Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1928, #414
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-02, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #326.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-03, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #459.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-04, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #460.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-06, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #461.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-09, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #462.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-10, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #463.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1928-11, #414. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #464.

Ôngka 2, Kaping 9 Ruwah Jimakir 1858, Utawi Kaping 1 Pèbruari 1928

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan. Mèdhê rêdhaktur R. Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kusumadilagan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927. Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50. I/2 kaca ... f 4.-. 1 kaca ... f 5.70. Kapacak sapisan.

Luguning Sêsorahipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya Wontên Parêpatan Umum Ing Rad Kawula

II

Tuwan pangarsa, ajalipun punggawa kita ahli ardana Tuwan Pagalotti, punika nuwuhakên ebahing kalam kathah. Punggawa wau kablônja dening karajan Surakarta kalih pisan, sakawit pancèn kadhawuhan nuntun kawajibanipun rèkênkamêr kangge praja kalih dados satunggal, ingkang badhe ngadêg sarta tatananipun dipun pasrahakên piyambakipun, nanging dangu-dangu salah kadadosan, mancala warni dados punggawa ingkang ngamping-ampingi rêsidhèn anggènipun gadhah kawajiban ngulat-ulatakên lampah sarta pangastanipun arta para karajan wau, dados nyatanipun minôngka sariranipun residhèn bab babagan pêrluning karajan Jawi, môngka pancènipun paramparanipun [pa...]

--- 2 ---

[...ramparanipun] karajan Jawi babagan arta. Makatên punika lan sasampunipun, sanajan sagêd ugi dumadosipun botên sarana kajarag, kajawi nyilêp kajad ingkang sae, sampun tamtu botên sagêd mahanani kasagahanipun parentah luhur ingkang sampun nate kawêdhar ing rad ngriki, ungêlipun: angangkah sagêdipun karajan Jawi sangsaya mindhak wawênangipun anggèning nyêpêng bawahipun piyambak. Mila anggèn kula cumanthaka angaturakên priksa kawontênan ingkang klintu wau, angajêng-ajêng mugi-mugi parentah luhur andhanganakên paring dhawuh anglêrêsakên kalêpatan wau benjing manawi kantoripun dipun tata enggal, jalaran saking tilar dunyanipun panuntun kasêbut nginggil, kaangkah sagêdipun dados pamarêm kita, sarta mahanani kasagahanipun parentah wau. Pungkasaning atur kula, pangarsa, mugi-mugi parentah sampun pisan-pisan kasupèn dhatêng paribasan Jawi: sabda pandhita ratu. Têgêsipun sadaya kasagahanipun parentah punika kêdah dipun lêksanani, amargi wêdharing pangandikanipun parentah (Souverein) punika ajinipun sami kalihan sabdaning pandhita.

Wangsulanipun Paduka Tuwan Dhirèktur B. B. ingkang kapisan, ing dintên Kêmis 24/11 '27.

Nuwun Adiwijaya dipun biyantu Tuwan Sutadi sami angèngêtakên dhatêng parentah ing bab kasagahanipun, lumantar tilas dhirèktur pangrèh praja Tuwan Carpentier Alting ing nalika taun 1918: manawi nglajêngakên panatanipun pangrèh praja badhe nata pisan drajadipun para pêpatih.

Nalika taun 1918 punika panggalihanipun parentah bab ewah-ewahan tatanan pangrèh praja, sajatosipun dèrèng gumathok. Sarêng taun 1922 anyarêngi ewahipun Regeeringsreglement, punika sawêg sagêd damêl bakuning ewah-ewahan pangrèh praja ingkang samangke sawêg badhe dados rêmbag.

Ing ngriku sagêd anguningani, bilih sajatosipun tatanan enggal wau botên gêgancêngan babarpisan kalihan badhe ewahipun drajading pêpatih.

Sarèhning wiwit taun 1918 kathah ewah-ewahan (kalêbêt ugi ing Vorstenlanden) môngka ing ngriku botên wontên nalar-nalar ingkang sagêd anjalari ngewahi drajading pêpatih kajawi pratelan kula wau, mila prasajanipun kasagahanipun parentah badhe ngewahi drajading pêpatih wau katalib.

--- 3 ---

Samangke parentah dèrèng sagêd paring wawasan badhe kadospundi panataning drajadipun pêpatih wau ing têmbe, mila namung paring kasagahan kemawon kados ingkang sampun kawrat ing "Memorie" ing têmbe prakawis wau badhe kagalih.

Adiwijaya nyêlani: têmbe, punika gèk benjing punapa.

