Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1941, #1812
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-01, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #282.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-02, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #283.
3.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-03, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #284.
4.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-04, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #285.
5.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-05, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #286.
6.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-06, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #287.
7.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-07, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #288.
8.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-08, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #289.
9.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-09, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #290.
10.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-10, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #291.
11.Mardi Siwi, Soenarja, 1941-11, #1812. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #292.

No. 10 20 October 1941 Th. VIII.

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA, Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA, Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

Minangka Silatur rochmi

Nuwun, ing sadèrèngipun anglajêngakên padamêlanipun, ing dintên Riyadi punika para pamonging Mardi-Siwi nyuwun gênging pangaksama bilih wontên lêpatipun tuwin kêkiranganipun anggènipun sami angayahi padamêlan wau. Ing salajêngipun sami amêmuji, mugi-mugi momongan kita pinaringana widada ing gêsangipun, kinalisna ing sambekala, têtêpa dados lilinganipun para rama-ibu, nêtêsi punapa ingkang dados kêkudanganipun, tumut mêmayu hayuning jagad. Mêdal margi panggulawênthah. Amin, amin, amin!

Para-Pamong

1 Syawal, Be 1872.

--- 114 ---

Panggulawênthah Minangka Sarananipun Junjung Drajatipun Bangsa

Sanajan bangsa Jawi sampun katingal wontên kamajênganipun, ewasamantên kula sadaya botên sagêd ngungkiri manawi kawontênanipun bangsa taksih sarwa kuciwa. Punapa malih manawi ngèngêti dhatêng kawontênaning padhusunan, raosing manah saya mlêpês, amargi saking rumaos kêkirangan daya kangge junjung drajating bangsa ingkang mayuta-yuta, ingkang manggèn wontên ing padhusunan. Ananging sampun dados wajib kula sadaya botên kenging lajêng putus ing pangajêng-ajêng utawi pasrah ngalah, punapadene sumendhe ing takdir. Sampun têrang manawi sumendhe ing takdir punika nglumpuhakên sadaya daya-daya ingkang sumimpên wontên ing manungsa. Utawi malih buktinipun wontên manawi bangsa kula Jawi punika taksih kasinungan daya ingkang sagêd mulyakakên kawontênanipun. Manawi dipun manah ingkang lêbêt, sakupami bangsa Jawi punika botên gadhah daya ingkang agêng, kintên kula sampun botên sagêd gêsang malih, dene sampun maatus-atus taun tansah nandhang papa cintraka kemawon. Sanajan kamajênganipun bangsa kula katingalipun rêndhêt, nanging inggih anggènipun majêng wau suka bukti dhatêng kula sadaya manawi kêkiyatanipun bangsa botên kenging dipun sapèlèkakên. Awit saking punika ingkang pêrlu dados pamanahan kula sadaya daya-daya wau dipun klêmpakakên lan dipun pigunakakên ingkang pratitis supados nuwuhakên woh ingkang lèrèkipun nênuntun dhatêng kaluhuran.

Sampun wola-wali kula têrangakên wontên ing karangan-karangan kula tuwin wontên ing sêsorah-sêsorah kula bilih satunggal-tunggaling bangsa utawi bêbrayan punika kawujudakên dening kêmpaling bêbrayan-bêbrayan utawi kulawarga. Manawi para kulawarga utawi bêbrayan wau sampun sumêrêp sayêktos dhatêng kuwajibanipun, inggih punika ingkang atêgês ngêmpalakên sadaya kêkiyatan, gêmèni sadaya daya-daya ingkang kenging dipun angge jangka dhatêng kawilujêngan lan kamulyan, sampun têmtu kemawon gêsanging bangsa utawi bêbrayan badhe kêtingal mêncorong piyambak.

Sampun mêsthi kemawon pamanggih kados punika botên badhe sagêd katindakakên dening bangsa kula sadaya, awit saupami makatêna, badhe wontên suwarga tumurun. Ingkang kula pikajêngakên têmtonipun inggih racak-racakipun kemawon. Manawi umumipun para kulawarga utawi bêbrayan wau sampun anglênggahi kêwajibanipun dados peranganing bêbrayan, kula wastani sampun cêkap. Amargi ing pundi-pundia kemawon têmtu wontên sabageanipun bangsa ingkang botên sagêd anêtêpi kêwajibanipun.

