Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1927, #415
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-02, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #329.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-03, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #450.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-04, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #451.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-06, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #452.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-07, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #453.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-08, #415 . Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #454.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-09, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #455.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-10, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #456.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-11, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #457.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1927-12, #415. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #458.

Ôngka 2, kaping 28 Rêjêb Wawu 1857, utawi kaping 1 Pèbruari 1927

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1927.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Pèngêtan

III

Artaka I lajêng maos palapuran lêbêt- wêdalipun arta Narpawandawa, wiwit wulan Januari dumugi Dhesèmbêr 1925 saha wiwit Januari dumugi Mèi 1926, têrangipun badhe kapacak ing organ. Sarampungipun artaka I maos palapuran wau, lajêng matah panitya 3 iji ingkang mriksa arta kas, ingkang kapilih 1. B.K.P.H. Jatikusuma, 2. Rng. Surapaninggar, 3. Rm. Sêtyarja. Parêpatan mupakat.

Panitra lajêng maos sêrat saking komisi pamulangan kasatriyan saha saking kawadanan putra santana dalêm, bab badhe wontênipun pamulangan probêl, mila sintên warga Narpawandawa ingkang badhe nglêbêtakên putra utawi sadhèrèkipun, mangke bilih ngaso, kaparênga lajêng nandhani ing kolêman ingkang sampun kasadhiyakakên [kasadhiyaka...]

--- 18 ---

[...kên] ing mejanipun pangrèh.

Sadhèrèk, M. Ng. Wignyamargana nêrang, rèhning isinipun sêtatsêblad taun 1903 ôngka 8 punika dèrèng mangrêtos, mila pangrèh kaparênga nêrangakên ing parêpatan ngriki.

Pangarsa mangsuli pangandika, bilih bab sêtatsêblad wau murih para warga sagêd têrang, badhe kapacak ing organ kemawon.

Pangarsa ngandika, parêpatan dipun kèndêlakên 10 mênit (Salêbêtipun kèndêl pangrèh ngidêrakên lis).

Sasampunipun kèndêl 10 mênit, parêpatan dipun wiwiti malih.

Sadhèrèk Rm. Sumaatmaja usul, rèhning tatananipun pamulangan probêl punika tumrap para santana dalêm ingkang botên sagêd bayar, jalaran balanjanipun kirang saking f 50,- dados sarupi dipun cêcongah, mila Narpawandawa kaparênga nyuwunakên kamirahan dalêm, ngwontêni panggenan piyambak.

Pangarsa ngandika, bilih bab nyuwunakên supados dipun wontêni panggenan piyambak punika prakawis gampil, nanging bilih wontênipun murid namung sakêdhik sangêt, tamtunipun inggih pakèwêd, mila prayogi kawawas kemawon rumiyin, kadospundi kawontênanipun tatanan prayogi manut komisi. Amargi pamanahipun tamtu sampun langkung panjang.

Pangarsa ngandika malih, para warga tamtu sampun sami nguningani rantaman pranatan badhe wontênipun pralenan Narpawandawa, kawrat ing organ ôngka 6, punika pundi ingkang dèrèng sakeca para warga sampun sami pakèwêd amêdharna pamanggih wontên ing parêpatan ngriki.

Sadhèrèk Rm. Sudarya usul, rantaman pranatan kasuwun dipun waos saêbab-saêbabipun, dados para warga sagêd gampil pamanahipun, parêpatan rujuk.

Rm. H. Padmawinata ngandika, sadèrèngipun rantaman pranatan pralenan wau kawaos, mênggah badhe adêgipun pralenan punika madêg pyambak punapa gandhèng kalihan Narpawandawa, amargi putusan parêpatan kala wontên dalêm Sumadiningratan, [Sumadining...]

--- 19 ---

[...ratan,] pralenan punika badhe madêg piyambak, dados rêmbag sawatawis, pinanggihing rêmbag rujuk gandhèng kalihan Narpawandawa.

M. Ng. Wignyamargana usul, pralenan punika prayogi mawi kontribisi sabên wulan, amargi bilih tanpa kontribisi kirang santosa.

