Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413

Katalog:Narpawandawa, Persatuan, 1932, #413
Sambung:
1.Narpawandawa, Persatuan, 1932-01, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #325.
2.Narpawandawa, Persatuan, 1932-02, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #465.
3.Narpawandawa, Persatuan, 1932-03, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #466.
4.Narpawandawa, Persatuan, 1932-04, #413 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #467.
5.Narpawandawa, Persatuan, 1932-05, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #468.
6.Narpawandawa, Persatuan, 1932-06, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #469.
7.Narpawandawa, Persatuan, 1932-07, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #470.
8.Narpawandawa, Persatuan, 1932-08, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #471.
9.Narpawandawa, Persatuan, 1932-09, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #472.
10.Narpawandawa, Persatuan, 1932-10, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #473.
11.Narpawandawa, Persatuan, 1932-11, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #474.
12.Narpawandawa, Persatuan, 1932-12, #413. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #475.

Ôngka 1, Kaping 21 Ruwah Je 1862, Utawi Kaping 1 Januari 1932

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan

Narpawandawa Surakarta

[Grafik]

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan. Bayaranipun f 0,05 sabên wulan, sanèsipun warga f 2,50 sataun. Rêdhaktur, R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. PERSATOEAN SOLO

Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. M. Ng. Purwasastra, Sratèn, Surakarta. Rêgining adpêrtènsi kenging atêpang rêmbag kalihan administrasi kasêbut nginggil.

Sêrat-sêrat parluning pakêmpalan kangalamatana dhatêng panitra I.R.T. Gitadipura, Surakarta. Dene sêrat parluning organ kangalamatana dhatêng rêdhaksi administrasi.

Pèdhêrasi

Organ ingkang mêdal kala kaping 1 Oktobêr 1931, ôngka 2 ngêwrat palapuranipun panitya ingkang kapatah nyinau wontênipun pèdhêrasi ing karajan Kajawèn. Sarèhning wontênipun pèdhêrasi punika niru ing sanès nagari, dados tumrap para sadhèrèk warga Narpawandawa nama barang kêtêmbèn, amila pamanah kula prêlu kajèrèng bibit sakawitipun, wontênipun pèdhêrasi wau, mêthik saking sêrat kabar Darmakôndha, kados ing ngandhap punika:

Pèdhêrasi punika têgêsipun pakêmpalan Vereeniging aslinipun têmbung punika têmbung Latin, faedus mila têmbung pèdhêrasi manawi dipun thukakên dhatêng karajan ingkang asipat pakêmpalan inggih mathuk. Namung tatananing pranatan ingkang bènèh-bènèh, Amerikah punika ingkang murwakani asipat pèdhêrasi ngantos dados Unie kados sapunika, pirukunanipun para raja sadèrèngipun pêrang agêng inggih [ing...]

--- 2 ---

[...gih] pèdhêrasi inggih punika Aliantie utawi Preple Aliantie dumados saking karajan Inggris, Ruslan sarta Parangakik. Tumrap Jerman Itali kalihan Ostênrik karan nama Drievouding Verbond federatie punika nuju dhatêng parlu, namung manawi warganipun kapapag ing parangmuka saking tôngga ingkang cêlak utawi têbih, warga sanèsipun kêdah ambiyantoni.

Amerikah punika namanipun United States nanging kawontênanipun tata pranatanipun mirid kemawon kalihan praja ingkang ha federatie, utawi para praja federatie punika inggih nuladha Amerikah, awit Amerikah ingkang rumiyin piyambak ngêcakakên tatanan makatên punika inggih punika wiwit ing taun 1787 wulan Sèptèmbêr kaping 17 sasampunipun uwal saking panguwaosipun Inggris, nanging tatananipun Amerikah botên badhe kula aturakên. Ingkang badhe kula aturakên tatanan ing Jerman, sarta tanah Malaya jajahan Inggris.

Nagari Jerman punika sadèrèngipun taun 1871, sampun gadhah tatanan pèdhêrasi, nanging dèrèng gêmblêng dados satunggal, inggih punika kaperang dados kalih, Jerman Lèr kalihan Jerman Kidul. Ingkang dipun wastani Duitsch Romeinsche Rijk punika namung Jerman sisih lèr, sarêng praja Jerman dados praja ingkang pirukunan (Bondstaten) nalika pêrang kalihan Parangakik, sagêd unggul yudanipun, ngantos sagêd ngêjègi kitha karajan ing Paris, wasana nukulakên osiking praja-praja sa -Jerman saenipun rêmbag ing taun 1871 ing wulan Januari 17 Sang Prabu Frederich Wilhelms I nata ing Prusên kajumênêngakên kèisêr minôngka suhipun paguyuban wau (Bond) angadhaton ing Pêrsalês. Dados jumênêng angadhaton ing kadhatoning mêngsah ingkang dados jajahan, lêlampahan makatên punika nuwuhakên gêtêm-gêtêmipun têtiyang ing Parangakik ngantos dumugi jaman pêrang agêng ing Eropah.

