Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mardi Siwi, Soenarja, 1938-11, #1213

Katalog:Mardi Siwi, Soenarja, 1938, #1213
Sambung:-

Nov. 1938 Sawal 1869.

Nommer Lebaran

Mardi Siwi

Kawêdalakên dening: LITERAIR PAEDAGOGISCHE CLUB SOERAKARTA. 3403 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '33

--- [0] ---

ISINIPUN:

Kaca

1. Siratur Rahmi (Alal bichalal) ... 241
2. Kasarasanipun alusing manunsa.manungsa. (Geestelijke hygiene) ... 243
3. Awratipun tiyang "nglampahi" ... 247
4. Amung para Kasatrya ingkang sagêd amangun nusa lan bangsa ingkang mulya ... 249
5. Kaendahanipun dintên bakda Riyadi ... 252
6. Maksudipun alal balal ing dintên Lêbaran Siyam ... 254
7. Ngêsing agêsang ... 259

WARA-WARA SAKING REDACTIE

Nuwun, Redactie ngaturi uninga dhatêng para maos, kadosdene ingkang sampun kalampahan ing taun kapêngkêr, nyarêngi Riyadi taun punika Mardisiwi sowanipun ing ngarsa panjênêngan ugi mawi macak sawatawis, busana Nommer Lebaran. Bedanipun kalihan ingkang sampun, kangge angrêngga busananipun wau, pamongipun ing sadèrèngipun nyuwun dhatêng para prayantun sarta sadhèrèk sawatawis, paring panjurung karangan ingkang salaras kalihan wêdalipun Nommer Lebaran wau, ingkang supados pun Mardisiwi katingal sangsaya angrêsêpakên sowanipun ing ngarsa panjênêngan. Ingkang punika pamonging Mardisiwi botên kasupèn ngaturakên gênging panuwun dhatêng ingkang sampun karsa anglêksanani panyuwunipun pamonging Mardisiwi wau.

Red. M.S.

Ngaturi uninga dhatêng para maos, wêdaling MARDI-SIWI punika titêl R. Ng. Tumrap R.Ng. Ihsanoedin kagantos M. Ng., sarta ing buku-buku karangan, sadaya sêratan ingkang mungêl R. Ng. Ihsanoedin kawaosa M.Ng. Ihsanoedin.

Red. M.S.

[Iklan]

--- [241] ---

NOMER LEBARAN

No. 11 NOVEMBER 1938 Taun V

MARDI SIWI

Juru pangripta: Literair Paedagogische Club Surakarta. p/a SOENARJA. Manahan M.N. Surakarta. Administratie: S. SASTRAATMADJA. Badran Surakarta.

Rêgining lêngganan: Mardi Siwi Sabên 6 wêdalan f 0,60, kêdah kabayar rumiyin. Kasade eceran Mardi Siwi 1 buku f 0,125. Prabeya advertentie: 1 kaca f 6,- ½ kaca f 3,- ¼ f 1,50 lêngganan pikantuk sudan.

Kalawarti wulanan, ngrêmbag babagan panggulawênthah.

Para pêmbantu karangan: Soetedja, S. Adisapoetra, S. Adisasmita, O. Dharmabrata, Soemitra, M.Ng. Ihsanoedin, Moehammad Tauchid, Sj. H. Udaya, l.s.s.---

SIRATURRAHMI (Alal bichalal)

Bangsa Indhonesia ingkang sami anglampahi agami Islam gadhah tatacara kawastanan alal bichalal utawi siraturrahmi. Ngantos dintên samangke cara wau taksih dipun lêluri, malah kadhapuk enggal kadosdene caranipun tiyang parêpatan. Punapa punika badhe langkung sae utawi botên, botên kula rêmbag. Ing ngriki kula namung badhe mratelakakên cara ingkang sampun-sampun, inggih punika anak-anak ing dintên bakda riyadi sami sowan dhatêng tiyang sêpuhipun pêrlu nyuwun pangapuntên ing kalêpatanipun, punapadene nyuwun barkah. Tiyang nèm sami sowan dhatêng para sêpuh, pêrlu nyuwun pangapuntên bokbilih wontên kalêpatanipun ing salêbêtipun 1 taun ingkang sampun kapêngkêr. Dados wosipun tatacara siraturrahmi punika sami ngapura-ingapura bokbilih wontên kalêpatanipun. Sasampunipun sami anindakakên apura-ingapura wau lajêng sami nyênyuwun mugi-mugi ing salajêngipun tansah sagêda rukun tuwin manggiha kawilujêngan tuwin kanugrahan ing sapawingkingipun.

Para warganing redactie MARDI SIWI anyarêngi bakda riyadi taun 1869 punika ngaturakên siraturrahmi dhatêng

--- 242 ---

para ingkang maos kalawarti MARDI SIWI. Mbokmanawi wontên kalêpatanipun para warga redactie mugi karsaa angapuntên. Kosokwangsulipun redactie tuwin administratie inggih badhe angapuntên para maos tuwin para lêngganan, mbokbilih wontên kalêpatanipun. Sasampunipun sami anglêbur kalêpatan wau têmtunipun lajêng sami ngrumaosi, bilih para warganing redactie administratie tuwin para lêngganan gadhah kuwajiban nyênyuwun dhatêng ingkang Murbèng Jagad sagêda widada gêsangipun MARDI SIWI. Mangga sami dipun sêsuwun MARDI SIWI sagêda ngrêmbaka sagêda agêng, sagêda maedahi dhatêng para maos lumèbèripun dhatêng bangsa Indhonesia anggènipun ngudi dhatêng kaluhuran utawi kautamèn. Kados botên pêrlu kula têrangakên malih wontên ing ngriki bilih para anak-anak ingkang sami jumagar-jumagar ing têmbe badhe anggêntosi gêsangipun para tiyang sêpuh ingkang samangke sami gadhah sêdya amulyakakên anak-anakipun. Ing MARDI SIWI sampun kaping-kaping kapratelakakên kadospundi mênggah caranipun kula sadaya anuntun anak-anak, sagêda katuwuhan kaprawiran tuwin kautamaning budi, ewasamantên gandhèng kalihan wêdalipun nomêr lêbaran punika, kula pêrlu anêrangakên malih mênggah pêrlonipun sami amigatosakên ing ungêl-ungêlan "Ngèlmu iku kalakone kanthi laku".

Undêraning panggulawênthah utawi kenging katêmbungakên wadosipun panggulawênthah, punika dumunung wontên ing pambabaring kawontênan (het scheppen van een sfeer) ingkang laras kalihan tujuning panggulawênthah. Ingkang kula kajêngakên pambabaring kawontênan punika, gampilanipun, lare-lare wontên salêbêting griya utawi wontên ing pamulangan, punapa wontên ing sajawining pamulangan, tansah sumêrêpa dhatêng kawontênan-kawontênan ingkang tumuju dhatêng kaprawiran tuwin kaluhuraning budi. Manawi botên makatên sadaya panggulawênthah botên badhe wontên wohipun.