Rm. Sastrasantana nêrang, upami wontên warga ingkang kabêkta saking salakirabi (jalêr sanès santana) bojonipun kalih ingkang satunggal sanès santana, punika kadospundi.

Juru sabda Rm. H. Padmanagara mangsuli, tumrap pamanggihipun M. Ng. Wignyamargana bab mawi kontribisi, punika pancèn botên mawi, tumrap pitakènipun Rm. Sastrasantana, ingkang angsal pasumbang inggih bojonipun ingkang santana.

Rm. Suharja nêrang, upami wontên warga tanpa bojo, tiyang sêpuhipun punapa kenging dados sulihing bojo, parêpatan botên mupakat, amargi warganipun angkatan namung bojo, manawi wontên makatên sayêktos, inggih kapurih rabi of laki (imah-imah) kemawon.

Juru sabda lajêng maos rantaman pranatan pralenan bab I, II sarta III prêpatan mupakat, bab IV dados rêmbag.

Rm. Ng. Arjasasmita nêrang, parlunipun punapa manawi wêwangên 15 dintên.

Rm. Sudarya pitakèn wêwatonipun punapa ingkang kadadosakên warga mulya namung bupati anom minggah.

Rm. Pandayasujalma usul, prayogi warga limrah kemawon sadaya.

Rm. Ng. Arjasasmita nêrang, manawi warga bupati anom minggah katêtêpakên dados warga mulya, tumrap warga ingkang dados abdi dalêm prajurit kadospundi.

Juru sabda nêrangakên, mênggah wontênipun warga mulya wau, pamanahipun panitya namung nglastarèkakên kala pakêmpalan Sitadanuja ugi makatên punika dhapukanipun, amargi pasumbang sarta èntrenipun kadamêl beda tinimbang warga limrah.

Rm. Sudarya mangsuli bilih makatên wêwatonipun, rêhning pakêmpalan punika limrahipun botên ambedakakên bôngsa, mila warga mulya ingkang makatên punika kasuwun icalipun.

- -- 20 ---

K.P. Angabèi nyambêti usulipun Rm. Sudarya, lêrês pancèn botên parlu kabeda-beda, sadaya nama warga. Dipun kêploki rame.

Rm. H. Padmawinata usul, bab punika pancèn kenging kabedak- bedakakên, nanging ugêripun sami bayaripun kalihan warga mulya.

M. Ng. Ônggapradata, manawi pamanggihipun pranatan damêlanipun panitya punika sampun rujuk.

Rm. Sudarya, manawi makatên dados warga mulya punika kenging katumbas namung f 4,- manawi ingkang lêrês warga mulya punika inggih ingkang kaangkat ing parêpatan agêng.

Rm. H. Yasadipura, warga mulya punika saking têmbung Walandi eere lid punika malah prèi.

Usulipun M. Ng. Ônggapradata, manawi eere lid punika kathah pakèwêdipun, rèhning bêtahipun pakêmpalan punika bab arta, mila rujuk sangêt prayagung bupati anom minggah wau kadadosakên warga mulya.

Rng. Surapaninggar nêrang, punika wau dèrèng kaputus, mênggah wontênipun pralenan punika badhe madêg piyambak punapa gandhèng kalihan Narpa.

Juru sabda mangsuli dhatêng Rng. Surapaninggar, manawi kaadêgakên piyambak punika panitya botên mupakat, kêdah taksih gandhèng kalihan Narpa.

Rèhning rêmbag warga mulya dados rame, lajêng kasêtèm, pundi ingkang rujuk panitya dipun aturi jumênêng, ingkang rujuk ngabean dipun aturi lênggah, kawontênanipun kathah ingkang lênggah, dados rujuk pursêtèlipun K.P. Angabèi.

Bab V, VI, VII sarta VIII rujuk sadaya.

Bab IX warga mulya ical, pasumbangipun warga limrah f 0.25 punika sakêdhik-sakêdhikipun, dados manawi langkung saking f 0.25 kenging, bab pambayaripun bilih langkung saking 5 dintên kalihan wêwangên, kaindhakakên 20% prêpatan mupakat.

