Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1937, #407
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1937-01, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #298.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1937-02, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #517.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1937-03, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #518.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1937-04, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #519.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1937-05, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #520.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1937-06, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #521.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1937-07, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #522.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1937-09, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #523.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1937-10, #407. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #524.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1937-11, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #525.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1937-12, #407 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #526.

Ôngka 1, Januari 1937

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya Saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2579 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '36. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Kautus Dhatêng Nèdêrlan

Awit saking kaparêngipun karsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana kangjêng susuhunan, pangarsa kita Narpawandawa B.K.P.H. Suryaamijaya sakalihan garwa, kadhèrèkakên warga R.M.Ng. Brataatmaja, kautus dhatêng Nèdêrlan, prêlu angèstrèni pikramanipun Sang Putri Yulianah dhaup kalihan Pangeran Bernard, benjing tanggal kaping 7 wulan Januari 1937 punika. Sarèhning badhe pêpisahan sawatawis wulan, nalika ing dintên Salasa sontên kaping 3 wulan Nopèmbêr kêpêngkêr punika, para warga pangrèh Narpawandawa sêsarêngan kalihan para pangrèhing pakêmpalan-pakêmpalan sawatawis, sami sowan dhatêng Suryaamijayan, ngaturakên kasugêngan anggènipun tumbuk yuswa têtêp 32 taun, saha anggènipun badhe nglampahi ayahan dalêm kautus dhatêng Nèdêrlan wau, ingkang mêdhar

--- 2 ---

sabda mudha pangarsa K.P.P. Suryadipura, kados ing ngandhap punika:

Pangarsa, anggèn kula sami sowan ing dalu punika, minôngka wakilipun para warga Narpawandawa sadaya, ngaturakên kasugêngan dalêm, anggènipun tumbuk yuswa 32 taun, dumugi dalu punika ginajar wilujêng botên wontên sabab satunggal punapa, limrahipun tiyang agêsang punika sontan-santuning pangalaman ingkang sagêd cêtha inggih wontên umur-umuran 32 taun wau, sabab dening nilar jaman kaneman lajêng santun jaman kasêpuhan, môngka lêlampahan ingkang badhe tumindak, punika botên gampil pandugi duginipun, mila kêdah waspaos, amurih sampun ngantos kasluru ing panindak, botên langkung pamuji kula sakônca pangrèh, mugi-mugi Gusti Allah Ingkang Maha Kawasa angganjar dhumatêng panjênêngan dalêm, yuswa panjang, sugêng, sênggang, sênêng, widada ing sapanginggilipun, lumèbèr dhumatêng garwa putra tuwin para santana abdi sadaya.

Kajawi punika, kaparêngipun karsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana, panjênêngan dalêm badhe kautus dhumatêng ing Nèdêrlan, angèstrèni pikramanipun Sang Putri Yulianah dhaup kalihan Pangeran Bernard, pamujinipun para pangrèh Narpawandawa ingkang sapisan, mugi-mugi panjênêngan dalêm sagêd nêtêpi punapa ingkang dados kaparêngipun karsa dalêm, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ingkang minulya saha wicaksana ingkang sampun kadhawuhakên, saha kaping kalihipun, mugi-mugi tindak dalêm wau pinayungana sagunging kayuwanan, tansah manggiha suka, kinalisna sagunging sambekala, lastari widada dumugi benjing sakondur dalêm angajawi, sampun ngantos sinangsaya ing satunggal punapa.

Wangsulanipun pangarsa, Kamas Kangjêng Pangeran Panji Suryadipura mudha pangarsaning Narpawandawa, sangêt ing panrimah kula anggènipun pangrèh Narpawandawa ingkang minôngka wêwakilipun para warga sadaya, suka pamuji dhumatêng kula, sapisan anggèn kula tumbuk têtêp umur 32 taun, kaping kalih anggèn kula badhe nglampahi ayahan dalêm kautus dhatêng ing Nèdêrlan, mugi-mugi pamuji wau kinabulakên dening Ingkang Maha Kawasa, samangke pamuji kula dhatêng Narpawandawa mugi sinêmbadana punapa ingkang kinajêngakên, sarta kinalisna ing sambekala.

--- 3 ---

Sasampunipun rampung atur pamujinipun para pangrèhing pakêmpalan-pakêmpalan ingkang sami sêsarêngan sowan ing dalu wau, lajêng lalênggahan ngantos dumugi jam 1 dalu sawêg bibaran.

