanggih-pamanggih makatên punika botên gampil dipun mangêrtosi. Asring kemawon tuwuh pitakenan, apa ta sing diarani batin iku? Lan apa ta kaanan lair iku?

Pitakenan kados makatên wau ing wêkdal samangke pantês dados panggalihanipun para bangsa kula sadaya, awit tiyang jaman samangke punika mbêtahakên sêsêrêpan tumrap ancasing gêsang gandhèng kalayan sêdyanipun ebah-ebahan badhe mêmayu hayuning bêbrayan tuwin gandhèng ugi kalihan rêtuning bawana.

--- 146 ---

R. H. Adnan nate pratela, manungsa botên sagêd namung anggarap kalairan kemawon, awit nggarap kalairan punika botên wontên pêdhotipun. Wontênipun manungsa punika namung tansah ngangsa-angsa, wusananipun têmtu badhe manggih kasangsaran. Kosokwangsulipun manungsa ugi botên sagêd namung anggarap kabatosan kemawon amargi kababaring gêsang punika mawi pirantos kalairan.

Wontên satunggaling sarjana ingkang ngarang buku bab karisakaning Eropa tuwin ngliliripun Azia, amratelakakên manawi gêsang ingkang mubra-mubru punika (groote weelde) nuntun dhatêng karisakan. Kosokwangsulipun manungsa ingkang kamlaratan asring gadhah tindak ingkang nistha. Dados gêsang mubra-mubru tuwin nandhang kamlaratan, kalih-kalihipun lêpat sadaya. Awit saking punika pêrlu ngupadosi ancasing gêsang supados sagêd ambangun bêbrayan ingkang asipat rahayu utawi wilujêng.

Ing nginggil sampun kula pratelakakên wontênipun pamanggih manawi sajatosipun ingkang wontên punika namung kabatosan. Kalairan punika babaring batos. Mila sampun lêrês paribasan cara Jawi ingkang mungêl: "lair utawi utusaning batin." Pamanggih ingkang makatên wau miturut pangandikanipun Dr. Wedyodiningrat sampun lêrês. Babaring kawontênan ing donya punika saking batosing manungsa piyambak. Mila ingkang pêrlu punika angawasakên dhatêng lampahing batos. Manawi sampun lêrês batosipun, dumugining tandang utawi tanduk inggih lajêng nuwuhakên kawontênan ingkang prayogi. Pêthikan saking Sêrat Dewaruci ingkang kapratelakakên dening Dr. Wedyodiningrat ungêlipun makatên: ya dèn awas bae marang pamurunging laku.

Dados têgêsipun manawi batosipun sampun mapan, kantun angawasakên dhatêng lampahipun, supados botên tuna dungkap. Ingkang asring nuwuhakên kawontênan ingkang botên prayogi punika ing sêrat Dewaruci kapratelakakên mawi têtêmbungan durgamaning tyas. Inggih punika wêwatêkanipun manungsa sakawan prakawis, sêpisan raos sêngit (haat) kaping kalih ngêmu pamrih, kaping tiganipun raos ajrih, kaping sakawanipun botên ngandêl. Punika sadaya kridhaning batos ingkang nuwuhakên kosèking kawontênan wontên ing kalairan. Mila durgamaning tyas 4 warni punika kêdah dipun kosokwangsul, inggih punika wêwatêkanipun manungsa ingkang nama katrêsnan, sêpi ing pamrih, kaprawiran utawi kawanèn tuwin piandêl.

Sasampunipun kula mratelakakên wawasan ing nginggil punika, bokmanawi taksih wontên pêrlunipun kangge gampiling pangêrtosan kula jèrèng malih kados ing ngandhap punika.

--- 147 ---

Mangga sami dipun wawas blêgêripun manungsa. Kula sadaya kêdah ngakêni manawi manungsa punika sami kadunungan daya-daya, kajawi punika ugi kadunungan cipta, rasa, karsa (denken, gevoelen en willen). Daya-daya ingkang kula aturakên punika wau nyurung dhatêng lampahing karsa, babaring karsa wau mujudakên tindak. Wontên ing tindak ngriku manungsa sagêd sumêrêp isinipun batosing manungsa, têgêsipun lajêng sumêrap dhatêng pundi purugipun, punapa dhatêng panggarap lair, punapa dhatêng panggarap kabatosan.

Kula badhe angrêmbag rumiyin babaring karsa ingkang kawastanan babaring kabatosan.

Sapisan. Manungsa punika gadhah raos aku, têgêsipun misah kalayan manungsa sanès-sanèsipun. Mangka sajatosipun manungsa punika satunggal, têgêsipun sami kemawon. Dene wontênipun beda-beda punika awit saking pun gêsang wau katutupan utawi kabuntêl dening pun karsa. Milanipun manawi karsanipun wau tumuju dhatêng icaling raos aku ingkang anutupi pun gêsang punika, lajêng nama anuju dhatêng manunggiling sadaya gêsang, punika ingkang kawastanan lampahing batos. Mênggah wujudipun manungsa ingkang anuju dhatêng nyawijining gêsang punika tandukipun wontên ing jagad kalairan anggarap dhatêng kabêtahanipun ngakathah utawi kabêtahanipun umum, inggih punika kabêtahanipun bêbrayan utawi malih jêmbaripun dhatêng kabêtahanipun jagad, dados ing ngriku atêgês manungsa punika manunggilakên gêsangipun kalayan gêsangipun sasamining gêsnag. Raos ingkang makatên punika wau ing wêkdal samangke gandhèng kalayan rêtuning bawana ingkang adamêl pêtênging lêlampahanipun manungsa pêrlu dipun gêgêsang, amargi samangsa manungsa punika botên manah dhatêng akunipun piyambak, nanging manah dhatêng sêsamining ngagêsang, têmtu anuwuhakên raos manunggil, ngicalakên raos pasulayan.

