Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1936, #409
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1936-01, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #321.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1936-02, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #507.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1936-03, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #508.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1936-04, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #509.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1936-05, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #510.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1936-06, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #511.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1936-07, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #512.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1936-08, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #513.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1936-11, #409 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #514.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1936-12, #409. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #515.

Ôngka 1, Januari 1936

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran - Surakarta. 2903 ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO '35. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Bratadipuran, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasradipraja, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Turunan

Ôngka 2849/ha I/24 Bab bayaran dhoktêr.

Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur wadananing putra santana dalêm têngên.

Sasampuning kadya punika wiyosipun, kula anampèni dhawuh timbalan dalêm kawrat ing nawala ing dintên Rêbo tanggal kaping 2 wulan Saban taun Jimakir, angkaning warsa 1866, suraosipun, kaparênging karsa dalêm, sarèhning putra santana dalêm, manawi gêrah sampun wontên abdi dalêm dhoktêr, ingkang wajib amriksa sarta ngupakara, kalayan lêlahanan, mila ing mangke manawi putra santana dalêm, wontên [wo...]

--- 2 ---

[...ntên] ingkang ngangge dhoktêr ingkang mawi bayaran ingkang sanès kaparêng dalêm, waragadipun supados kabayar piyambak.

Awit saking punika, salajêngipun kadhawuhakên, kula anyumanggakakên.

Kaping 15 Nopèmbêr 1935.

Pangagênging parentah karaton, W.G. Kusumayuda.

Garapan I, W.G. Atmasupana

Ôngka 3081/ha I/ 24

Bab Bayaran Dhoktêr

Sêratipun pangagênging parentah karaton, katur wadananing putra santana dalêm têngên.

Sasampuning kadya punika, wiyosipun, sêrat katitimasan kaping 21 Nopèmbêr punika, ôngka 219/K.T./17 sampun kula tampèni, mênggah bab anggèning mitêrangakên, saupami wontên putra santana dalêm gêrah utawi sakit, ingkang kêdah kagarap wontên ing pantiroga,§ Kagungan dalêm pantiroga. makatên malih ingkang gêrah utawi sakitipun kêdah kagarap dhoktêr sanès, utawi kêdah mawi kungsul, sapanunggalanipun kados ingkang kawrat ing sêrat, mênggah ingkang makatên wau waragadipun inggih kêdah kabayar piyambak, awit saking punika mugi andadosakên ing kauningan.

Katur kaping 3 Nopèmbêr 1935.

Pangagênging parentah karaton. Wg. Kusumayuda

Garapan Ha I. Wg. Wôngsaprawira.

Sampun cocog, Sastrasutanta.

Pêpatih Dalêm ing Surakarta

Wêdalipun Kumandhang Garap kala wulan Sèptèmbêr saha Oktobêr 1935 angêwrat wêdharing pamanggihipun sadhèrèk Trêsnapraja, tumrap dhatêng sêrat paturanipun Narpawandawa [Narpawa...]

--- 3 ---

[...ndawa] katitimasan kaping 31 Agustus 1935 ôngka 39/497 bab pêpatih dalêm ing Surakarta, suraosipun karingkês dados 4 bab.

I. Bab suwaking blônja f 1000,- saking guprêmèn.

II. Bab sumpahipun kawangsulna dados satunggal.

III. Bab watêsan jumênêngipun 5 utawi 8 taun lajêng lèrèh.

VI. bab gêgêntosipun sampun ngantos anggalih mêndhêt saking turun, ananging kêdah pêpiridan saking saening kalakuan.

Sadhèrèk Trêsnapraja wau sakalangkung andhèrèk mangayubagya, amargi inggih tanduk makatên punika, ingkang nama sajatining rumêksa praja saha ing panjênêngan ratu, ewêt- pakèwêdipun lêlampahan, tansah winekanan kalayan pratitis lan maton, amila namung mêmuji, pamanggihipun Narpawandawa ingkang saenipun samantên punika, mugi sinêmbadan ing Pangeran.