Dr. Elix Karrel sarjana ing Amerika ingkang sampun kajuwara kêlangkunganipun bab anggènipun ngudi kawruh bab gêsanging manungsa, anêtêpakên lêrêsipun ingkang kula pratelakakên ing nginggil wau, inggih punika panggulawênthah tumraping rêmên dhatêng angudi kawruh, gêgulang dhatêng kaprawiran, dhatêng kaluhuraning budi, dhatêng katrêsnan, punika sadaya sagêdipun kalampahan manawi lare-lare wontên ing griya wontên ing pamulangan, wontên ing sajawining sakolahan, tansah nyipati têpa-palupi utawi tuladha-tuladha ingkang lèrègipun dhatêng sadaya bab ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Murih cêthanipun manawi anênuntun lare dhatêng rêmên marsudi kawruh, punika wontên ing griya tiyang sêpuh ugi

--- 243 ---

kêdah nyontoni. Têgêsipun rêmên maos buku-buku, koran-koran lan sanèsipun. Sasampunipun maos punapa ingkang sakintên sagêd katampi dening lare lajêng kapratelakakên dhatêng lare-lare, utawi dipun angge rêmbagan kalihan lare-lare wau. Lampah ingkang makatên wau satêmênipun botên gampil, amargi tiyang sêpuh kêdah sagêd angêrèh badanipun piyambak ngudi kawruh tuwin tumêlung dhatêng lare-lare. Ananging manawi botên dipun lampahi kados makatên badhe jugar punapa ingkang dipun sêdiya.

Mênggahing panggulawênthah ingkang tumuju dhatêng kaprawiran utawi kautamaning budi, botên beda kawontênanipun. Manawi wontên ing salêbêting griya lare-lare sumêrêp tuladha-tuladha ing babagan kaprawiran têmtunipun inggih badhe tumama dhatêng lare-lare wau. Kajawi punika ugi sagêd dipun mêrgèni sanès. Lare-lare kapurih maos utawi ngapalakên lêlampahanipun para ingkang anglênggahi kaprawiran tuwin kautamèn, punika dangu-dangu ugi badhe cumithak wontên ing manahipun lare. Punapa malih manawi bêbrayan sagêd nukulakên tiyang-tiyang ingkang pêrwira tuwin utami, têmtu kemawon lare-lare lajêng sagêd kêtaman dayanipun para linangkung wau.

Punapa kawontênanipun bêbrayaning bangsa Indhonesia sampun kados makatên, wangsulan kula, dèrèng babarpisan. Mila pêrlu sangêt pêmanggih bab punika dipun pêncar-pêncarakên, dipun sêbar ing pundi-pundi, supados wontên salah satunggalipun wiji ingkang sagêd thukul. Sêjatosipun manawi sampun wontên tuladha satunggal kalih sampun lumayan. Amargi dayanipun sampun têmtu wontên.

Anyarêngi kalihan nomêr lêbaran punika, sêsarêngan kalihan bakda riyadi, limrahipun bangsa kula sami sênêng-sênêng, pêrlu bab punika kula sêgahakên wontên ing MARDI SIWI, bokbilih sêsarêngan kalihan wênganing pênggalih, lajêng kathukulan kajêng ambabar kawontênan ingkang sagêd nênuntun dhatêng kawilujêngan tuwin kamulyanipun bangsa.

Minangka panutuping sirahturrahmi punika panyuwun kula ing Gusti Allah mugi-mugi bangsa kula tinarbukaa gêmregah anuju dhatêng pambabaring kawontênan sae.

Kasarasanipun Alusing Manungsa (Geestelijke hygiene)

Nalika dintên malêm Sênèn, tanggal kaping 20 malêm 21 wulan Novèmbêr punika, anglêrêsi malêm towong, Dhoktêr R. Salèh Mangoendihardjo, sêsorah bab kasêbut ing nginggil,

--- 244 ---

wontên ing parêpatanipun para warga Parindra. Minangka bêbukanipun amratelakakên mênggah jêjêripun rukuning agami Islam ing bab sêmbahyang tuwin siyam, manut pamanggihipun para panuntuning Ahmadiyah. Pathokanipun sêmbahyang ingkang sami dipun lampahi dening para tiyang ingkang agami Islam, punika sampun mapan sangêt, amargi sêmbahyang makatên têgêsipun anucèni badan wadhag tuwin anglêrêmakên pikiran raos tuwin angkara, supados sagêd laras satunggal lan satunggalipun, ing wasana sagêd anglarasakên wadhag lan alusing manungsa. Makatên ugi siyam punika ugi gadhah lèrèg dhatêng kasarasanng badan wadhag, nanging ugi atêgês anglarasakên pakartining pikiran, raos tuwin aluamah.

Sasampunipun anggêlarakên bêbuka punika lajêng amiwiti wosing sêsorah, mawi amratelakakên mênggah kawontênaning manungsa. Limrahipun manungsa punika kawastanan wujud badan kalih, utawi katêmbungakên gadhah badan kalih, inggih punika roh chewani lan roh Rochani. Roh chewani, inggih punika badan wadhag, wujud kêmpalipun pirantos-pirantos ingkang lajêng amujudakên angganing manungsa. Mênggah wosipun badan wadhag punika pêrlu kangge gêsangipun manungsa wontên ing alam donya. Pirantos-pirantos wau inggih punika kêbuk, pirantos kangge ambêgan, jantung pirantos kangge nglampahakên rah, ginjêl, pirantos kangge bucal sadaya rêrêgêd saking badan, syaraf-syaraf utawi zenuwen, pirantos kangge angebahakên saranduning badan. Padharan pirantos kangge angêjur têdha. Pirantos-pirantos wau sami rumagang nyambut damêl piyambak-piyambak tuwin botên gumantung kalihan pirantos sanèsipun. Dados panyambut-damêlipun punika mêrdika, nanging sadaya wau lajêng amujudakên harmonie (sami laras), ingkang awujud badan wadhaging manungsa. Upami kenging dipun sanepakakên, saèmpêr kadosdene gangsa ingkang katabuh. Satunggal-tunggalipun perangan nyambut damêl piyambak-piyambak, nanging gunggung kêmpalipun amujudakên gêndhing ingkang ungêlipun sagêd mranani dhatêng pamirêng. Dados harmonienipun wontên gêndhing punika. Makatên kawontênanipun badan wadhaging manungsa.

Nanging sêjatosipun manungsa punika botên kenging kaperang dados kalih, wadhag lan alusipun, amargi wadhag lan alus punika sampun lumèngkèt dados satunggal. Anggènipun merang dados kalih wau namung murih cêthanipun. Dados namung sapêndamêling pikiran. Manawi dipun oncèki badan wadhag punika sêjatosipun botên wontên, makatên têrangipun: manut kawruh scheikunde utawi ngèlmu pamisah, sadaya barang punika kawujudakên dening molêkulên. Molêkulên kaperang dados mayuta-yuta atomên lan atomên wau kawujudakên dening

--- 245 ---

mayuta-yuta electronen. Electronen wau taksih wontên peranganipun ingkang alit malih, lan botên awujud barang, namung awujud sorot, dados miturut kawruh punika têrang manawi barang utawi stof punika sêjatosipun botên wontên. Ing mangke Dhoktêr Saleh lajêng mratelakakên bilih alusing manungsa punika (de geest van den mensch) katingalipun saking pikiran, raos tuwin aluamah (rede, gevoel tuwin instincten). Satunggal-tunggalipun perangan punika sami makarti piyambak-piyambak, dados wontên paakrtining pikiran, pakartining raos lan pakartining aluamah wau. Limrahipun têtiga wau sami bêncèng-cèwèng, botên sagêd amujudakên harmonie. Dados makartinipun pikiran pabên kalihan pakartining raos utawi pakartining aluamah. Ingkang kathah-kathah manungsa punika gêsangipun kawêngbukawêngku. ing salah satunggaling daya tiga punika. Wontên ingkang kalamangsa namung tumindak pikiranipun utawi raosipun utawi namung aluamahipun. Ingkang makatên wau têmtu lajêng nuwuhakên botên wontênipun larasan (disharmonie), katingalipun lajêng awon, amargi lajêng wontên gèsrèkipun satunggal lan satunggalipun. Tiyang ingkang namung anuruti aluamah utawi hawa nafsunipun têmtu damêl ribêtipun kiwa têngên, tiyang punika manawi namung migunakakên pikiranipun lajêng botên limrah, makatên ugi manawi nuruti raosipun, tindakipun ugi nama sak sêkecanipun piyambak. Kosokwangsulipun manawi pikiran, raos lan hawa nafsu wau sagêd kêmpal dados satunggal, lajêng ngawontênakên barang ingkang laras (harmonie) ing ngriku lajêng sagêd ngawontênakên tindak ingkang angedab-edabi, awit jumbuhing têtiga wau ingkang nama gêsang, ingkang katingal sorotipun.