Kaping kalih. Babaring batos ingkang kaping 2, inggih punika manungsa sami olah dhatêng têtêping wajib. Manungsa punika gadhah sêsambêtan sêkawan prakawis, inggih punika sêsambêtan kalayan badanipun piyambak (de relatie met zichzelf) gadhah sêsambêtan kalayan kodrat (de relatie m.d. natuur) sêsambêtan kalayan sêsamining manungsa (de relatie tot zijn medemensch) lan kaping sakawanipun sêsambêtan kalayan ingkang murbèng gêsang (de relatie tot de Schepper). Ingkang kula rêmbag ing bab kaping 2 punika sêsambêtanipun manungsa kalayan sasamining gêsang. Manawi ngèngêti sêsambêtan punika lajêng cêtha wela-wela manawi manungsa punika gadhah kêwajiban tumrap sasamining gêsang (daar light plicht van de mensch tegenover êijn medemensch). Dados manawi manungsa

--- 148 ---

wiwit purun anêtêpi kuwajibanipun dhatêng sêsamining gêsang ing ngriku ugi nama sampun olah kabatosan, amargi kadosdene ingkang sampun kula pratelakakên ing bab 1. Gêsangipun kalarasakên dhatêng gêsangipun tiyang sanès. Wosipun nuju dhatêng manunggiling gêsang. Manawi kuwajiban wau sampun dipun têtêpi, dados anggènipun garap dhatêng kabêtahanipun ngakathah wau sampun karaos kadosdene kuwajiban, drajating manungsa ing bab kabatosanipun sampun minggah saktataran.

Kaping tiga. Bab kawajiban wau limrahipun wontên gêsang kadonyan anggènipun sami nêtêpi amargi badhe tampi pituwas, dados kadosdene caranipun tiyang bêrah makatên anggènipun nêtêpi wajib awit saking gadhah pangajêng-ajêng tampi pituwas. Tiyang ingkang makatên adêging gêsangipun nama taksih garap kalairan. Kosokwangsulipun manawi anggènipun anêtêpi wajib punika wau mawi kayakinan utawi gadhah raos bilih kêdah nêtêpi kuwajiban punika wau wontên ngriku ingkang nama kurban. Minangka têrangipun, wawasan ingkang angka tiga punika kula badhe ngaturakên tuladha. Makatên. Satunggaling tiyang rumaos gadhah kuwajiban suka pêpadhang dhatêng ngakathah, nanging ing batos gadhah pangajêng-ajêng supados angsala panarimah saking ingkang dipun padhangi. Punika dede nama kurban. Manawi anggènipun suka pêpadhang wau kabêkta saking raos wajib amadhangakên tiyang ingkang wontên ing pêpêtêng, punika nama kurban. Tiyang cêkap suka pitulungan dhatêng tiyang ingkang kasangsaran mawi gadhah pangajêng-ajêng angsala piwalês kasaenan sangking ingkang dipun pitulungi punika dede nama kurban. Manawi anggènipun suka pitulungan punika wau awit saking rumaos kuwajiban suka têtulung dhatêng tiyang ingkang nandhang kasangsaran, têtêp nama kurban. (Badhe kalajêngakên).

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No. 6 Th. VIII.).

Kyai Nur. O, o, lêrês, gèr, sadaya wau sampun nama cocog kalihan kawontênan. Nanging kabêgjan, saha kamulyan punika pangukuripun manawi saking kalairan [ka...]

--- 149 ---

[...lairan] kemawon, taksih cèwèt, amargi kamajêngan lair ing jaman sapunika, kirang punapa, rumaos kula sampun notog dumugi ing pucak, ewadene botên sagêd nyukani têtanggêlan karahayonipun tiyang utawi bôngsa, malah sadaya sami ngandhut kuwatos gêsangipun, makatên wau saking kadospundi? Amargi wontên gothangipun, inggih punika kêsupèn dhatêng babagan batin.

Môngka tiyang gêsang punika, botên namung lair kemawon, inggih mawi batin, jêr lair lan batin punika botên kenging kapisah, kenging punapa namung kapêndhêt sasisih, layak ta yèn lajêng botên sagêd têntrêm. Dene mênggah dhêdhasaring batin, punika wontên ing agami, amila kêdah dipun sumêrêpi, dipun sinau ingkang bontos. Yèn sampun sagêd, gêsangipun botên badhe botsih, têgêsipun namung awrat sasisih, lair thok, punapa batin thok. Yèn nisih inggih nama botên timbang.

Dèn Karya. E, e, nun inggih, kyai, kasinggihan dhawuh panjênêngan, sumôngga, mugi kalajêngakên ngandika panjênêngan. Nanging sarèhning agami punika wujudipun warni-warni, inggih badhe nuwuhakên pakèwêt malih,

--- 150 ---

pundi ingkang kêdah kapilih.

Kyai Nur. Êlo, mangke rumiyin. Kula panjênêngan punika sampun sami linairakên wontên ing satêngah-têngahing kaum ingkang ngrasuk agami. Kenging punapa dadak ngangge milih barang, cêkap agami ingkang rinasuk sapunika kemawon, amargi ing ngriku sampun cêkap ngêwrat parluning gêsang. Sadaya agami têmtu nênuntun dhatêng karahayon, tindak-tanduk ingkang wilujêng, patrap pangucap ingkang sae, wêwatakan ingkang pinilih, badhea wujud agami punapa-punapa, dhasaripun badhe anginggahakên darajading manungsa, ngalusakên bêbudènipun, nyampurnakakên tindakipun. Lêrês tatananipun ing jawi katingal beda-beda, kadosdene griya, wêwangunanipun inggih beda-beda, damêlipun kamar-kamar inggih beda, nanging wosipun, badhe nyêkapakên prêluning gêsangipun padintênan sagêda prigêl, manut larasanipun piyambak-piyambak. Amargi manawi gêsangipun sampun patitis, badhe sagêd ngayahi gêsang bêbrayan saumumipun.

