Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1940-03, #1811

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1940, #1811
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1940-03, #1811. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #548.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1940-08/09, #1811. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #549.

No. 3 Maart 1940. Taun VII

Mardi Siwi

885 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '40

WIGATOS

Susulan wara-wara saking Pamonging Mardi-Siwi

Nuwun, ing sajatosipun kanthi awrating manah para Pamonging Mardi-Siwi ngaturi susulan wara- wara punika, nanging rèhning kapêksa ing kawontênan, pramila sanajan mawi rangu-rangu ing manah inggih mêksa dipun têmah.

Kauningana, ing nalika Mardi-Siwi wulan Februari ingkang kapêngkêr, ingkang ngêwrat wara- wara bab indhaking rêrêgèn lêngganan M.S. dados f 0,125 ing sawulan utawi f 0,75 ing satêngah taunipun, sawêg kemawon rampung panyithakipun, kasusul katrangan saking pangêcapan, bilih rêginipun dalancang wiwit wulan Maart punika sampun mindhak malih. Amargi saking indhakan wau, kaetang-etang wontênipun arta lêngganan lajêng mbotên nyêkapi kangge mragadi wêdaling Mardi-Siwi dalah saubarampenipun.

Sawêg botên mêwahi kandêlipun kemawon waragadipun sampun langkung katimbang kalihan ingkang sampun. Ing mangka isinipun dipun wêwahi dados 32 kaca. Awit saking punika kanthi awrating manah para Pamong kapêksa lajêng ngindhakakên rêgining lêngganan malih, wiwit M.S. wulan Maart punika ugi rêginipun ing dalêm sawulan (sawêdalan) dados f 0,15 ing sabên satêngah taun f 0,90.

Saking pamanggihipun para Pamong, katandhing kalihan rêginipun buku utawi kalawarti sanès- sanèsipun, rêgi samantên wau botên nama awis, jêr bêbadan L.P.C. panci botên angangkah pados kauntungan. Èsthinipun ingkang sami nyambut damêl, saugi sadaya isinipun wau sampun kathah ingkang ngajêngi, sampun sumêbar, inggih punika kauntunganipun, wohing kangelanipun.

Ewadene manawi para lêngganan ingkang kathah taksih animbang awrat arta lêngganan f 0,15 ing sabên wulan wau, para Pamong inggih badhe mangsulakên malih dados f 0,125 nanging isinipun ugi lajêng wangsul dados 24 kaca.

Ingkang punika mugi andadosna ing kauningan.

PARA PAMONG.

--- [49] ---

No. 3 MAART 1940 Taun VII

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA. Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA. Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wêdalan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

PURWAKA

Nuwun, anuhoni kasagahan kados ingkang sampun kawrat ing M.S. wulan kapêngkêr, asarêng punika para Pamong anyowanakên M.S. ing ngarsa panjênêngan, ingkang isinipun radi beda katimbang kalihan ingkang sampun-sampun. Kajawi kandêlipun dipun indhaki dados 32 kaca, bab-bab ingkang karêmbag ugi dipun pêpaki kadosdene ingkang kasêbut wontên ing irah-irahan, ingkang supados: 1e. mbotên mbosêni, jalaran mbotên namung tansah ngrêmbag bab wêwatakan utawi bêbudèn kemawon, 2e. wêwaha sêsêrapan kita ing bab sanès- sanèsipun ingkang ugi botên kenging katilar tumraping panggulawênthah, ingkang ancasipun angudi sampurnaning tuwuh, sagêda dados tiyang ingkang botên madal sumbi ing samudayanipun.

Ing wasana pangajêng-ajêngipun para Pamong, mugi-mugi ewah-ewahan wau dadosa jalaraning kamajênganipun Mardi-Siwi, ingkang ugi atêgês rancaging lampah kita anggayuh karaharjaning putra, sumarambahipun dhatêng bangsa tuwin jêmbaripun malih dhatêng dunya.

PAMONG.

--- 50 ---

KAADILAN.

Panggulawênthahing Adil

Manawi botên kalèntu panampi kula pamundhutipun "Mardi Siwi" urunan karangan dhatêng kula kenging kula wastani kados ing nginggil punika.

Adil punika têmbung Arab ingkang sapunika sampun mlêbêt ing basa Jawi kangge jarwakakên têmbung Walandi "recht", "rechtvaardig". Manawi dipun Jawèkakên lugu têgêsipun "bênêr", "bêbênêr", "kabênêran". Bênêr tumraping manungsa, têgêsipun laras kalihan bêtahipun, inggih punika rahayu, wilujêng, slamêt (salamah).

Manawi tiyang punika gêsang piyambakan, kados criyosipun Robinson Crusoe, wontên ing pulo alit upaminipun, sagêd gêsang sakajêng-kajêng, têgêsipun tumindak utawi botênipun miturut kajêngipun piyambak, tumindak botên wontên ingkang ngalang-alangi utawi ingkang ngakên: kèndêl kemawon ugi botên wontên ingkang mêksa tumindak, dados ugi botên wontên ingkang ngalang-alangi kèndêlipun.

Nanging manawi manungsa punika gêsang bêbrayan, lajêng sambêt, awit sabab lan mawi cara mawarni-warni, kalihan tiyang sanès. Môngka tiyang punika nggendhong bêtah warni-warni gandhèng kalihan gêsangipun lair batos. Ing bêbrayan ngriku kabêtahanipun para warganing bêbrayan warni-warni punika tansah pêthukan. Manawi bêtahing satunggal lan sanèsing warganing bêbrayan punika pêthukan kadadosanipun warni kalih: sagêd lajêng sami gèsrèk, suk-sukan, tumbukan utawi lajêng gumolong samad-sinamadan, rasuk-rinasuk, manunggil.

Mila warganing bêbrayan makatên anggènipun ngrêksa bêtahipun, sampun ngantos kaêsuk lan sagêda sinamadan dening para ingkang nunggil bêtah, lajêng sayuk sabêbrayan ngupados tatanan, ingkang kenging kangge panutaning gêsang bêbrayan, supados para warganipun sasagêd-sagêd ngajènana tuwin ngrêksaa dhatêng bêtahipun kancanipun warga.

Tatanan makatên punika ingkang kawastanan "tatakrama" (jêjêring tata, tata kaugêran, norm).

Sabên bêbrayan kêbak tatakrama makatên punika, ingkang grambyanganipun kenging kapilah dados tiga:

1. Tatakramaning agami, inggih punika tatanan ingkang kaanggêp dening para ingkang ngrungkêbi agami punika, awit saking dhawuhing Pangeran.

--- 51 ---

Bêbrayaning manungsa punika nate ngalami jaman ingkang nganggêp sadaya tatakrama ingkang tumindak punika inggih pancèn kakarsakakên dening Pangeran. Mila jaman samantên punika namung agami ingkang dados ugêranipun tumindaking gêsangipun manungsa ing bêbrayan punika. Nanging jamanipun sapunika sampun mbotên samantên malih dayaning agami dhatêng bêbrayan, sanadyan inggih taksih kathah dayanipun.

2. Tatakramaning kasusilan, inggih punika dayaning ambêg sae, karumangsan (geweten), suwaraning asêpi (batin).

Tatakrama punika kathah ingkang jumbuh kalihan tatakrama kasêbut bab 1, jêr bedanipun inggih namung saking wawasan. Ingkang mawas, manawi botên sadaya kemawon ingkang tumindak ing bêbrayan punika dhawuhing Pangeran, lajêng nggolongakên tatakrama warni-warni ingkang kalêbêt ing bab 1 punika dhatêng bab 2. upaminipun anggêr-anggêr "ora kêna matèni liyan" punika mbotên kalêbêtakên dhawuhing Pangeran, ananging kalêbêtakên kasusilan ingkang kêdah njagi gêsangipun manungsa; makatên ugi "ora kêna nyolong" punika angrêksa darbèking warga bêbrayan. Ananging inggih wontên ingkang mbotên jumbuh, umpaminipun agami ngawisi nyambutakên mawi sarêman, nanging kasusilan namung ngawisi sarêman ingkang kêsangêtên (woeker).

3. Tatakramaning sêsrawungan, inggih punika ing jagad kêjawèn ingkang wantah dipun wastani tatakrama kados ta: "yèn mêrtamu aja idu saênggon-ênggon", "yèn pêthukan liyan ing dalahdalan. aja ngregoni lakune", "aja ngina sapadhane urip" wong iku kudu ngênggoni unggah-ungguh, makatên sapiturutipun.

Tatakrama punika nyêkapi bêtahipun gêsangipun bêbrayan supados manis, mathis, pantês, sakeca sêsrawunganipun. Ananging tatakrama punika ugi nyampyok pêngrêksaning darbèking liyan upami "aja idu saênggon-ênggon" utawi adêging manungsa, upami "aja ngina", "aja ngganggu ing liyan".

Ananging tatakrama warni tiga kala wau dèrèng nyêkapi kangge ngrêksa wilujênging bêbrayan tuwin sadaya bêtahipun para warganipun, awit

a. Taksih wontên malih kabêtahanipun wilujênging bêbrayan tuwin ingkang mbotên kenging kagolongakên tatakrama warni tiga wau. Upaminipun andhong-andhong tuwin tumpakan sanès-sanèsipun manawi mlampah ing margi kêdah mêndhêt sisih ingkang kiwa, cacah jiwa kêdah dipun cathêti, punapa malih rabi utawi pisahan makatên sapanunggilanipun ingkang

--- 52 ---

kalêbêt rêrigên supados tata têntrêm kawontênanipun bêbrayan tuwin nyênyingkiri bêbaya-bêbaya, ingkang ugi sok ngalap jiwaning manungsa.

Dados mbotên sadaya bêtahing wilujênging lan tata têntrêming bêbrayan karêksa dening agami, kasusilan utawi tatakrama wantah, taksih kathah bêtahipun bêbrayan ingkang ugi wigatos sajawinipun tigang golongan wau ingkang kêdah karêksa.

b. Lan malih, manawi namung karêksa makatên kemawon ugi dèrèng nyêkapi.

Sintên ingkang mbotên miturut tatakramaning agami punika kenging bênduning Pangeran. Ingkang nêrak tatakramaning kasusilan punika badhe karidhu dening raos gêla utawi rumaos kainan. Dene ingkang nyulayani tatakrama wantah punika badhe dipun siriki tiyang, dipun sêpèlèkakên, têmahan botên pikantuk sêsrawungan.

Nanging kathah mawon warganing bêbrayan punika ingkang mbotên ajrih utawi nêmaha bênduning Pangeran, raos gêla tuwin kainan, kecalan sêsrawungan utawi dipun sêpèlèkakên ing liyan, jêr piyambakipun nekad nyulayani, awit sampun dados bêtahipun.

