Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1935, #410
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1935-01, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #322.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1935-02, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #496.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1935-03, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #497.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1935-04, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #498.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1935-05, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #499.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1935-06, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #500.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1935-07, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #501.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1935-08, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #502.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1935-09, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #503.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1935-10, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #504.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1935-11, #410. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #505.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1935-12, #410 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #506.

Ôngka 1, Januari 1935

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Wirengan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.M.Ng. Sasrakusuma, Kapatihan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pawartos Saking Pangrèh

Nuwun, saèstunipun para sadhèrèk warga Narpawandawa kakung saha putri sampun sami midhangêt, bilih pangrèh gadhah sêdya badhe sowan sêsarêngan kalihan para warga kakung putri wontên ing ngarsa dalêm, angunjukakên kasugêngan dalêm saha ngunjukakên pisungsung gambar, konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, anggènipun jumênêng dados pangayomanipun pakêmpalan Narpawandawa sampun 20 taun, wilujêng, botên wontên sabab satunggal punapa, namung sêdya kasêbut ing nginggil wau botên sagêd kasêmbadan, amargi ing wêkdal punika sampeyan dalêm ingkang wicaksana sawêg arungan kathah panggalihan dalêm ingkang prêlu-prêlu, mila kaparênging karsa dalêm, bab anggènipun pakêmpalan Narpawandawa badhe ngunjukakên kasugêngan dalêm, saha ngunjukakên pisungsung gambar wau, kadhawuhan ngêwrat ing sêrat [sê...]

--- 2 ---

[...rat] kemawon, kasêbut sêrat dhawuhipun pangagênging parentah karaton, katitimasan kaping 26 Nopèmbêr 1934, ôngka 3131/ha I/29, sampun kalampahan kaèstokakên, murih têrangipun turunanipun sêrat-sêrat kapacak ing organ ngriki, kados ing ngandhap punika:

Ôngka 3131 / Ha1/29

Bab Sowan Ing Ngarsa Dalêm

Sêratipun pangagênging parentah karaton dhumatêng pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa.

Sêrat katitimasan kaping 14 Nopèmbêr punika, ôngka 55/461 sampun kula tampèni, sarta sampun kula saosakên konjuk kauningan ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana. Mênggah anggènipun warganing Narpawandawa nyuwun sowan ing ngarsa dalêm, prêlu ngunjukakên sêtya sumungkêmipun, tuwin ngunjukakên kasugêngan dalêm, punapadene ngunjukakên pêpèngêt warni gambar, punika wiyosing dhawuh timbalan dalêm, sakalangkung andadosakên suka pirênanipun panggalih dalêm, nanging sarèhning ing mangke sawêg arungan kathah panggalihan dalêm ingkang prêlu-prêlu, mila anggènipun warganing Narpawandawa badhe sowan ing ngarsa dalêm kanthi ngunjukakên pêpèngêt warni gambar wau, kadhawuhan ngêwrat ing sêrat kemawon. Andadosna sumêrêp.

Kaping 26 Nopèmbêr 1934.

Pangagênging parentah karaton: WG. Kusumayuda.

Garapan Ha I. WG. Atmasupana.

Bab Ngonjukakên Pisungsung

Ôngka 62/461

Sêrat paturanipun pangrèh Narpawandawa, katur pangagênging parentah karaton.

Kula nuwun, angèstokakên sêrat dhawuh katitimasan kaping 26 Nopèmbêr 1934, ôngka 3131/Ha1/29, pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa jalêr saha èstri, ingkang sapisan angunjukakên sêmbah sumungkêmipun para warga, kaping kalih [ka...]