Awit saking gêmblêngipun rêmbag wau lajêng ngawontênakên sarta nêtêpakên anggêr baku, (Constitutie = Grondwet) ing basanipun Jerman dipun wastani pêrpasung dhès dhèitsên rih, (Verfassing des Deutschen Reichs) dipun undhangakên kawrat ing riksêblad katitimangsan kaping 16 April 1871.

Purwakanipun pêrpasung wau mratelakakên, sang nata ing Prusên (Pruisen), awit saking namanipun 1. Sêtatênbon Jerman Lèr, 2. Sang Nata Bèyêrên, Sang Nata Wurtênburêh, [Wur...]

--- 3 ---

[...tênburêh,] sang adipati (Groothertog) ing Badhên sarta sang adipati ing Èsên, inggih punika awit saking namanipun sêtatbon ing Jerman sisih kidul, sami aprajangji dados bon ing salaminipun, (eeuwig) kangge ngrêksa kawilujênganipun nagari Jerman sarta tata raharjaning kawula, bon sêtatên wau kawastanan dhèitsêrik (Duitche Rijk) anggêr baku wau kajawi purwaka, kabage dados 14 perangan agêng (Hoofdstukken) sarta 78 bab (artikelen) warganipun bon punika kalêmpakipun wontên 25. Karajan 4 inggih punika: Prusên, Bèiyêrên, Wurtênbèrêh sarta Saksên, kadipatèn (Groothertogdom) 6, Hèrtohdhom 4, Prostêndhom 8, Repiblik 3.

Sarèhning warga-warga wau agêng alitipun botên sami sêtèmipun wontên ing Bondsraad inggih botên sami, kapetang condhongipun kalihan agêng alitipun warga-warga wau, (ing ngandhap badhe kapratelakakên). Dene ingkang minôngka têtunggul utawi sêsêpuhipun bon, kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil inggih punika sang nata ing Prusên (Pruisen) run-tumurun pancêr kakung urut sêpuh, ngagêm sêsêbutan dhèit sêkèsêr, dados botên Keizer van Duitschland kados ingkang kalimrah.

Kèisêr punika minôngka wakilipun praja Jerman, (vertegenwoordigt het Duitsche Rijk) wênang nampèni utusan saking praja mônca, sarta ngutus utusan dhatêng praja sanès. (ontvangt vreemde gezanten en zendt gezanten uit) misudha tuwin mocot punggawa praja, (benoemen, ontslagen Rijksambtenaren)§ Murih têrang ingkang dipun wastani Rijksambtenaren inggih punika ambt. ripun bon, dene ambt. ripun para praja warganing bon (amb. der afzonderlijke staten). minôngka senapatining wadyabala dharatan tuwin lautan. (Opperste bevelhebber Bondsleger en vloot) nguwaosi pamisudha para upsir dharatan tuwin lautan, saking wadyabalanipun bonsêtatên. Nama lampahing sêpur, pos tilgram, ambikak nutup sarta bibarakên Bondsraad§ vergel = 1e sarta 2e kamer.

sarta Rijksdag,§ vergel = 1e sarta 2e kamer. lan sasaminipun ingkang dados kawajibanipun praja (het recht v. d. Staat en het Rijks) sadaya-sadaya wau sampun sami kapathok ing pêrpasung kasbut ing nginggil, ingkang sapunikanipun sampun asring dipun ewahi.

- -- 4 ---

Wêwênangipun nindakakên, (uitvoerende bevoegdsheid) punika wontên ngastanipun kèisêr, akalihan bonsrad tuwin riksêdhah. Wijangipun sawatawis makatên.

Bonsrad punika bêbadanipun pèdhêrasi (het orgaan der Verbonden staten) mila sadaya praja-praja sa-Dhitsêlan ingkang dados warga inggih kagungan wêwakil wontên ing ngriku, namung cacahipun wakil botên sami, kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, dene pamintanipun sêtèm makatên: Prusên. 17 Bèiyêrên 6 Saksên sarta Wurtênburêh nyêkawan á 4, Badhên sarta Èsêniga á 3, Mèklênburêh Swèrin, sarta Brinswik, ngalih, á 2 Saksêwemar, Mèklênburêh Sêtrèlitsa, Uldhênburêh, Saksên Mèlingên. Saksên Koborêh Kutha, Anhal, Swarêsburêh Rodholsêtat, Swarburêh Sondhêr Aosêl. Waldhèl, Reos, Odhêrlini, Reos, Yongêrlini, Sakaombêrêhlip. Lip. Lubèl, Brèmin, sarta Amburêh nyatunggal a. 1. dados gunggung kêmpal sadaya wontên 58 sêtèm, Elsaslud Aringên,§ Nagari boyongan saking Parangakik, kala pêrang Jerman Parangakik taun 1871. gadhah wakil satunggal. Nanging namung gadhah wêwênang ngaturi pamrayogi, kasêbut ing pêrpasung dipun namakakên "Cunsultatieve Vatem" mila warganing bonsrad punika lajêng nama dede wakiling kawula, nanging wakilipun praja-praja, mila wontênipun ing Rijksverbond wakil-wakil wau, angsal pajagèn sami kalihan utusanipun para môncapraja, (gerijke bescherming als alle diplomatike vertegenwoordigers) sarta miturut pêrpasung ing bab kaping 7, adêg-adêg 3 mungal: sadaya rêmbagipun wakil ing bonsrad, ingkang botên wêwaton dhawuhing prajanipun, (geinstrueerd) botên dipun anggêp. Para warganing bonsrad, wênang nêrangakên pamanggihipun (inzichten) prajanipun piyambak-piyambak, wontên ing Riksêdhah, sanadyan rêmbagipun wontên ing bonsrad sampun kawon suwara, dados mirid gumêlaripun kados makatên punika bonsrad botên sagêd dipun samèkakên kalihan 1e kamêr utawi parlêmèn, makatên malih kados polêksrad.