Ing nginggil sampun kapratelakakên bilih sêjatosipun ingkang wontên punika namung kaalusanipun manungsa (de geest van den mensch), badan wadhag punika botên wontên. Dados sampun têtela manawi ingkang gadhah daya agêng punika inggih pun alusing manungsa. Panjênêngan Dhoktêr Salèh amratelakakên: wontên tiyang sakit 3 wulan laminipun, botên sagêd nilar patilêmanipun. Tiyang wau lajêng dipun priksa kawontênaning badanipun, pinanggihing pêpriksan, sêdaya pirantosing badan sae kemawon, botên wontên ingkang sakit, tiyang wau lajêng dipun jak rêmbagan, ingkang sagêd anggigah kasantosaning alusipun, ing wasana sarêng sampun sak jam anggènipun rêmbagan, lajêng sagêd tangi saking patilêmanipun. Kawan wêlas dintên malih tiyang wau sampun sagêd ningali Sriwêdari. Tuladha punika ambuktèkakên bilih alusing manungsa punika ingkang andayani dhatêng lair.

Wontên malih tuladha, tiyang bisu sagêd rêmbagan malih, saking dayaning alusipun. Amargi dayaning alusipun manungsa

--- 246 ---

punika agêng sangêt, sagêd anyarasakên pirantos wadhag ingkang sakit.

Nitik kawontênan ingkang makatên wau, juru sabda amratelakakên bilih ingkang langkung pêrlu tumrap tiyang gêsang punika anjagi dhatêng kasarasaning alusipun, têgêsipun alusipun wau sagêda tansah mujudakên larasan utawi harmonie. Pikiran, raos lan hawa nafsu punika makartinipun manawi kathuthuk saking jawi, têgêsipun: kêtaman punapa-punapa. Manungsa punika manawi kêtaman, lajêng tumindak, dene tindak wau limrahipun gumantung dhatêng kawontênan Aku-nipun (het ikbewustzijn). Ananging manawi botên wontên daya saking jawi, tiyang punika limrahipun botên rumagang ing damêl, têgêsipun: pikiran, raos lan hawa nafsunipun botên makarti. Hla punika sêjatosipun botên makatên kawontênanipun, awit pikiran, raos lan hawa nafsu wau kêdah rumagang damêl piyambak, sampun ngantos kadayan saking njawi.

Manungsa punika pinaringan kamardikan, amakartèkakên pikiranipun lan raosipun. Dados sasagêd-sagêd raos lan pikiran wau kêdah rumagang ing damêl, sênajan botên kadayan saking njawi. Dados gampilanipun, pikiran kêdah dipun angge mikir-mikir kawontênanipun ingkang dipun alami tuwin angraosakên punapa ingkang dipun sumêrêpi, botên mawi angèngêti daya-daya saking njawi. Manawi raos lan pikiran wau makartinipun sampun sagêd jumbuh, têgêsipun sampun sagêd anyirnakakên dhatêng hawa nafsu ingkang nuwuhakên Aku wau, têmtu lajêng kasinungan daya ingkang agêng, amargi dayaning gêsang lajêng mêdal saking manungsa wau. Manawi sampun dumugi samantên, têmtu lajêng botên gadhah uwa-uwas anggènipun badhe gadhah tindak.

Tiyang gêsang wontên ngalam donya punika sami nggadhahi kuwajiban, punapa malih tumrapipun bangsa Indhonesia ingkang sami ebah, anuju dhatêng kaluhuraning bangsa tuwin nungsa, para ingkang sami lêlumban wontên ing ebah-ebahan, sami gadhah kuwajiban utawi têtanggêlan ingkang agêng. Ing salêbêting anglampahi kuwajiban wau têmtu manggih cobi utawi rubeda mawarni-warni, ingkang namani dhatêng para ingkang ebah wau. Kanggenipun ingkang kirang santosa ing budi, manawi kenging cobi utawi rêribêt, limrahipun lajêng pêpês manahipun lajêng nilar papaning ebah-ebahan. Limrahipun anggènipun lajêng makatên wau, amargi taksih kandêl Akunipun, ingkang amêtêngi utawi angaling-alingi dhatêng sumoroting gêsangipun. Milanipun kêdah angèngêti dhatêng pakartining pikiran, raos, lan hawa nafsu wau. Utawi kenging katêmbungakên kêdah anyumêrêpi dhatêng badanipun piyambak (kent

--- 247 ---

U zelven). Dene srananipun botên sanès, kêjawi namung anglarasakên daya-daya saking njawi kalihan daya-dayaning alusing manungsa. Upaminipun, ing salêbêtipun anglampahi kuwajiban, tiyang manggih rêribêt, punika lajêng sagêd sumêrêp manawi Aku-nipun taksih kandêl, sasampunipun sumêrêp, pikiran lan raosipun sampun lajêng dipun pakartèkakên, ing ngriku raosing Aku lajêng saya tipis. Tuladha malih: Tiyang anyumêrêpi pandamêl ingkang nylênèh, wusana lajêng muring, punika ugi amrêtandhani manawi raosing Aku taksih kemawon, nanging manawi dipun pikir lan dipun raosakên, lajêng sumêrêp manawi ingkang ndadosakên muringipun wau raosing Aku-nipun. Ing sanès wêkdal sasampunipun kakulinakakên makatên tiyang wau mêsthi lajêng botên muring lan botên ribêt manahipun, raosipun Aku saya mindhak tipis. Manawi lampah ingkang makatên wau dipun kulinakakên, dangu-dangu raosing Aku lajêng ical, manawi sampun makatên warana ingkang ngaling-alingi gêsang kalihan wadhag punika ical, ing wasana ingkang katingal namung dayaning gêsang ingkang angedab-edabi agêngipun, punapa sasabdanipun manungsa sagêd kanyataan, punapa ingkang katindakakên ugi dados, têgêsipun wontên wohipun. Manungsa ingkang makatên wau anglênggahi bêbasan, sabda pandhita ratu.

Kanggenipun para ingkang rumaos gadhah kuwajiban ambangun Nusa lan Bangsa pêrlu èngêt dhatêng bab punika.

S.W.W.

Awratipun Tiyang "Nglampahi"

Nalika kula taksih lare, manawi mirêng têmbung "nglakoni" punika lajêng kèngêtan dhatêng "mutih, pasa Sênèn Kêmis, patigêni " lan sapanunggilanipun. Mila inggih "lampah" makatên wau ingkang kaudi para nem-neman ing jaman samantên, sarta para sêpuh inggih nayogyani, malah kapara mrayogèkakên sangêt, jêr ngêngirangi punika satunggaling panggladhi utawi "training" kangge nyandhêt kêkajêngan awon.