Pêthikan Sêrat Palapuranipun Panitya ingkang Kapatah Mriksa Kas

Katur pangarsaning pakêmpalan Narpawandawa

Warga ingkang kapatah ngumisi arta kas pakêmpalan, miturut putusaning parêpatan agêng warga taunan ingkang kapêngkêr, punika sampun kalampahan angumisi, nalika dintên Sênèn tanggal kaping 10 Agustus 1936 wanci jam 7 sontên, dhatêng artaka I Radèn Mas Arya Kartadipura, ing Purwasari, kawontênanipun saldho kas (arta kêkantunan) dumugi pungkasaning tanggal 9 Agustus 1936 kados ing ngandhap punika:

1. Wujud arta ingkang sumimpên wontên artaka ... f 1027,72½ | 2. Wujud andhil pangêcapan Budi Utam 9 iji ... f 45,- | 3. Wujud andhil pangêcapan Mardimulya 8 iji ... f 200,- | 4. Wujud andhil bôndha lumaksa 15 iji ... f 2500,- | 5. Ingkang katitipakên ing pos sêpar bang ... f 403,20 | Sadaya gunggung ... f 4175,92½

Dene katranganipun kawrat pratelan ingkang kakanthèkakên katur sarêng punika.

Katur kaping 25 Agustus 1936.

Warga ingkang kapatah ngumisi:

Wg. Cakranagara, Wg. Wiranta, Wg. Mangunwiryana

--- 4 ---

Pratelan Cêkak Kawontênanipun Arta Kas Narpawandawa, Dumugi Pungkasanipun Tanggal 9 Agustus 1936 Kados Ngandhap Punika:

Ha. Lêbêtipun arta:

Kêkantunanipun arta tutup wulan Dhesèmbêr 1935

Wujud arta ... f 914,30 | Wujud andhil pangêcapan Budi Utama 9 iji ... f 45,- | Wujud andhil pangêcapan Mardi Mulya 8 iji ... f 200,- | Wujud andhil bôndha lumaksa 15 iji ... f 2500,- | Tumitip ing pos sêpar bang ... f 403,20 | Gunggung ... f 4062,50

Tampinipun arta salêbêtipun taun 1936

Wiwit Januari dumugi Juli

Gunggung ... f 949,085 | Dados sadaya gunggung ... f 5011,585

Na. Wêdalipun arta wiwit Januari dumugi tanggal kaping: 9 Agustus 1936

Januari ... f 92,975 | Pèbruari ... f 80,625 | Marêt ... f 55,75 | April ... f 56,75 | Mèi ... f 236,11 | Juni ... f 56,- | Juli ... f 156,25 | Agustus dumugi tanggal 9 ... f 81,20 | Gunggung ... f 835,66 | Saldho ... f 4175,925 | Gunggung ... f 5011,585

Kadamêl kaping 25 Agustus 1936.

Warga ingkang kapatah ngumisi: Wg. Cakranagara, Wg. Wiranta, Wg. Mangunwiryana.

--- 5 ---

Turunan

Ôngka 420/14 K.146/ha

Bab Pikukuh Santana

Dhawuh marang para santana dalêm, rèhing kawadanan putra santana dalêm kiwa.

Awit saka manira anguningani sawênèhing santana dalêm, kang anduwèni kaparluan kamot ing layang katur ing kawadanan putra santana dalêm kiwa, kang parlu kudu nganggo ngaturake ampilane pikukuh santana minôngka praboting layang paturan, iku kaanane layang paturan uwis jênêng tuwa, pikukuhe isih muni jênêng cilik, durung ana katrangane manawa wus salin jênêng, iku agawe mamang panindaking parentah, apa manèh kang gêgayutan kaparluan tumrap anane prakara kang kêbênêr katindakake ing pangadilan dalêm pradata gêdhe, iku uga bisa prakara mau katindakake ing pangadilan landrad, amarga saka jênênge ora anocogi karo kaanane jênêng ampilane pikukuh santana, sabanjure ora kaanggêp santana dalêm, amula samêngko manira anggalih parlu para santana dalêm, kang uwis salin jênêng kagawa salakirabi utawa sabab liya- liyane, supaya tumuli anduwèni paturan nyuwun salining ampilane pikukuh santana, anêtêpi dhawuh nagara kang wus kapacak uga ana layang pikukuh santana. Kang iku padha andadèkna sumurup pakênira, sarta supaya angèstokake ing saparlune.

Dhawuh kaping 25 Saban Alip 1867.

Utawa kaping 10 Nopèmbêr 1936.

