Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1934, #411
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1934-01, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #323.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1934-02, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #486.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1934-03/04, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #487.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1934-05, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #488.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1934-06, #411. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #489.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1934-07, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #490.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1934-08, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #491.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1934-09, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #492.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1934-10, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #493.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1934-11, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #494.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1934-12, #411 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #495.

Ôngka 1, Kaping 1 Januari 1934

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga bayaranipun f 0,05 sabên wulan, kasuwun bayar rumiyin.

Rêdhaktur, R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Sriwêdari - Surakarta. ELECTRISCHE DRUKKERIJ PERSATOEAN SOLO. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.M.Ng. Purwasastra, Têpasanan, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat pêrluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I. R.T. Gitadipura, ing Natadiningratan, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Aturipun AdmistrasiAdministrasi. Dhatêng Para Warga Narpawandawa

Limrahipun pakêmpalan ingkang agêng-agêng, kados ta: Budi Utama, tuwin sanès-sanèsipun, punika sami damêl sêrat organ, ingkang minôngka pirantos wadhahing swara-swara saking jawi dhatêng nglêbêt, utawi kosokwangsulipun, organ wau kasiyarakên dhatêng para warganipun, supados sami sumêrêp ebah osiking pakêmpalanipun, sarana lêlahanan utawi mawi bayar piyambak, têgêsipun, kajawi arta urunan sabên wulan (kontribisi) taksih bayar rêgining organ. Tumrapipun Narpawandawa ugi ngêdalakên organ wau, sabên wulan mêdal sapisan, rêginipun f 0,60 sataun, kenging kabayar sabên tigang wulan sapisan. Aturipun administrasi ing nginggil punika, namung minôngka ular-ular sowanipun organ Narpawandawa ing ngarsanipun para warga anyar utawi ingkang dèrèng kaparêng nampèni sowanipun [so...]

--- 2 ---

[...wanipun] organ Narpawandawa, mugi kaparênga nanggapi kalawan rênaning panggalih. Wondene tumrap para warga lami ingkang sami kagungan tunggakan arta bayaran organ, kasuwun kalayan sangêt kaparêngipun anglunasi. Parlu kangge palapuran tutupipun taun 1933.

Kaping 1 Januari 1934.

Administrasi.

Wajibing Satriya Kêdah Têtêp Dhatêng Sêsanggêman

Sambêtipun organ ôngka 12 taun 1933.

Kala samantên sabidhalipun para Pandhawa saking praja Ekacakra, lajêng anglêbêti sayêmbara pilih dhatêng ing nagari Pancala, sarana amênthang langkap gora, Sang Arjuna ingkang sagêd kuwawa amênthang langkap wau, amila Dèwi Drupadi ingkang kinarya sayêmbara kalampahan kadhaupakên kalihan para Pandhawa, sarta lajêng kaparingan sapalihing nagari Ngastina dening ingkang uwa Prabu Drêstarastra, kadhawuhan mangun sukaning panggalih kalihan garwanipun dhatêng ing Kandhawaprastha, wontên ing ngriku Sang Yudhisthira anggènipun ngasta pusaraning praja kanthi pambiyantunipun para ari sadaya, botên kêndhat angêlar jajahan, nêlukakên para ratu, mila jumênêngipun nata Sang Yudhisthira wontên ing Kandhawaprastha sakalangkung mulya, sabab dening sêtyanipun dhatêng katêmênan, sarta anggènipun nindakakên kawajibaning narendra adhêdhasar kautamèn, punapadene amung tansah ngèsthi kaadilan. Ing satunggiling dintên rikala Pandhawa wau sami lênggah ing panangkilan karawuhan Maharsi Narada rêsi ing kaswargan, sasampunipun kaurmatan samasthinipun, tuwin kaaturan argya, sang maharsi lajêng dhawuh dhatêng para Pandhawa makatên: kulup Yudhisthira, sarèhning samêngko putri Pancala wus kalakon karabi ing Pandhawa lima, kanggo mekani murih aja ana pasulayan ing têmbe burine, bêcik sira nganakna tatanan, awit yèn ora mangkono mundhak kaya lêlakone wong loro tunggal yayah rena, aran Sundha sarta Upasundha, kang misuwur ora bisa sirna yèn ora pêrang lan sadulure dhewe. Saka rukune kongsi nagara siji diratoni wong loro, pamanggone iya nunggal sakadhaton, yèn turu nunggal sapaturon, yèn siniwaka nunggal sadhampar, yèn mangan nunggal saajang lan pangane iya [i...]

--- 3 ---

[...ya] padha, ewadene kalakon pêrang padha sadulur, jalaran rêbutan Dèwi Wilutama, wasana mati sampyuh. Marmane kulup, rêksanên anggonira kêkadangan, aja kongsi cêcongkrahan, kagawa saking sih ingsun marang sira, lan yèn sira pancèn kaduga nglêksani,nglêksanani. bêcik nganakna prajanjian lan para arinira kabèh, murih aja ana pasulayan anggonira padha mêngku marang Drupadi.

