Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 8 20 Augustus 1941 Th. VIII.

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta, p/a SOENARJA, Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA, Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

LAIR LAN BATOS

(Sambêtipun M.S. No. 7 Th. VIII)

Kaping sakawan. Sanadyan manungsa punika sampun kadunungan raos kêdah wani kurban, ewasamantên anggènipun ngêcakakên kurban wau kêdah mawi kawruh utawi pangêrtos, awit manawi anggènipun ngêcakakên kurban punika wau botên pratitis, inggih taksih wontên kuciwanipun, amargi kurban ingkang botên mapan punika tumusipun ugi botên prayogi. Sakmangke lajêng tuwuh pitakenan, punapa ta ingkang kêdah dipun kurbanakên.

Miturut kawruh kabatosan ingkang kêdah kakurbanakên punika barang ingkang botên wontên têlasipun. Amargi kurban barang ingkang sagêd têlas punika sanès kurban ingkang sêjati, awit botên sagêd amitulungi dhatêng tiyang ingkang nampèni kurban, utawi botên sagêd dados kamajênganipun ingkang nampèni kurban wau. Mahatma Gandhi sampun mratelakakên wontên ing bukunipun: "De ethische religie" makatên: Tiyang suka têdha dhatêng tiyang ingkang kalirên ingkang mêdal saking raos kuwajiban punika nama tiyang ingkang gadhah lampah sae. Ananging têdha ingkang kasukakakên wau botên sagêd anggêsangakên raosipun tiyang ingkang kapitulungan badhe nguwalakên [ngu...]

--- 170 ---

[...walakên] sangking kasangsaranipun piyambak. Punika inggih nama kurban, namung kurban botên mawi kawruh utawi pangêrti. Awit tindak ingkang makatên wau sagêd nênuntun dhatêng watak kêsèd. Mila M. Gandhi mratelakakên manawi tiyang ingkang kalirên wau sagêd katulungan mawi sarana sanèsipun kajawi têtêdhan inggih punika dipun sumêrapakên dhatêng ingkang nuwuhakên kawontênanipun kalirên. Manawi pun tiyang ingkang kalirên wau sampun kraos manahipun, badhe botên purun dipun pitulungi, malah thukul sêdyanipun mitulungi dhiri pribadi.

Kaping gangsal. Dados saklêbêtipun manungsa nindakakên kurban têmtunipun angsal pangalaman-pangalaman kadospundi tumanjanipun kurban punika wau. Awit saking sêsêrêpan ingkang pinanggih, manungsa lajêng sagêd prêmana anggènipun suka kurban, têgêsipun lajêng sagêd sumêrêp dhatêng panganggening kawruh ingkang pikantukipun saking pangalaman wau. Dados awit saking anglampahi 4 prakawis wau manungsa lajêng sagêd sumêrap kalayan pratitis kadospundi badhe panganggenipun pun sêsêrêpan.

Kaping ênêm. Wiwit angka 1 dumugi angka 5 amratelakakên tataranipun tiyang ingkang ngudi dhatêng lampahing batos, inggih punika anggènipun badhe ngupados sawijining gêsang. Manawi sampun dumugi tataran ingkang kaping 5 wau manungsa saya inggil drajating kabatosanipun, mindhakipun malih dumugi tataran ingkang kaping 6 manungsa ngancik dhatêng kamardikaning batosipun utawi dhatêng vrijheid. Têgêsipun tiyang ingkang sampun dumugi tataran kaping 5 wau sampun botên kabanda dening kêkajêngan ingkang tumuju dhatêng akunipun piyambak. Kenging kapratelakakên manawi tiyang ingkang sampun samantên wau sampun sagêd angrucad dhatêng sadaya ingkang anutupi utawi anglimputi dhatêng babaring gêsang sêjati.

Kaping pitu. Manawi sampun dumugi samantên drajating batosipun manungsa lajêng sampun sagêd ngudhari bêbandhan ingkang nama aku wau, lajêng sagêd dumugi ing kasunyatan, têgêsipun sumêrêp dhatêng pilah-pilahing agêsang, wontênipun namung lêga lêgawa, raos ajrih sampun ical, raos botên ngandêl lan sanès-sanèsipun sampun sêpên. Gêsangipun sampun botên winêngku ing durgamaning tiyas, wontênipun namung badhe suka utawi mbabar panguwasaning gêsang. Tiyang ingkang makatên wau tandukipun dhatêng sasami namung ngêblak wontênipun, amargi warana ingkang ngaling-alingi sampun sagêd kabirat, raosipun namung kadosdene raosing sadhèrèk. Kajawi punika tiyang ingkang sampun dumugi samantên sampun sagêd sambêt botên wontên pêdhotipun kalayan

--- 171 ---

gêsang, mila inggih sampun lajêng sagêd sumêrap kemawon dhatêng sadaya osiking manungsa utawi sagêd sumêrap dhatêng punapa ingkang dipun raosakên utawi dipun pikir dening sasamining gêsang, mila inggih lajêng sagêd amadhangakên tiyang ingkang wontên ing salêbêting pêpêtêng.

Samangke kula angrêmbag babaring gêsang ingkang nama lair. Ing nginggil sampun kula pratelakakên kadospundi titikanipun ulah kalairan lan ulah kabatosan. Panitikipun saking kawontênaning tanduk utawi handêling. Ing nginggil sampun kula pratelakakên wiwit angka 1 dumugi 7 bab lampahing batos ingkang nama minangka babaring gêsanging batos. Sakmangke kula badhe mratelakakên ingkang tumuju dhatêng kalairan.