Kula botên ngintên pisan-pisan manawi piwulang Jawi kina: para mudha kapurih nglampahi wau, kajêngipun botên namung kapurih tirakat kemawon. Sarêng kula sampun dados tiyang, sawêg wontên ingkang nyêrêpakên, bilih wosing wêwarahipun lêluhur kita wau: supados nglampahana (nindakakên) wèting ngagêsang (ingkang kawrat ing sêrat-sêrat tilaranipun para Nabi).

--- 248 ---

Nglampahi ingkang makatên punika mila botên gampil. Angèlipun tikêl-matikêl yèn katandhing kalihan nglampahi tirakat. Nanging limrahipun lampah ingkang langkung wigatos wau malah botên dipun anggêp pêrlu, prasasat botên nate dados rêmbag. Ingkang dipun pêmpêng para mudha (miwah para sêpuh) inggih punika anggènipun nyuda utawi ambirat sakathahing kanikmatan.

Upaminipun kemawon nglampahi têmên. Para ingkang sampun nate ngudi dhatêng katêmênan sami ngraosakên awratipun nyirik goroh. Manawi anggèn kita botên têmên wiwit tangi ngantos dumugi mapan tilêm, kita cathêti sadaya, kados kathah ingkang botên ngintên yèn ngantos sêmantên kathahipun dora kita ing sadintênipun. Mangka dora punika sadherekan kalihan ngakên-akên, cidra, ngroyok, nyolong, mandung, fraude lan sanès-sanèsipun. Dados manawi kirang ing pangatos-atos kita, sisip sêmbiripun gampil glimpangipun dhatêng ing pandamêl awon ingkang sagêd ngrisak gêsang kita.

Wondene têmên punika sambêt sangêt kalihan adil. Mila sampun pantês sangêt yèn ing pranataning para pandhu "têmên" punika dipun anggêp fasal ingkang nomêr satunggal. Ingkang kula kajêngakên ing ngriki têmên ingkang sajati. Awit têmên punika ugi klas-klasan. Makatên ugi goroh, punika inggih wontên undha-usukipun. Manawi namung dora "sakêdhik-sakêdhik" kemawon limrahipun botên dipun opèni, botên dipun lêpatakên. Botên ngèngêti yèn kathah punika asalipun saking sakêdhik. Manawi ingkang alit-alit wau botên enggal-enggal dipun papras, saya lami ndadra. Yèn sampun dados pakulinan, sampun matuh, angèl sangêt ical-icalanipun.

Saking kulinanipun dora, ngantos wontên ingkang botên ngraos, bilih ngrindhikakên lampahing mètêran waterleiding punika awon. Ngangge stroom lestrik langkung saking samêsthinipun punika inggih dipun wastani botên punapa-punapa.

Punika sawêg mêndhêt satunggal bab kemawon. Mangka pranataning ngagêsang punika fasalipun tanpa wicalan, kados ta: tiyang punika kêdah kandêl imanipun, wajib ngajèni dhatêng tiyang sêpuh, pêrlu asih dhatêng sasamining tumitah, botên kenging mêjahi ing sanès tuwin sapanunggilanipun. Sagêdipun nglampahi sadaya wau, manawi wiwit alit kaudi, kagladhi sayêktos; botên ngêmungakên ing griya kemawon, nanging ing pamulangan, ing purug, cêkakipun ing pundi-pundi lan sawanci-wanci juru ndhidhik wajib mêrdi, sagêdipun ingkang kadhidhik ngêrtos awon lan sae tuwin sagêdipun nindakakên (ngêcakakên) piwulang-piwulang wau wontên ing gêsangipun.

--- 249 ---

Wondene caranipun sarana ing sabên dintênipun ngulinakakên nglampahi barang sae saha nyingkiri barang awon. Tiyang sêpuh tuwin juru ndhidhik sanèsipun, kêdah tlatos anggènipun nuntuni, mawi dipun sarêngi nyampurnakakên badanipun piyambak.

Kajawi pakulinan utawi panggladhi ingkang sampun kula aturakên wau, manungsa ugi pêrlu sagêd nulak sakathahing godha ingkang ngregoni dhatêng lampah lêrês; kêdah sagêd ngampah hawa nafsu. Wondene patrapipun nggladhi mêrangi godha wau ing jaman rumiyin kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, inggih punika mawi nglampahi tirakat: mêlèk dalu, botên nêdha ulam ambêkan, sinau kèndêl (botên wicantênan), siyam warni-warni lss. Kanggenipun samangke cara ingkang makatên wau kathah ingkang botên purun ngangge, awit kaanggêp botên njamani. Nanging sapunika lajêng punapa gêntosipun? Punika mugi dados panggalihanipun para maos.

Tamtu kemawon anggèn kita nggêgulang nglampahi warni kalih wau kêdah ngèngêti dhatêng "dhasaripun" satunggal-satunggaling lare (tiyang). Wontên lare ingkang alit mila sampun katingal anggènipun rêmên ngudi dhatêng lampah lêrês. Sawênèhing tiyang botên pasah dhatêng sawarnining godha. Pramila juru ndhidhik pêrlu niti priksa rumiyin "bêktanipun" lare piyambak-piyambak.

Manawi dhasar, ajar saha pandadar (cakipun, praktikipun) sampun salaras, punika sawêg kenging kawastanan sampurna.

S. SASTROWARDOJO

Amung Para Kasatrya Ingkang Sagêd Amangun Nusa lan Bangsa Ingkang Mulya

Manawi kula nyumêrêpi warni-warnining pakaryan ingkang gumêlar ing dunya punika, kados botên mrojol saking 4 rupi: tani, undhagi (kriya), grami (handel) tuwin priyayi (ngabdi of bêrah). Amung dumugi ing wêkdal punika ingkang kula gumuni kathah-kathahing para mudha kita utawi umumipun bangsa kita ingkang sampun pêngajaran ingkang dipun rêmêni pakaryan ngabdi (bêrah). Ingkang wêdalan saking pamulangan andhap dumugi pamulangan luhur, ingkang kasagêdanipun babagan kawruh umum utawi vak sami rêbat dhucung ngrêbat pakaryan abdi. Kabuktèn sabên-sabên wontên lowongan pandamêlan bêrah ingkang amung sakêdhik ingkang katampi, ingkang nglêbêti ngantos botên amung dasanan, nanging ngantos atusan. Ngantos botên sakêdhik ingkang manawi botên

--- 250 ---

katampèn ing pakaryan wau dipun pilalah nganggur (wekeloos)

Punapa sababipun?

Manawi kita wawas kanthi salêbêt-lêbêtipun kados inggih botên anèh. Jêr sabagean agêng pêmudha-pêmudha kita wau inggih putranipun para abdi (kaum bêrah). Namung sok dados eraming manah, dene para putranipun bangsa grami, tani utawi undhagi têka inggih sami karaya-raya kapengin ngabdi. Punika têmtu wontên sêbabipun ingkang prêmati. Lah, manawi wawasan kula botên sanès, sêbab sami gadhah panganggêp manawi pakaryan ngabdi punika langkung luhur aosipun (meerwaardig) katimbang sanèsipun saengga sami nampik pakaryan sanès-sanèsipun ingkang sampun samêsthinipun lajêng njalari kathahing pangangguran, ingkang mbêbayani sangêt ing gêsang bêbrayan punika. Wondene thukuling panganggêp wau wontên ingkang saking daya ing griya, ugi kathah saking pamulangan saha wontên ingkang saking sêsrawungan.