Mila tatakrama warni-warni wau lajêng kapilih, kawêwahan, kaewahan, sadaya miturut larasipun kalihan kabêtahan wilujênging bêbrayan, mila inggih kapêndhêt ingkang pêrlu-pêrlu, têgêsipun ingkang manawi mbotên dipun èstokakên, dipun lirwakakên utawi dipun sulayani, lajêng sagêd mahanani bêbaya ingkang nyidra wilujênging bêbrayan. Tatakrama ingkang sampun kalaras kados makatên punika lajêng katêtêpakên kêdah dipun èstokakên, mawi dipun kanthèni pangancam ukuman utawi pêksan tumrap dhatêng ingkang wani nglirwakakên utawi nyidrani. Ancaman utawi pêksan punika dipun wêstani sanctie (heiliging) cara Jawinipun wêwingit.

Tatakrama ingkang kawingitakên punika, ingkang limrahipun kawastanan bêbênêr, kaadilan, recht.

Makatên andharanipun Prof Van Kan wontên ing "Inleiding tot de Rechtswetenschap.

Badhe kalajêngakên.

--- 53 ---

KAPRAJAN

Panggulawênthah Bab Kaprajan

[Mijil]

Atur ulun ingkang wus kawijil / sayogya rinaos / dhuh gustiku wus ndungkap wêktune / akil balèk wajibe ngawruhi / prakaraning nagri / paraboting kukum //

(Sêrat Wira Iswara anggitan P.B. IX)

Dhuh kulup putraningsun, sirèku wus wanci, pisah lan jênêng ingwang, ywa kulinèng ardi, bêcik sira nèng praja, suwitèng narpati, nanging ta wêkas ingwang, ywa pêgat têtèki.

(Anggitan Dalêm M.N. kaping IV)

Wiwit wulan Maart punika isinipun Mardi Siwi badhe kawiyarakên têbanipun. Rêmbag panggulawênthah botên angêmungakên bab ingkang angengingi kabatosan tuwin kautamèning budi, nanging ugi angrêmbag panggulawênthah ingkang tumuju dhatêng kaprajan. Awit manawi dipun manah, satunggal-tunggalipun tiyang ingkang gêsang wontên ing praja punika, kêdah mangêrtos ugi dhatêng tatananipun tuwin kuwajibanipun manungsa ingkang wontên ing praja. Mila wiwit Mardi Siwi angka 3 punika, badhe dipun isèni kawruh-kawruh bab kaprajan tuwin wulang-wulang ingkang tujonipun anggêgêsang raosing para mudha, rêmêna amigatosakên dhatêng kawontênaning bangsanipun tuwin nagarinipun.

Punapa malih tumrap para mudha bangsa Indhonesia pêrlu sangêt amanah bab punika, amargi wêkdal samangke bangsa Indhonesia sawêk nêdhêng-nêdhêngipun olah kaprajan ingkang tundonipun sagêda anata gêsanging bêbrayanipun piyambak. Sarèhning Mardi Siwi punika dados waosanipun para rama ibu ingkang kuwajiban ugi manggulawênthah putranipun supados ing têmbe sagêda dados tiyang ingkang botên namung ngudi dhatêng kabêgjanipun piyambak, nanging sagêda ugi dados tiyang ingkang migunakakên kakiyatanipun kangge rahayuning bêbrayan, lumèbèripun rahayuning jagad.

Pamanggihipun Redactie Mardi Siwi ingkang makatên wau kados botên anèh, awit jamanipun Ingkang Sinuhun kaping Sanga tuwin Kangjêng Gusti Mangkunagara kaping Sakawan, ugi sampun wontên wulang-wulang ingkang wosipun nêdahakên kuwajibanipun para mudha ingkang sampun diwasa,

--- 54 ---

puruna olah praja, dados têgêsipun ing jaman samangke samia purun lumêbêt wontên ing ebah-ebahan politiek, tumut manah tuwin angraosakên kawontênaning prajanipun. Miturut panganggêp jaman kina ingkang samangke ugi taksih dipun têtêpakên lêrêsipun dening bangsa kula, ingkang dados idham- idhamanipun para sêpuh punika sagêda putranipun dados satrya ingkang linangkung. Dharmaning satrya makatên olèh praja,olah praja (dan di tempat lain). inggih punika gêgulang dhatêng kasêktèn mawi lambaran kaluhuraning budi. Ananging kasêktèn ing ngriki botên atêgês ngèlmu sichir ingkang dipun angge bêtahing badanipun piyambak. Nanging kasagêdan mawarni warni ingkang tundonipun kangge mêmayu hayuning bêbrayan, amargi dharmaning satrya kêdah anglênggahi kaluhuran budi. Rèhning tiyang olah praja punika kêdah sangu kasagêdan ingkang nyêkapi, pramila Red. M.S. manah pêrlu suka tuntunan dhatêng para maos bab kawontênaning bêbrayan tuwin praja Indhonesia.

Ing sarèhning gêsanging bêbrayan punika wujudipun warni- warni, pramila bagean panggulawênthah bab kaprajan punika botên namung angêmungakên suka tuntunan ing bab tatananing praja, nanging ugi angrêmbag gêsanging bêbrayan ing bab economie, bab pêngajaran, bab kasusilan, bab hak-hakipun satunggaling narapraja tuwin kawajibanipun, bab kaadilan, lan sanès-sanèsipun malih, pêrlunipun manawi para mudha sampun lumêbêt wontên ing bêbrayan malih, sagêda tumut ngrêmbag tuwin tumut manah dhatêng kabêtahanipun bêbrayan. Punika ingkang kula wastani panggulawênthah bab kaprajan. Ing sarèhning Red. M.S. samangke sampun angsal bagean ingkang kapintha-pintha piyambak-piyambak, pramila bagean kula piyambak ingkang pêrlu namung suka kawruh bab tatananipun praja ingkang samangke sampun wontên, saksampunipun dipun wawas lajêng badhe ngaturi katêrangan, kadospundi saenipun tatanan supados sagêd nênuntun bêbrayan dhatêng kawilujêngan.

Karangan punika namung minangka dados bêbukanipun sêsuluh prakawis kaprajan, milai pêrlu kula aturakên inggih bab wajibipun para mudha gandhèngipun kalayan kawontênanipun bangsa Indhonesia ing wêkdal samangke. Anggènipun bangsa Indhonesia ebah ngupados kamulyan tuwin kaluhuran sampun 31 taun tuwin kawontênanipun ebah-ebahan wau saya dangu saya majêng. Ananging kêdah sami dipun akêni manawi dumugi samangke ebah-ebahan wau dèrèng sagêd mujudakên woh kados ingkang dipun ajêng-ajêng. Pramila ebah-ebahan wau kêdah dipun santosakakên, supados kêkiyatanipun langkung agêng katimbang samangke. Sadaya panjangka ingkang dipun lambari kêkiyatan ingkang rosa punika mêsthi

--- 55 ---

enggal kadumugènipun. Awit saking punika para mudha ingkang sami jumagar-jumagar tuwin ingkang wêkdal samangke sami ngudi kawruh mawarni- warni sampun ngantos kasupèn dhatêng kêwajibanipun, inggih punika ing têmbe badhe dados warganing bêbrayan utawi narapraja. Sampun ngantos kasupèn bilih pangudi kawruh punika namung satunggalipun sarana kangge nyamêktakakên anggènipun dados bêbrayan. Sampun tamtu kemawon satunggal-tunggalipun tiyang punika kêdah sagêd nêdha, sagêd gêgriya tuwin sagêd bêbranahan, ananging punika sadaya kêdah namung kaanggêp srana anggènipun tumut mbangun bêbrayan ingkang asipat rahayu. Kula sadaya sami angakêni bilih para sêpuh ingkang ing wêkdal samangke lêlumban wontên ing ebah-ebahaning bangsa botên dangu malih badhe lèngsèr saking palênggahanipun kabêkta saking sampun yuswa utawi kêkiyatanipun sampun suda kangge nyambut damêl migatosakên bêtahipun bêbrayan. Para mudha ingkang samangke nêdhêng wontên ing pawiyatan kêdah sami ngrumaosi gadhah wajib anggêntosi palênggahanipun para sêpuh. Para neneman punika wêwatêkanipun bantêr sakliring tindak, mila dhatêngipun para neneman ing jagading ebah-ebahan badhe nyurung lampahipun ebah-ebahan wau, têgêsipun angrikatakên badhe kadumugèning sêdya.

Ananging pêrlu ugi kula têrangakên ing ngriki bilih tiyang olèh praja makatên asring kathah sandhunganipun, têgêsipun asring katatap-tatap, utawi kêdah wani kurban kêkiyataning pikir, bandha tuwin sanès-sanèsipun. Ananging ingkang makatên wau sampun dados ubarampenipun tiyang ingkang ulah kautamèn anuju dhatêng kaluhuran. Ewasamantên pêrlu para mudha ingkang badhe olah kaprajan punika dipun amping-ampingi dening ingkang dados guronipun. Suka pêpadhang tuwin suka pêpèngêt. Mila wulanganipun Kangjêng Gusti kaping IV ingkang kula pratelakakên ing nginggil punika wau sampun cocok kalayan kawontênanipun. Inggih punika ingkang mungêl: "mung bae wêkas ingwang, ywa pêgat têtèki."

Ing ngriki Kangjêng Gusti Mangkunagara ingkang kaping IV katingal kawicaksananipun, sadaya tindak punika kêdah linambaran têtèki. Têgêsipun kêdah mulat dhatêng punapa ingkang dipun tindakakên, dados têtèki ing ngriki botên atêgês ngurangi tilêm utawi ngirangi têdha, nanging tansah mulata dhatêng sakathahing tindak. Amargi tindak makatên manawi anggènipun anglampahakên botên mawi kawicaksanan, tunadungkapipun sok inggih andrawasi. Mila bokmanawi wontên paedahipun kula ngaturakên wêlinging tiyang sêpuh kados ing ngandhap punika:

Manungsa kudu nalangsa, têgêse nalangsa dudu bungah, dudu susah, nanging wong kang prihatin. Têgêse [Tê...]

--- 56 ---

[...gêse] prihatin dudu cêgah dhahar lawan guling, yaiku nglanggêngake rasa eling, mangèsthi marang kang mêsthi.

Manungsa kudu asrah bathara, yaiku kaananing kêdadean kabèh iki kudu pêrcaya marang kang nglakoni. Kudu narima takdiring wiji, têgêse aja durga mangangsa-angsa nanging tumindaka kalawan saparênge.

Kudu marsudi purwaning dumadi, têgêse apa kang dèn gayuh aja nganti nganggo ati lumuh, kudu sarana dilakoni, dene saranane laku iku ana rong prakara: kudu têlatèn lawan tabêri. Tlatèn iku kênane saka satitik, tabêrine aja mêdhot olèhe anindakake.

Witing urip kudu ngêrti bibit kang gaib, têgêse gaib ora dumunung nèng bumi langit, ora sêmlêmpit ana bêslit, ora kalêmpit ana ing jarit, ora kacarup wilanganing dhuwit, kudu titi papan, karêmpit pitakon kang luwih têrtib. Yèn wus winangsit aja nganti morat-marit. Sinimpên ing guwa wingit. Kêna kawêdharake yèn nocogi karo pêrlune. Kudu ênêng, êning, awas, eling (rasa rumangsani) wanuh wani kudu wuninga. Cêthuk cêthak kudu kang cêtha.

Têmên têmu kudu kang têkan.