Dhirèktur nglajêngakên: awit saking usulipun Tuwan Adiwijaya, bab ewah-ewahan tatananipun kantor juru niti arta ing Surakarta, parentah paring uninga bilih sadaya ingkang dipun usulakên wau dados panggalihanipun parentah. Parentah badhe sarêmbag kalihan para karajan Jawi anyatitèkakên kadospundi prayoginipun panataning kantor wau adhêdhasar lêrês lan ngadil.

Sêsorah Adiwijayan ingkang kaping kalih 24 11/ '27.

Tuwan pangarsa, wangsulanipun parentah bab rêmbag kula prakawis drajading para pêpatih, punika namung satunggal ingkang andadosakên pamarêming manah kula, inggih punika anggènipun parentah prasaja, bilih dhatêng kasagahanipun nalika taun 1918, sajatosipun kalepyan, mila inggih botên sagêd paring ancêr-ancêr badhe kadospundi ing têmbe panatanipun drajading para pêpatih wau. Makatên punika kula lajêng sagêd sumêrêp kayêktènipun, sarta malah sintên tiyangipun ingkang botên mangrêtos: sanajana parentah, kalamôngsa inggih prêlu dipun èngêtakên dhatêng kasagahanipun.

Nanging manawi anggèning ngèngêtakên wau sampun kalampahan paribasan Jawi ingkang kula angge nalika kula sêsorah kapisan, punika lèrègipun mriku, tamtunipun kenging dipun ajêng-ajêng anggèning parentah tumuntên anglêksanani kasagahan wau, botên namung ngambali kasagahan malih, rêmbag wau ing têmbe, badhe kagalih, lêrêsipun kasagahanipun wau rak lajêng ingkang gumathok. Awit saking punika kula nyuwun dhatêng wakilipun parentah, mugi asukaa katrangan benjing punapa kaparêngipun parentah anggalih ewahipun drajading para pêpatih lan badhe kagandhèngakên kalihan punapa.

Kajawi saking punika taksih wontên malih kuciwanipun parentah. Kula sampun mangrêtos bilih wêktu punika parentah dèrèng sagêd paring sasêrêpan kadospundi

--- 4 ---

gêlat-gêlitipun drajading pêpatih ing têmbe, dening prêlu kasinau ingkang absah rumiyin, namung ing bab anggènipun botên anjawab dhatêng pitakèn kula ingkang botên susah kasinau rumiyin, punika ingkang kula wastani kuciwa. Kala samantên pitakèn kula makatên: tatananipun samangke punika taksih adhêdhasar kasujanan punapa botên, manawi botên, punapa sababipun, sarèhning punika ewon dede pitakèn angèl tuwan pangarsa, mila kula nyuwun jawabipun wêwakiling parentah ingkang cêtha, manawi mangke anjawab ingkang kaping kalih.

Bab kasagahanipun tumrap paniti arta, kula ngaturakên panuwun. Taksih wontên sambêtipun.

Kopêrasi Dados Kabêtahanipun Bôngsa

Kawuningana sontan-santuning pikiranipun tiyang punika sampun têmtu gathuk kalihan kawontênanipun jaman, nitik cacriyosan utawi ingkang sampun kula sumêrêpi jaman salawe taun sapriki kemawon, ing Surakarta dèrèng kathah para tiyang ingkang manah dhatêng wontênipun kopêrasi (dagang bêbathon) môngka kopêrasi makatên agêng sangêt pigunanipun, bokmanawi wontên parlunipun kula têrangakên sawatawis wontên ngriki.

Kopêrasi, punika têgêsipun sêsadean ingkang nyanggi kabêtahanipun tiyang gêgriya, saha ingkang pawitanipun ugi bêbrandon (aandeel) sagolongan ngriku, wondene paedahipun tumrap ingkang tumut bêbrandon wau (aandeelhouders).

Ha: nyuda wragad tinimbang tumbas dhatêng toko piyambak.

Na: bilih wontên parlunipun ing sawanci-wanci sagêd gampil pamêndhêtipun barang.

Ca: bilih daganganipun sagêd majêng (payu), badhe angsal kauntungan saking sakêdhik.

Kopêrasi wau kêdah katindakakên salah satunggalipun tiyang, kanthi bêbau mênggah paedahipun dhatêng ingkang kapitados nindakakên.

