Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1940-08/09, #1811

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1940, #1811
Sambung:
1.Mardi Siwi, Soenarja, 1940-03, #1811. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #548.
2.Mardi Siwi, Soenarja, 1940-08/09, #1811. Koran, Majalah dan Jurnal | Mardi Siwi #549.

No. 8-9 Augustus-Sèptèmbêr 1940 Th. VII

Mardi Siwi

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA. Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA. Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi sabên 6 wulan f 0,75, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,15. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah tumraping: kanalaran, kabatosan, kaendahan, kasusilan, kaeconomian, kaprajan, kaadilan, kasarasan, l.s.p.

WARA-WARA

Nuwun sampun satêngah taun punika kalawarti Mardi-Siwi isinipun kawêwahan dados 32 kaca, sarta rêgining lêngganan kaindhakakên dados 15 sèn ing sawulanipun. Ngèngêti kawontênan ingkang sangsaya rêkaos, rêrêgènipun samukawis tansah mindhak-mindhak, makatên ugi waragading panyithak, ing mangka sêsanggènipun para lêngganan ugi sampun ngrêgiyêg, pramila saking pamangghihipun para Pamong rêkaos sangêt upami kawontênanipun Mardi-Siwi punika kalajêngakên makatên.

Wiwit wulan Augustus punika momongan kita Mardi-Siwi isinipun kawangsulakên malih dados 24 kaca, sarta rêgining lêngganan ugi wangsul dados f 0,75 ing satêngah taun kados ingkang sampun, amrih botên dados rêkaosing sadayanipun.

Namung panyuwunipun para Pamong, mugi para lêngganan kemawon karsaa maringi panjurungipun ingkang ajêg.

Ing sadèrèng tuwin sasampunipun matur nuwun.

Para - Pamong.

--- 210 ---

BÊBRAYANING AGÊSANG

Tanggap ing Cipta Sasmita

Ngêsing lukita:

[Kinanthi]

Padha gulangên ing kalbu / mring sasmita amrih lantip / aja pijêr mangan nendra / kaprawiran dèn kaèsthi / pêsunên sariranira / sudanên dhahar lan guling //

Wulang Rèh.

1. Sajatosipun mênggahing sadhèrèk Jawi, apalan Sêrat Wulang Rèh makatên dede barang-barang; saking manising ukara, lare taksih kuncung kemawon sampun kathah ingkang apal. Inggih makatên punika lungiding kasusastran, sagêd nuju prana, mêmpan dhatêng sadaya ingkang asipat gêsang.

Gêsang punika botên nate kêtingal wujudipun, ingkang dipun mangrêtosi ing sanès namung pakartinipun. Jêr sampun wataking gêsang kêdah makarti, manawi sampun botên makarti lajêng winastan pêjah.

Ing ngriki kula namung badhe ngaturakên wêwadosing kasusastran kalih warni kemawon, sanèsipun ingkang taksih kathah sangêt udhar-udharanipun, botên kula rêmbag. Kalih warni wau inggih punika:

1. Mathisipun pamilihing têmbung miwah dhamisipun rakiting ukara, dipun kênyamakên nglênyêr, rumasuking jasad sagêd njujurakên raos.

2. Lungiding raos, tumama dhatêng poking pangraos, nênangi dhatêng budi pêkêrti, karkat tumandang nindakakên prêntuling manah ingkang dumados saking tabêt kataman lungiding sastra wau.

Babakan sapisan punika kula wastani panampining raos ing babagan kabudayan, dene babakan kaping kalih panampining raos ing babagan ngagêsang.

Kalih pisan punika sami rosanipun sarta inggih sami prêlunipun, ngadat manawi tiyang sampun kêlajêng kacuwan wontên ing babakan sapisan, lajêng botên doyan dhatêng babakan ingkang kaping kalih, sanajan babakan kaping kalih wau wigatos sangêt, dhasar tujunipun juru pangripta inggih namung mrêlokakên dhatêng panampining raos babagan ngagêsang kemawon. Eman sangêt manawi gêgambaran kula ing nginggil punika kêrêp kêlampahan. Usadanipun ingkang prêmati, inggih para juru pamardi kêdah karsa marsudi dhatêng babakan

--- 211 ---

kapisan, murih ingkang pinardi têdhas dhatêng babakan kaping kalih.

2. Wulangan sapada Kinanthi pêthikan saking Sêrat Wulang Rèh ing nginggil punika, têgêsipun sampun botên kirang gamblang, jêr têmbung-têmbungipun sampun sarwa pasaja. Nanging cakipun dhatêng lare ingkang watawis umur 15 taunan, rumaos kula taksih prêlu dipun kanthèni katrangan ingkang tandhês, murih botên nuwuhakên sêling-sêrêp.

Nggêgulang = marsudi, nglêlantih supados prigêl sarta kiyat; kalbu saking têmbung Arab qolbu = manah = krêntêg ingkang gadhah wasesa mangrèh;

Sasmita = isarat, pratandha, pasêmon, pralambang;

Lantip = candhakan, mangrêtos, tanggap;

Mangan-nendra = nêdha tilêm; nanging kajêngipun ing ngriki nêrangakên watak ingkang namung mikir dhatêng nêdha lan tilêm kemawon, punika watak botên sae, tundonipun dados sêmbrana, botên sagêd mangrêtos dhatêng ingkang alus (sasmita);

Kaprawiran = kautamèn, luhuring budi;

Dèn kaèsthi = kêdah kagatosakên têmênan, kêdah wani mêksa ngêndhalèni watak ingkang botên prawira;

Mêsu sarira = ngêtog kadibyaning batin, ngantos sagêd mbengkas kabêtahaning lair, milanipun kêdah dipun saranani nyuda tilêm sarta ngirangi nêdha.

Inggih bab wêkasan punika ingkang sok kosèk kalihan lampahing donya ing jaman sapunika, prêlu sagêd dipun oncèki ingkang ngantos tapis murih mbotên tumpangso utawi worsuh.

Sapunika jaman sport. Inggih marsudi kasantosaning badan, kenginga kangge nggarap padamêlan awrat. Punapa malih kiyating badan wau mahanani kasarasan, mangka sarasing pikir makatên dumunung wontên ing badan ingkang sêgêr kuwarasan.

Pancèn inggih makatên, butuhing pikir kalihan butuhing budi pakarti punika, sok ngalèr ngidul. Nanging manawi tiyang purun ngakêni, bilih butuhing ngagêsang punika inggih pikir inggih budi, masthi inggih purun ngakêni wajib nyinau pilahipun kabutuhan kalih warni wau. Malah saya dipun cêthakakên malih, inggih ing ngriku punika panggenanipun sêsandining ngagêsang.

Sêsandining ngagêsang makatên pêrlu dipun sumêrêpi, dipun ngrêtosi, dipun olah ngantos laras (harmonisch) kalihan sêsandining bawana.

--- 212 ---

3. Nalika bayi lair, jagad sampun gumêlar, pun bayi botên mangrêtos.

Nyarêngi kalihan indhaking umur, badan wêwah santosa, pancadriya sagêd makarti, pangrêtosan saya pêncar, raos pangraos dados ngrêmbaka, budi pakartinipun mapan wontên ing sanubari ingkang laras kalihan mêgaripun pintên-pintên bab ing nginggil wau, gathuk kalihan kawontênan ing pasrawunganing gêsangipun.

Pasrawungan punika agêng sangêt daya prabawanipun, makatên ugi ewah gingsiring waktu, manawi tiyang tansah kêcipuhan anggènipun nglênggahakên bokongipun dening botên sagêd nglaras kawontênan ing sakiwa- têngênipun, dèrèng kenging dipun wastani diwasa. Milanipun wajib sami marsudi sagêdipun: tanggap ing cipta sasmita.

Wasitanipun para sarjana ingkang jajah sêsêrêpanipun inggih nêrangakên, dhawuhing Allah ingkang maujud kitab Torèt, Injil, lan Quran, manawi dipun raosakên inggih gadhah têgês, tumuruning dhawuh-dhawuh wau laras kalihan gumêlaring kawontênan sarta waktunipun.

Manawi tiyang purun ngèngêt-èngêt lêlampahanipun piyambak masthi inggih purun ngakêni santun-sumantuning panganggêp miwah pamanggih dhatêng sawiji-wiji ingkang sampun dipun alami, manut santun-sumantun laras kalihan kawontênan cundhuk kalihan wahyaning mangsakala.

Mangsa ingkang sampun kapêngkêr inggih sampun, têgêsipun sampun botên wangsul malih, dene ingkang badhe dipun ambah punika mangsa enggal, wujud lan kawontênanipun sagêd mèh sami, namung mèmpêr kemawon, utawi gèsèh babarpisan kalihan mangsa ingkang sampun kapêngkêr wau, namung namanipun ingkang kadamêl sami. Upaminipun mangsa rêndhêng. Ingkang kapêngkêr kathah sangêt jawah, sapunika namung cêkapan kemawon. Kala samantên kathah tiyang sakit, sapunika botên. Ingkang sampun wulu wêdaling siti botên patos sae, sapunika bêbasan ngêmohi. Makatên salajêngipun. Ewadene manawi tiyang botên sagêd ngalap misilipun barang ingkang sampun kapêngkêr, nama tiyang bodho, botên sagêd ngatos-atos anggènipun nata jangkahipun. Dados cêtha prêlunipun matitisakên lêlampahan ingkang sampun punika kangge nêtêpakên tuju lan pakarti, ngantos sagêd sinêbut: tanggap ing cipta sasmita. Taksih wontên sambêtipun.

--- 213 ---

Indhonesia Ngancik Laladan Enggal

Para sêpuh kêdah angulatakên ebahing jaman, gandhèng kalihan panggulawênthahing putra.

