Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1936, #88

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1936, #88
Sambung:-

Narpawandawa Surakarta

Organ punika wêdalipun minôngka pangèngêt-èngêt tingalan dalêm wiyosan têtêp yuswa 72 taun, marêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 Rêjêb Alip 1867, utawi kaping 8 Oktobêr 1936.

--- I ---

Bêbuka

Kula nuwun, sasampunipun pangrèh Narpawandawa amirêngakên orêgipun têtiyang sabawah dalêm ing Surakarta, anggènipun sami sayuk saekapraya nêdya mahargya tingalan dalêm têtêp yuswa: 72 taun, amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping: 22 wulan Rêjêb taun Alip, angkaning warsa: 1867, pangrèh Narpawandawa ngantos sami kawêkèn manahipun, badhe ada-ada punapa ingkang katindakakên, dening sampun kawon suk kalihan bêbadan-bêbadan sanèsipun, môngka Narpawandawa punika pakêmpalanipun para putra santana dalêm, dados rumaos botên sagêd singlar saking raos wajib angluhurakên dhatêng panjênêngan dalêm nata, ingkang jumênêng pandam pangayomanipun, pêpuntoning manahipun para pangrèh, kajawi angonjukakên pisungsung tugu ing nginggil mawi dilah èlèktris, pikajêngipun: dilah utawi pandam watêkipun amajari panggenan utawi kawontênan ingkang pêtêng, dening wajibipun Narpawandawa amung tansah angèsthi sagêda damêl sêsuluh dhatêng kawontênan ingkang taksih pêtêng, saha para warga dalah warganipun putri Narpawandawa sami kêndhuri andêdonga wilujênging panjênêngan dalêm, sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ugi angêdalakên buku pangèngêt-èngêt punika, sinartan unjuk sêsantinipun para pangrèh tuwin para panitya ingkang kapatah manah isinipun buku pangèngêt-èngêt, dalah para warga Narpawandawa sadaya, sinawung ing sêkar Dhandhanggula, kados ing ngandhap punika:

jroning praja kèbêkan mêmanis / asrang umyang ngumandhang ing tawang / tan mung ing jro kitha bae / dalah ing dhusun-dhusun / drêsing swara èsthine sami / sêdya tur pudyastawa / ring jêng sang aprabu / kang maharjèng purantara / Surakarta têlênging bawana Jawi / lajêring nata dibya //

dènira wus kalaksanan mangkin / wahyaning môngsa sri naranata / têtêp ing yuswa petange / pitung dasa dwi taun / amarêngi rêspati manis / tingalan wiyosannya / gusti sang aprabu / Galungan dwilikur Rajab / Alip kapat Adi sangkala mêmuji / rarasing sarirendra //

--- II ---

tan kalangke kanang kalawarti / Narpawandawa mangayubagya / dene gusti pêpundhène / minulyèng rat sawêgung / katêtangi yatnaning ati / rumasa ingayoman / kangjêng sang aprabu / salwir bawa myang suita / talyan muhung barkah dalêm sri bupati / lumimput jiwa raga //

marma dahat kadarpaning kapti / yayah wikrama jroning mayoga / mahyakkên panganjaline / myang gênging suka sukur / pinandara gita kêkawin / konjêm ing ngabyantara / dalêm sang aprabu / jro manungku sanityasa / sru mêminta pajampuwèng ujwalati / angganjar sri pamasa //

luhur mulyaning karaton aji / myang lulusing amangku bawana / ambawani wibawane / lir Hyang Endra tumurun / angrênggani kamulyan adi / mangun arjèng kanang rat / nênggih sang aprabu / dirganing yuswa widada / ngumalèng tyas pindha gumlaring wiyati / kesisan wraning ima //

tansah mangun kridhaning mêmanis / sihing wadya gung ngulawisudha / andina-dina danane / yayah drawayèng ranu / anartani musthikèng puri / gusti kangjêng ratu mas / sori jêng sang prabu / kinalisnèng sambekala / prasidyayu siniwi prawaeladi / sèsining dhatulaya //

myang sagunging para narpasiwi / prayojananta winèstu ring hyang / kang marah kasidane /Kurang satu suku kata: kang mêmarah kasidane. panjrahning silarjayu / yuning jana niring rêrênggi / samya sumungku suka / manadpadèng prabu / manglingga-lingga jawata / labaning rèh narendratmaja dènnya mrih / sidining yogatama //

titining kang gita pangastuti / sinartan tus mawanti mêminta / ing Hyang Suksma rahayune / praja sainganipun / tinêbihkên salwir pawèsthi / prabawèng budi darma / jêng sri maha prabu / angkên gêbyaring baskara / mrabangkara dumiya nèng cakrawati / wèh yêming kang sarwatma //

Pangrèh

--- [0] ---

[Grafik]

Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, ingkang kaping 10, ing Surakarta Adiningrat.

--- 1 ---

Awigênamastunamasiddhi. Dyan punika rêke bêbukanipun wuryaning sêrat wêwaton tatakrama têmbung kadhaton, ingkang sampun dados anggêr-anggêripun karaton dalêm ing tanah Jawi, wiyosipun ingkang kapratelakakên, kados ta: pêpatih, pêpati senapati, bupati, wadana, kaliwon sapangandhap, manawi sami nuju sumiwi wontên ing ngabyantara nata, môngka badhe rêraosan kalihan kônca-kancanipun, ingkang sami sumewa, ing ngriku wajibing kawula punika kêdah amatrapakên satataning ukara mantra, têgêsipun pêpuji karaharjaning praja, mênggah pêperanganipun têmbung pêpuji karaharjaning praja, mênggah pêperanganipun ukara mantra wau dados tigang panutan: 1. Dipun wastani têmbung manungkara, têgêsipun satata basanipun para luhur. 2. Winastan têmbung mangikêt patra, têgêsipun mangungkak basa. 3. Winastan mangekapraya, têgêsipun anyedhalakên pangandika, inggih ngagok wicara, dene kawontênanipun wêwaton sadaya wau ing kina panganggitipun Patih Raja Kapa-kapa, awit saking karsanipun Maha Prabu Sindhula ing nagari Galuh, kala samantên panganggitipun mawi tinêngran ing taun suryasangkala, ôngka: 989, kaetang ing taun côndrasangkala, ôngka 1020, ananging lami-lami sarêng dumugi ing panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing nagari Mataram, kaparênging karsa dalêm lajêng kawangun malih, ingkang mawi têtêmbungan têmbung Kawi kajarwakakên sadaya, amung kaangge têmbung gancar kemawon, awit supados botên angewahakên raos mangsudipun.

Eka makandhêh, têgêsipun bab kaping sapisan.

Wiyosipun ingkang kapratelakakên pêpangkataning wêwaton tatakrama ing nginggil punika wau sadaya, ing mangke lajêng katata urut-urutaning têmbung kadhaton salingga-lingganipun, utawi kaperang-perang ukaraning patrap êmpan papanipun salêbêting ukara mantra tigang prakawis punika mawi wêwatêsan piyambak-piyambak, [piyambak-pi...]

--- 2 ---

[...yambak,] supados gampila utawi sumêrêp ing perang-peranganipun satunggal-satunggal, sadaya wau kapratelakakên kados ing ngandhap punika.

Ôngka urut 1

Têmbung Manungkara:

Ingsun, têgêsipun: Panjênêngaku, aku.

Sira, têgêsipun: Kowe, inggih punika wiyosing pangandika dalêm piyambak dhumatêng para kawulanipun.

Ôngka urut 2

Têmbung Manungkara:

Mara, têgêsipun: Aku.

Para, têgêsipun: Kowe, inggih punika wêwaton pangandika dalêm kangjêng gusti pangeran adipati, tanduking imbal wacana kalihan para pangeran, putra santana tuwin dhatêng pêpatih senapati.

Ôngka urut 3

Têmbung Manungkara:

Manira, têgêsipun: Aku.

Pakênira, têgêsipun: Kowe, inggih punika wêwaton sêrat dhawuhipun para pangagêng mangandhap, utawi anggêr-anggêraning sêrat piyagêm sasaminipun.

Ôngka urut 1

Têmbung mangungkak basa:

Kula, têgêsipun: Aku

Jêngandika, têgêsipun: Kowe, inggih punika wêwaton imbal wacananing pêpatih akalihan para abdi dalêm agêng alit sadaya.

Ôngka urut 2

Robaya, têgêsipun: Aku.

Pantèn, têgêsipun: Kowe, inggih punika wêwaton imbal wacananing para pandhita, pujôngga, pangulu, sapocapan [sapo...]

--- 3 ---

[...capan] kalihan pêpatih, pêpati senapati, kosokwangsulipun pangandika sami kemawon, amung pêpatih dhatêng pandhita, pujôngga, pangulu wau ngakang, pandhita ngadhi.

Ôngka urut 3. Têmbung ngagok wicara:

Ôngka urut 1, têmbung ngagok wicara: punapi, têgêsipun: punapa, apa.

Ôngka urut 2, têmbung ngagok wicara: Ênggèh, têgêsipun:Inggih, iya

Ôngka urut 3, têmbung ngagok wicara: Boya, têgêsipun:Botên, ora

Ôngka urut 4, têmbung ngagok wicara: Wèntên, têgêsipun:Wontên, ana

Ôngka urut 5, têmbung ngagok wicara: Mêninga, têgêsipun:Uninga, sumêrêp

Ôngka urut 6, têmbung ngagok wicara: Dêrbe, têgêsipun:Darbe, duwe

Ôngka urut 7, têmbung ngagok wicara: Mêkotên, têgêsipun:Makatên, mangkono

Ôngka urut 8, têmbung ngagok wicara: Dhawak, têgêsipun:Piyambak, dhewe

Ôngka urut 9, têmbung ngagok wicara: Hêm, têgêsipun:Ho, he, hah

Ôngka urut 10, têmbung ngagok wicara: Mênêri, têgêsipun:Kalêrêsan

Ôngka urut 11, têmbung ngagok wicara: Olih, têgêsipun:Angsal, antuk

Ôngka urut 12, têmbung ngagok wicara: Mêksih, têgêsipun:Taksih, ijèh

Ôngka urut 13, têmbung ngagok wicara: Wawi, têgêsipun:Dawêg, ayo

Ôngka urut 14, têmbung ngagok wicara: Nêdha, têgêsipun:Sayuk, tampi

Ôngka urut 15, têmbung ngagok wicara: Eco, têgêsipun:Sakeca, eca

Ôngka urut 16, têmbung ngagok wicara: Bèntên, têgêsipun:Beda

Ôngka urut 17, têmbung ngagok wicara: Pojare, têgêsipun:Critane

Ôngka urut 18, têmbung ngagok wicara: Bèna, têgêsipun:Seje

Ôngka urut 19, têmbung ngagok wicara: Bènèh, têgêsipun:Sanès [têgês...]

--- 4 ---

[...ipun:Sanès]

Ôngka urut 20, têmbung ngagok wicara: Seyos, têgêsipun:Gèsèh

Ôngka urut 21, têmbung ngagok wicara: Bêsaos, têgêsipun:Kimawon

Ôngka urut 22, têmbung ngagok wicara: Unya, têgêsipun:Malèsèt

Ôngka urut 23, têmbung ngagok wicara: Wikana, têgêsipun:Duka sampeyan

Ôngka urut 24, têmbung ngagok wicara: Katambêtan, têgêsipun:Kasupèn

Ôngka urut 25, têmbung ngagok wicara: Kendran, têgêsipun:Katlisut

Ôngka urut 26, têmbung ngagok wicara: Lêbêg, têgêsipun:Kulina, lanyah

Ôngka urut 27, têmbung ngagok wicara: Gonah, têgêsipun:Wanuh, lènjèh

Ôngka urut 28, têmbung ngagok wicara: Warahên, têgêsipun:Kandhanana, tuturana

Ôngka urut 29, têmbung ngagok wicara: Têmbung, têgêsipun:Camêthi

Ôngka urut 30, têmbung ngagok wicara: Tambang, têgêsipun:Têtali, kêndharat

Ôngka urut 31, têmbung ngagok wicara: Sikon, têgêsipun:Wêdhung

Ôngka urut 32, têmbung ngagok wicara: Muncang, têgêsipun:Nginang, gantèn

Ôngka urut 33, têmbung ngagok wicara: Mundhing, têgêsipun:Maesa, inggih punika wêwaton pagunêmanipun abdi dalêm wadana kalang sapanêkaripun, manawi sami sumiwi ing ngarsa nata.

Ôngka urut 34, têmbung ngagok wicara: Sumitra dalêm, têgêsipun:Macan, inggih punika wêwaton pagunêmanipun abdi dalêm wadana anggandhèk sapanêkaripun, manawi nuju sumiwi ing ngarsa dalêm, miwah anglapurakên sima, punika kêdah winastan sumitra dalêm.

Ôngka urut 35, têmbung ngagok wicara: Kagêngan dalêm, têgêsipun:, têgêsipun gajah, inggih punika wêwaton pagunêmanipun abdi dalêm srati, manawi nuju sumiwi ing ngarsa dalêm, mastani gajah punika kagêngan [ka...]

--- 5 ---

[...gêngan] dalêm

Ôngka urut 36, têmbung ngagok wicara: Miyara kuda, têgêsipun: angingah kapal, inggih punika wêwaton pagunêmanipun abdi dalêm wadana gamêl sapanêkaripun.

Dwi makandhêh. Têgêsipun bab kaping kalih, dipun wastani Sêrat Paramasesa.

Wiyosipun, inggih punika ingkang nyariyosakên wawênanging kawula gusti, mila tinata wontên ing têmbung kadhaton, amung minôngka pitêdahing anggêr-aggêraning para abdi dalêm agêng alit sadaya, awit panjênênganipun nata binathara anggènipun wênang mranata para kawulanipun wau, ing nalika miyos siniwi wajib anêtêpi kalipahipun, têgêsipun kalipah wêwakiling Pangeran Ingkang Maha Agung, dados ingkang dipun agêm cahyaning wahyu tigang prakawis.

1. Amêngku wahyu nurbuwah, têgêsipun jumênêng nata binathara ambawani bawana.

2. Amêngku wahyu kêkumah, têgêsipun jumênêng ratu adil, amurba misesa sèsining jagad traya.

3. Amêngku wahyu milayah, têgêsipun jumênêng waliyullah, inggih punika ingkang wênang dados pandam pangaubanipun para kawula sadaya.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil wau sajatosipun ratu binathara anggènipun jumênêng kalipah, wêwatoning sêsêbutan botên kagungan garwa, putra wayah, amung jumênêng lawan pribadinipun, ananging sarèhning taksih nama kawula, taksih sipat manungsa, yakti taksih wontên ingkang dipun akên putra, namung satunggal ingkang pancèn calon badhe dados gêgênti, inggih punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, tandhanipun manawi sumiwi ing ngabyantara nata, sakathahing para kawula dalêm agêng alit sami botên wontên ingkang wajib sinêmbah, amung Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom piyambak ingkang wênang sinêmbah [si...]

--- 6 ---

[...nêmbah] mawantu-wantu, manawi sanèsipun punika sampun kaanggêp kawula sadaya, botên wontên ingkang kangTidak perlu dibaca. angsal sêmbah, angsalipun manawi wêwatêsan kados ing ngandhap punika.

1. Pêpati senapati, inggih punika pangeran putra santananing nata ingkang songsong gilap, angsalipun wêwaton sêmbah kaping gangsal, ananging manawi sampun mêdal saking kori srimanganti.

2. Pangeran putra nata dèrèng songsong gilap, angsalipun sêmbah kaping tiga, ugi sajawining kori srimanganti, mênggah kêkalih ing nginggil punika manawi sampun mêdal saking kori kamandhungan, sami wajib sinêmbah mawantu-wantu, awit sampun sarira nata.

3. Pangeran santana, angsalipun sêmbah kaping kalih, riya pandhapa sapisan, ugi watêsan ing jawi srimanganti, dumugi kamandhungan kaping gangsal, riya pandhapa kaping tiga, manawi sampun dumugi kori brajanala sampun wajib sinêmbah mawantu-wantu, awit wayanganing nata.

4. Pêpatih, wontên pasowanan srimanganti angsal sêmbah kaping tiga, dumugi kamandhungan kaping gangsal, manawi sampun mêdal saking kori brajanala, sampun wajib sinêmbah mawantu-wantu, awit warangkaning nata.

5. Bupati nayaka 8 wêwatonipun angsal sêmbah kaping kalih, amung watês ing kori brajanala kemawon, dumugi ing jawi pisan, awit bupati nayaka punika têtêp mata pitayaning nata.

6. Para wadana anon-anon sapanunggilanipun, inggih sampun sami angsal sêmbah sapisan, watês sajawining kori brajanala dumugi ing jawi pisan, mênggah ingkang kasêbut para wadana wau kados ing ngandhap punika urut-urutanipun.

1. Jaksa, gladhag, kalang, gadhing mataram, kadipatèn, pulisi, para mayor, [ma...]

--- 7 ---

[...yor,] gamêl, anggandhèk, panandhon, sadaya wau sampun kenging sinêbut nama tumênggung, ananging lênggahipun taksih sami sangandhaping kaliwon nayaka 8, dene wajibipun sêmbah ugi sami sapisan.

2. Ingkang kaping kalih, para adipati ing môncanagari, sanadyan lênggahipun sangandhaping para bupati nayaka, nanging angsal sêmbah kaping tiga, sami kalihan riya pandhapa.

Wiyosipun mênggah ingkang binasakakên watêsaning sêmbah wau makatên.

1. Mênggah tatakramaning sêmbah kaping gangsal, ingkang rumiyin satataning palênggahan, lajêng antaraning panambrama, lajêng madyaning imbal wacana, lajêng dugi-dugining lêlahanan, sadanguning palênggahan, lajêng antaraning pamitan badhe unduripun.

2. Sêmbah kaping tiga, tumrapipun amung sawêg dhatêngipun ing palênggahan, lajêng antaraning madya imbal wacana, kaping tiganipun bibaran.

3. Sêmbah kaping kalih punika amung dumunung dhatêng kalihan pamitipun.

4. Sêmbah sapisan punika amung dumunung têngah-têngahaning pangandika, ugi mawi ungak-ungak antaraning imbal wacana, manawi sampun sawatawis utawi manawi sampun dangu inggih lajêng amratapakên sêmbah sapisan wau.

Mênggah pêpangkatan urut-urutaning sêmbah ingkang kapratelakakên ing nginggil wau sadaya, mawi pasang yogyapara, têgêsipun dêdugi pamrayogi, kados ta: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom anggènipun kagungan wêwatêsan sinêmbah kaping gangsal wau amung pangeran putra santana dalêm kemawon, sarta pêpati senapati, manawi pêpatih, bupati, wadana sapangandhap, inggih anêmbah wantu-wantu, botên pae anêmbah kalihan panjênênganing nata.

Dene pêpati senapati, tuwin para pangeran putra, anggènipun mawi wêwatêsan punika saking panêmbahing para pangeran santana riya pandhapa, manawi bupati sapangandhap [sapanga...]

--- 8 ---

[...ndhap] inggih tanpa wêwangênan.