Pangarsanipun bonsrad punika nama rikkanslir, dipun wisudha ing kèisêr tanpa wêwangên. Kajawi dados pangarsanipun bonstrad rikkanslir wau kawajiban dhèrèk nandhani (contrasigneeren) kèisêr wontên sadaya undhang-undhang anggêr nagari (Rijkswetten) sarta [sar...]

--- 5 ---

[...ta] lajêngipun ingkang nanggêl sadaya manawi wontên kalêpatanipun. Ngladosi sang nata anggèning jumênêng pangarsaning bonsêtatên, minôngka dados sêsêpuhipun sadaya kawajibaning bonsrat.

Taksih wontên sambêtipun.

Pèngêtan

II

M. Ng. Ônggapradata majêng anêrangakên pikajêngipun anggèning damêl gêgubahan wontên ing sêrat kabar, punika sayêktosipun dèrèng têrang manahipun, ingkang pundi dununging kalêpatanipun sarta punapa sababipun dene kok dipun lêpatakên. Manawi lêpatipun punika bab anggènipun angrujuki wontênipun warga mirunggan, 3 nanging namung nyuwun dipun wontêni satunggal kemawon, punika nama botên têbih, sababipun nyuwun dipun wontêni 1 jalaran lawanan kalihan parentah punika kêdah mawi sidhang siring, sampun kok namung botên rujuk thok, amargi rad bale agung wau kagunganipun nagari, sanès gadhahanipun kawula, dados bilih nagari maringi jêjênêng punapa botên sagêd, ingkang makatên wau punapa botên nyêngklèng? Manawi pamanggihipun kumisi dipun wontêni warga mirunggan punika badhe ngèwêd-èwêdi, kauningana parentah makatên manawi kagungan karsa punapa-punapa mêsthi kalampahanipun, dene bab bedaning cacah punika namung nyumanggakakên ing parêpatan.

R. T. Mr. Wôngsanagara nyêlani rêmbag, katrangan Ônggapradatan makatên punika klèntu, warga mirunggan wau sanès jêjênêngipun parentah.

M.Ng. Ônggapradata nlajêngakênnglajêngakên. aturipun, lah manawi warga mirunggan wau sanès jênêngipun parentah, punapa warga mirunggan makatên minôngka paranpara- (adviseur) nipun rad bale agung, awit mênggahing sajatosipun pancèn dèrèng mangrêtos têrang.

Pangarsa ngandika, lo manawi makatên punika nama clila-clili, lah tiyang sagêd gadhah pamanggih nyulayani, kok jêbul dèrèng têrang dhatêng dunungipun warga mirunggan, kalihan malih ingkang dipun wastani parentah punika ingkang pundi.

M.Ng. Ônggapradata matur, mênggah ingkang dipun wastani parentah makatên inggih parentah guprêmèn kalihan parentah Kajawèn, amargi paprentahan kalih wau nitik gumêlaripun nama dados satunggal.

--- 6 ---

Sarèhning anggènipun Ônggapradatan damêl katrangan botên têrang, pangarsa lajêng nawèkakên dhatêng parêpatan, sintên ingkang badhe tumut rêmbagan bab punika.