Lêlampahanipun jagad katingal badhe santun. Pêpêrangan agêng ing Europa samangke punika suka ngalamat dhatêng sadaya manungsa, bilih badhe wontên tatanan enggal. Kadospundi badhe wujuding tatanan wau, mêsthinipun botên gampil anggènipun anggantha-gantha. Ananging kula wani anamtokakên, manawi tatanan ingkang sampun-sampun punika botên badhe wangsul malih. Babagan ekonomi punapadene babagan praja, makatên ugi srawunganipun manungsa kalihan manungsa sanèsipun, utawi têpangipun nagari kalihan nagari sanèsipun ugi badhe santun, botên kados ingkang sampun-sampun. Jagad samangke nandhang sakit ingkang rêkaos kabêkta saking tansah wontên pêpêrangan ingkang nêdha korban mayuta-yuta jiwa tuwin bandha. Mênggah sêbabipun botên sanès kajawi saking anggènipun manungsa tansah angêgungakên kamurkanipun.

Satunggal-tunggaling manungsa utawi bangsa punika sampun tamtu kêwajiban manah dhatêng badanipun piyambak. Ananging manah dhatêng badanipun piyambak punika kêdah dipun watêsi, pêrlunipun sampun ngantos nuwuhakên cêcongkrahan kalihan tangga têpalih. Kintên kula samangke sampun dumugi kalamangsanipun, manungsa gêsang wontên ngalam donya punika botên kenging namung manah dhatêng badanipun piyambak, kêdah ugi manah dhatêng tiyang sanèsipun, amargi sampun têrang kabêgjanipun manungsa punika sêsarêngan kalihan manungsa sanèsipun. Ingkang anêtêpakên kaluhuran, kautaman sapiturutipun punika inggih manungsa. Mila manawi sadaya manungsa sampun anêtêpi kamanungsanipun têmtu inggih badhe angsal kaluhuran utawi kautaman. Badhe dhatêngipun jaman enggal punika kula botên badhe anêmtokakên, nanging dhatêngipun sampun mêsthi. Kêrsaning kodrat kawontênan ing samangke punika sampun kêdah ewah.

Makatên ugi kawontênanipun ing Indhonesia ugi badhe ewah. Indhonesia samangke sampun botên sagêd sêsambêtan kalihan nêgari Walandi ingkang sampun karêbat ing mêngsah. Punika kenging kula anggêp dados sasmita manawi Indhonesia kêdah sagêd angrampungi prakawisipun piyambak. Babagan padagangan samangke ugi sampun badhe katata enggal. Sêsambêtanipun Indhonesia kalihan Europa nama kantun sakêdhik, gêntos sêsambêtan kalihan nagari-nagari ing Asia tuwn buwana Amerika.

Bab tatananing praja sampun kathah para tiyang Indhonesia, botên metang golongan ingkang nêdha santunipun, sagêda laras

--- 214 ---

kalihan jamanipun. Sadaya tiyang Indhonesia, Jawia, Walandia, utawi bangsa sanèsipun sampun sami kraos pêrlunipun manunggilakên tekad utawi manunggilakên kajêng kangge anjagi kawilujênganipun Indhonesia. Titikan-titikan punika wau amratelakakên manawi Indhonesia badhe ngancik jaman enggal. Samangke kantun madosi marginipun sagêdipun enggal bangun tatanan enggal wau.

Wangsul dhatêng rêmbag bab jaman enggal, wiwt wulan punika ing Bêtawi badhe kaêdêgakên pamulangan luhur (Universiteit). Rêmbag wontênipun universiteit punika sajatosipun sampun radi dangu, ananging pamarentah taksih mangu-mangu anggènipun badhe ngawontênakên. Kapêksa dening kawontênan wulan Sèptèmbêr punika sagêd ambabar universiteit ingkang dipun kajêngakên dening bangsa Indhonesia.

Pamulangan luhur babagan pangadilan, kadhoktêran, têtanèn, kasusastran badhe kadadosakên satunggal, awujud universiteit malah wontên rêmbag pamulangan luhur babagan techniek ugi badhe dipun wiyarakên têbanipun tuwin dipun sambêtakên kalihan universiteit wau. Manawi sagêd kadadosakên nama lajêng jangkêp.

Ingkang enggal inggih punika babagan kasusastran tuwin têtanèn. Sagêd ugi babagan kawruh kewan ugi kadhapuk.

Wontênipun universiteit wau kangge kamajênganipun bangsa Indhonesia agêng sangêt paedahipun. Para neneman wêdalan H.B.S. tuwin A.M.S. sagêd milih margi mawarni-warni kangge angudi kawruh ingkang maedahi tumrap gêsanging bêbrayan. Bêbrayanipun bangsa Indhonesia ingkang nêdiya majêng kêdah gadhah panuntun ingkang mumpuni sadaya kawruh ingkang maedahi dhatêng kabêtahanipun bêbrayan.

Ngantos dumugi samangke para sêpuh anggènipun nggulawênthah putra limrahipun namung katujokakên dhatêng pangrèh praja, pangadilan utawi kadhoktêran. Makatên wau botên nama lêpat, amargi inggih sawêg punika ingkang wontên. Ananging gandhèng kalihan ewahing jaman utawi ewahing kawontênan, sampun samêsthinipun manawi para sêpuh ugi ngèngêti ewah-ewahan wau.

Bêbrayan Indhonesia mbêtahakên panuntun- panuntun ing babagan ekonomie, pêrlunipun sagêda ngajêngakên drajading bangsa ing bab panggêsanganipun. Mila jumêdhulipun faculteit tanèn nama sampun kalêrêsan gandhèng kalihan kabêtahanipun bêbrayan, amargi para mudha ingkang mêdal saking pamulangan luhur punika ingkang sagêd suka tuntunan dhatêng ebah-ebahing panggêsangan. Makatên ugi badhe wontênipun faculteit kangge panggulawênthahing insinyur babagan ngèlmu pamisah paedah sangêt kangge bangsa Indhonesia, amargi

--- 215 ---

kawruh punika pêrlu sangêt kangge ngajêngakên para bangsa kula ingkang ulah kriya. Kabêtahanipun bangsa Indhonesia ingkang kangge sabên dintên taksih kêdah kadhatêngakên saking nagari manca, kados ta wontênipun piring, cangkir lan sp. Manawi bangsa kula sampun gadhah insinyur piyambak, ingkang sagêd suka tuntunan bab pandamêlipun barang-barang wau, mêsthinipun sagêd angebahakên bandha ing ngriki kangge yasa barang-barang wau. Pamulangan luhur kalih warni punika badhe sagêd andayani dhatêng kamajênganipun ekonomie.

Pamulangan luhur babagan kasusastran ingkang wulan punika ugi badhe kawiwitan, sagêd dados srana kamajênganipun kasusastran Jawi tuwin Malayu. Ngantos sapriki basa Jawi tuwin Mlayu wau botên patos kopèn, mila dèrèng wontên kamajênganipun. Manawi sampun kathah para sarjana Jawi ingkang ngudi basanipun piyambak, ingkang ngantos bontos, bokmanawi enggal sagêdipun majêng. Kajawi punika babagan kasusastran wau ugi sagêd dados srananipun basa kula angsal papan wontên ing pamulangan têngahan mulang babad, kasusastran tuwin kawruh sociaal ekonomi, amargi kawruh-kawruh wau kalêbêt bageanipun faculteit kasusastran.

Kajawi punika wontên malih papan panggulawênthah wau ingkang sami jumêdhul salêbêtipun papêrangan punika. Pamulangan babagan kaprajuritan ugi badhe dipun wontênakên ing Indhonesia, makatên ugi bangsa kula ugi dipun kengingakên nglêbêti pamulangan calon opsir-opsir lautan tuwin opsir ing gêgana. Sanajan samangke dèrèng sapintêna bangsa kula ingkang katampi ing pamulangan-pamulangan wau, ewasamantên sampun ngantos kêmba para sêpuh tansah angudia sagêdipun para mudha Indhonesia sami anglêbêti pamulangan wau, botên namung satunggal kalih, nanging kêdah dasanan utawi èkêtan. Amargi sampun têrang sangêt pêrlunipun tumrap anggèn kula badhe majêng. Bangsa Indhonesia punika manggèn ing pulo-pulo. Sêsambêtanipun satunggal kalihan satunggalipun mawi baita, milanipun para mudha kêdah ugi lêlayaran, sagêda ing têmbe dados kêmudhinipun baita-baita dagang utawi baita pêrang ingkang anjagi kawilujênganipun Indhonesia.

Miturut andharan nginggil wau têbaning para mudha badhe saya wiyar. Kêwajibanipun bangsa Indhonesia manah dhatêng ewahing kawontênan wau sampun ngantos katlompèn, sadaya margi kêdah dipun ambah supados sagêd angsal pangalaman ing babagan punapa kemawon. Sampun ngantos bangsa kula namung tansah kapencut dhatêng kapriyantunan kemawon, amargi bêbrayan punika ambêtahakên warni-warni kajawi kapriyantunan.

Wontên satunggalipun bab ingkang andadosakên alangan tumrap kabulipun kajêng wau, inggih punika bangsa Indhonesia [Indho...]

--- 216 ---

[...nesia] umumipun mlarat, kêkirangan wragad kangge andumugèkakên anak-anakipun dhatêng pamulangan têngahan tuwin pamulangan inggil. Punika kula akêni. Ananging kula sadaya botên sagêd angoncati kêwajiban kula amintêrakên anak-anak. Bangsa Indhonesia rêmên gotong-royong, namung ing wêkdal samangke gotong-royong wau sawêg katujokakên dhatêng tiyang gadhah damêl, utawi tiyang kasripahan. Pramila pamanggih kula gotong-royong wau ugi kêdah dipun satuni sipatipun, inggih punika sagêda bangsa kula angwontênakên bandha pasinaon, mêdal saking watak rêmên dhatêng gotong-royong. Manawi bandha pasinaon wau sagêd dados badhe kathah para neneman ingkang pintêr, ingkang angsal pitulungan kangge nyampunakakênnyampurnakakên. pasinaonipun. Bab punika samangke pêrlu dados panggalihanipun para sêpuh tuwin ebah-ebahan kabangsan. Paribasan cara Jawi: "jêr basuki mawa beya" kêdah dipun gêgêsang lan dipun buktèkakên; sadaya panjangka sagêdipun kalampahan kêdah mawi beya. Punika sadaya lampahipun kêmajêngan ing babagan kridhaning pikir. Sambêt kalihan badhe dhatêngipun jaman enggal wau, pangudi kawruh kanalaran kêdah dipun kanthèni panggulawênthah luhuring budi (moreele en geestelijke opvoeding).