Manawi pêpatih dhatêng pêpati senapati putra dalêm, amung nêmbah sawatawis kemawon, manawi pêpatih dhatêng putra dalêm ingkang dèrèng songsong gilap, tuwin dhatêng pêpati senapati santana, anggêripun sami angicalakên sêmbah-sinêmbah, amung saking dugi pamrayogi kemawon, dene manawi dhatêng para pangeran santana, tatakramaning pêpatih wau saengga sami kaanggêp putranipun, amung pêpatih senapati santana kaanggêp kadang, ananging sadaya wau taksih matrapakên pasang yogyapara, têgêsipun makatên, kados ta: pangeran putra santana dalêm ingkang pancèn sêpuh wajib pêpatih gadhah têmbung sêmbah pangabêkti, manawi amung kalêrês anèm kemawon, inggih wênang amitêmbung putra.

Mênggah wêwatoning sêmbah, miwah patrap agêng alit sadaya wau, tatakramanipun ingkang pancèn sampun dados anggêr-anggêraning tatakramaning karaton tanah Jawi, ingkang nama abdi dalêm makatên sadayanipun.

Kados ta: bupati nayaka 8, punika botên wajib anêmbah dhatêng pêpatih miwah dhatêng pangeran santana, kengingipun manêmbah amung saking dêdugi pamrayogi kemawon, amirit saking prênah sêpuh.

Dene para tumênggung wadana anon-anon, punapadene para kaliwon nayaka, panêmbahipun dhatêng pêpatih miwah dhatêng para pangeran santana, inggih amung anêtêpi wêwatêsanipun kemawon, ewadene manawi dhatêng riya pandhapa kemawon, inggih botên wajib manêmbah.

Mênggah ingkang wajib anêmbah wantu-wantu dhatêng pêpatih tuwin para pangeran santana wau, kaliwon sapangandhap ingkang pancèn dede kaliwon nayaka tuwin kaliwon wadana, têmbungipun malah basa bêndara, kaliwon basa ki lurah dhatêng pêpatih punika kaliwon nayaka wadana sasaminipun, dene sawarninipun kaliwon punika botên [bo...]

--- 9 ---

[...tên] wajib manêmbah dhatêng bupati, panèwu ugi sawêwatês, dene para wadana punika ingkang wajib anêmbah sawêwatês wau amung mantri rôngga dêmang sasaminipun sapangandhap.

Mênggah kawontênanipun para kaliwon nêmbah dhatêng para bupati, bupati nêmbah dhatêng pêpatih, punika amung wêwangunan kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sakawan ing Surakarta kemawon, sarêng kalihan indhaking sasêbutan, kados ta: ing ngajêng pêpatih punika amung sinêbut radèn adipati, manawi kala jaman Kartasura sapanginggil, sasêbutaning pêpatih punika amung kiyai patih kemawon, para bupati tumênggung wau ing ngajêng sinêbut kiyai tumênggung, samangke mindhak radèn tumênggung.

Kados ta kaliwon pancèn darahing alit namung nama mas ngabèi, taliti agêng nama radèn ngabèi, lajêng kagêrba sawiyah pangkat kaliwon sampun kenging sinêbut nama radèn ngabèi.

Sêsarênganipun yasa abdi dalêm urdênas, sanadyan darahing alit manawi sampun nama urdênas, inggih sampun rinilan nama radèn, sadaya punika wêwangunan dalêm ingkang kaping sakawan kemawon, amung pêpatih malah suwak wêwênangipun duk kina-kina, kados ta ing ngajêng pêpatih punika manawi sowan pagêlaran, udhunipun saking rata watês ing kori pamêngkang gladhag. Ôngka 1 bupati kaliwon wontên ing kori pamêngkang gladhag. Ôngka 2 minggah udhunipun pêpatih saking rata dumugi ing pagêlaran mawi wênang amundhak tiyang, nama abdi dalêm jukas malakap, dene abdi dalêm pêpundhakan punika suwakipun amung kala Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, seda sumare ing Imagiri kemawon, dumuginipun sapunika abdi dalêm pêpundhakan sadaya wau kaingsêr dados kônca jagi ngajêng, lastantun sapariki. Dene tatakramaning pêpatih manawi sowan dumugining kori pamêngkang gladhag, ôngka 1: mudhun [mudhu...]

--- 10 ---

[...n] saking rata ginarbêg ing upacara kapraboning nayaka waktra ngantos dumugi tratag rambat.

Tri makandhêh. Têgêsipun bab kaping tiga, dipun wastani pêpindhan pamicaran, inggih punika ingkang minôngka pitêdahan êmpan papaning patrap, mênggah wêwatoning tatakrama têmbung kadhaton wau pêpindhanipun kados ing ngandhap punika.

1. ingkang rumiyin wiyosing dhawuh pangandika dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dhatêng kangjêng gusti pangeran adipati, dumuginipun para pangeran putra santana dalêm, ingkang kaagêm têmbung mara, kalihan para. Manawi dhawuh dalêm kalihan pêpatih sakancanipun para bupati sapangandhap, ingkang kaagêm têmbung: ingsun, kalihan sira.

2. Ingkang kaping kalih, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom dhumatêng para pangeran putra santana dalêm, kenging angagêm têmbung mara, kalihan para, amung manawi dhatêng pêpatih kêdah angagêm têmbung manira, kalihan pakênira, dene manawi dhawuh dhatêng para bupati sapangandhap kêdah pêpalihan, kados ta: panjênêngaku, kalihan sira.

3. Ingkang kaping tiga, pêpatih kalihan pêpati senapati, kêdah ngagêm têmbung: manira, pakênira, saha gadhah waton paprênahan, pêpati senapati dhatêng pêpatih wau ngadhi, pêpatih basa raka, pangampilipun wawênang amung lair batin, kados ta: ing tata lairipun inggil pêpati senapati, batinipun inggil pêpatih, saupacaranipun inggih sami kemawon kados makatên.

Pêpati kenging ngangge saupacaraning pêpatih, kados ta jajaran, epok, lampit, kêndhaga, sumbul, nanging mawi tiyang pêpundhak.

Dene senapati saplêg saupacaraning pêpatih, nanging tanpa mundhak tiyang, amung rinilan mawi banyak dhalang sawunggaling, tanpa ardawalika, panganggenipun amung manawi wontên samadyaning pabaratan pêrang, dene manawi lêlahanan kemawon saka-

--- [0] ---

[Grafik]

Saking nginggil kiwa manêngên, Gusti Kangjêng Ratu Kancana, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 8. Gusti Kangjêng Ratu Kadhaton, Gusti Kangjêng Ratu Bandara. Gusti Kangjêng Ratu Sasi, ingkang nongsong Radèn Atmasupana.

--- 11 ---

thahing banyak dhalang botên rinilan angangge padintênan kados panjênêngan nata tuwin Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

4. Ingkang kaping sakawan, wêwatoning pêpatih imbal wacana wontên ing ngarsa dalêm lêlawanan para bupati sapangandhap, kêdah sami angangge têmbung: kula, jêngandika.

5. Dhatêng pandhita, pujôngga, pangulu, kêdah ngangge têmbung robaya, pantèn, ingkang kasêbut kalih prakawis wau kosokwangsulipun sami kemawon, pêpindhan pamicaranipun kados ta: 1. Wacananing pêpatih, pêpati senapati dhatêng kancanipun kados ing ngandhap punika.

Kônca wadana, punapi jêngandika sami angèngêti dhawuhing nawala dalêm undhang-undhang enggal salêbêting taun puniki.

Wêwangsulanipun para bupati sapangandhap makatên: ênggèh, ki lurah, prakawis patanyan jêngandika punika kula ênggèh ragi katambêtan, ewamakatên, wawi ki lurah: apitakèna sang pandhita mênêri sowan.

2. Patakènipun pêpatih dhatêng pandhita, pujôngga, pangulu.

Kakang maharsi, robaya patanya ring pantèn, mênggah surasane nawala dalêm undhang-undhang enggal puniki, kadipundi pantèn pojare.

Wêwangsulanipun pandhita makatên: ênggèh, saking patanya pantèn puniki, robaya pojar sakintên dhatêng pantèn.

1. Ingkêng rumuhun, dhawuhing nata dhatêng para kawulanipun agêng alit, boya rinilan angirip-irip putra santananing nata, kadi ta ngangge ukiran mawi suh lut, warôngka ukêl pakis, pêndhok kêmalo bang, pêndhok wêsi kinatah, suwasa mas balewah, punapi malih boya kenging mangangge wastra ingkang sampun dados sasêngkêraning ratu.

Dene mangangge dhuwung suh lutan, pêndhok suwasa mas balewah, puniki ingkang rinilan [rini...]

--- 12 ---

[...lan] amung kaliwon sapanginggil.

Panèwu mantri panganggenipun uwêr kêndhit, pêndhok suwasa mas bunton, manawi balewah salaka tuwin kamalo cêmêng, ukiranipun tunggaksêmi nginggil, ing ngandhap balumbangan bêsaos.

Lurah bêkêl, ukiranipun balumbangan ngandhap nginggil, pêndhok balewah salaka, mêndhak angkup randhu.

Mantri lurah kabayan, ukiranipun êmas kalihan salaka.

Jajar, ukiranipun dhapur sambegan, utawi krangean (janggêlan).

Panèwu punakawan, sapiturutipun dumugi pangindhungan, manawi wontên kraton boya dhuwungan.

2. Mêkotên malih wajibing kawula puniki boya kenging nglirwakakên parentahing nata.

3. Muwah wontên wêwalêring nawala dalêm ingkêng sampun kadhawuhakên, sawêrnine abdi dalêm ingkêng sami gêgriya salêbêting cêpuri kadhaton, boya rinilan sami lungguh kursi, sanadyan dêrbe karya ênggèh kêdah lungguh dhepokan bêsaos.

4. Dene patrapipun dêrbe karya, mawi sêngkan turunan, têgêsipun pêpangkataning kalênggahan sami boya riniyanrinilan. jor-jinoran, dumèh gadhah tuwin sagêd punika boya, kados ta: jajar boya kenging nyami panèwu mantri, kêdah angangge pangkating jajar.

Panèwu mantri boya wênang nyênyami kaliwon bupati, mêkotên sapiturutipun.

5. Mênggah pranataning karaton ingkêng sampun kawaradinakên para kawula dalêm agêng alit sadaya, môngka wontên ingkêng maha purun anêrak, salah satunggil kenging dipun larangi para abdi dalêm kêmit bumi ingkang sami rumêksa sabên kori, dene

--- 13 ---

urusing larangan bangsane pangangge puniku amung karisak, boya wajib sami tinêbas ing arta.

6. Mêkotên malih wêwatêsanipun larangan, manawi salêbêting palataran karaton, ingkêng amisesa sawarnining larangan amung Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Salêbêting kori-kori ingkang wajib anglarangi abdi dalêm prikônca kaparak, kalihan prajurit kasenapatèn.

Salêbêting alun-alun prikônca gladhag.

Sajawining kitha Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom malih ingkang misesani.

Catur makandhêh, têgêsipun bab kaping sakawan.

Wiyosipun, ing mangke anyariyosakên wêwatêsanipun ingkang kasêbut ing nginggil wau, kados ta: wiyosan dalêm kaping sakawan punika wajibipun sami angangge patrap tatakrama têmbung kadhaton wau.

1. Ingkang rumiyin, dunungipun para abdi dalêm matrapakên tatakrama wau manawi miyos sinewaka, inggih punika wiyos dalêm ing sitinggil, panjênêngan dalêm nata ingkang dipun agêm anggèning sinêbut wêwakiling pangeran, têmbung Arab dipun wastani kalipah, tandhanipun salêbêting sinewaka botên wontên ingkang dipun pangandikani, nadyan konus ing pangandika dalêm amung dhatêng bupati kêkalih, awit badhe anampèni kaparênging karsa dalêm salêbêtipun miyos sinewaka wau, dene sampun kawajibakên ing sabên taun sapisan, amarêngi wêdalipun wilujêngan dalêm Maesa Lawung, manawi kala jaman Dêmak sapariki lajêng wimbuh malih kaping sakawan ing dalêm sataun wau, Mulud, Pasa, Bêsar, mawi pasamuwan, dipun wastani garêbêg bakda. Dene pasewakan ing sitinggil punika ingkang wajib parêk kanan keringing nata amung para pituwa, miwah putra dalêm sadaya, dumugi para santana, ing nalika punika wajibipun angagêm ambêg kêkalih kados ing ngandhap punika.

--- 14 ---

1. Angagêm ambêg tanuhita, têgêsipun angêningakên kaênêngan, mila botên wontên ingkang kinarsakakên imbal pangandika.

2. Angagêm ambêg darmahita, têgêsipun amung matrapakên watak sabar angapura.

2. Ingkang kaping kalih, dipun wastani miyos sineba, inggih punika lênggah ing pandhapa karaton, tinamtokakên ing sabên wiyosan dalêm miwah amanggihi tamu saking môncanagari, tuwin panampi dalêm sêrat-sêrat panonjokan, manawi botên sarana wontên tamu amung katamtokakên ing dalêm salapan dintên sapisan, mila dipun wastani miyos sineba, awit ingkang dados kaparênging karsa dalêm badhe andhawuhakên dhatêng para putra santana dalêm miwah para kawula dalêm, agêng alit ingkang pancèn kalêrês sowan ing pêlataran, saupami wontên ingkang badhe kapiji salah satunggal, kenging lajêng imbal pangandika piyambak, mila salêbêtipun miyos lênggah pandhapi angagêm parampara, têgêsipun amung angwontênakên suka sungkawa, mila binasakakên sabda pandhita ratu, jalaran miyos dalêm punika amung kalihan para pandhita kemawon, dados para abdi dalêm ingkang sowan palataran kêdah angatos-atos, sampun ngantos angsal sêsikuning nata.

3. Ingkang kaping tiga wiyos dalêm ing pagêlaran punika dipun wastani miyos tinangkil, inggih punika panjênêngan dalêm nata mawi lênggah ing wijoan palowanu, parlunipun amariksani sagunging babaran, miwah para pepe ing alun-alun, ing ngriku wajibing narendra angagêm ambêg darmahita, miwah sarahita, têgêsipun adil pangapura, miwah amomot tuwin anginggahakên wahyuning prajurit dalêm ingkang katarimah, miwah ingkang kalêpatan katêtêpakên, pakartining miyos tinangkil punika kawêwahan nulat jaman kanabean, sasaminipun miyos dalêm [dalê...]

--- 15 ---

[...m] ing masjid Agêng punika inggih têtuladan kala para nabi.

4. Ingkang kaping sakawan, winastan miyos siniwi, inggih punika wiyos dalêm lênggah ing bangsal pangrawit salêbêting taratag rambat, mila binasakakên miyos siniwi, awit panjênêngan dalêm nata punika jumênêng pituwaning sabuwana, anggêlarakên kukum ngadil kawiyosakên saking sabda pangandika dalêm piyambak, kados ta:

1. Amalêri lampah-lampahing pêpatih, dalah adêg amocot.

2. Anindakakên pangadilan dalêm, bangsaning prakawis ingkang awrat sarta ènthèng, mila kala samantên sinêbut pradata dalêm, jalaran sakathahing prakawis wênanging pangadilan taksih wontên ngasta dalêm, mila nalika lênggah bangsal pangrawit wau angagêm ambêg darmahita, sarahita, sami kalihan miyos dalêm ing wijoan palowanu.

Sarêng dumugi ing panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 1 ing Kartasura, sagung pangadilan dalêm lajêng wiwit katêngkarakên malih, minôngka panêkaring jaksa, kados ta: abdi dalêm gunung basmar beya sapanunggilanipun, sadaya kawêngku dhatêng wadana jaksa, nanging ingkang pancèn badhe dados prakawis parlu, inggih taksih kawêngku pangadilaning ratu sadaya, botên kajibahakên ing wadana jaksa, sakawitipun jaksa ngawasani piyambak miwah gunung nama pulisi, amung kala Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sakawan kemawon.

Wiyosipun, mênggah ingkang kapratelakakên ing wêwaton wiyos dalêm kawan prakawis wau, mawi panganggening wêwatêsan amatrapakên tatakrama têmbung kadhaton, sadaya wêwatêsanipun makatên.

1. Wiyos dalêm ing pandhapi agêng alênggah ing dhampar gadhing watêsing pranatan tatakrama [ta...]

--- 16 ---

[...takrama] tuwin awisan, dumugi kori brajanala pundhat wêwênanging karaton.

2. Wiyos dalêm ing sitinggil, lênggah ing bangsal witana, palênggahan dalêm dipun wastani singangsana mas, wêwatoning tatakrama miwah watêsing awisan, amung dumugi undhak-undhakan, ing sitinggil mangandhap dumugi pancaksuji.

3. Wiyosan dalêm lênggah ing patarangna kancana, inggih punika wiyos dalêm siniwi ing bangsal pangrawit, wêwatêsanipun awisan tuwin abdi dalêm angangge tatakrama têmbung kadhaton, dumugi kori pamêngkang gladhag, ôngka 1 grêbanipun ing wêwatêsan alun-alun saubêngipun, sampun sami wajib angangge tatakrama têmbung kadhaton wau.

4. Wiyos dalêm ing masjid Agêng, wêwatêsipun inggih amung sacêpurining palataran masjid, sawarnining abdi dalêm agêng alit kêdah sami wajib angèngêti sacara-caraning kawula, awit ingkang makatên punika nandhakakên pêpilahaning kawula gusti, mila sami winênangakên piyambak-piyambak, têgêsipun wiyos dalêm ing sitinggil, ingkang wajib angawisi dhatêng patrap kalintu inggih abdi dalêm anggandhèk miwah abdi dalêm yaga. Dene manawi wiyos dalêm ing masjid, ingkang wajib angawisi pakartining para kalintu inggih abdi dalêm ngulama sakancanipun, amung pandhita pujôngga wênangipun angrèh para juru ajar carik sapanunggilanipun.

Panca makandhêh, têgêsipun bab kaping gangsal, dipun wastani Sêrat Paramasesa, inggih punika ingkang anyariyosakên sakathahing para abdi dalêm ingkang sami anggadhahi wêwênang, punapadene para abdi dalêm ingkang taksih sami rinilan angangge tatakrama têmbung kadhaton, awit ing kina agêng alit sami kenging sadaya, sarêng dumugi jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping kalih ing Surakarta ingkang rinilan angangge têmbung kadhaton wau kantun para kaliwon sapanginggil, mila ingkang kasêbut ing wêwaton tatakrama têmbung kadhaton punika amung kaangge pêpathokanipun para abdi dalêm ingkang

--- 17 ---

agêng darajatipun kemawon, ewadene sanadyan dede kaliwon ingkang taksih rinilan angangge têmbung kadhaton wau amung gamêl, kalang, anggandhèk, srati, yaga, juru panuksma, sajajaripun sami gadhah wêwatoning patrap piyambak-piyambak kados ing ngandhap punika.

1. Kados ta, abdi dalêm prikônca kalang, gowong, sadaya wau mila gadhah anggêr-anggêring têmbung satunggal-satunggal amung manawi nuju sowan ing ngarsa dalêm, môngka rêraosan bab maesa, anamtokakên sami mastani mundhing.

2. Manawi abdi dalêm sarati nuju sowan angirid dipangganipun, anamtokakên sami mastani kagêngan dalêm.

3. Abdi dalêm anggandhèk, manawi anglapurakên ingkang dipun patrapakên inggih amung têmbung sumitra dalêm wau.

4. Amung abdi dalêm wadana gamêl sapanêkaripun ingkang beda piyambak, awit mawi anggadhahi wêwaton dipun wastani timbun-matimbun, têgêsipun sungsun-masungsun patrapipun anauri, kados makatên pangkat tatakramanipun.