Para Pandhawa sarêng tampi dhawuhipun sang maharsi makatên wau, lajêng sami têtarosan, kadospundi prajanjianipun anggèning nguwayani murih sampun ngantos wontên pasulayan ing têmbe wingkingipun. Enggaling cariyos para Pandhawa lajêng sami aprajanji, manawi salah satunggalipun sadhèrèk gangsal wau sawêg pêpanggihan kalihan Dèwi Drupadi, môngka kadang sanèsipun wontên ingkang nêmaha nêdya nyumêrêpi anggèning pêpanggihan, kêdah lajêng kaukum adêdunung wontên ing wana, laminipun kalih wêlas warsa kalayan sacaraning brahmacarya, dupi para Pandhawa sadaya sampun sami sumanggêm, Sang Maharsi Narada sangêt kacaryan ing galih sarta lajêng wangsul ing kahyangan.

Sasampunipun ngawontênakên tatanan wau, anggèning para Pandhawa wontên ing Kandhawaprastha sansaya mindhak sênênging panggalih, dening Dèwi Drupadi sangêt ambangun turut dhatêng para kakungipun, mila Pandhawa ugi sangêt sih trêsna dhatêng sang dèwi, kabêkta saking kautamènipun para Pandhawa, mila bôngsa Kuru sami sampulur gêsangipun, bêgja saha mulya.

Botên dangu kalihan lêlampahan ingkang kaaturakên wau, wontên durjana sawatawis sami mandung lêmbunipun satunggiling brahmana, sarêng sang brahmana priksa manawi lêmbunipun dipun bêkta durjana, saking judhêging manah enggal lumajêng dhatêng kadhaton ing Endraprastha, marêk Pandhuputra, ngaturakên kasusahanipun, rikala samantên kapanggih kalihan Sang Arjuna, sang brahmana lajêng matur makatên: dhuh, Pandhuputra, kula punika brahmana, gagriya wontên ing wêwêngkon paduka, kawuningana radèn, lêmbu kula kadhustha ing durjana, amila suwawi lajêng dipun tututana, mupung dèrèng dangu panggêrakipun, o katiwasan, marteganipun brahmana rahayu budi kalampahan kadhustha ing dhandhang, guwaning singa kang pinuju tinilar ing singanipun, dipun lêbêti ing sagawon ajag, môngka ratu punika mupu sapranêm pamêdaling siti, mila manawi narendra

--- 4 ---

botên ngayomi kawulanipun, punika dosanipun sami kalihan tiyang ingkang dosa agêng. Dhuh, radèn, samangke katiwasan, dene bandhaning brahmana kalampahan kabêkta lumajêng durjana. Jêngandika paringa pitulungan ing kula ingkang samangke nandhang kasangsara.

Rikala Sang Arjuna, mirêng aturing brahmana kalihan sambat sangêt karônta-rônta wau, lajêng ngandika sora: sampun sumêlang ing manah. Ananging kawuningana wêkdal punika Prabu Yudhisthira, sawêg lênggah kaadhêp Dèwi Drupadi, wontên sangajênging gêdhong pasimpênaning dêdamêlipun para Pandhawa. Kados punapa ta pêtênging panggalihipun panêngah Pandhawa, dene botên sagêd mêndhêt dêdamêl, môngka botên badhe sagêd ngêtutakên lampahipun sang brahmana, manawi botên sikêp dêdamêl, sang brahmana tansah karuna asênggruk-sênggruk, angrêrujit panggalihipun, pangunandikanipun Sang Arjuna makatên: ana brahmana kamalingan, banjur anjaluk pitulungan marang satriya, karo kalara-lara nangis, dadi aku kang kuwajiban angusapi luh kang andalèwèr saka paningale iku, yèn aku kongsi ora mitulungi iku dosane nglèpèti kakang prabu, kagawa saka weyaku mau Pandhawa bakal nandhang dosa, môngka yèn aku banjur lumêbu ing gêdhong, kang samêngko lagi kagêm lênggahan kakang prabu lan Dèwi Drupadi, aku têtela murang tata,ora ngajèni marang ratu, ing sajrone ora ana pakewuh gêdhe, lire ora ana mungsuh gêdhe nêkani, dadi yèn aku nekad lumêbu, aku kudu diukum ngalas kongsi suwe, ewadene aku kudu ora anggagas prakara iku, kudu ora ngèlingi yèn bakal nandhang dosa, marga saka ora ngajèni panjênêngan nata, sarta ora wêdi yèn bakal dibuwang marang ngalas, kang bokmanawa mati ana ing pambuwangan, awit kautaman luwih aji katimbang badan, sarta ora bisa rusak. Mila kêkêncênganing panggalih, Sang Arjuna nêdya lumêbêt ing gêdhong, sadèrèngipun lumêbêt pamit ingkang raka sang prabu, sarta mêdalipun saking gêdhong kalihan ngiwa langkap, saha ngendhong jêmparing. Sadumugining jawi, Sang Dananjaya ngandika dhatêng sang brahmana makatên, dhuh, brahmana, suwawi sami nututi durjana ingkang sampun andhustha lêmbu jêngandika, mindhak sêlak têbih plajêngipun, kula ingkang badhe ambêkta wangsul gadhahanipun sang brahmana ingkang dipun bêkta durjana punika. Sang Dananjaya punika