1. Ngindhakakên sasêrêpan dhatêng kawruh padagangan (Kooperatie politiek).

2. Mangêrtos dhatêng ubat-ubêtipun rêrêgèn barang.

3. Nyuda dhatêng kauntunganipun para toko agêng.

--- 5 ---

Dumugi wêkdal sapunika para tiyang sampun sami mangêrtos dhatêng paedahipun kopêrasi, mila botên lôngka bilih para sadhèrèk Jawi lajêng sami ngadêgakên bêbathon dagang (Kooperatie) sanadyan wontên ingkang botên widada, nanging nama sampun sumêrêp ing parlu.

Pakêmpalan kita Narpawandawa ugi sampun nate ngrêmbag badhe ngêdêgakên kopêrasi, malah nalika samantên sampun kawontênakên bêbadan ingkang kapatah nyinau ingatasipun kopêrasi, nanging dumugi sapunika lajêng sidhêm pramanêm tanpa sabawa.§ Pamirêng kula sapunika pangrèh sampun damêl dhapukan panitya malih, 1. Rm. H. Wuryaningrat, 2. R. T. Sastrawadana, 3. Rm. H. Bratadipura, 4. R. Ng. Rêksahartana, 5. M. Sastrasadarpa.

Awit saking punika sarèhning kula piyambak ugi manah parlu, Narpawandawa lajêng sagêd ngawontênakên kopêrasi, ingkang wiwitan mêndhêt saking kasipun Narpa, utawi saking para warga (aandeel), mila môngga para sadhèrèk warga sami cekat-cèkêt biyantu dhatêng panitya ingkang kapatah nyinau kopêrasi wau, murih botên kantun kalihan barakanipun, bêbasan kina: nistha satriya gaota. Kêdah radi katilar rumiyin, nanging lajêng salin bêbasan: manggaota dadi sanaking ngaurip, bêbasan punika, botên tumrap dhatêng Persoenlijk tiyang, sanadyan para raja, inggih sami kaparêng nindakakên manggaota, wasana kula nyuwun dhatêng sintên ingkang jumênêng panitya, mugi paringa katrangan wontên ing organ, kadospundi pangrêmbagipun bab kopêrasi, saha badhe panindakipun. Saha kula nyuwun dhatêng raka up rêdhaktur, kaparênga ngintunakên organ ingkang ngêwrat pamanggih kula punika dhatêng panitya kopêrasi, supados lajêng sagêd paring katrangan saparlunipun.§ Prabogi [Prayogi]. Red. Botên langkung matur sangêt nuwun.

Warga Narpawandawa, Padmahartana

Pralenan Narpawandawa

Nuwun kula ngaturakên pamanggih, miturut saking dadongenganipun sadhèrèk ingkang sampun kawrat ing organ ôngka 5 ing wulan Mèi 1927 tumrap ing kaca 78-79 ing ngriki cukilanipun kula pêndhêt amung saparlunipun kemawon, makatên: namung

--- 6 ---

taksih wontên gêlaning manah kula, dene cacahing warga dèrèng paja-paja nyamèni kathahing warga Narpawandawa, manawi cacahing warga namung dumugi samantên kemawon sarta cacahing warga mulya, dèrèng sapintêna, katandhing kalayan cacahing para luhur-luhur sadaya ing pangintên kula, adêging pralenan Narpawandawa badhe botên sagêd widada, liripun arta èntre, saya dangu saya suda kangge nambêli arta pasumbang saking para warga ingkang dèrèng tamtu sagêd sae panarikipun. Mila saking pamanggih kula parlu sangêt indhaking cacahing warga, langkung malih warga mulya sarta warga darma, sagêd dados pamanahan kula rekadaya punapa ingkang parlu katindakakên, murih sagêd mindhakipun cacahing warga pralenan.

Ngèngêti kathahing pakêmpalan tunggil golongan, saking pamawas kula, kula sadaya para darah dalêm parlu sangêt andandosi karukunan kita, sagêda saya sayuk rukun, dados têtuladanipun para golongan sanès, ingkang tundonipun badhe ngluhurakên dhatêng kraton dalêm. Darah sarta kawula dalêm sadaya.§ Pancèn kantun sayuk rukun wau ingkang dados idham-idhaman kita sadaya.