--- 151 ---

Dèn Karya. Lêrês, nanging murih botên ambingungakên, dhawuhipun kyai wau, kula aturi ngurutakên, sabab ing salêbêting manah kula, kula sawêg anggôntha salah satunggiling agami. Gèk agami pundi ingkang sae piyambak, lêrês piyambak, mêsthinipun lajêng badhe kapilih, kadadosakên dhêdhasaring batosipun. Jêbul kyai dhawuh, botên prêlu milih, cêkap agami ingkang sampun rinasuk punika kemawon, dipun sinau sakandhasipun, dipun lampahi sapakènipun ingkang ngantos trêp, sampun sagêd ngonangi kasunyataning agami.

Kyai Nur. Lêrês gèr, pancèn makatên ingkang kula aturakên, amila kula matur bilih: kabatosan punika, kêdah mawi adhêdhasar agami, botên matur: kêdah mawi adhêdhasar satunggiling agami. Sabab suraosipun ukara kalih wau têbih sungsatipun, sanadyan namung kaot satêmbung: satunggiling.

Dèn Karya. Êno,Êlo. kula kok botên patos nglêgewa. Kadospundi kyai bedanipun ukara kalih wau.

--- 152 ---

Kyai Nur. Makatên: kêdah mawi dhêdhasar agami, punika têgêsipun botên mastani agami punapa, malah gadhah raos sadaya agami punika kasunyatanipun pancèn satunggal. Wangsul têmbung: satunggiling agami, punika lajêng namung dhatêng wujuding kalairan, amila lajêng badhe kapilih, sabab ingkang dipun sawang namung gumêlaring kawontênan, sarakipun. Dados katingal beda-beda, mila lajêng wontên ingkang sae piyambak, utawi awon piyambak, gèk agami punapa ingkang awon piyambak punika? Sarta sintên ingkang purun milih agami ingkang awon piyambak. Dene manawi sarinipun, nyatanipun, pancèn namung satunggal, punapa satunggal punika sagêd kapilih? Dados atur kula punika sampun mêngku katrangan ingkang sumimpên ing kasunyatan.

Dèn Karya. E, e, nun inggih kyai, samangke sawêk gamblang suraosing ukara wau. Sumôngga, sapunika kalajêngna kaparêngipun kyai.

Kyai Nur. Inggih prayogi, môngga kapiyarsakna:

Lair punika têtimbanganipun batin. Kalairan [Kalaira...]

--- 153 ---

[...n] utawi wujud ingkang gumêlar, punika watakipun sontan-santun, tansah gantos-gantos kawontênanipun tanpa kèndêl, dene ingkang minôngka ancêr-ancêr kabêgjaning lair, inggih bangsaning kalairan, kados ta: bôndha utawi donya brana, pangawasa, sagêd marentah utawi mangrèh sasamining kalairan, gadhah kawibawan, utawi pangkat luhur wontên ing antawisipun para tiyang, sadaya wau kangge ukuran bêgja sarta mulyaning kalairan, sintên ingkang botên kasinungan sadaya wau, nama cilaka, sangsara. Nanging sarèhning watakipun barang lair punika tansah santun, amila bêgja lan mulyanipun punika ugi katut tansah santun, manut kawontênanipun kalairan.

Dèn Karya. E, e, inggih kyai, layak wontên ungêl-ungêlan: ing donya ora ana barang sing langgêng. Dados makatên wau pancèn cêtha, mêlok sami dipun alami ing sabên wujud, wangsul kabêgjan ing kabatinan, kadospundi. (Badhe kalajêngakên).

--- 154 ---

PANUWUNAN

Kula nuwun. Kados sampun botên pêrlu malih, kula ngalêmbana dhatêng Mardi Siwi ing bab pêpaking isinipun saha miraosing wulangipun, ingkang gancaran punapa ingkang sêkaran. Cocog kalihan namanipun tijdschrift, suraosipun mardi putra, Pamardi makatên, mêsthi ngangkah dhatêng sae, inggih saening tindak, watak tuwin bêbudèn.

Dene sarananipun warni-warni, sadaya prasasat sampun kajèrèng wontên ing M.S. Amila kula matur bilih sampun mêpaki. Upaminipun:

1. Panggulawênthah bab kasarasaning badan.
2. Ulah raga.
3. Saening têdha (têdha ingkang murakabi dhatêng kasarasan).
4. Ngulinakakên tindak-tanduk sae.
5. Ngulinakakên ngalusakên raos pangraos.
6. Ulah pamikir.
7. Pitêdah awon lan sae.
8. Ulah luhuring bêbudèn.
9. Kabaresan utawi kaprasajan.
10. Kasantosaning tekad (sêdya).
11. L.s.s.