1. Tiyang wontên ing alam donya punika bêtah sandhang, têdha tuwin griya. Sintêna kemawon ingkang gêsangipun namung tumuju dhatêng cêkaping kabêtahan warni 3 wau nama ulah kalairan, tuwin malih drajating kalairan ingkang kados makatên wau nama ingkang ngandhap piyambak. Awit sadaya daya ingkang sumimpên wontên ing angganing manungsa dados cipta rasa karsanipun namung tumuju dhatêng cêkaping têdha, saening pangangge tuwin rêgênging gêgriya. Punika kawastanan tiyang ingkang ulah kadonyan. Sampun mêsthi kemawon tiyang ingkang makatên wau ingkang wontên ing ngajêng namung raos dhatêng badanipun piyambak.

2. Babaring gêsang ingkang tumuju dhatêng kalairan taksih wontên undhak-undhakanipun malih, inggih punika ingkang tumuju dhatêng kamuktèn. Saksampunipun manungsa sampun kadumugèn anggènipun ulah kadonyan kados ing bab 1 manungsa lajêng ngêgungakên kamuktèn, inggih kamuktèning lair inggih punika angraosakên sakecanipun utawi nikmatipun tiyang ingkang rinubung ing bandha lan tansah sagêd kadumugèn ing kajêngipun, punika kamuktèn lair ingkang nama taksih agal.

3. Kamuktèn punika botên namung agal kemawon ingkang alus ugi wontên. Tiyang ingkang ulah kalairan asring kemawon ngêgungakên kamuktèn ingkang alus-alus, upaminipun pangaji-aji, sinêmbah-sêmbah lan sakpiturutipun. Punika sadaya kalêbêt kamuktèn ingkang ugi atêgês saya angagêngakên raosing aku saya ngandêlakên buntêling gêsang ingkang pancènipun kêdah dipun tipisakên supados dayaning gêsang punika sagêd sumorot dhatêng jawi. Punika sadaya botên badhe sagêd damêl karahayoning bêbrayan, amargi sampun dados wataking manungsa samangsa gêmpil kaluhuranipun têmtu lajêng nuwuhakên padudon.

--- 172 ---

4. Ulah kadonyan, kamuktèn kasar lan kamuktèn alus punika sadaya mawi daya ingkang dumunung wontên ing sanubarining manungsa. Daya-daya wau sadaya katujokakên dhatêng kamuktèning lair ingkang kasar. Nanging manungsa ugi sagêd ngangge daya-daya wau namung botên katujokakên dhatêng kamuktèning lair, namung dipun angge ngolah kalairan ingkang alus. Manawi sagêd anggènipun migunakakên pun daya-daya wau manungsa ugi badhe saya mindhak drajating kalairanipun sanajan kalairan ing ngriki punika nama sampun alus sangêt, amargi manawi sampun pratitis anggènipun migunakakên daya-daya wau manungsa sagêd ngancik tataran helderziendheid utawi kawicaksanan.

5. Dados tiyang ingkang gêsangipun katujokakên dhatêng kawicaksanan utawi helderziendheid punika wau nama taksih ulah kalairan botên ulah kabatosan amargi kula sadaya ugi sami sumêrap kawicaksanan ingkang kados makatên wau limrahipun kangge anyêkapi kabêtahanipun wontên ing alam donya, ingkang taksih nama asipat lair, upaminipun para tiyang ingkang ulah helderziendheid wau sagêd nyukani pêpadhang dhatêng ingkang sakit ngupados jampi, dhatêng tiyang sêdhih manahipun ngupados icaling kêribêtanipun, makatên sakpiturutipun. Bab punika ing jagad Jawi botên nama barang ingkang anèh. Para tiyang ingkang sami karibêtan manahipun ing bab punapa kemawon asring ngupadosi tiyang ingkang wicaksana wau sagêta ambirat rêribêtipun, wosipun taksih kangge ngladosi dhatêng pakartining aku.

6. Tiyang ingkang pados têntrêming manahipun mawi sarana agami utawi piandêl mawarni-warni, punika ugi taksih nama ulah kalairan. Tiyang-tiyang wau sami ngupados piandêl tundonipun lajêng pasrah dhatêng piandêlipun punika wau ing wasana sagêd têntrêm manahipun. Dados inggih nama botên badhe ngicali buntêl ingkang nutupi gêsangipun, malah tiyang ingkang makatên wau raosing akunipun ugi saya kandêl.

Nitik andharan ing nginggil punika wau tumrap lêlampahanipun bangsa kula adêging gêsangipun kêdah mawi waton ingkang angka 1 inggih punika ingkang nuju dhatêng nyawijining gêsang inggih punika ingkang nama ulah kabatosan, amargi ulah kalairan namung tumuju dhatêng badanipun piyambak. Kabatosan nuju dhatêng kawilujênganing bêbrayan tuwin rahayonipun jagad.

SOETEDJA.

--- 173 ---

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. ôngka 7 Th. VIII.).