Amargi manawi babagan kalih punika botên dipun opèni, bangsa kula ugi badhe manggih lêlampahan kados ingkang dipun alami Eropa. Amargi kridhaning pamikir punika asring nuwuhakên agênging kamurkan ing babagan lair lan batos, têgêsipun murka dhatêng kadonyan, murka dhatêng pangaji-aji lsp. Awit saking punika pêrlu katêrangakên ing ngriki, bilih manungsa punika pêrlu katêrangakên ing ngriki, bilih manungsa punika gadhah kamardikan angudi kawruh punapa kemawon, kangge sangunipun tiyang gêsang ing donya. Nanging kêdah tansah èngêt dhatêng panganggenipun kawruh-kawruh wau, têgêsipun panganggenipun kêdah mawi kawicaksanan, awit kawruh punika namung dados srana anggènipun manungsa badhe mêmayu hayuning bêbrayan. Manawi makatên anggènipun ngolah budi bangsa kula, bokmanawi ing têmbe sagêd dados sumbangan dhatêng karahayoning jagad.

WIGNJOWIDJOJO.

--- 217 ---

KANALARAN

Gagasan Andupara

(Sambêtipun M.S. No.7 th. VII)

Awêwaton rêroncening katrangan ing nginggil punika lajêng sagêd ndhawahakên putusan wêwatoning panggulawênthah utawi pangupakara dhatêng anak-anak inggih punika: nggêgêsang utawi ngunggar raosing pikiran ingkang ngantos birawa diwasa sarta tansah katujokakên dhatêng ebahing manahipun piyambak, kanthi pêpathokan raos pangrêtos.

1) Tumrap tiyang kalihan tiyang dhêdhasar raos sami, jêr raos sami punika sagêd mahanani raos têpa salira.

2) Tumrap tiyang kalihan barang, utawi kalihan lêlampahan punapadene kalihan kawontênan adhêdhasar raos paedah, awit sêsambêtaning srawungipun tiyang kalihan barang, tiyang kalihan lêlampahan saha kalihan kawontênan punika wontên ing bab guna paedah, ngantos sagêd maedahakên samêsthinipun. Manawi tiyang sampun botên sagêd ngalap paedahipun, mangka dipun alap paedahipun inggih botên kenging, mêsthi pêdhot raos srawungipun.

b) Bab makarti saking ing nglêbêt.

Makartining raos saking ing nglêbêt punika têgêsipun raosing manah tansah kraos badhe punapa-punapa botên sarana ebahing pancadriya, liripun pancadriya botên kêpanduk punapa-punapa, raosipun sampun makarti.

Mênggah makartining raos punika manawi dipun waspadakakên mêsthi wontên daya utawi sabab ingkang njalari purun makarti.

Dene sabab-sabab ingkang njalari makartining raos saking ing nglêbêt punika pèngêtan-pèngêtan ing salêbêting raos ingkang asal saking pangalamaning pikiran awarni pangrêtosan-pangrêtosan (kasagêdan) sarta pangalamaning manah awujud pêpêthan (projectie) kawontênan lan pêpêthan (projectie) urut-urutaning lêlampahan. Adhakanipun ingkang dados undêran ebahing raos makarti saking ing nglêbêt punika raos eca sakeca tigang prakawis.

1). Projectienipun Kaartan awujud: kasugihan, donya brana, arta mayuta makêthi, pangangge gumêbyar, têdha miraos, griya brêgas magrong-magrong, l.s.s (zie Jaka Lodhang)

2). Projectienipun Kawiryan, awujud drajad luhur, panguwaos agêng, pasrawungan inggil, wosipun babagan linangkung.

--- 218 ---

3) Projectienipun Kawasisan, awujud kawontênan kajèn keringan.

Projectie 3 prakawis wau ingkang angebahakên raos saking ing nglêbêt. Langkung-langkung manawi pêpèngêtan 3 prakawis wau asalipun saking waris lêluhuripun piyambak punika saya andêrpati anggènipun ngoyag-oyag raosing tiyang.

Raosing manah ingkang kadayan saking pêpèngêtan 3 bab punika lajêng mahanani raos kumrêngsêng anggayuh. Rosaning panggayuh mbabarakên tindak tapa brata masuh sarira sarana tirakat, cêcêgah sasaminipun.

Wondene pakartining pikiran manawi botên diwasa samêsthinipun, inggih punika manggung kêrèh ing manah, sorotipun inggih namung kangge obor murih sagêd kasêmbadaning sêdya niyatipun.

Kawuningana.

Manah punika yèn sampun kêtuwuhan sêdya utawi pêpenginan punapa-punapa, saya dangu saya mindhak rosa, wasana lajêng dados raos: dêrêng, adrêng, awêwaton kudu kêlakon. Tumindakipun mbêrung wuta tuli, yèn ta kalairna raosipun: êmbuh sesuk, pathok saiki kêturutan.

Sintên ta sagêd nanggulang triwikramaning manah makatên wau, liripun punapa wontên ingkang sagêd damêl lêga lan marêm. Mêsthi botên wontên. Ewadene inggih asring wontên ingkang sagêd nrênggalani, ananging mêksa inggih namung dumugi panyandhêt tumrap cak-cakaning panindak, liripun botên kanthi pangakêning raos angajêngi, dados raosipun taksih ngurêng wontên ing sanubari. Samangsa kêlimpe botên sande inggih katindakakên, bêbasanipun dipalangana mlumpat, dirantea mêdhot, awit raos ngurêng ing sanubari punika pêpindhanipun kados rêdi latu ingkang buntêt kawahipun. Jêblosipun malah mbêbayani.

Manawi pikiran punika sagêd diwasa mardika, ebahing manah nggayuh utama kamulyan têtiga: hartawan - wiryawan - gunawan tansah kadhasarakên ing têgêsipun. Mênggah lairing têgês punika:

1) Nuntun manah, ngantos purun ngraosakên paedahipun.

2) Nuntun manah, ngantos purun lêlumban wontên ing kêdhunging sabab-sabab ingkang kuwawa ndayani sagêdipun dados hartawan - wiryawan lan gunawan wau, awit sêdaya kadadosan ing dalêm donya punika kodrating Pangeran mawi dipun saranani lêlantaran utawi sabab-sabab ingkang runtut lan timbang, buktinipun bab pêjah punika sadaya tiyang mêsthi ngakêni, bilih atas karsaning Allah, nanging punapa wontên pêjah tanpa karana? Saupami wontêna inggih namung sajakipun. Nyatanipun mêsthi

--- 219 ---

wontên nalar-nalaripun. Manawi kasêtitèkakên, sabên wontên tiyang pêjah mêsthi linantaran saking risaking organipun.

Manawi raosing manah tansah migatosakên dhatêng lairing têgês-têgês saking pikiran, sanajan amêsu brata, panindakipun mêsthi runtut sarta urut tur tansah èngêt dhatêng kêkiyataning abên-abênaning raga punapa malih tansah èngêt dhatêng lêrêming manah sumèlèh, ingkang tundonipun malah dados wêning ing pangangkah. Wohipun sampun têmtu miraos, jêr botên kêbrongot utawi kêringga. Raosing manah ingkang sampun makatên punika tumindakipun mêsthi urut kalihan lampahing manah 4 prakawis ingkang sampun dados kuwajibanipun, inggih punika brata, sapana, yêkti, waskitha.

Manawi subrata wajibing manah 4 prakawis punika sampun dèn indhaki urut, amintri lir ilining warih, mêsthi lajêng mbabar raos pêpadhang ing jagad sarawungan 4 bab malih, inggihj punika asipat: raos guru, raos dhukun, raos jêksa lan raos ratu.

Raos guru têgêsipun mbabar pêpadhang utawi sirnaning rêribêd dening kêpraban sunaring raos pangrêtos (kawruh).

Raos dhukun, têgêsipun raos mbabar kasarasan, inggih sarasing raos. Ugi sinêbut raos sirnaning rêridhu ing dalêm raos gêsang.

Raos jêksa, liripun raos mbabar adil ing samêsthinipun, utawi sinêbut raos timbanging jagad, awit yèn botên timbang jagad mêsthi njumplang.

Raos ratu, liripun raos mbabarakên asih, ugi sinêbut raos sirnaning cêcêngilan ing dalêm bêbrayan gêsang.

Dumugi samantên aturipun pun gagasan andupara.

Sukur bage sèwu manawi dados ebahing raos para maos M.S. kanthi raos ngakêni: ya ngono.

Dene yèn kagalih têbih saking wêwaton lêrês lan nyata, pun gagasan ndupara dalah juru sêratipun ngaturakên panyuwun kaanggêpa botên wontên andharan kemawon, kanthi nyuwun samodra pangaksama.

Manawi sagêd sinêksèn ing lêrês nyatanipun, wontên ing madyaning M.S. ngriki lajêng sagêd nglajêngakên rêmbag bab babaring caraning manggulawênthah kadospundi.

Ing wasana pun gagasan andupara amung sumangga. Dhangkal siguging têmbung dalasan ukara punapadene cumanthakaning atur nyênyadhang pangaksama.

Pun Mudhapunggung.

MOERTI

--- 220 ---

PÊNGALAMAN

Kowe Arêp Dadi Apa?