Yèn angèngêti dongengan kasbut nginggil, punika raosing manah kula sapriki têka bela prihatos, la gèk punapa kemawon ingkang pêrlu kangge nyagak tuwak supados sampun ngantos kalampahan dhoyong utawi rêbah, saking santêring pangudi prihatos kula wau, dangu-dangu cukuling pamanggih kula, wontên rekadaya ingkang badhe mikantuki, supados arta kas (èntre) sampun ngantos suda, amung parlu kangge nambêli arta pasumbang saking para warga wau, malah saya dangu badhe kathah indhakipun, inggih punika mêndhêt saking lêbêt wêdalipun arta darma pasumbang saking para warga. Dene sagêd anggadhahi kauntungan (mindhak) wau, botên mêdal saking indhakan 20% môngka sagêd ugi anggadhahi kauntungan, 2 warni, ugi saking arta darma pasumbang, makatên ubênganipun.

a. Sapunika saksagêd-sagêd, wontêna kaparêngipun pangrèh, amranataa malih, para warganing pralenan Narpawandawa, sadèrèngipun wontên parlu, inggih

--- 7 ---

punika tilar donya utawi kasripahan, sagêda para sadhèrèk kita sadaya samia sayuk rukun angawontênakên arta darma pasumbang minôngka sudhiyan langkung rumiyin, warga satunggal sakêdhikipun kêdah 6 rambahan, inggih punika upami arta f 0,25 X 6 = f 1,50, arta samantên wau lajêng karimatakên ing kasing arta pralenan, dados samôngsa wontên parlu sagêd rancag wêdalipun, botên badhe ewah-ewah arta kas, punapadene botên ithu utusan nagih arta pasumbang kang awit arta sampun cumawis, kadospundi sadhèrèk rêdhaktur sakeca punapa botên?§ Sakeca. Ananging manawi arta parimatan sumbangan wau sampun nipis, (sampun mêdal kawan rambahan) dados taksih kalih rambahan, punika pangrèh lajêng wara-wara, ingkang supados para sadhèrèk warga kaparênga ngêjogi malih, sakawan rambahan, dados dumunung arta sudhiyan wau ajêg 6 rambahan.

b. Sapunika mênggahing kauntungan arta kas èntre sagêdipun mindhak, punika botên mêndhêt saking indhakan warga enggal ingkang nêmbe lumêbêt, miturut danguning adêging pakêmpalan pralenan, punika botên, badhea pintên dasa taun laminipun, inggih botên beda ingkang lami kalihan ingkang enggal, dados petangipun sapunika para warga wêtahipun gadhahi arta ing kas ngriku f 2,50 ingkang f 1,- minôngka èntre, dene ingkang f 1,50 arta sudhiyan pasumbang, dados saupami arta parimatan pasumbang wau racakipun kalong kangge pasumbang 3 rambahan, dados taksih anggadhahi tigang rambahan, lajêng sapunika wontên sadhèrèk warga enggal, ingkang upami tiyang 4 kêdah satunggal-tunggalipun warga bayar botên kenging kirang arta f 2,50 x 4 = f 10,- ingkang f 4,- dumunung èntre, dene ingkang f 6,- arta sudhiyan, ananging ingkang sêpalih 3 rambahan nunggil arta parimatan warga lami. Ingkang 3 rambahan dados kauntunganing arta kas èntre, dados warga enggal wau sampun sami kemawon lan warga lami. Sapunika saupami arta parimatan wau sampun nipis kantun 2 rambahan, tamtu sadaya warga ngêjogi malih, dene ingkang enggal sanadyan sawêga satunggal wulan inggih ugi dhèrèk pasokan malih, miturut kados warga lami.

--- 8 ---

c. Bab kauntungan ingkang kaping 2 ugi mêndhêt saking arta parimatan wau. Inggih punika bilih wontên salah satunggiling warga ajal kalih-kalihipun, warga sak awakipun piyambak, ingkang môngka warga wau nêmbe ngrimatakên arta taksih wêtah 6 rambahan, punapa kantun 3 rambahan, sapintêna petanging tatirahan arta wau lajêng dados kauntunganipun arta kas, punapadene warga mêdal sabab saking punapa kemawon, sanadyan taksih gadhah arta parimatan ngriku botên kenging kasuwun wangsul, têtêp dados darbèkipun pakêmpalan, saking pangintên kula bilih sagêd kalêksanan kados makatên tamtu adêging pralenan wau sagêd widada sadangunipun kanthi wilujêng, botên badhe kakirangan satunggal punapa-punapa, mila atur pamanggih kula punika bilih sadhèrèk rêdhaktur nimbang sakeca, salajêngipun kawuningan pangrèh kula sumôngga.§ Pamanggih ing nginggil punika panggalihipun para sadhèrèk warga pralenan kadospundi, cobi kabèbèra ing ngriki, mupung dèrèng kalajêng dipun sêtèm.

Kasêrat tanggal kaping 19 Nopèmbêr 1927.