Kyai Nur. Manawi kabatinan, kabêgjanipun dumunung wontên ing manah, botên dipun dhasarakên kawontênan lair. Ing salêbêting manah, ngakêni bilih wontên pangawasa agung, ingkang murba amisesa sadaya alam dalah saisèn-isènipun, limrahipun sami kawastanan: Pangeran, utawi Gusti Allah. Kawontênan punika kenging cinôndra kadosdene palabuhan, dene manahipun para tiyang, kaupamèkakên kadosdene baita. Manawi baita punika sampun lumêbêt ing palabuhan, lajêng anglabuh jangkaripun, punika lajêng têntrêm, botên wontên ombak utawi alun ingkang nguwatosi. Makatên ugi manah ingkang sampun sagêd jinêm wontên ing pangayunaning Pangeran, lajêng mardika saking sadaya bêbaya, botên kombak kombul tansah sinabêtakên aluning kadonyan ingkang tansah molak-malik. Amila lajêng dipun dèkèki ular-ular arupi: kapracayan, pikajênganipun kadosdene kompas ingkang tansah ngacung nêdahakên prênahing keblat, dados ing ngriki, kapracayan [kapracaya...]

--- 174 ---

[...n] ingkang minôngka tuntunan tansah nêdahakên richting arahing Pangeran. Lampahipun baita sampun botên patos menggak-menggok, sabab gadhah ênêr nurut kompasipun.

Lampahing manah samangke punika, sajak sampun botên patos migatosakên kompas, dados menggok dhatêng alaming kalairan, mubang-mubêng wontên ing ngriku, botên wontên kèndêl-kèndêlipun dipun bêntusakên ing sela karang. Kajêngipun kêpengin badhe labuh, nanging botên sagêd angsal palabuhan, makatên panyôndra kula, gèr.

Dèn Karya. I, i, kasinggihan kyai. Yèn makatên prêlu sangêt manah punika dipun gulawênthah, sagêdipun angsal palabuhan ingkang têntrêm, makatên punika nama bêgja.

Kyai Nur. Inggih, gèr, ingkang kula aturakên punika sayêktosipun dhêdhasaring wulang agami, ingkang kapisan, manahipun tiyang dipun sambêt kalihan Pangeran sarana kaprêcayan. Sagêda sabên manah punika angênêr dhatêng palabuhan sajati. Dene sagêdipun patitis lampahipun, tansah nyawanga ting mênaraning palabuhan, [palabuh...]

--- 175 ---

[...an,] punika ingkang sasat suka sasmita: gilo, pêpadhang iki awasna, paranana, mêngko bakal têkan ing katêntrêman. Mênggah ting punika pralambang piwulangipun agami ingkang kawajibakên. Badhe kasambêt.

Tiyang Sêpuh Ingkang Patitis, Andadosakên Kabêgjanipun Anak

Botên sabên lare ingkang linairakên wontên ing familie sugih, luhur darajatipun, utawi mukti wibawa, punika andadosakên bêgja anggènipun tumitah gêsang. Nanging namung tiyang sêpuh ingkang patitis, anjalari kabêgjanipun anak. Sabên tiyang sêpuh, sampun têmtu kêpengin anak-anakipun punika sagêda kêlampahan kados pangajêng-ajêngipun. Nanging rekadaya, sêtiyar ingkang nuntun urut margi ingkang anjog dhatêng ideaalipun, punika kêrêp botên dipun têtêpi.

Murih ragi sagêd anggampilakên lampahing sêtiyar, punika sabên tiyang sêpuh wajib nyumêrêpi dhatêng anak-anakipun:

a. Kadospundi dhêdhasaranipun wataking anak? Yèn ing basa Walandi limrahipun kawastanan aanleg.

b. Dhasaring watak ingkang têtela kirang prayogi, dipun ingar-ingêr, sampun ngantos angsal rabuk. Sabab samangsa angsal kanca utawi conto ingkang nunggil laras, mêsthi lajêng saya rosa. Amila dipun jagi sampun ngantos watak wau dipun têtangi. Dene watak ingkang têtela sae, sanajan tipis, pêrlu dipun lêlêma, supados saya ngrêmbaka.

c. Lare pêrlu sangêt, dipun gêgulang sagêda gadhah watak: wani tanggung jawab. Kêcunggah gêsang piyambak, botên namung tansah anjagèkakên pitulungan saking ngrika-ngrika. Yèn kulina punapa-punapa sagêd nandangi piyambak, dumugining sêpuh, badhe sagêd zelfstanding gêsangipun.

d. Lare punika pêrlu dipun gêgulang mêmikir piyambak, akiripun badhe sagêd madosi sabab-sababipun ingkang andadosakên rikating gêsangipun. Kulina manut, kulina andhèrèk, kulina nurut, punika prasasat mêjahi pikiran.

--- 176 ---

Kawan bab a-d punika manawi têrus-têrusan dipun ulat-ulatakên, sampun têmtu badhe agêng dayanipun. Yèn kalampahan lare sagêd gadhah watak a. t/m d punika nama gêsang bêgja. Dados bêgja ing ngriki botên namung ngraosakên kanikmatan anggènipun tansah kinêmbong ing donya brana, kauyun-uyun ing tiyang kathah dening kaluhuraning pangkatipun. Nanging sagêdipun patitis anggènipun gêsang, punika langkung pêrlu.

Sumangga kagalih ingkang patitis.

W.

Bedanipun Pikir Kalihan Raos (Kalbu)

Gêsang kita manungsa ing alam donya ngriki punika, pinaringan kêkiyatan 3 golongan. Inggih punika: 1. Kakiyataning pôncadriya lair, 2. Kakiyataning pikir (nala) dalah golonganipun, tuwin 3. Kakiyataning raos (ninging kalbu) inggih dalah sagolonganipun.