Manawi nuju dipun timbali majêng ing ngarsa dalêm, sauranipun ingkang dados wadana matur sandika, lajêng nolih dhatêng para gamêl gajahmati sasaminipun, makatên rekaning anggêr-anggêr, sasampuning matur sandika lajêng nolih mawi uluk-uluk, nêdha prikônca, ingkang tinolih anauri, ênggèh, ênggèh, kaping tiga, sadaya kônca gamêl malajêng anjarunthul, dumugining ngarsa dalêm, amung gamêl pangarung kalihan gajahmati pamlajêngipun sarwi ngigêl lenggot bawa, têgêsipun anyolahakên badan sarwi ngêmban carak, têbih cêlaking lenggot bawa amung tigang tanjakan, ing sabên satanjakan mawi pacak jôngga, sarwi nolèh lambening kuda titihan dalêm wau, mênggah aju unduripun abdi dalêm gajahmati ingkang anyaraki wau lagu salindhitan kalihan abdi dalêm pangarung, inggih punika tatakramaning abdi dalêm wadana gamêl sapanêkaripun, [sapanê...]

--- 18 ---

[...karipun,] mênggah ingkang dipun wastani saur timbun punika rangkêp tiga, upami mêntas nampèni uluk-ulukipun ingkang dados pangajêng sauranipun rangkêp tiga sadaya, kados ta: uluk-ulukipun ingkang pangajêng makatên, nêdha prikônca dhawuh dalêm, sauripun sakônca ngandhap, ênggèh, nuwun, nuwun, nuwun sêndika, lajêng majêng jarunthul, manawi sampun dumugi ing ngarsa dalêm, ingkang badhe tumandang saparluning dhawuh dalêm mawi gita makatên, nêdha, nêdha, nêdha, ênggèh, lajêng anyandhak titihan dalêm, ingkang gadhah têmbung eco, utawi têmbung tambang kados ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya inggih wêwatonipun abdi dalêm gamêl sakancanipun, manawi nuju sumiwi ing ngabyantara nata.

5. wêwaton tatakrama panganggenipun abdi dalêm yaga, punika amung tumrap manawi pinuju miyos dalêm sitibêntar, utawi miyos dalêm marêngi wontên pasanggrahaning ayuda, sasmita dalêm andhawuhakên ungêling gôngsa, ingkang anampèni abdi dalêm prikônca kalonthongan, inggih punika pangewan-ewan nama canthangbalung, dipun wastani saur santak, têgêsipun anggèning nyandikani punika santak angagètakên, dalah lumantaring dhawuh dalêm dhatêng para yaga ugi angagètakên.

6. Wêwaton tatakramanipun abdi dalêm mantri juru panuksma, manawi badhe kapiji dening nata, kautus dhatêng tanah-ingatanah, anêlik lampah sandi, kêdah tinanggênah wontên ing kapatihan rumiyin, sarta sinamêktan sapirantining margi pisan, mila makatên awit pisowanipun prikônca juru panuksma punika dumugining ngarsa dalêm kantun numpangi pangandika kemawon, dene mantri juru panuksma punika wêwatonipun anampèni dhawuh dalêm sadaya wau, botên nyandikani, saupami kadhawuhan dados têlik sandipaya dhatêng ngamônca, juru panuksma punika amung anggêrêng sarwi ngadêg ngusapi brêngos, akalihan cêpêng anggêrêng kaping kalih, lajêng mangkat têrus saking ngabyantara nata.

--- 19 ---

Sad makandhêh, têgêsipun bab kaping nêm, dipun wastani Sêrat Paramosita, têtêping para sumiwi ingkang pancèn sampun dados anggêripun piyambak-piyambak.

Wiyosipun mênggah ingkang kapratelakakên salêbêting bab kaping nêm wau nêdahakên patrap-patraping para abdi dalêm ingkang taksih rinilan angujung ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, miwah patrapipun angujung dhatêng kangjêng gusti pangeran adipati, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

1. Wiwit badhe majêng ing ngarsa dalêm, kêdah anyèlèhakên dhuwung rumiyin, lajêng anyèlèhakên wêdhung, sasampuning makatên lajêng manêmbah kaping kalih, luwaring manêmbah mangkat lumampah dhodhok pitung angkatan, kèndêl nêmbah malih ngapurancang tumungkul, sawatawis pitung napas, lajêng mangkat malih lumampah dhodhok ugi ing dalêm pitung angkatan, kèndêl malih manêmbah kaping tiga, watawis tigang napas, mangkat majêng malih lampah kosodan, kanthi dugi-dugi têbih cêlakipun kalihan palênggahan dalêm, watawis kantun sajangkah kèndêl malih radi dangu, jalaran anata-nata napas sagêdipun sarèh, sarta manêmbahipun sungsun, utawi botên kenging tumênga, watawis sampun tinata sarèhning napas wau lajêng amatrapna tobat dhatêng ingkang damêl gêsang, tuwin dhatêng panjênênganing nata, sasampuning makatên lajêng ngingsêt silanipun sarwi nêmbah sungsun malih, ing ngriku lajêng mêgêng napas sarêng kalihan sumungkêmipun, traping tangan botên anggêpok dalamakan dalêm, amung kakumpulakên saengga sadhakêp, pasingêping dalamakan sarwi mènglèng manêngên, kuping kiwa wontên ing ngandhap, danguning pangingsêp amung sapamêgêng napas kemawon, patrap unduripun inggih kados kala majêng, nêmbah sungsun sarwi akosodan, kintên angsal pitung jangkah kèndêl linggih sumungkêm anêmbah sungsun malih, manawi sampun sanapas kèndêlipun punika lajêng mundur unjalan kaping tigang angkatan, kèndêl malih nêmbah kaping tiga, watawis sampun sarèh napasipun lajêng nêmbah malih ngangkat jèngkèng lajêng tumoleh manêngên, lampah dhodhok [dho...]

--- 20 ---

[...dhok] ngantos dumugining sakawit kèndêl, lajêng matrapakên sêmbah kaping gangsal.

1. Sêmbah sakawit dhatêng saking ngarsa dalêm. 2. Sêmbah rêrangkêpan saking tumungkul. 3. Sêmbah amatrapakên wêdhung rumiyin. 4. Sêmbah amatrapakên dhuwungipun. 5. Sêmbah badhe mundur saking ngarsa dalêm.

Patrapipun sumêmbah ing ratu punika ingkang kaingsêp sangandhaping têkukan jêmpol ingkang nginggil, dene sasaminipun angujung ratu punika amung dhatêng bapa biyung.

2. Ingkang kaping kalih angujung ing sampeyan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, punika sami kalihan angujung kaki nini, dene patrapipun botên beda kalihan angujung panjênêngan dalêm nata, kaotipun amung pamènglèngipun mangiwa, aju unduring patrap inggih sami kemawon, awit ingkang sinêbut sêmbah sumungkêm punika inggih amung kalih pangkat ing nginggil wau.

3. Ingkang kaping tiga, dipun wastani sêmbah pangabêkti, inggih punika tatakramanipun angujung dhatêng guru, bapa paman biyung bibi uwa sadhèrèk sêpuh, mênggah panganggenipun amung bêbêdan kuluk cêmêng kemawon, inggih punika pangujungipun para bupati sapangandhap, patrapipun wiwit badhe majêng anyèlèhakên dhuwung, dene pamajêngipun wau amung rambah kaping kalih, wiwit mangkat dumugi têngah kèndêl, lajêng mangkat malih dumugi ing ngarsa kèndêl, dene wêwatoning lampah punika amung lampah dhodhok kemawon, pangingsêpipun ing jêngku mawi kasanggi ing èpèk-èpèk, danguning pangingsêp wau ugi amung sanapas, unduripun botên beda kalihan nalika ajêngipun.

4. Ingkang kaping sakawan, tatakramanipun angujung dhatêng para pangeran santana ingkang songsong gilap, kalihan dhatêng pêpatih, patrap sarta aju unduripun ing-

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar Dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 9, nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabuwijaya.

--- 21 ---

gih botên beda kalihan angujung dhatêng pangeran putra dalêm, amung pangeran santana punika kalihan para bupati nayaka kêdah matrap pasang yogyapara, têgêsipun dumugi pamrayogi, manawi botên kalêrês sêpuh pancèn botên wajib angujung.

5. Ingkang kaping gangsal, para tumênggung wadana kaliwon sapangandhap, manawi angujung dhatêng para pangeran santana inggih botên beda kalihan angujung dhatêng pêpatih.

6. Ingkang kaping nêm, kaliwon sapangandhap angujung dhatêng bupati botên wajib mangangge kulukan, sarta botên mawi anyèlèhakên dhuwung, punapadene botên mènglèng.

7. Ingkang kaping pitu, tatakramanipun para panèwu mantri ugi botên susah mangangge ingkang pancèn kulukan, kenging amung busana cara-caraning kesahan kemawon.

Ing mangke mratelakakên patrap kosokwangsulipun tatakrama ujung-ujungan, saking ngandhap dumugi para luhur, kados makatên wêwatoning satunggal-tunggal.

1. Panèwu mantri anjawi saking matrapakên paprênahanipun piyambak, botên wajib angujung dhatêng kaliwon.

2. Kaliwon, anjawi prênah sêpuh pancèn botên wajib angujung dhatêng bupati, awit kaliwon punika saengga sampun sami kalihan tumênggung.

3. Bupati botên wajib angujung dhatêng pêpatih, tuwin dhatêng para pangeran santana, kengingipun wau amung saking pasang yogyapara, dumugi pamrayogi ingkang pancèn kaprênah sêpuh kemawon, saengga amung mirip pêpundhèn.

4. Pêpatih dhatêng pangeran santana tuwin dhatêng pêpati senapati santana, sanadyan sampun kalilan angagêm songsong gilap, botên wajib angujung, anjawi

--- 22 ---

saking paprênahipun piyambak.

5. Pêpatih dhatêng putra dalêm ingkang botên songsong gilap, ugi botên wajib angujung, anjawi saking prênah sêpuh sarta ingkang pancèn sampun pinundhi.

6. Pêpatih dhatêng pêpati senapati putra dalêm, ingkang kaprênah sêpuh, kenging angujung sarta mawi sêmbah kaping gangsal, nanging kêdah sarana salaman rumiyin, anjawi saking wêngku-winêngku, wajib anêtêpi kawibawanipun piyambak-piyambak.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika wau manawi trap-traping wêwaton tatakrama kados ing ngandhap punika minôngka anggêr-anggêraning adangiyah, kados ta:

1. Pêpatih dhatêng senapati ingkang songsong gilap, punika basanipun raka, senapati dhatêng pêpatih ngadhi.

2. Pêpatih tuwin senapati, têmbungipun ingkang sampun dados wêwaton kenging angoko basa pangeran kemawon dhatêng santana.

3. Pêpatih tuwin senapati têmbungipun dhatêng putra dalêm ingkang dèrèng songsong gilap, kenging amêngku basa putra kula, amung manawi dhatêng pangeran sêpuh nadyan santana kêdah matrapakên bêbasan prênahipun, têmbungipun sami salam taklim.

4. Pêpati senapati, têmbungipun dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom basa ki lurah, sami kalihan para pangeran sadaya sami basa ki lurah, dene Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom basanipun dhatêng pêpati miwah dhatêng senapati nguwa.

5. Pangeran santana dhatêng pangeran ingkang sampun songsong gilap, punika basa ki bêkêl, manawi dhatêng pêpatih basa ki lurah, mila manawi pangeran santana ingkang nèm dhatêng pêpatih miwah senapati santana wajib manêmbah kaping kalih.

Sapta makandhêh, têgêsipun bab kaping pitu, dipun wastani Sêrat Parampara, têgêsipun pêpangkataning para sasami.

Wiyosipun, ing ngandhap punika mratelakakên êmpan papaning apatrap, [apatra...]

--- 23 ---

[...p,] ingkang dumunung dhatêng basaning para luhur, kados makatên tatakramanipun.

1. Ingkang rumiyin wêwatoning ratu pêpanggihan sami ratu binathara, kados kala jaman nagari ing Majapait, kalihan panjênênganipun nata Mahaprabu Dayaningrat ing Pêngging, upami jaman sapunika ing Surakarta, patrap tatakramanipun pêpanggihan kados ing ngandhap punika.

Saupami kapanggih kêdah wontên têngah wêwatêsaning nagarinipun piyambak, salêbêting kapanggih botên kenging imbal pangandika piyambak, sanadyan lênggahipun jajar wiyosing pangandika dalêm kêdah lumantar dhatêng pêpatihipun, kados ta:

Ingkang rawuh rumiyin lajêng kabumèn, ingkang rawuh kantun dumunung ratu têtamu, lampahing pasugata liru lambang, têgêsipun ratu tamu dhahar pasugatanipun ratu bumi, dene ratu kabumèn dhahar pasugatanipun babêktaning ratu tamu, sanadyan dumugining para ngandhap inggih makatên rekanipun.

Nata kabumèn anêmbrama sarawuhing ratu tamu, nanging pangandika dalêm ambagèkakên ratu tamu amung dhatêng pêpatih tamu, katampèn pêpatihing ratu kabumèn, sarta amung kaping kalih wêwatoning pangandika dalêm.

1. Wiyosing panêmbrama. 2. Pamit-pinamitan kondur.

Mênggah wêwaton ingkang makatên punika dunungipun amung dhatêng panjênênganing nata binathara kemawon, utawi botên kenging anyare ingkang sanès bawahipun.

2. Ingkang kaping kalih wêwaton anggêr-anggêranipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wêwatoning pangandika amung kaping gangsal, sarta kenging imbal wacana piyambak, kados ing ngandhap punika êmpaning patrap ingkang sampun manggèn anggêr-anggêraning Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom kapanggih sami Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

1. Anêmbrama basukining rawuh.

--- 24 ---

2. Angacarani pasugatan. 3. Takèn-tinakèn yuswa miwah lêlangênanipun. 4. Ngacarani pasugatanipun malih. 5. Angandika pamitan badhe konduripun, ugi botên kenging sipêng-sinipêngan, anggêr wêwatonipun amung ingatêrakên pêpatih pêpati senapati, bupati jawi lêbêt kêkalih, jaksa tuwin pujôngga.

3. Ingkang kaping tiga anggêr-anggêraning pêpatih, pêpati miwah senapati, saengga matrapakên dumugining panggenan, pêpatih senapati sapanunggilanipun ingkang wajib dados andaya, praptaning pasanggrahaning ngadilaga piyambak, têgêsipun pêpatih kapanggih sami pêpatih, senapati kapanggih sami senapati miwah kapanggih kalihan pêpatih, wêwatonipun kêdah wontên pasanggrahan ingkang kangge pirantos pasang gêlaring aprang, ing ngriku sami kenging amatrapakên piangkuh, sarta satataning pamicaran amung kaping gangsal.

1. Ingkang rumiyin angacarani rawuhing tamu, sarta kêdah mêthukakên ing palataran. 2. Ingkang kaping kalih, ngacarani lênggah satata, tuwin amatrapakên parlu. 3. Ingkang kaping tiga, anandukakên pasugatan. 4. Ingkang kaping sakawan, takèn-tinakèn yuswa miwah kuwating sarira, utawi pranataning nagari. 5. Ingkang kaping gangsal patraping pangandika pamit bibaran mantuk, ugi botên kenging sipêng-sinipêngan, sarta kêdah ngatêrakên palataran malih.

4. Ingkang kaping sakawan, caraning bupati dhatêng sami bupati, anggêr-anggêranipun kêdah anandukakên parikrama sadaya, tuwin dipun wastani basa locana, têgêsipun êmpaning têmbung mêmbat mêmês kaping sadasa.

--- 25 ---

1. Angacarani satataning palênggahan. 2. Dunungakên palênggahanipun tamu, têgêsipun ingkang darbe wisma wajib angasorakên sawatawis. 3. Atur pasugata kanthi têmbung mêmanis. 4. Atur warni-warni pasugatan winantu pagujêngan tuwin ngunjuk. 5. Atakèn-tinakèn pakarti myang pangarti. 6. Atakèn-tinakèn putra wayah. 7. Atur pasugataning dhahar sasaminipun. 8. Takèn-tinakèn yuswa miwah lêlangên. 9. Takèn-tinakèn pranataning nagari. 10. Tataning kurmat pamitan badhe mantuk.

5. Ingkang kaping gangsal dipun wastani pranata basa, inggih punika tatakramaning para abdi dalêm kaliwon sami kaliwon, ing ngriku gadhah wêwaton sêngkan turunan, têgêsipun ugi botên beda patraping para bupati, manawi pancèn dipun êsorakên inggih kenging angangge wêwaton adangiyah ing panèwu mantri sapangandhap, têgêsipun tanpa wêwangênan tanggap tanduking têmbung mêmanis, sampun botên dipun wangêni pasang-pasanging têmbung, sarta sampun sami kenging sipêng-sinipêngan, tuwin kêdah mikawon.

6. Mênggah wêwatoning panèwu mantri sapangandhap, punika namung nêtêpi sawantahe kemawon, sarta kaangge malupuh anggêr botên angunggulakên awakipun piyambak inggih sae.

Astha makandhêh, têgêsipun bab kaping wolu.

Wiyosipun ing mangke mratelakakên satatacaranipun para abdi dalêm agêng alit, wajibipun angawula ratu kêdah anindakakên tigang prakawis.

--- 26 ---

1. Nistha, têgêsipun angèsthia lêlabuhan dhatêng gusti, sampun ngantos mawi èwêt-pakèwêt, barang rèh rekadayaning praja. 2. Madya, têgêsipun ingkang sagêd ngangge patrap sêdhêng, inggih punika sampun ngantos ngugung kawibawaning gusti, sampun ngasorakên wahyuning bandara. 3. Utami, têgêsipun ingkang sagêd amêmulas kaluhuraning gusti, sampun ngantos darbe kuciwa sakaliring pakarti myang pangarti, mila suwita ing ratu punika, dipun ngibarati sagêdipun ngangge kuda curiga wanita, têgêsipun minôngka tandhaning kawula kêdah anganggea watak ingkang makatên punika wau, liripun.

1. Mila dipun wastani ambêging kuda, manawi katuju ing karya tarajangipun sagêda bantêr kados kapal. 2. Mila dipun wastani curiga, têgêsipun manawi wontên ruwêt rêntênging karsa nata, ingkang sagêd landhêp kadi curiga, pêpucuking manah lantip. 3. Mila dipun wastani bêbasan wanita, manawi wontên ngabyantara nata punika sampun gadhah cipta lanang, têgêsipun rumaosa lumpuh kadi pawèstri tekading pasuwitan, inggih punika lêlantaraning jasat ingkang badhe kasamadan wahyaning wahyu jati, minôngka pêpekaning panggalih tuna, mila saking sabda pangandikanipun Kiyai Agêng ing Sela ngiras dados pêpali prêmati, yèn dèrèng sagêd makatên tanpa paedah ngawula ing ratu.

Salêbêting astha makandhêh wontên wêwaton malih dipun wastani pranata basa, têgêsipun anêdahakên urut-urutanipun palênggahanipun para abdi dalêm, miwah bêbasanipun manawi nuju sowan ing ngabyantara dalêm, dumugining pasowanan ing taratag rambat, miwah satataning palênggahan ing srimanganti, tinata sapiturutipun kados ing ngandhap punika.