Wadananing putra santana dalêm kiwa: Wg. Kusumayuda

Urun Rêmbag

Sawêdalipun côndrawarti Narpawandawa ing wulan Sèptèmbêr punika, tumrap para warga ingkang kaparêng anggatosakên kawontênan pêpucukipun pangrêmbag, inggih punika sasorahipun B.K.P.H Adiwijaya, kathah sangêt bab-bab ingkang pantês utawi parlu kagatosakên dening para warga, tumraping kula malah nama kapasang

--- 6 ---

yogi dening bab-bab ingkang wontên côndrawarti wau sawêg nêdhêngipun kula rêmbag wontên sêrat kabar Darmakôndha, sarta pangèsthi, inggih punika bab kamardikanipun Indhonesia, sêsambêtanipun kalihan karajan Kajawèn. Ingkang kula angge dhêdhasar pangrêmbag ngangge wêwaton pamanggihipun sadhèrèk Sutarja wontên ing rad kawula, bokmanawi murih têrangipun kula pêthikanipun ingkang parlu-parlu supados dipun nupiksani para maos Narpawandawa, ingkang salajêngipun mugi sami kaparênga angramèkakên. Utawi kula suwun kalayan yêktos, mugi Narpawandawa tumuntêna anggalih, jêr punika pancèn wajib.

Wondene anggèn kula mêthiki kirang langkung kados ing ngandhap punika:

1. Usulipun sadhèrèk Sutarja wontên ing rad kawula, nyuwun supados Indhonesia, dipun mêrdikakakên. Ingkang taksih mawi wêwaton suraosipun gronwèt bab I ingkang wosipun kapribadèn sêjati mawi lampah sasêlot-sêlotipun. Ing sêmu dèrèng dados pamarêmipun para panganjur Indhonesia.

Rêmbag-rêmbag wau kula ramèkakên wontên sêrat kabar kawrat ariwarti Darmakôndha ôngka 217 tujuaning manah kula gadhah pamurih supados wakil karajan Jawi tumuntêna damêl usul dhatêng rad kawula, supados karajan Jawi ugi dipun mêrdikakakên, ingkang kula angge dhêdhasar usul wau mawi wêwaton ingkang sampun dados kaparêngipun parentah luhur, kawrat polêk almênak taun 1937 bagean paprentahan mandhiri, (wêwaton bêstir hèrpormêng).

2. Usul Sutarjan wau lajêng dipun ambali malih, guyênging pangrêmbag badhe andhapuk wêwakil, ingkang lênggah wontên ing salêbêtipun konpêrènsi, wêwakil wau ingkang dipun wigatosakên bab panyuwunipun supados Indhonesia mêrdika sajati.

Rêmbag wau ugi kula kiyatakên kawrat ariwarti Darmakôndha ôngka 218 uwosipun anggèn kula nyarujuki, manawi kamardikan Indhonesia sajati kasèrèhakên dhatêng para panganjur Indhonesiah, kêdah mawi dhapukan pamilih, ingkang badhe dados pusêring pangrêmbagipun kamardikan sajati wau.

--- 7 ---

Manawi pusêring pangrêmbag kasèrèhakên dhatêng para nata karajan Jawi, tumrap tanah Jawi sampun samêsthinipun. Utawi badhe kadospundi sêsambêtanipun rêmbag, parentah agung kalihan karajan Jawi. Sawêg samantên pangrêmbag kula.

Sapunika kula parlu ngaturakên kapasangyogining môngsa punika, gandhèngipun kalihan wêdaling sasorahipun B.K.P.H. Adiwijaya, kawrat ing nginggil, ingkang larah-larahipun inggih bab kamardikan saha kapribadèn Indhonesia, amung kuciwanipun dèrèng wontên dhêdhasaring pangrêmbag ngudi kamardikanipun para nata Jawi.

Nanging inggih sampun wontên pêpucuk minôngka dhasaring pangrêmbag, inggih punika ingkang kawrat pitakènipun K.R.M.H. Wuryaningrat, bab saenipun prajanjian cêkakan, kalihan prajanjian panjang (Lange contract).

Wawasan

1. Manawi bab-bab ingkang sakalangkung wigatos kados katrangan kula ing nginggil punika, môngka ingkang sami kawogan utawi wajib angrêmbag, botên lajêng cekat-cèkêt, nama kainan. Amargi sêsambêtanipun Narpawandawa sampun mapan sangêt, inggih punika wakil karajan Jawi wontên ing polêk rad. Narpawandawa tamtu lajêng badhe wuninga dhatêng kawêgiganipun wêwakil karajan Jawi.

2. Kangge ada- adanipun pangrêmbag, adad ingkang dipun lampahi punika bokmanawi botên parlu mawi lampah: gutuk lor kêna kidul, utawi têmbung sêsindhiran. Nanging ingkang lampah utami piyambak ngangge dhêdhasar prasaja, langkung malih ingkang ngrêmbag punika pancèn gadhah kawajiban angrêmbag.

Wasana atur panuwun kula dhatêng Narpawandawa, kula kanthèni pamuji mugi-mugi ingkang Maha Kawasa anyêmbadana (amin).

S. Sasramijaya.

Wadu Wandawaning Nata

Ing dintên Kêmis tanggal kaping 8 Oktobêr 1936 gusti sasêmbahan kita têtêp yuswa 72 taun, karameanipun kawula umum ingkang wosipun angatingalakên sêmbah sungkêmipun, sampun kalampahan wilujêng.