Rèhning milah-milahakên drajading pakaryan punika wohipun têrang botên sae mila kita para pandhidhik (tiyang sêpuh saha guru) prêlu ngicali raos utawi panganggêp wau, sarana nyukani panggulawênthah sagêdipun putra-putra kita sami gadhah watak kasatriya. Jêr inggih amung para satriya ingkang sagêd damêl jaman enggal ingkang utami. Wondene kadospundi trêkahipun kula amung sumangga. Ing ngriki kula amung badhe mratelakakên kuwajibanipun Kasatriya miturut pangandikanipun para sarjana sujana.

Sawênèh saking Tripama (Dhandhanggula)

Yogyanira kang para prajurit / lamun bisa sami anulada / kadya nguni caritane / andêlira Sang Prabu / Sasrabau ing Maèspati / aran Patih Suwanda / lêlabuhanipun / kang ginêlung tri pakara / guna kaya purun ingkang dèn antêpi / nuhoni trah utama //

Saking Wedhatama (Sinom)

Bonggan kang tan mrêlokêna / mungguh ugêring ngaurip / uripe lan tri prakara / wirya arta tri winasis / kalamun kongsi sêpi / saking wilangan têtêlu / têlas tilasing janma / aji godhong jati aking / têmah papa papariman ngulandara //

--- 251 ---

Wontên malih pitungkas makatên (Dhandhanggula)

Luwih lara larane kang ati / nora kaya wong tininggal arta / kang wus ilang piandêle / lipure mung yèn turu / lamun tangi sungkawa malih / yaiku ukumira / wong nglirwakkên tuduh / anyinggahi budidaya / têmah asor papa dènira dumadi / tan awor lan sasama //

Tigang pada nginggil punika ingkang dipun kiyatakên: kaya of arta (kasugihan of saening economie), kagunan of kawasisan (kapintêran), purun (kêndêl tumrap kasaenan) tuwin piandêl (geloof of kapitadosan dhatêng ingkang kuwaos) kawiryawan (luhuring bêbudèn).

Kagunan sagêd kagayuh saking pamulangan (sêkolah). Kakêndêlan saha kaluhuraning bêbudèn sagêd dipun sinau utawi kulinakakên sarana mlêbêt pakêmpalan. Kapitadosan (piandêl) saking ngèlmi dados ugi saking sakolahan utawi sarana nyêpêngi Agami.

Namung kasugihan sagêdipun kadumugèn kêdah kagayuh sarana tumandang nyambut damêl. Wondene dipun sangkani saking pêndamêlan punapa kemawon botên mancèni, punapa: grami, tani, undhagi punapa priyayi, kanthi gêmi satiti ngati-ati. Dados manawi kita amung ngancas dhatêng salah sawênèh lan manawi punika lêpat lajêng milalah nganggur, punika lêpat. Punapa malih manawi gadhah panganggêp manawi satunggal langkung luhur drajadipun katimbang sanèsing pakaryan punika saya klintu sangêt. Inggih punika sêbabipun kathahing pangangguran. Ngèngêtana bêbasan Wêlandi: Arbeid adelt. Makarti utawi nyambut damêl punika kaluhuran, sanajan pêndamêlan punapa kemawon, janji ingkang suci (dede colong jupuk). Kosokwangsulipun nganggur punika asor. Bêbasanipun: Nganggur iku susuhing setan. Ledigheid is des duivels oorkussen.

Mila sumangga putra-putra kita samia dipun dhasari kayakinan makatên saha kanthi dipun dhawuhi tumandang damêl supados sagêd ndhapuk masyarakat enggal ingkang rêmên nyambut damêl. Kayakinan kêdah dipun buktèkakên sarana tandang.

Ngilmi tanpa ngamal punika sanepanipun kados angganing surya nyorot tiyang wuta (tanpa paedah). Ing Wedhatama ugi sampun mêcakakên (Pucung):Pocung.

--- 252 ---

Ngèlmu iku kêlakone kanthi laku / lêkase lawan kas / têgêse kas nyantosani / satya budya pangêkêsing dur angkara //

Ngilmi utawi kêsagêdan punika sagêdipun maedahi manawi dipun tindakakên (in de praktijk gebracht). Wondene badhe tumindak sae punika pancèn awrat, mila kêdah kas. Nanging manawi sampun dipun tindakakên sayêktosipun awrat wau amung dumunung ing pangantha-antha. Sasampunipun kita purun tumindak kanthi sêtya tuhu, sayêkti punika minangka pamunahing angkara ingkang dumunung ing salira.

Langkung-langkung para ahli pandhidhik kêrsa saha sagêd maringi tuladha piyambak punika têmtu langkung gampil anggènipun putra-putra badhe nulad salajêngipun gampil kalêksananing sêdya wau. Amien.

TJANTRIK ing Dhuwêt - Arum - Baturêtna.

Kaendahanipun Dintên Bakda Riyadi

Sintên ingkang sampun anglampahi siyam ing salêbêtipun wulan Ramêlan sawulan muput, tamtu sagêd angraosakên kaendahanipun dintên Riyadi. Sapisan: anggadhahi raos lêga lan bingah dene sampun kalampahan sagêd anglampahi punapa ingkang sampun dipun niyatakên, botên keguh ing panggodha. Kaping kalihipun: angraosakên eca lan nikmatipun têtêdhan ing sasampunipun angraosakên luwe ing salêbêtipun sawulan wêtah. Ing ngriki ingkang pêrlu kula pèngêti minangka piwulang inggih punika: Sintên tiyanga ingkang badhe ngraosakên eca sakeca, kêdah purun anglampahi luwe rumiyin.

Pêpèngêt wau têmtunipun botên namung tumrap dhatêng bab têdha kemawon. Nanging ugi tumrap sadaya ingkang dados kasênêngan kita, punapa ingkang nyênêngakên pandulu (têdhaning mripat), punapa ingkang nyênêngakên dhatêng pamirêng (têdhaning kuping), punapa ingkang nyênêngakên dhatêng manah, sadaya kala wau sabên ing kalamangsa pêrlu dipun suda (dipun purih siyam), pêrlunipun sagêd angraosakên kados punapa ecanipun tiyang ambruwah (nêdha eca ing sasampunipun anglampahi siyam utawi nyênyirik). Manawi kita ing sadintên-dintên namung ambruwah thok, tanpa mawi dipun pêsthi, tanpa mawi sêsirik, gèk benjing punapa anggèn kita badhe angraosakên RIYAYA. Bingah kita sampun kita êmping sabên dintên, sampun kita têlas-têlasakên. Manawi gêsang kula ing sabên dintên punika kula èngêti sampun ngantos ngècèr-ècèr kasênêngan utawi kabingahan, sampun tamtu kula badhe ngraosakên kabingahan ingkang langkung saking padintênan wau.

--- 253 ---

Kasênêngan ingkang kula uja sabên dintên wau wontênipun namung saking hawa nafsu kula. Beda manawi kula tata, kula rancang ing sadèrèngipun, upaminipun: aku kêpengin bangêt duwe omah sing brêgas, punika manawi botên kula rencangi rêkaos kêklêmpak ing sadèrèngipun, têmtu botên badhe kalampahan sêdya kula wau.

Kula asring kemawon mirêng tiyang (bangsa kula piyambak ingkang sèkèng) raosan makatên: ingatase aku mung kêpengin ndêlêng tontonan mung wragad limang sèn bae kok dicêgah kuwi, la olèhku sênêng bae besuk apa. Têtêmbungan makatên punika nelakakên sangêt manawi tiyang wau sampun sêpên dhatêng gêgayuhan, dhatêng sêdya utawi kêkajêngan langkung saking padintênanipun. Sampun tamtu kemawon inggih botên badhe ngraosakên sakeca langkung katimbang ingkang sampun-sampun. Gêsangipun tansah ajêg kemawon - anggènipun sèkèng.