1. Ingkang minôngka pangajênging lampah utawi pangagênging palênggahan amung pêpatih

--- 27 ---

piyambak. 2. Sor-soraning palênggahan punika amung bupati nayaka kaparak kêkalih. 3. Lajêng bupati bêkêl jawi, bumi panumping. 4. Lajêng bupati gêdhong, kêkalih. 5. Lajêng bupati sèwu, bumija. 6. Lajêng bupati jaksa. 7. Lajêng bupati gladhag. 8. Lajêng bupati kalang. 9. Lajêng bupati kadipatèn. 10. Lajêng bupati pangrêmbe 11. Lajêng bupati gunung, inggih punika tumênggung pulisi pamajêgan.

Sanèsipun punika lajêng kaurut saking sagolongan kemawon.

Wiyosipun, mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika wau sadaya, inggih punika ingkang kalêbêt wêwaton dalah kaliwon wadana tuwin kaliwon sanès-sanèsipun, sami wajib ing sabên sumiwi kêdah matrapakên tatakrama têmbung kadhaton, manawi panèwu mantri lurah bêkêl jajar ingkang kenging amung panêkaring wadana kalang, anggandhèk, gamêl, sarati, yaga, juru panuksma, ingkang nama panèwu mantri sapangandhap, kengingipun ngangge tatakrama têmbung kadhaton wau amung manawi nuju nyêpêng tuwin anggarap kawajibanipun, manawi sowan padintênan kemawon botên susah ngangge tatakrama wau.

Mênggah pratelan ing nginggil wau ing mangke anêdahakên pangkat rêrêpaning para abdi dalêm agêng alit manawi sowan, têgêsipun rêrêpan wau awit pêpacaking kawula anggèning nama mantri punika, mila dados gêrbaning têmbung makatên punika ing sajatosipun amung tumrap ingkang ajêg sowanipun kemawon.

--- 28 ---

1. Kados ta: abdi dalêm kalang ingkang nama sowanipun ajêg, sarta ingkang mawi ngangge tatakrama têmbung kadhaton, punika amung manawi nuju angladosakên maesa saking tanah-ingatanah sarta kalamôngsa sabên wilujêngan Maesa Lawung.

2. Dene ajêging sowanipun abdi dalêm anggandhèk, ingkang wajib angangge tatakrama têmbung kadhaton, punika manawi nuju dados duta, tuwin manawi nuju nglapurakên sima.

3. Ingkang nama ajêging sowanipun abdi dalêm gamêl, ingkang wajib angangge tatakrama têmbung kadhaton punika manawi ing dintên Rêbo kalihan Saptu, liya punika botên mawi, ewadene manawi kalêmpakan wontên pabaratan ing adilaga, ing ngriku ugi sami ngangge tatakrama têmbung kadhaton, sarêng dumugi panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Adiwijaya ing Pajang, tuwin jaman nagari Mataram, panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, abdi dalêm gamêl, sarati, yaga wau katamtokakên pisowanipun sabên ing dintên Rêbo Saptu, kasisihan abdi dalêm kalawija, mênggah pakartinipun ingkang sami kasêbut ing nginggil wau sadaya kados ing ngandhap punika.

1. Ing dintên Rêbo, sadaya punika angladosakên rêrêksanipun piyambak, mila angangge tatakrama têmbung kadhaton, awit kapariksa wontên ing ngarsa dalêm piyambak, sarta katôndha ingkang dados kagunanipun satunggal-satunggal.

2. Ing dintên Saptu katamtokakên sowan sontên têgar lêlawung, mila sagung titihan majêng sadaya, yaga ingkang nabuhi sowanipun abdi dalêm kalawija bucu wujil cêcebolan wau amung anjagèni panitih dalêm, dene manawi wontên para abdi dalêm ingkang sowan lawung wau, môngka wontên ingkang rêntah prabotipun, lajêng dados kawajibanipun abdi dalêm kalawija sadaya, kados makatên pêpangkating [pê...]

--- 29 ---

[...pangkating] satunggal-tunggaling têbusan.

1. Manawi lawung ingkang rêntah têbusanipun sèwu, têgêsipun salangkung dhuwit. 2. Wêdhung rêntah ugi salangkung dhuwit. 3. Kuluk rêntah salangkung dhuwit. 4. Dhuwung rêntah sawidak dhuwit. 5. Manawi wontên kapal rêbah utawi pêjah, tinampèn para gamêl ingkang ngupakara, manawi sagêd gêsang têbusanipun satus wang, manawi kalajêng pêjah ingkang gadhah kapal amrêsèni kawan dasa wang, ingkang wajib anampèni pituwas wau para gamêl, kabage waradin sakancanipun. 6. Manawi wontên ingkang katlangso anggènipun sodor, ingkang wajib angupakara abdi dalêm yaga sakancanipun, manawi sampun bibar ingkang katlangso punika lajêng bayar arta kathahipun sawidak uwang.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil punika wau sadaya botên mawi undha-usuk, têgêsipun sanadyan para gusti putra santana dalêm, yêkti kêdah anêtêpi sawêwatêsan ing panêbusipun, amung manawi ingkang sinuhun piyambak, kagungan dalêm ngantos rêntah saèstu beda-beda kathah kêdhiking arta, kados ta rêntahing agêm-agêman dalêm, têbusanipun sèwu uwang, manawi ingkang rêntah agêm dalêm lawung sasaminipun, amêsthi matêdhani ganjaran dhatêng abdi dalêm kalawija sawidak uwang.

Nawa makandhêh, têgêsipun bab kaping sanga.

Wiyosipun, ing mangke anyariyosakên wêwaton kala panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping kalih ing Surakarta, sêsarênganipun nagari Ngayogyakarta, kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Mangkubumi, dene ingkang dipun pitados anata satataning nagari dalêm kêkalih wau

--- 30 ---

Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara sapisan mantu Ngayogya wau, ing ngriku lajêng anêtêpakên wêwaton salêrêsipun, saha kawangsulakên wêwaton ing kina-kina kados ing ngandhap punika pratelan urut-urutaning apangkat salêrêsipun, kados ta:

1. Ingkang rumiyin amratelakakên pangkat sêsêbutaning para putra wayah dalêm miwah para abdi dalêm agêng utawi alit, kados ta: putra dalêm kakung timuripun sinêbut gusti. 2. Wayah dalêm sinêbut bandara radèn mas. 3. Buyut dalêm sinêbut radèn mas. 4. Canggah dalêm ingkang gadhah kaki pangeran, kenging sinêbut radèn mas. 5. Warèng dalêm sinêbut radèn bagus. 6. Sêsêbutaning pêpatih punika kinanipun kyai patih, lajêng kaêlih nama radèn adipati. 7. Bupati, tumênggung, wadana, kinanipun sinêbut ki tumênggung, lajêng kaêlih radèn tumênggung. 8. Kaliwon, kinanipun sinêbut mas kaliwon, utawi mas ngabèi, manawi darahing ratu kenging nama radèn ngabèi. 9. Panèwu mantri sinêbut mas ngabèi, sanadyan darahing ratu, kados ta: buyut sapangandhap, manawi dados panèwu mantri inggih nama mas ngabèi, sarta botên kenging mangangge sapurun-purunipun ngandêlakên dumèh santananing nata.

Mênggah sêsêbutan ingkang makatên punika kangge wêwaton ing Surakarta, Ngayogyakarta, mila bawahing Mangkunagaran sapriki taksih kalastantunakên kaliwon nama mas ngabèi, awit ingkang dipun ênut anggêr Mangkubumèn Ngayogya wau.

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar bangsal Sasanasumewa, pasowananipun pêpatih dalêm, saha para abdi dalêm golongan jawi.

--- 31 ---

Amung sarêng dumugi panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sakawan ing Surakarta, kaparênging karsa dalêm lajêng kaewahan, kados ta:

1. Sêsêbutanipun pêpatih dipun lilani nama kangjêng radèn adipati.

2. Bupati sasaminipun punika rinilan sinêbut radèn tumênggung utawi radèn mas arya.

3. Kaliwon talitining alit, miwah darahing ratu sami kemawon, lajêng sinêbut radèn ngabèi, sêsarênganipun kala yasa abdi dalêm urdênas, sawiyah tiyang kemawon anggêr dados urdênas sampun kenging sinêbut radèn, utawi sawiyah santana dalêm, anggêr dados abdi dalêm panèwu mantri sampun kenging nama radèn ngabèi.

Mênggah ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya, awitipun jaman nagari Surakarta tiyang alit sami anggadhahi patrap ingkang botên prayogi, ingkang murwani inggih para buyut dalêm ingkang dados mantri, sami kagungan patrap angandêlakên santana, têmahan ingkang dede darahing karaton anggêr radi kadunyan lajêng angêngimba santana ingkang sampun dados abdi dalêm wau, môngka kala kina sanadyan santana dalêm, manawi sampun dados pêpatih, bupati, wadana kaliwon, panèwu mantri, sampun botên kenging ngagêm parangrusak, udanriris sapanunggilanipun, larangan wau wajib sami sumimpanga. Ewadene wêwaton kala panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping gangsal ugi sampun kadhawuhakên.

1. Pêpatih sanadyan talitining alit, sampun kalilan ngagêm dhêsthar parangrusak kalithik. 2. Bupati, sanadyan talitining alit, sampun kalilan ngangge dhêsthar udanriris.

--- 32 ---

3. Kaliwon, amung lar-laran kemawon. 4. Panèwu mantri sapangandhap, bangsaning lung tanpa lar, utawi kothakan, sanadyan santana dalêm anggêr sampun dados abdi dalêm inggih kêdah miturut punapa wêwaton anggening para abdi dalêm.

Mênggah sêsêbutan ing nginggil punika amung minôngka peling nalika jaman Kartasura, ingkang Sinuhun Prabu Kuning, sawiyah tiyang sami ngangge sapurun-purunipun, dumèh sugih sagêd tumbas, ingkang makatên punika kaèngêtana halating karaton.

Salêbêting nawa makandhêh, têgêsipun salêbêting sangang bab, amratelakakên wêwatoning apangkat, manawi nuju sumiwi wontên ing ngarsa dalêm, sampun botên wontên ingkang matrapakên angajènana kaluhuraning apangkat, kados ta para pangeran putra santana dalêm, punapadene pêpatih pêpati senapati, bupati wadana kaliwon, tanduking imbal wacana saengga ngoko-kinoko kemawon, dalah sêsêbutanipun ugi sami suda sinuda, kados ta para pangeran putra dalêm, sêsêbutanipun amung bêndara kangjêng pangeran, dene senapati putra dalêm, manawi wontên ing ngarsa dalêm, sampun kenging sinêbut gusti kangjêng pangeran adipati, manawi senapati santana sampun angsal nama kangjêng pangeran adipati, manawi pêpatih amung sinêbut radèn pati, manawi bupati sinêbut radèn tumênggung, kaliwon ngabèi, dene panèwu mantri amung kasêbut kalênggahan utawi namanipun kemawon.

Wiyosipun, mênggah patrapipun sapamicaran inggih sami angangge tatakrama têmbung kadhaton.

Dene wêwatoning darajat, têgêsipun ingkang asipat songsong tuwin patrapipun manawi sampun apacak mangangge bêbasahan, wêwatonipun pêpêthukan [pêpêthu...]

--- 33 ---

[...kan] lumampah kados ing ngandhap punika urut-urutanipun.

1. Ingkang rumiyin, panèwu mantri sawêg anuju pangkat sowan, mangangge bêbasahan miwah mêgar payungipun, môngka salêbêtipun lumampah wontên ing margi kapêthuk utawi sarêngan kaliwon, panèwu mantri botên wajib sumingkir, amung kêkosodan ing lampah kemawon.

2. Ingkang kaping kalih, manawi sêsarêngan para bupati, utawi para wadana, wajibing panèwu mantri amung lajêng angambun dumugi wingkingipun para bupati wadana wau, manawi kapêthuk amung kurmat kèndêl kemawon, dene yèn kaliwon kapêthuk bupati wêwatonipun aruh-ingaruhan, sarta sami kèndêlipun, sakalih-kalihing lampah wau inggih botên beda, kaliwon sami kaliwon, bupati sami bupati, wadana sami wadana.

3. Ingkang kaping tiga, panèwu mantri sêsarêngan pêpatih, wajib anggêrbêg ing lampah, sanadyan pêthukan inggih kêdah tutwuri ing sawatawis têbihipun, kaliwon inggih makatên ugi.

4. Ingkang kaping sakawan, bupati wadana kapêthuk pêpatih utawi kapêthuk ing senapati, wajibipun amung tumurun saking têtumpakan, amung manawi kapêthuk para pangeran putra dalêm, panèwu mantri mèpèt watês margi, kaliwon bupati wadana mudhun saking êbaking kareta, sadaya wau botên wajib angingkupakên payung, amung winatawis ginggangipun.

5. Ingkang kaping gangsal, ingkang wajib umêdal saking wêwatês sajawining margi agêng, sarta ingkang wajib dipun dhodhoki miwah mingkuping payung wau, amung Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom kalihan ratu, sanèsipun kalih punika wêwatonipun pancèn botên wajib dipun dhodhoki.

6. Ingkang kaping nêm, tatakramanipun pêpêthukan wontên palataran makatên, kados ta: pêpêthukan sasamining pangkat inggih amung kosodan sami lumampah kemawon, sanadyan jajar punakawan kapêthuk kaliwon botên wajib akèndêl sila, inggih amung kosodan kemawon.

--- 34 ---

7. Ingkang kaping pitu, panèwu mantri sapangandhap, kapêthuk bupati utawi pangeran santana, wajib angèndêli linggih majêng asipat bangsal.

8. Ingkang kaping wolu, manawi kapêthuk pêpatih utawi putra dalêm, kèndêlipun mèpèt pinggir gêdhong, ugi linggih majêng mangilèn, mawi manêmbah ing karaton.

9. Ingkang kaping sanga, salêbêting palataran wau saupami wontên galap gangsuling wicara, cidraning ubaya, kalintuning pangangge, ingkang kagungan wêwênang anyaru angrisak, angawisi, sami kawêngku wêwênanging Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

10. Ingkang kaping sadasa, sawarnining pangangge ingkang botên lêrês, sadaya wau manawi salêbêting kadhaton, wiwit taritising pandhapa dumugi kaputrèn, ingkang wênang kagungan awisan amung panjênêngan dalêm nata.

11. Ingkang kaping sawêlas, manawi wontên saanteroning kori-kori, wiwit ing srimanganti dumugining kadhaton, ingkang wênang angawisi Nyai Adipati Sêdhahmirah sakancanipun, nanging mawi pêpangkatan sarta kenging katêbas arta, bangsaning suwèk 25 dhuwit, bangsaning tosan aji sapanunggilanipun 25 uwang.

Mênggah wêwaton ingkang sampun kasêbut ing nginggil punika sadaya kanggenipun kala jamanipun Maha Prabu Sindhula ing Galuh, kosokwangsuling ukara mantra kemawon sami kalihan wêwaton kala jaman Dêmak, Pajang, Mataram, Kartasura, sadaya pêpangkatan miwah anggêr-anggêranipun ing nagari tanah Jawi, ananging manawi kaangge wêwaton jaman nagari Surakarta, sagêdipun lumampah amung dumugi panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2 nalika taksih enggal pindhah nagari Surakarta, ewasamantên lajêng kabangun malih sarta kawimbuhan wêwaton wêwangunan dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Mangkubumi ing Ngayugyakarta ingkang êlus-êlusaning têmbung saking Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, sampun sah pamardining basa saking kapujanggan, Kyai Ngabèi Yasadipura sapisan, kados ing ngandhap punika wêwaton tatakrama ingkang kangge jaman nagari Surakarta Adiningrat.

Dasa makandhêh, têgêsipun bab kaping sadasa, ing mangke kaparênging karsa dalêm Ingkang [Ing...]

--- 35 ---

[...kang] Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping tiga ing nagari Surakarta Adiningrat, sarta sampun katata dening pujôngga dalêm Kyai Ngabèi Yasadipura sapisan, kabantonan têmbung saking Mangkunagaran, lajêng kaangge satataning praja, sumarambah dhatêng para abdi dalêm agêng alit sadaya, ingkang môngka bêbukaning têmbung sapisan, dalah pêpangkatanipun ing awirya kados ing ngandhap punika.

Ingkang rumiyin, wiyos dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, manawi nuju môngsakala bakda, wêwatonipun ingkang parêg ing palênggahan dalêm amung gangsal.

1. Oprup, inggih punika residhèn, rinilan lênggah sakiwa dalêm majêng mangetan, jajaripun para pangeran panêmbahan, têgêsipun ingkang kalêrês paman, uwa, eyang dalêm. 2. Satêngên dalêm, nanging lênggah dhepok, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, sakancanipun para pangeran. 3. Sangandhaping taritis bangsal witana ingkang wetan, majêng mangilèn linggih dhepok, pujôngga, pangulu. 4. Taritis ingkang kilèn majêng mangetan ugi dhepok, pangeran senapati. 5. Ingkang sumiwi wontên ing ngarsa dalêm lêrês, bupati lêbêt kêkalih, inggih punika ingkang nyênyadhang wiyosing dhawuh dalêm ingkang sinuhun, badhe mirantos matêdhakakên saliring karsa dalêm, sanèsing gangsal pagolongan punika botên wajib anggêrbêg kanan keringing nata, ananging sarêng dumugi panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sakawan, kawangun mingsêting wêwaton malih, kados ta: residhèn rinilan lênggah jajar sakiwa dalêm ugi majêng mangalèr, kawimbuhan lêbêtipun kumêndhan bètèng kalih asistèn, tiga juru basa, Walandi tiga punika prênahing palinggihan jajar kalihan senapati, ing ngriku wiwitipun Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara rinilan lênggah ing kursi.

Wiyosipun mênggah patraping imbal wacana, ugi sami angangge tatakrama têmbung

--- 36 ---

kadhaton, ingkang jarwakakên pujôngga miwah juru basa. Kumêndhan, asistèn, rowangipun imbal wacana ugi kalihan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, miwah senapati, ingkang anjarwakakên inggih pujôngga miwah juru basa, têtêmbunganipun ugi sami ngangge tatakrama têmbung kadhaton, awit sadaya ingkang sumiwi ing ngabyantara nata punika botên wajib imbal pangandika kalihan panjênêngan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dene ingkang wajib angsal dhawuh dalêm punika amung bupati nayaka lêbêt kêkalih, awit wêwatoning pangandika dalêm ingkang sinuhun punika ugi amung kaping kalih, nulènakên anggêr-anggêraning kina-kina, wiyosing pangandika dalêm punika amung kaping kalih: nêtêpi saparluning siniwaka.

Ing mangke mratelakakên unggah-ungguhing têmbung paprênahan salêbêting sumiwi kados makatên.

1. Tuwan residhèn dhatêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, anêbut putra kula, dene têmbunging Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom dhatêng residhèn, rama.

2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom dhatêng kumêndhan, miwah dhatêng asistèn têmbungipun, bapa.

Sanès-sanèsipun punika amung matrapakên têmbung salêrêsing pêpangkatan.