Samantên sungkêmipun kawula umum dhumatêng ratu gustinipun, upamia botên wontên [wontê...]

--- 8 ---

[...n] dhawuh nagari, sadaya ingkang sami badhe mahargya botên kalilan ngêdalakên waragad kathah, dhuh saiba sabên pakampungan anggènipun sami gobyog, amargi rancanganipun wontên ingkang badhe tayuban, kroncongan sarta klênengan sasamènipun, namung sarèhning wontên dhawuh ingkang atêgês pangowêl, supados botên anambahi kamlaratanipun kawula umum, mila sadaya rancangan kasandèkakên, wurunging sopyan-sopyan, iyêging rêmbag sami muji dhikir wontên ing griyanipun piyambak-piyambak, mêmuji ing kasugêngan saha kaluhuran dalêm.

Miturut ingkang sampun kula alami, gusti sasêmbahan kita anggènipun tansah ambarkahi dhumatêng wadu wandawa dalêm, saking gênging barkah dalêm wau, ambokmanawi botên wontên satunggaling tiyang ingkang sagêd gambarakên, mila sampun salêrêsipun upamia para wadu wandawa dalêm wau tansah anjagi ing kaluhuran dalêm, mênggah rekadaya anjagi kaluhuran dalêm wau, manawi saking pamanggih kula, botên namung kacêkap anggèn kita nyêmbah sêsedhokan utawi saur-pêksi munjuk nun inggih kaluhuran dhawuh dalêm, nanging kita kêdah dunung, dumunungipun angluhurakên, dene dumunungipun angluhurakên wau, manawi botên lêpat panggagas kita, kita kêdah anêtêpi anggèn kita dados wadu wandawaning nata, inggih punika paring tuntunan dhumatêng kawula dalêm, supados gêsangipun manggih sakeca lan damêl têntrêming praja, dene rekadaya punapa kemawon kula sumanggakakên saugi nuntên kalêksanan botên nêrak awisanipun parentah, makatên atur kula dumunungipun anjagi kaluhuran, mila upami kawontênan wadu wandawaning nata migunakakên aji saur-pêksi, utawi botên têpang kalihan kawula babarpisan, punika ngakêna rumêksa inggih goroh, manawi goroh-ginorohan wau sampun ambalung-sungsum, wohipun namung rêbat ngajêng, undhuh-undhuhanipun namung badhe ... nyêdhihakên manah, lami- lami kalajêng makatên sintên ingkang pituna, botên sanès inggih kita piyambak, mila kula pitados, mênggah gênging barkah dalêm wau tamtu botên badhe kasiya-siya, nanging kamulyakakên punika nyata, la wala kabula.

Sampun sawatawis taun punika kula mirêng pawartos, para santana dalêm ingkang sami magang, awit saking kêparêng dalêm gusti sasêmbahan kita sampeyan dalêm ingkang

--- 9 ---

minulya saha wicaksana, sami kaparêngakên sowan ngadhêp wontên ing kraton kilèn, manawi pamirêng kula wau kapara têmên, para santana dalêm ingkang magang, nadyan dèrèng kacêpêng ingkang dados undêraning sêdya, ewadene punika sampun nama tampi sih sri nugraha dalêm, mila atur kula sumôngga nun sami dipun srêgêpi, ingkang supados tumuntên tampi sih kamirahan dalêm, namung atur kula sêsakit kina ingkang murugakên botên prayogi, kados ta: drêngki, srèi, jail, muthakil bisa ... kêdah kasingkirakên têbih, salajêngipun kêdah santun sikêp dhêdhasar rumêksa lan kenging kapitados samudayanipun.

Kula dipun cariyosi dhanyang kaping sakawan, sampun sawatawis taun punika, gêgrombolanipun darah kaping sakawan kabibarakên, bibaring gêgrombolan wau amutus, sami kasuwun lumêbêt ing kalanganipun Narpawandawa, kula si tukang rundha thèthèk anyumêrêpi sikêpipun darah kaping sakawan wau, anglairakên bingahing manah, amargi pancèn inggih kêdah makatên punika manawi ngangkah kukuhing pêrsatuan kita, puluh katingala gumêbyar lan malela dhewe, manawi pangarakipun sami rêmuk sangêt, sampun tamtu kemawon lajêng inggih nama cacad, punika upamia barleyaning sêngkang.

Si unyik Cakrapangarsa.

Bale Agung Mahargya Tingalan Dalêm

Sambêtipun Narpawandawa ôngka 12.