Tiyang ingkang purun anglampahi rêkaos ing sadèrèngipun kanthi dipun sêdya jalaran gadhah gêgayuhan, punika ugi kenging kasanepakakên kadosdene tiyang lumampah nginggahi rêdi. Ing sadangunipun taksih wontên ing ngandhap botên kadosa raosipun, suku theyol, ambêgan mênggèh-mênggèh; nanging manawi dipun sêntosani ngantos dumugi ing pucak, kados punapa nikmatipun: sumêrêp sawangan ingkang endah, anglamlami; dhatêng polatan bawera, jêmbar, ing pundi-pundi katingal, prasasat sumêrêp sadaya ingkang gumêlar ing bawana. Makatên pêpindhanipun.

Kula lajêng kèngêtan têmbungipun tiyang sêpuh-sêpuh ingkang asring mungêl: Kanggo ngengean anak putu.

Punika têgêsipun piyambakipun piyambak botên purun nêlas-nêlasakên kamuktèn, pêrlunipun supados tansah èngêt dhatêng badhe kadadosaning anak putunipun, sagêda ugi kangengehan angsal kamuktèn, sagêda dados tiyang ingkang utami. Manawi anak putu sampun sami dados tiyang ingkang kenging dipun sawang, inggih punika RIYAYANIPUN tiyang sêpuh, ing sasampunipun anglampahi siyam (angêngirangi). Sagêd ugi raos makatên punika ing wêkdal samangke sampun tipis jalaran kadhêsuk ing raos: anakku wis tak sakolahake wus cukup; ing besuk dadi lan ora mangsa bodhoa. Manawi namung makatên kemawon kanggenipun tiyang sêpuh inggih nama gampil, nanging punapa inggih piyambakipun ing têmbenipun badhe ngraosakên kasênêngan saking anakipun, punika wala hualam.

Dados wosipun tiyang punika kêdah gadhah gêgayuhan. Ing sadèrèngipun kacêpêng ingkang ginayuh kêdah purun anglampahi rêkaos sarana ngêngirangi kasênêngan, inggih punika SIYAMIPUN. Manawi sampun kalêksanan sawêk ambruwah, punika RIYAYANIPUN. Nanging inggih sampun kasupèn, sampun lajêng ngaji pupung. Wasana borong.

S.

--- 254 ---

Maksudipun Alal Balal ing Dintên Lêbaran Siyam

Ing dintên lêbaran siyam, mèh sadaya bôngsa kita Jawi, tuwin 100 prêsèn saking kaum Muslimin, sami ngawontênakên utawi nindakakên kalimrahan ingkang kanamakakên alal balal, utawi silaturahmi. Ugi wontên ingkang nyantuni basa ngamônca kilenan, dados risèpsi, ingkang Jawinipun manawi botên kalintu ngaturi wilujêng.

Sanajan tatacara kasêbut ing nginggil wau, sampun mataun-taun linampahan dening umum, nanging pangintên kula taksih kathah ingkang dèrèng mudhêng yêktos, mênggah maksudipun ingkang kêplok kalihan namanipun: alal balal, lan silaturahmi. Malah manawi dipun santuni ing têmbung kilenan: risèpsi, punika yèn mênggah wawasan kula radi kirang mathuk.

Cobi ing ngriki kula têrangakên sawatawis, têmbung alal balal, lan silaturahmi, ingkang kalih-kalihipun wau sami pêthikan saking basa Arab. a. alal balal, punika racutan saking têmbung: al halal bil halal: Jawinipun: khalal-khalalan, maksudipun apura-ingapura, antawisipun satunggal lan satunggalipun.

b. têmbung silaturahmi, Jawinipun anyambung ing sih. Maksudipun [Maksudi...]

--- 255 ---

[...pun] sih-sinisihan, ugi antawisipun satunggal lan satunggalipun.

Mênggah wêwarah kaislaman, lampah alal balal lan silaturahmi, punika kêdah sinandhang ing sadintên-dintên. Botên andadak angêntosi manawi dintên lêbaran barang. Sintêna ingkang rumaos gadhah kalêpatan dhumatêng sasami lajêng wajib nêdha pangaksami, punika inggih kêdah dipun angge ênggêng-ênggêngan. Langkung-langkung bilih dhumatêng sanak kadang, pawong mitra, tanggi têpalih tuwin sadhèrèkipun ingkang nunggil agami Islam. Dados anindakakên: alal balal, lan silaturahmi namung pêndhak ing dintên lêbaran punika, nama ngasèpakên ing kwajiban, ewadene inggih tinimbang botên babarpisan, sampun luwung-luwung dene sanadyan sataun sapisan purun nindakakên. Namung kemawon kathah dintên, têka mawi milih dintên lêbaran siyam, punika mênggah sabab-sababipun punapa? Mênggah saking pangothak-athik kula makatên: wulan Siyam punika tumrap ing kaislaman, kaanggêp wulan ingkang minulya piyambak. Jalaran:

Ha. Wulan punika kariwayatakên wulan têmuruning kitab suci Al Kuran, saking Laukilmahphul, ing langit sapisan, lajêng katampèn dening Sang Malaikat Jabrail, ing salajêngipun [salajêngipu...]

--- 256 ---

[...n] kawahyokakên dhumatêng Kangjêng Nabi Mukhammad, saking baka sakêdhik, tamatipun ing môngsa 23 taun.

Na. Ing salêbêting wulan Siyam punika wontên satunggaling dalu ingkang kanamakakên Laelatur kadar. Têgêsipun ing dalu wau, Ingkang Maha Agung mêdharakên ing papêsthèning dumadi, dhinawuhakên dhumatêng para malaikat ingkang nindakakên (andhawahakên) ing papêsthèn, dhumatêng titah ingkang mêsthi kadhawahan ing salêbêting taun ingkang badhe kalampahan. Dene dhawahing Laelatur kadar wau taksih ginaib, namung ingkang nyêlak-nyêlaki kemawon, wontên ing malêm 21, 23, 25, 27 utawi 29 ing wulan Siyam, malah mawi pangêbang-êbang, sintêna ingkang ngibadah sagêd nyarêngi ing dalu kadar wau, ginanjar sami kalihan ngibadah 1000 wulan (Zie Kuran surat Kadar).

Ca. Wulan Siyam punika pinasthi kamligèkakên kangge sêsucining têtiyang Islam, sarana nindakakên siyam sawulan muput (botên kenging gothang). Dene ingkang dipun sucèni inggih punika:

1. badanipun wadhag saking rêrêgêding sêsakit, sadaya rêjêki ingkang sampun tumama ing badan wadhag salêbêting sataun, ingkang kirang sae tumrap kasarasaning badan, sagêda sirna margi kangge siyam, lajêng santun rêjêki inggal ingkang suci saking sêsakit,

--- 257 ---

mila tiyang siyam, panêdhanipun rêjêki (buka lan saur), kêdah kikrik. Lan la cumpia namung sacêkapipun, sampun ngantos kêladuk (aji pumpung) punapadene kêdah milih ingkang khalal.

2. nyucèni ing tindakipun lair, saking lampah kawiyatan. Ingkang tuwuh saking pôncadriya lair, saha solah-bawa, lan muna-muninipun, malah salêbêting siyam, kajawi anggènipun siyam kêdah ngampaha ing hawa napsunipun, saking tindak ingkang ingawisan dening sarak agama. Kaêrèha dhatêng lampah pangabêkti ing Gusti Alloh, anglangkungi tinimbang ing wulan sanèsipun.