Mênggah ingkang kalêbêt ing wêwaton, sawêwêngkoning sinewaka ugi taksih anulènakên kados wêwaton laladan ing kina-kina, sami botên angewahi anggêr-anggêranipun têmbung satunggal-tunggal, sarêng antawis ing jumênêng dalêm angsal kalih taun, lajêng kawimbuhan ing lêbêtipun para tuwan-tuwan prajurit, tuwin Walandi prêsil, lamènipun amung sataun lajêng suwak, salêbêting sitinggil wangsul kados adat, gangsal pagolongan malih ngantos sawatawis lami.

Ingkang kasêbut ing nginggil sadaya wau sarêng dumugi wêwaton jaman nagari Surakarta saking laladaning anggêr-anggêr tatakrama têmbung kadhaton, inggih wangsul bab sapisan malih.

Eka makandhêh, inggih punika mratelakakên wêwaton satunggal bab, anggêr-anggêraning karaton nagari Surakarta, amangsuli pêpangkataning para abdi dalêm agêng alit, sakathahing abdi dalêm punika sami tinata têmbung miwah sabusananipun, [sabusanani...]

--- 37 ---

[...pun,] punapadene sagung tatakrama ing pangkat agêng alit, ing ngandhap punika pratelanipun.

Ingkang rumiyin pangagêmanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom punika gangsal prakawis.

1. Basahan. 2. Kanigaran. 3. Kanigaran prajuritan 4. Kenging wantahan. 5. Wantah padintênan.

Warninipun makatên, kados ta: wêwaton basahan.

1. Wêwatoning kampuh agêming Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom dumugi pangeran putra santana dalêm, kenging sami ngagêm banguntulak, miwah têngah-têngahan sasênêngan, awit Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sakancanipun punika sampun kenging sinêmbut para putraning nata, mila sadaya ingkang dipun agêm inggih botên wontên awisanipun, amung panjênêngan dalêm nata punika panunggul tanpa nyamat.

2. Wêwaton pangagêmaning pêpatih, kenging anyami para pangeran, amung botên kenging têngah-têngahan, sarta botên kenging kêkoncan, amung gubêgan kemawon, inggih punika kunca kacancutakên manginggil.

3. Para bupati wadana kaliwon, wêwatonaning kampuh amung kêpuhan kemawon, sarta bathik êlar-êlaran, makatên malih bab wadhah gantèn mawi lèngsèr, ingkang kenging ngangge amung para kaliwon sapanginggil, kèndêl ing srimanganti, manawi malêbêt ing karaton, ingkang kenging mawi lèngsèr amung Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom piyambak.

4. Wêwaton panganggenipun para abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap, punika botên kenging bangsaning lar gêsang, amung lung-lungan miwah cêcêplokan.

5. Wêwatoning calana cindhe punika amung kaliwon sapanginggil, cindhe ingkang mawi sorotan punika amung para pangeran.

6. Amratelakakên wêwatoning palênggahan, awit sumiwining ngabyantara nata, dalah pêpindhan sêsauran, kados ing ngandhap punika pratelanipun satunggal-tunggaling [sa...]

--- 38 ---

[...tunggal-tunggaling] wêwaton.

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, lênggahipun dumunung ing ngarsa dalêm ragi kapering têngên.

2. Pangeran putra dalêm sêpuh, wontên sakiwa dalêm ragi kapering ngajêng, palênggahanipun anut palênggahan dalêm, saupami lênggah dhampar, pangeran sêpuh sami lênggah ing kursi, pangeran putra santana dalêm anut Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, manawi lênggah ing kursi sadaya inggih tumut lênggah ing kursi, manawi dhepok, para pangeran ugi dhepok.

3. Palênggahanipun para pangeran putra dalêm urut sêpuh dumunung iringan dalêm jajar wayang.

4. Para pangeran santana angetang uruting sêpuh saking rama, kados ta: trah kaping kalih kalihan trah kaping tiga, kadamêl inggil kaping kalih, kados makatên urut-urutanipun palênggahan, lajêng kasambêtan riya pandhapa.

5. Para putra dalêm ingkang dèrèng jumênêng pangeran, sumambêt para riya pandhapa wau.

6. Uruting palênggahanipun para abdi dalêm, ingkang mandhiri piyambak wontên ing srimanganti amung patih, sor-soranipun pêpatih para bupati sapangandhap.

1. Bupati bêkêl lêbêt kaparak 2.

2.Bupati bêkêl jawi kaparak 1.

3. Bupati lêbêt gêdhong kaparak 2

4. Bupati jawi sisihan bêkêl 1.

5. Bupati jawi sèwu panumping 2

Manawi kala taksih mawi pranatan, sowanipun para adipati pasisir tuwin para bupati môncanagari, panganggenipun rinilan anyênyami pêpatih, amung lênggahipun dumunung sangandhapipun para bupati nayaka wau ugi urut sêpuh.

1. Adipati ing Kadhiri, 2. Adipati Madiyun } ... Sisihan bawah ing Nyayogyakarta

3. Bupati ing Banyumas

--- 39 ---

4. Adipati ing Pagêlèn. 5. Bupati ing Pranaraga 6. Bupati ing Kêdhu 7. Bupati ing Balora. 8. Bupati ing Lamongan.

Sanèsipun wolu punika sami lênggah sangandhaping para tumênggung anon-anon nagari.

1. Tumênggung jaksa. 2. Tumênggung gladhag 3. Tumênggung kalang. 4. Tumênggung kadipatèn. 5. Tumênggung pulisi.

Lajêng para bupati môncanagari malih, kados ta:

1. Bupati ing Brêbês. 2. Bupati ing Samarang 3. Bupati ing Lawiyan, inggih punika bupati juru kunci ingkang angrèhakên para juru kunci dalêm.

Sarêng dumugi panjênêngan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, bupati juru kunci punika kalêbêt pradikan sami kawêngku ing pangulu sadaya.

Wiyosipun mênggah pangkat-pangkating kalênggahan para bupati wau panêkaripun inggih anut lampah ing nginggil kemawon, amung para wadana punika kêdah anêsêl sangandhaping bupati tumênggung anon-anon nagari.

1. Wadana gadhing mataram, dumunung sangandhaping tumênggung gladhag.

2. Wadana gamêl, 3. Wadana anggandhèk, 4. Wadana panandhon } ... sami dumunung sangandhaping tumênggung kalang.

--- 40 ---

Sasampunipun ingkang kapratelakakên ing nginggil, punika wau sadaya, lajêng kasambêtan para tumênggung pamajêgan miwah pulisi dhusun, amung lampahing pangkat pulisi dhusun punika ingkang wontên ngajêng urut sêpuhing pangkat kemawon, botên mawi agêng inggil andhap, kados ta têgêsipun, dadosipun rumiyin inggih wontên ngajêng, sami pranatanipun para urdênas, miwah para mantri sagolongan kapanewon, punapadene pangkating punakawan, ugi makatên urut-uruting satunggal-tunggal.

Mênggah ingkang sami kapratelakakên ing nginggil sadaya wau ing mangke andunungakên sêsauraning timbalan dalêm.

1. Ingkang rumiyin, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom dipun timbali ing ratu punika sauripun, nuwun, sami kalihan para pangeran sêpuh. 2. Pangeran putra dalêm, dipun timbali ing ratu sauripun inggih amung nuwun. 3. Pangeran santana dipun timbali ing ratu punika sauripun gusti. 4. Pêpatih dipun timbali ing ratu punika sauripun, kawula nuwun. 5. Pêpati senapati tinimbalan ing ratu punika sauripun, nuwun gusti. 6. Bupati wadana kaliwon, tinimbalan ing ratu punika sauripun, kawula nuwun, sami tinanggapan dhodhok ngapurancang.

Ing ngandhap punika pangkating wêwaton timbalan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

1. Pêpati senapati, tinimbalan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sauripun, kula. 2. Pangeran putra dalêm, tinimbalan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sauripun, kyai lurah. 3. Pangeran santana, tinimbalan ing Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sauripun, gusti. 4. Pêpati tinimbalan Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sauripun, kawula nuwun. 5. Bupati wadana kaliwon, sauripun ugi kawula nuwun. 6. Pêpatih kalihan pêpati senapati saur-sumauripun sami-sami, kula. 7. Patih kalihan pêpati dipun wastani wêwêling, têgêsipun dhatêng pangeran putra dalêm, sumauripun para putra dalêm wau, kula.

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar kagungan dalêm kori kamandhungan, kagêm pamapag dalêm manawi wontên tamu para agêng malêbêt ing karaton.

--- 41 ---

8. Pangeran santana dhatêng pêpatih tuwin dhatêng pêpati senapati kenging basa ki lurah. 9. Bupati kaliwon nayaka wadana dhatêng pêpatih miwah dhatêng pêpati senapati ugi basa ki lurah. 10. Para kaliwon anon-anon miwah para tumênggung dhusun, dhatêng pêpatih miwah dhatêng pêpati senapati, punapadene dhatêng para pangeran putra santana dalêm, basa bêndara, wêwatoning sumaur kawula nuwun.

Ing ngandhap punika adangiyah miwah êmpan papanipun para abdi dalêm agêng alit, têgêsipun anindakakên ing ukara sasami-sami, kados ta:

1. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sami Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom. 2. Pangeran putra santana dalêm, pêpati senapati. 3. Pêpatih sami pêpatih. 4. Bupati sami bupati. 5. Tumênggung sami tumênggung. 6. Wadana sami wadana. 7. Kaliwon sami kaliwon. 8. Panèwu sami panèwu. 9. Mantri sami mantri. 10. Lurah bêkêl jajar sapangandhap. 11. Punakawan dumugi pangindhung tiyang alit.

Sadaya wau sami wêwaton yasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, tulus sapariki sami kemawon.

Rad Bale Agung

Nuwun, mênggah purwaning rêmbag dumadosipun kagungan dalêm rad bale agung, punika sampun nalika taun Walandi 1923, amarêngi ing dintên Sêtu sontên tanggal kaping 28 Juli utawi kaping 14 Bêsar Jimawal 1853, anuju parêpatan agêng taunan Narpawandawa, wontên ing dalêmipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, kala samantên sarampungipun angrêmbag kaparluwanipun pakêmpalan, lajêng nampèni usulipun Radèn Mas Arya Yasadipura, wosipun, [wosipu...]

--- 42 ---

[...n,] ngèngêti sikêpipun Narpawandawa kados ingkang kawrat wawasanipun pangrèh kala mahargya adêgipun pakêmpalan sampun 8 taun, ingkang laras kalihan pangajêng-ajêngipun kangjêng tuwan residhèn (sapunika guprênur) tuwin pakêmpalan Budi Utama, punapa malih ngèngêti ingkang asring kapangandikakakên pangarsa Narpawandawa tuwin para pangrèh saha para sarjana sanèsipun, bilih Narpawandawa punika tansah anjagi wilujênging praja dalêm saisinipun, sabab dening rumaos cêlak sangêt kalihan panjênêngan dalêm nata, sarta rumaos wajib angaturakên rêmbag ingkang parlu-parlu, amila pangajêng-ajêngipun juru sabda, ing praja dalêm Surakarta ngriki sagêda tumuntên dipun wontêni bêbadan ingkang ngrêmbag parluning nagari, kenging kasumêrêpan ing ngakathah, saha sagêd nampènana tuwin suka katrangan rêmbag-rêmbag saking jawi, sanadyan pangganthanipun dhatêng bêbadan wau saupami sagêd kalampahan dipun wontêni, badhe dèrèng paja-paja angèmpêri bêbadan kados satataning praja sanès, ananging sampun nama nyumêrêpi kabêtahaning kawula, wondene murih botên mêwahi wêdalipun arta waragad nagari, manawi usul punika sagêd kasêmbadan, prayogi rad nagari punika kemawon kaewahan, larasipun kalihan tujuaning kawula ing wêkdal punika sasampunipun usul punika karêmbag muyêk, lajêng dipun tampèni dening parêpatan, nanging sarèhning nama babagan wigatos, parêpatan agêng ing dalu wau lajêng mutus andhapuk panitya (komisi) ingkang kapatah manah cangkorongan badhe adêgipun bêbadan wau. Kalampahanipun ingkang sami dados panitya: 1. Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, warga ngiras pangarsa, 2. Radèn Mas Arya Yasadipura, ngiras panitra, 3. Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, 4. Radèn Tumênggung Gitadipura, 5. Radèn Mas Sudibya Purwamartana, sami warga.

Ing salêbêtipun taun Walandi 1927, amarêngi ing dintên Sêtu sontên tanggal kaping 22 Januari utawi kaping 19 Rêjêb Wawu 1857, Narpawandawa adamêl parêpatan agêng mirunggan, wontên ing dalêmipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, prêlu namung badhe ngrêmbag palapuranipun panitya kasêbut ing nginggil, kuciwanipun kala samantên kabêkta saking sawêg masa jawah, dados warga ingkang rawuh namung sakêdhik sangêt, sanadyan parêpatan kalajêngakên, nanging kadosdene [kadosde...]

--- 43 ---

[...ne] pêpanggihan, dados botên adamêl putusan, namung sak angrêmbag kemawon, dene wosing pamanggihipun panitya kados ing ngandhap punika:

Kumisi sampun sami nyumêrêpi pranatanipun nagari, katitimangsan kaping 27 Rêjêb Be 1840 saha kaping 6 Rabingulawal Ehe 1844, saewah-ewahanipun kaping 23 Dulkijah Be 1848, kumisi mastani, manawi rad wau amung kagêm kabêtahan dalêm panjênêngan dalêm nata piyambak, dumunung ngaturi panimbang-panimbang utawi pamrayogi sampun cêkap, ugêr punapa ingkang sampun kasêbut pranatan wau dipun têtêpi, malah kumisi manah langkung prayogi upami sagêd dipun wontêni pêpanggihanipun rad nagari kalihan ingkang sami nyêpêng paprentahan kajênêngan panjênêngan dalêm nata, angrêmbag manawi wontên sulayanipun pamanggih rad nagari kalihan ingkang nyêpêng paprentahan, babagan ingkang kagalih prêlu-prêlu. Lampah makatên wau paedah sangêt tumrap panggalihan dalêm panjênêngan nata, sagêd pratitis pangagêmipun, ananging mirid pursêtèl saking Radèn Mas Arya Yasadipura sarta rêmbag-rêmbag ing parêpatan agêng kasêbut ing nginggil, ingkang dipun kajêngakên kadosdene rad ingkang tundonipun sagêda kawula tumut ngrêmbag prêluning praja. Manawi makatên ingkang dipun tuju, tumrap wajibing rad nagari wujud sapunika, inggih kenging dipun angge, amung kawontênan adêgipun, pamanggihipun kumisi têrang dèrèng nyêkapi, sawêga kangge wiwitan inggih taksih dèrèng samêsthinipun, kados ta: presidhèn kêdah botên Kangjêng Gusti Pangèran Adipati Anom, kawontênanipun warga kêdah wontên wijining kawula. Wontên malih ingkang nama agêng gothangipun, inggih punika anggènipun botên openbaar tumrap ingkang kangge prêluning kawula kêdah openbaar awit saking punika murih sagêdipun têrang pamanahanipun para warga Narpawandawa dhatêng badhe pangganthanipun kumisi tumrap rad wau, kumisi anggadhahi pamanggih prêlu katêrangakên wos-wosipun.

Adêgipun rad ingkang kangge kawula wau, limrahipun thukulipun inggih sami kabêkta saking kawontênan, sagêd kadêrêng saking ngandhap, kados ta: wontênipun rad kawula ing Frankrijk, sagêd kabêkta kangge sarana anêtêpakên utawi angrukunakên grêjêg, kados ta: wijining rad kawula Engeland, sagêd ugi saking pamulungipun [pamulungi...]

--- 44 ---

[...pun] ing nginggil dados paprentahan bêtah, wondene prêlunipun wontênipun rad kawula wau:

1: Paprentahan sagêd sumêrêp kawontênan utawi kabêtahanipun ingkang yêkti, dening mirêng swantênipun ingkang badhe katata. 2: Sagêd ngiyatakên paprentahan, amargi nama dipun bantu ing tiyang kathah. 3: Sagêd ugi angsal margi ngrukunakên, bilih wontên padudonipun ingkang dipun rèh utawi nyêrêp-nyêrêpakên ing salêrêsipun. 4: Sagêd adil tumindakipun paprentahan, utawi ingkang nyêpêng, sabab nama katiti. 5: Sagêd andadosakên pamarêmipun, dening sumêrêp têrang sarta nama anglimbang tatanan tumrap badanipun piyambak. 6. Sagêd adamêl supêkêt utawi trisna dhatêng nagarinipun, dening rumaos tumut mêngkoni, sarta inggih sampun lêrêsipun manawi gadhah kawajiban ugi gadhah wawênang, mila kawontênanipun lid rad kawula prêlu wiji saking tiyang-tiyang ingkang dipun parentah, sadaya rêmbag kêdah openbaar supados sumêbar kasumêrêpan tiyang kathah, kawajibanipun ingkang têmtu ngrêmbag bêgrutêng saha pranatan, utawi sasanggèn tumrap ing akathah, dene wawênangipun, limrahipun, kenging ngewahi badhe pranatan, kenging gadhah usul saha nêrang ing parentah, punapadene ngurus, wondene wawênang ingkang agêng sagêd nolak utawi ambibarakên usuling parentah, tatanan punika sadaya pancèn sampun kajumbuhakên kalayan paedah-paedah ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, manawi wontên kirangipun salah satunggal, tamtu inggih wontên kapitunaning prêlu, sapunika ingkang dados pamanahan, inggih punika punapa bawah dalêm prêlu dipun wontêni rad kawula punapa botên, utawi sagêd punapa botên, ngwontêni wau, pamanggihipun kumisi pitakenan ingkang ôngka satunggal, dipun wangsuli mêsthi, awit ing Surakarta kagungan paprentahan piyambak, sanadyan upami dèrèng wontên ebah-ebahan utawi dêrênging kawontênan, nanging sarèhning têrang punika nagari ugi kagungan paedah dados kêdah dipun angkah, malah dening wontênipun rad kawula sagêd anggigah manah rumaos [ruma...]