(Sambêtipun M.S. No.7 th. VII)

Lare alit punika manawi dipun takèni benjing badhe dados punapa, wangsulanipun lucu-lucu.

Wingi punika, badhe inggah-inggahan, lare kula kêlas 3 sami kula takèni badhe dados punapa, benjingipun?

Mirid saking wangsulanipun lare-lare wau, kula sagêd damêl piridan makatên:

1. Ingkang kathah kêpengin dados kados bapakipun.
2. Lare èstri kathah ingkang badhe dados juffrouw utawi onderwijzeres.
3. Wontên ingkang kapengin gadhah pangkat ingkang mawi pangangge gagah, kados ta: wontên ingkang kapengin dados saradhadhu, officier, comandant tuwin sanèsipun.
4. Wontên ugi ingkang wangsulanipun taksih ngglambyar.

Kula takèn makatên punika wau, lajêng kèmutan kala kula piyambak taksih wontên ing kêlas 1, dipun dangu mantri guru, atur kula, badhe dados ... pèlpulisi. Punapaa? Punapa kula gadhah sadhèrèk ingkang dados veldpolitie? Botên! Namung jalaran kula rêmên sangêt manawi sumêrêp ... pênganggenipun: topi dêling, sabuk wontên jawi jas, revolver, pêdhang, rumaos kula gagah sangêt! Dados wontên lare ingkang cariyos badhe dados saradhadhu punika, kula inggih sagêd mangrêtos, kadospundi manahipun. Wontên satunggal ingkang kêpengin dados ... padvinder! Lho, punika lare ingkang sami dèrèng mangrêtos dhatêng satunggal-satunggalipun pangkat, dados cêtha manawi namung katarik saking ... pangangge kemawon.

Manawi kanca kula nunggil kêlas rumiyin, wontên satunggal ingkang badhe dados ... William!!! Rumiyin kula sadaya botên wontên ingkang gumujêng, mèsêm kemawon botên, kangge kula rumiyin botên nama anèh.

Lare wau griyanipun cêlak kalihan bioskoop, dados asring ningali gambar-gambar ing jawi. Jaman rumiyin ingkang kêcêluk ingkang mawi nama William. Punika katêranganing wangsulanipun ingkang modhèl punika wau.

Panggulawênthahipun lare sami lare

Sapunika ugi taksih kathah tiyang ingkang botên suka manawi anak-anakipun dolan kêmpalan kalihan anak-anakipun tiyang sanès.

--- 221 ---

Ajrih manawi katularan punika- punika.

Kados tindak ingkang kados makatên punika wau, kirang prayogi botên paedagogisch. Awit posrawunganipunpasrawunganipun. lare sami lare punika inggih wontên dayanipun ingkang botên sakêdhik tumrapipun panggulawênthah.

Barang ingkang dipun wulangakên dening guru utawi tiyang sêpuh botên sagêd klêbêt, manawi saking dayanipun kanca sagêd tumancêp sangêt.

Upami kemawon bab sportiviteit utawi watak satriya. Punika kathahipun lare angsalipun saking kanca-kancanipun piyambak, nanging botên saking tiyang sêpuh. Makatên ugi bab"galanterie" (rêmên têtulung, Red.)

Contonipun makatên:

Kala kula taksih sêkolah H.I.S. wongsal-wangsul numpak sêpur.

Kala-kala sêpuripun sêsak sangêt, upaminipun pinuju dintên pêkênan. Hla punika, lare-lare ingkang sampun agêng, asring ngawon nyukakakên panggenanipun linggih dhatêng tiyang ingkang sêsarêngan numpak wontên ing ngriku; tiyang sêpuh utawi tiyang èstri.

Sumêrêp patrap kados makatên punika, kula ugi lajêng tiru-tiru. Tumut-tumut ngadêg kemawon, panggenan linggih kula tilar supados dipun ênggèni tiyang ingkang botên kumanan panggenan.

Kala samantên inggih dèrèng ngrêtos manawi makatên punika nama "galant", nanging wontên osiking manah, manawi patrap makatên punika lêrês, patut dipun tulad.

Cobi, saupami dipun kèngkèn, sagêd ugi botên purun! Ngrencangi tiyang minggah utawi mandhap sêpur mbêkta barang-barang punapa punika lare sêkolah sêpuran limrahipun anggènipun purun jalaran ingkang alit -alit waunipun nyumêrêpi kancanipun ingkang agêng-agêng nindakakên makatên. Botên mawi dipun atag malih, sampun sami tumandang. Makatên taksih kathah tuladha sanèsipun, ingkang mbuktèkakên, bilih srawunganipun lare sami lare punika agêng dayanipun tumrap panggulawênthahipun. Nyirik lare punika manawi maton saèstu inggih botên klèntu.

Upaminipun, manawi sampun kanyatan bilih lare wau awon wêwatêkanipun: trocoh cangkêmipun, rêmên tukaran l.s.p.

Ananging, pamêngingipun wau inggih kêdah ingkang ngatos-atos, têgêsipun: dipun damêla supados pun lare botên nglêgewa manawi botên dipun kengingakên srawung kalihan kancanipun wau.

Awit, tiyang lare punika lare, dhasaripun suci, botên rêmên dora, manawi cariyos inggih punapa sakwontênipun kemawon.

--- 222 ---

Dene ngatosngantos. wontên lare rêmên goroh, rêmên dora, rêmên ngapus-apusi punika saking dening lêpating panggulawênthahipun wau- waunipun.

Amargi manawi panyêgahipun lare badhe sêsrawungan kalihan kancanipun ingkang kêdah dipun sirik wau kirang ngatos-atos, sagêd ndhatêngakên kawontênan ingkang kirang prayogi, i.p:

1. pun lare rumaos langkung tinimbang kancanipun wau;
2. wusana ngantos sêpuhipun nggadhahi raos dhiri, botên sagêd gêsang sêsarêngan kalihan sanès;
3. lare sami lare sagêd lajêng sami jothakan, gêlut l.s.p.
4. tiyang sêpuhipun lajêng sagêd sami katut, sami plerok-plerokan, mbênggangakên sadherekan.

Kadadosan makatên punika asring sangêt kula ngalami.

Hla sapunika kadospundi patrapipun mênging, murih botên ndhatêngakên bab-bab ingkang kasêbat ing ngajêng punika wau?

Kados botên wontên ingkang nyamèni mayaripun: Manawi badhe mênging anak supados botên kêmpalan kalihan lare sanès, pun anak wau kêdah dipun slimur, dipun sukani punapa-punapa wontên ing griya: dêdamêlan l.s.p. supados pun lare botên gadhah grênjêt badhe ... dolan!

Cobi kagaliha, kados punapa njarêmipun manahing lare, manawi mirêng kancanipun ingkang waunipun runtung -runtung, cariyos makatên:

Ah, anu, aku saiki ora parêng bapak ibu dolan karo kowe, wong kowe bocah ala!

Sampun, cêkap samantên rumiyin.

Para maos, atur kula ing nginggil punika sadaya raosipun "kinderachtig" (kapilare Red.), kasinggihan, mila makatên. Ananging kadospundi malih, tiyang inggih ngrêmbag lare, inggih botên nama anèh manawi lajêng "kinderachtig" jêr punika sampun samêsthinipun.

Pêngajêng- ajêng kula, andharan-andharan kula ingkang sêpele punika, sagêda imbêt-imbêt nggregahakên manah panjênêngan, karsaa ... langkung nyêtitèkakên solah-tingkahipun lare-lare.

Awit, sintên ingkang badhe manggulawênthah lare, inggih prayogi ngrêtos dhatêng lare, prayogi sagêd rumaos kados lare, jalaran manawi botên makatên, asring kita lajêng nindakakên barang ingkang botên samêsthinipun, botên cocok, kabêkta saking bab-bab ingkang gêgayutan kalihan lare kita rêmbag mawi ... takêran tiyang sêpuh.

Inggih punika ingkang damêl rêkaosipun panggulawênthah: pun panuntun botên purun ngraosakên punapa ingkang dados raosing ingkang dipun tuntun i.p. pun lare.

Wasana nyumanggakakên.

DADDY.

--- 223 ---

Pangalaman ing Jaman 50 Taun Ingkang Kapêngkêr

Ing piwulang darma wontên ungêl-ungêlan makatên: kalahe wong anom karo wong tuwa, iku jalaran wong tuwa ngalami ing jaman kang wong anom durung mênangi (durung lair).

Ing ngriki kula badhe ngandharakên sawatawis ing kawontênan rikala kula taksih alit (50 taun) kapêngkêr, sarta suntan- santunipun,sontan-santunipun. ngantos ing jaman ingkang kita idaki punika, prakawis dhidhikan budaya, pranatan praja, tatacaraning bêbrayan, tuwin sapanunggilanipun, bokmanawi kenging kangge wawasaning para pamardi siwi, ing jaman samangke punika. Botênipun makatên, inggih namung kangge mêwahi sêsêrêpanipun para sadhèrèk kula ingkang taksih mudha-mudha, ing kawontênan ingkang piyambakipun sami dèrèng ngalami.

1. Babagan pawiyatan umum, lan pasantrèn

Ing rikala jaman samantên, pamulangan umum namung ing kitha-kitha, sarta ing dhistrik ingkang kapetang rame. Wujuding pamulangan saèmpêr pamulangan ôngka 2 ing jaman samangke punika. Klasipun: 5 nanging namaning klasipun makatên: klas I a klas I b klas I c. Lajêng klas II minggahipun dhatêng klas

--- 224 ---

III sampun têlas. Lare ingkang têrus minggah, ing klas I a satêngah taun, ing klas I b satêngah taun, ing klas I c satêngah taun. Salajêngipun ing klas II lan III nyataun, dados tamatipun 3½ taun, ewadene margi saka dèrèng majêngipun lare-lare jaman samantên, wontên ingkang ngantos 7, 8 taun dèrèng tamat, kosokwangsulipun ugi wontên lare ingkang sampun majêng sarta tabêri sinau ing griya, namung 2½ taun kemawon, sampun sagêd tamat. Mila makatên, jalaran pun guru kenging nginggahakên murid ing samôngsa-môngsa, waton larenipun sagêd nyandhak ing klas sanginggilipun, mawi cinobi sawatawis dintên. Wêktu kula sakolah namung 2 taun, sampun sagêd tamat.