Kudawinangun Astra§ Tenjing [Benjing] malih manawi nyêrat kupi sampun molak-malik, kasêrata sarai kemawon.

Javaansche vertaling van staat sblad taoen 1873 No. 142

Panjênêngan ingsun Wilêm ping III kang awit saka sihing Gusti Allah, jumênêng nata ing Nèdêrlan, Prinês ing Oranyê Nasao, Grut Hèrtoh ing Luksêmburêh.

Wus anguningani unjuke ministêr ingsun, phan koloni kamot ing layang katitimangsan kaping 28 Marêt aksara H. H. S. ôngka 26.

Wus amiyarsakake rêmbuge rad phan sêtatê kamot ing layang katitimangsan kaping 6 Mèi 1873 agsara A. A. S. ôngka 49.

Samêngko ingsun karsa anamtokake kaya kang kasêbut ing ngisor iki:

I Bab ping 414

Ing layang bab pranatan panyuwune paukuman ana ing sakèhing pangadilan rad phan [pha...]

--- 9 ---

[...n] yustisi ing tanah Jawa lan ing tanah pangadilan luhur ing Indiya Nèdêrlan, kapacak ing layang sêtatsêblade ing tanah Indiya 1847 ôngka 40 bakal kaunèkake kaya ing ngisor iki:

Para ratu Jawa, patih wadana, lan kaliwon, salawase durung lèrèn utawa kaundur saka kalungguhane, iku padha ora kêna, katarik mênyang pangadilan minôngka saksi, yèn durung olèh lilahe gupêrnur jendral.

Ingatase panarike mênyang pangadilan minôngka dadi saksi, para bojone, akrape lan sanake wadon para priyayi kang kasêbut ing ada-ada ngarêp iki, tumêkane turunane kapindho uga kudu kasuwunake lilahe gupêrnur jendral.

Yèn ora bisa pakolèh lilah iku bakal kudu angèstokake pêpacake bab ing ngarêp.

II Bab ping 419

Ing layang pranatan bab panindaking pulisi, bab laku-lakune anjaluk paukuman ingatase para wong Jawa sapêpadhane ing tanah Jawa lan Madura, kapacak ing sêtatsêblade tanah Indiya taun 1848 ôngka 16 bakal kaunèkake kaya ing ngisor iki:

Para ratu Jawa, patih lan wadana kaliwon, salawase durung lèrèn utawa kaundur saka kalungguhane iku padha ora kêna katarik mênyang ing pangadilan minôngka dadi saksi yèn durung olèh lilahe gupêrnur jendral.

Ingatase panarike mênyang pangadilan minôngka dadi saksi para bojone akrabe lan sanake wadon para priyayi, kang kasêbut ing ada-ada ngarêp iki, tumêkane turunane kapindho, uga kudu kasuwunake lilahe gupêrnur jendral.

Yèn ora pakolèh lilah iku para priyayi kang kasêbut dhuwur iki bakal kaaturan kamot ing layang anglilani têkane jaksa kanthi gripir lan pangulu, mênyang ing dalême supaya amariksanana sarta anulisana ature, minôngka aturane saksi.

--- 10 ---

Mungguh pêpacake bab ping 249 ing layang pranatan iki, bab pamacane lan kuwating layang aturan minôngka tôndha uga tumrap ingatasing prakara iki.

Ministêr ingsun phan koloni kabubuhan angèstokake layang kêkancingan iki, kang turunane bakal kakirimake marang rad phan sêtatê.

Graphênagê kaping 2 Juni 1872.

Katandhan kangjêng tuwan mistêr pan koloni: Ès pan Dhêr Putê.

Wus cocog karo babone.

Katandhan kangjêng tuwan sèkrêtaris jendral ing ministêr phan koloni.

G. H. Y. Èlimot Boswèl.

Lan supayane aja ana kang ngarani ora sumurup ing unine layang undhang-undhang iki kapacaka ing layang sêtatsêblade tanah Indiya Nèdêrlan, sarta katurunana ing basa Jawa, Cina lan Malayu, banjur katèmplèkna ing panggonan salumrahe.

Sarupaning priyayi kang lumaku ing gawe gêdhe cilik, padha kadhawuhan sapira kang dadi bubuhane dhewe-dhewe, amurih kalakone unine layang undhang- undhang iki aja nganggo mawang wonge.

Dhawuhing parentah Bogor kaping 8 Agustus 1873

Katandhan kangjêng tuwan Ingkang wicaksana gupêrnur jendral: Lodhon

Kasêksèn Kangjêng Tuwan Algêmènê sèkrêtaris.