--- 115 ---

Sarana ingkang sae piyambak kangge jangka dhatêng kawilujêngan tuwin kaluhuran wau inggih namung manggulawênthah dhiri pribadi tuwin manggulawênthah putra, amargi putra punika wau ingkang ing têmbe badhe nglajêngakên lêlampahanipun tiyang sêpuh. Satêmênipun manawi dipun raosakên saèstu ingkang sayêktos lêlampahanipun manungsa wontên ing alam donya punika badhe angsal kawilujêngan utawi botênipun kabêkta saking watakipun, manawi basa Walandi kawastanan karaktêripun. Watak utawi karaktêr punika wau wêrni-wêrni têbanipun, gêmi nastiti ngati-ati punika ugi watak ingkang lèrèkipun dhatêng kaekonomian angrêksa dhatêng gêsangipun. Mila sampun sakmêsthinipun para tiyang sêpuh kêdah èngêt dhatêng têtêmbungan tiga wau, tilaranipun para sêpuh kula ingkang ing jaman samangke malah pêrlu sangêt dipun wigatosakên, awit saking bangsa kula kêdayan cara gêsang saking Kilenan, ingkang kêtingalipun sarwa mêncorong, sarwa brêgas, ingkang atêgês kathah wragadipun. Mangka umumipun bangsa kula punika sarwa kacingkrangan, sakêdhik pamêdalipun, manawi lajêng nirua gagrak Kilenan ingkang sami kula sawang sabên dintên, bokmanawi sangsaya badhe risak gêsanging bangsa kula. Ingkang nama kaprawiran utawi kasantosaning manah, manawi manungsa wontên ing salêbêting mubra-mubru sagêd gêsang sarwa prasaja, nanging manawi tiyang kawontênanipun sarwa kacingkrangan mangka lajêng gêsangipun botên kalarasakên kalayan kawontênanipun têmtu nênuntun dhatêng kanisthan, lajêng angrisakakên dhatêng luhuring bêbudèn. Samangsa manungsa punika sampun ngambah dhatêng kanisthan ing ngriku ambrukipun, mila wongsal-wangsul wêlingipun êmbah-êmbah supados sami gêmi sêtiti lan ngati-ati, tansah dadosa pêpèngêt. Mênggah caranipun nindakakên wontên ing griya kados para sêpuh sampun botên kêkilapan, ewasamantên wontên pigunanipun kula èngêtakên malih.

Sadaya gadhahanipun punapa wujud barang, punapa wujud têtêdhan, punapa wujud pangangge, kêdah dipun gêmèni, sampun dipun angge bêborosan. Ngèngêti jamanipun sakpunika kabêtahanipun tiyang gêsang sansaya mindhak, punapa malih gêgandhengan kalayan wragading pasinaon, kados pêrlu sangêt para kulawarga tuwin brayat sami olah gêmi sêtiti lan ngati-ati wau. Amargi sakbotên-botênipun lampah ingkang makatên wau sagêd nirahakên daya. Manawi daya-daya sagêd kakêmpalakên dados satunggal, amargi para brayat sampun mangêrtos dhatêng manunggiling bangsa, kêmpaling daya-daya wau kenging dipun angge sarana junjung drajating bangsa ing bab panggêsanganipun.

--- 116 ---

Manawi kula ngèngêti cêcariyosan ing jaman kina, para lêluhur Jawi punika manawi kagungan karsa anggènipun ngantêpi yêktosan. Malah asring-asring dipun pratelakakên manawi badhe jangka satunggaling prakawis mawi dipun tapabratani, têgêsipun mawi lampah anorraga, manawi wontên ing padhalangan para satriya mênawi ngêmban satunggaling dhawuh botên badhe mundur manawi dèrèng kacêpêng, sanajan dumugining pêjah inggih dipun lampahi. Punika sadaya atêgês gêgulang dhatêng agênging tekad, amargi inggih agênging tekad punika ingkang sagêd ngrancagakên kacêpênging sêdya. Malah wontên paribasan Jawi ingkang mungêl: manungsa kuwi apa saciptane dadi, têgêsipun ciptanipun utawi panjangkanipun têmtu badhe kalampahan, janji dipun antêpi kemawon. Awit saking punika tumraping panggulawênthah lare-lare ugi kêdah dipun kulinakakên dhatêng antêping tekad, utawi kenging katêmbungakên lare-lare sami kagulawênthaha supados gadhah tekad ingkang agêng. Mêsthi kemawon panggulawênthah ingkang lèrègipun dhatêng agênging tekad wau botên lajêng kenging dipun sumêrapakên dhatêng lare-lare alit, namung kemawon para juru panggulawênthah ingkang mangêrtos bilih lare-lare punika kêdhasaran rêmên ngebahakên badanipun, dados wiwit alit kakulinakna rumagang ing damêl, ingkang laras kalayan kêkiyataning badanipun. Manawi sampun wiwit radi agêng sampun mêdal ciptanipun, kagulawênthaha mêlêng anggènipun badhe gayuh ciptanipun badanipun sampun samêkta kangge angladosi kridhaning cipta. Kathah kemawon para sêpuh ingkang pakèwêd mrentah dhatêng putra-putranipun supados nglampahi padamêlan ingkang limrahipun dipun wastani padamêlan kasar, punika botên lêrês, amargi miturut ingkang sampun kula alami, manawi lare wiwit alit dipun kulinakakên rumagang ing damêl ing têmbe gadhah watêk wêkêl tuwin tawêkal, kalih-kalihipun wau sagêd anjurung dhatêng kêkajênganipun anggènipun badhe gayuh dhatêng agênging tekad. Mila wajib para kulawarga tuwin para bêbrayan ngulinakakên putra-putra dhatêng ing padamêlan.