Ingkang malêbêt ing sakolahan punika namung putranipun para priyantun, mangandhapipun anakipun lurah dhusun, utawi mandhor pabrik, tur namung lare jalêr thok.

Ing sarèhning ingkang limrah malêbêtipun ing pamulangan wau, sampun umur wêlasan taun, mila samêdalipun saking ngriku, sampun diwasa (jaka kumala) tumrap putranipun para priyantun ingkang kathah nyatriya, sawatawis taun, lajêng magang ing kantor-kantor ngantos mataun-taun, sawêg pikantuk pandamêlan, ugi wontên satunggal kalih ingkang purun anglajêngakên sinau, [si...]

--- 225 ---

[...nau,] kados ta: tumrap putra wadana minggah, dhatêng oplèdhêng sêkhul, tumrap sanèsipun, wontên ingkang lajêng ngakên ing kwiksêkhul. Jaman samantên awis sangêt lare ingkang purun anglajêngakên ing pamulangan dhoktêr. Ngantos sabên taun wontên pandangon saking pangagêng nagari, sintên ingkang anakipun suka kalêbêtakên sakolah dhoktêr?.

Para priyantun ingkang rêmên agami, manawi putranipun sampun tamat saking pamulangan Jawi, lajêng kapurih ngaji dhatêng pondhok, manawi sampun sawatawis taun, sawêg kadhawuhan magang. Mila para priyantun jaman samantên, kathah ingkang sami mangrêtos agami, sarta ugi kathah ingkang karsa nindakakên.

Pasantrèn pondhok

Jaman samantên para lare padhusunan, sabagean agêng sami sinau ngaji ing pondhok pasantrèn. Mila cacahing pondhok pasantrèn kathah sangêt, sabên dhukuhan, mêsthi wontên pondhok utawi langgaripun. Kangge lare jalêr. Dene lare èstri sami ngaji kawulang nyai, ing griyanipun. Tumrap para putraning priyantun, sami nimbali guru èstri, mulang ngaji ing dalêmipun, mila wêktu samantên kathah lare-lare ingkang sagêd maos Kuran, sarta purun nindakakên agami (sêmbahyang lan siyam).

--- 226 ---

Ingkang kangge unggul-unggulan tiyang jaman samantên, yèn anakipun sampun sagêd katam Kuran. Limrahipun mawi kawontênakên wilujêngan agêng-agêngan. Lare ingkang katam Kuran, dipun dandosi, dipun arak, kadosdene badhe dipun têtaki, langkung malih manawi anggènipun katam wau taksih alit (watawis umur 8, 9 taunan) sampun masthi dados pangalêman ing pajagongan. (Wontên sambêtipun).

PANGGULAWÊNTHAH

Tuwuhipun Jagad Enggal

(Dening: Suteja)

III.

Dhasaring Panggulawênthah

Ing karangan kula ingkang nomêr kalih, sampun kula pratelakakên dhasaring bêbrayanipun manungsa (de menschelijke maatschappij) ingkang bokmanawi sagêd anuntun dhatêng kawilujêngan utawi karahayon. Manawi dipun manah ingkang lêbêt sadaya tiyang kêdah angakêni manawi jagad punika samangke sampun dados satunggal. Buktinipun lêtipun nagari satunggal lan satunggalipun prasasat sampun botên wontên, kabêkta saking wontênipun motor mabur, tèlêgrap tuwin radhio. Manungsa ing Indhonesia [Indhone...]

--- 227 ---

[...sia] sagêd kesah dhatêng Eropa salêbêtipun gangsal dintên. Makatên ugi sagêd wawan sabda kalayan tiyang ing Tokio utawi ing Eropa srana tilpun. Punapa malih sumiyaripun radhio ngrakêtakên sêsambêtanipun nagari satunggal lan satunggalipun, punika sadaya minôngka yêktinipun manawi jagad sampun dados satunggal.

Nanging kula ugi kêdah ngakêni manawi cipta rasa lan pikiranipun bôngsa-bôngsa dèrèng dados satunggal, malah ing wêkdal samangke punika wontênipun namung sêsêngitan, unggul-unggulan tuwin mêmêngsahan ingkang lajêng nuwuhakên pêrang donya kados ing wêkdal samangke. Nanging manawi karaosakên kalayan raos ingkang gaib, lêlampahanipun manungsa ing wêkdal sapunika punika, kadosdene karsaning Ingkang Murbèng Jagad, suka pêpèngêt dhatêng manungsa tuwin dhatêng bôngsa-bôngsa ambanguna gêsang enggal. Sampun asring kula pratelakakên wontên ing karangan kula, bilih manungsa punika èngêtipun manawi sampun nandhang sakit, èngêtipun wau lajêng atêgês bangun gêsang enggal.

Dhasaring sêsambêtanipun manungsa utawi bôngsa lan bôngsa kados ingkang kula pratelakakên ing karangan kula ingkang ôngka 2 punika botên atêgês angicalakên bab kabangsan, nanging anggènipun anêgêsi kabangsan kêdah prêtitis. Amargi [Amar...]

--- 228 ---

[...gi] kabangsan ingkang kula kajêngakên punika botên raos kabangsan ingkang rupak (geen eng nasionalisme) utawi sanès exclusief nasionalisme. Dados têgêsipun botên andhêdhêr raos cêcongkrahan dhatêng bôngsa sanèsipun. Saking pamanggih kula nasionalisme punika kêdah dipun têgêsi nyumêrêpi dhatêng kawontênanipun piyambak, amargi satunggal-tunggalipun bôngsa punika gadhah cipta rasa lan karsa piyambak, dene tumangkaripun daya têtiga wau kadayan dening kawontênanipun papan ingkang dipun ênggèni. Makatên ugi satunggaling bôngsa punika sampun gadhah lêlampahan piyambak utawi babad piyambak, tuwin malih ugi gadhah biologische geschiedenis piyambak ingkang nuwuhakên kabudayan piyambak ingkang salaras kalihan kawontênaning padununganipun. Manawi punika dipun sumêrêpi kalayan têrang dados nyumêrêpi gadhahanipun piyambak, lampahipun gampil. Dados kangge kamajênganipun satunggal-tunggaling bôngsa mêdal gadhahanipun piyambak punika rancag lampahipun. Wontên ing ngriki punika paedahipun nasionalisme ingkang kula kajêngakên. Dados babarpisan botên angêmu raos sêngit utawi cêcongkrahan kalihan bôngsa sanèsipun. Pêrlu kula aturakên ing ngriki, bilih nasionalisme ingkang sami dipun antêpi dening mèh sadaya bôngsa punika eng nasionalisme utawi imperialistische nasionalisme.

--- 229 ---

Manawi sipat kados makatên wau taksih kemawon, jagad botên badhe sagêd têntrêm lan botên badhe sagêd manggih kawilujêngan wontên ing ngalam donya. Mila kêdah wontên pamanggih enggal, raos enggal tuwin karsa enggal ingkang botên sulaya dhatêng kabudayanipun piyambak-piyambak, malah manawi kabudayan wau dipun pêpêtri, sagêd dados sumbanganipun kamajênganipun jagad, amargi sampun têrang samangke punika gêsangipun jagad tular-tinular, sambut-sinambut, tuwin tulung-tinulung ing bab panggêsanganipun. Mila manawi badhe amêthukakên dhatêng wontênipun jaman enggal panggulawênthahing lare- lare utawi para neneman inggih kêdah dipun santuni jêjêripun kadosdene sabdanipun dr. Bierens de Haan ingkang kula angge motto ing karangan ôngka kalih. Makatên ugi sampun kula pratelakakên bilih manungsa punika gêsangipun têtanggan, inggih punika gadhah tôngga jiwa, tôngga wisma, tôngga desa lan tôngga nagara. Wontên ing jagad Indhonesiah bab têtanggan punika dipun prêlokakên sangêt, gotong-royong, sumbang-sinumbang, tulung- tinulung kalayan tangganipun punika, dados wèting kasusilanipun bôngsa Indhonesiah Jawi. Ing bêbasan Walandi ugi wontên ingkang mèmpêr kados kasusilaning bôngsa Jawi inggih punika: ingkang suraosipun Beter een goede buur dan een verre vriend.

--- 230 ---

Panggulawênthah ingkang katampi dening lare wontên ing pamulangan wiwit wulangan ngandhap dumugi pamulangan têngahan utawi pamulangan vak scholen punika racakipun ing wêkdal samangke namung migatosakên dhatêng panggulawênthahing pikiran, ananging panggulawênthahing pikiran wau mèh namung tumuju dhatêng nyumêrêpi kawontênanipun kodrat (natuurwetenschappelijk gericht) babaranipun panggulawênthah ingkang kados makatên wau inggih angedap-edapi, awit sagêd ngawontênakên uitvindingen-uitvindingen ingkang tundonipun sagêd anyakecakakên gêsangipun manungsa (stoommachine, vliegmachine, radiotelegraaf, scheikunde sakpiturutipun). Nanging manawi kawula sadaya nyumêrapi wohipun kridhaning pikir wau lajêng kraos manawi panggulawênthah kados samangke ingkang adhêdhasar kennis is macht, nisih sangêt, tur manungsa inggih sampun mangrêtos manawi kados makatên punika wohipun ugi botên badhe sae, ewasamantên angèl dipun enggokakên pikiranipun, ngantos dumugi titi môngsakalanipun dintên sapunika para juru manggulawênthah punika ingkang dipun sawang namung kodrat ingkang wontên sajawining manungsa, nanging kawruh ing bab manungsanipun piyambak botên patos dipun wigatosakên Niet de mensch is het centrum van de opvoeding, maar de natuur. Môngka sampun têrang sangêt manawi manungsa punika inggih bageanipun [bagea...]