Lampahipun ebah-ebahan kabangsan sampun angatawisi badhe kadumugèn ing sêdya. Pakêmpalan-pakêmpalan kaprajan ingkang agêng-agêng samangke sampun manunggil, tuwin sampun sagêd ambabar bêbadan Kongrès Rakyat Indhonesia. Ingkang anuju dhatêng kawilujêngan utawi karahayoning bêbrayan. Dene ingkang dados idham-idhamanipun sagêda ing tanah Indhonesia punika kawontênakên badan pêwakilan ingkang darajatipun kadosdene parlement-parlement ing nagari Europa. Ing pangajêng-ajêngipun ebah-ebahan kabangsan badan wau sagêda nata bêbrayan Indhonesia ingkang sagêd nuwuhakên kêadilan ingkang badhe woh kawilujêngan utawi karahayon. Jangka ingkang muluk punika wau sagêdipun kacêpêng manawi daya kêkiyatanipun bangsa kasokakên ing ngriku, mila para mudha kêdah ugi tansah tumut angawasakên ebah -ebahaning bangsa wau.

Wohipun tiyang migatosakên kawontênan punika têmtu gêsang raosipun kagigah raosipun lajêng purun ngraosakên dhatêng kawontênan. Manawi sampun gêsang raosipun, padatanipun lajêng tuwuh niyatipun tumut angrencangi kadumugèning sêdya.

Para sêpuh tuwin para guru kuwajiban ugi nyulang- nyulangakên dhatêng para mudha ing bab ingkang gêgandhengan kalihan gêsangipun tiyang wontên ing salêbêting praja.

Supados para mudha anggènipun ulah praja botên was-was ing manah malih, tuwin sagêda kadumugèn ing sêdya

--- 57 ---

kanthi manggih rahayu, kêdah sangu kawan warni, inggih punika watak-watak ingkang dumunung wontên ing Brahma (wijsheid) wontên ing Satrya (kune en edelmoedigheid) wontên ing Waysiya (economische kracht), wontên ing sudra (arbeid). Miturut kawontênaning bêbrayanipun para Arier jaman kina pancèn wontên pêpêrangan 4 punika, ananging sajatosipun manawi kamanah ingkang lêbêt wêwatakan 4 punika sagêd dumunung wontên ing satunggalipun tiyang, inggih punika manungsa sagêda gadhah tindak ingkang adhêdhasar kaluhuran kêkiyataning bandha anuwuhakên kawontênan ingkang sae.

Minangka tutuping bêbukaning rêmbag prakawis panggulawênthah bab bêbrayan punika sagêda para mudha Indhonesia kasinungan watak-watak wau, supados sagêda dados sakagurunipun bangsa bêbrayan ingkang dhêdhasar rahayu.

M. SOETEDJO.

KANALARAN

Tuwuhing Pikir tuwin Nalaring Manungsa

Sadaya solah-bawa tuwin ginêm punika yêktosipun namung wêdharing kajêng. Sadèrèngipun kawêdalakên, ingkang gadhah kajêng wau sajak sampun nata urut-urutanipun rumiyin. Pangangkahipun, sagêda manungsa sanès ingkang dipun sukani sasmitanipun utawi ingkang dipun ajak rêmbagan wau, mangêrtos dhatêng sêdyanipun, ingkang dumunung wontên ing solah-bawa tuwin têtêmbungan punika. Ewasamantên sok-sok inggih mlèsèd, rumaosing manah, urut-urutanipun sampun sae, miturut wêwaton: tiyang sanès kok mêksa taksih dèrèng mudhêng ingkang dipun sêdyakakên utawi taksih ambêtahakên katêrangan sanèsipun malih, supados gamblang. Mêsthinipun ingkang gadhah kajêng punika lajêng gêla, rumaos yèn taksih dèrèng baud anggènipun nata solah-bawa tuwin têtêmbungan ingkang tumuju dhatêng sanès.

Bab ingkang makatên punika sabên dintên sintên kemawon mêsthi ngalami. Inggih panci sampun dados kodrating manungsa, wiwit tangi gregah kêdah nênata kêkandhutanipun, dene prêlunipun namung supados anggènipun gêsang sêsrawungan punika langkung sakeca tuwin langkung mikantuki. Ngantos sapriki, para sarjana taksih ngugêmi pêmanggih, yèn manungsa punika saking sakawit mila gêsang sêsrawungan. Mbotên wontên

--- 58 ---

ingkang gêsang miyambak, kados kewan wana utawi gêgrêmêtan. Ing golonganing manungsa punika, inggih alita kados punapa, mêsthi sampun wontên anggêr-anggêring tata têntrêm, wontên ingkang kajibah ngudi dhatêng tata têntrêm wau, wontên ingkang kapasrahan dados sêsêpuh utawi pênuntun. Makatên punika kawontênanipun ing bêbrayan gêsang ing pundi-pundi, saantawisipun bangsa Papua, Indhiaan, Dhayak utawi bangsa Europa ingkang sajak dipun inggil- inggilakên ing bab kawruhipun pranatan.

Mila ing ilmu panggulawênthah lajêng wontên wêwaton, ungêlipun makatên: "Manungsa iku têtêpe dadi manungsa, samangsa bisa urip saantarane para manungsa" Dados sadaya pikajênging para sêpuh tuwin guru, anggènipun badhe mintêr-mintêrakên tuwin ndunung-dunungakên nalaring lare, sampun ngantos supe dhatêng wêwaton punika; sadaya trajangipun kêdah kaênêrakên mriku, idham-idhamanipun namung sagêda para murid tuwin wayah utawi anak ngêrtos dhatêng wajibing manungsa, kêdah gêsang sêsarêngan kalihan kanca-kancanipun. Pangêrtosan dhatêng bab bêbrayan punika sagêda dados dhasaring panggulawênthah punapa kemawon. Panggulawênthah ingkang uwosipun nuju, supados para murid yakin utawi titi sangêt dhatêng kabêtahaning manungsa gêsang sêsarêngan punika namanipun panggulawênthah-sociaal (saking têmbung socius = bêbrayan).

Panci yêktosipun panggulawênthah sociaal punika sagêd sarêng lampahipun kalihan panggulawênthah punapa kemawon naminipun, namung gumantung saking ingkang ngêcakakên. Mila bab panggulawênthah sociaal punika mbotên kenging lajêng dipun siya-siya utawi dipun rèmèhakên, jalaran sampun nindakakên panggulawênthah ingkang tujunipun sanès, ingkang mawarni-warni naminipun, kados ta: neutraal (= mêrdika, têgêsipun ora ngetan ora ngidul) agami, nationaal (= kêbangsaan), lan sapiturutipun. Ing têmbe bab punika ing ngriki badhe kula jèrèng-jèrèng, kados ing wêkdal samangke botên prêlu kawiwitan, cêkap kula dumak-dumuk rumiyin kemawon.

Ingkang dados sêdyaning manah kula, namung badhe mawas salah satunggiling watêking manungsa, ingkang ing wêkdal samangke prêlu sangêt kagêsangakên. Sintên ingkang anglirwakakên, têmtu badhe manggih kapitunan agêng, mbotên sagêd angratoni alam kêlairan. Wujuding watêk wau namung sagêd kaupamèk- upamèkakên, mbotên sagêd kauningan, langkung-langkung manawi kêdah kabuktèkakên mawi barang-barang, ingkang sagêd kagrayang ing pancadriya, yêktos wontên wujudipun.

--- 59 ---

Kula wangsuli malih: manungsa kasinungan watêk sagêd nata. Dununging watêk wau wontên ing utêk, naminipun pamikir. Sadaya ingkang mêdal saking wêwêngkon punika nami pikiran. Samangsa manungsa gadhah pikajêng, pamikir kataman dayaning pikajêng wau, lajeng ebah.

Ebahing pamikir nama: mikir-mikir, sanès mikir. Dene bedanipun, tiyang mikir punika mêsthi wontên tujuanipun. Pikiran satunggal lan satunggalipun, ingkang jumêdhul saking pamikir punika kagathuk-gathukakên, kasaring-saring; prêlunipun ngupadosi pêmanggih, ingkang mikantuki dhatêng ingkang sawêg ngebahakên pikiranipun wau.

Tiyang mikir-mikir punika namung anampèni sabên pikiran ingkang mêdal kajêngipun piyambak. Botên wontên puntonipun, salira kraos lungkrah, tanpa pamanggih, punapa- punapa.

Sarjana Amerika ingkang misuwur, nami Johan Dewey nyamèkakên tiyang mikir kadosdene tiyang mlampah; dumugi ing prasêkawan botên sumêrêp lajênging lampahipun; punapa lajêng, punapa ngiwa utawi manêngên. Samangsa tiyang wau namung linggih kemawon, mêsthinipun inggih botên badhe sumêrêp margi pundi ingkang kintên- kintên lêrês. Beda sangêt, samangsa tiyang wau lajêng purun mènèk uwit inggil, sagêd sumêrêp tlatah sakiwa- têngênipun. Ing nginggil uwit, sagêd angsal pamanggih, margi pundi ingkang sakintên sagêd dumugi ing papan ingkang katuju. Lêpat lan lêrêsipun pamanggih wau, badhe kayêktosan manawi sampun dipun lampahi.

Dados puntoning tiyang mikir punika angsal pamanggih. Pamanggih wau yèn kacobi nêmbe kasumêrêpan lêrês lan lêpatipun. Cêkakipun: tiyang purun mikir punika manawi angsal rêribêd; wujuding karibêdan warni-warni; kajêngipun namung badhe ngicali karibêdan wau. Punika ingkang dados pamrihipun tiyang mikir; mila wontên têtêmbungan, yèn botên wontên lampah tanpa pamrih, têgêsipun tanpa tuju. Dene lampahipun kados makatên:

a. Samangsa tiyang punika manggih karibêdan, lajêng pamikiripun kèndêl jêgrêg, kados tiyang lumampah ingkang kaalang-alangan.
b. Ing batos wontên pikajêng, badhe ngicali pêpalang wau.
c. Pamikir kadayan dayaning pikajêng, lajêng samêkta badhe nyambut damêl.
d. Karibêdan wau kapêcah-pêcah; prêlunipun badhe nyumêrêpi sapintên agênging karibêdan sarta badhe kabucal tut sakêdhik.
e. Pêcah-pêcahan kawawas tut satunggal, urut, botên sapurun- purun kemawon pamêndhêtipun.
f. Sadya pangalamaning pamikir kawêdalakên.

--- 60 ---

g. Pangalaman wau dipun gothak-gathukakên.
h. Wiwit nyoba-nyobi, pangalaman pundi ingkang sakintên sagêd ngicali karibêdan punika.
i. Wêkasaning panyobi wau angsal pamanggih satunggal kalih, ingkang sajak sagêd katindakakên. Salah satunggal kêdah kapêndhêt.
j. Yèn kacobi, badhe nyumêrêpi lêrês lan botênipun.
Yèn panci lêrês, nama yèn pamikiripun lêrês, yèn pamanggih wau botên mikantuki, nama yèn pamikiripun lêpat. Badhe kalajêngakên.