--- 45 ---

[...os] dados balung sungsumipun nagari, kajawi punika ing guprêmenan sampun wontên, mila manawi ing ngriki botên dipun tututakên, badhe sagêd adamêl kirang sakeca, pitakenan ingkang ôngka kalih, pamanggihipun kumisi inggih sagêd anata kados ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, amung wiji saking kawula yêktos, dèrèng sagêd lumampah, amargi ing ngriki dèrèng wontên tatananipun pamilih (Algemeene kiesstelsel) upami dipun wontêni sapunika nama kêdadak, sagêd kagèd, manawi dèrèng sami karaos yêktos badhe anjugarakên panjôngka, sayoginipun dipun wiwiti kados caranipun guprêmenan, ngwontêni rad kitha saha rad kabupatèn rumiyin, ingkang milih warga rad kawula saking pamilihipun rad kitha saha rad kabupatèn wau, langkung prayogi malih bilih lajêng angwontêni rad dhusun saya enggal sangkêp, sadèrèngipun punika wontên, kenging warga-warga wau dipun têtêpakên rumiyin, tamtunipun inggih dèrèng sagêd nama rad kawula ingkang sajati, mila wawênangipun ngurus utawi anulak usuling parentah, dèrèng sagêd katindakakên, dados adêgipun nama sawêg rad dumunung juru animbang ing nagari (Ad-viezeerend raad) kalayan lumampah dipun wêwah-wêwahi kados panjôngka ing nginggil, kajawi punika wontên malih ingkang andadosakên riwiling pamanahan, inggih punika bab badhe dhapukaning rad kawula, punapa amung tiyang Jawi thok, utawi amung ingkang nama kawêngku paprentahan Jawi kemawon, punapa dalasan kawulanipun kangjêng guprêmèn, ugi tumrap bôngsa Walandi Cina sasaminipun, sajatosipun pitakenan punika botên amung tumrap rad kawula, sanadyan tumrap rad kitha utawi rad kabupatèn ugêr kangge bawah dalêm ugi andadosakên pamanahan, mila prêlu kajèrèng, pamanggihipun kumisi kados ing ngandhap punika:

Manawi miturut wêwaton ingkang sampun kula aturakên ing nginggil, inggih punika warganing rad kawula, kêdah saking pamilihipun tiyang ingkang dipun rèhakên, dados têgêsipun upami ing ngriki wontên rad kawula, punika amung badhe tumrap kawula dalêm, amung pangintênipun kumisi waton wau pancèn tumrap kalimrahanipun nagari ingkang madêg piyambak, botên metang nagari ingkang sampun kabawah kados kawontênanipun Surakarta paprentahanipun warni-warni, kados ta: bôngsa Jawi ingkang manggèn bawah dalêm kawêngku [kawêng...]

--- 46 ---

[...ku] paprentahan dalêm, ingkang manggèn wontên bawah Mangkunagaran kawêngku paprentahan kadipatèn Mangkunagaran, dene tiyang Jawi ingkang angsal balônja saking guprêmèn, saha Wlandi, Cina wontên ing pundi-pundi sami kawêngku ing kangjêng guprêmèn, manawi tumrap Mangkunagaran botên patos pakèwêd, amargi miturut bawah taksih sagêd cêtha, balik kawulanipun kangjêng guprêmèn pancèn ruwêt, upami wêwaton wau dipun lajêngakên têrang botên jumbuh kalihan kajêngipun utawi paedahipun rad kawula, malah lajêng nama kirang adil, amargi sajatosipun gêsanging tiyang-tiyang wau sadaya sampun gandhèng-ginandhèng dados satunggal, sarta sampun sami gadhah kawajiban saha ambayar paos dhatêng paprentahanipun piyambak-piyambak, pamanggènipun sapapan, manawi ingkang dipun wontêni rad kawula amung tiyang Jawi ingkang wontên bawah dalêm kemawon, sampun tamtu botên narimahakên, manawi dipun wontêni piyambak ing sagolong-golonganipun, inggih badhe botên kantênan, awit sajatosipun ingkang badhe dipun manah punika namung satunggal, inggih punika kawontênan nagarinipun ingkang dipun ênggèni, môngka pangrêmbagipun kapisah-pisah, têrang badhe grecoh, botên sagêd angrêsikakên rêmbag, saha botên sagêd angwontênakên katêtêpan prêluning umum, môngka umum wau ôngka satunggal kangge cacêpêngan kakiyatanipun nagari, manawi dipun campur dados satunggal nanging botên ngewahi kawontênanipun sapunika, liripun taksih warni-warni paprentahanipun, inggih botên sagêd, amargi badhe lajêng wontên kawontênan gadhah wawênang tumut ngrêmbag, nanging tanpa kuwajiban dhatêng prêlunipun wau, saha katingal anggumujêngakên, dene wontên lêlampahan angrêmbag, ingkang botên magêpokan badanipun, mila kumisi rujuk dhatêng andharanipun juru sabda pangrèh Narpawandawa nalika parêpatan agêng kaping: 28 Juli 1923, bab anduwa pêpilahanipun kawula kawrat sêtatsêblad taun 1921 ôngka 566, wosipun angintên jatining tatanan rêkaos wontên ing Porstênlandhên, ugêr kawontênanipun pulitik ingkang sampun-sampun taksih kalulusakên, wontên ingkang mastani Porstênlandhên risak, (bedorven) sapanunggilanipun, nanging sanès lêpatipun ingkang nindakakên, dening punika prêlu kawontênanipun dipun ewahi inggih punika sadaya sami kêdah nama kawulanipun kangjêng guprêmèn, amung pangêmudhinipun [pa...]

--- 47 ---

[...ngêmudhinipun] kaasta ing panjênêngan dalêm nata, dados Jawi, Wlandi, Cina, lajêng kabawah panjênêngan dalêm nata, tamtunipun paosipun katampèn nagarinipun panjênêngan dalêm nata, pamanggihipun kumisi, sampun salêrêsipun bilih tiyang manggèn wontên satunggiling nagari ambayar paos dhatêng paprentahaning nagari wau, amargi piyambakipun ngalap kawontênan paedahing panggenan ingkang dipun ênggèni: dhêdhapukan punika sagêd anyirnakakên raos ingkang anèh-anèh, kados ta: kawujudan sapunika, ingkang satunggal botên rumaos kaêrèh ing satunggalipun paprentahan, sanèsipun rumaos ugi botên kaêrèh sanèsipun paprentahan, tumrap paprentahanipun rêkaos, wontên satunggiling panggenan botên mêsthi dipun aosi ingkang manggèn, môngka wajib anjagi awon saenipun, saha katingalipun sajak madêg piyambak, nanging sajatosipun botên, kajawi punika kapêksa mawi milih ing pundi ingkang bawahipun saha pundi ingkang sanès, cêkak nunggil sapapan kawontênan sami, nanging kabeda-beda, têrang botên sagêd anjalari rukun sarta botên sagêd nyuburakên nagari, mila ing pundi-pundi, ambeda-beda dhatêng kawulanipun sasagêd-sagêd dipun singkiri, ing guprêmenan piyambak sarêng adêgipun rad kabupatèn Walandi, Cina, paprentahanipun kenging kawastanan ugi kawêngkokakên dhatêng bupati, manawi kawontênan Surakarta sampun dipun ewahi kados pamanggihipun kumisi ing nginggil, sawêg gumolong dados satunggal angwontêni rad kawula campuran, manawi sagêd kalampahan kados ing nginggil punika, badhe kathah paedahipun, botên amung angicali raos ingkang anèh-anèh, ugi ngindhaki supêkêting satunggal ing satunggalipun, nukulakên raos gêsang sêsarêngan, punapadene badhe angsal wêwaton ingkang kuwawi saha adil, dening pariksa têrang kawontênaning rêmbag satunggal ing satunggalipun, tumrap nagari lajêng kajèn, ajining nagari prêlu sangêt kangge lampahing paprentahan, amung taksih prêlu katêrangakên wêwênang saha kuwajibanipun kangjêng guprêmèn kalihan panjênêngan dalêm nata, murih prayogi tumindakipun, botên wontên corok-cinorok, ingkang lajêng nukulakên raos nyuda ing kaluhuraning salah satunggalipun, pamanggihipun [pamanggih...]

--- 48 ---

[...ipun] kumisi sadaya paos kêdah katur ing panjênêngan dalêm nata, amung sarèhning Surakarta punika kalêbêt wawêngkonipun kangjêng guprêmèn, dados guprêmèn wajib ngayomi kawontênanipun Surakarta, mila prêlu wontên paos ingkang dipun aturakên ing kangjêng guprêmèn, pamanggihipun kumisi paos ingkang warni in en vervoer en monopolie punika dados bêbahanipun kangjêng guprêmèn, panjênêngan dalêm nata cêkap namung angsal prêsenan saking paos wau utawi angsal prèi bilih kraton utawi prajanipun sagêd ngangge, murih wontên têtêngêripun, mênggah kuwajibanipun dhatêng kawula ingkang kaasta panjênêngan dalêm nata, inggih punika kawontênan ingkang mligi paedahipun kangge têtiyang Surakarta, kados ta: B.O.W. pulisi, klinik, sakolahan andhap sasaminipun, dene ingkang kaasta kangjêng guprêmèn, sadaya kawontênan ingkang sagêd kaalap utawi prêlu gandhèng sajawining Surakarta, kados ta: militèr, Veldpolitie, sakolahan têngahan saha inggil makatên sasaminipun, wondene bab wawênangipun panjênêngan dalêm nata, prayogi kalêstarèkakên kados wujud sapunika, amung dipun ewahi sakêdhik, sadaya bab ingkang sampun dados kuwajibanipun kangjêng guprêmèn, kados ta: tatanan militèr veldpolitie, saha sakolahan têngahan inggil, panggaotan Monopolie, kados ingkang sampun kapratelakakên, sanadyan wontên Surakarta, sadaya kapasrahakên ing guprêmèn, makatên malih tatanan ingkang pancèn dhêdhasaranipun umum, kangge praja saindênging bawah jajahan Nèdêrlan sadaya, utawi ingkang gandhèng kalihan Internationale rechten, punika sadaya kenging lajêng katumrapakên Surakarta tanpa rêmbag, sapunika kumisi badhe mratelakakên cêthaning gambaran rad kawula kangge Surakarta.

Miturut wawasan-wawasan sarta pamanggih kasêbut ing nginggil, kawontênanipun praja Surakarta, ingkang ngêmudhèni panjênêngan dalêm nata, sadaya dhêdhawuhan prêluning umum kêdah kanthi panimbangipun rad ingkang adêgipun sawêg nama juru ngaturi pamrayogi, saha mawi dipun sumêrêpi wakilipun guprêmèn, warganing rad kawiwitan saking katêtêpakên rumiyin, campuran bôngsa Jawi Wlandi asing, cacahipun pamanggihipun kumisi 21 kalêbêt presidhèn, ingkang 12 kagolong

--- 49 ---

bôngsa Jawi, ingkang 8 kagolong bôngsa Eropah sarta bôngsa asing, wontênipun cacah wau murih manawi prêlu satunggal-tunggaling apdhèling sagêda wontên wakilipun piyambak-piyambak, wontênipun bôngsa Jawi langkung kathah tinimbang bôngsa Walandi saha bôngsa asing, amargi kawujudanipun bôngsa Jawi inggih langkung kathah tinimbang bôngsa sanèsipun, wondene sapintên cacahipun bôngsa Walandi têtimbanganipun kalihan bôngsa asing, punika kumisi amung nyumanggakakên kemawon, amung sadaya punika kêdah ingkang dèrèng nate kenging prakawis ngantos ngicalakên kaurmatan, saha ingkang sampun umur salangkungipun 21 taun, dene presidhèn saha sèkrêtaris katêtêpakên saking panjênêngan dalêm nata mawi kaparingan blônja, warganipun amung angsal dhêklarasi utawi Zittings geld sèkrêtaris botên kapetang dados warga, amargi kuwajibanipun salêbêting parêpatan kathah, sadaya wau kenging nyuwun kèndêl, utawi kakèndêlan manawi wontên prêlunipun, mênggah wawênangipun.

1. Ngrêmbag bêgrutêng dalah papetanganipun. 2. Ngrêmbag manawi praja badhe nyambut. 3. Ngrêmbag sadaya bab pranatan ingkang tumrap kawula, utawi ewah-ewahanipun adêging praja, makatên malih dhêdhawuhan ingkang anjalari wêwahing kuwajibanipun kawula. 4. Wênang ngaturakên pamanggih saha angewahi pranatan. 5. Kenging nyuwun katrangan kawrat sêrat utawi nyuwun dhatêngipun pangagêng praja, utawi wakilipun ingkang nêrangakên pitakenan-pitakenan saking rad kawula, parêpatanipun kêdah Openbaar, saha sadhengah tiyang kenging ningali, nanging sagêd katutup manawi kakintên kirang prayogi kamirêngakên ing akathah, amung kêdah wontên pamundhutipun panjênêngan dalêm nata utawi panêdhanipun presidhèn, utawi saking warga ingkang cacahipun sakêdhik-sakêdhikipun sapratiganing cacah ingkang dhatêng, ewadene inggih taksih mawi dipun putus ing parêpatan rumiyin, apês-apêsipun ing dalêm sataun kêdah parêpatan sapisan, panjênêngan dalêm nata utawi warga ingkang sakêdhikipun sapratiganing cacah kenging nêdha parêpatan mirunggan, sadaya [sada...]

--- 50 ---

[...ya] rêmbag botên sagêd dipun lajêngakên bilih ingkang dhatêng kirang sapalihing cacahing warga sadaya, putus-putusaning rad kêdah manut suwantên ingkang kathah piyambak, ungêlipun para warga dalah wakiling praja wontên ing parêpatan ngriku, botên kenging kasêrêg ing pangadilan, ugêr botên mêdharakên wadi ingkang karêmbag ing Besloten vergadering, kajawi punika pamanggihipun kumisi prêlu nagari maringi katrangan pundi ingkang kagêm utawi botên pamanggihipun rad wau, makatên malih ing bêbukaning pranatan prayogi kasêbut karujukan utawi botên dening rad, wondene têmbung-têmbung ingkang kangge rêmbagan wontên parêpatan, kenging cara Jawi, cara Walandi, cara Mlajêng, amung ingkang kangge dhinês kêdah cara Jawi, awit kangge prêlunipun paprentahan Jawi, sadaya bab ingkang badhe karêmbag sadèrèngipun parêpatan agêng, prayogi karêmbag patitisipun rumiyin, kenging kacara Volksraad dipun wontêni pamrênca, apdhèling-apdhèling cêkap kalih utawi tiga, panjênêngan dalêm nata punapa malih wakilipun utawi pêpatih dalêm, kêdah kenging nyumêrêpi sadaya parêpatan, utawi bilih badhe pratela punapa kemawon kêdah dipun aturi wanci ugêr botên ambarung sinang, sadaya pamanggihing warga ingkang kausulakên, utawi badhe ngewahi kaparêngipun nagari, murih botên sakajêng-kajêng kêdah dipun bantu utawi dipun rujuki apês-apêsipun tigang warga.

Sajatosipun kumisi anggadhahi pamanahan langkung prayogi bilih Surakarta punika namung rad kawula satunggal, amung kangge wêkdal punika kabêkta saking botên wontên Federatie, kados gampil manawi tumrap Mangkunagaran dipun wontêni piyambak, awit taksih sagêd gumolong.

Sasampunipun kumisi ngaturakên pamanggih-pamanggihipun sadaya, sapunika amung nyumanggakakên kaparêngipun pangrèh, amung kumisi gadhah usul sakêdhik, sadèrèngipun wontên putusaning pamanggihipun Narpawandawa, sarèhning punika prêlu kangge umum, langkung prayogi mawi kasiyarakên wontên sêrat kabar rumiyin, bokmanawi Narpawandawa sagêd saya wêwah wawasan-wawasanipun badhe pangrêmbagipun bab punika.

Kasêrat tanggal kaping 9 Agustus 1926.

--- [0] ---

[Grafik]

Gambaripun para pangrèh Narpawandawa.

Ingkang têngah punika pangarsa B.K.P.H. Suryaamijaya, kiwanipun pangarsa urut mangiwa, 1. K.P.P. Suryadipura mudha pangarsa, 2. Rm.H.Mr. Kartadipura artaka I, 3. R.M.Ng. Atmasaputra artaka II, 4. R.M.Ng. Wiraatmaja, 5. R.M.T. Purwadipura sami panitya. Dene têngênipun pangarsa urut manêngên, 1. R.M.Ng. Sasradipraja panitra I, 2. R.M.Ng. Purwasastra panitra II, 3. M. Èsmubrata, 4. R.M.H. Cakrawinata sami panitya.

--- 51 ---

Mênggah pamanggihipun panitya kasêbut ing nginggil wau, ugi mawi katêrang-têrangakên kalihan ijêman dening wakil panitya Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, sarta lajêng dados rêmbag sawatawis, kala samantên sarèhning sawêg nama rêmbag ing pêpanggihan, dados botên sagêd damêl putusan, amila pangrèh lajêng damêl parêpatan agêng malih, wontên ing dintên Akat sontên tanggal kaping 17 April 1927, utawi kaping 15 Sawal Wawu 1857, wontên ing dalêm Kusumayudan, anggolongakên pamanggih bab rad kawula ing Surakarta wau kênthêling pamanggihipun warga Narpawandawa supados adamêl mosi ingkang suraosipun: nyênyadhang tumuntênipun praja dalêm ing Surakarta dipun wontêni rad campuran ingkang opênbar, kanthi kaparingan wawênang-wawênang ingkang sangkêp, kados salimrahing rad ingkang opênbar. Bêbadan wau murih botên cawuh kalihan rad sanès-sanèsipun, kanamakakên: rad bale agung.

Pandhêsêking kawontênan punika ugi andayani agêng tumrap paprentahaning praja, lamining alami kagalih prêlu nagari dalêm ing Surakarta ngriki dipun wontêni rad ingkang opênbar, kalampahan kala salêbêtipun taun 1935, amarêngi ing dintên Sêtu Lêgi tanggal kaping 23 Marêt utawi kaping 17 Dulkijah Wawu 1865, rad bale agung kaadêgakên, sanadyan adêg tuwin wawênangipun dèrèng sagêd sangkêp kados salimrahing rad-rad, inggih punika bab onschendbaarheid dèrèng dipun parêngakên, nanging sampun lowung dene rad bale agung wau sampun kadamêl opênbar, wondene kawontênanipun kagungan dalêm rad bale agung wau kados ing ngandhap punika:

A. Dhêdhapukanipun

Para warganipun kagungan dalêm rad bale agung sadaya punika dadosipun warga sarana dipun têtêpakên, botên kapilih. Tumrapipun pangarsa saha warga limrah ingkang nêtêpakên sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, mupakat kalihan kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta. Tumrapipun warga mirunggan, sahandhap ing sampeyan dalêm badhe prasabên dhatêng kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta supados sarêmbag kalihan sahandhap ing sampeyan dalêm, nêtêpakên kawulanipun kangjêng guprêmèn [guprêmè...]

--- 52 ---

[...n] tiga dados warga mirunggan.

Kathahipun Warga

Warga limrah wontên: 11 samantên punika kalêbêt pangarsa. Warga mirunggan: 3. Salah satunggalipun warga limrah dipun piji sahandhap ing sampeyan dalêm, sarêmbag kalihan kangjêng tuwan guprênur dados wakil pangarsa, sarèhne kayêktèn, manawi pangarsa panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, saha wakil pangarsa panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, kalih-kalihipun asring sami wontên eman èwêdipun andhatêngi parêpatan, mila kagungan dalêm rad bale agung ngaturakên rancangan ewah-ewahan, murih sagêdipun ngawontênakên wakil mudha pangarsa.

Ingkang Kenging Katêtêpakên Dados Warga Limrah.

Ingkang kenging dipun têtêpakên dados warganipun limrah kagungan dalêm rad bale agung punika kawula dalêm jalêr.

a. Ingkang umuripun (miturut petangan taun Jawi) têrang utawi sakintên sampun jangkêp: 25 taun.

b. Ingkang dèrèng nate dipun patrapi paukuman kunjara dangunipun langkung saking sataun, miturut karampunganipun pangadilan ingkang sampun botên kenging dipun ulur malih ngantos 5 taun laminipun saking anggènipun nglampahi paukuman wau.

c. Ingkang botên dipun suwak anggènipun ngêrèh utawi nguwaosi darbèkipun piyambak, utawi malih ingkang botên dipun têtêpakên pailit. Sadaya punika miturut karampunganipun pangadilan.

d. Ingkang botên dipun kèndêli botên kalayan urmat saking anggènipun nyuwita sahandhap ing sampeyan dalêm, anggènipun nyuwita kangjêng guprêmèn, anggènipun nyuwita sèlêpbêstir sanèsipun, utawi saking anggènipun nyambut damêl ing salah satunggalipun publik rèhtêlêklihgam.