Sasampunipun sadhèrèk Trêsnapraja nglairakên anggèning mangayubagya sarta amêmuji kados ing nginggil punika, lajêng nglairakên saraosing manahipun, tumrap pamanggih 4 bab wau sanadyan sampun sami prayogi, ananging ingkang kaanggêp parlu piyambak, ingkang kasêbut adêg-adêg III inggih punika bab têtêpipun pêpatih dalêm kêdah winatêsan, dene panglarasipun sadhèrèk Trêsnapraja makatên:

Inggih kados ingkang sampun katêrangakên ing sêrat paturan, bilih wajib padamêlanipun pêpatih dalêm punika sakalangkung awrat, dening ngasta bangbang pangalum-aluming praja, ing môngka kawontênanipun praja punika lampahipun tansah ewah-ewah manut pikajêngipun jaman, awit saking makatên, dados manawi botên mawi watêsan, saèstunipun inggih badhe wontên kadadosan, kawontênanipun praja utawi kajêngipun jaman, botên sagêd anocogi kalihan panggalihipun pêpatih dalêm, manawi wontên lêlampahan ingkang kados makatên saèstu, ingkang badhe nandhang kapitunan agêng inggih namung para kawulaning praja dening têmtu badhe nêmahi lêlampahan ingkang botên laras kalihan pikajêngipun para kawula utawi jaman. Beda manawi mawi watêsan, badhe gêgêntosipun sagêd amawas sadèrèngipun sarana larasan ingkang cocog kalihan pikajêngipun [pi...]

--- 4 ---

[...kajêngipun] para kawula utawi kawontênanipun jaman, ingkang ugi atêgês nocogi kalihan kabêtahanipun praja, têrangipun makatên.

Ha: saupami praja sawêg kêkirangan arta, gêgêntosipun pêpatih dalêm wau, lajêng kapêndhêtakên priyantun ingkang gadhah dhêdhasar, gêmi nastiti ngati-ati dhumatêng bab arta.

Na: manawi para kawula sami rêkaos anggènipun angupaboga sarta manggaota, lajêng kapêndhêtakên priyantun ingkang gadhah dhêdhasar mumpuni dhumatêng bab panggaotan, tuwin mangrêtos ugi, dhumatêng lampahing among dagang.

Ca: manawi ombyakipun para kawula sami majêng dhumatêng bab politik pangêmbat praja saha kabangsan, lajêng kapêndhêtakên priyantun ingkang putus dhumatêng kridhaning politik, ingkang dhêdhasaripun panggalih mêmbat, pakangsalipun têmtu badhe nêntrêmakên adêging praja.

Makatên salajêngipun, manawi sagêd kados makatên, saèstunipun adêging praja badhe prayogi, mila makatên, amargi sampun cêtha sangêt, bilih pêpatih dalêm punika dados bapa babunipun para kawula, sarta panuntun ingkang ôngka satunggal, manawi botên laras, têmtu badhe nênarik kirang prayogi tumrap adêging praja, makatên panglaras kula wontênipun kula angrujuki têtêpipun pêpatih dalêm kêdah winatêsan wau. Namung kemawon sarèhning lampah makatên punika sajakipun mêndhêt larasan saking cara kilenan, sagêdipun ngadil utawi runtut, ingkang kawatêsan wau inggih kêdah botên namung pêpatih dalêm kemawon, nadyan nayaka dalêm inggih kêdah mawi watêsan, amargi nayaka dalêm wau mênggahing cara kilenan para ministêr, tumrap ing ngrika ugi mawi watêsan, nanging sarèhning praja Kajawèn ngriki punika dèrèng sagêd angêplêki kados tatanan ing kilenan, sayoginipun ing sasagêd-sagêd inggih kêdah lajêng dipun turutakên, dene panglaras kula pêpatih dalêm punika upami kula anggêp kadosdene paduka guprênur jendral, nayaka dalêm para dhirèkturing dhepartêmèn, dados kajawi kêdah sami winatêsan wau, ingkang langkung prayogi malih punika, nayaka dalêm, inggih kêdah lajêng katata miturut larasan cara kilenan pisan, inggih punika mangagêngi satunggal-tunggalipun [satunggal-tunggalipu...]

--- 5 ---

[...n] golongan, kados ta: urusan siti wajibipun nayaka bumi, urusan arta nayaka gêdhong, urusan prajurit, nayaka kaparak, makatên salajêngipun, awit sanadyan cara Jawi pisan, miturut sêrat-sêrat babad, adêgipun para nayaka wau, inggih sampun katata kados makatên, dados saupami lajêng dipun tindakakên makatên, kajawi inggih botên nama bêbadhe, nanging namung anglurèkakên tatanan kina ingkang sampun prayogi, ingkang langkung parlu malih punika, nayaka dalêm wau lajêng botên wontên ingkang mastani sakêdhik parlunipun, ingkang tundonipun lajêng kaprayogèkakên dipun suda kados sanjangipun sêrat-sêrat kabar, tur gandhèngipun kalihan sawêg pinuju kêkirangan arta makatên punika, inggih prayogi sangêt, dening têmtunipun lajêng sagêd angirit wêdalipun arta waragading praja.