Bab X manawi pambayaripun pasumbang ngantos 20 dintên, punika dipun ewahi, bilih ngantos 30 dintên, sanèsipun rujuk sadaya.

Bab XI Bab kêdah mangagêm jangkêp, kaewahan, sasagêd-sagêd mangagêm cêmêng jangkêp, sanèsipun rujuk.

--- 21 ---

Bab XII sarta XIII mupakat.

XIV rujuk, namung dipun wêwahi: manawi wontên panêdhanipun warga 1/5 ling cacahipun warga, kenging damêl prêpatan agêng.

Bab XV sarta XVI mupakat.

Pangarsa ngandika, bilih R.T. Wrêksadiningrat nêdha kèndêl anggènipun dados warga pangrèh, amargi kathah pandamêlanipun ing ngarsa dalêm, manawi pamanggihipun pangrèh ingkang kacalonakên dados gagêntosipun, 1. R.T. Gitadipura, 2. R.T. Tôndhawadana, 3. Rm. P. Wanèngdarsana, pinanggihing rêmbag ingkang dipun pilih R.T. Tôndhawadana.

M. Sastraharja nêrang, tumrap warga pralenan ingkang gêgriya sajawining nagari kadospundi, angsal layadan punapa botên.

Pangarsa mangsuli badhe karêmbag ing têmbe bilih prêpatan pralenan.

Rm. Atmamarjana usul, bab idi santana gadhah prêlu punika manawi ing bawah dalêm ingkang ngidèni lurah kampung, nanging manawi bawah kadipatèn Mangkunagaran, tumrap darah M.N. ingkang ngidèni wadana sinatriya.

K.P. Angabèi, bab punika prayogi kasinau rumiyin, manawi sampun lajêng kaêwratna ing organ.

R.M. Sudarya, ngèngêti bab II ing pranatan baku, Narpawandawa nêdya mitulungi dhatêng para santana dalêm ingkang manggih kasangsaran ingkang botên kamaha, môngka sadhèrèkipun nama Rm. Sumitra, ugi warga Narpa, punika nandhang sakit, ngantos dipun lêbêtakên dhatêng griya sakit.

2. Bab pajêg têtumpakanipun para santana dalêm tuwin abdi dalêm, punika ingkang sampun kalajêng bayar pajêg, katêtêpakên têrus bayar, punika Narpa mugi karsaa anggalih.

Pangarsa ngandika bilih usulipun Rm. Sudarya wau badhe kagalih ing pangrèh.

Rm. P. Puspa Atmaja nêrang, sapunika organ Narpawandawa dipun wontêni rêdhaktur piyambak, punika têrangipun kadospundi.

Panitra II lajêng nêrangakên, wontênipun organ Narpa dipun wontêni rêdhaktur piyambak [pi...]

--- 22 ---

[...yambak] punika namung murih anggampilakên panindak, jalaran sadaya isinipun organ dados têtanggêlanipun rêdhaktur, sarana dipun sukani pituwas f 15,- sawulan, dene sadèrèngipun angsal rêdhaktur ingkang sayêktos, ingkang kapatah kalihan pangrèh R. Ng. Purwasastra, kalihan R. Ng. Wiramarjaya, ewadene bilih parêpatan dalu punika manah santunipun rêdhaktur, inggih prayogi.

Dados rêmbag sawatawis, pinanggihing rêmbag rêdhaktur kalastarèkakên.

Rm. Sudarya matur rêdhaktur dipun sukani pituwas f 15,- punika nama kasêkêdhikên, manawi limrahipun sakêdhik-sakêdhikipun f 25,-.

Panitra II mangsuli, wontênipun pituwas samantên wau dipun tampèni punika namung pitulungan, margi ngèngêti kasipun Narpa dèrèng sapintêna, sarta kasagêdanipun dhatêng karêdhakturan nama dèrèng paja nyêkapi, kalihan malih manawi baunipun dipun aosi sangêt-sangêt, kirang prayogi kamirêngan ing sajawinipun Narpawandawa.

Panitra I lapur, bilih rumiyin arta bon panyêratanipun panitra I sarta II punika f 20,- sawulan, sapunika dipun ewahi namung f 15,- kalêbêt balônja carik f 5,- prêpatan rujuk.