Sadaya wau mawi katrangan, mawi jerengan, têrkadhang tuladha-tuladha nyata, cariyos utawi pêpiridan. Kathah rekadaya ingkang sagêd anggugah panggalihipun para maos. Dene ingkang kathah, para maosipun M.S. punika sampun sami kagungan putra. Dados M.S. punika têgêsipun nêrang-nêrangakên dhatêng para sêpuh, yèn sampun kagalih lêrês. Lajêng dipun cakakên kagêm mulang muruk putra. Yèn makatên M.S. punika sanès bêtahipun lare, têmênipun bêtahipun tiyang sêpuh, anggènipun badhe mulang muruk, sagêda angsal rêrigên ingkang prayogi, inggih punika angsal lampah gampil tur utami. Ananging kauningana, sadaya wau ingkang sami dipun panggalih, lare-lare ingkang biasa (normaal), dados umuming lare. Sarèhning lare ingkang luar biasa punika inggih wontên, têrkadhang ngantos mêgah-mêgahakên tiyang sêpuh. Rumaos judhêg saking sampun kêtêlasan akal utawi rekadaya, kadospundi sagêdipun mulang muruk. Limrahipun tiyang sêpuh, sanajan rumaos sampun judhêg, nanging botên kêndhat anggènipun pados margi, murih anakipun ingkang anèh wau sagêda kapitulungan. Ingkang sêmbada, lajêng dipun indhêkosakên (pondhokakên) dhatêng salah satunggiling sanak sadhèrèk utawi têpanganipun, têrkadhang dhatêng tiyang ingkang misuwur opvoeder linangkung. Dene ingkang botên gadhah, lajêng dipun ngèngèr-ngèngèrakên, ing pangangkah namung sagêda nulungi anakipun.

--- 155 ---

Sarèhning kawontênan makatên wau inggih kathah, racakipun gadhah anak 5 utawi 6 ingkang anèh punika satunggal. Anèh ing ngriki angèl wulang-wulanganipun.

Panuwun kula, bok inggih, Mardi Siwi kala-kala ngêwrat kadospundi panggulawênthahipun lare ingkang luar biasa. Kintên kula badhe murakabi dhatêng para sêpuh ingkang gadhah anak angèl wulang-wulanganipun wau. Tumrap para maos inggih ugi paedah, sagêd dados wêwahing sêsêrêpan. Têrkadhang yèn kapanujon priksa lare ingkang karêmbag ing M.S. lajêng sagêd nyêrêp-nyêrêpakên dhatêng tiyang sêpuhipun lare wau.

Minangka pèngêtan, kula badhe ngaturakên kawontênanipun lare-lare ingkang luar biasa. Dene anggènipun maringi katrangan, botên pêrlu sarêng brêng, inggih sasêlot-sêlotipun. Jêr kula inggih mangêrtos manawi para pamongipun M.S. punika sami sugih padamêlan. Amila prayogi kapipil satunggal kalih, ingkang kagalih pêrlu. Mênggah pèngêtan wau, kados ing ngandhap punika:

Kadospundi rekadayanipun, mulang muruk lare ingkang:

1. Speels. (rêmên dolan, botên purun anggatosakên piwulang, namung anggêga sênêngipun piyambak) bodho.
2. Kêsupenan (mêntas dipun têrangakên, sakêdhap sampun kêsupèn) bodho.
3. Botên sagêd mêmikir (dipun têrangakên wongsal-wangsul, mêksa botên ngrêtos) bodho.
4. Alot wêdaling ginêm (sabên-sabên ginêman rêkaos, têrkadhang namung mangap-mangap thok, sarêng kumêcap ak uk) nanging lare dèrèng kantênan bodho.
5. Ngantukan (sabên mirêngakên kêtrangan, maos lajêng ngantuk, dipun lèk-lekakên, dipun oyog-oyog, inggih mbelot kemawon) nanging yèn sampun bibar, inggih limrah malih.
6. Mbêngkalêng. Cara Mlajêngipun (kêras kêpala) bokmanawi koppig.
7. Rêmên mêmêndhêt sanès gadhahanipun (botên gadhah sêdiya nyolong, nanging mêndhêt).
8. Kêmriwik ginêmanipun. (botên sagêd kèndêl, sanajan kancanipun kèndêl, têrus kêmriwik).

--- 156 ---

9. Rêmên goroh (ngapusi, cidra, mukir, doracara, botên purun blaka, tansah mubêng mingêr).
10. Badanipun kêsèd (lumul ing damêl, botên purun badanipun kangelan).
11. Pikiranipun kêsèd (botên purun mêmikir, ngapalakên botên nate purun, inggih botên sagêd). Yèn bangsaning sênêng-sênêng, dados pênganjur.
12. Botên ngeman dhatêng punapa-punapa. Botên dumuwe, botên eman, botên ngatos-atos. Barang-barangipun lah-lèh, saênggèn-ênggèn, botên pêrdulèn. Samantên rumiyin. wasana matur sakalangkung nuwun.

S.

Noot.

Pitakenan panjênêngan ing nginggil punika sangêt andadosakên ing bingahing para pamong, amracihnani bilih panjênêngan anjingglêng saèstu dhatêng isinipun Mardi Siwi sarta amigatosakên sangêt dhatêng opvoeding. Saèstu ing sasagêd-sagêdipun Mardi Siwi badhe ngaturi katrangan bab pitakèn-pitakèn panjênêngan wau. Sukur manawi para maos ugi wontên ingkang karakarsa. urun rêmbag bab punika, badhe katampi kalihan bingahing manah. Malah M.S. ugi sampun nate ngrêmbag salah satunggaling bab ingkang dipun pitakèkakên wau - manawi botên kalèntu bab lare ingkang alot wêdaling ginêmipun (stotteren) - nanging mbokmanawi kala samantên panjênêngan dèrèng têpang kalihan Mardi Siwi.

Red.