--- 5 ---

astanipun kanan lan kering sami parigêlipun sikêp dêdamêl, sasampunipun ngrasuk kawaca prajuritan, sarwi ngiwa langkap, enggal minggah ing rata paprangan, ingkang pinasangan daludag, kuda sinêngkrak, rata lumarab kadi kilat, wusana durjana ingkang mandung lêmbunipun sang brahmana wau sagadsagêd. kêtututan, lajêng dipun prajaya ing jêmparing, dene lêmbu dèrèng wontên ingkang cicir, mila lajêng katampèkakên dhatêng brahmana ingkang gadhah. Pandamêlanipun Sang Arjuna makatên wau kasumêrêpan ing kathah, mila konduripun dhatêng praja samargi-margi tansah sinurakan, sadumugining kitha Sang Dananjaya lajêng lumêbêt ing kadhaton, wigatos badhe marêk ingkang raka Prabu Yudhisthira. Sasampunipun bage-binage kalihan para kadang sadaya, Sang Arjuna lajêng marêpêki Prabu Yudhisthira, manêmbah lajêng matur makatên: nata pêpundhèn kula, mugi paduka lajêng paringa palilah anggèn kula badhe nêtêpi prasêtya ingkang sampun kula sanggêmi, kawuningana kakang prabu, kula priksa anggènipun kakang prabu sawêg lênggah piyambak kalihan Dèwi Drupadi. Dados kula sampun nêrak prajanji ingkang sampun katêtêpakên, pramila kula kaparêng botên kaparênga lajêng pangkat dhatêng wana dintên punika, awit kula wajib nêtêpi prasêtya. Dupi Sang Yudhisthira midhangêt aturipun Sang Arjuna ingkang ngêrêsakên manah wau ingkang rayi lajêng rinangkul sarwi pêdhot-pêdhot pangandikanipun, labêt saking sangêt prihatos: apa mulane sira darbe karêp mangkono yayi. Sasampunipun kèndêl sawatawis, Prabu Yudhisthira ngandika malih dhatêng Sang Arjuna makatên: dhuh, yayi, kadange pun kakang, yèn ingsun isih sira lilani amrayoga, mara gatèkna pitutur ingsun iki: hèh, prajurit linuwih, ingsun wuninga wigatine sira lumêbu ing gêdhong panggonan gêgaman, yèn ora anaa sabab kang kudu sira lakoni, saka ênggonira nêdya rumêksa jênêng ingsun, sira pasthi yèn ora lumêbu mrono, kapriye têka sira nuli darbe pangira yèn lêkasira mau ora dadi rênaning panggalih ingsun, wruhanamu yayi, pun kakang ora pisan-pisan darbe rasa mangkono, kadang ênom kang ora darbe kaluputan, ora ana larangane lumêbu ing gêdhonge kakange, nadyan kakange lagi lungguh lan rabine. Nanging yèn kadang tuwa ora kêna mlêbu panggonan kang lagi diênggo linggih adhine kang patêmon lan garwane, karêpira mangkono mau aja sira bacutake, bêcik èstokna dhawuh ingsun, kawruhana yayi, tindakira kang mangkono [mang...]

--- 6 ---

[...kono] iku ora nyuda kautamanira, awit sira ora pisan nyênyamah marang pun kakang.

Atur wangsulanipun Sang Arjuna makatên: ujaring wasita tiyang botên kenging mawali anggêr-anggêring kawajiban, manawi botên kalintu mirêng kula piwulang makatên wau, saking pangandikanipun kakang prabu piyambak, kawuningana kula botên kadugi nilar kasêtyan, awit kasêtyan punika minôngka dêdamêl kula.

Enggaling cariyos Prabu Yudhisthira paring palilah ingkang rayi lumêbêt ing wana, mila sasampunipun samêkta sadaya, Sang Arjuna lajêng pangkat dhatêng wana, ingkang badhe dipun dunungi salêbêtipun kalih wêlas taun. Samantên têtêping dhatêng sêsanggêman Sang Arjuna, sanadyan anggènipun nêrak pêpacuhipun para kadang wau botên saking karsanipun piyambak, sarta sampun pinambêngan dening ingkang raka Sang Yudhisthira, ewadene mêksa pangkat dhatêng wana anêtêpi prajanjianipun.

Wontên malih minôngka têtuladan utami, pêndhêtan saking dongèng Arab, kawrat ing V.A. taun 1928 lêlampahanipun Sang Prabu Saladin, kados ing ngandhap punika:

Nalika bêdhahipun kitha Betalmukadas ing taun Walandi 1187 dening Sultan Saladin, sang prabu aparing papilah, dhatêng têtiyang agami Srani ingkang sami andon pêrang sumêdya angrêbat kitha wau saking tanganing têtiyang muslimin, anilar kitha ngalih dhatêng satunggiling bètèng sagantên, ingkang kacêpêng ing tiyang bôngsa Frang, kalihan kajangji satunggal-satunggalipun tiyang ambayar arta lulusan sadasa uwang êmas, asêlur lampahipun têtiyang ingkang kasor ing prang mêdal saking kitha sarwi ambayar artanipun lulusan. Sang Prabu Saladin, sarta para senapatinipun jumênêng amirsani, anuntên pangagênging agami Srani katingal mêdal saking kitha, kairingakên bihal pintên- pintên iji, kamomotan rajabrana. Sang prabu namung mirsani kemawon, tanpa ngandika punapa-punapa. Para senapatinipun munjuk, gusti, prangjangjianprajangjian. lulusan punika namung tumrap rajadarbe alit-alit kemawon, botên tumrap rajabrana ingkang agêng-agêng makatên, môngka nagari dalêm samangke prêlu sangêt ngangge arta kathah. Dhawuhing pangandikanipun sang prabu: ora, aku wis jangji, mung mundhut dhuwit lulusan sapuluh [sa...]