3. nyucèni ing budinipun, saking watak (ambêg) ingkang cinacad, adiguna, jubriya, takabur, sasaminipun.

4. nyucèni ing raosipun, têgêsipun salêbêting wulan Siyam, tansah kanggea tawajuh (umadhêp) ing Gusti, mengo saking sanèsipun (kadonyan).

Cêkak aosipun, ing salêbêting wulan Siyam punika amung mligi kangge ambangun ing raga jiwa sagêda langkung suci, langkung sampurna, tinimbang sadèrèngipun siyam, pramila sabibaring wulan Siyam lajêng katitia, kadospundi kawontênaning raga jiwanipun, punapa sampun rêsik yêktos, punapa dèrèng? Manawi taksih rumaos kanggenan dosa ingkang

--- 258 ---

tumrap ing Gusti Alloh karêsikana ing dintên lêbaran wau, sarana lampah tobat. Jêr dintên lêbaran wau dintên têmuruning kamirahaning Gusti. (Sangat ijabah) sintêna ingkang nyênyuwun ing dintên lêbaran wau, sinagahan badhe sinêmbadan.

Kawuningana, dosaning manungsa punika botên ngêmungakên dhumatêng Gusti Alloh kemawon, nanging ugi gadhah dosa (kalêpatan) dhumatêng sasamining manungsa. Mila ugi kabirata pisan, supados sagêda suci ing dintên punika, sarana lampah alal balal. Lan manawi gadhah satru, mêngsah ingkang suwau kajothak (jothakan) lajêng kawawuhna, ingkang têgêsipun (silaturahmi).

Dados alal balal lan silaturahmi, ing dintên lêbaran punika, botên namung atêgês risèpsi (ngaturi wilujêng) kemawon.

Amung samantên wawasan kula, rèhning panyêrat kula wawasan punika pinuju siyam (nglêntere) mila manawi wontên cèwèting ukara nyuwun pangaksami ing ngarsaning para maos.

Pacitan ping 25 Siyam 1868.

Wassalam,

Pun Ihsanudin.

--- 259 ---

Ngêsing Agêsang

Kula nuwun, sangêt andadosakên suka sukuring manah kula, dene pinarêng ing Pangeran sagêd minangkani pamundhutipun sadhèrèk pamonging Mardi Siwi, andhèrèk mangayubagya, momonganipun, walagang kalawun-lawun, dumugi umur gangsal taun widada sêpên ing sambekala. Asung pratôndha sanadyan isining Mardi Siwi dèrèng sagêd ngêtrêpi kados karsanipun para pamong, nanging sampun sagêd nuju saperanganing bêtahipun para maos, pancèn, mardi putra makatên ajêg dados kabêtahan ingkang wigati, langkung-langkung ing jaman ewah gingsir kados kawontênan sapunika, ngantos kathah tiyang samar anggênahakên ingkang nama sajatining utama. Ing môngka para putra punika ing têmbe badhe ngambah jaman ingkang sapunikanipun taksih dados cangkriman mêmêt. Manawi kirang pramana ing panaliti, sisip sêmbiripun botên namung kêcêlik maringi sangu barang ingkang botên migunani kemawon, nanging kêsasar nyangoni barang ingkang malah dados wisuna.

Upaminipun putra ingkang ginulawênthah cara kilenan mênggahing sandhang, têdha, dolanan, pakulinan miwah tatacara, clakêthik dumugining diwasa nrajang ênggêt-ênggêting gêsang namung angsal balônja alit, sampun tamtu anggènipun badhe adamêl cumpuning pamêdal, andadak ngangge repolusi, inggih punika tarungipun [ta...]

--- 260 ---

[...rungipun] kaanan kalihan pakulinan, manawi santosaning panggalih dhawah kalindhih, mêsthi sangsara gêsangipun. Dèrèng cêkap samantên kemawon, sasampunipun kêkirangan lajêng nrajang repolusi ingkang kaping kalih, inggih punika tarungipun budi luhur kalihan asor, ngadat: wong ambêk jatmika kontit.

Ingkang kula aturakên ing nginggil punika dede gêgambaran ingkang tanpa têgês, samôngsa panjênêngan nolèh ngiwa nêngên, tuladhanipun ngêmbrah kemawon, langkung-langkung ing babagan lukita miwah tatakrama, bêbasan mêgah-mêgahakên kathahipun.

Lêlampahan ingkang sampun kêpêngkêr dados wêwarah, kadospundi sapunika anggèn kula jumangkah, murih botên kadung dhawahing panjôngka, ing jaman ingkang badhe dhumawah.

Jaman ingkang sampun kalampahan, malah dumugi sapunika taksih makantar-kantar, anama jaman tèhnik, inggih punika kabudayan awujud yêyasan ingkang ngedab-edabi. Pamarsudinipun ngantos sagêd miyak wêwadi: lampah anggêgana makatên tumrapipun ingkang kasêmbadan, dede barang-barang, radhio saya sampurna, ngantos ing jagad botên wontên ingkang katingal têbih, êndêming tèhnik dados kumalungkung. Wêdharing pralampita, wani andunungakên pangawasa wontên ing kapintêran (kennis

--- 261 ---

is macht) lacuting raos, botên purun ngakêni yèn taksih wontên pangawasa sanginggilipun malih.

Sumuking swasana ing Eropah dumugi akiring wulan Sèptèmbêr tansah adamêl gêtêr jagad, dening kandêling mêndhung paprangan sampun gumandhul, mèh sadaya praja sami nyiyagakakên wadyabala, samêkta sadêdamêling yuda, ingkang botên sakêdhik waragadipun. Ngakathah taksih kèngêtan, gênging kasangsaran ingkang sinandhang kala pêrang agêng 1914-1918 ingkang ngantos sapriki dèrèng nama pulih babarpisan. Gèk badhe kados punapa mangke kadadosanipun, manawi èstu wontên paprangan malih. Para jêjêngguling praja wontên ingkang gadhah panyuwun dhatêng sang raja pandhita ing Romê, karsa anênuwun maring Allah, sandening Baratayuda. Panyuwun wau dipun parêngakên, kalampahan mèh sadaya greja sami nênuwun sandening pêrang. Kuwasaning Allah botên kenging dinugi, dening pêpanggihanipun para pramugarining praja agung sakawan wontên ing Mênsên, mêndhung paprangan ingkang gumandhul wau sanalika sagêd kabuncang ing maruta. Sanajan ngangge bêbantên kamardikaning praja Cekoslawakiyê, nanging sanalika ngriku pun mêndhung sagêd sumilak rêsik. Dhadha lêga, ambêkan panjang. Sandening pêrang têtêp saking pangawasa gaib.

Nanging punapa mêndhung ingkang angêndhanu wau lajêng sirna tanpa lari.

--- 262 ---

Sajakipun botên, saking katêbihan sampun kawistara anggêmbulêng kêmpal malih, balêdhèg angampar-ampar, barung gêbyaring thathit lêliwêran, awujud sang kasumbung Hitlêr bêbana wangsul ing tanah jajahanipun. Kêtir-kêtiring panggalihipun para pangêmbat praja lajêng ambêngok: gistêlêkê hèrbêwapêning. Utawi: ambangun dandanan batin. Wêtahipun: katêntrêmaning bawana botên cêkap namung ginayuh sarana balêdhosing bom, nanging kêdah rinangkêpan dêdamêl ingkang langkung ampuh inggih punika kabatosan.