Bêbudèn Sae lan Awon

Sayêktsosipun ingkang nama sajatining bêbudèning manungsa punika, satunggiling kaanan ingkang sinamar sangêt, ingkang wuninga namung ingkang Maha Kawasa piyambak, kalihan ingkang kadunungan bêbudèn. Tiyang sanès mêsthi botên mangrêtos. Malah sanadyana ingkang kadunungan (anggadhahi) piyambak, amargi saking kalingan dening ubaling hawa napsunipun, inggih asring

--- 157 ---

botên mangrêtosipun, dene ingkang sagêd katingal dening umum, punika namung wohipun bêbudèn ingkang lajêng ngebahakên ing solah-bawa, lêlampahan, sêsrawungan, lan muna-muninipun, jalaran babudèn sae, punika atêgês bêbudèn ingkang nyondhongi dhatêng tindak sae. Makatên ugi sawangsulipun, bêbudèn awon, inggih condhonging raos dhatêng tindak awon, mila loking akathah, sabên tiyang satindak-tandukipun sarwa sae, inggih lajêng kaanggêp bilih tiyang wau sae bêbudènipun. Manawi sarwa awon, inggih lajêng dipun anggêp tiyang awon bêbudènipun.

Satunggiling sarjana kawêdhar pangandikanipun makatên: tiyang ingkang kalêbêt sae bêbudènipun ing dalêm jagad sêsrawungan punika, ingkang sagêd nêtêpi ing 10 prakawis, 1. Awis-awis pasulayan (tukar pabên). 2. Lêlêrêsanipun sagêd adil (jêjêg), botên nate ambaukapine, 3. Botên nate nasarakên (ambalusukakên) ing liyan, 4. Awis nindakakên ing tindak sisip, 5. Ènthèng nyênyadhang sih pangaksami ing kalêpatanipun, 6. Sabar (lêgawa) lamun sinêrikakên manahipun, 7. Tansah niti-niti ing cacading badanipun piyambak, botên nate metani ing cacading liyan, 8. Ajèr polatanipun rikala jêjagongan kalihan tiyang asor lan tiyang luhur, 9. Alus manis rêmbagipun dhumatêng

--- 158 ---

sorsoran, utawi karerehanipun, lan 10. Tansah nutuh-nutuh (ngrumaosi) ing kalêpatanipun piyambak. Lan botên ngèyèl.

Putranipun Sang Pandhita Lukmanakim, nate nyuwun piwulang dhatêng ingkang rama makatên.

Putra: Bapak. Kula nyuwun piwulang, manungsa ingkang sampun kapetang sae punika, ingkang kados punapa?
Rama: Kang jêjêg agamane.
Putra: Langkunganipun malih?
Rama: Jêjêg agamane, lan kadunungan bôndha.
Putra: Manawi rangkêp tiga, punapa?
Rama: Agama, bôndha, lan duwe kaprawiran (botên nguthuh).
Putra: Manawi ngrangkêp sakawan, punapa malih?
Rama: Agama, bôndha, kaprawiran, lan alus bêbudène.
Putra: Manawi ngrangkêp gangsal, kadospundi.
Rama: Agama, bôndha, kaprawiran, luhuring budi, lan bèr budi (loma).
Putra: Langkungipun malih punapa ?

--- 159 ---

Rama: Ênggèr, yèn wus ganêp limang prakara iku, wis bêcik bangêt, ora susah golèk kaundhakane manèh, marga mêsthi wus kinasihan dening Gusti Allah, ora rinidhu dening setan.

Sawênèh sarjana nglairakên pamanggihipun makatên: titikanipun tiyang sae babudènipun punika, botên nate sêngit, lan botên nate rumaos dipun sêngiti ing sanès, margi saking kandêling imanipun ing Pangeran, sarta tansah damêl rênaning manungsa ing pundi-pundi panggenan.

Sawênèh sarjana malih ngandika makatên: tiyang ingkang sampun kapetang sae bêbudènipun punika, tiyang manawi dipun sêrik-sêrikakên dening sanès, botên niyat amandhingi, malah nêdya malês kasaenan, lan nyuwunakên pangapuntên ing Pangeran dhatêng tiyang wau.

Dene titikanipun tiyang awon bêbudènipun punika akdos ing ngandhap punika: 1. Yèn nêdha tulung juwêd sangêt, nanging manawi tinêdhanan tulung mlengos, 2. Yèn nyambut damêl taledhor (kantun kalihan kancanipun), 3. Sabên kêncan asring nyidrani, 4. Yèn dêdamêlan botên nate kadadosan, 5. Manawi olah-olah kêrêp gosong, 6. Yèn [Yè...]

--- 160 ---

[...n] dalu rêmên omong kosong, enjingipun ambangkong, 7. Yèn badhe nindakakên kautaman, dipun êndhe-êndhe, 8 Sabên wontên tiyang manggih kabêgjan, bêntèr manahipun, nanging piyambakipun kêsèd ing damêl, 9. Yèn manggèn rêmên mêncil, 10. Tamunipun kêrêp kapiran, 11. Badanipun ajêg ambonglot, polatanipun ajêg ambêsêngut, 12. Anggèning nyêpêng bale griya pating blangkrèh, 13. Tanggi têpalihipun sami nyirik, 14. Manawi pinuju kêkirangan andhêdhepe, yèn pinuju kêcêkapan amalangkêrik, 15. Manawi rêmbagan rêmên umuk, 16. Manawi jothakan bêtah (botên niyat wanuh). 17. Yèn dipun pituturi ngesahi.

Dene sagêdipun manungsa anêtêpi saening bêbudèn punika, kêdah kadunungan ing sipat 4 prakawis, 1. Hikmah (sugih kawruh), 2. Ngiphah (gadhah kapenginan ing kadonyan), 3. Sajangah (gadhah kwanèn nulak ing bêbaya), tuwin 5.4. Ngadalah (sagêd ngangge utawi nindakakên ing tigang prakawis wau, ing samadyaning tindak (têgêsipun botên kêladuk, lan botên kirang saking saukuripun. Wassalam.

Ihsanudin.

--- 161 ---

Paedahipun lichamelijke opvoeding Wontên ing Pamulangan

(Lajêngipun andharan bab sport lan lich. opvoeding)

Panggulawênthah ingkang tumuju dhatêng saening watak punapadene luhuring bêbudèn punika marginipun wontên kalih warni, inggih punika: sarana nggulawênthah pikir (verstand) sarta nggulawênthah badan.