KASUSILAN

GÊSANG GAGRAG ENGGAL

(Sambêtipun M.S. No. 2 Th. VII)

Sampun kathah para sarjana sujana saking Europa ingkang ngarang buku mawarni-warni ingkang suraosipun suka pêpèngêt dhatêng manungsa, manawi kêdah nyantuni gêsangipun. Ing nginggil kula sampun mratelakakên manawi Mr. H.G. Wells sampun cêcala manawi gêsangipun manungsa kêdah mawi gagrag enggal. Awit manawi botên makatên badhe risak manungsanipun. Malah panjênênganipun wani nantang dhatêng jagad supados ngawontênakên sarasehan kadospundi ta badhe lajêngipun lêlampahanipun manungsa punika.

Panjênênganipun gadhah pangintên manawi wêkdal ingkang kangge sarasehan bab punika wau badhe langkung sae wohipun, katimbang kangge mangun yuda kados wontênipun samangke. Cêkakipun Mr. Wells ngajêng-ajêng wontênipun gêsang gagrag enggal. Manawi kula sadaya sami anlusur lêlampahanipun manungsa ing tanah Europa sangatsangêt. anggènipun ngêgungakên dhatêng landhênpinglandhêping. pikiran: het intellect, sagêd amujudakên kawruh utawi wetenschap ingkang muluk sangêt inggilipun (wetenshappelijke cultuur). Ananging bangsa Europa piyambak ugi angakêni manawi kabudayan ingkang lêlandhêsan pikiran wau dèrèng rumasuk ing balung sungsumipun tiyang-tiyang ing Europa.

Rèhning pêntok-pêntoking pikir punika inggih namung dumugi ing babagan kêlairan kemawon, pramila lampahipun

--- 61 ---

bangsa Europa ugi kasrimpêt amargi sampun têrang manawi kodrating manungsa punika botên namung kêlairan kemawon, ugi wontên kabatosanipun (de cultuur van het Westen is varstandscultuur en is dus a-religieus en ontkent het cosmisch verband).

Gêsangipun bangsa Azia wiwit kina makina ngantos dumugi sapriki adhêdhasar kabatosan, lajêng sagêd nuwuhakên geestelijke cultuur, ananging inggih kasrimpêt lêlampahanipun. Amargi lajêng nyêpèlèkakên dhatêng kawontênanipun kalairan (de oostersche cultuur is geestelijk cultuur en is dus religieus en erkent thet cosmisch verband).

Dados kabudayan Europa tuwin kabudayan Azia punika ugi sami wontên kêkiranganipun, milanipun gêsang gagrag enggal punika kêdah adhêdhasar enggal. Satunggal-tunggalipun manungsa punika gêsangipun katitik saking cipta rasa lan karsanipun. Sifating gêsangipun manungsa warni tiga wau kenging kula têmbungakên daya-dayaning Pangeran ingkang wontên ing manungsa. Dados kêwajibanipun manungsa gêsang wontên ing donya punika sagêda ngangge daya-daya wau miturut dhêdhasaranipun piyambak-piyambak. Karsa punika pêntokipun dhatêng panguwasa, amargi manungsa punika manawi sampun sagêd mranata badanipun piyambak inggih sagêd mranata dhatêng kiwa têngênipun. (De grootste overwinnaar is hij, die zichzelf overwint).

Namung kemawon kawasa ingkang sampun kasalira dening manungsa punika wau kêdah kangge angayomi. Awit dhêdhasaring kodrat punika angayomi.

Rasa punika kêplasipun dhatêng katrêsnan utawi liefde, dados têgêsipun manungsa kêdah ngangge kêkiyataning raos, trêsnaa dhatêng sasamining ngagêsang, inggih punika sasamining manungsa.

Cipta utawi gedachte punika kêplasipun dhatêng kawruh, utawi kennis. Ananging manungsa kêdah èngêt dhatêng wèting kodrat, bilih kawruh utawi geestelijke kennis punika wau kêdah tumuju dhatêng pangurbanan, dados sêpi ing pamrih ingkang atêgês dhatêng karahayon.

Manawi sadaya manungsa sami karsa manggalih saèstu dhatêng kamanungsanipun piyambak-piyambak, pinanggihipun tamtu angakêni bilih manungsa wontên ing ngalam donya punika ingkang sami dipun èsthi dhatêng bêgja, ananging manungsa ugi sami ngrumaosi manawi bêgjanipun manungsa punika inggih kalayan manungsa sanèsipun. Pramila manungsa kêdah anêtêpi karukunan kados ing ngandhap punika: [p...]

--- 62 ---

[...unika:]

Manungsa kêdah rukun dhatêng tangga jiwa, têgêsipun dhatêng kulawarganipun. Kaping kalih kêdah rukun dhatêng tangga wisma, têgêsipun tangga têpalihipun. Kaping tiga kêdah rukun dhatêng tangga desa, têgêsipun dhatêng nêgarinipun. Kaping sakawan kêdah rukun dhatêng tangga nagara, têgêsipun nêgari sakiwa têngênipun utawi dhatêng jagad.

Milanipun gêsang gagrag enggal punika kêdah dipun runtutakên kalayan tatananing kodrat ugi tatananing Pangeran.

Tatananing kodrat punika nuju dhatêng karukunan, sanès mêmêngsahan:

Dhatêng manunggil, botên pêpisahan.
Dhatêng kajujuran, botên nakal-nakalan.
Dhatêng bêgja umum, botên bêgja piyambak.
Dhatêng panyambut damêl sêsarêngan, botên dhatêng ungkul-ungkulan.
Dhatêng tulung-tinulung, botên mangsa bodhoa.

Manawi manungsa gêsangipun mawi ngèngêti dhêdhasaran makatên mêsthinipun botên lajêng manah badanipun piyambak, nanging ingkang dados èsthinipun wilujêngipun bêbrayan. Gêsangipun manungsa lajêng atêgês gêsangipun manungsa sadaya. Wohipun badhe damêl bêgjanipun sadaya manungsa, amargi ingkang wontên namung katrêsnan, botên sêsêngitan. Botên manah dhatêng badanipun piyambak nanging manah dhatêng sadaya manungsa. Amila manawi sadaya tiyang sampun sumêrêp dhatêng tatanan-tatananing alam, lajêng anglênggahi kasucianing batos, botên namung kasucianing lair, inggih punika tatakrami.

Manawi dipun raosakên ingkang yêktos, jagad punika sagêd nyêkapi kabêtahanipun manungsa, botên nate kêkirangan. Wontênipun kasangsaran ingkang dipun sandhang dening manungsa punika sababipun botên sanès kajawi lêpating tatanan, ingkang dipun damêl dening manungsa. Ingkang tamtu mamanungsa manungsa. damêl tatanan punika miring dhatêng badanipun piyambak, utawi miring dhatêng golonganipun. Miring dhatêng tiyang ingkang sakêdhik cacahipun (groote industrieen, trustmaatschappijen, groote concers, de kapitaalkrachtigen, denken te veel aan zich zelf, te weinig aan anderen).

Awit sangking punika lajêng tuwuh kawontênan ingkang botên samêsthinipun, inggih punika kathah tiyang ingkang kêkirangan punika lajêng bingung, pêtêng manahipun, wasana nuwuhakên pabênanipun tiyang kathah kalayan golongan alit, ananging manawi dhasaripun gêsang dipun santuni têgêsipun jêjêring gêsang punika ingkang dipun pêrlokakên botên namung awakipun piyambak nanging sadaya sêsarênganipun gêsang, mêsthinipun lajêng sagêd nuwuhakên kawontênan ingkang dipun bêtahakên dening sadaya tiyang inggih punika katêntrêmaning

--- 63 ---

manah. Manawi sakmangke sampun kacêpêng kadospundi dhasaring gêsang punika, panggulawênthahipun lare-lare ingkang badhe dados tiyang sêpuh, lajêng nututi kemawon. Tumindakipun panggulawênthah adhêdhasar nyambut damêl sêsarêngan. Sadaya tiyang kêdah angèsthi dhatêng rampunging kêwajibanipun piyambak-piyambak, sampun namung angajêngakên hakipun piyambak, amargi manawi manungsa punika namung gêgêki dhatêng hakipun piyambak-piyambak têmtu lajêng pêpisahan. Kosokwangsulipun manawi ingkang dipun ajêngakên punika kêwajibanipun, têgêsipun manungsa sami èngêt dhatêng wajibipun piyambak-piyambak lan angèsthi sampurnaning wajib wau, têmtu nuwuhakên panyawiji.

Ing mangke minangka jangkêping wawasan bab gêsang gagrag enggal punika, kula badhe mratelakakên lampahing panggulawênthah.

Tiyang badhe manggulawênthah lare punika kêdah nyumêrêpi kodratipun manungsa (de mesnchelijke natuur). Amargi manawi botên makatên têmtu tuna dungkap anggènipun ngêcakakên panggulawênthahipun. Limrahipun sakmangke tiyang manggulawênthah anak punika mawi programma, utawi rancangan kados ingkang dipun impi-impi. Botên mawi ngèngêti dhatêng kodrating manungsa, milanipun racakipun têmtu sulaya. Awit sangking punika pêrluning pêrlu manungsa kêdah nyumêrêpi kodratipun. Makatên kawontênanipun.

Sapisan manungsa punika gadhah badan wadhag (het stoffelijk lichaam). Punika gadhah gêsang piyambak, manut wètipun stof (anasir Red).

Kaping kalih manungsa punika gadhah badan ingkang winastan badan urip (het levenslichaam). Nanging sampun kalèntu panampi badan urip punika botên wujud stof, botên kasatmata; nanging wujud daya ingkang sagêd ngebahakên rah, nata lampahing ambêgan, daya ingkang gêgandhengan kalayan tangkar-tumangkaring manungsa (de pranische kracht).

Kaping tiga manungsa punika gadhah badan ingkang dipun wastani badan pangrasa (het gewaarwordingslichaam) inggih botên kasatmata, wujudipun kadosdene sorot. Punika dados wadhahipun rasa lan cipta (pangrasa lan pikiran) tuwin malih dados wadhahipun ingkang ing basa Walandi katêmbungakên smart, liefde, hartstocht, nijgingen enz. (sisah, trêsna, dêrêng, karêp ingkang taksih sêmang lsp. Red.)

Kaping sakawanipun manungsa punika gadhah aku (het ik-lichaam) têgêsipun manungsa punika sagêd mastani badanipun piyambak Aku.

Kawruh Kilenan utawi Wetanan wontên ingkang mratelakakên samangsa manungsa punika sampun nyumêrêpi badanipun piyambak, inggih nyumêrêpi Pangeranipun.

--- 64 ---

Badan warni sakawan punika wau kamajênganipun beda-beda, mila panggulawênthahing lare ugi kêdah ngèngêti kawontênanipun badan-badan punika wau. Makatên lampahipun.