Bab Sumpah Utawi Prasêtya

Sadèrèngipun nindakakên kuwajibanipun, pangarsa saha warganipun limrah kagungan dalêm rad [ra...]

--- 53 ---

[...d] bale agung, sami dipun sandhangi sumpah utawi prasêtya wontên ing ngarsa dalêm, sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, utawi têrang dhawuhing timbalan dalêm panyumpahipun pangarsa wontên ngarsanipun pêpatih dalêm, dene tumrapipun warga limrah wontên ngarsanipun pangarsa.

Bab Sitinggèl

Sabên sowan parêpatan, para warganipun limrah kagungan dalêm rad bale agung, kajawi pangarsa kaparingan sitinggèl.

Dangunipun Sitting

Para warga limrah, kajawi pangarsa têtêpipun dipun wangêni 3 taun parêpatan têrusan, wiwit tanggal 1 Oktobêr dumugi pungkasanipun wulan Sèptèmbêr.

Sapundhatipun wêwangên tigang taun kasêbut nginggil para warganipun limrah kagungan dalêm rad bale agung kèndêlipun sêsarêngan, nanging sanalika kenging dipun têtêpakên malih.

Bab Nyuwun Kèndêl Dados Warga

Para warga limrah partikulir ing sawanci-wanci kenging nyuwun kèndêl, panyuwunan wau kêdah kapacak ing sêrat lumados dhatêng pangarsanipun kagungan dalêm rad bale agung, ingkang kêdah tumuntên ngunjuki uninga sahandhap ing sampeyan dalêm, murih lajêng sagêd maringi ingkang dados gêgêntosipun.

Para warga limrah priyantun manawi nyuwun kèndêl, ingkang marêngakên, sahandhap ing sampeyan dalêm, mupakat kalihan kangjêng tuwan guprênur. Tumrapipun warga mirunggan ingkang ngrampungi kangjêng tuwan guprênur mupakat kalihan sahandhap ing sampeyan dalêm.

B. Parêpatanipun Kagungan Dalêm Rad Bale Agung

Manawi saking panggalih dalêm sahandhap ing sampeyan dalêm utawi miturut wawasanipun pêpatih dalêm bale agung prêlu parêpatan, punika kêdah lajêng ngawontênakên parêpatan. Wondene parêpatan punika kêdah wontên salêbêtipun kitha Surakarta, sarta parêpatan wau padatanipun kenging kasumêrêpan sadhengah tiyang. Sok [So...]

--- 54 ---

[...k] ugi dipun wontênakên parêpatan tutupan, manawi ingkang makatên wau saking panyuwunipun warga apêsipun sakawan, utawi pangarsa anggalih prêlu. Nanging parêpatanipun, kagungan dalêm bale agung ingkang mutus mênggah anggènipun parêpatan wau kenging kasumêrêpan sadhengah tiyang punapa botên.

Ing parêpatan tutupan kagungan dalêm rad bale agung botên kenging ngrampungi prakawis kados ing ngandhap punika:

a. Bab rantaman lêbêt wêdalipun kagungan dalêm arta nagari, kajawi pêpetanganipun arta gêgayutan kalihan arta ingkang malêbêt kagungan dalêm kas karaton. b. Bab papetanganipun arta kawrat rantaman kasêbut nginggil, kajawi ingkang pancèn botên kawajibakên pangrêmbagipun. c. Bab rèngrèng pranatan.

Bab Ngêdalakên Pamanggih.

Sadhengahipun warga botên kalilan mêdharakên pamanggih sadèrèngipun nyuwun sarta angsal idinipun pangarsa.

Manawi ingkang mêdharakên pamanggih gadhah rêmbag ingkang nyimpang saking jêjêripun bab ingkang dados rêmbag, pangarsa kawajiban ngèngêtakên supados ingkang mêdharakên pamanggih wau botên nyimpang saking jêjêripun bab-bab ingkang dipun rêmbag.

Manawi wontên warga ingkang mêdharakên têtêmbungan ingkang botên prayogi, nyênyampahi utawi ngrisak tata, pangarsa kawajiban ngemutakên murih prayoginipun, ewasamantên manawi warga ingkang dipun emutakên wau têrus anggènipun ngega têtêmbungan ingkang botên prayogi utawi têrus nyênyampahi kemawon utawi malih têrus nyimpang saking bab ingkang dados rêmbag, punika pangarsa kenging ngawisi warga wau ngêdalakên pamanggih malih tumrapipun bab ingkang dados rêmbag salêbêtipun parêpatan wau.

Bab Ngaturakên Pamrayogi

Ingkang andhapuk sêrat panimbangipun kagungan dalêm rad bale agung punika pangarsa miturut pangrêmbagipun parêpatan sarta putusanipun bale agung.

--- 55 ---

Sêrat panimbang wau dipun waos sèkrêtaris wontên ing parêpatanipun bale agung candhakipun.

Bab Warga Mirunggan

Pêpacak-pêpacakipun pranatan dalêm, kasêbut ing sêrat kabar nagari taun 1935 ôngka 8, ugi dipun tumrapakên para warga mirunggan, pundi ingkang têtela botên badhe kosèk, utawi pundi ingkang botên nyulayani kalihan pêpacakipun pranatan bale agung ingkang sampun dipun tamtokakên tumrap para warga mirunggan wau.

Bab Ingkang Sami Nyumêrêpi Parêpatanipun Bale Agung.

Ingkang nyumêrêpi parêpatan bale agung dipun awisi suka sasmita ingkang atêgês pangalêm utawi panyeda sasaminipun. Pangarsa kawajiban rumêksa murih têtêpipun awisan punika saha sintên ingkang nêrak awisan wau utawi sintên ingkang murang tata, pangarsa kagungan wawênang andhawuhi kesah, manawi prêlu mawi dipun biyantu punggawa pulisi. Makatên ugi pangarsa kagungan wawênang ngawisi dhatêng ingkang sami nyumêrêpi parêpatanipun bale agung, ingkang solahbawanipun tanpa unggah-ungguh saha tatakrami ingkang sampun kalimrah dados tatacaraning bangsanipun.

Pêpacak Pungkasan

Pangarsa kawajiban angrampungi sadaya nalar ingkang dèrèng dipun pranata pranatan punika.

Kados bokmanawi sampun cêkap samantên bab pranatan tuwin règlêmèn pan ordhê bale agung. Samangke badhe ngaturakên bab lampah-lampahipun rèngrèng pranatan, ngantos dumuginipun karêmbag wontên ing kagungan dalêm rad bale agung.

1. Pêpatih dalêm ngunjukakên rèngrèng pranatan, konjuk sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana.

2. Nawala dalêm maringakên rèngrèng pranatan tuwin prabot-prabotipun saha mundhut panimbang.

3. Pangarsa anggalih:

a. Prêlu dipun wontênakên parêpatan kumisi rumiyin.

--- 56 ---

b. Botên.

4. (Nglajêngakên ôngka 3 a)

Pamanggihipun kumisi kawrat ing kumisi pêrslah katur pêpatih dalêm.

5. (Nglajêngakên ôngka 4).

Dipun kintuni wangsulan saking pêpatih dalêm kawrat: memori pan anwurd.

6. Nglajêngakên 3 b tuwin 5:

Dipun rêmbag ing parêpatan bikakan lajêng ngunjukakên panimbang.

Wohipun Kagungan Dalêm Rad Bale Agung Tumrap Nagari Dalêm.

Têtela sangêt manawi wontênipun kagungan dalêm rad bale agung kathah sangêt gunanipun.

Sarèhning pangrêmbagipun rantaman lêbêt wêdalipun kagungan dalêm arta nagari saha rèngrèng pranatan punika, sagêd kasumêrêpan ing akathah, mila sadhengah sagêd nyumêrêpi thêk kaliwêripun nagari dalêm saha punapa ingkang dados èwêd-pakèwêdipun pangêmbating pusaraning praja. Kajawi punika para warganing kagungan dalêm rad bale agung sagêd ngaturakên ewah-ewahan tumrap samukawis ingkang kamanah dèrèng prayogi utawi ngajêngakên usul-usul ingkang prêmati, supados dados panggalihanipun nagari.

Kabêkta saking pangrêmbagipun punika wontên parêpatan bikakan, ingkang sami kawogan ugi lajêng langkung ngatos-atos anggènipun nindakakên kuwajibanipun, kêmpaling rêmbag pangulahing praja sagêd langkung pratitis, mêwahi saening praja dalêm saisinipun.

Pramila mugi-mugi wontênipun kagungan dalêm rad bale agung sagêda widada, nir sambekala dumugi salaminipun, sagêda andhèrèk dados marginipun kêrta raharjaning nagari dalêm.

Bab Ngêkêr Wados

Ingkang sami andhèrèk parêpatan tutupan kêdah ngêkêr sadaya rêmbag-rêmbag ing parêpatan wau, ngantos dumugi pangêkêripun wau dipun suwak dening bale agung.

--- 57 ---

B. Bab Pangrêmbag Saha Sêteman.

Kagungan dalêm rad bale agung botên kenging ngrêmbag utawi ngrampungi sadhengahipun bab, manawi cacahipun warga limrah ingkang andhèrèk parêpatan botên langkung saking sapalihipun.

Putusan ingatasipun prakawis kêdah miturut swantênipun warga limrah ingkang sami nyêtèm, pundi ingkang kathah piyambak swantênipun sarta ingkang cacahipun langkung saking sapalihipun ingkang sami nyêtèm wau.

Dene panyêtèmipun rêmbag bab prakawis, punika manawi wontên panyuwunipun salah satunggalipun warga limrah supados para warga dipun dangu satunggal-satunggal, inggih lajêng dipun tindakakên makatên, sarta pamanggihipun lajêng dipun lairakên kalayan ijêman. Saupami wontên drêdahing pamanggih, kang môngka ingkang sami drêdah wau sami kathahipun, ingkang dipun rêmbag wau kaanggêp botên kangge.

Panyêtèmipun rêmbag bab pêrsun, punika anggènipun nglairakên pamanggih kêdah dipun êmot sêrat tikêman tanpa dipun tandhani nama.

Cacahipun swantên ingkang absah saking para warga limrah saha ingkang petangipun langkung saking sapalihipun cacahing warga limrah wau, punika ingkang dados wêwatonipun putusan, dene manawi cacahing suwantên ingkang mupakat sami kalihan ingkang botên mupakat sami kathahipun, punika lajêng dipun undhi. Suwantênipun para warga mirunggan punika namung dumunung pamrayogi.

Basa

Têmbungipun opisil ingkang dipun angge rêmbagan ing parêpatanipun kagungan dalêm rad bale agung, punika têmbung Jawi, namung kemawon manawi sampun angsal palilahipun pangarsa, pangrêmbagipun ing parêpatan wau kenging ngangge têmbung Walandi utawi Mlayu, miturut kaparêngipun ingkang ngêdalakên pamanggih.

Sintên Ingkang Kenging Andhatêngi Dados Utusan Wontên Ing Parêpatanipun Kagungan Dalêm Rad Bale Agung

Parêpatanipun bale agung kenging dipun dhatêngi utusan dalêm, utawi tiyang, ingkang kapatah kangjêng tuwan guprênur, mupakat kalihan sahandhap ing sampeyan dalêm, [da...]

--- 58 ---

[...lêm,] punapadene utusanipun pêpatih dalêm, têrang dhawuh timbalan dalêm. Sarta manawi wontên panêmbungipun badhe ngusulakên saprêlunipun inggih kêdah dipun lilani. Sadaya rêmbag-rêmbag ing parêpatan kêdah kapacak notilên.

Reglêmèn Pan Ordhê

Kajawi pranatan dalêm ingkang kawrat sêrat kabar nagari taun 1935 ôngka 5, ugi wontên pranatan dalêm malih, katitimasan kaping 9 Mèi 1935 ôngka 5, kapacak sêrat kabar nagari taun 1935 ôngka 8, bab namtokakên lampah-lampahipun bale agung ing bawah karaton dalêm Surakarta.

Bab Pangarsa

Mênggah kuwajibanipun pangarsa punika kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

a. Nata tuwin nuntun tumindakipun padamêlan. b. Rumêksa tatananipun parêpatan. c. Ngèngêti sangêt sarta rumêksa murih pêpacakipun pranatan punika sami dipun têtêpi. d. Maringi lilah dhatêng ingkang badhe mêdharakên rêmbag. e. Rumêksa dhatêng ingkang sami ngêdalakên pamanggih, murih rêmbagipun punika sampun ngantos dipun rêridhoni. f. Mranata bab-bab ingkang dados rêmbag ingkang kêdah dipun rampungi bale agung. g. Mratelakakên pikangsalipun sêteman. h. Nindakakên samukawis ingkang sampun dipun rampungi bale agung.

Salêbêtipun bale agung rêrêmbagan, pangarsa botên kenging mêdharakên punapa-punapa, kajawi namung paring pitêdah dhatêng jêjêring parlu ingkang dados rêmbag salêrêsipun, utawi ngèngêtakên supados rêmbagipun botên mlèncèng saking samêsthinipun.

Bab Panitra

Juru basa sarta punggawa bale agung sanès-sanèsipun.

Panitra punika dados kanthinipun pangarsa anggènipun nindakakên kuwajibanipun sarta dados karerehanipun, kajawi punika ugi kuwajiban mèngêti rêmbag-rêmbag [rêmbag-rê...]

--- 59 ---

[...mbag] ing parêpatanipun bale agung, sarta kuwajiban nindakakên sadaya padamêlan ingkang dipun dhawuhakên pangarsa.

Makatên ugi wajib suka katrangan dhatêng para warga ingkang sami mundhut katrangan sasaminipun. Dumugi titimasa punika dèrèng wontên juru basa, saupamia dipun wontêni, juru basa punika sami dados andhahanipun panitra.

Bab Kumisi

Pangarsa wênang ngawontênakên kumisi-kumisi, dene kumisi ingkang sampun dipun wontênakên punika:

I. Financieele commissie (kumisi bab arta)

Pangarsa: B.K.P.H Adiwijaya

Warga: B.K.P.H. Suryaamijaya

Mr. J.W.A. But

II. Commissie voor de Wetgeving (kumisi bab pranatan)

Pangarsa: B.K.P.H. Kusumabrata

Warga: Dr. P.H. Anggênèn

R.T. Mr. Drs. Bujadipura

III. Technische Commissie

Pangarsa: K.R.T. Martanagara

Warga: Ir. K.L.H.v. Widhêrhus

R. Muhamad Yusuph

VI. Commissie voor de verzoekschriften (kumisi bab sêrat-sêrat panyuwunan)

Pangarsa: Dr. R. Suratman

Warga: R.Ng. Kartasupana

R.Ng. Prawirasuparta

Para warganipun kagungan dalêm rad bale agung punika manawi dipun têtêpakên dados warganipun salah satunggalipun kumisi kêdah nglampahi, kajawi manawi wontên sabab ingkang wigatos.

--- 60 ---

Para warganipun kumisi punika sabên-sabên dipun têtêpakên kangge sêtaun tumindakipun parêpatan (zittingsjaar), samantên wau kajawi ingkang dipun patah nindakakên padamêlan mirunggan, ingkang parlu karampungakên, awit saking punika kalamasa asring wontên "Commissie met eere byzondere afloopende taak" kados ta bêgrutêng kumisi 1936.

Bab Ngawontênakên Parêpatan

Anggènipun pangarsa nyêdhahi para warganipun kagungan dalêm rad bale agung supados andhatêngi parêpatan, punika apêsipun kêdah kirang saminggu kalihan dintên katêmtuaning parêpatan.

Sêrat sêdhahan wau kêdah mratelakakên titimasa sarta wancinipun anggènipun ngawontênakên parêpatan, punapadene mratelakakên bab-bab ingkang badhe dipun rêmbag. Satunggal-satunggalipun warga ingkang dhatêng sadèrèngipun parêpatan dipun bikak, kêdah nyêrat asmanipun wontên ing sêtat prèsènsi lis ingkang sampun dipun sudhiyakakên, sasampunipun lajêng mundhut ôngka urut saking bês ingkang ugi sampun dipun sudhiyakakên, sarta lajêng lênggah papan ingkang angkanipun cocok kalihan ôngka ingkang dipun pêndhêt saking bês wau.

Manawi sampun satêngah jam saking wanci ingkang sampun dipun tamtokakên minôngka wiwitaning parêpatan, kang môngka cacahipun warga limrah ingkang sami rawuh botên langkung saking sapalihipun cacahing warga limrah, punika pangarsa lajêng dhawuh maos asmanipun para warga ingkang botên rawuh wau.

Sasampunipun makatên, pangarsa lajêng ngundurakên parêpatan dhawah dintên ingkang dipun tamtokakên malih, kados ingkang sampun kasbut ing ngajêng, pangrêmbag ing parêpatanipun kagungan dalêm rad bale agung kêdah dipun pèngêti kalayan têmbung Jawi, sarta notilên punika kêdah mratelakakên:

a. Dintên tuwin wancinipun parêpatan. b. Asmanipun para warga ingkang sami dhatêng. c. Asmanipun para warga ingkang sami botên dhatêng, kanthi dipun pratelakakên ang-

--- [0] ---

[Grafik]

Gambaripun para panitya ingkang kapatah nindakakên buku pangèngêt-èngêt yuswa dalêm têtêp 72 taun.

Saking têngên mangiwa: 1. Radèn Mas Ngabèi Prajakintaka, 2. Radèn Mas Ngabèi Wiraatmaja, 3. Radèn Mas Ngabèi Purwasastra.

--- 61 ---

gènipun botên dhatêng punika punapa mawi pamitan punapa botên. d. Asmanipun para warga ingkang sami mêdharakên pamanggih. e. Asmanipun para warga ingkang rujuk utawi ingkang botên rujuk nalikanipun parêpatan damêl putusan. f. Cacahipun sêtèm ingkang ngrujuki utawi botên ngrujuki salah satunggalipun usul. g. Sapiturutipun.

Dumugi samantên kawontênan adêgipun kagungan dalêm rad bale agung, sanadyan dèrèng têtêp kados pangajêng-ajêng utawi pangèsthinipun pakêmpalan Narpawandawa, saha para kawula saumumipun, nanging sampun nama lowung, dene sampun wontên bêbadan ingkang ngrêmbag parluning praja kalayan opênbar. Bilih sampun diwasa kalihan malampah bokmanawi badhe saya wêwah-wêwah wawênangipun, ingkang tundonipun lajêng dados parlêmèn ingkang sajati.

Kawontênan Ing Lêbêt Karaton

Wiwit jumênêng dalêm sampeyan dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10 punika ingkang nguwasani padamêlan salêbêting karaton, ondêr mayor Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat, abdi dalêm bupati pangrêmbe, kala samantên kawontênanipun padamêlan, kantoripun wontên 5 golongan.