Badan wadhag lan badan alus punika botên nate pêpisahan. Pisahipun sasampunipun pêjah. Sabên tiyang gêsang mêsthi awujud loro-loroning atunggal. Lichamelijke opvoeding punika ugi panggulawênthah tumrap ing badan alus (geest), nanging mêdal margi sanès, inggih punika sarana manggulawênthah badan wadhag. Mila paedahipun Lichamelijke opvoeding wontên ing pamulangan punika agêng sangêt tumraping kamajênganipun lare, mênggahing wadhag lan rochipun. (Makatên pangandikanipun Proff. Scheltema). Kamajênganing wadhag (lichamelijke ontwikkeling) botên sagêd tumindak tanpa kamajênganing jiwa (geestelijke ontwikkeling) (Prof. Casimir). Pamanggih-pamanggih wau nelakakên, bilih lichamelijke opvoeding punika botên ngêmungakên panggulawênthahing jasmani, nanging ugi panggulawênthah tumrap loro-loroning atunggal, asarana badan wadhag (badan wadhag ingkang dados marginipun, dede geestipun).

Tumindakipun lichamelijke opvoeding punika sêsarêngan kalihan tiyang sanès, wontên ingkang nunggil kajêng (medestanders), wontên ingkang dados lawan (tegenstanders). Nanging tumindakipun sadaya lêlawanan wau kêdah awêwaton ungêl-ungêlan fairplay, têgêsipun botên kenging nêrak anggêr-anggêring kasusilan wontên ing golongan lêlawanan wau, margi kasurung ing hawa nafsu kêpengin unggul.

Raos ajrih, raos asor sagêda kabirat. Kapurunan (kêkêndêlan) dhatêng bêbaya sakit, lan samukawis rubeda, punapadene kasantosaning badan, sagêda tansah mindhak-mindhak. Watak satriya (ridderlijheid) kêdah tansah dipun ugêmi; mimpanga kawona kêdah têtêp kasatriyanipun (Kunkel).

Sadaya ingkang sampun kula aturakên wau dados margi ingkang anjog dhatêng ing kautamèn.

Tumrap para juru anggulawênthah lichamelijke opvoeding punika dadosa sarana kangge ngudi supados ing kalanipun lare ing batos gojag-gajêg: aku bisa, mêngko gèk ora bias-ah bisa, katêtêpanipun (besluit) tansah: aku bisa.

Panggulawênthahing pikir lan panggulawênthahing badan, kêdah tansah tumindak sêsarêngan, têgêsipun kêdah tansah jangkêp-jinangkêpan (elkaar aanvullen).

--- 162 ---

Salajêngipun tuwan P.J.v.d. Walle anjalèntrèhakên wigatosipun lichamelijke opvoeding ing samangke, gandhèngipun kalihan rêtuning jagad saha wontênipun bêbaya pêrang ingkang kakintên sagêd ugi tumular dhatêng Indhonesia. Lichamelijke opvoeding kamanah saya pêrlu kangge ngajêngakên volkswelvaart (kula têgêsi: nyirnakakên kamlaratan), volkskracht (kêkiyataning badan) tuwin volksontwikkeling (kêmajênganing geest). Sadaya wau katêrangakên panjang, gandhèngipun kalihan pêrluning wontênipun panjagèn ingkang santosa supados sampun ngantos wontên mêngsah ingkang gumampil wani nglawan.

Pamêdhar sabda mrayogèkakên supados ing pamulangan-pamulangan kasadhiyanana guru sacêkapipun ingkang sampun kadhidhik kangge nuntun lichamelijke opvoeding. Wêkdal ingkang kasêdhiyakakên kangge wulangan punika kêdah ipun wêwahi. Sabên sakolahan kasukanana papan ingkang nyêkapi kangge nindakakên lichamelijke opvoeding wau.

Samantên pêthikan saking sêsorahipun tuwan P.J.v.d. Walle. Saking pamanggih kula sapunika saya cêtha, bilih kawontênanipun sport ingkang katindakakên dening bangsa kula samangke punika, pantês dados panggalihanipun para sêpuh tuwin para gêgembonging paedagogie sarta ebah-ebahan. Bangsa kula nèm sêpuh, agêng alit sami rêmên dhatêng sport, nanging caranipun kathah ingkang taksih klèntu. Dayanipun ingkang botên sae yèn botên enggal-enggal dipun kawekani, badhe saya ngambra-ambra.

Kula sadaya kêdah wani ngakêni, bilih sport ingkang katindakakên mawi têtandhingan punika, mbêbayani, langkung-langkung tumrap lare, margi lare punika taksih gampil sangêt kaêrèh dening hawa nafsunipun. Lare punika mêsthi kadunungan watak egoistisch. Watak punika botên badhe ical, nanging malah mindhak dening kêpenginipun unggul, kêpengin angsal pangalêmbana utawi bêbingah (prijs). Kula sampun asring nyipati piyambak, bilih sport punika ugi murugakên botên burus (eerlijk), mangka para panuntunipun ugi sampun saklangkung anggènipun nêrang-nêrangakên kadospundi mênggah anggêr-anggêring kasusilanipun wontên ing têtandhingan. Theorie kalihan praktijk tansah katingal têbih sungsatipun, botên sanès ugi saking klèntuning caranipun.

Tingalipun cara ingkang tumindak samangke punika tansah dipun anggêp lêrês amargi saking kaprahipun. Pasêksèn-pasêksèn ingkang nelakakên dayanipun sport ingkang botên sae, dèrèng kathah ingkang kêrsa ngakêni.