Pôncadriya lair cacahipun wontên 5 inggih punika: paningal, pamirêng, panggêpok, panggônda, lan pangicip. Sadaya wau sami gadhah katiyasan piyambak-piyambak, sarta sami dumunung wontên ing padununganipun. Kados ta: paningal, pamanggènipun wontên ing mripat, katiyasanipun kangge ambedak-bedakakên sadaya rêrupan lan wêwangunipun samubarang [samu...]

--- 177 ---

[...barang] ingkang kasat mripat. Pamirêng, pamanggènipun wontên ing talingan, katiyasanipun kangge mêmirêngakên ing samubarang swara. Panggônda, pamanggènipun wontên ing grana, katiyasanipun kangge ambedak-bedakakên sawarnining gônda (ambu). Panggêpok, pamanggènipun wontên ing kuliting badan sakojur, katiyasanipun kangge anyatakakên ing alus, kasaring sadaya kaanan. Pangicip, panggenanipun wontên ing ilat (lidhah) katiyasanipun sagêd ambedak-bedakakên ing sawarnining raos asin, kêcut, lêgi, pait, t.s.s. Sadaya wau, panganggenipun botên kenging upami kawolak-walik. Têgêsipun mripat (paningal) botên kenging upami kangge mirêngakên ing swara. Makatên ugi kosokwangsulipun.

Sadaya kawontênan ingkang sampun kairup dening pôncadriya lair 5 iji wau, mêsthi lajêng tinampèn dening pôncadriya ôngka 2. Inggih punika pikir dalah golonganipun cacah ugi 5. Ingkang sami dêdunung wontên ing utêk, dene nama-namanipun kados ing ngandhap punika:

1. Isulmustarok, katiyasanipun sagêd nampèni gêgambaranipun samubarang kaanan ingkang tinampèn dening pôncadriya lair wau, lajêng sagêd cumithak ing ngriku.

--- 178 ---

2. Apal (apil). Katiyasanipun sagêd amèngêti ing sadaya kaanan wau, botên badhe kasupèn.

3. Tadkir. Katiyasanipun sagêd mitulungi ing apal wau, samôngsa kasupèn.

4. Tahyil, pamraceka utawi pangracik. Katiyasanipun sagêd mraceka, utawi anggothak-gathukakên ing satunggiling kaanan, kalihan kaanan sanèsipun.

5. Pikir (nalar), katiyasanipun sagêd milah-milahakên ing samubarang kaanan ingkang kairup dening pôncadriya, ingkang lêpat kalihan ingkang lêrês. Jalaran pangiruping pôncadriya, punika dèrèng têmtu bilih sagêd nyocogi kalihan kanyataanipun.

Upaminipun ingkang botên nocogi kados ta: paningal kita nyawang margi sêpur (ril) sampun mêsthi katawis mingkup. Lajêng tinampèn dening isulmustarok lan apal. Nalika punika sanadyan kita lajêng mêrêm (botên têrus ningali ing ril sêpur wau) nanging gêgambaranipun taksih katingal gawang-gawang cumithak ing isulmustarok, sarta dening kakiyataning apal, botên badhe sagêd kasupèn. Sasampunipun makatên, tahyil lajêng tumandang anggandhèngi ril wau, kalihan grêbong sêpur ingkang sami tumumpang, lan sagêd malampah têrus, sasampunipun sagêd nyata kêmpalipun, lajêng kapasrahakên [kapasrahakê...]

--- 179 ---

[...n] dhumatêng pikir (nalar). Sanalika pun nalar (pikir) sagêd matitisakên pangiruping paningal bilih ril sêpur punika katingal mingkup, punika sampun lêrês punapa botên? Putusanipun mêsthi mastani botên lêrês, jalaran upami lêrês mingkup yêktos, pun grêbong mêsthi botên sagêd têrus malampah numpang ing rilipun.

Conto malih. Manawi kita ing pucaking rêdi nglêrêsi môngsa badhidhing. Anggêpok ing wedang umob, botên kraos bêntèr, pangiruping panggêpok kados makatên wau, mêsthi lajêng cumithak, lan cinêthêt ing isulmustarok, bilih wedang umop punika botên bêntèr, nanging tahyin nyatakakên bilih wedang wau sagêd adamêl malonyohing kulit. Mila pun pikir sagêd lajêng mutusi bilih wedang wau pancèn inggih bêntèr, namung panggêpoking kulit ingkang botên lêrês (cocog kalihan nyatanipun), jalaran upami botên bêntèra, masthi botên sagêd damêl malonyohing kulit.

Kados makatên punika sapiturutipun.

Kawuningana, jalaran katarik saking kawontênan, kakiyataning manunsa ingkang tumrap ing utak 5 rupi wau, awit ingkang racak saras sadayanipun. Ingkang sabagean kathah, sami awrat sih. Dene manawi sagêd racak saras sadaya, [sa...]

--- 180 ---

[...daya,] babaranipun tumrap sinau ing ngilmu (kawruh) katingal anggèning trampil (candhakan) apalan, botên gampil kasupenan, sagêd nalusur ing satunggiling kawontênan ginathukakên kalihan sanèsipun (pangothak-athik) sarta sagêd mutusakên sadaya ngilmu, cocog kalihan kawontênan ingkang dipun ngilmoni.