Samantên gênging kanugrahaning Pangeran ingkang rumarab sarira dalêm, padatan ingkang kuwawi nampèni nugraha samantên gêngipun wau ngêmungakên kawulaning Allah ingkang tinurunan jiwa luhur, sajatosipun sampun layak kemawon makatên kawontênan dalêm, kacariyos suwargi ibu dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pakubuwana, kala badhe kagarwa sampun wontên tôndha ngalamatipun, nalika andhèrèk ingkang ibu Gusti Kangjêng Ratu Bandara jagong dhatêng griyanipun Tuwan Asistèn Residhèn Panprin, martuwi anggèning kawin, katurunan wahyu, sarira kalimputan ing cahya nêlahi, ing nglêbêt loji katingal kados raintên sanalika, lasar saking pratelanipun pinisêpuh ing golongan teyosopi ingkang waspaos ing gaib, jiwa ingkang tumimbal [tumi...]

--- 10 ---

[...mbal] lair ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ing sadèrèngipun sampun nate tumimbal lair kaping tiga tumruntun tansah jumênêng nata êlêt ngawan atus taun.

Wêkasanipun sêsorah kula bale agung ngunjukakên pêpuji konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mugi Gusti Allahu Tangala angganjar tambah panjang yuswa dalêm, saha lulusing kasugêngan, rinakêt ing sukarêna, tinêbihakên ing pôncabaya, tansah nawung kridhaning mêmanis, anartani pramèswari dalêm, lumèbèr dhumatêng putra-putri dalêm, lastari angrênggani kamulyan sarta kawibawan ing salami-laminipun.

Kanthi pudyastuti punika wau, parêpatan mirunggan kula bikak.

Salajêngipun R. Wignyaadijaya usul, supados rad bale agung angunjukakên pudyastawa, usul wau katampèn, mênggah ungêling pudyastawa kados ing ngandhap punika:

Kawula nuwun, kagungan dalêm rad bale agung ngèngêti dintên Kêmis Lêgi kala wingi amarêngi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb ing taun Alip, angkaning warsa 1867 anglêrêsi tingalan dalêm wiyosan taun têtêp yuswa 72 taun, andadosakên gêngipun suka sukur kawula dalah para warga saha warga mirunggan sadaya, dene sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan anampèni kanugrahaning Allah tinêkdirakên yuswa panjang saha taksih sarwa sangkêp kasugêngan dalêm, pangastaning kaprabon, sampun kawan dasa gangsal taun lêstari botên wontên sambekala, praja dalêm katingal saya wêwah kamajênganipun, makatên malih adêgipun kagungan dalêm rad bale agung, punika sajatosipun nugraha ingkang awit saking kawicaksanan dalêm nguningani galagating jaman saha pangajêng-ajêngipun kawula dalêm sadaya, mila sampun layak kemawon para putra santana saha abdi dalêm agêng alit punapadene kawula dalêm sadaya sami tambah sêtya sumungkêmipun.

Minôngka cihnanipun angluhurakên asma dalêm kanthi suka lila anggèn kula sami anglampahi ayahan dalêm nindakakên kuwajiban.

Kawula nuwun, botên langkung kawula sami ngunjukakên pêpuji, mugi Gusti Allah nêkdirakên dirganipun yuswa dalêm saha lulusipun kasugêngan dalêm, têtêp dados pandam [pa...]

--- 11 ---

[...ndam] pangaubanipun pramèswari dalêm, putra santana dalêm, sarta abdi dalêm agêng alit sumarambah kawula dalêm sadaya.

Konjuk ing dintên Jumungah tanggal kaping 23 wulan Rêjêb ing taun Alip, angkanipun warsa 1867.

Pangarsa: Adiwijaya, Mudha pangarsa: Kusumabrata

Sèkrêtaris: Sulistya, Wakil mudha pangarsa: Suryaamijaya

Warga limrah, Martanagara, Pujadipura, Prawirasuparta, Wigyaadijaya, Pringgawinata, Kartasupana, Suratman, Muh. Yusup.

Warga mirunggan J.W.A. Boots, P.H. Angenent, Th. L. v. Wiederhold:

Mênggah Pudyastawa wau yasanipun R.M.Ng. Sasrasaputra, karêngga ing gambar dening M.L. Citrasunarya, miturut usulipun R.Ng. Kartasupana, ingkang sampun katampèn dening rad bale agung, pudyastawa wau mawi dipun tèkêni dening sadaya warga rad bale agung, konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ing dintên Jumungah jam 11.

Wondene ingkang badhe angunjukakên, miturut putusan inggih punika: R. Wignyaadijaya, kalihan R.Ng. Kartasupana.

Dèwi Sawitri

Sambêtipun ing organ narpa ôngka 11.