--- 7 ---

[...puluh] uwang mas, kayadene sing wis dadi mupakatmu kabèh.

Sang nata nuhoni sangêt jangjinipun, kosokwangsulipun, amundhut mêngsahipun tuhua ing jangji, kados panjênênganipun.

Nalika pêrang ing Intin, têtiyang Srani kasor ing pêrang ngantos balanipun risak babarpisan lan pintên ingkang tinawan ing mêngsah, malah rajamudha Betalmukadas, lan Ghraph Remon Dhêsatilyon gupêrnur jendral ing Kêrak, sawetan Yodhan, sami tumut katawan. Ghraph wau tiyang awon lan asor budinipun, sabab dèrèng dangu ambalenjani prajangjianing sami sèlèh dêdamêl, inggih punika ambegal kapilih, (sudagar ingkang sami sêsarêngan kesah dagang, numpak unta dhatêng nagari sanès) bôngsa muslimin ingkang langkung ing bawahipun. Têtiyangipun pinêjahan, barang sarta artanipun karêbat. Sarêng sang prabu mirêng asoring tindakipun Ghraph wau, sakalangkung dukanipun, ngantos aprasêtya samôngsa-môngsa Ghraph ingkang asor budi punika kacêpêng badhe pinêjahan mawi astanipun piyambak, môngka samangke Ghraph sampun katawan.

Pêrangipun wau wontên salêbêting wulan Ogustus, amila bêntèring hawa sangêt. Para têtiyang Srani ingkang badhe ngrêbat tanah suci sami mangangge panganggèn pêrang ingkang awrat-awrat, môngka botên angsal toya satètès-tètèsa, amila sangêt kasatanipun. Pakuwonipun Prabu Saladin wontên sacêlaking têlaga Tibiriyas. Sarêng rajamudha kalihan Ghraph Remon Dhêsatilyon kaadhêpakên sang prabu, rajamudha nyuwun toya ngombe, sang nata dhawuh mêndhêtakên, botên dangu rajamudha kaladosan gêlas salaka agêng isi toya lan ès. Sasampuning toya kaunjuk sapalih, gêlas kaparingakên dhatêng Ghraph Remon, sang prabu namung mirsani kemawon, sasampunipun toya têlas kaombe ing Ghraph Remon, sang nata dhawuh dhatêng Ghraph wau makatên: aku ora akon angladèni banyu ngombe marang kowe, miturut anggêr tatane wong kadhayohan ing nagaraku, kowe ora bakal tumêka ing pati. Nanging kowe iku wong ala, ora kêna

--- 8 ---

dipracaya, awit ora nêtêpi prajangjiane padha sèlèh gêgaman, mulane kukume kowe masthi dipatèni.

Sampuning ngandika makatên, sang prabu angunus agêmipun pêdhang. Kapêdhangakên Ghraph Remon Dhêsatilyon, pêjah kapisanan, sasampunipun makatên, Sang Prabu Saladin dhawuh ngajêngakên para ridêr mêngsahipun, inggih punika ridêring yohanitêr ordhê, gunggungipun ingkang katawan kirang langkung wontên sèwu. Makatên pangandikaning nata: kowe iku nyata kêndêl-kêndêl, anggonmu agawe pati marang wong Islam ana ing paprangan nganti olèh pirang-pirang, iku ora dadi apa. Mung bae kowe iku cidra ana ing paprangan, lan ora nuhoni jangji, mulane saiki pilihên, ngrasuk agama Islam apa mati.

Sadaya ingkang katantun, sami saur-pêksi pilih pêjah botên purun ngrasuk agami ingkang dipun sêngiti sangêt, para ridêr wau lajêng kairid dhatêng pinggiring talaga, lan ing ngriki sami katigas murdanipun.

Lêt 700 taun laminipun Prabu Wilhèlêm II Ratu ing Dhitslan, têdhak pêpara dhatêng kitha Dhamaskus. Sang prabu punika têdhaking para ridêr yohanitêr ordhê, cabang ing Brandhênburêh. Sang nata amêrlokakên sujarah dhatêng pasareanipun Sultan Saladin, sarta nyêkar, awit saking panggalihipun, pantês sultan wau kaluhurna asmanipun, dene panjênênganipun nalika taksih sugêng, aparing piwulang dhatêng têtiyang Kristên anuhoni jangji.