--- 3 ---

[...lih] angunjukakên pêpuji wilujêng dalêm, konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dene dumugi ing taun Wawu 1865, punika jumênêng dalêm dados pangayomanipun Narpawandawa sampun 20 taun, saha sampun kathah paring dalêm kadarman, ingkang sagêd murakabi dhatêng para warga, sumarambahipun dhatêng para santana dalêm sanèsipun, punapa malih amarêngi nalika ing dintên Salasa Paing wuku Watugunung, môngsa kalima, windu Sancaya, tanggal kaping 21 wulan Rêjêb, taun Wawu, angkaning warsa 1865. Kalêrês tingalan dalêm wiyosan taun, saking sih kamirahanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, yuswa dalêm têtêp 70 taun, wilujêng botên wontên satunggal punapa, wondene unjuk pêpujinipun Narpawandawa jalêr saha èstri wau anartanana pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, tuwin putra-putri dalêm sadaya.

Nuwun, anjawi saking punika pakêmpalan Narpawandawa jalêr saha èstri angonjukakên pisungsung warni gambar, sanadyan botên sapintêna pisungsung wau, amung minôngka tôndha sêtyatuhunipun para warga Narpawandawa jalêr saha èstri, ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, dene pisungsung punika isi gambaripun para lêluhur dalêm, ingkang sagêd kacêpêng gambaripun, inggih punika wiwit Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 6 sapangandhap. Wondene rêrênggan gambar surya, côndra tuwin kartika, ingkang dumunung sanginggiling gambar-gambar, punika pasêmonipun lêluhur dalêm para putranipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping 1, ing nagari Kartasura, sami miyos saking pramèswari dalêm, saha ingkang sami sugêng, inggih punika: 1. Radèn Mas Surya, sarêng jumênêng nata ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Amangkurat Jawa, 2. Radèn Mas Sasôngka, diwasanipun asma Kangjêng Pangeran Adipati Purbaya. 3. Radèn Mas Sudama, diwasanipun asma: Kangjêng Pangeran Adipati Balitar. Lêluhur dalêm têtiga punika sarêng trah -tumêrah manunggilipun dados satunggal, lajêng wontên ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, amila kuncaraning asma dalêm angambar ngantos dumugi ing pundi-pundi, awit dening sampeyan dalêm ingkang wicaksana wau tuhu sajatining trimurti.

Nuwun, awit saking punika, pakêmpalan Narpawandawa jalêr saha èstri mêmuji ing Gusti Allah, mugi-mugi sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, [susu...]

--- 4 ---

[...hunan,] dinirgakna ing yuswa, sugêng sênggang sênêng, winantua ing karaharjan, lastari dados pandam pangaubanipun para putra santana, abdi tuwin kawula dalêm sadaya mênggah punika salajêngipun konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, anyumanggakakên.

Katur tanggal kaping 11 Dhesèmbêr 1934.

Panitra Wg. Purwasastra. Mudha pangarsa: Wg. Suryaamijaya.

Wahyu Karaton

Motto: kautaman lan sajatining pangrêksa punika wontên tanduk ingkang purun nênacad sarta mêmaoni. Kosokwangsulipun sajati pangrisak punika wontên tanduk pangumpak (pangalêm).

Sêrat kabar Darmakôndha, basa Mlayu d.d. 11/11 '34 wontên gubahanipun sadhèrèk Suyitna dipun purwakani: Wahyu Cakraningrat. Sarèhning kula manah parlu tumrap adêging karaton saha nagari dalêm ing Surakarta, amila ing ngriki badhe kula Jawèkakên, salajêngipun kangge rêrêngganipun organ kita Narpawandawa, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Sawatawis wulan punika sêrat-sêrat kabaripun bôngsa kita ing Surakarta ngriki, katingal guyêng anggènipun sami angrêmbag: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Wondene tuwuhipun rêmbag wau, sêmunipun saking salah satunggalipun pakêmpalanipun abdi dalêm ingkang manah dhumatêng kawilujênganipun praja Surakarta, sarèhning sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana sampun yuswa, môngka dèrèng wontên ancêr-ancêripun ingkang badhe sumilih kaprabon, dados amanah parlu Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau, tumuntên dipun wontênakên sapunika.

Mênggah parlunipun ing Surakarta tumuntên wontên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau, saèstunipun pamaos sampun sami anguningani, amung kemawon ing sayêktosipun rêmbag bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom punika

Sambêtipun mirsanana kaca 6.