Aturipun Dèwi Sawitri: marasêpuh kula Prabu Dyumatsena, sasampunipun wuta lajêng ical karatonipun, samangke martapa wontên ing wana, punika dipun parêngna sagêd waluya jati. Wangsulipun Hyang Yama: o, titah kang tanpa kuciwa, panjalukira ingsun parêngake, nanging sira nuli balia, dadi nora kasayahan. Aturipun Dèwi Sawitri: pukulun kula botên sagêd ngraos sayah, manawi lumampah sêsarêngan lan laki kula, wajibing èstri kêdah tumut nyandhang pêpêsthèning lakinipun, mila dhatêng pundi kemawon anggèn paduka ambêkta laki kula, mêsthi tansah kula tut wuntat. Dhuh, dewaning pêpasthèn, mugi pukulun kêparêng midhangêtakên malih aturipun Sawitri: tiyang sami kêpengin sagêdipun tansah wiraosan lan para wiicaksana, saya manawi sagêd pawong mitra, sarawungan lan tiyang sae, punika awoh

--- 12 ---

kasaenan, langkung malih tiyang ingkang sagêd wiraosan lan dewaning adil. Pangandikanipun Hyang Yama: gêdhe pigunane ucapira mau, kongsi padha lan amrêta, kang mangkono iku bisa gawe karênane para dewa, sarta nyêmbuh kautamane para luwih, mulane Sawitri, darbea panjaluk manèh, mêsthi ingsun pituruti, mung janji aja anjaluk uripe Satyawan bae. Aturipun Sawitri: sampun sawatawis taun, prajanipun marasêpuh kula karêbat ing mêngsah, mila dipun parêngna sagêd ngrêbat malih karatonipun ingkang sampun karêgêm ing mêngsah wau, saha pawingkingipun sampun ngantos karêbat ing mêngsah malih. Dhawuh wangsulanipun Hyang Yama, iya Sawitri, maratuwanira bakal nuli bisa nyêkêl nagarane manèh. Hèh, putri utama, panjalukira wus ingsun pituruti, mula banjur balia, dadi ora mimbuhi sayahe badanira, aja mrihatinake lêlakon kang kudu kalakon. Aturipun Dèwi Sawitri: pukulun ngukut gêsangipun tiyang, punika sangking pangwasaning anggêr-anggêr, dados botên sangking karsa paduka pribadi, awit sangking punika mila pukulun sinêbut Hyang Yama, panyuwun kula mugi paduka kêparêng midhangêtakên atur kula. Inggih punika sampun dados kawajibanipun tiyang sae, sami botên purun niaya ing liyan, nadyan sarana cipta, wicara, saha tindak, malah kêdah suka pangayoman kanthi sih. Manawi ing marcapada, punapa wontên tiyang ingkang bêkti, saha alusing bêbudèn kados laki kula. Para linangkung sami kawajiban ngatingalakên wêlasasihipun dhatêng sadhengah, langkung malih dhatêng tiyang sae pambêkanipun, malah dhatêng mêngsahipun pisan, manawi nêdha pangayoman kêdah dipun pitulungi. Dhawuhipun Hyang Yama: ucapira mau tumrap para dewa, kaya banyu mungguhing wong kasatan, mula sira sun wênangake darbe panjaluk manèh, mêsthi ingsun pituruti, ugêr ora anjaluk uripe Satyawan. Aturipun Sawitri: bapa kula ingkang dèrèng darbe suta priya, punika dipun parêngna darbe suta priya satus, dados botên curês turunipun ingkang pancêr jalêr, pangandikanipun Bathara Yama: kêparêng, ramakira bakal sêsuta priya satus, kang anjalari tangkar-tumangkare turune. Hèh, putri kang sinung nugraha, balia aja ambacutake laku manèh, dadi ora andêdawa sangsara. Aturipun sang dèwi: manawi tut wingking laki kula, saèstu botên kraos têbih, langkung malih tumraping cipta kula, sampun anglancangi langkung têbih malih. [ma...]

--- 13 ---

[...lih.] Dhuh, dewa sêsêmbahaning jagad, kêparênga midhangêtakên malih dhatêng aturipun pawèstri sangsara kula punika. Pukulun ingkang pangwasanipun tanpa upami, mila para wicaksana nyêbut paduka Bathara Wiwaswat, awit pangasta paduka dhatêng sadaya dumados, punika awêwaton adil, têmahan paduka sinêbut dewaning adil, môngka ing atasing adil, nadyan badanipun piyambak, kêdah botên kapitados, bilih dèrèng tumindak ingkang adil, inggih namung manah adil anjalari tuwuhing pitados, mila sadaya dumados nêdya ngayom dhatêng adil. Dhawuhipun Bathara Yama: hèh, putri linuwih, kajaba sira durung ana titah liyane kang ngucap kaya kang sira ucapake mau, mula sira ingsun parêngake darbe panjaluk manèh, janji ora anjaluk uripe Satyawan bae, mêsthi ingsun parêngake, nanging nuli balia. Aturipun Dèwi Sawitri: mugi kula darbea suta jalêr satus, sami môndraguna sura sêkti, nanging patutan kalihan Satyawan, dados Satyawan botên kacurêsan turun, pangandikanipun Bathara Yama: iya Sawitri, sira bakal darbe suta satus, prawira lan kêndêl-kêndêl, têmahan gawe sênênge atinira, sarta nyêmbuh misuwure lêluhurira, nanging aja lumaku manèh, balia samene bae mundhak saya kêbangêtên sayahe badanira. Atur wangsulanipun sang dèwi: sintêna ingkang ambêkipun adil, saèstu susila solahbawanipun, tiyang sae sarawungan lan tiyang sae, punika botên pituna, para adil ngantos kawasa ngingêr lampahing srêngenge ing langit. Taksih wontên sambêtipun.