Murih jangkêpipun, supados kula sampun ngantos dipun wastani tiyang doyan nyeda thok, yèn sampun angsal wawasan malih sagadug-gadug kula badhe ngaturakên pamanggih kula

--- 163 ---

badhe ngaturakên pamanggih kula ing bab lichamelyke opvoeding botên mawi cara kados samangke.

Minangka pungkasaning atur kula, sanajan dumugi sêpriki kula tansah kacuwan dene dèrèng wontên ingkang nanggapi andharan kula bab sport punika, kula botên bosên nyuwun dhatêng para maos, mugi wontêna ingkang kêparêng paring wawasan sanèsipun.

Pun S.S.

Panggulawênthah Lare

(Pêthikan saking Sêrat Tajusalatin, kenging kangge pêpiridan, pundi ingkang kenging dipun tindakakên, cundhukipun kalihan jaman sapunika)

[Sinom]

1. pasal kaping kawan wêlas / anyatakakên pakarti / amulasara ing anak / karana andika nabi / mustapa kang sinêlir / nayakaning rat pinunjul / sagunging umating Hyang / ingkang padha among siwi / kinekahan yèn wus umur pitung dina //

2. cinukur pêndhak nêm dina / awèh pangan pêkir miskin / nalika umur nêm warsa / winuruk ing tatakrami / yèn ngumur pitung warsi / pinisah paturonipun / umur têlulas warsa / pinukul atinggal krami / ing nalika umur gangsal wêlas warsa //

3. pinarikramakkên nulya / milih bôngsa kang abêcik / cinêkêl astane nulya / sarwi alon dènnya angling / lah mêngko anak mami / marisun rêksa sirèku / ing tekat luput sira / sira titipaning Widhi / mêngko sira anglindhung karsaning Suksma //

4. jro Kitab Adabul'ada / kaol Jêng Imam Bukhari / anak puniku titipan [titi...]

--- 164 ---

[...pan] '/ iya saking khakullahi / bapa puniku wajib / rumêksa rahayunipun / suka sucine ika / kaya ratu lawan dasih / ratu wajib angrêksa rahyuning bala //

5. kalawan wajib miliha / bapa maring kang nusoni / kang wênang pinilih ika / kang bêcik pakartinèki / nora wurung nglabêti / kalamun rare anusu / tan wurung katularan / sawatêke kang nusoni / wus muktamat sagunging wong ahli adab //

6. wong inya puniku wênang / mêmukula mrih ing krami / marmane arêp miliha / inya kang rahayu budi / kang bêcik barang kardi / sarèh kalakuanipun / pasthine kalabêtan / wêwatak barang pakarti / lamun prapta umur kawan wêlas warsa //

7. srahêna mring wong ngulama / kang wasis micarèng ngèlmi / yèn umur pitulas warsa / srahêna wong ahli jurit / kang mantêp purba titih / kang agêng wiranganipun / ajêg sabarang karya / nora watak aming kalih / nglabêtana wêwatak ingkang utama //

8. lan wajibing babu bapa / anacada wong kang sisip / ing ngarêpe anakira / ngalêm wong bênêr patitis / darapon rare iki / nglêkêda maring wong putus / ewaa mring wong nasar / lan bapa wajibe malih / anggunggunga mring wong ngulama sujana //

9. nèng ngarêpe sutanira / sêngita maring wong jail / darapon putra mengoa / mring wong bodho cêkak budi / gêthinga mring wong jail / adoh pênggawe rahayu / karana rare uga / kang dadi utamanèki / duk rarene nyinggahi

--- 165 ---

sagung piala //

10. tuwane dadi utama / rahayu barang pakarti / sabar muwuhi darajat / kêrêng puniku nglong-longi / lan aja adoh saking / bèr budi sangkaning timur / darapon amurukna / ing krami tindaking budi / asor unggul pamurwating guladrawa //

Na.

Dongèng

Tumindak ing Adil

Pêpiridan Dongèng Saking Sêrat Tajusalatin

(Sambêtipun M.S. ôngka 5. Th. VIII.)

Ing sasampunipun angandika makatên, sang prabu lajêng dhawuh mêndhêt pêdhèt ingkang sampun pêjah wau supados katumpangakên ing gilingan, dene sang rajaputra supados kapasang ing sangajêngipun, supados sagêd kagilês samôngsa gilingan sampun kaubêngakên. Kaelokaning Pangeran, sarêng gilingan sampun badhe kalampahakên, pêdhèt ingkang sampun pêjah wau gêsang malih, mancolot saking gilingan, mlajêng murugi biyungipun, sangêt andadosakên gawokipun ingkang sami nyumêrêpi. Sang rajaputra ugi lajêng kaluwaran, andadosakên bingahipun tiyang sanagari.

Sang prabu kajawi kagèt sarta bingah uninga ngêsanging pêdhèt wau, [wa...]

--- 166 ---

[...u,] ing galih ugi merang, bokbilih kakintên angagêm guna kasêktènipun, pramila lajêng dhawuh dhatêng kawulanipun makatên: sira aja padha anyana, yèn iku saka kasêktèn ingsun, ora liya iku mung minôngka pratôndha sihing Allah Tangala marang para kawula kang asih lan pracaya ing Pangerane, anglakoni saujaring dalil, nora gingsir lawan ukumullah, têrus ing lair batin. Lamun sira padha ngira iku saka karamat ingsun, iku sira luput, padha sira nyuwuna pangapura ing Pangeran. Pratandhane lamun pangènpangeran. iku adil, anarima marang wong kang narima, lila lêgawa tumêkaning pati saka ngantêpi khukume, mula Pangeran iya banjur paring pangapura ing sakabèhing dosane, kaya kang wus sira sipati dhewe kabèh.