--- 231 ---

[...nipun] kodrat, ewasamantên manungsanipun wau kêrêp kasupènipun, têgêsipun botên karêmbag.

Awit saking punika, manawi badhe nêmpukakên jaman enggal, tlajêring panggulawênthah kêdah manungsa, sanès kodrat, rèhning bab bêbrayan punika sajatosipun pangrêmbagipun botên sagêd oncat saking manungsanipun, pramila ingkang pêrlu dados rêmbag ing panggulawênthah punika, bab kamanungsan (het menschelijk vraagstuk) manawi cangkriman bab kamanungsan punika sampun sagêd kabadhe, cangkriman tumrap ing bêbrayan ugi badhe pinanggih pambadhenipun het maatschappelijk vraagstuk is tenslotte een individueel vraagstuk.

Awit saking manungsa punika sadaya gêsang, dados pêrlu sangêt panggulawênthah punika anêngênakên anyumêrêpi kawruh ing bab manungsa De wetenschap van de mensch gumêbyaripun wontên ing kalairan manungsa punika gadhah cipta, rasa lan karsa, mila ingkang pêrlu dados rêmbag punika inggih tigang warni wau, gêsanging pikiran, gêsanging pangraos tuwin gêsanging karsa. Kuwajibanipun para juru manggulawênthah kêdah anyumêrêpi sipatipun cipta, rasa lan karsa wau, inggil-inggiling kamajênganing pikiran punika dhatêng kurban, inggil-inggiling kamajênganipun raos punika dhatêng katrêsnan. Manawi cipta lan karsanipun sampun sagêd manunggil lajêng nuwuhakên karsa utawi handeling (tandang) wohipun punika [pu...]

--- 232 ---

[...nika] têmtu badhe sae, têgêsipun damêl kawilujênganipun badanipun piyambak, inggih kawilujênganipun bêbrayan, awit manawi satunggal-tunggalipun tiyang angsal panggulawênthah kados makatên, gêsangipun bêbrayan badhe katut kemawon, mila Dr. Bierens de Haan mratelakakên supados lampahing pangajaran tuwin panggulawênthah katujokakên dhatêng bêbrayan maatchappelijk gericht.

Punapa malih lare-lare tuwin para neneman kêdah dipun gulawênthah ingkang tumuju mangêrtos dhatêng gêsang (opvoeding tot begrip van het leven). Dados juru panggulawênthah inggih kêdah sugih kawruh ing bab gêsang-gêsangipun manungsa. Sajatosipun ingkang wontên punika gêsang, dene manungsa-manungsa punika minôngka dados sarananing gêsang ingkang badhe makarti. Gêsang punika namung satunggal, dados manawi manungsa kagulawênthah sagêd anjêjêrakên gêsangipun punika lajêng sagêd dados satunggal ing raos lan pikiranipun kalayan manungsa sanèsipun, ing wasana badhe botên wontên bèncèng-cèwèng, wontênipun namung trêsna.

Wulangipun dr. B. de Haan lare-lare kêdah dipun gulawênthah mangêrtos dhatêng kuwajibanipun (opvoeding tot verantwoordelijkheid), têgêsipun sadaya tiyang kêdah wani nanggêl dhatêng lampahipun piyambak-piyambak, têgêsipun ing

--- 233 ---

ngriki manawi manungsa badhe nglampahi satunggaling bab, sadèrèngipun tumindak kêdah sagêd anjumbuhakên cipta lan karsanipun rumiyin.

Ingkang parlu kangge wiwitaning lampah supados lare-lare tuwin para neneman sagêda anyantosakakên daya-dayanipun ingkang tumuju dhatêng kasusilan ingkang dados dhasaring bêbrayan (een versterking van de moreele krachten, waarop de samenleving berust).

Buku ingkang sakintên sagêd nyukani kêtêrangan langkung gamblang bab punika inggih punika karanganipun Dr. Rudolf Steiner De opvoeding van het kind in het licht der antroposofie.

KAWRUH BAB LARE

Opvoeding utawi Panggulawênthah

(Sambêtipun M.S. No.7 Th.VII)

W. La, sapunika lajêng nyandhak bab watak, inggih punika jêjêring rêmbag, ingkang badhe dipun padosi. Mangga kula aturi mirêngakên ingkang sakeca.

Watak utawi watêk, punika satunggiling pakulinan, ingkang sabên-sabên dipun lampahi utawi tindaki. Amila kenging dipun wastani: "Pakulinaning tindak utawi pakarti" Lêrês, yèn manut cara kasusastran, têmbung: watak utawi watêk, punika kalêbêt têmbung: kaanan (bijvoeglijk naamwoord). Nanging nyatanipun, ingkang nama watak sae utawi awon, punika pakartinipun utawi pandamêlipun. Sagêdipun mastani watak mawi nglaras pandamêlipun. Lajêng sagêd kangge nêtêpakên watak awon utawi sae. Sayêktosipun ingkang gadhah pakulinan punika tiga, inggih punika: badan wadhag, raos pangraos tuwin pamikir. Tiga

--- 234 ---

pisan wau klêmpakipun dados pakulinan ingkang nama watak. Sarèhne sabên-sabên tansah nindaki satunggiling bab ingkang kados makatên, pirantos-pirantos tigang perangan wau lajêng tuman. Upaminipun:

Badan wadhag. Kulina botên kangge nyambut damêl awrat, inggih tuman ngeca-eca. Mangke yèn wontên pêrlunipun, lajêng kangge tumandang awrat sakêdhik kemawon, rumaos sayah lan awrat sangêt.

Pun raos. Kulina dipun angge ngraosakên bangsaning kanikmatan, kasênêngan sasaminipun. Mangke samangsa dipun angge ngraosakên kasusahanipun tiyang sanès, dipun jak wêlas, inggih lajêng kagèt, rumaos sanès wajibipun, kajêngipun dipun sanggi ingkang kataman piyambak.

Pun Pikir. Kulina dipun angge mikir barang ingkang ambingahakên manah, nyênêngakên manah. Punika inggih lajêng gadhah pakulinan utawi tuman rêmên mêmikir ingkang kados makatên. Mangke manawi dipun angge mikir radi awrat sakêdhik kemawon, rumaos awrat, ngantos ngêlu botên sagêd ngudhari so'al ingkang dipun pikir. Nanging yèn kangge mikir bangsaning kasênêngan, inggih lajêng gumlidhig kemawon.

P. E. E. Inggih, inggih, mèmpêr dhawuh panjênêngan punika. Pakulinan tigang bab wau, lajêng nama watak utawi watêk. Dados têmbung andhasari watak wau, sami kalihan miwiti damêl pakulinan. Inggih pakulinanipun badan, pakulinanipun raos pangraos tuwin pakulinanipun mêmikir. Sadaya wau pancèn inggih sami tumandang makarti. Sarèhning wongsal-wangsul makêrti kados makatên, lajêng tuman. Tumanipun lajêng dados watak. Bokmanawi wontên ugi paedahipun upami pakarti tigang bab wau panjênêngan jèrèng sawatawis dipun angge nandhêsakên pangrêtos bab wau.

W. Pancènipun sampun cêtha, awit katranganipun gamblang, dipun iji-iji, inggih punika: bilih watak punika kêdadosan saking pakulinanipun pakarti saking tigang perangan. I. Pakartining pamikir, II. Pakartining raos lan III. Pakartining daya kêkiyatanipun badan wadhag. Dados watak punika yêktosipun wohing pakarti ingkang marambah-rambah. Sagêd dados dhasar, sagêd namung numpangi dhasar (nyantosakakên) lan sagêd ngewahakên dhasar. Nanging mênggah ingkang langkung kiyat, punika sayêktosipun dêrênging karsa. Punika kenging kawastanan bibitipun pakarti utawi handeling. Wangsul watak utawi dhasar, punika sampun dados uwoh. Dados rosa dêrêng (spanning) tinimbang sadaya kêdadosanipun. [kêda...]

--- 235 ---

[...dosanipun.] Amila sintên ingkang sampun pêtitis sumêrêpipun bab punika, watak utawi woh utawi kêdadosan-kêdadosan ingkang saking pakartinipun piyambak inggih pêpasthèn, punika lajêng kantun nyithaki kemawon. Dene watak utawi pêpasthèn ingkang sawêg linampahan, punika dipun akêni lêrêsipun, sarta yèn badhe ngewahi, inggih mawi dêrêng (spanning ingkang rosa) punika sagêd ngewahakên pêpasthènipun ingkang sawêg sinandhang.

Malik grembyang, têmtu botên sagêd, nanging ewah, mingsêd saking pêpasthènipun, lajêng dados pêpasthèn anyar, jalaran saking dayaning dêrêng (spanning wau).

Cobi kula aturi anggalih, punapa pêrlunipun wontên piwulang bab ichtiyar? Malah wontên ingkang nêrangakên, bilih ichtiyar punika wajib. Lo, manawi pancèn botên wontên paedahipun, pêrlu punapa dipun wajibakên? Dados têtela sagêd ngewahakên kawontênan ingkang sawêg dipun lampahi.

Opvoeding, punika inggih andhasari, inggih ichtiyar. Sadèrèngipun ingkang dipun tuntun punika sagêd mikir piyambak, namung cêkap dipun lêlantih dhatêng pandamêl sae, tindak sae, kuwajiban sae, l.s.s. sae, pêrlunipun sagêda kulina makatên, saking kulina lajêng dados watak sae, saking watak sae, lajêng angsal paedah punapa manpaat sae. Dene yèn sampun sagêd mikir, lajêng dipun jak mêmikir sabab-sababipun utawi nalar-nalaripun têka dados tumindak kados makatên. Manawi sampun sagêd ngrêtos piyambak nalar-nalaripun, lajêng dipun pasrahi verantwoordelijkheid (tanggung-jawab) sadaya pakartinipun, tindak-tandukipun lan pandamêlipun, punika angsal-angsalipun badhe dipun sanggi piyambak. Ing ngriki têmbung opvoeding, lajêng dipun ampil piyambak, nama zelfopvoeding. Kadamêl nglajêngakên lampahipun urut margining kamajêngan. La, wasana kula namung sumangga.