Kados sampun cêkap samantên anggèn kula ngandharakên pasaksènipun para ingkang sami linuhurkên asmanipun, dening anggènipun sami têtêp ing sêsanggêman, amila pamuji kula mugi para satriya ing jaman sapunika kaparênga anulad dêdongengan ing nginggil wau, supados linuhurkên asmanipun, sarta anêtêpi wajibing kasatriyanipun.

--- 9 ---

Alal Bihalal

Wêdalipun organ punika, anyarêngi dintên riyadin, minôngka lintu sowanipun rêdhaktur tuwin administraturing organ Narpawandawa ing ngarsa panjênêngan sadaya, parlu alal bihalal, kasulihakên organ punika, sadaya kalêpatan mugi linêbura ing dintên riyadin punika. Rêdhaksi administrasi.

Sêsorahing Resèpsi Putri Narpawandawa

Nalika tanggal kaping 4/5 Oktobêr 1933 pakêmpalan Putri Narpawandawa ngwontênakên resèpsinipun para warga, manggèn wontên ing dalêm Wuryaningratan, para warga ingkang sami rawuh kalêbêt tamu-tamu kirang langkung wontên 180 mênggah wigatining resèpsi wau, Putri Narpawandawa ngaturakên wilujêng dhatêng B.R.Aj. Yudanagara, anggènipun pindhah dhatêng ing Sragèn, ingkang mêdhar sabda pangarsanipun Putri Narpawandawa B.R.Aj. Wuryaningrat, lajêng dipun wangsuli kalihan B.R.Aj. Yudanagara, sarampunging parlu warga R.Aj. Purbakusuma majêng sêsorah, kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Sakawit juru sabda mahyakakên bingahing manahipun, saha sakalangkung ing panuwunipun dhatêng pangrèh Putri Narpawandawa, dene pangrèh kaparêng matah sêsorah wontên resèpsi wau, namung punapa ingkang badhe dipun sêsorahakên punika tumrapipun ing akathah nama botên wigatos, sanadyan makatêna tumrap juru sabda sampun angaya sangêt, sabab dening sapisan dèrèng nate amêdhar sabda wontên ing ngajênganing akathah, kaping kalihipun kabêkta saking cupêting sasêrêpan, dados kapêksa naruthuk angangsu kawruh dhatêng para kadang pitêpanganipun ingkang sakintên sagêd paring sasêrêpan, amila manawi wontên kirang cêthaning anggènipun amêdhar sabda, mugi para sadhèrèk kakung putri ingkang sami mirêngakên, sampun sami kirang gênging pangaksama, dene ingkang minôngka jêjêring sêsorah: bab kawajibaning wanodya, punika kenging kaperang dados 3 bab, inggih punika 1 dados warangkaning kakung, 2 nyêpêng bale griya, 3 dados êmbaning anak, sadaya punika botên nama gampil panindakipun, [pani...]

--- 10 ---

[...ndakipun,] manawi ngantosa klenta-klèntu sagêd anjalari kirang prayogi, mênggah jerenganipun tigang prakawis ing nginggil wau:

1. Wajibing wanodya dados warangkaning kakung, punika kêdah adhêdhasar sêtya, susila, tuwin bêkti ing priya.

2. Panyêpênging bale griya, punika kêdah mangrêtos sarta nyêkapakên dhatêng kabêtahan, sarananipun manah kêdah gêmi, surti, satiti sarta ngati-ati.

3. Wajibing dados êmbaning anak, kêdah anggulawênthah murih sagêdipun dados tiyang utami, punika kenging kaperang dados 3 prakawis.

a. Anjagi kasarasanipun. b. Angudi sagêdipun pintêr. c. Amardi murih alusing bêbudènipun.

Dene sarananipun supados lare sagêd bagas kasarasan, punika kêdah tansah kamanah saening têtêdhan, rêsiking pangangge tuwin panganggenanipun.

Sarana sagêdipun lare dados pintêr, kêdah ginulawênthah èngêtanipun, ginulang talatos angudi kawruh-kawruh, dipun tuntuni saking sakêdhik, awit sampun dados karsaning Allah anggadhuhi èngêtan dhatêng para umatipun sadaya, punika parlunipun inggih èngêtan wau ingkang minôngka wêwadhahing kawruh pintên-pintên warni sarta botên badhe kêbak, amila wontên bêbasanipun: tiyang punika prasasat anyunggi jagad, sintêna kemawon, sanadyan priyantun sêpuha pisan botên badhe katêlasan kawruh, sabab dening tumanêming kawruh-kawruh wau, ngantos wontên sêkar saha wohipun. Wondene wohing kawruh-kawruh inggih punika tiyang lajêng sagêd damêl anglo, kêndhi, tuwin sapanunggilanipun. Minggah-minggah ngantos sagêd damêl motor mabur, dene sêkaring kawruh punika ingkang dipun lam-lami para ibu, amila ing sasagêd-sagêd sami anuntunana dhatêng anak putranipun sagadug-gaduging panggalih, ingkang supados sagêd tuwuh kapintêranipun.