Sampun tamtu kemawon lèrèging tekad wau sampun ngantos namung kangge kabêtahanipun badanipun piyambak kemawon, awit samangke sampun jamanipun tiyang gêsang botên kenging manah dhatêng badanipun piyambak, kêdah ugi manah dhatêng tangga têpalih tuwin nagarinipun.

Mila para sêpuh sampun ngantos kabêsturon anggènipun suka pêpèngêt dhatêng para putranipun, manawi sampun wiwit umur 10 dumugi 14 taun kaparingana waosn ingkang isi lêlampahanipun para lêluhur ingkang moncol ing bab luhuring bêbudèn, antêping tekad lan sanès-sanèsipun,

--- 117 ---

wosipun sadaya watak-wantu ingkang narik manahipun lare dhatêng kaluhuran. Manawi sampun ngancik diwasa, kuwajiban para sêpuh nêrangakên dhatêng para putra bab ingkang sampun dipun sinau dening lare-lare wau ingkang lèrègipun dhatêng luhuring bêbudèn, inggih punika pêntokipun angayomi dhatêng sêsamining tumitah, tumrapipun bangsa kula samangke bab wau pêrlu sangêt dipun sulang-sulangakên dhatêng para putra-putra ingkang sampun ngancik diwasa, supados ing têmbe sagêda dados watak, wusananipun manawi sampun malêbêt ing bêbrayan sampun gadhah sangu kêyakinan ing bab lampahing gêsangipun.

Rêmbag ingkang kula aturakên ing nginggil punika manawi namung kawawas sakêdhèp netra kados namung sakêdhik paedahipun, awit sampun wola-wali karêmbag wontên ing pasamuwan utawi ing kalawarti-kalawarti, ananging manawi kula sadaya sami purun nyumêrapi kawontênan ingkang nyata, atur kula ing nginggil wau taksih pêrlu sangêt dados panggalihanipun para panggulawênthah tuwin para tiyang sêpuh. Kula namung badhe ngaturakên tuladha satunggal, kula manah sampun cêkap kangge buktèkakên pêrlunipun bab punika.

Lare-lare ingkang sampun wiwit ngancik pamulangan têngahan inggih punika Mulo utawi H.B.S. limrahipun sampun tuwuh kajêngipun piyambak nuruti kajêngipun wau. Tiyang sêpuh sêsambêtanipun kalayan lare-lare wau kêtingal rênggang lan pangidhêpipun para lare dhatêng tiyang sêpuhipun ugi sampun suda. Mangka lare ingkang umur-umuran samantên wau sawêg nêdhêng-nêdhêngipun birai, inggih punika ewahing kawontênanipun saranduning badan, ewahing kêkajênganipun, tuwin ewahing pikiranipun. Manawi ewahipun punika wau ngantos mlèsèt, sagêd drawasi dhatêng lêlampahanipun ing têmbe. Kosokwangsulipun manawi sagêd katuntun ingkang sae, sagêd nênuntun dhatêng kawilujênganipun ing têmbe, Sakmangke ingkang kula sipati lare-lare wau rêmên dolan turut lurung, ningali gambar sorot ingkang mitontonakên gambar ingkang anèh-anèh, rêmên gêgrombolan, sênêng-sênêng dolanan utawi jajan, punika sadaya bab-bab ingkang sagêd nuntun dhatêng karisakan. Kula botên ngawisi, lare ningali gambar sorot utawi kêmpal kalayan kancanipun, ananging kêdah mawi tatanan. Panguwaosipun tiyang sêpuh sampun ngantos onya. Amargi lare-lare wau dèrèng gadhah wawasan ingkang têtêp tumrap dhatêng ancasing gêsang, taksih kêdah dipun tuntun dening para sêpuh tuwin para juru panggulawênthah. Punapa malih ngèngêti dhatêng anggènipun sami sinau ngudi kawruh, manawi kasêngsêm anggènipun grombal-grombol, asring kemawon damêl rêndhêting pasinaonipun. Mila pêrlu matur ing ngriki, para sêpuh

--- 118 ---

tuwin para juru panggulawênthah kêdah ngatos-atos anggènipun ngulatakên para putra tuwin para murid manawi sampun wiwit birai wau.