Amangsuli bab wêwatêsan, manawi larasanipun kalihan parlu-parlunipun rêmbag ing nginggil, watêsanipun wau prayoginipun kêdah 8 taun, amargi petangan 8 taun punika mênggahing cara Jawi, kenging inganggêp sajaman, amung kemawon, sarèhning praja Surakarta punika botên kagungan panggaotan, manawi katata mawi watêsan kados rêmbag punika, punapa artanipun praja sagêd anyêkapi, amargi bilih saèstu mawi watêsan wau, têmtunipun para ingkang sampun lèrèh, inggih kêdah angsal pêpancèn ingkang pantês, môngka têmtunipun badhe botên sakêdhik ingkang sami lèrèh sarana pènsiyun, sanadyan têmtunipun inggih kapêndhêtakên saking bôndha pènsiyun ingkang sadaya wau ugi sampun kacêngklong, nanging manawi ngèngêti pènsiyunan agêng-agêng ingkang botên sakêdhik pêpetanganipun, sayêktosipun raosing manah kula botên sagêd tanggêl kacêkapipun, wontên ing ngriki punika gawatipun ulah kaprajan, dhasar praja ingkang kêkirangan arta, sarta botên kagungan panggaotan, sabên badhe anglaras supados sae, têmtu inggih lajêng kanggêg wontên ing ngriku punika, ewadene sarèhning punggawaning praja dalah putra-putra dalêm sampun sami mumpuni dhumatêng kridhaning pangêmbat praja, dados kula inggih sampun pitados, têmtu botên badhe kewran amudhari ruwêt rêntêngipun kawontênan kados ingkang kula manah sakalangkung gawat punika, botên langkung pamuji kula ing ngriki, namung mugi sagêda kasambadan kalayan botên sarana nyuda kaluhuran lan kasantosanipun karaton saha nagari dalêm sawêngkonipun [sa...]

--- 6 ---

[...wêngkonipun] sadaya, nanging malah tambah-tambaha rosa kiyat kadayan dayanipun para wadu wandawaning nata, anggènipun sampun saeka kapti, inggih punika ingkang sinêbut kêmpaling kawula gusti. Amin.

Makatên wêdharing pamanggihipun sadhèrèk Trêsnapraja, ingkang kawrat wontên ing Kumandhang Garap. Mênggah wontênipun panjurung punika kapêthik lajêng kaêwrat wontên ing organ ngriki, prêlunipun inggih bokmanawi amêwahi isining panggalihanipun para warga Narpawandawa, supados saya wêwah utawi saya wiyar wawasanipun, wasana namung nyumanggakakên.

Prihatos

Nalika jamanipun taksih sarwa gampil samudayanipun, angên-angênipun para anak putu kita ingkang taksih wontên salêbêting pasinaon, mèh racak panjangkanipun katujokakên dhatêng suwita gupêrmèn sarta purtikêlir sasaminipun, dene ingkang gadhah panjôngka suwita kraton, namung sakêdhik sangêt. Mênggah pikajênganipun para anak putu ingkang kados makatên punika, botên gampil jinawab ing sok tiyanga, namung kula sagêd ngaturi katrangan ingkang gampil, wontênipun para anak putu nalika jaman samantên niyatipun sungkan suwita ing kraton, sabab namung saking dêrêng ombaking jaman kemawon, tôndha pasêksènipun sarêng jamanipun malik garembyang inggih lajêng kathah ingkang purun suwita, parentah sampun botên susah kecalan arta adpêrtènsi, para inggiling pasinaon sampun sami gumrudug nyuwun suwita ing kraton saking kajêngipun piyambak, malah ugi kathah ingkang namung narimah magang dèrèng nampèni pituwas, dene anggènipun sarwa ènthèng para luhuring pasinaon suwita ing kraton wau, bêbasanipun alit rêdi Himalaya gênging manah kula, amargi kiyasing manah kula, ingkang sagêd damêl jaman modhèrên punika, botên sanès namung dumunung tiyang ingkang luhur pasinaonipun, ing môngka dumugi dintên punika botên sakêdhik para inggiling pasinaon ingkang sami suwita ing kraton, mila miturut ing nalar, sampun tamtu kemawon praja Surakarta botên dangu malih calon modhèrên samudayanipun.