P. Inggih, inggih, sampun saya cêtha malih. Malah lajêng nyandhak kêplasipun opvoeding punika dumugi: "Mênawi ingkang dipun tuntun sampun kêdugi mikir piyambak, lajêng cul, botên mawi dipun tuntun." Santun nama zelf opvoeding. Kangge sangu ambablasakên lampah. Nuwun dhatêng kêtêrangan panjênêngan wau.

--- 236 ---

Sanès Dongèng

(Sambêtipun M.S. ôngka 7 Th. VII)

Jalêr. Iya-iya, ngono kuwi prêlu, môngga kangmas, dipun sambi wedangipun, layak kangmas kuwi asmane Bôndhawijaya, mèmpêr nèk kagungan panggalih ngluhurake prakara bôndha.

Tamu. E, nama kula makatên wau, namung kapinujon kemawon, hla tiyang ingkang maringi têngêr ngatên wau tiyang sêpuh, nalika kula dados pangantèn kalihan ingkang bakyu. Kalimrahanipun lajêng dipun paringi nama sêpuh. Dumadakan cocog kalihan èsthining manah kula, dados nama numusi kados pikajêngipun tiyang sêpuh.

Èstri. Sanajan ngatên-ngatêna, dhawuhipun kangmas punika kula manah saèstu.

Tamu. Sukur, dhi, pancèn punika nalar wigatos.

Jalêr. Karang iya, wong dhuwit kuwi nyang ngêndi-êndi iya prêlu. Apa manèh bêbasane: apa-apa dhuwit, obah dhuwit, karêp dhuwit, mangan dhuwit, turu dhuwit.

Tamu. Lêrês dhi. Turu nèk ora duwe omah, ya nyewa. Nyewaa dhuwit. Sukur yèn sampun sami kraos makatên punika prêlu. Amila dipun sakolahna [sakolah...]

--- 237 ---

[...na] dhatêng kaekonomian. Saya yèn karsa ambablasakên manggalih bab sadaya punika, ebah-ebahaning jagad, jagad mulya punapa rêngka, punika ingkang dados baku rak sami pados economie wau. Sarèhne sampun sawatawis dangu, kêparêng kula nyuwun pamit, sampun sami kêpanggih wilujêng inggih sukur, tiyang namung tuwi kawilujêngan sarta ragi kangên.

Jalêr, èstri. Inggih, kangmas, matur nuwun dipun tuwèni, sanès dintên kula mrêlokakên sowan, kula inggih kêpengin sowan bakyu.

Tamu. Sampun, nuwun.

Jalêr, èstri. Inggih, andhèrèkakên wilujêng.

Tamu. Inggih, nuwun.

Sapêngkêripun tamu, tiyang kalih lajêng saya katêtangi raosipun dhatêng bab pamilih opvoeding kamanah sangsaya wigatos, jalaran lajêng sangsaya cêtha, bilih panggulawênthah punika dados têtalêsing gêsang, bêbasan: kêna pisan luput pisan, inggih punika ngibaratipun kados tiyang anjêmparing, saya malih lare èstri, wontên ing kalanganipun bôngsa Jawi, kaanggêp langkung rungsit tinimbang panggulawênthahipun lare jalêr, sanajan sayêktosipun sami kemawon, kalih-kalihipun botên kenging

--- 238 ---

kadamêl gampil, langkung-langkung tumrap sabôngsa, punika lêrêsipun kêdah wontên opvoeding ingkang umum, sadaya lare, anakipun bôngsa wau kêdah mawi dhêdhasar satunggal, ananging sarèhning dumuginipun sapriki dèrèng wontên opvoeding umum, ingkang wontên namung sawêg golong-golongan, amila lajêng mawi kapilih, pundi ingkang sakintên dipun cocogi piyambak, amargi badhe mastani: ingkang sae piyambak, dèrèng sagêd, punapa malih badhe nêtêpakên, ingkang lêrês piyambak inggih botên sagêd, amila inggih namung cocoging manah. Botên mawi dipun kanthèni katrangan, upami wontên katranganipun, katrangan wau inggih namung kangge piyambak, botên prêlu kaumumakên, jalaran golongan sanèsipun inggih sampun gadhah katrangan-katrangan piyambak. Makatên wau anggènipun sami nglaras salêbêtipun kèndêl, namung dumunung wontên ing raos pangraosipun piyambak. Dene lêlajênganipun anggènipun sami ginêman, kados ing ngandhap punika:

Èstri. Mas, mas, aku kêpranan bangêt marang pangandikane kangmas Bôndhawijaya mau. Wong iku kudu bisa golèk dhuwit, nganggo dhuwit, salah siji kuwi kècèr, iya [i...]

--- 239 ---

[...ya]

ora kêdadean, têgêse dadi bêcik. Coba gagasên: puluh blanjane gêdhe, yèn ora bisa panganggone, iya ora bisa simpên. Sapa sing ora simpên dhuwit iya bilahi takane,têkane. sabarang karêpe ora tumêka, saciptane mung mandhêg ana ing cipta, têgêse ora gumêlar ana ing alaming kalairan, sasêdyane ora dadi. Apa ora sangsara wong sing kaya ngono kuwi.

Jalêr. Sangsara? Apa wong sugih iya ora bisa sangsara atine? Bisa bangêt, malah tukang susah kuwi wong sugih. Maido? Coba mênyanga ênggone wong sugih, takonana. Sarèhne wis sugih, ora kêkurangan dhuwit, apa atine wis ora duwe susah?

Èstri. Kok anèh mas, sampeyan kuwi, mêsthi bae, sapa-sapa iya isih duwe susah. Nanging babagan bôndha, rak wis leha-leha. Sampeyan aku isih pating cênunuk, kana kari kipas-kipas.

Jalêr. Panyanamu ngono. Apa ya ngono tênan, mung atine kana sing wêruh. Aku kowe mung padha bisa ngarani. Dadi nèk kêplase opvoeding kuwi nuju slamête le urip, ora cukup yèn mung dipathoki nganggo bôndha bae. Duwea bôndha, yèn watake ala, ora

--- 240 ---

bêcik têpunge utawa srawunge karo sanak sadulur, karo mitra karuh, karo tôngga têparo, gèk pedah apa uripe wong mau tumrap umum, tumrap jagad, môngka wong mau iya ngrêti, yèn uripe ana ing jagad kene iki ora mung ijèn bae. Malah upama mung dhèwèke ijèn bae, ayake iya ora rumasa sênêng, ora rumasa bêgja, têrkadhang malah wêdi urip. Mrana-mrana mung ijèn bae, sanadyan barang-barang ana, bôndha iya ana, yèn sajagad diênggoni ijèn, kêpiye bisane rumasa sênêng.

Èstri. Wo, kok têkan kono, ta, mas, le sampeyan ngrumpaka. Ya sing barès bae, wong sing ora duwe, ditimbang karo wong sugih, uripe kêpenak êndi? Ta, ngono bae, aja adoh-adoh, dadak jagad diênggoni ijèn, barang, tur wis mêsthi ora tau kêlakon ngono.

Jalêr. Sing tak rêmbug kuwi, rak slamête le urip, dudu mung kêpenake awak wadhag iki. Sing awake kêpenak, nanging atine sar-sir, dhêg-dhêg pyur, piya-piye, klisak-klisik ora bisa-bisa turu, iya akèh. Mulane aku mau kôndha, yèn mung nganggo bôndha bae, durung cukup, têgêse ora kok [ko...]

--- 241 ---

[...k] nyêpèlèkake bôndha, nanging saliyane bôndha, kudu isih ana manèh. Ya kuwi sing lagi tak pikir-pikir.

Èstri. Lo, nèk kêrsa sampeyan ngono, iku iya mupakat, malah bêcike iya nyuwun priksa para priyayi sêpuh sing mumpuni bab sawiji- wijine golongan. Dhèk mau wis entuk culikan saka priyayi sêpuh golongan economie pêpuntone: wong kuwi kudu duwe dhuwit, tanpa dhuwit ora urip, nadyan urip mung ana sangisore pati. Têgêse kêtula-tula salawase urip. Ora ana sudi sarawungan, sukêt godhong dadi mungsuh. Supaya ora botsih panêmune, iya kudu nganggo ngrungokake katrangan-katrangan para sêpuh liyane sing ahli batin, ahli wetenschap, lan liya-liyane. Jangji sampeyan karo aku tlatèn sowan para sêpuh, rak iya kêparêng maringi katrangan.

Jalêr. Ha, kuwi rujuk aku, coba suk prèi diayati.