Sawênèh saking manungsa wontên ingkang kiyat isulmustarogipun, nanging apalipun kirang kiyat. Tiyang kados makatên punika, katingal trampil anampi ing pangiruping pôncadriyanipun, nanging sasampuning kalêbêt ing isulmustarog, lajêng inggal kasupenan (lalèn), sawênèh wontên ingkang isulmustarog, lan apilipun nyata kiyat (saras) nanging tahyilipun ingkang lêmbèk, manawi makatên, kawontênanipun, katingal trampil lan apilan, nanging kirang gagasanipun dhatêng prakawis sanèsipun ingkang sampun katampi. Lan wontên ingkang kiyat tumrap prakawis tahyil, apal, isulmustarokipun, nanging pikiripun kêthul. Punika sagêd kalampahan sugih ngilmu, tur inggih apilan, nanging sadaya ngilmunipun wau sami mogol, botên sagêd dipun pathoki pundi ingkang lêrês, lan pundi ingkang lêpat. Makatên ugi kosokwangsulipun. Têgêsipun kadunungan pikir saras, nanging apalipun kirang saras, punika

--- 181 ---

lajêng katingal lantip ing lêrês lêpating pamanggih, nanging kêsupenan (gampil kasupèn).

Kêkiyatanipun sadaya wau sagêd molah-malih margi katarik dening nèm sêpuhing tiyang utawi lare. Kados ta: lare ingkang nêmbe umur 4 dumugi 7 taun, punika ingkang langkung kiyat apalipun, dene tahyil lan pikiranipun taksih lêmbèk, sarêng wiwit 7 dumugi 15 taun apalipun radi suda sawatawis, nanging tahyil lan pikiripun mindhak kiyat, manawi sampun umur 15 dumugi 21 taun, apalipun suda, nanging pikiranipun sagêd mindhak kiyat. Kados makatên ngantos salajêngipun. Prakawis punika jerenganipun botên kula aturakên ing ngriki, jêr sampun kêrêp kaandharakên ing Mardi Siwi ngriki, dening para ingkang ahli andhidhik, ingkang langkung paham katimbang kula. Badhe kasambêt.

CARIYOS NYATA

Pakne, Si N. dina mau rak ora sêkolah ta. Mau esuk durung adus durung barang, wis wiwit ndondomi, nutugake olèhe nggawèkake kathok monyèt adhine. Kira-kira jam sêtêngah sanga kancane si M. têka nunggang piet, "N. N. ayo padha dolan. Nèk pietmu diênggo mbakyumu, mboncènga aku kene."

Aku ya krungu gunême Si M iku, nanging aku ora ngetok, mung ngintip saka mburi jêndhela ngrungokake wangsulane Si N. Wangsulane mêngkene: "La piye, aku lagi ndondomi ki. Rana golèka kanca liya wae, saiki aku ora bisa mèlu tênan.

--- 182 ---

Ya wis ta N, nèk kowe ora bisa mèlu, aku tak ngajak si K. wae. Daag. Daag, veel plezier."

Aku ing batin ngalêm bangêt marang Si N. Nanging aku mênêng wae, batinku mangkene: "Bèn nutugake nggone ndondomi dhisik, mêngko wae nèk wis rampung, aku tak nglairake pangalêmbanaku. Aku banjur mangkat olah-olah ana ing pawon. Ora lêt suwe ana manèh kancane têka iya nunggang piet, yaiku si P. Aku nuju ana ing sênthong, mula ya krungu wae nggone padha gunêman.

Si P. saka kadohan wis cêluk-cêluk mêngkene: "N, N. ayo padha dolan, kene mboncènga aku ta wis!"

Si N. mêksa kêncêng ora gêlêm. Wangsulane mangkene: "La piye, mau M. ya wis rene, ngajak dolan aku, nanging aku êmoh, marga lagi ndondomi. Nèk durung rampung nggonku nggawèkake kathok monyèt adhiku, aku durung arêp dolan. Karo manèh esuk iki pancèn wis tak niyati arêp ana ngomah wae.

Kowe iku têka nggêthingake têmên ta N. wong libur-libur dijak dolan têka dilampu ndondomi. Apa kuwi, têka gêlêm-gêlême. Nèk aku suthik ngono kuwi.

La piye ta P. wong adhiku akèh, nèk aku ora rewang-rewang rak ya mêsakake ibu ta.

Ya wis kono ndondomana wae, nèk aku aluwung dolan. Daag veel plezier met het naaien (olèha kasênêngan sing akèh saka nggonmu ndondomi). Daag, veel plezier hoor."

Barêng si P. wis mungkur, aku banjur marani Si N. "Ya ngono kuwi sing jênênge bocah kampiun, dijak dolan kancane kongsi ping pindho mêksa kêncêng ora gêlêm.

Aku wingi rak wis matur marang ibu ta, dina iki aku pancèn arêp nang ngomah wae.

Bêcik bangêt N. nèk kowe ngono kuwi. Wong kowe aja mung mela-mèlu kancane wae, kudu wani ngantêpi tekade dhewe-dhewe. Sakwêruhku bocah-bocah saiki sing akèh janji diampiri kancane dijak dolan, age-age nggone nuruti, sanajan pancène ora pati karêp, ora wani mangsuli êmoh utawa rikuh, kuwatir mundhak diarani wong nyêngit. Aku ora nglarangi bocah dolan utawa dolanan, janji ora ngliwati watês. Nèk kowe mung tansah arêp sênêng-sênêng wae, apa mênèh banjur suthik ndondomi utawa nyambut gawe liyane kaya kandhane si P. mau, ibu ya mêsthi wae ora marêngake. Wong dolan ana wêktune dhewe, wong dolanan ya ana mangsane dhewe, wong nyambut gawe sêmono uga.

Makatên cariyosipun semah kula dhatêng kula. Kadadosan punika sakkêclapan sajak sêpele, tur sajak sagêd ugi wontên [won...]