Panggulawênthahing putra kêdah dipun wiwiti sadèrèngipun jabang bayi lair. Calon manungsa ingkang wontên guwa garbaning ibu dèrèng sagêd sambêt kalayan jagad ingkang gumêlar, dados botên kadayan punapa-punapa dening jagad gumêlar wau. Nanging calon manunga punika lèngkèt kalayan ibunipun, gêsangipun awit sangking dayaning ibu, pramila priyantun putri ingkang sawêk anggarbini manut kawruh Jawi kêdah sêsirik warni- warni. Punika têgêsipun kêdah tansah èngêt dhatêng ingkang wontên salêbêtipun guwa garba. Tandang-tanduk, muna -muni, pikir lan raosipun utawi karsanipun kêdah dipun jagi sampun ngantos andayani ingkang kirang prayogi dhatêng calon manungsa ingkang wontên guwa garbanipun.

Manawi bayi sampun lair wiwit cêngèripun manungsa alit punika sampun sambêt kalayan ingkang gumêlar, kêmajênganipun kadayan dening kawontênaning jagad gumêlar. Pancadriyanipun wiwit rumagang ing damêl, sagêd nyawang dhatêng kawontênan ing sakjawinipun, sagêd mirêngakên, sagêd ngambêt, sagêd ngraosakên têtêdhan tuwin ngraosakên sakit utawi sakeca. Tuwin sampun katingal gadhah karsa.

Wiwit lair wau dumugi wiwit pupak untunipun, lare punika ingkang majêng badanipun, het stoffelijk lichaam. Mila wontên têtêmbungan gawe awak. Kajawi punika lare ingkang sawêk umur samantên punika wau watakipun nêniru. Botên namung barang ingkang kasatmata utawi ingkang dipun pirêng, nanging ugi kabatosanipun tumut niru. Awit saking punika ingkang kêdah dipun èngêt-èngêt dening tiyang sêpuh, rama ibu tuwin kulawarga sadaya, lare ingkang umur-umuran samantên punika sampun ngantos sumêrêp ingkang botên sae, mirêng suwantên ingkang kirang prayogi, tuwin mambêt ganda ingkang botên eca. Ing basa Walandi katêmbungakên Nabootsing en Voorbeeld. Mila têtanggêlanipun tiyang sêpuh tumrap putra ingkang umur-umuran samantên punika awrat sangêt, ananging manawi badhe angajêng-ajêng kabêgjanipun putra, ingkang kêdah manut wèting kodrat punika wau. Juru panggulawênthah Jan Paul mratelakakên makatên: Een wereldreiziger leert van zijn min meer dan van al zijn wereldreizen. Manawi salêbêtipun k.l. 7 taun lare punika kalêrêsan panggulawênthahipun, têgêsipun kêmajênganing badanipun kalêrêsan, punika ing salajêngipun badhe sae kawontênanipun.

Manawi lare sampun wiwit pupak punika ingkang wiwit majêng badan gêsangipun, het levenslichaam. Lare ingkang

--- 65 ---

samantên wau limrahipun lajêng dipun sêkolahakên. Dene tuntunaning kêmajênganipun lare mawi têtêmbungan navolging en gezag. Milanipun para guru kêdah sagêd anêtêpi anggènipun jumênêng dados guru, inggih punika sing digugu lan ditiru. Digugu tumuju dhatêng gezag, ditiru dhatêng navolging. Para lare kêdah gadhah pangaji-aji dhatêng tiyang sêpuh lan dhatêng gurunipun. Nanging pangaji-aji wau kêdah mêdal saking pangaribawanipun guru tuwin tiyang sêpuh. Gandhèng kalayan kêmajênganipun het levenslichaam, lare umur-umuran samantên punika kêdah kadhidhik raosipun supados sagêda kapranan manahipun dening lêlampahanipun para tiyang ingkang gadhah kalangkungan ing bab punapa kemawon, ngantos lare wau katuwuhan pangèsthi sagêda dados tiyang ingkang gadhah kalangkungan.

Rèhning panggulawênthah wontên pamulangan punika namung 5 jam wêkdalipun, pramila wontên ing griya ugi kêdah tansah sagêda angsal têpa palupi ingkang sae. Bangsa kula Jawi ing jaman kina gadhah tatacara para putra dipun klêmpakakên dening para sêpuh lajêng dipun dongèngi gêsanging lêluhuripun. Para Brahmana ing Indhustan gadhah tatacara lare umur-umuran samantên punika dipun purih ngapalakên têmbang-têmbang ingkang kawrat wontên ing Bagawadgita. Botên dipun wrêdèni, cêkap namung kapurih ngapalakên, awit lare umur-umuran samantên punika pikiranipun dèrèng wiwit majêng. Ingkang pêrlu dipun gulawênthah daya pangèngêt-èngêtipun (het geheugen). Wulang-wulangan sagêd mawi gêgambaran (beelden) awit gêgambaran punika sagêd nênuntun dhatêng gêsanging daya panggantha (de fantasie).

Manawi lare sampun wiwit birahi, k.l. umur-umuran 14-21, ingkang majêng badan pangraos utawi het gewaarwordingslichaam. Lare umur-umuran samantên wau sampun sagêd wiwit migunakakên pikiranipun, dados sampun kenging dipun jak rêrêmbagan dening tiyang sêpuh kalayan gurunipun. Limrahipun lare- lare ingkang umur samantên punika sampun ngancik ing sêkolahan têngahan. Wulanganipun sadaya kêdah sampun mawi kridhaning pikir.

Ing basa Wlandi katêmbungakên puberteitsjaren, inggih punika lare-lare wiwit gadhah birahi, raos rêmên dhatêng barang ingkang pèni. Umur-umuran samantên punika angèl-angèlipun tumraping panggulawênthah. Saranduning badan santun kawontênanipun, lare jalêr wiwit migatosakên dhatêng lare èstri, kosokwangsulipun lare èstri dhatêng lare jalêr. Miturut kawruh panggulawênthah samangke, manawi lare umur- umuran samantên punika botên sagêd katuwuhan èsthining gêsangipun, sagêd risak. Milanipun tangkêpipun juru panggulawênthah utawi tiyang sêpuh kêdah kadosdene sadhèrèk sêpuh. Pun

--- 66 ---

anak wiwit pêrlu dipun jak rêmbagan bab kawontênanipun gêsang, supados sagêda dumugi èsthining gêsang. Rèhning sampun kathah ingkang dipun alami utawi dipun sumêrêpi, awit saking wulang-wulang ingkang dipun tampi saking gurunipun, lare wau sagêd angraosakên rêmbag-rêmbag saking tiyang sêpuh utawi gurunipun.

Wiwit umur 21 taun ingkang makarti Akunipun. Ananging rèhning pirantos-pirantosipun sampun dipun samêktani, jêjaka punika wau manawi gadhah pikajêngan sagêd santosa kajêngipun (een wilskrachtige jongmensch). Badanipun raosipun pikiranipun sagêd nututi dhatêng karsanipun, ing wasana sagêd angantêpi èsthining gêsangipun.

Solo, 20 Februari 1940.

SOETEDJO.

Panggulawênthah Gêgandhengan Kalihan Jaman Samangke

Wiwit jaman rumiyin lare saha panggulawênthahipun punika sampun dados rêmbak saha pamanahan ingkang wigatos sangêt, punapa malih ing kalanganipun para sarjana tuwin para ahli anggulawênthah.

Satunggiling sarjana bangsa Walandi Tuwan E.J. Potgieter nyêbatakên ing karanganipun "De Ezelinnen" ingkang kirang langkung têgêsipun makatên:

Punapa wontên barang ing sakurêbing ngakasa lan salumahing bumi ingkang sagêd badhe anjunjung kaluhuraning bangsa kita, kajawi lare.

Ungêl-ungêlan punika pancèn pratitis sangêt. Jalaran lare punika botên badhe mandhêg dados lare salaminipun kemawon, ananging kaangkah sagêda ing têmbe anglajêngakên idham- idhaman tuwin gêgayuhanipun (streven) para tiyang sêpuhipun ingkang dèrèng sagêd kadumugèn. Inggih ing ngriki punika wigatosipun panggulawênthah. Langkung-langkung ing jaman sapunika gêgandhengan kalihan ruwêt rêntênging jagad raya, ramening kawontênan donya kados ingkang kawrat ing sêrat-sêrat kabar warni-warni. Miturut pamanggihipun Tuwan Steiner, bangsa Walandi, panggulawênthah ingkang salaras kalihan jaman samangke punika kaperang dados kalih prakawis ingkang agêng.

Sapisan lare kaangkah sagêda ing têmbe gêsang sêlaras kalihan gêsang bêbrayan ing jaman samangke, nyambut namêldamêl. sêsarêngan, ngupados pangupajiwa sapiturutipun; kaping kalihipun ingkang wigatos sangêt inggih punika anggêgêsang katrêsnan dhatêng tanah asalipun, tanah kalairanipun, saha dhatêng dayaning kawontênan ngriku, kagunaning (cultuur) tanah

--- 67 ---

punika. Gandhèng kalihan bab kagunan, ing ngandhap punika kula badhe ngaturakên culikan sakêdhik saking sêrat: "Het gelaat van mijn broeder" anggitanipun bangsa Indhu, ungêlipun makatên: "Ik vrees, dat het wezen der Westerse cultuur hier niet gebracht kan worden. Het is alles geimporteerd, gedroogd goed, dat wij ontvangen, wel goed, maar niel levend. Die muziek is als voedsel in blik toegediend aan zielen, die in deze omgeving opgevoed zijn. Kunst en cultuur zijn sterk aan een landstreek verbonden; zij kunnen niet in-of uitgevoerd worden zoals huiden en specerijen."§ Têtêmbungan wau cara Jawinipun kirang langkung: Kula kuwatos, manawi kabudayan Kilenan botên badhe sagêd gêsang wontên ing ngriki, jalaran sadaya wau barang mônca, kadosdene barêng [barang] ingkang sampun dipun garingakên inggih sae, nanging botên gêsang. Gêndhing wau kadosdene têtêdhan ingkang kasimpên ing blèk kasukakakên dhatêng tiyang ingkang kagulawênthah wontên ing tanah ngriki. Ing mangka kagunan lan kabudayan punika botên sagêd tilar kalihan panggenan dunungipun lan botên sagêd kakintunakên utawi kadhatêngakên kadosdene wacucal, bumbu-bumbu utawi sanès-sanèsipun. Red.

Pamanggih punika manawi kamanah ingkang lêbêt inggih wontên lêrêsipun. Upaminipun tiyang Jawi ingkang angudi gêndhing kilenan. Kawruhipun ing bab punika sampun limpat, pratikêl anabuh sawarnining prabot (instrumenten) inggih sampun botên nguciwani. Ananging manawi katandhing kalihan bangsa kilenan ingkang ugi nyinau bab wau botên paja-paja sagêd nyamèni, jalaran pun raos ingkang botên kadugi anjajagi. Ing mangka raos punika tumraping kagunan nama botên kenging kapisah. Dados miturut pamanggihipun sarjana bangsa Indhu wau angudi cultuur sanès punika sagêdipun namung ngambang kemawon, nglêngkara manawi sagêd mlêbêt ing balung sungsum.