Kula ugi sumêrap bilih sampun wontên ebah-ebahanipun para mudha ingkang suka papan dhatêng para warga-warganipun sagêda kêmpal rêmbagan, utawi dolan sêsarêngan, ewasamantên saking pamanggih kula piyambak punika dèrèng cêkap. Ingkang wos kêdah wontên ing griya, paribasanipun dipun kêloni dening tiyang sêpuhipun. Pakêmpalanipun para mudha wajib dipun ulat-ulatakên dening para pinisêpuh, amargi sampun têrang bilih tiyang nèm punika kirang sêsêrêpanipun dhatêng angèlipun tiyang gêsang. Mila pêrlu kula aturakên ing ngriki, supados pangrèhing para pakêmpalanipun para mudha tuwin para guru-guru, ingkang purun migatosakên utawi para sêpuhipun lare sagêda sêsarêngan nyambut damêl ingkang tumuju dhatêng panuntuning para mudha, anggènipun badhe dados tiyang ingkang sagêd junjung darajating bangsanipun. Wontên bab satunggal malih ingkang pantês kula aturakên ing ngriki inggih punika bab wawasaning ngagêsang tuwin piandêl. Manungsa punika manawi botên gadhah wawasan ing bab ngagêsang tuwin botên gadhah piandêl, limrahipun antêpipun kirang. Mila para mudha pêrlu sagêd anampèni dhatêng wulanging tiyang sêpuh ing bab gêsanging manungsa tuwin bab piandêl. Amargi manawi sagêd tumanêm ing manahipun lajêng sagêd nyantosakakên dhatêng imanipun. Para brahmana ing Indhustan gadhah padatan para putra-putranipun kadhawuhan nyinau Bagawad Gita, saksampunipun apal lajêng dipun jak rêmbagan dening bapakipun. Wosing rêmbag sagêda para putra wau kadunungan kawruh bab gêsang, kados ingkang kababar wontên ing Sêrat Bagawad Gita. Kêyakinan ingkang tuwuh saking pasinaon wau sagêd damêl kasantosaning manahipun para putra.

Sadaya rêmbag ing nginggil punika wau wosipun botên sanès namung nyuwun dhatêng para bangsa kula sadaya ing wêkdal sakmangke pêrlu sangêt bab panggulawênthah punika kadadosakên kêwajibaning para sêpuh nênuntun dhatêng para putra sagêda gadhah tekad agêng, luhuring bêbudèn minangka sarana kangge njunjung drajading bangsa.

WIGNJAWIDJAJA.

--- 119 ---

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. No. 9 Th. VIII.).

Kyai Nur. Dene pikiranipun tiyang modhèl enggal, inggih botên lêpat, sabab pitakèn-pitakèn ing salêbêting manah, tansah botên angsal jawaban ingkang ambolongakên manah. Dados anggènipun lajêng kêmba, punika punapa lêpat? Rak inggih botên ta. Amila kula matur: botên wontên ingkang lêpat, ananging sampun kagalih, makatên wau lajêng botên wontên kamajênganipun bab kasaenan, kasucian, kautamèn, gotong-royong, sapanunggilanipun ingkang sambêt kalihan kamanungsan. O, Pangeran baut sangêt nênuntun titahipun, jêr maha wêlas lan asih opvoeder ingkang tanpa sama. Kalih-kalihipun tamtu sami angsal tuntunan sadaya. Ingkang sampun sami nglampahi agami, badhe saya mindhak-mindhak ngamalipun, ingkang dèrèng sami nglampahi agami, badhe saya ngrêtos bab klenta-klèntuning lampahipun, wêkas-wêkasanipun badhe sumêrêp margi ingkang lêrês, inggih margining Pangeran.

--- 120 ---

Dèn Karya. Inggih, kyai, nanging lampah ingkang kantun wau rak nama kapitunan, dadak mawi mubêng-mubêng, têrkadhang nglampahi kêsasar-sasar, kêbêntus-bêntus. Sawêg èngêt.