Putri Narpawandawa

Nalika ing dintên Sêtu sontên (malêm Akat) tanggal kaping 13 Sawal Alip 1867, utawi kaping 26 Dhesèmbêr 1936, pakêmpalan Putri Narpawandawa damêl parêpatan taunan ngiras alal bihalal, wontên ing dalêm Wuryaningratan, para warga saha tamu ingkang sami rawuh 250 kirang sakêdhik. Wanci jam 8 sontên, parêpatan dipun wiwiti, dene purwaka (openingarede) nipun pangarsa Putri Narpawandawa Gusti Bandara Radèn Ayu Wuryaningat, badhe kula pratelakakên ing wingking.

Ingkang prêlu kula aturakên rumiyin, sarampunging angrêmbag parluning bale griya, kados ta: maos pèngêtan parêpatan agêng kapêngkêr sapanunggilanipun. Sarêng

--- 14 ---

dumugi agendha bab rêmbag sanès-sanèsipun, ing ngriku wontên warga sawatawis sami pratela bilih kirang sawatawis dintên kalihan parêpatan dalu wau, warga sami nampèni utusanipun pangarsa, mundhut arta darma kangge waragad tambal sulam bêkakas, sakêdhik-sakêdhikipun f 0,25 mênggahing kawontênan, sanadyan ing batosipun anganèhakên (kirang ngandêl) dene waragadipun tambal sulam bêkakas wau kapundhutakên urunanipun para warga, nanging inggih salong wontên ingkang sampun sami ambayar arta. Pangrèh Putri Narpawandawa nampèni pratelanipun warga makatên punika sami kagèt, sabab dening botên rumaos utusan nêdha arta darma, langkung malih suraosing lis darma kapratelakakên bilih ingkang mundhut arta darma wau pangarsa, punika mokal sangêt, amargi pangarsa makatên botên wajib nampèni arta-artanipun pakêmpalan, dene ingkang wajib nampèni punika artaka, punapa malih adat ingkang sampun punika manawi pakêmpalan nindakakên arta urunan dhatêng para warga, tamtu karêmbag ing parêpatan rumiyin, lajêng kawara-warakakên, dados têtela manawi idêran lis darma tambal sulam bêkakas punika botên lêrês saking pangrèh, nanging têrang bilih saking pandamêlanipun tiyang ingkang ambêg asor, amila panyuwunipun pangrèh manawi wontên idêran lis darma ingkang botên mawi mratelakakên wêwaton putusaning parêpatan, punika para warga sampun ngantos anggêga, sarta tumrapipun idêran darma ingkang dados rêmbag punika, samasa lis darma wau kaidêrakên malih dhatêng para warga sanèsipun, ingkang dèrèng kacakan idêran, tiyangipun lajêng kaandhêga, sokur lajêng kapasrahakên dhatêng pulisi, botênipun inggih enggal lapura dhatêng pangarsa, mangke badhe kaurus sarta katindakakên punapa ing samasthinipun, dene tumrap pangrèh sabibaripun parêpatan punika inggih badhe lajêng nindakakên pados sisik-mêlik, sintên tiyang ingkang purun gadhah pokal makatên punika.

Awit saking kacakêpanipun salah satunggalipun warga, pamirêng kula enjingipun wanci jam 9 enjing (dados ing salêbêtipun 10 jam) tiyang ingkang kadakwa damêl pokal sampun sagêd kacêpêng, kanthi dipun têmênakên dening para saksi, inggih punika warga-warga ingkang sampun dipun suwuni darma, dakwa kaprasahakên dhatêng sèksi Mangunjayan, lajêng kaurus ing saparlunipun. Kabaripun dakwa sampun ngakêni.