Saking kêbaking kapitadosan kula dhatêng para luhuring pasinaon anggèning badhe [ba...]

--- 7 ---

[...dhe] mulyakakên praja Surakarta dalah sakukubanipun, atur kula mugi anggènipun purun suwita wau, sampun namung kangge ngaso wêkdal môngsa rêkaos punika kemawon, amargi manawi makatên kajawi angsal sasêbutan, mung kanggo salirane dhewe, ugi lajêng nama tiyang ingkang botên antêpan, la tiyang ingkang botên antêpan punika inggih dhatênga jaman pundi kemawon, kajawi lajêng dipun ênjêti ingkang salajêngipun botên badhe angsal kapitadosan, ugi tamtu badhe lajêng bobrok morilipun. Mila panyuwun kula punika mugi sagêda anjalari luhur lan utaminipun para inggiling pasinaon saumumipun, ingkang salajêngipun sagêd amêmayu hayuning praja, dene atur kula dhumatêng parentah ingkang wajib, murih wilujêng lan manggih kamulyan sadayanipun, mugi kêparênga anintingi ingkang taliti, sampun ngantos surêm dening gêbyaring (dhiploma) partisara.

Kula nuwun, mênggah suwantên kula ingkang tansah ngangkang wontên ing organ punika, botên kok kula mêmulang sasamènipun, nanging muhung saking kêdah-kumêdah kula badhe anêtêpi anggèn kula dados sêntananipun panjênêngan dalêm nata, amargi saking kayakinan kula ingkang mêdal saking manah suci, kula kaparingan ampilan pikukuh santana dalêm punika, botên namung badhe kula angge sombongan ambêg sawênang-wênang, angêdak-êdakakên, rumaos langkung inggil, sêsongaran sasamènipun, punika kula botên pisan-pisan, amargi upami wontên tindak makatên punika malah lajêng nama anyulayani anggèning dados santananipun panjênêngan dalêm nata, mila murih sagêdipun runtut kalihan anggèn kita dipun paringi ampilan pikukuh, kita kêdah têtêp rumêksa ing kaluhuranipun panjênêngan dalêm nata sakukubanipun. Mênggah ingkang kula kajêngakên rumêksa wau, dede bangsanipun rumêksa ingkang kangge badanipun piyambak, utawi dede bangsanipun rumêksa ingkang namung mêndhêg- mêndhêg nun inggih lan kasinggihan, nanging sajatosing rumêksa ingkang kula kajêngakên, dene sajatosing rumêksa wau botên susah kula gamblangakên, ambokmanawi para maos langkung malih juru pamongipun Narpawandawa, tamtu botên badhe kêkilapan,§ Pangandikanipun satunggiling sarjana, mênggah bakunipun, sajatining rumêksa punika kêdah anglindhih pigunaning salira, nanging muhung nêdya mêmayu hayuning praja. mila kula tansah pitados mawantu-wantu, sasuwuking

--- 8 ---

gêndhing pambêngok kula punika, tamtu botên badhe wontên kadadosan para putra santana utawi abdi dalêm ingkang nêmaha damêl kapitunaning praja Surakarta Adiningrat.

Si Unyik, Cakrapangarsa.

Sêrat Wêwaton Tatakrami Têmbung Kadhaton

Sambêtipun organ narpa ôngka 12.

Lajêng malayoni titihan dalêm wau. Dene palayunipun dumugining ngarsa dalêm asmu anjêrunthul, amung abdi dalêm gamêl gajah mati tukang panyarak ingkang botên malayoni, majêngipun amung kalayan lenggot raga, têgêsipun saengga ngigêlakên badanipun sarwi nguswa carakipun ingêmban, utawi kinuswa-kuswa, pangigêlipun ing dalêm satanjakan mawi macak jôngga anolih lambening titihan dalêm, aju unduripun sarana angêntosi wiyosing dhawuh pangandika dalêm, ugi sami lenggot raga, salêbêting sumiwi ing ngarsa nata wau, wadana sapanêkaripun sadaya tanduking têmbung inggih sami ngangge wêwaton tatakrami piyambak-piyambak, kados ta: ngrêmbag camêthi winastan têmbung ngrêmbag tali utawi dhadhung winastan tambang sasaminipun sadaya.