--- 242 ---

Kasusastran

Wontên Ing Dalêm Pangimpèn

Sinandi

[Dhandhanggula]

1. rangu-rangu rongèhing tyas tistis / dèn ta dahat katancêban coba / masthi trênyuh sabarang rèh / ngalumpruk angkên kapuk / bebas kyèhning kaarsan sami / idhêpe mung udrasa / karkating tyas suwung / tatas rantas nir budaya / dupyantara katrahan truh gêng makingkin / tangèh ywan bisa rêna //

2. rana-rene muhung dicêcênggring / tansah susah grêsah dèn gêgasah / nêtêpi paribasane / tan kapenak yèn turu / nora enak kalamun bukti / matangnya mung kêkadhar / kêdhêr ngêkêp dhêngkul / andhêkukul munggwing natar / tataraning driya rekane sêsanti / mrih antuk parmaning Hyang //

3. nuju madyèng ratri mak lês guling / nadyan amung nendra saliyêpan / nanging nglangut pangimpine / nèng kanane lumaku / turut pinggir padesan nuli / kêplantrang praptèng wana / akèh kang kadulu / gawe gawok jro supêna / gunung- gunung kang angongkang têpi tasik / pindha pagêring jagad //

4. pucaking kang ancala kaèksi / kumêluning nênggih ampak-ampak / yayah kukusing dupane / pakartine pra wiku / kang awikan wêngkoning gaib / mêmuji arjaning rat / de pongoling gunung / anggênêng ngungkuli guwa / anyêlingup mèsmu singup yayah

--- 243 ---

kadi / dununge risang dwija //

5. ramyang-ramyang Hyang Baskara nglêntrih / katawêngan dening imamanda / suntrut kadi wadanane / sang dyah kang nandhang mèpu / mêmpên munggwing pahoman sarwi / mêmuji pajampua / jro jagad rahayu / dene kyèh sêkar kang mêkar / mêkrok ngambar ambabar gônda rum wangi / lumrang sinrang pawana //

6. rontog runtuh sumawur ing siti / sinatmata lwir warsa puspita / saking wiyat pêparinge / Sang Widhi dhustha luhung / ngayêm-ayêm mring titah sami / kang nandhang sapudhêndha / mêndhaa ywa linglung / kyèh brêmara samya mara / marêpêki ring unggyaning sarwa sari / brêngêngêng kapiyarsa //

7. bela-bela milu amêmuji / rêngkaning rat menggala waluya / dene sakyèh para kêthèk / angglathak pating plangkruk / nèng kakaywan sarwi angêmil / ting cruwèt ingkang swara / lwir cantrik manguyu / myang jêjanggan ngupaboga / sarya muji jaya-jayaa kang bumi / raharja nir kalesa //

8. kutut manggung mangun kung dumêling / mêrak ngigêl amurwa wibaksa / cênggèrèt nong lir sêndarèn / lêngkawa myang kaluwung / angawêngi inganing langit / taksaka pêpulêtan / mulêt mandirèng gung / pêthit molah sarya ngakak / sato wana kaluruk kagyat miyarsi / kyèh swara jroning wana //

9. alun têmpuran muncrat manginggil / lir têmpuhing asmara dilaga / samyambêg sura karone / isine kang wana gung / manggung karya eraming ati / tarlyan sakyèh kaanan / jroning wana wau / sung sasmita amêmudya [amêmu...]

--- 244 ---

[...dya] '/ kang kuwasa misesa sasamèng janmi / ywa nityasa akarya //

10. rudahing tyasira sanggyèng dasih / kang wus kawus kawawas mlas arsa / mugi salin slaga age / anggêmpur kyèh rubiru / berat dening dêdêling adil / dilalah mung susanta / santosambêg sadu / sêdya sidi sudagnyana / nihan rêke kang supta dyan gregah tangi / gugup kagyat kalintang //

11. dening jêriting lare sru nangis / ngrês-êrêsi rose sotaning tyas / tandya linggih dhewe êmple / anggagas impènipun / kang kacêtha cinathêt nginggil / puwara paraning tyas / mugi enggal kabul / kabuka bakuning sêdya / pudyarcana têtêp impèn duradasih / mrih dadya raharjèng rat //

12. rêngka-rêngkuk rêngkêng-rêngkêng tapis / bengkas dening parmaning Hyang Suksma / mung kari ènthèng mathènthèng / mathênthêng ganthêng pêngkuh / bakuh kukuh kridhaning dhiri / dènnyarsantuk aksama / têntrêm myang rahayu / lwir mangkana kang cinadhang / sanggyaning kang impèn mugi duradasih / kula trah kaping tiga //

KASUSILAN

Wolak-waliking Jaman

Saking pamanggih kula piyambak, ingkang winastan: wolak-waliking jaman punika, bokmanawi inggih kawontênanipun [kawontêna...]

--- 245 ---

[...nipun] para sujanma = tiyang, ing dalêm jagad sadaya, têgêsipun: tumrap ingkang kasinungan sugih, brêngga rowa, inggih sanadyan ingkang têtêp kawêntar: wirya, arta, tri winasis; pisan ta sampun, tamtu wontên ingkang kajungkelang adhawah kosokwangsul, sirna sugih singgihipun, sirna kawiryan kaartan kawasisanipun, paribasan kantun angêmut darijinipun, sampun kathah sangêt katatalanipun ingkang anêtêpi ungêl-ungêlan: wolak-waliking jaman wau.

Manawi kula jumbuhakên kalihan kawontênan isining jagad tansah ewah gingsir utawi santun-sumantun punika, kados ta: lampahipun Sang Hyang Bagaskara, manawi enjing jumêdhul saking wetan, manawi sontên angslup mangilèn, lampahing rêmbulan, manawi tanggal sapisan kaping kalih, kaping tiga, jumêdhul saking kilèn, manawi sampun tanggal sadasa, kawan wêlas gangsal wêlas, jumêdhul saking wetan, lampahing angin, asring agêng = prahara, asring namung sribit-sribit kemawon. Kawontênanipun toya ing bênawi, ing lèpèn utawi ing sumur, asring agung, asring asat, kados makatên sasaminipun, kok inggih sampun mèmpêr sangêt kados pamanggih kula wau, sampun cêtha wela-wela bilih kawontênan ing dalêm jagad punika asring wontên ingkang botên langgêng. Lah pedah punapa manawi wontên sawênèhing tiyang ingkang sawêg [sawê...]

--- 246 ---

[...g] sugih singgih sasaminipun bangsaning kawiryan kawibawan enz têka lajêng wuru dawa, sapa sira sapa ingsun, anggêp dhiri, adigang adigung, ngrèmèhakên dhatêng tiyang ingkang tinitah langip = botên gadhah. Lah punapa botên angèngêti: wolak-waliking jaman kasêbut ing nginggil, bok sampun makatên ta nun.

Nalika jaman kadewan, wontên tiyang jalêr ingkang padamêlanipun namung andèrès arèn. Tiyang dèrès makatên tamtunipun rak inggih bangsanipun tiyang botên gadhah. Wusana sagêd dados tiyang sugih, kenging winastan anêtêpi têtêmbungan: wolak-waliking jaman = janma wau, cariyosing lêlampahan kula pêthik kados ing ngandhap punika:

Amarêngi môngsa padrawana, kacariyos ing wukir Maendra wontên tiyang jalu wasta pun Kupa, saking dhusun ing Kelasa, pun Kupa marêk dhatêng Dèwi Rukmawati, matur yèn salaminipun dèrès botên wontên sangsayanipun, ing mangke têka wontên sangsaya ingkang salaya saking adat sabên, adatipun yèn amasang bumbung botên mawi mènèk, witing arèn ingaban kinèn tumêlunga lajêng tumêlung, utawi yèn angudhunakên bumbung inggih makatên, ing sapunika têka botên sagêd, saking punapa ingkang dados sababipun, pangandikanipun Dèwi Rukmawati: [R...]

--- 247 ---

[...ukmawati:] He Kupa, ing salawase sira anganggo ati têmên, ing samêngko sira anglakoni goroh, dadi sira wus mari anglakoni tapaning ati, karana tapaning ati iku mung têmên, yèn tapaning nyawa iku mung eling, yèn tapaning rahsa iku mung êning, sing sapa bisa angêningakên ing dalêm sadina sapisan kewala, adat sabarang kang cinipta dadi, sing sapa bisa eling ing dalêm sadina sapisan kewala, adat sabarang kang sinêdya ana, sing sapa bisa têmên atine ing salawase, adat sabarang kang kinarêpake têka, dene gorohira maring suta kang lagi nangis, sira ênêng-ênêngi bakal sira dhudhukake gangsir, wêkasan mênêng, nanging sira kaburu ing prêlu, dadi ora sida andhudhuk gangsir. Iku lêksananana, dadi kabêgyanira, padoning pakaranganira kang kidul kulon ana kaya unthuk gangsir, dhudhukên ana rajabranane. Têlas pangandikanipun Dèwi Rukmawati. Pun Kupa matur: nuwun sandika, lajêng mantuk. Dumugi ing griya sampun kalêksanan sadaya, wêkasanipun dados ing kasugihanipun. Awit amanggih pêpêndhêman rajabrana maneka warni. Zie Pustakaraja Purwa jilid 4. Mênggah anggènipun pun Kupa tukang dèrès arèn lajêng sagêd sugih andêrbala wau inggih awit saking ngagêngakên lampah tumrap kasêtyaning manahipun, botên jail mêthakil, botên drêngki, botên srèi, botên mruka angkara, namung ambêg sêtya susila,

--- 248 ---

amila wêkasanipun inggih mulya sugih rajabrana. Kosokwangsulipun tumrap tiyang ingkang sugih singgih, wirya arta tri winasis, lajêng dados nyranthil, gombal, kintên kula inggih namung tansah ngagêngakên awoning pratingkahipun, dakdir, kumingsun, botên andarbèningandarbèni. kasusilan satêngu-têngua, botên pisan-pisan angèngêti manawi kawontênan isining jagad punika tamtu ewah gingsir, botên manggung langgêng ngantos sabujading jagad, dados udhang-udhêng ikêt kawung, tiyang gêsang ing dalêm dunya punika kêdah ngakên ngagêngakên. ambêg darma satya sudagnyana, sampun ngantos mêngkêr dhumatêng kasusilan. Amêsthi basuki ingkang dhiri.

Pun Subyakta.

ISINIPUN MARDI-SIWI No. 8-9

Wara-wara - Tanggaping cipta sasmita - Indhonesia ngancik laladan enggal - Gagasan andupara - Pangalaman ("Kowe arêp dadi apa?") - Pangalaman ing jaman 50 taun ingkang kapêngkêr - Tuwuhipun jagad enggal - Opvoeding utawi Panggulawênthah - Sanès dongèng - Wontên ing dalêm pangimpèn - Wolak-waliking jaman.