--- 15 ---

Ing ngriki kula prêlu nglairakên raosing manah, ngèngêti adatipun sadhèrèk kita ingkang sampun- sampun punika, sampun malih purun anglapurakên salah satunggaling prakawis, cacak amung nyumêrêpi (anêksèni) satunggaling kawontênan ingkang sakintên dados prakawis kemawon, adatipun malah lajêng api-api botên sumêrêp, sabab dening mindhak katut katorak-tarik mrika-mriki, sami wêgah manahipun, môngka kawontênan kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, lajêng lapur piyambak, ingatasipun kaum putri, tur aturipun wau wontên ing parêpatan agêng, punika nelakakên bilih gêsangipun sadhèrèk kula kaum putri ing samangke sampun nama mindhak sajangkah, liripun, botên badhe wêgah dhatêng rêkaosing badanipun, ugêr sintên ingkang atindak dudu sagêd sirna dening tiyang kathah ingkang sami budi rahayu.

Dumugi jam 11 langkung 30, lêlangên bêksan golèk saha wirèng (ingkang ambêksa putra-putrinipun Bandara Radèn Ayu Wôngsanagara) saha pasugatan dhahar kalih rambahan sampun rampung, lêlênggahan lajêng bibaran, sami wilujêng ingkang pinanggih.

Wondene pamêdhar sabdanipun pangarsa Putri Narpawandawa, kados ing ngandhap punika:

Nuwun sadhèrèk, pangrèhing Putri Narpawandawa, angsung pambage raharja dhatêng para warga tuwin para tamu ingkang sami kaparêng rawuh, mênggah wontênipun parêpatan dalu punika, kajawi nyarêngi parêpatan taunan, inggih ngiras sirahtulrohmi utawi alal bihalal. Tumrap kawontênanipun pakêmpalan botên prêlu kula andharakên, mindhak ambosêni, wosipun kemawon, kawontênanipun ing salêbêtipun taun punika botên kathah ewahipun tinimbang kalihan kala taun kapêngkêr, mangke badhe kaandharakên dening sadhèrèk panitra saha artaka. Amung ing ngriki ingkang kula manah prêlu kula pratelakakên kalihan cêkak, bab têgêsing têmbung: sirahtulrohmi utawi alal bihalal, amargi bab punika pancèn wigatos, langkung malih tumrapipun pakêmpalan.

Sirahtulrohmi punika têgêsipun: nyambung sih, dene alal bihalal makatên têgêsipun, apura-ingapura. Wontênipun sabên lêbaran Siyam, sami damêl alal bihalal, amargi manungsa punika amung tansah kêbak ing panggodha. Ingkang lajêng [la...]

--- 16 ---

[...jêng] ambujêng prêlunipun piyambak, botên maèlu kawisunaning liyan, ingkang tundonipun adamêl êcrah lan pasulayan, tur botên namung dhatêng sanès bôngsa, dalah bangsanipun piyambak dumugi kulawarganipun inggih asring cêcongkrahan, môngka congkrah punika botên wontên saenipun, malah sagêd damêl kapitunan ing sadayanipun, amila wajib kita singkiri.

Sadhèrèk, nyingkiri cêcongkrahan kalihan ambangun sih punika sami kemawon kalihan pokoking kajêngipun pakêmpalan, inggih punika kêdah sami katancêban manah rukun, samasa pakêmpalan punika warga- warganipun sami sayuk rukun saeka-kapti, inggih sae, nanging manawi tansah bèncèng-cèwèng inggih rêkaos gêsanging pakêmpalanipun. Awit saking punika panyuwunipun pangrèh dhatêng para warga, kalayan sangêt-sangêt, alal bihalal sabên lêbaran Siyam wau sampun namung kèndêl satatacara kemawon, nanging ugi kaparênga anglêbêtakên ing panggalih, punapa wigatosipun sirahtulrohmi kados ingkang kula aturakên ing nginggil wau, dados ugi lajêng nama nêtêpi dhêpis Narpawandawa, inggih punika: eka paksa karya sakti, supados pakêmpalan Putri Narpawandawa tumuntên sagêd nguwoh angrêmbaka.

Sapunika parêpatan kula bikak.

Juru mèngêti

Isinipun Organ Narpawandawa

1. Kautus dhatêng Nèdêrlan ... kaca 1 | 2. Pêthikan sêrat palapuranipun panitya ingkang kapatah mriksa kas ... kaca 3 | 3. Pratelan cêkak kawontênanipun arta kas Narpawandawa, dumugi pungkasanipun tanggal 9 Agustus 1936 ... kaca 4 | 4. Turunan dhawuh kawadanan santana dalêm kiwa, bab pikêkah santana ... kaca 5 | 5. Urun rêmbag ... kaca 5 | 6. Wadu wandawaning nata ... kaca 7 | 7. Bale agung mahargya tingalan dalêm ... kaca 9 | 8. Dèwi Sawitri ... kaca 11 | 9. Putri Narpawandawa ... kaca 13