--- 183 ---

[...tên] ingkang mastani pamèr, nanging manawi kaulur sagêd dados panjang, tur inggih sagêd ugi wontên paedahipun.

Tiyang nggulawênthah lare punika sanajan awêwaton kawruh lan pangalaman, dèrèng têmtu sae dadosipun, margi ingkang ngalang-alangi kathah sangêt, langkung-langkung ing kalanganipun bangsa kula sapunika. Ingkang kula anggêp ngalang-alangi, inggih punika upaminipun: êmbahipun lare ingkang limrahipun tansah klèntu panindakipun ing bab panggulawênthah, margi sêpên ing kawruh tur botên purun ngêrtos, manawi dipun sêrêp-sêrêpakên klèntuning panindakipun. Kaping kalih para pamonging lare (abdi) ingkang babarpisan sêpên ing pangêrtosan. Kaping tiganipun inggih punika sêsrawunganipun lare.

Sapunika jaman pakêmpalan, botên namung tiyang sêpuh lan para neneman ingkang sami ngêdêgakên pakêmpalan nanging lare-lare ugi botên purun kantun. Pakêmpalan-pakêmpalan wau adamêl saya rakêting sêsrawunganipun lare sami lare. Lare-lare wau sapunika saya gampil sagêdipun dayan-dinayan mênggahing wêwatakanipun. Daya-daya wau têmtu kemawon wontên ingkang sae wontên ingkang awon. Makatên wau adamêl saya awratipun sêsanggènipun para tiyang sêpuh ingkang sami ngudi kawruh babagan panggulawênthah lan nindakakên. Para sêpuh saya kêdah tansah mulat, sagêda njagi, sampun ngantos putra-putranipun tansah angsal daya ingkang kirang prayogi. Yèn pancèn pêrlu kêdah wani (botên rikuh) ngèngêtakên putranipun supados sampun kalajêng-lajêng anggènipun sêsrawungan kalihan sintêna kemawon ingkang kakintên kirang prayogi. Ing ngriki ingkang langkung wigatos inggih punika sagêdipun lare nggêga dhatêng pêpèngêtipun tiyang sêpuhipun. Wontênipun samangke kathah kemawon lare ingkang sampun ngancik mangsa birai (pubertydsperiode=moeilyke periode) botên ngrèwès dhatêng pêpèngêt wau. Makatên punika botên sanès inggih saking klèntuning panyêpêngipun wiwit lare taksih alit. Bab punika sampun asring karêmbag wontên ing udiyana ngriki, dados botên pêrlu dipun ambali malih.

Kula bapakipun pun N.

--- 184 ---

Kawruh Bab Lare

Bab Lare Ingkang Luwar Biasa

(Wangsulan Pitakenanipun Sadhèrèk S. Ing Mardisiwi No. 7 wulan Juli 1941, taun VIII)

Lare ingkang Alot Wêdaling Ginêmipun.

Kita sadaya kintên kula sampun nate sami sok mrangguli lare ingkang angèl sangêt manawi badhe rêmbagan, alot wêdaling ginêmipun, mênawi sampun mêdal, lajêng groyok, asring botên sagêd dumugi. Katingalipun rêkaos sangêt, sampun angêtog kêkiyatanipun, ototipun ing rai ngantos katingal kêncêng sadaya, ewadene sanajan sampun mathênthêng makatên, wêdalipun têmbung têrkadhang namung sakêcap, kalih kêcap, lajêng mak glagêp... sêtop malih. Manawi nyumêrêpi kawontênan makatên wau kita lajêng mêsakakên, kados badhe nyurung-nyurunga, badhe andudul-dudula têmbung ingkang sami botên purun mêdal wau, nanging limrahipun inggih namung kèndêl kamiwêlasên kemawon. Malah manawi kita katingal sajak radi botên sabar ngêntosi, pun lare lajêng sangsaya wêwah glagêpanipun, groyokipun. Manawi mrangguli kawontênan kados makatên punika, kita kêdah lajêng kadospundi, punapa ingkang kita tindakakên.

--- 185 ---

Ingkang pêrlu kita kêdah nyumêrapi, punapa sabab-sababipun. Wontênipun lare alot utawi groyok ginêmanipun, punika pancèn inggih kabêkta kirang sampurnaning pirantosipun rêmbagan, wontên cacadipun spraakorganen, kadosdene lare ingkang pelo utawi cedhal, punika ugi saking pirantosipun rêmbagan ingkang wontên kêkiranganipun, ilatipun kandêl, kêcêlakên, tuwin sapanunggilanipun, punika ingkang sagêd mriksa têrang namung para dhoktêr. Manawi dipun talatosi dipun gladhi sarana lampah ingkang lêrês, pelo utawi cedhal punika sagêd ical (mantun) wondene bab alot utawi groyok, punika amargi saking angèl utawi upami cara mêsin makatên, sêrêd lampahing pirantosipun kangge rêmbagan, ugi kabêkta saking bayu sarap (zenuwen) ingkang nglampahakên pirantos wau. Lare groyok wau limrahipun inggih gugupan, tipisan manah, jirihan lan sapanunggilanipun. Manawi kalêrêsan badhe rêmbagan, môngka lajêng dipun sêntakakên utawi dipun sêsa-sêsa, malah lajêng blêkukan, têrkadhang inggih botên mêdal babarpisan. Pramila manawi badhe mitulungi lare ingkang makatên wau, inggih kêdah mawi patrap ingkang sarèh, têmbung ingkang alus lan angrêsêpakên, polatan ingkang sumèh botên angajrih-ajrihi, pêrlunipun lare sampun [sampu...]