Rèhning sampun rampung, parêpatan lajêng katutup kalihan pangarsa, ngaturakên panuwun.

Lajêng mêdal lêlangên wirèng 2 rambahan, jam 2 bibaran wilujêng.

Urun Pamanggih Bab Kamardikan

I

Anjujutakên pamanggihipun sadhèrèk Kolot bab kamardikan (zie organ No. 9).

Ing adêg-adêg I (têmbung mardika, têgêsipun: miji, miji kenging dipun têgêsi: jumênêng pribadi), kula mathuk. Bokmanawi têmbung: mardika, punika saking wancahanipun: mardi eka, têgêsipun cêtha: mardi sawiji. Lajêng dipun wancah malih dados: dika. Tiyang kêrtos gangsal main: dika, kengingipun kacêpêng

--- 23 ---

utawi dipun pêjahi kêdah sami: dika, ingkang jumbuh warninipun main: dèngkèk, kêdah kacêpêng sami: dèngkèk main: cawang, pêjahipun kêdah kalihan: cawang. Makatên punika kenging kangge pêpiridan anjujutakên pamanggih, bilih têmbung: (mardika), pancèn mathuk dipun têgêsi: miji punika wau, nyatanipun beda kalihan ingkang sanès: dika (botên mardika), inggih punika: tambur, lintrik, tuwin Cina, sadaya punika sagêd ngêrèhakên utawi dipun êrèh, ingkang agêng ngincim-incim mêjahi ingkang alit, ingkang alit kêtata dipun damêl ajrih amung kawajibakên: mbêri.

Adêg-adêg II (mardika utawi miji lajêng kaperang dados tigang warni).

1. (Mardikaning karajan) katrangan kados jerenganipun sadhèrèk Kolot, kula inggih mathuk. Ingkang dipun kajêngakên dening sadhèrèk Kolot bokmanawi: prajaning nata binathara. Punapa makatên? Yèn makatên nutipun sadhèrèk rêdhaksi: (2) Praja dalêm punika sampun langkung saking: zelf bestuur (zie organ No. 3 kaca 19), punika tumrap kawontênanipun samangke, nut wau sampun kenging kula mathuki punapa dèrèng?, mugi kacundhukna kalihan pangrêmbag: bab sèlêpbêstir (zie organ No. 5) centhanganipun rêdhaksi (1) tuwin (2). Sampun turut kalayan nut (2) ing organ No. 3 kasêbut ing nginggil punika punapa dèrèng? awit saking pamanggih kula dumadosipun zelf bestuur ingkang sayêktos kintên kula benjing manawi sampun Parlement. Samangke sawêg kacobi katata Proventiën inggih punika ing tanah Jawi Kilèn, ing ngrika sampun kathah kabupatèn-kabupatèn ingkang panguwaosipun wêwah agêng, lajêng kathah ingkang mastani kabupatèn wau zelf bestuur makatên punika yêktosipun kalèntu, lêrêsipun amung kêdah dipun wastani Onvoogding.

2. Mardikaning manungsa, lajêng kaperang dados kalih warni, mardikaning awak kalayan mardikaning budi, ingkang saperangan mardikaning awak, ngêndikanipun sadhèrèk Kolot pinanggih wontên sariranipun para raja ingkang jumênêng pribadi, tuwin para sudagar agêng, jerenganipun kula inggih sampun mathuk. Kuciwanipun botên anjèrèng kamardikaning manungsa ingkang saperanganipun malih: (mardikaning

--- 24 ---

budi). Kula pancèn kêpengin sumêrêp sintên ingkang kenging sinêbut: mardika budinipun (nanging badan botên mardika), pancèn wontên punapa botên? Ing adêg-adêg III ingkang mardika badan budinipun, punika kintên kula amung dumunung wontên para bagawan ingkang sami ulah kapandhitan enz kula inggih mathuk, ingatasipun rêmbag kalairan, sabab dening wontênipun ing dunya para pandhita punika sampun botên mangrèh botên rinèh badan budinipun. Amung manawi rêmbag batos kula nyumanggakakên, awit panyuraosing rêmbag kabatosan, sanajan para maharsi punika katingalipun ing lair sarira tuwin panggalihipun sampun botên rinèh, nanging batosipun mêsthi taksih mangrèh sarta makarti dening pamelênging pangastuti kangge anggayuh sampurnaning kasidan jati inggih nirwana. Dados mênggahing rêmbag kabatosan para wiku punika inggih botên kenging sinêbut mardika budinipun.