2. Ingkang kaping kalih, wêwatonipun abdi dalêm yaga, sapanêkaripun, ingkang nampèni dhawuh sasmita dalêm punika, abdi dalêm prikônca kalonthangan, inggih punika kalanturing bêbasan sinêbut canthang balung, dene manawi anampèni dhawuh sasmita dalêm sauripun santak, têgêsipun sêndika angagètakên, dhumawuhipun dhatêng kônca yaga inggih sami ngangge têmbung kadhaton.

3. Ingkang kaping tiga, wêwatonipun abdi dalêm juru panuksma, manawi jaman sapunika winastan abdi dalêm mantri kajinêman, ing ngriku saupami badhe binijig ing karya, dipun duta nêlik pabaratan mêngsah sarta satataning liyan praja, sadèrèngipun sowan kêdah winêling wontên kapatihan rumiyin, winot saliring rèh amarasandi, punapadene sinamêktan pakartining margi, manawi sampun tinanggênah ingkang dados parênging karsa nata, lajêng kerit sumiwi ing ngarsa dalêm, ing ngriku wêwatonipun abdi dalêm juru panuksma wau, manawi sampun anampèni dhawuh dalêm, [da...]

--- 9 ---

[...lêm,] angkating juru panuksma botên mawi nyandikani, amung lajêng ngadêg capêng malangkrik sarwi gêrêng-gêrêng, ngusapi brêngos, ngêtap jonggot,jenggot. lajêng lèngsèr saking ngarsa tanpa pariwara, mila kêdah tinanggênah sadèrèngipun sowan.

4. Ingkang kaping sakawan, wêwatonipun abdi dalêm sarati, mila sakancanipun sami rinilan angangge têmbung kadhaton, awit ing kina dipôngga punika kagêm dados titihaning nata, mila botên pisah wontên ing ngarsa dalêm kemawon, dados ingkang dipun angge pagunêman sakancanipun inggih kados ingkang kasêbut ing wêwaton têmbung kadhaton.

5. Ingkang kaping gangsal, mila wadana anggandhèk sapanêkaripun sami angangge têmbung kadhaton punika, margi kala jaman kina anggandhèk wiyosing pangandika dalêm nata, sarta ing dalêm sadintên sadalunipun ingkang caos anyêpak ing srimanganti cumadhang dhawuh dalêm ing sri narendra.

Wiyosipun, mênggah ingkang kapratelakakên ing wêwaton tatakrami têmbung kadhaton sadaya wau, sayêktinipun wajib sami angèngêti sasamining wêwaton satunggal- tunggalipun, kados ing nginggil punika wau sadaya, wondene sanadyan botên parlu, nanging wajib kaangge papèngêt-èngêt salamènipun, ingkang pancèn sami kagungan wêwênang, têgêsipun kaliwon sapanginggil, awit nalika jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping kalih, lajêng amung kawatês kaliwon sapanginggil kemawon, ananging sanadyan dede kaliwon anggêr sapanêkaring para wadana, gamêl, kalang, gandhèk, yaga, juru panuksma, sarati, sadaya wau inggih kenging angèngêti, awit panèwu mantrinipun dumugi lurah bêkêl jajar ingkang kalêbêt ing pratelan punika, taksih rinilan angangge satatacaraning têmbung kadhaton, sarta wajib sami dipun kulinakakên ing waton sêrat, saparluning têmbung kadhaton kêdah kaapilakên, awit saênggèn-ênggèn miwah tanpa masa ing parluning karaton, dados abdi dalêm agêng alit punika manawi sampun kulina tuwin apil botên wangwang panganggenipun.

Tamat

Patraduta.

--- 10 ---

Aturipun Dèwi Drupadi Dhatêng Dèwi Sêtyaboma

Sambêtipun organ Narpa ôngka 10.