--- 186 ---

[...n] ngantos ajrih, manahipun tatag. Kathah kemawon lare ingkang groyok utawi alot rêmbagipun punika namung manawi wontên ing ngajênganipun tiyang ingkang dipun ajrihi kemawon, upaminipun guru utawi pangagêng sanèsipun, ananging manawi amor kalihan kancanipun para lare inggih limrah sagêd wicantênan. Dados têtela, manawi groyokipun wau ugi jalaran saking manahipun tuwin sanuwênipun. Dados lare ingkang makatên wau kêdah dipun agêngakên manahipun, dipun rapèk, dipun kulinakakên, supados icala èwêd-pakèwêdipun. Ewadene manawi mêksa taksih groyok, punika jalaran saking kirang sarèhing manahipun, kênotolên, pramila kêdah lajêng dipun cariyosi supados ingkang sarèh kemawon, sampun kasêsa. Manawi inggih mêksa glagêpan, lajêng kapurih nyêrot ambêgan ingkang panjang, supados landhung napasipun, lajêng sawêg kapurih maos utawi rêmbagan, makatên punika kapurih ngulinakakên, miturut ingkang sampun kula alami kathah pitulungipun, sanajan inggih botên sagêd ngicali babarpisan groyokipun. Ing ngandhap punika kula angaturi conto kawontênan ingkang sampun kula alami lan ihtiyar ingkang sampun kula tindakakên.

Ing pangkat tiga ing pamulangan kula wontên lare jalêr ingkang suwaunipun [suwa...]

--- 187 ---

[...unipun] botên kenging dipun ajak rêmbagan. Sak ugi dipun pitakèni punapa-punapa dhatêng gurunipun, wontênipun namung ambrèbès, kanca-kancanipun sami angêlokakên, manawi piyambakipun punika botên sagêd wicantên, lare bisu. Manawi anggarap padamêlan sêratan, etang upaminipun, inggih sagêd, limrah kados lare sanès-sanèsipun, anelakakên manawi sanès lare bodho. Ananging sabên dipun purih maos utawi rêmbagan, inggih lajêng nangis. Lare wau manggènipun wontên ing ngajêng. Ing ngriku thukul pamanggih kula, manawi anggènipun botên sagêd rêmbagan punika jalaran dipun lokakên kanca-kancanipun. Kula lajêng sarêmbag kalihan kônca guru ingkang nyêpêng pangkat tiga wau supados dipun pindhah panggenanipun, wontên ing wingking. Lan manawi pinuju dipun purih maos, utawi dipun pitakèni, sanès-sanèsipun botên kenging ngêlokakên. Pratikêl kula wau dipun tindakakên, ing wusananipun sarêng kula dhatêng ing pangkat tiga malih, lare wau sampun radi sagêd rêmbagan, inggih lêrês taksih radi groyok, nanging saya dangu saya suda, ngantos dumugi ing pangkat pitu kasagêdanipun limrah kados lare sanès-sanèsipun, lan inggih sagêd maos lan rêmbagan, sanajan inggih taksih sakêdhik-sakêdhik groyokipun.

--- 188 ---

Ing wasana andharan kula wau namung nyumanggakakên dhatêng para nupiksa, utawi manawi wontên ingkang kagungan pangalaman sanèsipun ing bab wau, kados prayogi kapacak ing udyana mriki, sagêda dados wêwahing sêsêrêpanipun para maos. Nuwun.

Su.

Ananggapi Panuwunipun Sadhèrèk S. Wontên ing Mardisiwi Nomêr Pitu

Kula nuwun, mangsuli pitakenan kados ingkang kakarsakakên sadhèrèk S. punika botên gampil. Malah kathah botên sagêdipun, amargi lampah-lampahipun andandosi lare ingkang gadhah salah satunggiling cacad (begrek) kados ingkang kapratelakakên sadhèrèk S. punika, botên sami. Lare kalih utawi langkung, ingkang nunggil cacadipun, botên sagêd kawulang wuruk mawi lampah ingkang sami. Bab punika pancèn botên wontên paugêranipun (Er is geen regel).

Kalêrêsan sangêt dene kula sawêg maos buku Levens-problemen karanganipun suwargi Tuwan Dr. Alfred Adler. Ingkang ngêwrat individual psychologie inggih punika cara-caranipun Tuwan Adler ngoncèki kawontênan-kawontênan ingkang [ing...]

--- 189 ---

[...kang] pinangih ing kalanganipun lare, ingkang saèmpêr kalihan ingkang sampun kapratelakakên sadhèrèk S. punika.

Kula ugi tumut bingah sangêt, dene wiwit wontên sadhèrèk ingkang kaparêng tumut cawe-cawe, ingkang botên sanès mêsthi badhe damêl saya pêpakipun isinipun Mardisiwi, mila sanajan kula botên wasis adamêl wawas saking ingkang kula waos, kula kumawani ngaturi wawas saking bab individual psychologie sawatawis, sanajan sagêd ugi kathah kithalipun, bokmanawi cêkap kangge mratelakakên angèlipun ngaturi wangsulan kados ingkang kakarsakakên sadhèrèk S. punika. Atur wangsulan kula punika namung minôngka ular-ular, kenginga kangge panglimbang kemawon. Lêrês lêpatipun, yèn kacocogakên kalihan kawontênanipun lare Jawi utawi lare Indhonesia, kula sumanggakakên dhatêng ingkang kaparêng maos urunan kula punika.