R.M. Sudarya Cakrasiswara mêdhar sabda, nitik larah-larahipun, lêpatipun sadhèrèk Ônggapradata mêlok sangêt, I. miturut tatananing pakêmpalan, warga punika kêdah miturut dhatêng karampunganing parêpatan agêng. Saya yèn nalika pakêmpalan damêl karampungan wau, warga kasêbut nginggil inggih tumut rêmbagan sarta lajêng ngrujuki karampungan wau, dados manawi mêdal sajawining pakêmpalan lajêng nyulayani karampungan, anggrejah pamanggihipun piyambak ingkang sampun dipun êmohi parêpatan, punika botên kenging, kados sampun cêtha mênggahing lêpatipun Ônggapradatan, paribasan kagendhong kaindhit, II bab anggènipun gupêrmèn utawi parentah manawi kagungan moga punapa-punapa mêsthi kalêksananipun, we lah, manawi makatên, wontênipun pakêmpalan kados Narpawandawa punika lajêng tanpa guna. Manawi pakêmpalan kados Narpa sapanunggilanipun, sampun tanpa guna, prayogi Ônggapradatan usul murih bibaripun pakêmpalan kemawon, kauningana, sadhèrèk, pakêmpalan kados Narpa punika wênang nyuwara. Punapadene ingatasing bab punika parentah malah kapengin nguningani pamanggihipun para pakêmpalan III parentah punika miturut criyosipun Ônggapradatan inggih gathukipun parentah Wlandi (gupêrmèn) kalihan parentah Kajawèn, punika botên kapanggih ing nalar, dening wontênipun sêtatsêblad taun 1921 ôngka 566 ingkang nyilah-nyilahakên kawulaning gupêrmèn lan kawulaning krajan Jawi. Awit saking punika, samôngsa wontên silah-silahaning kawula, inggih mêsthi wontên paprentahan ingkang botên satunggal, dados wontên parentah guprêmèn, sarta parentah Jawi, malah yèn kalihan kadipatèn Mangkunagaran, ing Surakarta ngriki wontên parentah tiga: IV bab warga mirunggan Walandi ingkang dipun kajêngakên Ônggapradatan dados wakilipun parentah punika, punapa palihan? minôngka jêjênêngipun gupêrmèn sapalih, parentah Kajawèn sapalih, punika lucu namanipun, lan malih botên wontên tiyang ingkang kandêl raosing kabangsanipun pitados damêl wakil tiyang sanès bôngsa, saya manawi jêjêripun makatên. Kajawi punika sadhèrèk Ônggapradata inggih nyulayani mosi: B. O. môngka kala B. O. ngrêmbag punika Ônggapradatan [Ông...]

--- 7 ---

[...gapradatan] inggih wontên sarta botên mabêni punapa-punapa. Tutuping aturipun Radèn Mas Sudarya Cakrasiswara, supados botên kapanjang-panjang, sadhèrèk Ônggrapradata dipun prayogèkakên ngunus wangsul gêgubahanipun ingkang kawrat ing D. K. kasêbut nginggil sarta nyuwun pangapuntên, lajêng rampung. Dene manawi Ônggapradatan mêksa puguh prayogi kèndêl kemawon saking anggènipun dados warga Narpawandawa.

M. Ng. Ônggapradata mangsuli, wosipun kemawon, dèrèng angrumaosi lêpatipun, sarta slewengan ngrêmbag mosi B. O.

R. M. H. Wuryaningrat, ngandika mrayogèkakên supados botên salah wèwèng mosi B. O. sampun katut dipun rêmbak kemawon, amargi bakunipun sanès punika, namung anggènipun Ônggapradatan nyulayani mosinipun Narpa sarta dipun anggêp lêpat, punika kemawon kalajêngakên pangrêmbagipun, Ônggapradatan ngakêni lêpatipun punapa botên.

R. Ng. Ônggapradata nglajêngakên rêmbag, nyuwun dhawuhipun pangrèh kadospundi sarta andadak mawi ngajêngakên bab ingkang babarpisan botên magêpokan, inggih punika bab parte dhisiplin.

Pangarsa anggêdhog meja wongsal-wangsul sarta paring pitêdah sêmu anyêl ing panggalih, lajêng ngandika, bilih pangrèh sampun nganggêp lêpat, botên prêlu paring dhawuh punapa- punapa malih, kantun Ônggapradatan kadospundi sampun dhamang dhatêng kalêpatanipun wau punapa dèrèng, dene bab parte dhisiplin punika nyêbal sangking jêjêring rêmbag.

R. T. Mr. Wôngsanagara ngandika, sarèhning Ônggapradatan dèrèng paham dhatêng punapa ingkang dipun wastani warga mirunggan wau, mila lajêng nêrangakên sawatawis ngantos gambêlang, pungkasanipun ngandikakakên, bilih nitik andharanipun Ônggapradatan wau, piyambakipun dèrèng mangrêtos dhatêng larah-larahipun ingkang dados rêmbag, dados wontênipun damêl gubahan ingkang nyulayani punika sagêd ugi sangking sêling sêrêp kemawon, utawi botên dipun jarag, mila prayogi ngunus wangsul gubahanipun ing D. K. kados usul Cakrasiswaran.

M. Ng. Ônggapradata katingal bilih pakèwêd ngunus wangsul gubahanipun ing D. K. sarta mêksa dèrèng nglênggana dhatêng lêpatipun, sarta lajêng ngandhar-andhar rêmbagipun ingkang

--- 8 ---

wosipun, rumaos awrat ngunus wangsul gubahanipun ing D. K. dening sampun kawrat ing sêrat pawarti ingkang dipun uningani tiyang kathah.