Ing sarèhning lare punika watakipun ingkang sabagean agêng rêmên nêniru, kados ingkang sampun kawrat ing Mardi-Siwi 4 wulan kêpêngkêr, pramila prayogi sangêt manawi para ahli anggulawênthah saha para tiyang sêpuh (ouders) maringi têtuladan dhatêng anak-anak kita sêdaya ingkang salaras kalihan bab ingkang sampun kasêbut ing nginggil.

Botên namung tandang-tanduk lan solah-tingkah ingkang kasat mripat kemawon ingkang sagêd andayani wataking lare, nanging sanajan pamikir (het denken) dumuginipun pangraos ('t gevoelsleven) inggih makatên. Pikiran ingkang botên-botên lan pangraos ingkang nyulayani, punika tumraping lare prasasat wisa ingkang mandi sangêt. Pramila tumrap para achli anggulawênthah prayogi sangêt manawi karsa ngulinakakên ngêningakên cipta, pêrlu mawas badanipun piyambak punapa wontên bab-bab ingkang taksih kêdah kaewahan utawi kabucal, (zelfwaarneming en zelfopvoeding).

--- 68 ---

Minangka panutuping atur kula sumangga sêsarêngan sami ambudidaya supados anak-anak kula sadaya sagêda dados tiyang ingkang luhur bêbudènipun saha ngêrtos dhatêng wajibipun ingkang sêjati. Sampun.

MOELJADI.

SANA SUNU

Kasêbut ing Sêrat Sanasunu anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi Yasadipura kaping II, pujangga dalêm ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, jaman jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B. IV akir, saha jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun P.B. VI kapatêdhan nama Radèn Tumênggung Sastranagara, ing sêrat wau wontên ingkang nyêbutakên kirang langkung makatên:

Lêlampahanipun tiyang gêsang punika kaperang wontên kalih wêlas warni,

Ingkang sapisan: èngêta manawi tinitah dados jalma,
Ingkang kaping kalih: èngêta manawi kasinungan sandhang kalihan têdha,
Ingkang kaping tiga: èngêta manawi kêdah pados sandhang kalihan têdha wau,
Ingkang kaping sakawa: èngêta dhatêng agami Islam,
Ingkang kaping gangsal: bab pakarêman
Ingkang kaping ênêm: èngêta lampahipun pawongmitra tuwin dhatêng kêkancan.
Ingkang kaping pitu: bab nêdha, tilêm, tuwin kêkesahan
Ingkang kaping wolu: bab kurmat dhatêng para tamu
Ingkang kaping sanga: bab wêdharing wicara sasaminipun
Ingkang kaping sadasa: bab agêng aliting tinitahakên dening Hyang Sukma punika,
Ingkang kaping sawêlas: bab suda lumungsuring darajat tuwin gingsiring kang wahyu, punapa ingkang dados sababipun,
Ingkang kaping kalih wêlas: èngêta dhatêng ebah-osiking jagad.

Mênggah duningipun utawi babaring kajêngipun cacah kalih wêlas perangan wau kawijang-wijang malih kados ing ngandhap punika:

Kacariyos bab ingkang sapisan wau, kêdah èngêt salaminipun manawi tinitah saking "ora" dhumatêng dumadi = manungsa, mijil sarta ênuripun Kangjêng Nabi Muhammad, têka botên tinitah dados kewan, amila kêdah ngagêngakên sukur ing Pangeran, enz. enz.

--- 69 ---

Bab ingkang kaping kalih: tiyang gêsang ing dalêm dunya botên sagêd nilar baksana lan busana (sandhang têdha) kenging kaparibasakakên: sandhang punika bojo sêpuh, namanipun mbok Donya, têdha punika bojo nèm, namanipun mbok Rijêki, amila bojo kêkalih wau kêdah dipun trisnani sangêt dening mbok Donya bojo sêpuh wau ingkang tumut gêsang tumut pêjah.

Tumrapipun mbok Rijêki bojo nèm, punika dados pikuwat tumraping ngagêsang.

Bab ingkang kaping tiga: dhawahipun Hyang Maha Kuasa, ingatasipun ngupados sandhang têdha punika, kêdah mêdal margi ingkang lêrês sae. Sarana pawitan ngêpuh karingêtipun piyambak, kêdah botên ajrih rêkaos rumaganging damêlipun, dados kêdah mijil saking kas kayanipun piyambak, sampun ngantos anjagèkakên pawèwèhing sanak sadhèrèk, sêpanginggilipun, èngêta manawi manungsa punika kasinungan akal budi, beda kalihan kewan botên kasinungan akal budi, manawi pados têdha namung cangkêmipun kemawon anggayêmi sukêt godhong ing pundi ingkang dipun purugi.

Bab ingkang kaping sakawan: ingagêsang supados anglampahi Islam miturut dhawuhipun Kangjêng Nabi Muhammad Rasulolah, kados ta: batal karam kalihan kalal musabiyat kêdah kèsthi, sampun ngantos kêsupèn dhatêng wêwatoning ka-Islaman gangsal warni, manawi botên sagêd nglampahi sarat rukuning agami Islam gangsal warni wau, manawi botên kuwasa minggah Kaji dhatêng Betollah, namung nglampahana tumrap ingkang kawan prakawis kemawon sampun ngantos kêlepyan, makatên:

Sarengat lampahing badan, Tarekat lampahing manah, Kakekat lampahing nyawa. Makripat lampahing raos, nanging lampahipun sampun ngantos nilar sarengat:§ Supados botên andadosakên kalintu, panampinipun para nungkara, bab sarengat nabi, enz. Punika pamêthik kula, kula lugokakên sêkaran kemawon (sêkar Sinom) kauningana.

[Sinom]

1. pan iya mangsa bisoa / ngêplêki sarengat Nabi / wa mangkana nora kêna / yèn kinarsakkên ing Widi / dadya mukmin sajati / mung ta awya kongsi kupur / kang dèn kupurkên sarak / aywa pasèk awya musrik / rèhning langip mung bisoa ing maksiyat //

2. yèn maksih tiba maksiyat / manawa-manawa kaki / katarima tobatira / ing rina kalawan wêngi / yèn wus tumibèng musrik / angèl pêpulihanipun / yèn nora katarima / tobatira ing Hyang Widi / nora wurung katêmpuh ing pancabaya //

3. sarengat iku wêwadhah / lawan iya tatakrami / marma tan kêna tinilar / wong atilar tatakrami / ênggoning laknat yêkti / lan ênggoning duraka gung / kêna ngarahan setan / tan wurung iku amanggih / ing bêbêndunira Kangjêng Rasulollah // Badhe kasambêt.

Kula pun SOEJAMTA.

--- 70 -- -

URAP-SARI

Sambêtipun "Ambangun panggulawênthah"

Uluk-uluk kula wontên ing "Mardi-Siwi" no. 9 wulan Sèptèmbêr taun ka VII bab: Ambangun panggulawanthah,panggulawênthah. ing sêmu, wontên ungup-ungupipun badhe kabul. Anggèn kula gadhah pangintên makatên wau, awit nalika tanggal 30 Januari 1940 ingkang kapêngkêr punika pakêmpalan P.G.I. pang Solo, damêl parêpatan wontên ing Soos M.N. Solo. Wondene rêmbag-rêmbag ing parêpatan ngriku, wontên ingkang tumuju dhatêng kabêtahan umum, inggih punika bab: "Basa Jawi" kalihan bab: "Opvoeding". Ingkang mêdhar sabda sadhèrèk M. Soetarno kalihan sadhèrèk M. Soetedjo. Kalih bab wau sami dipun gatosakên sangêt dening para rawuh.

Sêsorah bab opvoeding, mawi dipun bêbukani wawasan bab karisakaning jagad samangke, risaking economie, risaking moraal lan moreel, risak saking rêbatan dêg, sarta rêbatan gêsang, pêpêrangan l.s.s. Mênggah sadaya karisakan wau, asal-asalipun saking pandamêl-pandamêlipun manungsa piyambak. Dene pandamêl wau, asalipun saking hawa napsu ingkang botên sagêd katata. Anggènipun botên sagêd nata sabab nalika andhasari opvoeding kirang titipriksa, badhe kadospundi kadadosanipun ing têmbe wingkingipun. Ngrêtos-ngrêtos yèn wontên klèntunipun, sarêng sampun sami ngalami nandhang karisakan.

Amila rêmbag-rêmbagipun, kenging karingkês: "yèn opvoeding punika kêdah kabangun malih" salah yèn botên kabangun, wohipun namung tansah badhe kados ingkang sampun kemawon.

Wasana saking muyêging rêmbag, sarta pancèn barang wigatos, manahipun umum sasat katarbuka, mak byar sumêrêp mêloking kalêpatan babagan opvoeding, lajêng mupakat badhe ngawontênakên congres: opvoeding lan onderwijs. Sadaya ingkang sami rawuh, nalika dipun saringi, mupakat. Parêpatan kêplok mawurahan. Emut kula badhe kêlampahanipun congres wau kaangkah wontên ing wulan Juli 1940 ngajêng punika.

Putusan wau damêl gambiranipun umum, warni-warni rêraosanipun tiyang kathah, gèk opvoeding ingkang kadospundi bêbangunanipun. Nuwun, raos gambira dèrèng mêndha, kasusulan malih raos cumêplong, ingkang nuwuhakên grêngsêng. Inggih punika nalika tanggal 1 Sura taun 1871 pakêmpalan "Bapa" ing Surakarta, ugi ngwontênakên parêpatan, manggèn ing Soos M.N. malih. Kajawi nêrang- nêrangakên sêjanipun Bapa

--- 71 ---

lan kuwajiban-kuwajibanipun, ugi mawi ngrêmbag bab: "Kêplasing opvoeding". Ing ngriku saya dipun cêthakakên malih, ingkang dados sabab-sababing karisakan, sarta dhêdhasaranipun. Amila ringkêsipun, ingkang pêrlu sangêt punika kêdah ngewahi dhasaripun. Opvoeding punika sasat namung dados juru ngupakara dhasar wau.

Manawi dèrèng wontên lêlampahan ingkang sangsara, dèrèng kraos klèntu, pancèn dèrèng wontên niyat badhe andandosi.

Dados nêdah-nêdahakên kasangsaran, ngrêtos-ngrêtosakên dhatêng risaking kawontênan, bibrahing moraal lan moreel, punika prêlu sangêt, supados bêbrayan umum sagêd tumut ngraosakên lêlampahan ingkang sinandhang. Manawi sampun sagêd kraos, yak n yèn sangsara, lajêng gampil dipun jak mikir kadospundi sabab-sababipun. Awit sadaya kadadosan punika mêsthi wontên sabab-sababipun. Dados manawi kêpengin ngundhuh woh ingkang miraos, inggih lajêng prêlu ngèngêti damêl wiji utawi sabab ingkang sagêd nguwoh miraos.

Mangsuli bab pangintên kula, nguthut badhe sagêdipun kêlampahan wontên Congres opvoeding lan Onderwijs, ing batos kula rumaos: suka sukur. Awit: saya enggal wontênipun opvoeding anyar ingkang sampun binudi matêng, saya rancag santuning kawontênan ingkang sampun botên laras.