Sami-sami kawajibaning wanodya amardi alusing bêbudèn, punika panggulawênthahipun langkung gawat lan awrat piyambak, awit saking kabêkta nama alus wau ngantos angèl ginagapan, sarta pilih-pilih tiyang ingkang sagêd anyêpêngi, ewadene juru sabda malah dêrêng nyorahakên, sanadyan salaminipun dèrèng nate,

--- 11 ---

punika botên sanès kajawi saking sangêt kumacèluning manahipun juru sabda sagêda nyêpêngi alusing budi wau.

Mênggah alusing budi punika kaperang dados pintên-pintên bab, sarta panggulawênthahipun ugi warni-warni, wontên ingkang wiwit alit, wontên ingkang nalikaning lare sampun radi agêng lan diwasa. Têtuladanipun inggih punika:

1. Nalika prang Bratayuda, Pandhawa ngangkah pêjahipun Dhahyang Durna, senapatining wadyabala Kurawa, punika botên gampil sarananipun, amargi Dhahyang Durna wau pandhita linangkung sarta dados gurunipun para Pandhawa bab ulah dêdamêl, dados bilih namung dipun saranani kalairan badhe cabar tanpa damêl. Sri Krêsna ingkang waskitha ing paningal botên kewran ing galih, awit sampun pirsa dhatêng wêwatêkanipun Dhahyang Durna, lajêng damêl rekadaya liman ingkang nama Swatama supados dipun pêjahi dening Sang Bratasena, lajêng dipun suwurna ing ngakathah yèn èsthi Swatama pêjah. Dhahyang Durna mirêng suwuring ngakathah wau ginalih yèn putranipun nama Aswatama, pêjah ing ngadilaga, mila lajêng narutus ngupados sêsêrêpan yakinipun pakabaran wau, sintên-sintên dipun pitakèni, nanging sabên dipun sukani katrangan, manahipun Dhahyang Durna dèrèng pitados, amila nêring panggalih nêdya matur pitakèn dhatêng Sang Prabu Yudhisthira ratu ingkang botên nate cidra ing pangandika, nalika samantên Sang Puntadewa tansah ginubêl ing para kadang Pandhawa supados andorani pitakènipun Dhahyang Durna, nanging mêksa puguh panggah botên kengguh ing pangongkah-ongkah, dening santosaning budinipun, ewadene nalika Dhahyang Durna matur pitakèn dhatêng Sang Yudhisthira yêktining kabar wau, pangandikanipun Sang Prabu Yudhisthira, lêrês manawi èsthi Swatama pêjah, namung Dhahyang Durna klèntu ing pamirêng dipun wastani èstu Aswatama pêjah, mila sang pandhita lajêng anggêblag pêjah sanalika.

2. Tamtunipun para warga Putri Narpawandawa sampun wontên ingkang nate maos Sêrat Dewa Ruci, lêlampahanipun Sang Bratasena nalika anggêguru dhatêng Dhahyang Durna, winêjang supados angupados toya prawita di, dumunung wontên ing têlênging samodra, ewadene Sang Bratasena ingkang tuhu santosa ing budi botên wêgah nglampahi pitêdahing guru, wêkasan sagêd pinanggih lan Dewa Ruci lajêng winêjang ngèlmi kasidan jati.

--- 12 ---

Amila pamanggihipun juru sabda, prêlu sangêt lare-lare kasêrêpakên supados sami ngèngêti yèn ing ngagêsang punika lêlantaranipun saking rama lan ibu, amila wajib kêdah bêkti wêdi lan angêmi-êmi.

Pamarêm punika agêng pigunanipun tumrapipun kita sadaya, amargi manawi tiyang gêsang punika gadhah pamarêm, tamtu kêrêp kapranggul ing kanikmatan.

Sabar tawêkal punika usada ingkang mandi sangêt tumrap tiyang ingkang sawêg nandhang papa sangsara, awit inggih sabar tawêkal wau ingkang sagêd mahanani manah èngêt.

Bingar punika tuking kasarasan, sintêna ingkang bingar ulatipun punika adamêl padhanging jagad.

Dhanganan têtulung punika ugi dados kuwajibaning ngagêsang, awit wiwit lair sampun angsal pitulunganing liyan.

Andhap asor punika ugi lampah ingkang prayogi, awit manawi tiyang purun ngajèni tiyang prasasat angajèni badanipun piyambak.

Wruhing panarima: punika kangge bêbakuning manah sae. Pramila tiyang ingkang wruh ing panarima tamtu sampun ngancik ing kautamèn.

Trêsna ing praja sok tiyanga trêsna dhatêng praja: tamtu tansah ngudi gêsangipun sampun ngantos nistha, ingkang supados botên damêl surêming praja.

Dumugi samantên sêsorahipun juru sabda, resèpsi kalajêngakên sambèn mirêngakên tabuhanipun para sadhèrèk warga, ka, ka, ngantos dumugi jam 11 dalu sawêg bibaran, wilujêng.