Mirêng makatên wau, sang wira Hitlêr mêdhar sabda: kula botên ngandêl dhatêng pangudi katêntrêman ingkang ngajak ngrucat dêdamêl lair, malah nyiyagakakên pusaka batin, kajawi ta manawi sêsarêngan ngrucat dêdamêl lair inggih ngrucat dêdamêl batin.

Kala jaman adêgipun pakêmpalan Java instituut, dados inggih sabibaripun pêrang agêng Eropah ing nginggil wau, kula nate mirêng lokipun sarjana wetanan wosipun makatên: kilenan sampun wiwit kraos, manawi buntasing plajêngipun tèhnik, botên mawoh kamarêman minggahipun dhatêng katêntrêman, nanging malah mujudakên aru-ara, ingkang tansah adamêl gênjoting bawana, milanipun lajêng ambêtahakên kabudayan wetanan kangge sarana pangudining katêntrêman.

--- 263 ---

Ing babagan pasinaon, bôngsa kilenan pancèn kenging sinudarsana, pantês dados têtuladan, kuncining basa Sangsêkrit, basa Arab sampun kacêpêng, sêrat-sêrat kina ing tanah Mêsir, tanah Arab, tanah Indhu sarta tanah nusantara, sampun tapis dipun wêrdèni utawi dipun santuni basa Eropah, bêbasan sampun botên madal sumbi, malah anggèning ngoncèki gêgêlitanipun, sok langkung trêtib tinimbang ingkang gadhah kabudayan. Nanging punapa pun katêntrêman sagêd kacêpêng, sajakipun saya têbih.

Teori kalihan praktik punika kadyangganing ngèlmu kalihan laku, kêdah tansah lèngkèt botên kenging pisah kadosdene lair kalihan kabatosanipun, inggh punika ingkang cinôndra kadya suruh lumah lan kurêbe, dinulu seje rupane, ginigit tunggal rasane. Samôngsa barang kalih punika pêpisahan, kenging tinêmbungakên kecalan: ngêsing agêsang.

Kathah panunggilanipun rêrangkèn ingkang tan kênaning pisah punika, kados ta:

Onggok kalihan pathinipun,
Cakriking kapal kalihan mathinipun,

--- 264 ---

Ukara kalihan yatmakanipun,
Pêpaès kalihan sêmbaganipun.

Dados babagan mardi siwi punika ingkang langkung wigati, anggènipun badhe ngisèni putra dhatêng ngêsing gêsangipun, manawi kêlajêng anut lampahing tèhnik, badhe botên mangrêtos manawi gêsangipun dados mêsin, namung sagêd makarti manut purba wasesanipun ingkang badhe ngangge.

Isining pamardi ingkang sagêd andayani katêntrêmaning agêsang, tumrapipun ingkang adhêdhasar rèligi = ngandêl dhatêng pangawasa gaib, inggih ingkang nitahakên bumi langit saisinipun sadaya, ungêlipun: sura dira jayaningrat, lêbur dening pangastuti. Manawi ingkang mampang-mampang, ingkang anggêgirisi, ingkang badhe ngêlun jagad punika dèrèng lêbur, tartamtu ing bawana tansah rêtu. Margining panglêbur namung satunggal, inggih punika: pangastuti.

Wasana ngaturakên sêsanti: aywa kêmba mêmayu yuning bawana.

Taklim kula, Wignyasumarta.

--- [0] ---

Pratelan arta ingkang sampun katampi dumugi tanggal 5 November 1938.

Stb. No: 744., ASMA: T. Aboemakarim, Panggenan: Wanasaba, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 753., ASMA: T. Adisoedarmo, Panggenan: Surabaya, Kathahing arta: f 1,20, Kangge têngahan taun: 1939 I + II
Stb. No: 755, ASMA: R. Sastrohadiwirjono, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 756., ASMA: T. Iman Soedjahar, Panggenan: Madiun, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 757., ASMA: Mij. Padmi, Panggenan: Tulungagung, Kathahing arta: f 0,80, Kangge têngahan taun: 1938 II + f 0,20
Stb. No: 758., ASMA: T. Soetomo, Panggenan: Karanganyar-Solo, Kathahing arta: f 1,20, Kangge têngahan taun: 1938 I + II
Stb. No: 772., ASMA: M. Hardjodarsono, Panggenan: Magêlang, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 780, ASMA: Mij. Soenarti, Panggenan: Purwakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 783, ASMA: Mij. Roesdalijah, Panggenan: Kuthaarja, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 784, ASMA: T. Moeljadi, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 793, ASMA: T. Josokoesoemo, Panggenan: Kuthaarja, Kathahing arta: f 1,20, Kangge têngahan taun: 1938 II + 1939 I
Stb. No: 800, ASMA: R.M. Soetomo, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 801, ASMA: T. Soedjojo, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 802, ASMA: T. Soewadji, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 810, ASMA: R. Soemadijo, Panggenan: Maos, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 811, ASMA: T. Danoehadimedjo, Panggenan: Purwadadi, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 816, ASMA: Rr. Marijati, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 819, ASMA: Mej. Daroeki, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 825, ASMA: Jeugdver: Mars, Panggenan: Purwarêja, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 824, ASMA: T. Soetiman, Panggenan: Klampok, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 827, ASMA: Mej. Daisah, Panggenan: Purwakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 830, ASMA: T. Notopijogo, Panggenan: Lumajang, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 831, ASMA: T. Prijosoedirdjo, Panggenan: Bajanêgara, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 832, ASMA: R. Soemono, Panggenan: Kêndhal, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 836, ASMA: Sri Paniti, Panggenan: Karanganyar, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 837, ASMA: Mej. Koes, Panggenan: Jokja, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 842, ASMA: R. Widjono, Panggenan: Sêpanjang, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 843, ASMA: R.Ng. Mangoenmardojo, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 844, ASMA: R.M. Soerjosapoetro, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 845, ASMA: T. Wirjodinolo, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 846, ASMA: Mevr. Dr. Diran, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 847, ASMA: R.Ng. Prodjohoekoro, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 849, ASMA: R. Mangkoetenojo, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 850, ASMA: R.S. Djogokartiko, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 851, ASMA: R. Koesoemoatmodjo, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 852, ASMA: R.M. Brotosoendjojo, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 853, ASMA: Rr. Soetarti, Panggenan: Dlanggu, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 855, ASMA: T. Soebardjo, Panggenan: Banyuwangi, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 858, ASMA: R.Ngt. Martokanjoko, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 862, ASMA: M.B. Wirjowigoeno, Panggenan: Solo, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 863, ASMA: Mej. Soerini, Panggenan: Wirasari, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II

--- [0] ---

[Iklan]

Stb. No: 864, ASMA: M. Martowijoto, Panggenan: Salatiga, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 865, ASMA: R. Notohadiwidjojo, Panggenan: Dlanggu, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 869, ASMA: T. Haripoernomo, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 870, ASMA: T.H. Hardjodinoto, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 871, ASMA: T. Agoestono Adi, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 877, ASMA: T. Soejono Soerjoatmodjo, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 880, ASMA: Mej. Asmaniati Iskaq, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 884, ASMA: Mej. Soekarti Roeslanadi, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 885, ASMA: T. Soedarto Tjokrosoenarto, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 887, ASMA: T. Sastrodiwirjo, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 889, ASMA: T. Andoko Partosoewito, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II + 1939 I
Stb. No: 894, ASMA: T. Djojodihardjo, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 895, ASMA: T. Soeradi, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II
Stb. No: 900, ASMA: T. Hidajat Prawirodidjojo, Panggenan: Majakêrta, Kathahing arta: f 0,60, Kangge têngahan taun: 1938 II