Kyai Nur. Anggènipun Pangeran paring èngêt, botên kirang margi, botên kirang sarana. Barang-barang sagêd dados sarana murih èngêt. Dene sarana ingkang pêngpêngan piyambak punika raos sangsara. Botên wontên tiyang ingkang tansah andablêg nandhang sangsara. Mêsthi kêpengin oncat saking raos sangsara. Sanajan anggènipun ngoncati raos sangsara wau, têrkadhang saya lêpat, saya sangsara. Amargi saking klèntu tindakipun, ananging niyat sumingkir sangking sangsara punika, sampun satunggaling sabab, bilih badhe pados margi ingkang sagêd pindhah alam saking ngriku. Dangu-dangu badhe sagêd milih, margi pundi ingkang sagêd mitulungi sêdyanipun, inggih makatên wau anggènipun maringi emut, murih ngambar margi lêrês.

Dèn Karya. O, inggih kyai, samangke kula ngrêtos, bilih jêjêring agami punika namung anêdahakên margi lêrês, ingkang angênêr dhatêng Pangeran, dados dhêdhasaripun pancèn sami, inggih makatên punika. Sumôngga sapunika kalajêngna, kadospundi mênggah dhasar-dhasaripun [dhasar-dhasaripu...]

--- 121 ---

[...n] agami, upami cara têmbung kilenan kawastanan kernipun.

Kyai Nur. Inggih prayogi, môngga kapiyarsakna, ringkêsanipun kemawon rumiyin, mangke yèn sêla, gampil jerenganipun, kados ing ngandhap punika, gèr:

1. Pangeran punika satunggal (botên mawi: namung) langgêng wontênipun, botên wontên barang sanèsipun ingkang botên saking Pangeran.

2. Panutan punika satunggal, inggih punika ingkang madhangi sadaya roh sami katuntun dhatêng pêpadhang.

3. Kitabipun suci inggih satunggal, inggih punika gumêlaring natuur (kodrat) sintên ingkang sagêd maos, badhe angsal pêpadhang ing manahipun.

4. Pranataning lampahipun ugi satunggal, inggih punika tumindak utawi ngambah ing margi lêrês, dumugi sarampunging roh.

5. Anggêr-anggêripun inggih satunggal, inggih punika: adil, botên wontên pakarti (handeling) ingkang botên angsal kêdadosan (woh).

--- 122 ---

Tur mêsthi timbang kalihan pakartinipun. Sintên ingkang sagêd nyatakakên anindaki pakarti tur botên kalepetan kanikmatan utawi raos sangsara, badhe sagêd ngonangi kayakinaning wèt wau.

6. Pasadherekan punika ugi satunggal, inggih punika pasadherekanipun kamanungsan, têgêsipun sintên ingkang sampun jumênêng manungsanipun, lajêng rumaos bilih sadaya titah punika sadhèrèk, sami angsal saking bapa satunggal, inggih punika Pangeran.

7. Kasucian punika inggih satunggal, inggih punika ingkang isi sih trêsna, ingkang tumindakipun mawi pakarti sae sarta damêl kabêgjaning sanès.

8. Kasunyatan punika ugi satunggal, inggih punika kawruh ingkang ngonangi nyataning gêsang, salair batosipun, inggih punika sajatining kawicaksanan.

9. Marginipun inggih namung satunggal, inggih punika margi ingkang ngênêr saking: pêpêtêng dhatêng pêpadhang, saking pêjah dhatêng gêsang, saking botên sumêrêp,

--- 123 ---

dhatêng sumêrêp, saking dèrèng sampurna dhatêng sampurna.

Makatên gèr, ringkêsaning dhêdhasaripun agami. Dene katrangan utawi jerenganipun tanpa watês, kantun saprigêlipun pamikir piyambak-piyambak, sarta inggih manut ingkang nampèni, sapintên gadukipun. Sarèhning kados makatên kawontênanipun, kêrêp kemawon bedaning panampi lajêng kangge darêdah, rêbat lêrês, rêbat unggul. Têrkadhang mêmêngsahan, botên purun wanuh, purunipun namung nunggil golonganipun. Kula piyambak inggih botên maibên, jalaran ingkang dipun rungkêbi punika sawêg gaduk ing pamikir, dèrèng wêruhe, yèn wêruhe, sampun botên wontên darêdah, rêbat lêrês utawi rêbat unggul, sabab ingkang dipun wêruhi, punika barang nyata. Nyata punika sanès katrangan, sanès rêmbag, sanès parte, sanès piandêl. Nanging kenging dipun sumêrêpi. Sumêrêp punika botên prêlu mawi ginêm. Dene yèn badhe ngabarakên sumêrêpipun, punika prêlu mawi ginêm, nanging ginêm punika wau sanès kasunyatanipun. (Badhe kalajêngakên).