Badhaya Katawang

Sami-sami lêlangênanipun panjênêngan dalêm nata, badhaya katawang punika kadamêl èdi, mêdalipun namung sabên sataun sapisan, kalêrês dintên tingalan dalêm jumênêngan. Kula piyambak sanadyan sampun nate sumêrêp bêksanipun badhaya katawang wau, ewadene dèrèng nate sumêrêp kadospundi mulabukanipun panjênêngan dalêm nata kagungan lêlangênan badhaya katawang, kula kapengin sangêt sumêrêp, lan sêdyaning manah manawi sampun angsal sêsêrêpan bab badhaya katawang wau, badhe kula bèbèr wontên ing organ ngriki, lowung kangge isèn-isèn utawi pèngêtan, [pèngê...]

--- 13 ---

[...tan,] sokur bilih sagêd angindhaki sêsêrêpanipun sadhèrèk kathah, wondene sêsêrêpan kula miturut pêthikan sêsorahipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya wontên ing konggrès Yapha Insêtitit, nalika tanggal kaping 25/26 Dhesèmbêr 1919 kawrat ing Pusaka Jawi taun VIII ôngka 1-2, kados ing ngandhap punika.

Manawi tiyang nyinau babagan gôngsa wiwit saking kawit-kawitan, têtela bilih salêbêtipun têmbung Jawi kina punika isi prabot lan pitêdah kathah sangêt, para juru ngripta têmbung Jawi ing jaman kina, manawi nyôndra kaelokaning kodrat, kêrêp sangêt mêndhêt pêpindhaning gôngsa saha ringgit. Ingkang langkung dipun rêmêni, ngembak-embakakên swara warni-warni, kalihan swaraning gôngsa.

Ing ngandhap punika tuladha kêkalih, kasêbut ing pada 93 ing Sêrat Wrtta Santjaja (Wrêta Sancaya) karanganipun Êmpu Tanakung, jaman Kêdhiri, watawis ing taun 1060 ingkang anjarwakakên swargi Tuwan Propesor H. Kern. Jawinipun kirang langkung makatên:

Rêdi ingkang kinêmulan ing mega tipis katingal anglamlami. Dêling-dêling kasilir ing samirana, swaranipun pindha suling. Pamêlunging gêmak ingkang pindha ron binarung lan kumandhang pambêkiking kidang, punapadene swaraning mêrak apasihan, larasipun kados gêndhing mandraka.

Pada 5 ing sêkar ôngka 50, Sêrat Baratayuda karanganipun Sang Êmpu Sêdhah ing Majapait,Kêdhiri. watawis ing taun 1079 suraosipun makatên:

Ing lèpèn kêpirêng swaraning kodhok ngorèk, pindha saroning sapawayangan, binarung ing bumbung katrajang ing angin, dumêling kados suling. Swaraning kongkang ingkang wontên lêlêngkèhing rêdi, kados wanodya abawa swara, walang kêrèk mungêl minôngka kêmanakipun.

Bab têmbung: kêmanak, punika inggih satunggaling gôngsa, kangge pambarunging gerong. Dumugi samangke kêmanak punika ugi taksih kangge wontên ing karaton Surakarta, inggih punika manawi panuju badhayan katawang.

Dene badhaya katawang punika namung katindakakên manawi panuju pahargyan tingalan dalêm jumênêngan. Gladhèn utawi ajar-ajaranipun kêdah wontên ing dintên Anggara

--- 14 ---

Kasih utawi Salasa Kliwon. Mila makatên, sabab-sababipun kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

Kacariyos, nalika Kangjêng Ratu Kidul kataman gandrung asmara kalihan Kangjêng Sultan Agung, raosing panggalih kêwêdhar mawi uran-uran, (kados ingkang kacêtha wontên sindhenan badhaya katawang) saha sang ratu ambêksa wontên ing ngarsanipun kangjêng sultan.

Kangjêng Sultan Agung sakalangkung kacaryan ing galih, lajêng dhawuh dhatêng para badhaya nyinau sindhèn saha bêksan ingkang kados makatên, kangge têtingalan manawi panuju wontên pasamuan ingkang prêlu ngiras minôngka pangèngêt-èngêt pêpanggihanipun kalihan Kangjêng Ratu Kidul. Nalika samantên, ingkang ngajari para badhaya wau Nyai Rara Kidul piyambak.

Sarèhne sindhèn saha bêksan wau lajêng dados pangaji-aji, mila manawi ajar utawi gladhi, kêdah namung wontên ing dintên Anggara Kasih, sarta manawi panuju gladhèn makatên, punapa malih kangge pasamuan, ubarampenipun kêdah pêpak, asêsaji kanthi angobong dupa, amargi Kangjêng Ratu Kidul kaanggêp anjênêngi. Para badhaya, niyaga, panggerong sapanunggilanipun kêdah suci badanipun. Ingkang ambêksa kêdah mangangge cara pangantèn ing kina-kina. Mênggah gerong (sindhèn katawang) punika makatên:

Katawang§ Kasusastranipun kalugokakên.

Raka pakênira sampun atangara / sira puniki kari angling jayèng sêkar / lah tapa tangaraa / tumulya tangara nitir / sumrêg atata / sawaranya ngajap sih //

alancingan pêthak alus kampuh jingga / sabuk pathola wilis / akris cinitrèng mas / sêngkang maniking toya / binapang ing mas angrawit / sêkar capaka / gagônda amrik minging //

akêkaci cindhe binggêl mas rinêngga / bau rap urapsari / jamang mas tinatrap / ing rêtna kadi kara / asumping swarna lan rumbing / sumarsana bra / sumrêg gandanya mrik //

Marêk nêmbah muni kênong ngarang.

sêmang-sêmang asarea lêt gêguling / dewa dharat apit-apit ing gapuraning sunan / kadrawasan gêguling aglar ing jogan [joga...]