3. Jatining kamardikan, ingkang nama mardika yêktos, punika dumunung wontên tiyang sampun botên kaêrèh botên mangrèh, nanging donya ngriki punapa wontên. La, samangke jègrêg, kêtumpangan soning ukara namanipun, dening taksih nêmbungakên: tiyang + donya. Nanging inggih cobi kula ngaturi wangsulan rêmbag kalairan: wontên. Inggih para rêsi punika wujudipun tiyang ingkang kadunungan kamardikan yêktos, sabab saking sampun botên mangrèh botên rinèh ing donya ngriki. Sadhèrèk Kolot kaparêng mathuk punapa botên? Dene manawi mundhut kajujutakên rêmbag batos prayogi wancinipun katangguhakên ingkang pakangsal.§ Pamanggih dadakan, bilih tiyang punika taksih purun dipun ajak lêlimbangan inggih dèrèng nama mardika budinipun, amargi: soka purun mangsuli pitakenan, tamtu taksih purun mamikir, badhe kangge mangsuli pitakenan wau. Manawi jaman samangke kados sampun botên wontên tiyang ingkang mardika budinipun. Red.

Taksih wontên sambêtipun.

Sasmita.

Turunan

Ôngka 2001 C/1

Dhawuh marang bupati kaparak têngên, layang kabar Darmakôndha ôngka 78 bagiyan têmbung [tê...]

--- 25 ---

[...mbung] Jawa ana kang mratelakake yèn Ngabèi Jayaasmara, santana dalêm canggah kasêrêg dening punggawa wonêng inspèksi, prakara papane rêgêd, tumindake papriksan ana ing kamantrèn ondêr dhistrik Sêrêngan, ananging papriksan banjur kaladèkake ing lan-gêrèh, dadi Ngabèi Jayaasmara banjur katarik ing lan-gêrèh, sarèhning ana pambêngane Ngabèi Jayaasmara pamit mawa mratelakake yèn dhèwèke santana dalêm canggah, prakarane kudu karampungan ing pangadilan dalêm, wasana prakarane mêksa dirampungi lan-gêrèh kadhêndha kèhe 3 rupiyah.

Manira wus andangu marang bupati pulisi nagara, ature anggone Ngabèi Jayaasmara prakarane kapriksa sarta karampungan ing lan-gêrèh, amarga nalika kapriksa mantri ondêr dhistrik Sêrêngan, ora mratelakake yèn santana dalêm, sarta nalika katarik ing lan-gêrèh ora têka lan layange pamitan ora mêtu kalurahan Danusuman, mirit katêrangan mau anggone lan-gêrèh banjur angrampungi prakarane Ngabèi Jayaasmara wus bênêr, amarga wêwaton laku-lakuning pangadilan lan-gêrèh manawa ngrampungi prakara yèn dakwane ora têka tanpa katrangan kang kêna aanggêpkaanggêp. apsah, lire manawa lara ditêmênake dening dhoktêr, utawa manawa kapambêng sabab liyane ditêmênake dening panggêdhe sapêpadhane, iku kudu banjur dirampungi, mangkono uga pangakune santana, yèn ora pratela dhewe mawa katêrangan kang kêna kaanggêp apsah, lan-gêrèh mêsthine ora nindakake kang kasêbut bab kaping 8 ing règlêmene lan-gêrèh ing bab prakara kang dudu bubuhane, dene mantri ondêr dhistrik Sêrêngan anggone banjurake papriksane marang lan-gêrèh, iya jênêng kurang tlêsih, amarga mantri ondêr dhistrik mau wajib anyumurupi kaananing sabawahe, luwih manèh Ngabèi Jayaasmara sasêbutane radèn, bênêre kudu disalêsihake anggone sasêbutan radèn mau saka apa, ananging manira nguningani para santana dalêm kang kêna prakara tumindak ana ing dhistrik, utawa mantri ondêr dhistrik, akèh kang nyapèlèkake, manawa ditarik utawa dijaluki jawaban, ora têka utawa ora awèh katêrangan, amung ngèlingi anggone santana dalêm, dadi manawa ana pulisi kang mung anjêjêrake wawênange kayadene mantri ondêr dhistrik Sêrêngan mau, mêsthine ora kêna katêtêpake [katê...]