Lèping Sonorman

Voor de vertaling De Adjunkt Translateur

G. WILKENS.

Indhiya Nèdêrlan

III

Bab Panguwaosipun K.T.G.G.

Mênggah panguwaosipun K.T.G.G. punika ingkang parlu, inggih punika panguwaos nindakakên pranatan (uitvoerende macht) punika panguwaos agêng, mila [mi...]

--- 11 ---

[...la] K.T.G.G. wau wawênangipun kathah, inggih punika:

1. Wênang damêl pranatan rêgèrêng pêrordhêning (Regeerings verordeningen) parlu kangge nindakakên pranatan sanèsipun, (Wet, algemeen maatregel van bestuur sarta Ordonantie).

Têrangipun makatên: Indhisê sêtatrègêling nyêbutakên bilih warganing rad kawula bôngsa Jawi (tiyang siti) ingkang 5 kawisudha dening K.T.G.G. punika manawi nglêrêsi wancinipun G.G. lajêng damêl pranatan nêtêpakên tiyang bôngsa Jawi 5 wau kadadosakên warga rad kawula.

2. Wênang ngangkat sarta ngèndêli punggawa nagari (kajawi prakawis angkatan ingkang dados panguwaosipun sang nata, inggih punika angkatan warga rad Indhiya, pangarsa rad kawula lan sapanunggilanipun) sarèhning K.T.G.G. punika nyêpêng panguwaos nindakakên pranatan, tamtunipun inggih kêdah nyêpêng wawênang ngangkat utawi ngèndêli tiyang-tiyang, ingkang ngrencangi K.T.G.G. nindakakên pandamêlan sarta kawajibanipun, inggih punika para punggawa nagari.

Wawênang wau kenging kalembarakên dhatêng sanès, upaminipun: dhatêng dhirèktur dhêpartêmèn.

3. K.T.G.G. kuwaos mangagêngi wadyabala dharatan tuwin lautan ing tanah Indhiya, sarta wênang ngangkat para opsir dumugi pangkat kolonèl. Dene angkatan, opsir sanginggiling kolonèl dados kuwaosipun sang nata.

4. K.T.G.G. kuwaos damêl prajangjian kalihan para ratu lan bôngsa tiyang siti.

Prajangjian wau lajêng kawêdharakên wontên ing sêtatên jendral (dening nayaka jajahan) lan ing rad kawula.

5. K.T.G.G. kuwaos maringi sasêbutan saha tatêngêr dhatêng prayantun tiyang siti (upaminipun: sasêbutan tumênggung, adipati, pangeran, saha tatêngêr songsong jêne).

6. K.T.G.G. kuwaos amranata blanjanipun punggawa nagari, kajawi ingkang katêtêpakên sang nata piyambak, (ingkang katêtêpakên sang nata punika upami blanjanipun K.T.G.G.)

--- 12 ---

7. K.T.G.G. kuwaos maringi dispensatie.

8. K.T.G.G. kuwaos nyewakakên siti ingkang botên dados wawênangipun bôngsa tiyang siti, utawi wênang maringakên siti manut pranatan erfpacht (dangu-dangunipun 75 taun).

9. K.T.G.G. kuwaos maringi gratie.

10. K.T.G.G. kuwaos nyuwak wawênangipun siti bôngsa tiyang siti, sarana dipun lintoni arta samurwatipun, manawi siti wau têrang badhe kaparluwan umum (upaminipun: kadamêl margi agêng, margi sêpur, tuwin sapanunggilanipun).

K.T.G.G. punika nyêpêng exorbitante rechten (wawênang langkung saking murwat) liripun makatên: manawi wontên tiyang kalairan tanah Indhiya, kagalih mutawatosi dhatêng tata têntrêming nagari, K.T.G.G. wênang andunungakên tiyang wau dhatêng salah satunggaling panggenan salêbêting tanah Indhiya. Upaminipun (Kaji Misbah rumiyin kadunungakên ing pulo Papuwah) utawi malih K.T.G.G. kuwaos ngawisi tiyang ingkang makatên wau dêdunung ing salah satunggaling peranganipun tanah Indhiya, (upaminipun: Dhoktêr Cipta Mangunkusuma dipun awisi dêdunung ing Porstênlandhên).