--- [5] ---

Pratelan Urut-urutan Saking Para Putra Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana Kaping 1 Ing Nagari Kartasura, Sami Miyos Saking Pramèswari Dalêm, Ingkang Trah-tumêrah Lajêng Dados Satunggal Wontên Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana

Ingkang Sinuhun Prabu Amangkurat Jawa ing Kartasura, pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping II ing Surakarta, pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping III pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana Kaping IV pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana Kaping V pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping VI pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IX pêputra: Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.Kolom Pertama.

Kangjêng Pangeran Adipati Purbaya, pêputra: Kangjêng Ratu Kancana, pramèswari dalêm P.B.II pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana Kaping III pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IV pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping V pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping VI pêputra: Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IX pêputra: Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.Kolom kedua.

Kangjêng Pangeran Adipati Balitar, pêputra: Radèn Ayu Mangkunagara ing Kartasura, pêputra: Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara I pêputra: Kangjêng Pangeran Ariya Prabu Wijaya, pêputra: Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara II pêputra: Radèn Ayu Adiwijaya I pêputra: Kangjêng Pangeran Ariya Adiwijaya II pêputra: Kangjêng Ratu Pakubuwana pramèswari dalêm P.B.IX pêputra: Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.Kolom ketiga.

Kangjêng Pangeran Adipati Balitar, pêputra: Radèn Ayu Mangkunagara ing Kartasura, pêputra: Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara I pêputra: Kangjêng Pangeran Ariya Purbanagara ing Kadhiri, pêputra: Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm P.B.VIII pêputra: Gusti Kangjêng Ratu Bandara, garwanipun Kangjêng Pangeran Ariya Adiwijaya kaping II pêputra: Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm P.B.IX pêputra: Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana.Kolom keempat.

--- 6 ---

botên kenging kangge gampil, amargi beda sangêt katimbang kalihan milih calonan lid rêgènsêkap rad, utawi minggahipun polêkrad. Manawi kula botên kalèntu, gajêgipun ing Darmakôndha ngriki sampun nate anglairakên pamanggih, bilih pamilihipun ingkang kacalonakên jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau, kêdah gêgandhengan kalihan panganggêp ingkang winastan, wahyu karaton, utawi wahyu Cakraningrat. Awit saking punika, dados rêmbag sarta usulipun pakêmpalan tuwin swaranipun sêrat kabar punika, sawêg nama rêmbag lair, dene pratitisipun, saèstunipun têksih ginaib, botên cêkap namung ginagapan kalayan nalar lair kemawon. Amung kemawon, sarèhning bab punika gumantung wontên ing sarira dalêm sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, môngka têmtunipun sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana wau sampun kagungan kawicaksanan lan kawaskithan, dados inggih mèmpêr kemawon bilih usul sarta suwara-suwara wau dèrèng sagêd dados panggalihan, dados têrangipun ing mangke taksih ginaib.

Suraosipun wawasan ing Darmakôndha makatên wau wontên raosipun ingkang atêgês botên rujuk dhumatêng pikajêngan tumuntênipun wontên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, nanging katingal obyèhtip (objectief) tumrap kula ngrujuki sangêt, amung kemawon, bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau, inggih kêdah gêgandhengan kalihan larasan wahyu karaton, amargi ingatasipun mêngku kaprabon, badhe sinuhun-suhun saha sinêmbah-sêmbah tiyang miliyunan punika, ing kalairanipun kemawon pamilihipun inggih botên gampil kabatosanipun, manawi botên angsal wahyu karaton, dipun sêsêmbah, dipun susuhun wau, têmtu botên kuwawi: dene ingkang badhe kadhawahan wahyu wau, têmtu sampun kinodrat mênggahing Pangeran, jalaran botên kenging kasuwun sarana mêsu cipta kemawon, ananging sintên ingkang sampun kuwawi kanggenan wahyu, sasolah tingkah tindak- tandukipun, têmtu sampun anocogi kalihan kaparêngipun ingkang kagungan wahyu, inggih punika Pangeran ingkang misesa kaanan: awit saking dèrèng wontên ingkang dipun karsakakên jumênêng kangjêng gusti, dados têgêsipun ing sapunika dèrèng [dè...]