R. T. Mr. Wôngsanagara ngandika, pancènipun kala wau sampun nyukani margi, manawi Ônggapradatan pakèwêd badhe ngunus wangsul, sadhèrèk Radèn Mas Sudarya kemawon dipun aturi damêlakên sakêdhap, manawi pamanggihipun juru sabda prayogi dipun unus kemawon, awit tiyang nglênggana dhatêng kalêpatan, punika luhur.

Sarèhning sampun kapèpèt sangêt, sadhèrèk Ônggapradata lajêng pratela, yèn anggènipun damêl gubahan punika pancèn botên katêmaha, wusana ngrumaosi lêpatipun sarta pratela sagah ngunus wangsul karanganipun ingkang kawrat ing D. K. ingkang dados rêmbag punika, parêpatan lajêng katingal lêga. Taksih wontên sambêtipun.

Turunan

Palilah ôngka 18, A/3/II

Manira pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani layang paturane pangarsaning pakumpulan Narpawandawa katitimasan kaping 22 Oktobêr 1928, ôngka 74/153 na, sakanthine, amaringi palilah marang pakumpulan Narpawandawa angowahi wêwatone pakumpulan kang wus kaidèn nagara kamot ing layang palilah katitimasan kaping 5 Ruwah Jimawal 1845. Ôngka 3, A/2, sarta kaping 6 Dhesèmbêr 1920, ôngka 1578/8, A/2, owah-owahane kaya kang kasêbut ing layang palapurane panitya kang wus dicondhongi parêpatan nalika kaping 7 Mèi 1928.

Palilah iki turunane kaparingake kang kaparingan palilah supaya sumurup saparlune. Dhawuhing palilah kaping 29 Nopèmbêr 1928.

Kangjêng Radèn Adipati W. G. Jayanagara

--- 9 ---

Katur Para Warga

Awit saking putusanipun parêpatan agêng mirunggan, nalika dintên Salasa sontên, tanggal kaping 22/23 Dhesèmbêr 1931 kados ing ngandhap punika:

I. Rêmbag bab wontênipun pèdhêrasi praja Kajawèn sakawan, sasampunipun panitya ngaturi katrangan gamblangipun, ingkang kawrat palapuran, sarta sasampunipun mirêngakên pamêdhar sabdanipun para juru sabda, Narpawandawa lajêng badhe macak atur dhatêng praja Kajawèn sakawan.

II. Bab organ, para warga katêtêpakên angindhaki urunanipun sabên wulan f 0,05.

III. Nalika tanggal kaping 15/16 Dhesèmbêr 1931 Narpawandawa sampun kalampahan ngadêgakên lokal komite, pakêmpalan ingkang sampun dados warga 1 Budi Utama pang Surakarta, 2 darah Mangkunagaran, 3. P. P. K. D., 4. P. K. C.

IV. Narpawandawa badhe ada-ada damêl, pêpanggihanipun para putri (dames kring) supados anambahi kamajênganipun para santana dalêm.

Sadaya wau mugi andadosna kauningan.

Kasêrat kaping 1 Januari 1932.

Pangrèh.

Palapuran Kawontênanipun Pakêmpalan Pralenan Narpawandawa, Ingkang Tumindak Salêbêtipun Taun 1930 Dumugi Dintên Punika: Pratelanipun Kados Ing Ngandhap Punika

Pratelanipun arta malêbêt

1. Tampi èntre saking warga enggal f 5,-. 2. Tampi pasumbang para warga f 232,50. 3. Tampi 10% nipun ingkang angsal pasumbang f 25,75. Gunggung f 323,25. Arta ingkang taksih sumimpên f 153,40. Sadaya gunggung f 476,75

--- 10 ---

Pratelanipun arta mêdal

1. Kangge nyumbang warga sarta bojoning warga ingkang tilar donya f 257,50. 2. Kangge nglampahakên ulêm kaping 9 f 25,75. 3. Kangge ngêcapakên ulêm sarta kuwitangsi pasumbang f 10,-. Gunggung f 293,25

(Nyumbang warga kaping 5 = f 184,- bojoning warga kaping: 4 f 72,50 gunggung f 257,50).

Arta mêlêbêt f 476,75. Arta mêdal f 293,25

f 183,50

Arta pasumbang ingkang dèrèng bayar f 14,75. Gunggung sadaya f 198,25

Kawontênanipun warga

Warga limrah 140 warga mulya 6 = 146. Ingkang tilar donya 5 kawêdalakên 3, gunggung suda 8. Kantun 138. Wêwah warga limrah enggal 5. Warga sadaya gunggung 143.

Katur kaping 24 Juni 1931 (plapuran ingkang katur kantun piyambak kala kaping 29/3 1230).

Sèkêrtaris pènêng mèstêr: Yasadipura.

Panitra II Arta Pratignya.