Dene manawi tiyang botên lairan tanah Indhiya kagalih mutawatosi katêntrêman, punika K.T.G.G. kuwaos ngawisi tiyang wau manggèn ing salêbêting tanah Indhiya, utawi salah satunggaling peranganipun. Sadèrèngipun tiyang ingkang kagalih mutawatosi wau sumingkir saking panggenan ingkang dipun awisi, K.T.G.G. kuwaos dhawuh nutup tiyang wau (in hechtenis nemen)

Sadèrèngipun K.T.G.G. mutusi prakawis ing nginggil wau, tiyangipun kêdah dipun sanjangi rumiyin, supados sagêd mabêni.

Litnan Guprênur Jendral

Sang nata punika kuwaos ngangkat litnan guprênur jendral, parlu kangge ambantu utawi makili K.T.G.G. Ingkang kenging kadadosakên litnan guprênur jendral wau ugi namung bôngsa Walandi, dene suraosing sumpahipusumpahipun. litnan guprênur jendral punika sami kemawon kalihan sumpahipun K.T.G.G.

Rad Indhiya Nèdêrlan

Warganipun

Rad Indhiya Nèdêrlan (Raad van Nederlandsch Indie) punika warganipun wontên 5

--- 13 ---

ingkang satunggal apangkat mudha pangarsa (Vice President) mudha pangarsa wau adatipun ingkang ngêmudhèni parêpataning rad Indhiya, nanging K.T.G.G. tansah wênang mangarsani parêpatan wau, utawi wakil litnan G.G.

Ingkang kenging kaangkat dados warga rad Indhiya punika namung kawulaning praja Nèdêrlan (Nederlandsch onderdaan) sarta apêsipun sampun umur 30 taun. Dados sapunika tiyang Jawi, utawi tiyang Dhayak, manawi pancèn sagêd, kenging kaangkat dados warga rad Indhiya.

Ingkang kuwaos ngangkat utawi ngèndêli warga rad Indhiya punika sang nata praja Nèdêrlan.

Ingkang nuju sêsarêngan jumênêng K.T.G.G. litnan G.G. saha para warganing rad Indhiya punika botên kenging raka, rayi utawi ipe, mênggah jalaranipun para maos tamtu sagêd angintên piyambak.

Pandamêlanipun

Kawajibanipun rad Indhiya punika saèmpêr kalihan rad pan sêtatê ing Nèdêrlan, inggih punika nyaosi rêmbag sarta têtimbangan dhatêng K.T.G.G.

Manawi botên wontên ingkang jumênêng litnan guprênur jendral, môngka K.T. guprênur jendral pinuju kapambêng (upaminipun gêrah, utawi têdhakan dhatêng tlatahipun) punika ingkang wajib makili K.T.G.G. mudha pangarsaning rad Indhiya, manawi mudha pangarsa wau ugi suwung kapambêng, lajêng gêntos warganing rad Indhiya ingkang sampun dangu piyambak jumênêngipun.

K.T.G.G. punika wajib mundhut têtimbanganipun rad Indhiya ing bab:

1. Sadaya dhawuh ingkang magêpokan kalihan paprentahan umum (tumrap satanah Indhiya) sarta paprentahan gêwès (peranganing tanah Indhiya).

2. Rancangan prajangjian kalihan ratu utawi bôngsa tiyang siti.

3. Maksuding pratikêl- pratikêlipun punggawa pangrèh praja ing môngsa wontên pêrang utawi kraman.

4. Sadaya pranatan ingkang parlu-parlu.

5. Têtêpan pangkat ingkang inggil-inggil, kasêbut ing Ordonnantie.

--- 14 ---

Sadaya rancangan ordonnatie lan rancangan regeerings verordening.

Algêminê Sèkrêtaris

Kajawi rad Indhiya, wontên malih ingkang wajib angunjuki têtimbangan dhatêng K.T.G.G. inggih punika algêminê sèkrêtaris, gampilipun dipun têgêsi: kantoripun K.T.G.G. (saminipun manawi ing Nèdêrlan, kabinètipun sang nata). Algêminê sèkrêtaris wau dumunung ing Bogor, sarta dipun pangagêngi prayagung apangkat algêminê sèkrêtaris. Prayagung wau kabantu guprêmèn sèkrêtaris 5 (ingkang satunggal apangkat irstê guprêmèn sèkrêtaris) lan angêrèhakên punggawa kathah.

Mênggah pandamêlanipun algêminê sèkrêtaris inggih punika:

1. Ngunjuki têtimbangan ing babagan sadaya usul-usul saking para dhirèktur dhêpartêmèn.

2. Nampi sarta niti priksa sadaya sêrat ingkang konjuk dhatêng K.T.G.G. lan angintunakên sêrat-sêrat ingkang saking K.T.G.G.