Dhasar ingkang têtela damêl ribêding lampahipun bêbrayan agung, kêdah tumuntên dipun santuni dhasar ingkang sagêd murakabi lan milujêngakên sêjanipun. Botên milujêngakên awakipun piyambak, nyêngkanipun milujêngakên sagolongan. Yèn taksih kados makatên modhèling dhasar, inggih nama dèrèng santun. Waunipun kamajêngan ing Europa punika dadosakên cingaking donya. Tiyang sajagad sami kagawokan nyawang kawontênan ing Europa. Pantês, dados sêkaring jagad. Amila sadaya sami ngangsu kawruh mriku. Kawruh ulah praja, kawruh kaprajuritan, economie, dagang, têtanèn, kawruh yêyasan, kawruh nênukang sadaya wau pancèn linangkung sayêktos. Lampahing kamajênganipun rikat sangêt, bêbasan: nginanga durung abang, idua durung asat, jlig, sampun dumugi pucak.

Bangsa ingkang dados awak-awaking kamajêngan, kadosdene bangsa-bangsa Europa, punika inggih botên anèh upami katuwuhana manah ambêdhêdhêg. Rumaos: sajagad ngalela dhewe. Kabêkta saking raos marêm, dene anggènipun nglampahi ayahaning bangsa, sampun rampung, sampun sagêd nêdahakên wohing kangelanipun, awujud: wetenschap.

Amargi saking badhêdhêging manah, gampil sangêt angglewang dhatêng gumunggung, kasupèn dhatêng ulah bêbudèn utawi

--- 72 ---

kasusilan. Sinêngguh wetenschap punika sampun compleet botên wontên kêkiranganipun. Têgêsipun: sintên ingkang gadhah wetenschap inggih sampun susila.

Malah sêmu-sêmunipun, luhuring bêbudèn, kautamaning watêk, sucining manah, ragi kêpering, ingkang dipun cêngohakên intellectipun. Bêbasan: "Rahayuning budi kawuri".

Dalah tiyang-tiyang ingkang sami ngangsu mriku lagu lageanipun inggih lajêng nyengkok Europa; inggih punika:

Cara-caranipun anggènipun gêsang.
Anggènipun gêgriya.
Anggènipun anggulawênthah anak-anakipun,
Lampahing raos pangraosipun,
Têdha lan sandhang panganggenipun,
Tandang-tanduk lan sarawunganipun,.

Sadaya cengkok Europa. Ngantos kêtawis sangêt sêsambêtanipun kalihan bangsanipun tuwin tiyang sêpuhipun piyambak katingal wontên lêt-lêtipun. Mangka tiyang-tiyang ingkang ngangsu kawruh wau, gêsangipun padintênan inggih kalihan bangsanipun piyambak, sêsangkutaning kapêrluan, bêtahipun gêgriya, bausuku, sandhang têdha, ulat- ulêtipun inggih kalihan bangsanipun. Nanging yèn sampun nyandhak bab beschaving utawi wetenschap, ing ngriku kraos bênggang, wontên raos, sintên ingkang botên intellect: botên nyagak talang. Atur kula wau, namung mêndhêt umumipun, botên gadhah têgês, sadaya ahli wetenschap punika ngrèmèhakên ingkang botên gadhah wetenschap.

Mangsuli bab kamajêngan ing Europa, malah limrahipun ing jaman sapunika dipun wastani Kilenan. Sarêng sampun pêntog, jêbul malah darêdah, tansah panca bakah kalihan kancanipun piyambak.

Ingkang suwau gêsang sênêng-sênêng, tansah ngêtingal-ngêtingalakên kaluhuranipun, sapunika malih grembyang, tansah mêlang-mêlang, botên sagêd tilêm sakeca, sênêng santun sipat dados was, raosipun luhur santun dados miris. Ngrumaosi gêsangipun botên têntrêm dening tansah ngandhut kêtir-kêtir. Dene ingkang dipun sumêlangakên inggih tangganipun. Saupami barang wau sampun luhur sayêktos, têgêsipun sae, sampun têmtu lêlajênganipun inggih saya sae, botên wontên undhuh-undhuhan ingkang nguwatosi.

Awit natuurwet, botên nate nyidrani pandamêlipun manungsa. Sintên ingkang andhêdhêr sae, têmtu badhe ngundhuh sae. Sintên ingkang andhêdhêr awon, inggih badhe ngundhuh awon. Punapa wetenschap nyinau makatên kemawon kècèr ? Dados ing Europa wontên pêpêrangan têrus-têrusan, punika rak inggih undhuh-undhuhanipun dhêdhêranipun piyambak ta.

--- 73 ---

Samangke woh wau sami dipun raosakên tiyang sa-Europa, malah amblèbèr mangetan sami kêduman paitipun, sêbab rêrêgènipun barang-barang dados awis, lampahing pangupajiwa dados rêndhêt, sapiturutipun, punika sumukipun saking Europa.

Sarèhning waunipun ing Europa tansah dados sawangan, mangka sapunika têtela wetenschap ingkang dipun gung-gungakên, dipun luhurakên botên sagêd nyukani têtanggêlan kawilujênganing ngagêsang, dening jagad tansah gênjot, bumi gonjang-ganjing, dhampar palênggahaning para ngasta pusaraning praja moyag-mayig. Sakêdhap-sakêdhap gambar atlas santun sipat, jalaran saking pagêr watês watêsing karajan tansah santun sipat.

Amila damêl mlengaking jagad. Yèn makatên kêdah enggal madosi, wontên ing pundi kalintunipun. Sabab mokal upami botên kalèntu, têka ngundhuh woh ingkang pait. Natuurwet botên nate cidra. Gênah wontên tindak ingkang nyulayani Natuurwet. Awit Natuurwet manawi botên dipun sulayani, sajêgipun botên nate kasangsaran.

Sumongga, sapunika sami dipun tlusur saking wêwaton Natuurwet. Mangke yèn sampun kacêpêng lajêng kadadosakên ancêr-ancêring sêtiyar, kadamêl ambangun opvoeding. Amargi opvoeding punika bakuning sêtiyar kangge gêsang bêbrayan. Nadyan Europa klèntunipun inggih gênah wontên ing opvoeding, botên wontên ing onderwijs. Mumpung Wetanan dèrèng kêlajêng, mongga sami dipun bangun malih.

Wetanan punika waunipun inggih sampun nate ngraosakên dados bangsa minulya lan luhur. Wasana mlorot-mlorot, ambruk, sapunika badhe tangi, gêmregah tata-tata badhe murugi ingkang sawêg dados sawangan, jêbul ingkang badhe dipun purugi wau sawêg nandhang ribêt. Ngriki sawêg mêntas ambruk, sumêrêp lêlampahan makatên wau, lajêng kêdah kèmutan dhatêng lêlampahanipun piyambak jaman rumiyin, punapa ingkang andadosakên sêbabing ambruk? Awit manawi ngèmuti: "Natuurwet botên nate cidra."

Dados inggih mêsthi wontên tindak utawi dhêdhêran ingkang nyulayani kalihan Natuurwet, tandhanipun manggih rêribêt. Nadyan kalêpatan punika waunipun botên katawis, nanging dangu-dangu Natuurwet ingkang nêdahakên, inggih punika awujud kêdadosan- kêdadosan ingkang gumêlar.

Natuurwet punika kenging kula anggêp astanipun Pangeran, kangge nuntun sadaya ingkang sipat gêsang, murih sagêd mindhak-mindhak kawruhipun. Kawruhipun wau lajêng dados panuntunipun piyambak-piyambak. Manawi kawruh wau

--- 74 ---

runtut kalihan lampahipun Natuurwet, punika badhe awoh kabêgjan. Dene yèn nyulayani lampahipun wet, badhe awoh sangsara. Sangsara lan bêgja wau, sami dados pangalamanipun ngagêsang. Yèn purun migatosakên inggih sagêd lajêng dados kawruh malih. Wasana badhe sangsaya patitis anggènipun tumindak gêsang, sarta inggih sangsaya rikat lampahing kêmajêngan. (Badhe kalajêngakên)

S.

Gujêngan

Sami Patitisipun

(Kalampahan saèstu)

Priyantun sêpuh kadhèrèkakên putranipun èstri wêdalan pamulangan, sami dhatêng ing griya sakit badhe jêjampi. Sadangunipun ngêntosi dhatêngipun dhoktêr wontên ing wachtkamer, sami rêrêmbagan kalihan ningali gambar ingkang sami tumèmplèk ing tembok.

Rama: "Cêdhakmu iku gambar apa, ndhuk?"
Putra: "Punika gambar bom, pak, kangge ngêbomi kitha-kitha manawi wontên paprangan. Panjênêngan kok botên yasa guwa kangge andhêlik."
Rama: "Yasa kanggo apa. Tumrape aku mati karo urip iku padha wae."
Putra: "We la, bapak ki ! Punapa inggih ta pak? Dados panjênêngan seda inggih kêrsa?"
Rama: "Gêlêm wae."
Putra: "La kok botên seda kemawon."
Rama: "La wong wis urip ngene kok dikon mati."
Putra: "La manawi panjênêngan botên ajrih seda, punapaa panjênêngan gêrah kemawon kok dhatêng dhoktêran."
Rama: "Lo kuwi rak larane. Yèn larane aku êmoh. Jajal yèn mati, môngsa dak tampika."
Putra: "We la, ora kêna didhebat bapak ki!"

RAN.

--- 75 ---

Kasusastran

Sinandi. Angakêni Kalêpatan

[Dhandhanggula]

1. rarasing rèh kaarah mrih manis / dèn pêng dera amêdhar wasita / mastutyèng rèhnya pra moncèr / ngaliling kyèh pituduh / berawane bangkit dumêling / idhêp kèdhêpa marang / kartitama luhung / tabêt tilase ywa têlas / dumugia salami murih arjanti / tatane kasusilan //

2. drênging driya andarung mawrêdi / amèngêti dêdêling kaardan / kang wus kontap kamurkane / kêni lamun sinêbut / bèbète mung lupa kêpati / patrape murang tata / titine suwung blung / mung umbag gumunggung dahat / ngêgungake agênging kang surasêkti / prawira widigdaya //

3. sugih aji jaya wijayanti / sanggyaning kang dewa Suralaya / mlayu tandhing lan dhèwèke / kawawas samya kawus / wose kasor guna lan sêkti / nanging duk ayun lena / lana tyase ayu / rumasa ywan dahat lêpat / tingkahe kang wus kalakyan wingi nguni / tarlèn mung borong angga //

4. iku kêni kinarya palupi / lêpiyane watak lir mangkana / tyas utama tumanême / dhuh babo anak putu /

--- 76 ---

anyandhia wasita jati / jantranirèng wardaya / kalamun wus luput / angakua têtêp lêpat / aywa ngèyèl nayal-nayal lir nir budi / dadi wong ambêg nistha //

5. nguthuh kêthêr tar wrin bênêr bêcik / cak-cakane mung nasar bêlasar / bakal asor têmahane / beda kang tyas rahayu / mung ngakoni luputing dhiri / tan selak tan suminggah / mungguhing wong idhup / kudu idhêp ngèdhêp marang / rêrangkène sakyèhning wasita yogi / prayoga ywa pêpeka //