--- 124 ---

Bedanipun Pikir Kalihan Raos

(Sambêtipun M.S. No. 9 Th. VIII.)

Kakiyataning pikir sakancanipun

Kakiyataning pikir dalah sakancanipun kasêbut ing nginggil wau, namung kangge nyumêrêpi ing kawontênan, kadadosan, wêwatakan, lan adon-adonipun sadaya ingkang pinôncadriya, tuwin ingkang kenging ginambarakên dening pôncadriya, cêkakipun namung kangge ngimpun ing kawruh wètênsêkap. Dene manawi kangge nyatakakên ing kawontênan ingkang ginaib (gaibing alam) sampun masthi botên sagêd anggayuh. Upaminipun makatên: para dhoktêr ingkang sampun inggil-inggil mukadhoktêripun, sagêd mangrêtos ing sabab-sababipun sadaya ingkang sipat gêsang, saking kêmpaling pirantos-pirantosing gêsang, lan ugi sagêd mangrêtos bilih pirantos-pirantos wau bilih wontên ingkang gothang, lajêng nêmahi sakit utawi pêjah. Nanging manawi pun nyawa (roh) sampun oncat saking raganipun, lajêng dhatêng pundi purug utawi pamanggènipun, sampun masthi botên sagêd anggayuh mawi lantiping pikir kemawon. Upaminipun dipun pitakèni, wangsulanipun namung êmbuh. Utawi sirna tanpa lari. Inggih namung dumugi samantên punika watêsing kakiyataning pikir. Pancèn kawontênan [ka...]

--- 125 ---

[...wontênan] ingkang kados makatên punika wau, sampun sajawining garapanipun pikir. Nanging kalêbêt garapanipun raos (budi).

Dene kawaskithaning budi, kajawi ugi sagêd anggayuh samubarang kaanan ingkang pinôncadriya kasêbut ing nginggil wau, ugi sagêd anggayuh ing kaanan ingkang gaib, sajawining wètênsêkap, margi saking kawaskithaning budi, kita sagêd anggayuh bilih daya kakiyataning kodrat (natir) ingkang ngebahakên sagung dumadi punika taksih kinuwasan dening kodrat ingkang langkung agêng malih, inggih punika kodratipun ingkang Maha Kawasa, mila pun budi lajêng gadhah kayakinan, bilih kodrating alam (natir) punika botên mêsthi têtêp, nanging sagêd malèsèd margi dening pinurba dening kodrat sanginggilipun wau. Sanajan kawontênan ingkang kados makatên wau, awis gumêlaripun ing jagad (kawadhagan) nanging botên kenging dipun ungkiri wontênipun, kados ta: mukjijating para nabi, karamating para wali, sabdaning para pandhita, t.s.s

Lare-lare ing jaman ingkang akir punika, wiwit alit ingkang dipun gêgulang namung landhêping pikiripun, sarta namung tumuju dhatêng wètênsêkap thok. Dene pakartining budi, awis sangêt dipun dhidhikakên. Langkung-langkung raos kaagamèn, kenging kula têmbungakên botên kisèn babarpisan. Lêrês ing mangke

--- 126 ---

lare-lare kita ugi sami kadhidhik ing raos kasusilaning raos, nanging lêbêt-lêbêtipun namung dumugi kasusilaning kamanungsan ing dalêm salêbêting gêsang bêbrayan ing donya thok, dados katogipun namung dipun dhêdhêri ajrih ing ukum gaib tumrap ing donya ngriki. Makatên ugi mêmpaning budi suci, inggih namung kangge anggayuh kamulyaning gêsangipun piyambak, utawi gêsanging anak turunipun. Dene gêsang ing alam akir sampun kajawèkakên ing rêmbag.

Awit saking lacuting para ingkang pana (kasêngsêm) nêngênakên ing ngilmu wêtènsêkap, badhe anggayuh ing alam gaib, sarana dipun tandangi ing makartining pikiripun, sampun masthi lajêng salawana, inggih punika lajêng kagambarakên ing dating Pangeran ingkang Maha Agung, ngantos wani kumêcap bilih ingkang Maha Suci punika natir, utawi ètêr (johar pirid), t.s.s.

Dhidhikan kina ing kalangan kaagamèn

1. Ingkang rumiyin piyambak kêdah dhinasaran raos (kapracayan) ing wontênipun ingkang Maha Kawasa, sarta sipat-sipatipun sawatawis.