3. Nyimpên sadaya sêrat-sêrat utawi têdhakan sêrat dhinês.

Dhêpartêmèn-dhêpartêmèn Paprentahan Umum

Cacahipun

Marentahakên nagari punika pandamêlan ingkang angèl sarta awrat. Mila pandamêlanipun parentah punika kathah sangêt, anjagi lan angrêmbag prakawis pintên-pintên warni. Murih pilahipun prakawis warni-warni wau dipun pôntha-pôntha, prakawis ingkang mèh sami utawi mèmpêr, punika dipun golongakên dados sagolongan, utawi sadhêpartêmèn.

Paprentahan tanah Indhiya punika sapunikanipun kaperang dados 9 dhêpartêmèn, inggih punika:

1. Dhêpartêmèn pangrèh praja, (binên lan bêstir utawi kacêkak B. B.) punika angrêmbag:

Ha. Pamrentahipun bôngsa pribumi saha bôngsa mônca ing saindênging tanah Indhiya.

--- 15 ---

Na. Urusan pulisi

Ca. Wawênang bab siti

Ra. Panyuwun-panyuwunan angêdêgakên utawi ngagêngakên kabudidayan pabrik.

Ka. Lumêbêtipun paos siti lan pêrpondhêng pribumi.

Da. Polêk kridhit wèsên, inggih punika yasaning nagari parlu anggampilakên tiyang alit sagêdipun angsal sambutan kanthi murwat prajangjianipun (angsal dhatêng bang lan lumbung dhusun).

Dhêpartêmèn punika dêdunung ing Batawi.

Badhe kasambêtan.

Turunan

Ôngka 18. katur pangrèhing Narpawandawa.

Asarêng punika kula ngintunakên têtêdhakanipun pitakèn kula dhatêng pamarentah luhur nalika kaping 21 Dhesèmbêr 1927 wusana andadosna sumêrêpipun Narpawandawa.

Kaping 8 Rêjêb Jimakir 1858.

Wg. Adiwijaya

Vraag van den heer Hadiwidjojo

(Ingezonden 31 December 1927)

Afschrift.

Bij de Zelfbesturen op Midden - Java zou door de ten dien aanzien in den loop der jaren gevolgde praktijk de opvatting ontstaan zijn, dat het den Vorst niet vrij zou staan zich bij voorkomend meeningsverchil met den Regeeringsvertegenwoordigen aldaar, tot den Gouverneur-Generaal te wenden.

Hoewel er m. i. geen reden is om aan te nemen dat deze opvatting juist zou zijn, aangezien het immers ieder ingezetene van Nederlandsch - Indie vrij staat zich in hoogste instantie tot den Landvoogd te wenden, vraagt ondergeteekende van de Regeering een duidelijk uitspraak ter zake, waardoor aan alle onzekerheid een einde wordt gemaakt.

Volledigheids halve zij hierbij aangeteekend, zulks ter voorkoming van elk misverstand, dat tot het stellen van deze vraag geen directe aanleiding bestaat, doch dat een uitspraak van de Regeering voor eventueel zich voordoende gevallen van groot nut kan zijn.

Voor eensluintend afschrift:

De Secretaris van den Volksraad, (Wg) W. H. van HELSDINGEN.

Jawinipun kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Pitakènipun K.P.H. Adiwijaya

(Kakintunakên kaping 21 Dhesèmbêr 1927)

Awit saking tumindakipun ingkang sampun mataun-taun, kabaripun para nata

--- 16 ---

Jawi sami kagungan panggalih, manawi para nata wau kagungan panggalihan ingkang sulaya kalihan pamanggihipun wakil pamarentah luhur ing ngrika, para nata wau botên kenging ngaturakên sulayaning pamanahan wau dhatêng kangjêng tuwan guprênur jendral.

Pamanggih kula, pamanahan ingkang kados makatên wau botên lêrês, awit sadaya tiyang ingkang dêdunung ing Indhiya Walandi punika sami gadhah wawênang ngaturakên prakawisipun ing kangjêng tuwan bêsar, nyuwun pangadilan ingkang inggil piyambak, ewadene kula inggih nyuwun, supados pamarentah mêdharakên pratelan bab punika, supados angicalakên sônggarunggi.

Jangkêpipun, supados angicali klèntu sêrêp, prêlu kula pratelakakên, manawi pitakèn kula punika tanpa jalaran ingkang dumados, dene prêlunipun namung sagêda wontên pangandikanipun pamarentah luhur ingkang kenging kangge wêwaton ing wingking.