6. pêpakême mangkya dèn ungkabi / angkên ingkang ruwiya duk purwa / risang Subali Pamase / narendrambêg dibyanung / ing Kiskêndhaguwa winarni / duk sirarsa pralaya / kataman ing têmbung / têtambang pangundhamana / myang dèn undhat-undhat ing narendra lêwih / Prabu Ramawijaya //

7. pan mangkana dhawuhe sang aji / hèh pantês yèn sira wre candhala / mamak murang krama bae / tan wruh mring ala ayu / ingsun manah mring sira iki / tan bakal nêmu papa / jêr ingkang sinêbut / jati-jatining satriya / kang utama tumanêm wrin ala bêcik / kang sun nut têpa-têpa //

8. nora dosa ingsun amatèni / marang sira wre durta angkara / sumurupa hèh wre kowe / kabèh jroning wana gung / ingkang nêdya babo mlarati / lan nêdya

--- 77 ---

laku ala / mring titah sawêgung / yêkti sun patèni padha / iya kabèh pakewuh jroning wanadri / sun buru ingsun kala //

9. sun susugi ya ingsun pikati / tapisa pra durmalaning jagad / lawan ingsun uwis suwe / myarsa têrang kalamun / sira têtêp wanara juti / nistha tar parikrama / Sugriwa adhimu / têka sira têgêl tega / angalani sira misahakên nguni / Sugriwa lan swaminya //

10. Dèwi Tara tandya sira ambil / sira alap dadi bojonira / lah iku têtêp sira wre / anindaki nalutuh / sira pancèn durtaning bumi / nihan wau duk myarsa / Subali Sang Prabu / mring dhawuhe Prabu Rama / kathik mathuk uninganira sayêkti / mênêng angungun dahat //

11. sigra nêmbah-nêmbah wus mèh lalis / mêmpis-mêmpis wêdharing suwara / hèh Rama tuhu sira yèn / kêmbanging bumi luhung / lah matia Subali iki / gêlah-gêlahing jagad / dhuh babo adhiku / Sugriwa suka tyas ingwang / miwah sukur dene sira dèn asihi / mring Dasarataputra //

12. kang wus sasat bathara linuwih / ingsun yayi andhingini ruwat / lah saka warnaningsun wre / ing besuk iya kumpul / tunggal ênggènira lamlami / yèn wus padha rinuwat / ing jawata besuk / ingsun kang kêliwat ala / wus pasthining bathara ingsun prang tandhing / lawan kadang priyôngga //

--- 78 ---

13. sira antuk pahala sayêkti / dene nora bêbarêngan ruwat / kalawan kakangmu kiye / ingkang dhingini ingsun / anampani sihing dewa di / sira yogya milua / karyaning dewa nung / sawusira amitungkas / Sang Prabu Subali ngulungakên aglis / kêmbang mas mring Sugriwa //

14. ingkang anèng janggane Subali / Sang Sugriwa anampani sigra / kinalungkên ing janggane / wau Subali Prabu / dyan aniba lulus alalis / cinatur antuk swarga / ya ta kang winuwus / kag kari bala wanara / santana wre samya nêmbah mring Subali / kang wus praptèng pralaya //

15. wangke tinrap nèng pancaka nuli / tinunu wus sirna tan kawuryan / mangkana Sugriwa rêke / sumilih dadya ratu / akadhaton Kiskêndha nguni / kang yasa Sri Narendra / Mesasura Prabu / wong agung dwi kaaturan / mring jro pura sakalangkung gêngirèng sih / wau Narpa Sugriwa //

16. dahat wimbuh-wimbuhnirèng bêkti / marang Sang Prabu Ramawijaya / datatita wuryaning rèh / babo baya wus cukup / cêkak cakêp kinarya peling / ring sanggya para mudha / kang nêdhêng kêlimput / muput luput kridhaning tyas / dèn andhadha dhadhagi andhêging sisip / ywa ngèyèl nayal-nayal //

17. pratingkah basa kyèhning sujanmi / kang wus ngaku ngêngkoki mring lêpat / têtêp wus jêmbar kawruhe / myang alus budinipun [budini...]

--- 79 ---

[...pun] '/ janma ingkang alus ing budi / sawastu kang cinipta / mung ambêg rahayu / kanthi yitna lan waspada / saunggyane mung basuki kang pinanggih / ywa maido ing driya //

Wiwit pada ôngka 7 dumugi ôngka 16, kalih pada lingsa saking wiwitan, punika bakunipun sêkar Sinom, nanging lajêng kula santuni sêkar Dhandhanggêndhis, supados turut utawi komplit kalihan purwakanipun pangarang kula sêkar Dhandhanggêndhis, amila manawi wontên kirang langkungipun kalihan suraosing bakunipun sêkar Sinom, kula nyuwun pangaksamanipun para nungkara.

Katandhan Trah kaping tiga.

WAWASAN BUKU

PIET - PON - BLES, buku wawasan lare, wêdalan Balai Pustaka, aksara Latin, mawi karêngga ing gambar 3 iji, 4 kalihan ingkang wontên ing samak, rêgi ... f 0,16.

Buku wau prayogi kangge waosan lare umur 10 taun mangandhap. Nyariyosakên lêlampahanipun sêgawon kalihan kapal ingkang sami dipun ingah ing tiyang. Cariyosipun gêsang, waosanipun sakeca, sanajan wontên têmbungipun satunggal kalih ingkang radi kakên, upaminipun: kon ngganggu sobatku anyar. Dhapukanipun tuwin lagunipun sajak ngemba buku-buku Walandi waosan lare, kajawi nami Piet kalihan Bles punika ugi sampun nami manca.

Isinipun sae, wontên piwulangipun kangge nuntun lare supados trêsna dhatêng ingah-ingahanipun sumarambahipun dhatêng sasamining gêsang. Tulung-tinulungipun satunggal lan satunggalipun lan saening têpangipun kewan-kewan wau, gojègipun pun sêgawon kalihan pun bêlo, kenging kangge pêpiridan [pê...]

--- 80 ---

[...piridan] saening pawongmitran lan katrêsnan dhatêng kanca. Emanipun dene pungkasaning dongèng wau wujud lêlampahan ingkang adamêl trênyuh lan ngêrês ing manah. Ambokmanawi prayogi manawi pungkasanipun wau kadhawahakên ing perangan ingkang nyariyosakên bilih pun bêlo botên saèstu kasade, ndadosakên ing bingahing biyungipun. Dene cariyos candhakipun "rêpêt-rêpêt nèng gêdhogan" wontên ing ngriku mbotên lajêng kadosdene cariyos tambahan kemawon, ingkang lajêng nyudakakên ngês.

Red. M.S.

N.B. Wawasan buku sanèsipun badhe kapacak ing M.S. ingkang badhe mêdal.

CORRESPONDENTIE

1. Sdr. B. ing Ch. Karangan panjênêngan 2 iji sampun katampi. Matur nuwun.

2. Comite Congres - Pêngajaran Indhonesia ing Surakarta, maklumat dèrèng sagêd macak, ngêntosi papan.

3. Drukkerij Expres Surabaya, Redactie sampun tampi 1 buku Panggulawênthahing Bocah. Matur nuwun.

Pratelan Isinipun M.S. No. 3.

Panggulawênthah ing adil - Panggulawênthah bab kaprajan - Tuwuhing pikir tuwin nalaring manungsa - Gêsang gagrag enggal - Panggulawênthah gêgandhengan kalihan jaman samangke - Sana Sunu - Gujêngan - Angakêni kalêpatan - Wawasan buku - Correspondentie.

--- [0] ---

Pratelan arta langganan ingkang katampi sasampunipun tanggal 18 Juni dumugi tanggal 10 Novèmbêr 1939.

(Sambêtipun Mardisiwi wulan Fèbruari '40).

Stb. No: 993, ASMA: T. Soetoro, Dêdalêm ing: Tasikmalaya, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 995, ASMA: T. Reksosiswojo, Dêdalêm ing: Kêbumèn, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 I
Stb. No: 999, ASMA: R. Soeradji, Dêdalêm ing: Solo, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1000, ASMA: R. Atmodarsono, Dêdalêm ing: Solo, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 I
Stb. No: 1001, ASMA: T. Soedarmo, Dêdalêm ing: Solo, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 I
Stb. No: 1007, ASMA: R. Soesanto, Dêdalêm ing: Solo, Arta: 1,2, Kangge têngahan taun: 1939 I + II
Stb. No: 1011, ASMA: T. Martosiswojo, Dêdalêm ing: Purwarêja, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1023, ASMA: R. Soemewo, Dêdalêm ing: Solo, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 kw. IV, '40 kw. I
Stb. No: 1026, ASMA: T. Dwidjoprawito, Dêdalêm ing: Kalibawang, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1035, ASMA: Nji. Roebiathin, Dêdalêm ing: Lumajang, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1036, ASMA: Mevr. Notoamidjojo, Dêdalêm ing: Klathèn, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1037, ASMA: T. Basari, Dêdalêm ing: Cirêbon, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1038, ASMA: T. Soediran, Dêdalêm ing: Ngawèn, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1039, ASMA: B. Mashoedi, Dêdalêm ing: Solo, Arta: 0,3, Kangge têngahan taun: 1939 kw. III
Stb. No: 1040, ASMA: R. Soemarkèh, Dêdalêm ing: Kartasura, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1041, ASMA: T. Wirjodihardjo, Dêdalêm ing: Kundhisari, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1042, ASMA: T. Djais, Dêdalêm ing: Kundhisari, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1044, ASMA: R. Warsitoasmoro, Dêdalêm ing: Japara, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1043, ASMA: T. Hardjopawiro, Dêdalêm ing: Krêtêk, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1045, ASMA: T. Wirjomihardjo, Dêdalêm ing: Bojonêgoro, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1046, ASMA: R. Soetarko, Dêdalêm ing: Bumiayu, Arta: 1,2, Kangge têngahan taun: 1939 II 1940 I
Stb. No: 1047, ASMA: T. Soelastro, Dêdalêm ing: Kaliwungu, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 II
Stb. No: 1049, ASMA: T. Soediroen, Dêdalêm ing: Klathèn, Arta: 0,6, Kangge têngahan taun: 1939 kw. IV, '40 kw.I
Stb. No: 1052, ASMA: Mij. Soeati, Dêdalêm ing: Klathèn, Arta: 0,2, Kangge têngahan taun: 1939 Nov + Dec

Adm. M.S.

--- [0] ---

Sêrat Babaran Enggal, Pamoring Kawula Gusti

(Mawi basa tuwin sastra Jawi)

Isi wêdharaning karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, abdi dalêm kaliwon pujôngga ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat.

Kawêdharakên kanthi kalaras tumanduking piwulang gathukipun kalihan wasitaning ngèlmi.

1 buku rêgi f 0,50, kintun arta rumiyin, ongkos prèi.

Ugi sagêd mundhut dhatêng: Adm. MARDI-SIWI. Badran, Solo.