2. Kadhêdhêran kapracayan ing badhe wontêning gêsang ing alam sasampuning ing alam donya.

--- 127 ---

3. Sadaya tindaking manungsa ing donya, mêsthi badhe nampi piwalês, tindak sae winalês kamulyan, tindak awon winalês patrapan. Sarta dhawahing piwalês wau ing donya utawi ing akir.

4. Ingkang Maha Kawasa wau, ngutus ing utusan, ingkang wajib kêdah dipun turut sadaya pitêdahipun, dipun singkiri sadaya pêpacuhipun.

Manawi sampun kadhasaran kapitadosan kados makatên wau, lajêng dipun sumêrêpakên ing tindak sae lan tindak awon, sarta dipun tuntuni tumindak sae, dipun cêgah nindakakên awon. Sarta malih dipun wulang ing kawruh wètênsêkap, miturut punapa anlèhing lare.

Manawi dhasar kapracayanipun lare wau sampun kandêl yêktos, sampun masthi anggènipun ajrih nindakakên ing tindak sisip, punika botên ngêmungakên ing pasamuwan, utawi kuwatos manawi konangan ing sasamining manungsa kemawon, sanajan ing asêpi inggih gadhah raos ajrih, jêr tansah gadhah raos rumaos kawuningan dening ingkang Maha Kawasa. Sarta anggèning rumagang nindakakên kautamèn, botên andadak dipun atag, nanging saking prêntuling sêdyanipun piyambak, jêr sampun pitados yêktos bilih badhe nampi piwalês ingkang langkung adi luhung. Botênipun ing alam donya, inggih ing alam [a...]

--- 128 ---

[...lam] akerat. Sarta kapitadosanipun dhatêng kitab suci (dhawuhing utusan) inggih mantêp yêktos, botên sisah andadak mêmanah nalar-nalaripun, ing raos namung tangaluk thok. Upaminipun pêpacuh: iwak babi iku haram, kudu kok sirik, botên susah andadak ngurus, apa ta sababe haram iku? Awit sampun karumiyinan raos pitados wau, lajêng botên niyat badhe ngurus malih. Saminipun tiyang ing pakampungan tampi dhawuhing wakil pamarentah nagari: wong-wong mêngko bêngi ora kêna nyumêd diyan ing sajabaning omah. Ora kêna nyêmbêlèh rajakaya wedok, t.s.s Sampun masthi namung nurut thok. Jêr sampun pitados bilih mêsthi wontên parlunipun ingkang wigatos.

Sawênèh sarjana ahli pandhidhik kawruh lair, gadhah panganggêp, bilih lare kadhidhik anindakakên ing tindak ingkang botên mangrêtos sabab-sababipun punika anjalari ing kêthuling pikir (nalar)-ripun, utawi mijèni raos gugon tuhon.

Pamanggih kados makatên wau, ugi wontên lêrêsipun, nanging manawi gugon tuhon ing pitêdah agami ingkang gêgayutan ing ngilmu gaib, pamanggih kula botên wontên awonipun. Dene manawi tumrap ing kaanan ingkang pancèn dados [da...]

--- 129 ---

[...dos] garapanipun pikir, pancèn lêrês inggih kêdah kajalèntrèhakên ing sabab-sababipun, miturut kawruh wètênsêkap, ewadene mêksa kêdah sagêd nindakakên ing dugi prayogi, sapintên kêkiyataning pikiripun ingkang dhinidhik.

Tutuping andharan kula, ngudi ing kamulyaning gêsang ing dalêm bêbrayan umum, mawi dhêdhasar kaagamèn punika, sanadyan tumindakipun radi rêdhêt, nanging lampahipun pinayungan ing karahayon ing lair saha ing batos. Lêrês utawi lêpat, nyumanggakakên.

Wasalam, Ihsanudin.

Lare Ngantukan

(Wangsulan Pitakenanipun Sadhèrèk S. ing M.S. ôngka 7 Th. VIII.)

Andharan kula ing ngandhap punika kula akêni tangèh kenging dipun wastani sampurna utawi ambabarpisani, jalaran pancèn botên utawi kirang wetenschappelijk (alandhêsan kawruh), namung lugu pangalaman, jêr kula sampun nate amrangguli piyambak kawontênan makatên wau. Lare ngantukan, sabên mirêngakên katrangan, maos, lajêng ngantuk, dipun lèk-lèkakên, dipun oyog-oyog, inggih ambelot kemawon, nanging yèn sampun bibar, inggih limrah malih.