--- 15 ---

[...n] / ning wong agung susuhunan //

sapa baya kang awêlasa ing brangtining sunan / pandaming rat kusumadi danurwendaning sunan / kawastara nanging sira ing paprêma: / ning wong agung susuhunan //

danumadya ambara lali sih jiwaning sunan / dèn asamar awèta anuhun pada: susuhunan //

lêlewane yèn prapti gêtêring ati dhuh ning sunan / miyangga lit / rondhone tilarsaning sunan / dèn alirih salira sapa darbea / ning wong agung susuhunan //

poma-poma dhuh yèn babar aja ngling siraning sunan / tuduhêna yèn wani angawula / sun anuhun pada bayaning sunan / sun balia yèn katona dadi ala / dadi edan baya susuhunan //

kapan baya wong agung / babo sun amanggih / ing paprêmaning wong agung / adhuh susuhunan / bale atma tunjung alit sinaroja / adhuh lamun kangên tumuntur pundi parannya //

saturune adhuh wong agung / babo ing paprêman / pramadya tangis ni bok dhangur / cinawisa adhuh sabok labuk / raga têmah wiyoga / tan apanggih yèn boya sorana ing jiwa //

nuntên mêndhak nêmbah kênong ngarang //

bêbaguse wayua sanambang / dha / sindura pinipis pindho: susuhunan //

anglawat akèh rabine: susuhunan dha / anglawan akèh garwane susuhunan: dha / sêsotya gêlaring mega susuhunan / kadi lintang kuwasane susuhunan //

ana angin tumêkèng tawang / dha / kadya lintang pakartine panêmbahan / dha / tanuastra kadya agni urube / kantar-kantar kiyai / yèn mati ngêndi surupe kiyai //

Punika kagerongakên dening tiyang jalêr saha èstri sêsarêngan, namung sabên kawitaning golongan (sadaya wontên 3 golongan) kaungêlakên dening pasindhèn èstri: piyambakan.

Sindhèn katawang punika ugi ingaji-aji, mila mênggahing padintênan, botên kenging kangge rêngêng-rêngêng utawi ura-ura. Sarta manawi nurun sindhenan wau kêdah adêdupa. Manawi botên makatên masthi kathah lêpatipun, amargi pancènipun malah botên kenging nurun sindhenan wau.

Mênggah têtêmbungan ingkang kangge wontên ing sindhèn katawang, inggih punika gêndhing mandraka, [mandr...]

--- 16 ---

[...aka,] wontên katranganipun ingkang pinanggih wontên têtêmbunganing pakêm padhalangan, ingkang lugunipun dèrèng mangrêtosakên, ungêlipun makatên:

Rêp sidhênsidhêm. pramanêm tan ana banèning walang salisik, godhonging kêkayon tan ana obah, samirana tan ana lumampah, amung swaraning pêksi êngkuk, lan jalak kang sami mencok ing waringin, tuwin sabawaning abdi kriya gêndhing, pandhe lan kêmasan, kang taksih nambut damêl, cat kapirêng cat botên saking pasewakan, ting carêngkling, imbal ganti: lwir mandaraga, têka muwuhi sênêning pasewakan.

Dumugi samangke kathah ingkang dèrèng nyandhak têgêsipun têmbung: mandaraga.

Mangsuli badhaya katawang, bab gerongipun, punika gangsanipun: gong, kênong, kêthuk, kêmpul, kêndhang, lan kêmanak. Mèh sadaya nama limrah sami sumêrêp, namung kêmanak, prayogi kapratelakakên ing sawatawis.

Kêmanak punika ingkang kadamêl jênean, wangunipun kados pisang, mawi kowokan mujur, ing ngandhap mawi cêpêngan malêngkung. Manawi panuju kangge, kêdah wontên kalih, ingkang satunggalipun laras panunggul, satunggalipun laras nênêm, katabuh ajêg botên mawi pêdhot.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên bab badhaya katawang, punika ing samangke sindhèn lan bêksanipun kaanggêp ingkang sêpuh piyambak, mila sadaya sindhèn lan bêksanipun para badhaya lan srimpi, sami nyengkok badhaya katawang wau. Dados kêmanak inggih asring dipun angge, inggih punika manawi panuju bêksan gêndhing pangkur, sukaprêtama, sumbrêg, doradasih kangge badhayan, saha anglirmêndhung kangge srimpèn.

Wosipun mênggahing badhayan katawang, punika katindakakên mawi: gerong, bêksa, binarung ing peranganing gôngsa sawatawis ingkang mawi kêmanak. Geronging pawaranita (mandraka) ingkang têtêmbunganipun têtela taksih kina, tabuhanipun mawi kêmanak, punika sadaya nama kagunan kina, nanging sapriki taksih gêsang wontên ing karaton Surakarta.