Wit Waringin Dados Patirakatan, Sarta Pamidhangan

Ing dhusun Kapulisèn, kalurahan Kartasura (dhistrik Kartasura) pêkênipun wontên witipun waringin, dados patirakatan sarta pamidhanganing ngakathah, miturut cacriyosanipun para sêpuh ing dhusun ngriku, kala sadèrèngipun wontên sêpur sabên wontên layonipun para luhur, ingkang badhe kasarèkakên dhatêng astana Imagiri, [Imagi...]

--- 11 ---

[...ri,] tamtu kakèndêlakên wontên sangandhaping wit waringin wau, parlu kasalatakên, sasampunipun lajêng kaangkatakên malih, ananging sarêng ing Purwautama kaadêgan masjid, layon botên kakèndêlakên wontên ing sangandhaping wit waringin wau, nanging kakèndêlakên wontên ing masjid Purwautama. Awit saking punika sangandhaping wit waringin wau lajêng dados patirakatan sarta pamidhangan, namung anggènipun dados patirakatan botên dangu, dene anggènipun dados pamidhangan lastari ngantos dumugi sapriki, inggih punika manawi nuju dintên Jumungah Lêgi utawi Jumungah Pon, nyarêngi pêkênan ing Kartasura.

Siti Sangar Kapêtha Kuburan

Botên têbih kalihan wit waringin ingkang dados patirakatan sarta pamidhangan kasêbut ing nginggil, wontên siti sangar kapêtha kuburan mawi kakijing sela, dumunung wontên ing ulon-uloning pasarean tilas karaton Kartasura, mênggah dêdongenganipun makatên:

Nalika layon dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV kasarèkakên dhatêng ing astana Imagiri, layon kabêkta lumampah dharat, amargi dèrèng wontên sêpur, dumugi ing Kartasura layon kakèndêlakên wontên ing bangsal pakèndêlan layon, (tilasing bangsal wau sapunika kalêrês satêngahing pêkên Kartasura, ingkang wontên witipun waringin agêng kasêbut nginggil, nanging waringinipun sapunika sampun kantun pogogipun kemawon, amargi sêmpal katrajang ing prahara), enjingipun layon kaangkatakên malih.

Kacariyos pasitèn ingkang kalêrês kangge pakèndêlan layon wau, lajêng dados siti sangar, ing kinanipun gawat sangêt, kêrêp adamêl kasangsaranipun tiyang ingkang ngambah ing ngriku, dangu-dangu lajêng sagêd kauningan ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping V. Wiyosing dhawuh timbalan dalêm, siti ingkang kalêrês kangge pakèndêlan layon dalêm wau, kadhawuhan andhudhuk lajêng kacandhi, sitinipun kapêtak kalêrês ing ulon-ulonipun pasarean tilas karaton Kartasura, ugi lajêng kaèstokakên dipun candhi, kapêtha pungkrukan kadosdene kuburan, mawi dipun têngêri kijing sela dumugi sapunika dèrèng tawar kalêbêt [ka...]

--- 12 ---

[...lêbêt] taksih angkêr. Sawetaning kijing sela wau ing ngajêng wontên witipun waringin, sabên-sabên dipun pencoki pêksi prêkutut, anggungipun agêng tuwin sae, kathah tiyang ingkang sami ngangkah mikat dhatêng pêksi wau, tarkadhang kenging kapikat, nanging dalunipun tamtu sagêd ucul malih, sarta enjingipun sampun katingal manggung wontên ing waringin wau malih, makatên salajêngipun. Kacriyos pêksi wau nama Kiyai Gêndèr, ing ngajêng kalangênan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV, wêkdal sumare pêksi kadhèrèkakên, lajêng kauculakên wontên ing pasarean. Wontên cacriyosan malih, anuju satunggiling dintên wontên santana dalêm jiyarah dhatêng pasarean Kartasura, ngiras nyanjata pêksi, sarêng priksa Kyai Gêndèr lajêng badhe dipun sanjata, ing wêkdal wau sampun kaèngêtakên kalihan kônca juru kunci, nanging botên dipun galih, kalampahan pêksi lajêng dipun sanjata, nanging lêpat, sami sanalika saliranipun karaos jimpe dados pêjah sapalih.

Sumur Bandhung Dipun Lêluri Ing Akathah

Cêlak kalihan kuburan siti sangar ing nginggil, kalêrês sakidul wetaning griyanipun juru kunci (dados salêbêtipun capuri tilas kadhaton Kartasura) wontên sumuripun, kawastanan sumur Bandhung dening langkung wiyar tinimbang sumur-sumur limrah, kacriyos sumur wau iyasan dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping I toyanipun namung kagêm siram jinabat, wulu, sarta sêsuci sasaminipun. Dumugi sapriki para luhur Jawi utawi para priyantun kathah ingkang sami siram sarta ngunjuk toyanipun sumur Bandhung wau, minôngka ngalap barkah dalêm ingkang iyasa.