Umumipun samangke tiyang sami mastani bilih dhasar lan ajar punika ingkang nêmtokakên badhe kadospundi kawontênanipun jiwanipun lare ingkang têmbe. (Dhasar punika barang bêktan saking ingkang nurunakên lare, ajar punika daya-daya saking jawi, saking alamipun bêbrayan) manut pamanggihipun Dr. Adler botên makatên, jiwa lan watak punika tansah dynamisch tansah ewah-ewah, mênggaha barang, wêwangunanipun [wêwanguna...]

--- 190 ---

[...nipun] botên ajêg Ziel en karakter moeten als beweging worden opgemerkt, niet als vorm. Het is geen vorm, maar vorming, jiwanipun lare tansah makarti. Badhe kadospundi kawontênanipun ing têmbe, botên katamtokakên dening dhasar lan ajar. Ingkang nêmtokakên inggih punika makartinipun jiwa. Dayanipun dhasar lan ajar ugi dipun akêni dening Dr. Adler. Nanging dhasar lan ajar punika namung dados ubarampe ingkang dipun olah dening jiwanipun lare. Yèn pangolahipun wau angsal margi ingkang sae, dadosipun ugi badhe sae.

Jiwa makarti punika masthi wontên ingkang dipun èsthi, wontên ingkang dipun kajêngakên Een kind zoekt steeds een succesmogelijkheid lare punika tansah ngupados margi sagêdipun angsal kamarêmaning manah. La punapa kamarêman wau adamêl pituna utawi sisahipun tiyang sanès, pun lare botên praduli. Jêr lare punika dèrèng gadhah verantwoordelijkheidsgevoel. (belum mempunyai rasa tanggung-jawab). Ingkang kadèkèk ngajêng tansah akunipun.

De mensch wordt niet door oorzaken gedetermineerd. Èsthinipun lare ingkang badhe nêmtokakên badhe kadospundi dadosipun ing têmbe, dene sabab-sabab sanèsipun, inggih punika dayanipun dhatêng lan ajar wau.

Ing sadangunipun jiwanipun lare makarti, ngudi sagêdipun anggayuh [angga...]

--- 191 ---

[...yuh] punapa ingkang dipun kajêngakên, kajagi sampun ngantos kapêksa ngambah margi ingkang nylèwèng, ingkang rumaosipun ugi badhe adamêl kadumugènipun sêdyanipun. Yèn ngantos makatên mêsthi lajêng adamêl pituna utawi sisahipun tiyang sanès. Sabab-sabab ingkang sagêd anylèwèngakên punika kathah. Inggih sabab-sabab punika ingkang pêrlu dipun sumêrêpi dening para ingkang kêpengin sagêd mangsulakên lare dhatêng margi ingkang laras. Saminipun dhoktêr yèn badhe suka advies dhatêng tiyang sakit, mêsthi nalusur rumiyin, sagêda nyumêrêpi ingkang dados mulabukanipun sêsakit punika.

Kawontênan ingkang sami punika tuwuhipun saking sabab rupi-rupi. Yèn kita sagêd nyumêrêpi lêlampahan utawi pangalaman ingkang sampun-sampun, kita sawêg badhe sagêd nyumêrêpi sabab-sabab wau. Lêlampahan ingkang sajakipun sapele, sagêd dados jalaranipun lare ngambah margi ingkang nyalèwèng ing salami-laminipun. Makatên punika yèn sabab wau botên konangan, yèn konangan lajêng sagêd kalêrêsakên malih.

Nanging kawuningana, anggènipun nyumêrêpi ganthèngipungandhèngipun (verband-ipun) lêlampahan utawi pangalaman ingkang rumiyin-rumiyin, kalihan kawontênan ingkang dados pitakenan ('t zoeken van 't verband tussen de vroegste herin

--- 192 ---

neringen en't op te lossen probleem) punika angèl sangêt. Ingkang sagêd patitis namung ingkang sampun kathah pangalamanipun ing bab punika.

(N.B.) Kaparênga kula nyuwun pangapuntên dhatêng para maos ingkang botên dhamang ing basa Walandi. Anggèn kula mratelakakên cara Walandinipun, manawi kula manah pêrlu punika ngèngêti para maos ingkang kulina dhatêng basa Walandi, ing pangangkah sagêda saya damêl cêthanipun. Tiyang mêrtal punika botên sami.

Dumadosipun ênêripun jiwanipun (de bouw van de levensstijl) punika manut pangalamanipun Dr. Adler ing sadèrèngipun lare umur gangsal taun. Ênêr wau ing salami-laminipun botên badhe ewah. Nanging yèn lare angsal pangalaman ingkang nyêngklèng, inggih sagêd adamêl ewah (nylèwèng). Yèn pangalaman ingkang dados jalaranipun nyalèwèng wau, botên konangan sarta botên dipun lêrêsakên, pun lare inggih badhe kalajêng ngênêr margi ingkang nylèwèng wau. Inggih ngonangi lan nglêrêsakên makatên punika, kuwajibanipun para pamong putra lan pamong siswa ingkang wigati piyambak.

Badhe kasambêt.

Pratelan Isinipun Mardisiwi

Lair lan batos - Sanès dongèng - Tiyang sêpuh ingkang patitis - Bedanipun pikir lan raos - Cariyos nyata - Kawruh bab lare - Ananggapi panuwunipun sadhèrèk S.