--- 7 ---

[...rèng] wontên ingkang kadunungan wahyu, saha ing Surakarta Adiningrat punika, wahyu nata ping sawêlas, dèrèng dhumawah.

Para maos ambokmanawi salong taksih dèrèng uninga punapa ta ingkang winastan wahyu wau, saking pamanggih kula wahyu makatên atêgês kalangkungan (kalangkunganipun tiyang) sadaya kalangkunganipun tiyang punika, inggih punika wahyu, dene wahyu wau mawi undha-usuk, kados ta: para sarjana sujana ingkang gadhah kalangkungan prakawis politik (pangêmbat praja) upaminipun Sang Idlêr, Musulini, utawi Sang Mustapa Khemal, sadaya punika têgêsipun sami kasinungan wahyu.

Amangsuli rêmbag bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kula rujuk sangêt dhumatêng ancas utawi tujunipun Darmakôndha nalika samantên, namung ing ngriki kula badhe mêwahi katrangan sawatawis, sayogining tindak, sintên ingkang kagungan karsa kapengin jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, mugi sampun ngantos daya-daya ing galih, amargi sadaya tindak ingkang daya-daya punika, sanadyan saupami sagêd kadumugèn, ananging adatipun asring botên sagêd widada, amargi tanduk daya-daya punika, adhakanipun têmtu saking dêrênging manah, kapengin sêlak angraosakên kados punapa ingkang dipun pikajêngakên, kados makatên wau têgêsipun anjurungi lobaning napsu, têmtu badhe botên sayogi kadadosanipun, makatên punika tumrap panggayuh dhumatêng punapa kemawon, langkung malih anggayuh dhumatêng jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, badhe jumênêng nata dados sêsêmbahanipun tiyang pintên-pintên, manawi ngantosa tumindak daya-daya tuwin anjurungi dêrênging pêpenginan, sayêktosipun kula ragi kuwatos anggènipun makatên wau, mangke gèk namung saking anggènipun angraras sakeca tumrap sarira pribadi, botên patos anggalih dhumatêng para kawula. Makatên malih sarèhning jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom punika manawi tinangsulan prajangjian kalihan guprêmèn Walandi, inggih punika winastan politik kontrak, mangke gèk lajêng gumampil anyudakakên kaluhuran sarta panguwasanipun panjênêngan ratu, punika botên prayogi sangêt.

Para maos kados sampun sami botên kêkilapan dhumatêng kawontênanipun para [pa...]

--- 8 ---

[...ra] panjênêngan ratu ing Indhonesiah, langkung malih panjênênganipun sultan ing Cirêbon, sipatipun ing mangke ngantos sirna anggènipun jumênêng sultan, amargi lajêng botên kagungan panguwaos punapa-punapa. Malah sapunika wontên kabar, kacariyos sultan ing Cirêbon wau badhe kasuwak, jalaran saking anggènipun sugih sambutan.

Awit saking punika, dados manawi panggayuh dhumatêng darajad Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau botên winanton panggalih sukci, sagêd ugi ing Surakarta ngriki badhe katularan kados ing Cirêbon, amila para luhur saha para sinatriya wiwit sapunika mugi sami anggêgulanga anucèkakên panggalih. Sampun ngantos katungkul kados ingkang tansah kula sumêrêpi, bilih para luhur ing Surakarta saha Ngayogyakarta punika, katingalipun amung tansah mangun suka kemawon, botên pisan -pisan angulah kautamaning budi saha sukcining panggalih, manawi kalajêng-lajêng, saèstunipun badhe kalampahan nêmahi kados kawontênan ing Cirêbon, sarèhning kasukan lan kawibawaning para luhur punika kenging kula wastani sampun nama tuwuk, dados ing mangke sampun wancinipun kêdah santun lampah, mêsu brata sinartan anucèkakên panggalih,§ Bok cobi kaandharakên sawatawis, kadospundi lampahipun nucèkakên panggalih wau. Red. parlunipun supados Pangeran ingkang wênang misesa kaanan, lajêng kaparêng angrêntahakên sih, amaringakên tumuruning wahyu karaton ing Surakarta.