Sêndhang Prampelan

Ing dhusun Prampelan bawah kalurahan Mayang (Kartasura) wontên sêndhangipun dumunung wontên sabin kas dhusun Mayang saêlèr dhusun Prampelan, dene sakawitipun wontên sêndhang wau kadospundi, botên wontên tiyang ingkang sumêrêp, namung ing ngriku kathah tiyang têbih-têbih ingkang sami dhatêng, parlu sami nyuwun barkah sagêda saras anggènipun sakit mripat, kawontênanipun kathah ingkang sami katrimah panyuwunipun, katôndha

--- 13 ---

kathah ingkang sami ngantuk-antuki ambêkta sêkul tumpêng. Kasajèkakên ing sanginggiling sêndhang, lajêng karayahakên para lare angèn, manawi botên wontên lare angèn, inggih lajêng katilar kemawon. Kacriyos botên anggêr tiyang sagêd sumêrêp dhatêng sêkul tumpêng wau, kajawi pancèn tiyang nalurinipun tiyang ing Prampelan. Miturut dêdongenganipun tiyang dhusun ngriku, sêndhang wau wingit, wontên ingkang rumêksa nama Kiyai Singawijaya. Tandhanipun ulam ing sêndhang ngriku botên kenging kapêndhêt ing tiyang.

Sêndhang ing Mayang

Ing dhusun Mayang taksih nunggil bawah kalurahan ing Mayang, wontên sêndhangipun nama sêndhang Mayang, punika rumiyinipun wingit, wiwit kala jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Bagus, ngantos dumugi sapriki, toyaning sêndhang wau kangge ngupakara dhahar dalêm tape.

Sêndhang Siwal

Ing dhusun Siwal bawah Kalurahan Siwal (Waru-Kartasura) wontên sêndhangipun, kala rumiyin wingit, para têtiyang ing dhusun ngriku sami ajrih mangangge panganggèn gadhung, kados ta: manawi tiyang jalêr udhêng gadhung, utawi tiyang èstri ngangge kêmbên punapa rasukan gadhung, sami ajrih dhatêng ing sêndhang wau, namung kawontênanipun sapunika sampun mantun wingit. Sabên masa katiga toyanipun kangge adus sae kemawon.

Sasêrêpan Sawatawis

Pangupakaranipun Lare Sêsêpan, Kajawèkakên Saking Hooge Zuigelingensterfte en Zuigeingenzorg dening Tuwan Dr. P. W. van Haeften

I

Manawi cacahipun lare sêsêpan ingkang tilar donya punika mindhak, sampun têrang manawi andadosakên kapitunan agêng tumrap ngakathah, awit saking punika sadaya tiyang kawajiban ambudidaya murih sudanipun pêpêjah wau.

--- 14 ---

Kajawi punika pun lare inggih nêdha gêsang, mila tiyang ingkang wajib mulasara kêdah ngupakara lare wau kanthi sênênging manah sarta têmên-têmên. Langkung malih gêsangipun bôngsa punika wontên ing lare, bôngsa sagêd widada jalaran saking lare. Tiyang sêpuh gadhah panjôngka punika tumrap anak-anakipun. Tiyang ngambah jaman enggal sarta gadhah idham-idhaman enggal, amargi saking lare utawi tumrap anak-anakipun. Mila gadhah anak punika mêwahi kabêgjaning agêsang, dene kasripahan anak punika anjalari kasusahan agêng. Sadaya wau ngiyatakên kêkajêngan kita rumêksa lare sampun ngantos ajal taksih alit.

Mênggah ingkang anjalari indhakipun pêpêjah tumrap lare ingkang taksih nêsêp, kenging kaperang dados kalih golongan agêng, inggih punika:

1. Daya umum warni-warni, ingkang nyuda kêkiyatanipun bayi, kados ta: umuring tiyang sêpuhipun, sêsakit ingkang turun-tumurun upami rajasinga, bapa biyung sanak piyambak, kamlaratanipun tiyang sêpuh, punapa malih saking kiranging pangupakara jalaran botên mangrêtos, botên kamanah utawi kabêkta saking gugon tuhon.

2. Sêsakit warni- warni.

Sampun cêtha manawi bapa biyungipun kênèmên, anakipun kirang kiyat.

Lare ingkang tiyang sêpuhipun taksih sanak, badanipun asring wontên gèsèhipun kalihan ingkang limrah.

Kabêkta saking tiyang sêpuhipun gadhah sêsakit rajasinga, anak-anakipun ingkang wiwitan lair kathah ingkang sampun pêjah. Manawi sêsakit punika botên dipun tandangi sayêktos kalihan para dhoktêr, adhinipun lare wau lair botên dangu lajêng pêjah, limrahipun manawi sakit mawi mêcicil (struip) dening glabadipun utêk sakit.

Manawi tiyang sêpuhipun miskin, kêkirangan têdha, jabang bayi ingkang lair têmtu kathah ingkang kêra. Kêkirangan punika inggih anjalari botên sagêd nyukani sandhang têdha sarta ngupakara sapantêsipun. Griyanipun alit dipun ênggèni tiyang kathah. Manawi tiyang sêpuhipun ngêmu sêsakit, bayi wau gampil sangêt kêtularan. Kacingkrangan punika limrahipun gandhèng kalihan kabodhoan, sarta kêmproh.