Punapa priya ingkang manahipun anggung sumêlang, sagêd rumaos bêgja saha têntrêm manahipun. Priya botên badhe miturut dhatêng semahipun, manawi amung sarana ngucapakên môntra. Kakangbok saèstunipun sampun nate mirêng, sakit anèh-anèh ingkang tuwuh saking pandamêling mêngsah. Tiyang ingkang ngangkah pêjahing tiyang, sarana wisa ingkang dipun tunggilakên samukawis, lajêng kasukakakên ing tiyang ingkang nêdya dipun pêjahi, sarana kaborèhakên punapa katêdha, murih tiyang wau sagêd pêjah, utawi ngangkah sagêdipun abuh, budhug, lumpuh, dhêngglêng, wuta tuwin budhêg. Tiyang ingkang purun anglampahi pandamêl makatên, adhakanipun ugi lajêng purun niksa dhatêng lakinipun, sarana pandamêl makatên wau, nanging pamuji kula sampun ngantos wontên pawèstri ingkang purun nyidra priyanipun. Suwawi kakangbok dipun piyarsakna aturipun Drupadi, anggèn kula sabên-sabên angladosi para Pandhawa. 1 Adigunging manah kula tansah kula angkah sirnanipun. 2. Pêpenginan saha kanêpson kula tansah kula têlukakên, dados anggèn kula ngladosi para Pandhawa dalah para warganipun, punika kanthi raos bêkti. 3. Sujananing manah, kula sirnakakên. 4. Sawarnining tindak-tanduk salêbêting ngladosi kanthi pangatos-atos. 5. Manawi dipun parêngakên wawan pangandika, kula botên nate nyariosakên ingkang awon tuwin botên nyata, 6. Kula botên nate mandêng Pandhawa ngantos dangu, ingkang lajêng nuwuhakên raos botên sakeca, awit kula priksa manawi para Pandhawa punika satriya kinawasa, cahyanipun sumorot kadi srêngenge, utawi kados latu kurban. Warninipun bagus, nêngsêmakên kadi wulan purnama, dados manawi Pandhawa wau ngantos mêngku bêndu, tamtu sagêd damêl sirnaning samukawis, namung sarana kapandêng kemawon. 7. Kula botên adus, manawi laki kula dèrèng siram. 8. Kula dèrèng tilêm manawi laki kula dèrèng sare. 9. Kula botên nêdha manawi laki kula dèrèng dhahar, malah awis tilêm, saha nêdha kula, punika manawi sadaya para cèthi parêkan, sampun adus, tilêm tuwin nêdha, 10. Manawi laki kula kondur saking paprangan, saking ambêbêdhag, punapa saking pundi kemawon, enggal-enggal kula papagakên kalihan bêkta toya ing bokor, sarta palênggahan. 11. Sabên dintên [dintê...]

--- 11 ---

[...n] kula rêsik-rêsik bale griya, dalah sadaya pirantos, punapadene sabibaring dhahar, enggal kula rêsiki, kanthi pangatos-atos. 12. Anggèn kula ngratêngi dhaharipun, anggèn kula ngladosakên inggih botên nate kasèp. 13. Kula botên nate ngoso tuwin garundêlan, 14. Kula botên pindhah-pindhah nulat ing patrapipun pawèstri awon. 15. Kula botên nate purun tumindak ing damêl ingkang kalepetan dosa, saha botên nate nyolahbawa ingkang botên dados karênaning para Pandhawa. 16. Kula botên nate gumujêng manawi botên nuju gêgujêngan. 17. Kula botên nate anguk-anguk wontên ing regol. 18 Botên nate kêkaring wontên ing patamanan ngantos dangu, manawi taman wau cêlak griya. 19. Kula botên nate nywantên saha gumujêng sora, utawi mambêng sadhengah ingkang damêl kawirangan. Dhuh, kakangbok, sadhèrèk kula sêpuh èsthining manah, badan kula amung nêdya kula angge ngladosi priya kula, mila kados punapa risaking manah manawi ngantos pisah lan panjênênganipun. Upami laki kula kesah kangge pêrluning kulawarga, kula tamtu lajêng tarak brata, botên ngangge sêkar, gagônda wida konyoh, tuwin tasik, kula cêgah umbèn-umbèn, tatêdhan, utawi nglampahi punapa kemawon. Ingkang laki kula botên karsa ngunjuk, dhahar, tuwin nindaki. Kanthi sêtyatuhuning manah, anggèn kula tansah nêdya damêl punapa ingkang anjalari karaharjanipun para laki kula. Taksih wontên sambêtipun.

Isining Organ Punika

1. Turunan dhawuh bab bayaran dhoktêr ... kaca 1 | 2. Bab pêpatih dalêm ing Surakarta ... kaca 2 | 3. Prihatos ... kaca 6 | 4. Sêrat wêwaton tatakrami têmbung kadhaton ... kaca 8 | 5. Aturipun Dèwi Drupadi ... kaca 10 | 6. Pananggalan ... kaca 12 | 7. Nitik Sultan Agungan.