Miturut wêwaton piwulang kautaman, manawi anggayuh darajad sampun ngantos kawangwang ing galih, tansah amêtha kadospundi badhe sakecanipun ing benjing bilih sampun kalampahan, upaminipun anggayuh Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, utawi pêpatihing nata, nanging namung kasèndhèkna atas saking karsaning Allah, manawi sadèrèngipun ngantos tansah kawangwang, adhakanipun botên sagêd kasêmbadan, manawi ngagêsang anggadhahi panggayuh ingkang ngantos sampun botên karaos paedahipun, nanging pamêsunipun taksih lêstantun botên kêndhat, ing ngriku dados titikan, bilih gêgayuhanipun punika badhe tumuntên kinarilan ing Pangeran, punika tumrap sadaya gêgayuhan punapa kemawon. Manawi para lêluhur kula [ku...]

--- 9 ---

[...la] sadaya sampun sami kadunungan raos sumêdya ngêningakên cipta, winantos sukcining panggalih, têmtu badhe tumuntên kadhawahan wahyu. Kosokwangsulipun manawi namung tansah nêngênakên kasênêngan, mugi sampun ngantos angadhang-adhang dhumawahing wahyu jati, kula angakêni, manawi para luhur kita punika sampun sami kadhawahan wahyu, wahyu ratu, punapa pandhita, sarta punapa wahyu sinatriya, têmtu badhe anggadhahi daya prabawa, ingkang sakalangkung agêng, inggih andayani tumrap sarira piyambak, utawi kulawarga, daya dhumatêng kawula, sarta siti wutah rah.

Amangsuli bab Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, miturut saking pamanggih kula, prayogi namung kasumanggakakên sahandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, amung sajawinipun putra dalêm wau, sampun ngantos wontên ingkang gadhah cipta badhe jumênêng Pangeran Adipati Anom, ingkang jalaran namung katarik sêngsêming kawibawan, amargi manawi sagêd kasêmbadan, adhakanipun sagêd mitunakakên golongan sanès utawi rakyat.

Miturut babad-babad sarta wasitanipun para wiku, jumênêngipun panjênêngan ratu punika, manawi tansah kinêmulan daya pamrih parluning sarira pribadi, punika adhakan botên sagêd widada, langkung malih bilih pamrihipun wau gêgayutan kalihan pawèstri. Pasêksènipun sampun kathah, punapa panjênêngan ratu punapa tiyang limrah, sabên dintên tansah nêngênakên asmara dhumatêng wanodya, kêrêp pinanggih siyal, utawi apês. Mila pamuji kula mugi para putra dalêm botên sami nyipta jumênêng Pangeran Adipati Anom, nanging kacêkap namung nucèkakên panggalih. Amung samantên andharanipun sadhèrèk Suyitna, wasana nyuwun gênging pangaksama kirang langkunging anggèning anjawèkakên.

Pun: Ha.

Wajibing Wanita Kêdah Damêl Pamarêming Priya

IV

Rama, sumôngga kula aturi siram, supados sêgêr sarira panjênêngan, sadaya sampun kula sadhiyakakên: agêm-agêman sampun ratusan, sarta lisah cêncêman arum sampun cumawis. Kajawi punika sanggar pamujan inggih sampun dipun rêsiki. [rê...]

--- 10 ---

[...siki.] Sajèn-sajèn ingkang katur dhatêng para dewa inggih sampun sadhiya sadaya. Sêkar-sêkar, dupa, ratus, punapa malih sêkar campur bawur, anggèn kula tata dhahar inggih sampun mèh rampung, manawi panjênêngan sampun bibar dhahar, sang prabu tamtu inggih sampun wungu sare. Manawi sang prabu lênggah siniwaka, panjênêngan kula aturi sowan. Manawi tingalipun sampun mênga panggalihipun sang prabu, mugi panjênêngan ngunjukakên panyuwun, sampun ngantos andadosakên eraming panggalihipun, dene badan kula panjênêngan unjukakên ing ngarsanipun.