--- 130 ---

Nalika kula wontên ing Blora, kula kanggenan lare kapenakan kula piyambak, watawis umur wolung taun, badanipun mêthekol, kiyêng, katingal saras, tandangipun rikat, swaranipun antêp, botên nglêmèk, mripatipun anjêkithat, sawanganipun lantip, sanès lare bodho. Swangan makatên wau jêbulipun kalèntu. Nyatanipun wontên ing pamulangan pasinaonipun kêndho, botên saking kêsèd, utawi sêmbrana, nanging saking antukanipun, nanging inggih manawi nuju dipun wulang, manawi sampun bibar, inggih akas, ringas malih. Prasasat sampun kenging dipun têmtokakên: sabên wulangan lesan, punapa maos, piyambakipun têmtu ngantuk, manawi wulangan sêratan, botên, sampun tamtu kemawon bijinipun inggih kathah ingkang kirang. Sagêdipun anggarap wulangan sêratan, punika manawi ngêrtos katêranganipun wontên ing wulangan lesan, ing môngka ing sabên wulangan lesan, piyambakipun têmtu ngantuk. Ing suwaunipun mripatipun bêning punika manawi wiwit mirêngakên wulangan utawi ngadhêp buku ingkang lajêng abrit, sakêdhap malih sampun mak thêkluk.

Manawi wontên ing pamulangan, kêmpal kalihan lare kathah, sagêd ugi rumaos botên gampil konangan anggènipun ngantuk, pramila wontên ing griya inggih lajêng kula santosani. Ing wanci sontên piyambakipun têmtu kêdah sinau kalihan [kaliha...]

--- 131 ---

[...n] kanca-kancanipun, limrahipun lare sinau inggih wontên ingkang rame, maos utawi ngapalakên, kapenakan kula wau ingkang awis kapirêng suwantênipun sinau, lêt satêngah jam, utawi langkung piyambakipun têmtu sampun ngantuk, têrkadhang sampun tilêm ing panggenan anggènipun sinau ngriku. Manawi kangge omong-omongan, ngantukipun ical piyambak, asring kemawon piyambakipun kula purih raup utawi anggrujugi sirahipun, nanging inggih namung pitulung sakêdhap, malah lajêng kraos sêgêr, sakeca kangge ngantuk.

Sampun nate piyambakipun kula adhêpi anggènipun sinau, ngiras kula amanggihi tamu, sumêrêp-sumêrêp jêbul sampun tilêm kalihan linggih, wontên ing ngajêng kula, sirahipun sumèlèh ing meja.

Wawasan sawatawis: saking pamanggih kula, miturut andharan kula ing nginggil, piyambakipun punika lare ingkang saras, botên kagilut ing sêsakit, pancèn inggih awis-awis sakit, nêdhanipun kathah, kenging dipun wastani drêmba. Nanging inggih punika: wontên kêkiranganipun, dhasaring èngêtanipun ingkang tumuju dhatêng ajênging kawruh, kasagêdaning pikiran, ingkang kirang. Kosokwangsulipun, dhasaring kêkiyatanipun badan (spier) ingkang langkung. Mila mêmpanipun lare utawi tiyang sêpuh ingkang makatên wau inggih namung kangge ing damêl ingkang sarana ngangge kêkiyataning [kê...]

--- 132 ---

[...kiyataning] badanipun, punapa mlajêng, angkat junjung, gêlut, sapanunggilanipun. Manawi kaêcakakên ing damêl ingkang bangsanipun èngêtan (geestelijk) enggal kêsêl, wusananipun ngantuk. Manawi kapêrdi supados angsal kapintêran pamulangan kados lare sanès-sanèsipun, punika inggih kêdah ingkang tlatos, sabar jalaran dangu, lan inggih narimah angsal-angsalan sakêdhik.

Pamrayogi sawatawis: manawi kagungan lare ingkang makatên punika, manawi mêrdi sinau sampun dangu-dangu, prayogi kasêling padamêlan sanèsipun ingkang sarana mawi ngebahakên badanipun, manawi sampun, lajêng kapurih sinau malih. Inggih dangu, nanging kadospundi malih, katimbang manawi dipun pêksa inggih tilêm, apês-apêsipun ngantuk. (Taksih wontên sambêtipun).

ISINIPUN M.S. No. 9 Th. VIII.

Minangka Silatur rochmi - Panggulawênthah minangka sarananipun junjung drajatipun bangsa - Sanès dongèng - Bedanipun pikir kalihan raos saha dhidhikan - Lare ngantuk.