Bayi punika kathah ingkang pêjah jalaran botên dipun sêsêpi biyungipun, lajêng

--- 15 ---

dipun têdhani sanèsipun kalayan tanpa sabab.

Pèngêt: toya susunipun biyung punika tumrap bayi (miturut waton) têdha ingkang sae piyambak.

Supados bayi sagêd lêstantun bagas saha saras, hawanipun kêdah rêsik sarta sakeca. Rintên sarta dalu sênthong panggenanipun bayi punika, hawanipun botên kenging rêgêd dening pêga, sarta kêdah sontan-santun. Manawi dalu bayi botên kenging katilêmakên cêlak kalihan dilah ingkang ngukus.

Sapunika dipun titipriksa sêsakit punapa ingkang damêl indhakipun pêpêjah tumrap bayi. Kêdah dipun èngêti manawi dayanipun sêsakit wau gumantung panggenan sarta kawontênanipun.

Kathah bayi ingkang botên dipun sêsêpi, dipun ombèni prêsan ingkang kirang sae, dipun palsu utawi ngêmu sêsakit, utawi dipun sukani têdha ingkang kirang prayogi, punika lajêng sakit murus. Manawi botên lêrês pamulasaranipun lajêng pêjah jalaran têlas kêkiyatanipun, mila têdha ingkang kirang prayogi upaminipun prêsan lêmbu utawi mèlêk, punika sagêd ugi ambêbayani, amargi pandamêlipun rêkaos. Kêdah dipun êmori toya, cuwèr kênthêlipun manut umuripun lare, toyanipun kêdah rêsik, botên ngêmu sêsakit, ingkang anggarap tanganipun kêdah rêsik, upaminipun botên kenging kêtemplekan sêsakitipun lare ingkang katut sêsukêr. Panyimpênipun inggih kêdah sae, wontên ing gêndul ingkang rêsik yêktos. Manawi botên makatên, bayi wau sagêd kenging wiji sêsakit ingkang nular, ingkang ambêbayani tumrap gêsangipun lare.

Ing hawa asrêp, saya malih ing môngsa badhidhing, kathah bayi ingkang pêjah jalaran sakit kêbuk, nanging ing ngriki inggih kathah bayi ingkang pêjah amargi sakit kêbukipun, (longontsteking).

Katêrangakên manawi bayi punika ngantos kenging asrêp awit saking kirang pangatos-atos, lajêng gampil kataman wijinipun sêsakit kêbuk wau.

Ingkang adhakan anjalari sakit kêbuk punika, bilih bayi wuda utawi popokipun têlês kaglethakakên ing panggenan bantaran angin utawi kenging angin.

Sêsakit cêkèk, (tuberculose) tumrapipun bayi damêl sakitipun glabadi utêk. [u...]

--- 16 ---

[...têk.] Lare wau lajêng mêcicil, wasananipun têmtu pêjah.

Taksih wontên sambêtipun.

Nglêrêsakên Kalêpatan

Ing organ ôngka 1 kaca 9 tumrap:

Adêg-adêg ra, ingkang mungêl, abdi tarunakêmbang, lêrêsipun, abdi dalêm tarunakêmbang.

Adêg-adêg sa, sêtatsêblad taun 1927 ôngka 656 lêrêsipun taun 1921 ôngka 566.

Ing organ ôngka 2 kaca 15 garis 7 saking nginggil, ingkang mungêl, sapanduman, lêrêsipun: sapandum.

__________

Rêdhaksi nampèni buku ngèlmu phalak, saking pangêcapan, J. B. Wolters ing Batawi, gubahanipun Tuwan G. Vriens kalihan R. J. Djajaatmadja guru sakolahan normal ing Munthilan, aksara Latin, mawi karêngga ing gambar kathah sarta prasaja, têtêmbunganipun ugi kadamêl prasaja supados botên ambingungakên dhatêng ingkang sami badhe sinau ngèlmu phalak wau, rêginipun namung f 1,- satunggal buku. Botên langkung rêdhaksi amung matur nuwun.

Para warga ingkang sami santun asma, sasêbutan, tuwin pindhah panggenan, kasuwun supados sami paring prasabên dhatêng panitra II, prêlu badhe kangge ngewahi buku pèngêtanipun pangrèh.

Wara-wara

Ing taun 1931 kapêngkêr punika, organ prasasat botên kawêdalakên amargi katrajang ing môngsa malèsèt, wiwit taun punika kawêdalakên malih, nanging ewah wujudipun, dipun pêpuji kemawon lastarinipun sagêd ajêg sowan ing ngarsa panjênêngan, saha pulih wujudipun kados taun 1930 mugi andadosna kauninganipun para maos.

Administrasi.