Kyai Patih Nitibadhèswarya amangsuli: iya ta, ênggèr, aku tak nuli mulih. Kowe muliha dhisik. Dyah Tantri lajêng wangsul, marak ibunipun. Ingkang ibu sarêng sampun dipun aturi priksa larah-larahipun nalika kapanggih kalihan ramanipun, sakalangkung bingah panggalihipun.

Kyai patih lajêng siram. Sukunipun dipun wisuhi dhatêng para nyainipun. Badanipun dipun kosoki. Sarêng sampun bibar siram sarta sampun dipun usapi toyanipun ing badan, lajêng kêkonyoh sarta agêgônda. Lajêng sêsuci sarta kêkêmu badhe mêmuja. Tumuntên muja Hyang Pratônggapati, ngungêlakên môntra ingkang pancèn kaangge muja adat sabên. Lajêng santun pangangge malih, milih ingkang sae-sae. Tumuntên lumêbêt dhatêng sanggar pamujan, mawi nyingkir- nyikirakên jim setan rumiyin, lajêng nyadhiyakakên sajèn, warnining sajèn: sêkar, ratus, lisah wangi sarta [...],Tulisan tidak terbaca. mawi ngungêlakên môntra nêmbêlas warni, ngêningakên cipta katujokakên dhatêng dewa ingkang dipun sêdya. Tumuntên mêndhêt kêndhi kasèlèhakên ing ngajêngipun, mawi ngampêt ambêkan miturut pranataning panêmbah. Ing ngriku lajêng sumêrêp wêwayanganing sajènipun sampun katarimah, dados sêdyanipun badhe kadumugèn. Saking bingahipun, kyai patih botên karaos luwe, botên sayah, botên prihatos, sarta karaos rêsik tuwin suci. Saupami botên rumaos gadhah têtanggêlan ingkang tumrap dhatêng tiyang gêsang, sampun saèstu botên kesah-kesah, saking salêbêting sanggar pamujan. Sarèhne lajêng kèngêtan bilih gadhah têtanggêlan prakawis pikramanipun sang prabu, pramila lajêng mêdal saking sanggar. Manahipun karaos cumêplong, angên- angênipun karaos suci.

Sarêng kyai patih sampun dumugi ing sênthongipun nyai patih, Dyah Tantri lajêng sumingkir [suming...]

--- 11 ---

[...kir] dhatêng sênthongipun piyambak. Makatên wau sarêng nyai patih kalihan ingkang raka sampun bage-binage, kêkalihipun sami bingah, dene rekadayanipun ingkang putra badhe sagêd kasêmbadan. Kyai patih inggih lajêng tilêm, nanging namung sakêdhap, sabab tansah ngangên-angên têtanggêlan ingkang dipun tampèni saking gustinipun. Sintên-sintêna ingkang gadhah raos makatên, sampun saèstu gampil anggènipun ngêculakên kasênênganipun piyambak, kyai patih lajêng adus malih sarta sêsuci badhe mêmuja, lajêng malampah sowan ing ngarsanipun sang prabu, badhe ngunjukakên pikajênganipun.

Wara- wara

Wiyos dalêm tinangkil ing bangsal pangrawit sasanasumewa, ing dintên Sênèn tanggal kaping 18 Ruwah Wawu 1865, utawi kaping 26 Nopèmbêr 1934 punika, pêpatih dalêm nampèni dhawuh pangandika dalêm, sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kaparêngipun ing karsa dalêm, putri dalêm Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, katêtêpakên nama ratu, kapatêdhan nama Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

Isining Organ Punika:

Pawartos saking pangrèh ... kaca 1 / Wahyu Karaton ... kaca 4 / Sêtat Pratelan ... kaca 5 / Wajibing wanita ... kaca 9 / Wara-wara ... kaca 11 / Pananggalan ... kaca 12 / Nitik Sultan Agungan

--- [12] ---

Pèbruari 1935

[Grafik]