Wosing dongèng, sintên ingkang purun tumindak adil, nêtêpi punapa mêsthinipun, tanpa mawas sintên tiyangipun, tindakipun wau tamtu tinampi ing Pangeran, sarta badhe wontên lêlampahan ingkang dados pasaksèn lêrêsing tindakipun wau.

Na.

WAWASAN BUKU

Sêrat Joesoep, wêdalan Bale Pustaka, S. no. 1444; bukunipun alit, isi 100 kaca langkung, rêgi f 0,16.

Sêrat Yusup punika basanipun Jawi mawi têmbang, têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên

--- 167 ---

ing Koninklijk Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen. Pangêcapipun mawi akasara Latin agêng-agêng, gampil pamaosipun sanajan ing wanci dalu, pancèn pandamêlipun ugi ngèngêti kabêtahanipun sadhèrèk ing padhusunan, sami rêmêna maos, kangge cagak lèk.

Isinipun nyariyosakên lêlampahanipun Nabi Yusup, putranipun Nabi Yakub, ingkang dipun paeka sadhèrèkipun piyambak, kacêmplungakên ing sumur, dipun tulungi juragan Ki Basir, lajêng tumut dagang dumugi ing nagari Mêsir. Ing ngriku lajêng kadadosakên pêpatihipun sang prabu. Sarêng sang prabu seda, Nabi Yusup gumantos jumênêng nata sarta lajêng dhaup kalihan Dèwi Jaleka. Sasedanipun Nabi Yusup lajêng dipun gêntosi putra Nabi Brahim.

Dongèngipun nêngsêmakên sangêt. Malah saking pamanggih kula mbotên namung kangge tiyang sêpuh kemawon, kangge dongèng lare langkung prayogi sangêt, nanging inggih kêdah kabêsut rumiyin. Pramila saupami redactie Mardi-Siwi kaparênga usul, kangge kabêtahanipun lare Bale-Pustaka karsaa ngyasakakên buku Yusup malih ingkang gancaran, basanipun ingkang prasaja, kapilihana dêdonganipun ingkang anarik manahipun lare, kados ta anggènipun Nabi Yusup dipun gêthingi dening sadhèrèk-sadhèrèkipun, jalaran dipun trêsnani sangêt dhatêng kêng ramanipun; pambêkanipun Yahuda ingkang beda kalihan sanès-sanèsipun. Kêncênging panggalihipun Nabi Yusup, anggènipun sagêd ngampêt trênyuhing panggalih pirsa kadang-kadangipun, sarta ingkang rayi ingkang kinasih pun Bunyamin. Cariyosanipun Nabi Yusup kalihan Dèwi Jalika botên pêrlu kapanjang-panjangakên.

Barèsipun ing sadèrèngipun kula tampi buku Yusup wau, kula kalêrêsan mêntas kemawon maos cariyos wau wontên ing Kinder-bijbel, manah kula kapranan sangêt ing saening dêdongenganipun.

Ing wasana kasêmbadan tuwin botênipun pangajêng-ajêngipun redactie, namung nyumanggakakên ingkang kawogan ing Bale-Pustaka.

Sêrat: Pamardining Turun, karanganipun Atmo Joedo Soedjono, kabantu dening M. Hardjodarsono tuwin Mr. R. Soewahjo Soemodilogo ing Magêlang, rêgi f 0,25.

Isinipun buku ingkang saperangan agêng kangge angrêmbag lampah-lampah ingkang pêrlu katindakakên ing sadèrèngipun wiji wontên lan nalika taksih wontên ing guwa garbanipun biyung. Kados ingkang kawrat wontên ing purwakanipun Mr.

--- 168 ---

R. Soewahja kula sampun botên mêwahi kathah-kathah. Ing ngriku kathah pitêdah-pitêdah ingkang kenging kita angge. Dene pamanggih ingkang kita dèrèng sagêd mupakati, namung minangka kangge ular-ular. Buku wau pancèn prayogi kangge waosan sintên ingkang mrihatosakên dhatêng badhe wontêning turunipun.

Bausastra Jawi - Mêlayu, karanganipun R. Dibjohardjijo, Schoolopziener ing Munthilan rêgi satunggal buku f 1.20.

Bukunipun alit, isi 138 kaca, amot kirang langkung 6000 têmbung Jawi dipun sisihi têmbungipun Mlayu, prigêl madosi têmbung-têmbungipun Mlayu manawi damêl karangan Mlayu utamiutawi. mêrtal Jawi dhatêng basa Mlayu jalaran isinipun dipun perang-perang manut jinisipun. Namung têmtunipun buku alit ingkang namung samantên kandêlipun punika inggih dèrèng nyêkapi samudayanipun, têgêsipun inggih taksih wontên têmbung-têmbung ingkang dèrèng kamot wontên ing buku wau, upaminipun ingkang bangsaning kewan têmbung tripang, asu, asu ajag, kruma. Ingkang kangge kabêtahaning para pangrèh praja upaminipun pajêg, paprentahan, panggêdhe lan sapanunggilanipun.

Saking pangintên kula pancèn wontên rancanganipun ingkang kagungan karangan mêwahi isinipun buku wau, samangsa mbenjing angêcap malih. Utawi inggih sampun limrahipun, manawi bangsaning bausastra (woordenboek, woordenlijst) punika dadosipun kalihan mlampah. Samangsa kathah ingkang ngangge, kathah ingkang anyaruwe ingkang atêgês suka tambahan, pitêdah sarta pamrayogi kawontênanipun inggih sangsaya langkung sampurna.

Red. Ms.S.

ISINIPUN M.S. No. 7:

Lair lan batos - Sanès dongèng - Panuwun - Bêbudèn sae lan awon - Paedahipun lichamelijk opvoeding wontên ing pamulangan - Panggulawênthah lare - Tumindak ing adil - Wawasan buku.