--- 26 ---

[...têpake] lupute, bab iku parlu pakênira dhawuhna marang karerehan pakênira kang santana supaya angèlingi.

Dhawuhing parentah kaping 8 Agustus 1918.

Pêpatih dalêm Wg. Jayanagara.

Garapan C/1.

Wg. Jaksanagara.

Sinuhun Sultan Agung

Miturut Sêrat Babad Tanah Jawi anggitan Walandi, panjênênganipun sang prabu punika kasumêrêpan langkung cêtha tinimbang kalihan nata ing Mataram ingkang sampun-sampun, jalaran Walandi utusaning Kumpêni dhatêng Mataram sami tilar cathêtan padintênan, ingkang nyariyosakên kathah-kathah bab pisowanipun dhatêng ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung ing tanah Jawi.

Sanadyan nalika jumênêngipun taksih kalêbêt timur (sawêg yuswa kalih likur taun) ewadene sampun agêng prabawanipun, sangêt kinajrihan ing kawula, kêncênging pranatan tatakramaning karaton saya ngêkahakên kaluhuraning kaprabonipun ingkang sinuhun, môngka panjênênganipun botên pisan-pisan kenging kagêgampil ing prakawis makatên punika.

Ing sakawit pangêmbatipun pangrèh praja ingkang sinuhun dipun warangkani pinisêpuh kalih, punapa saaturipun pinisêpuh kêkalih wau limrahipun masthi kagêm, kalih pisan kêras sangêt panyêpênging panguwasa, amargi jêmbaring jajahan, kajawi pinisêpuh kêkalih punika taksih wontên nayaka kajinêman sakawan, ingkang ambiyantu sang prabu ngrampungi prakawis pangrèh praja sarta prakawis sanès- sanèsipun ingkang parlu. Karampungan punika kadhawuhakên ijêman kalihan ingkang sinuhun piyambak dhatêng para prayagung wontên ing alun-alun.

Pasaliranipun ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung punika sêmbada, pasuryanipun bundêr, pasêmonipun ajêg, netyanipun agêng wiyar, yèn amriksani ngajrihi kados singa, grananipun alit ambangir bilih ngandika alon, pasêmonipun [pasê...]

--- 27 ---

[...monipun] katingal sagêd, karsa anggalih prakawis ingkang pancèn botên salugu magêpokan kalihan sariranipun utawi nagari dalêm, kados ta: mundhut priksa dununging tanah-tanah ing Eropah, dunungipun nagari Cina sarta Jêpang wontên ing gambar bêktanipun tiyang Walandi, tuwin mundhut priksa satunggiling pulo ingkang kacariyos rêja sarta kathah pamêdalipun êmas dumunung kidul tanah Jawi. Kajawi punika ugi kêcriyos kagungan dhasar rêmên dhatêng kawruh kasarjanan, katitik saking sêrat karangan dalêm anama: Sastra Gêndhing. Namung gangsal pada minôngka pasaksèn, kados ing ngandhap punika:

[Sinom]

sri nata dipèngrat Jawa / Jêng Sultan Agung Matawis / kang ngadhaton nagri kêrta / ing jaman saokah mulki / rat Jawa nyakrawati / sabrang pasisir sumuyut / amirul mukminina / sayidin panatagami / mahambara sinukmèng basa ambiya //

jinurung kadibyanira / ing alam amir rakimin / tuhu ratu pinandhita / kamantyan kalipah suci / kasub tinêngèng budi / malikal waliyullahu / rinilan gêng mangolah / iku kang nruskên sastradi /ngantya nêbda marang trah wuri prasêtya //

yêkti tan ingaku darah / yèn tan wignya têmbung Kawi / jêr kamot sandining sastra / akathah lohating tulis / kang dhihin basa Kawi / tata-trapsilaning wuwus / tumrap ing nitipraja / kasusilan trusing ngèlmi / lawan Kawi kang tumrap sandining sastra //

kaya ta caraka basa / darana mangke ratadi / bêbasan amêngku rasa / rasa karêp marang pamrih / myat tuduh minangkèng wit / kaya ngran Kawi puniku / ka: karêping panêdya / wi: lêpasirèng pamusthi / munggèng sastra karêp lêpasing kerata //

tumrap sandining sasmita / kêrêp lêpasing sêmèdi / ngèsthi kabèh ing panunggal / liring sukma sarira nir / pranata wus lir jati / marma sagung trah Matarum / dèn putus olah raras / sasmita sandining Kawi / yêkti anggêr satriya mangulah sastra //

Gangsal pada ing nginggil punika sampun cêkap kangge pasaksèn, bilih ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung punika kêncêng pranatanipun, sanadyan Sêrat Sastra Gêndhing: wau sawarni piwulang dhatêng para putra wayah, nanging mawi paring ipat-ipat dhatêng para trah darah Mataram ingkang botên marsudi dhatêng basa sarta kasusastran, punapa malih têmbung Kawi, botên dipun akên darah, ipat-ipat ingkang makatên punika punapa [pu...]

--- 28 ---

[...napa] botên kêncêng sangêt. Mênggah anggènipun paring dhawuh makatên wau inggih sampun mêngku karsa ingkang luhur, supados basa tuwin sastra lastari sae malah sagêda mindhak-mindhak sampurnanipun, dening tansah dipun parsudi.

Agêm-agêmanipun ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung botên angedab-edabakên, kados ta: namung ngagêm kampuh kêlêngan, èpèk kasulam ing bênang êmas (tarkadhang ugi ngagêm nyamping môncawarni rasukan lakên cêmêng bludiran) ngagêm sêsupe kathah mripat intên, panunggulipun pêthak (bokmanawi makutha mathak) lênggahipun kagrêbêg ing abdi para nyai ngantos 30 utawi 40 sami ngampil-ampil, kados ta: lopak- lopak, pangunjukan sapanunggilanipun, sami sarwa kancana. Para nyai wau ingkang satunggal jèngkèng mandhi waos panjang (waos blandaran) ingkang sinuhun punika awis-awis anggantèn, nanging kêrêp sês ngantos tanpa kèndêl. Manawi miyos siniwaka lênggahipun wontên ing dhampar kajêng candhadha,candhana. inggilipun namung satêngah kaki, mawi karêngga kapajang-pajang têtanêman kiwa têngên, dhampar wau wontên ing têngahing jubin bangsal alit wangun pasagi, 3 mètêr mubêng (bokmanawi bangsal manguntur tangkil), ing sakubêngipun bangsal wau para prayagung ingkang sami sowan, kirang langkung kalih atusan, katata dados tigang larik wontên sangandhaping wit-witan, linggihipun sami dhepokan, tumungkul tanpa nginang tanpa sês ngêntosi dhawuh timbalan dalêm, para prayagung wau sabên dintên pasewakan kê-(Sênèn sarta Kêmis)dah sami sowan, botên kenging lowong. Bilih kapambêng sukêr sakit kêdah têrus ngaturakên pamitan, manawi botên matur ukumanipun pocot, manawi wontên ingkang nglowongakên pasowanan, ingkang sinuhun masthi lajêng priksa kemawon sarta andangu sababipun, wontên kawajibanipun abdi dalêm, inggih punika sabên dintên Jumungah andhèrèk ingkang sinuhun dhatêng masjid, sarta sabên dintên Sêtu pasowanan watangan ambêkta kapal dhatêng ing alun-alun, ingkang botên sowan tanpa pamit kagantungan paukuman utawi kadhêndha.

Kuwasanipun ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung punika tanpa watêsan, inggih punika wontên ing kalangan abên kêmiri. Dolanan ingkang makatên punika kala [ka...]