1. Kantor Sasanawilapa, punika kabinèt dalêm, pangagêngipun Radèn Tumênggung Sasradiningrat, abdi dalêm bupati carik.

2. Kantor Kapilihan amajibi.

Ha: paprentahan, wisudhan, sapanunggilanipun

Na: têtumbas minuman, srutu, blèg-blègan, sarta bangsaning sêmbêt sapanunggilanipun.

Ca: bab siti dhusun ingkang kapajêgan bôngsa Eropah.

Ra: anyimpên sarta anindakakên lêbêt wêdalipun kagungan dalêm arta.

--- 62 ---

3. Kantor Kanitèn Lêbêt, amajibi kabêtahaning karaton sabên dintên, maringakên balônja sabên wulan, pangagêngipun Radèn Ngabèi Wigyadipura, abdi dalêm kaliwon lêbêt kadipatèn anom, kantoripun kasalinan nama Kridhaardana.

4. Kantor Kanitèn Jawi, amajibi nyimpên sarta nindakakên lêbêt wêdalipun kagungan dalêm uwos, lisah klêntik, lisah kacang, lisah wijèn, lisah jarak, sarêm, arêng, kajêng obong, sarta kahwa.

5. Kantor Pangrêmbe, amajibi

Ha: dhêhawuhan tumrap abdi dalêm rèh pangrêmbe

Na: Bab siti dhusun ingkang taksih kabêkêlan jawi.

Ca: Anampèni lumadosipun pajêg saking kabudidayan saking para babêkêl jawi.

1. Salêbêtipun taun 1914 dipun wontêni kantor Komisi Karaton, pangagêngipun putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, amajibi ngumisi kagungan dalêm kareta, kapal, bêkakas sapanunggilanipun, saha tumindaking padamêlan manawi karaton wontên damêl.

2. Salêbêtipun taun 1915 kagungan dalêm siti pangrêmbe, lênggah gêgadhuhanipun para putra santana sarta abdi dalêm, ordhênas, pangrêmbe, prajurit, kadipatèn, sarta abdi dalêm èstri, sami kapundhut, kaparingakên dhumatêng kapatihan, dene pajêgipun siti-siti wau kapatihan ingkang ngladosakên konjuk ing karaton, ingkang sumêrêp lintuning pajêg pamêdalipun siti gêgadhuhanipun para putra santana sarta abdi dalêm, kaparingakên saking karaton.

3. Salêbêtipun taun 1917 wiwit dipun wontêni kas karaton, saha komtabilitèit.

Lajêng kagungan dalêm arta sadaya sumipênipun wontên kas karaton, urusan lêbêt wêdalipun arta katindakakên kantor Komtabilitèit, katata mawi pranatan, sarta rêrantaman sabên taun, sabên tigang wulan sapisan, kagungan dalêm [dalê...]

--- 63 ---

[...m] kas karaton dipun kumisi dening kumisi karaton, angsal-angsalaning papriksan kawrat ing pêrbal kadamêl 3 ingkang satunggal konjuk sahandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Salêbêtipun taun 1917 wiwit dipun wontêni kas karaton, saha komtabilitèit.

Nunggil taun 1917 ondêr mayor Radèn Mas Tumênggung Wiryadiningrat, seda, kaparênging karsa dalêm botên katêtêpakên gêgêntosipun malih, ingkang kadhawuhan anindakakên, putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, sarta têmbung ondêr mayor kasalinan nama, pangagênging parentah karaton.

Salêbêtipun taun 1920 nagari amasrahakên pasitèn salêbêting baluwarti, dalah sapajêgipun dhatêng pangagênging parentah karaton, dados pamijèn karaton, sadaya waragad pangupakaraning radinan, kalèn, krêtêg-krêtêg, dilah sapanunggilanipun kasumanggakakên karaton, tumindaking pangurusipun pajêg kawajibakên kantor Pangrêmbe, pangupakaraning radinan sapanunggilanipun katindakakên Ha IV.

Taksih nunggil taun 1920, padamêlan salêbêting karaton katata, dipun pilihi, ingkang nunggil raos kagolongakên dados satunggal, dados ing sapunika kawontênaning kantor kados ing ngandhap punika:

1. Kantor Sasanawilapa, kabinèt dalêm sahandhap sampeyan dalêm ingkang minulya saha wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dipun pangagêngi Radèn Mas Arya Bratadipura, abdi dalêm bupati anom gêdhong kiwa. Adpisir, putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

2. Kantor Kumisi Karaton, sarta kumisi pasamuan karaton.

Ha: Amajibi ngumisi kagungan dalêm arta kas karaton, kareta, kapal, bêkakas sapanunggilanipun.

Na: Amajibi tumindak ing pandamêlan manawi karaton wontên damêl.

Kalih-kalihipun wau sami lêstari dipun pangagêngi putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

--- 64 ---

3. Kantoripun pangagêng parentah karaton, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

4. Kantor paprentahan, sapunika kaparingan nama Balekrêtarta, sêrat-sêratipun ciri aksara: ha, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat, nayaka dalêm bupati kaparak têngên. Kantor Balekrêtarta dipun perang dados 5.

Ha I majibi dhêdhawuhan bab pasamuwan, sarta têdhakan, sasaminipun bab paprentahan.

Ha II majibi bab wisudhan, pènsiyunan sapanunggilanipun.

Ha III majibi bab idi sambut tuwin sadaya ingkang gêgayutan prakawis.

Ha IV majibi bab iyasan, tambal sulam griya-griya salêbêting karaton, pasanggrahan, sarta kagungan dalêm griya sanès-sanèsipun, pangupakaraning margi-margi, kalèn, krêtêg salêbêting baluwarti karaton.

Ha V majibi:

1. Nampèni sêrat-sêrat ingkang katur pangagênging parentah karaton. 2. Anglampahakên sêrat-sêrat garapan kantor-kantor, rèh wawêngkonipun pangagênging parentah karaton. 3. Nampèni tèlêpun. 4. Anindakakên dhêdhawuhan sadèrèng utawi sasampunipun bibar kantoran. 5. Kantor kabinètipun pangagênging parentah karaton, ing sapunika kaparingan nama: Sitaradya, sêrat-sêratipun ciri aksara: na.

Salêbêtipun taun 1929, kaparênging karsa dalêm, pangagênging parentah karaton kaparingan sèkrêtaris, inggih punika: Kangjêng Radèn Mas Arya Puspadiningrat, nayaka dalêm bupati gêdhong kiwa, lajêng amangagêngi kantor Sitaradya.

Salêbêtipun taun 1930. Angwontêni garap ingkang majibi nyêrat sêkrip masin, sarta près, ing sadaya kantor, kaparingan nama golongan Kridhaksara, kaparingakên dados rèh Sitaradya.

--- 65 ---

6. Kantor Kontabilitèit, sapunika kaparingan nama Panti Wardaya, sêrat-sêratipun ciri aksara: ca, pangagêng Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura, kantor Panti Wardaya kaperang dados 7, satunggal-tunggalipun amajibi.

Ca I/1: paprentahaning Panti Wardaya.

Ca I/2 Nocogakên suwun-suwunan arta.

Ca II/3 Andamêl rêrantaman sarta palapuran lêbêt wêdalipun arta sabên tutup taun.

Ca I/1: nitisakên anprah balônja.

Ca II/1: cêngklongan balônja tumrap bôndha pènsiyun, pajêg-pajêg sarta cicilan êmpingan sapanunggilanipun.

Ca II/2: damêl mandhat tumrap bècèr sabên dintên.

7. Kas karaton sapunika kaparingan nama rêksa ardana, sêrat-sêratipun ciri aksara: ra, pangagêngipun putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Suryaamijaya, kantor Rêksaardana kaperang dados 4 satunggal-tunggalipun amajibi.

Ra I kas owêr, ngrangkêp nyimpên jêne sela.

Ra II buk odhêng

Ra III kasir

Ra IV wêdaling arta bècèr.

8. Kantor Môndrasana, sêrat-sêratipun ciri aksara: ka, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Suryaningrat, abdi dalêm bupati nayaka gêdhong têngên, kondhang Radèn Mas Tumênggung Atmadipura, abdi dalêm bupati anom ordhênas, amajibi tadhah kabêtahaning karaton, ing sapunika pandamêlanipun kapêcah dados 2 pasimpênan barang lastantun wontên kantor Môndrasana, têtumbas kawajibakên kantor Balekarta, kantor Môndrasana kaperang dados 6 satunggal-satunggalipun amajibi.

Ka I paprentahaning môndrasana.

Ka II nyimpên barang sêmbêt.

--- 66 ---

Ka III. Gêndhis tèh, minuman, blèg-blègan sapanunggilanipun.

Ka IV. Lisah pèt, bènsin, dilah sapanunggilanipun.

Ka V. Uwos, sarta kajêng obong.

Ka VI. Rumêksa sarta nyimpên bêkakas dhahar sapanunggilanipun.

9. Kantor Kartipura, sêrat-sêratipun ciri aksara da, pangagêng Radèn Mas Arya Wrêksadipura, abdi dalêm bupati anom kalang, amajibi pandamêlan sarta tambal sulam karaton.

10. Kantor Rêksawahana, sêrat-sêratipun ciri aksara: ta, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Wiryadiningrat, abdi dalêm bupati kadipatèn anom, kantor Rêksawahana kaperang dados 4 satunggal-tunggalipun amajibi

Ta I paprentahan rêksa wahana

Ta II wagênmistêr, rumêksa sarta rêsikaning kagungan dalêm kareta, nyimpên pakehan kapal rakitan, tuwin panganggèn kênèk kusir.

Ta III opsinêrsêtal, pangupakaraning kagungan dalêm kapal titihan sarta rakitan.

Ta IV. Kusir

11. Kantor Gitaswandana, sêrat-sêratipun ciri aksara ta V, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, abdi dalêm bupati ordhênas, amajibi babagan kagungan dalêm motor.

12. Kantor Balekarta, anindakakên bab têtumbas sadaya kabêtahan tadhah karaton, sêrat-sêratipun ciri aksara: sa. Pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Suryaningrat, kantor Balekarta kaperang dados 2.

Sa I amajibi bab sasêrêpanipun arta ampilan.

Sa II anindakakên têtumbas.

13. Kantor Amongraras sarta kantor Rêksacangkrama, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Arya Wiyadiningrat, abdi dalêm bupati kadipatèn anom.

Kantor Amongraras, amajibi paprentahaning abdi dalêm niyaga, wira [wi...]

--- 67 ---

[...ra] swara, talèdhèk, wirèng èstri, pranaswara, sarta sêtrik orkès, sasaminipun ingkang nama lêlangên.

Kantor Rêksacangkrama, amajibi paprentahaning abdi dalêm pasanggrahan ing Têgalgônda, Ngèksipurna, Giriwaya, Asripura, tuwin ing Parangjara.

14. Kantor Sasanapustaka, amajibi panyimpênipun sêrat-sêrat waosan, babad-babad, sarta bab kawruh sapanunggilanipun, pangagêng putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

15. Kantor Panti Arta, pangagêng Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, abdi dalêm bupati ordhênas, amajibi kagungan dalêm arta sudhiyan kaparênging karsa dalêm ingkang alit-alit.

16. Ing salêbêtipun taun 1925, dipun wontêni kantor pangasilan, kaparingan nama kantor Kridhabudaya, sêrat-sêratipun ciri aksara: wa, pangagêng putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, punika kaperang dados 2.

Wa I amajibi pangurusipun bab kagungan dalêm kabudidayan.

Wa II amajibi pangurusipun bab kagungan dalêm pasitèn pamijèn karaton, tuwin kagungan dalêm griya-griya ingkang wontên sajawining karaton.

17. Ing salêbêtipun taun 1926, dipun wontêni kontrolê biro, kaparingan nama kantor Wismayana, anindakakên panitinipun lêbêt wêdalipun kagungan dalêm arta tuwin barang sasaminipun, sêrat-sêratipun ciri aksara: pa, pangagêngipun Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura, karancang badhe dipun wontêni akontan.

18. Salêbêtipun taun 1930, dipun wontêni abdi dalêm pananggap, ingkang majibi panampining arta pajêgipun kagungan dalêm pasitèn salêbêting baluwarti, tuwin pamijèn sanès-sanèsipun sajawining baluwarti.

19. Nunggil ing salêbêtipun taun 1930, kaparênging karsa dalêm, putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, kaparingakên dados atpisiripun pangagênging parentah karaton.

--- 68 ---

20. Sabên wontên bab-bab ingkang umum tumrap karaton, tamtu karêmbag parêpatan kalihan pangagênging kantor-kantor karaton.

21. Murih prigêling pandamêlan, ing kantor-kantor karaton dipun wontêni otomatisê tèlêpun sentral.

22. Abdi dalêm gêdhong kiwa têngên dalah sarèhipun, (kados ta: rèh gêdhong kiwa, abdi dalêm karaton, panandhon, grêji, tukang burdir, tukang panunggul, kêmasan, tukang songsong, mranggi, pangukir, pandhe, panyrigan sapanunggilanipun, rèh gêdhong têngên, abdi dalêm kalang, undhagi, tukang batu sapanunggilanipun) sami kaparingakên madana pangagênging parentah karaton, garapipun sami sowan kantoran wontên karaton.

23. Abdi dalêm ngarêp (gladhag) kaparingakên madana dhatêng pangagênging parentah karaton, garapipun ugi sowan kantoran ing karaton.

24. Kantor Kaputrèn, anindakakên paprentahanipun abdi dalêm èstri, sêrat-sêratipun ciri: a, pangagêng Kangjêng Radèn Ayu Adipati Tasikwulan.

25. Ing kaputrèn dipun wontêni abdi dalêm pulisi èstri, anindakakên babagan kapulisèn salêbêting karaton.

26. Tatanan para èstri ingkang sami manggèn wontên kaputrèn kêdah nyêpêng sêrat pratôndha saking pangagênging parentah karaton.

27. Angabdèkakên dhoktêr èstri Jawi, amajibi para putra santana dalêm, saha abdi dalêm èstri ingkang sami manggèn wontên salêbêting kaputrèn, sarta anindakakên klinik kaputrèn.

28. Kaparênging karsa dalêm, angiyasani sakolahan cacah 3 iji.

Ha: probêl sêkul, kaparingan nama Pamardi Siwi.

Na: mèsês sêkul, kaparingan nama Pamardi Putri.

Ca: H.I.S. kaparingan nama Kasatriyan, namung tumrap sakolahipun [sako...]

--- 69 ---

[...lahipun] putra santana dalêm kakung putri, dene manawi wontên kakiranganing murit, kalilan dipun lêbêti anakipun abdi dalêm mantri minggah.

29. Ing karaton sapunika dipun wontêni mêsin èlêktris, kaparingan nama Panti Pradipta, wiwitipun nalika kaping 15-2-57, ingkang nindakakên Radèn Mas Ngabèi Prajapradipta, salêbêtipun Panti Pradipta wau ugi dipun wontêni malih, damêl ès wiwitipun nalika kaping 24-4-58, saha pangêcapan (drikkrèi) wiwitipun nalika kaping 29-4-61 pangagêng Kangjêng Radèn Mas Tumênggung Widaningrat, ingkang ugi mangagêngi kagungan dalêm pasanggrahan Pracimaharja, saha bukit Ngendramarta.

Wondene kagungan dalêm pasanggrahan ing Pracimaharja wau nalika Sênèn Lêgi kaping 27-9-58 utawi kaping 19-3-29 kabangun wêwangunanipun ingkang sakalangkung asri, mawi dipun wontêni dilah èlêktris, wiwitipun nalika kaping 20-11-59 tuwin amêng-amêngan dalêm tènis ban, wiwitipun nalika kaping 20 Sura 1861.

30. Kala samantên sabên wontên Walandi nyuwun ningali karaton, panyuwunipun lilah mêdal kangjêng tuwan guprênur, sapunika nyuwun lilah piyambak mêdal pangagênging parentah karaton, manawi sampun kaparêng kaparingan bêwis.

31. Sumur bur ing Langênarja, sarèhning katrangan saking ingkang mangrêtos (Deskundige) wontên peranganipun sae dhatêng kasarasaning badan, kanyatakakên, nyata: mila lajêng kangge padusan umum.

32. Umbul Pêngging (Ngèksipurna) ing ngriku kathah ingkang ngangge kasênêngan adus, mila lajêng dipun angge padusan umum (swèmbasèn) lajêng dipun wontêni bêbadan piyambak.

33. Ing ngajêng nalika abdi dalêm dhoktêr sawêg satunggal, inggih punika dhoktêr Walandi, ingkang kaparêngakên angsal dhoktêr sarta jampi lêlahanan, namung para putra santana, tuwin abdi dalêm mantri minggah, jampinipun mundhut tumbas dhatêng apotik, akonas, kalayan kontrak, sapintên têlasipun ing dalêm sawulan kaêbon kathahipun 1000 rupiyah, sarêng abdi [a...]

--- 70 ---

[...bdi] dalêm dhoktêr Walandi lowong, kaparênging karsa dalêm lajêng angabdèkakên dhoktêr Jawi, sarta cacahipun kathah, saha dipun wontêni apotik piyambak, kaparingan nama Panti Usada, katindakakên dening abdi dalêm apotèkêr Walandi, sarta asistèn apotèkêr Jawi, wiwit punika sadaya abdi dalêm saha kawula dalêm sami kaparêngakên angsal dhoktêr lêlahanan dalah jampinipun.

34. Nalika salêbêtipun taun Dal 1831, ing nagari Surakarta wontên pakêmpalanipun para abdi dalêm tuwin para luhur sawatawis, tujuning pakêmpalan wau sasagêd-sagêd amitulungi para abdi dalêm ingkang sami kasusahan, jalaran pamêdal utawi balanjanipun têlas kangge nyauri sambutan ingkang awrat rèntênipun, supados sagêd damêl kamayaran, manawi wontên panêmbungipun, badhe dipun pitulungi sagêdipun angêsahi sambutan ingkang awrat rèntênipun wau, sarana kaangsalakên nyambut dhatêng pakêmpalan, kathahipun samining pamêdal utawi balanjanipun ing dalêm sataun, utawi langkung, rèntênipun kadamêl mirah kathah-kathahipun petang 1½ prêsèn ing dalêm sawulan, dene panyauripun nicil kathah-kathahipun saparatiganing pamêdalipun, mênggah sêdyaning pakêmpalan wau sagêd kalaksanan dening pitulungan dalêm, ingkang minôngka pawitan kangge nindakakên adêgipun, kathahipun: 130000 sakêthi tigang lêksa rupiyah, pakêmpalanipun wau kanamakakên Bôndha Lumaksa, pangrèhipun katêtêpakên saking nagari.

Nalika samantên kantoripun Bôndha Lumaksa nyambut griya Abipraya, griya sewan ing kampung Timuran, sarêng adêgipun Bôndha Lumaksa sampun tumindak sakeca, sarta angsal pambiyantu saking para putra santana tuwin abdi dalêm ingkang sami nitipakên arta, sarana tumbas andhil, Bôndha Lumaksa wau lajêng sagêd iyasa griya ingkang wêwangunan sarta pasangrakitipun miturut sapanêdhanipun pakêmpalan Abipraya, manggèn ing kampung Singasarèn, ingkang kangge pakêmpalan Abipraya sapunika, wasana ing sapunika Bôndha Lumaksa lajêng damêl griya ingkang kangge kantoripun piyambak, manggèn wontên papan pemahan patêdhan dalêm, ing kampung Kêdhunglumbu.