--- 29 ---

[...la] taun Walandi 1623 pancèn kadhawuhakên ing sang prabu, mila wontên ing karaton dados cara. Sampun nate ingkang sinuhun kasukan abên kêmiri kalihan prayagung sakawan, priksa kêmirinipun kirang anggènipun anggarap, môngka masthinipun anggèning anggarap kêdah alus ngantos mêlêng-mêlêng, ingkang sinuhun lajêng duka, dhawuh mundhuti kapalipun, kapagas gulunipun wontên ing ngajênganing ingkang gadhah sarwi angandika: yèn ana sing kumawani kaya mangkono manèh, masthi tak tigas gulune kayadene jaran iki, wontên priyagung kalih malih ingkang kadukan, lêrês kêmirinipun sampun kaupakara sae, nanging dèrèng patos dados kados karsa dalêm, punika ugi tampi paukuman.

Ing wêkasanipun taun Walandi 1624 ingkang sinuhun ngandika bilih mêntas karawuhan utusaning Pangeran mangangge sarwa pêthak, paring dhawuh: manawi ing nagari Mataram badhe tata raharja.

Tatacaranipun para prayagung ingkang minggah sowan ing ngarsa dalêm, bilih ingkang sinuhun lênggah sinewaka, punika sadèrèngipun kaparêng sowan nyêlak, sami kèndêl wontên ing pasowanan sakiwa-têngêning alun-alun, dipun adhêp para rencangipun tumbasan. Sadaya para priyantun sami kabawah ing nayaka kajinêman sakawan (ngalih sisih) punika ingkang nglantarakên sadaya aturing andhahanipun konjuk ing ngarsa dalêm. Andungkap wiyos dalêm ingkang sinuhun, mawi cêcala waos panjang tiga, kalihan waos alit-alit sadasa, sarta songsong gontar, (songsong gontar punika songsong adèn-adèn, botên kenging kaingkupakên, tanpa rêrênggan punapa-punapa, pratandhaning kaluhuran, inggih punika songsong bawat) kapanjêr wontên sacêlaking bangsal agêng. Kèndêl wontên ing alun-alun ngajêng regol palataran ing lêbêt, lajêng majêng malih dumugi sangandhaping wit-witan, ingkang sinuhun lajêng tindak dhatêng bangsal ing palataran utawi alun-alun ing lêbêt (Bokmanawi sapunikanipun nama sitinggil, manawi ingkang sinuhun sampun katingal miyos, sadaya rencang tumbasan ingkang sami andhèrèk para prayagung wau kêdah sami sumingkir, nuntên abdi dalêm gandhèk andhawuhakên timbalan dalêm, dhawuh sowan nyêlak dhatêng nayaka sakawan, ingkang tampi dhawuh

--- 30 ---

gurawalan lajêng sami minggah. Sawiyos dalêm lajêng nimbali nayaka sakawan, punika kengingipun sowan nyêlak kêdah taksih lêt nêm waos, dene para prayagung sanès-sanèsipun kêdah wontên sawingkingipun nayaka sakawan wau.

Taksih wontên sambêtipun.

Turunan

Kêkancingan ôngka 14 A/3.

Manira pêpatih dalêm ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse mirêngake rêmbuge para bupati jaba jêro saanon- anone, anamtokake tumindaking kawajibane para abdi dalêm dhoktêr kang kasêbut dhawuh manira kêkancingan katitimasan kaping 4 Jumadilawal Je 1848 utawa kaping 9 Marêt 1916 ôngka 30 A/3 kaping 20 Ruwah Be 1848 utawa kaping 1 Juni 1918 ôngka 34 A/3 kaping 1 Rabingulakir Alip 1851 utawa kaping 13 Dhesèmbêr 1920 ôngka 91 A/3 padha kasuwak, banjur disalini kaya ing ngisor iki, wiwite tumindak ing tanggal kaping 1 Agustus 1923.

Bab 1

1. Abdi dalêm bupati dhoktêr katamtokake amajibi:

Ha. Mariksa sarta nambani lêlahanan para priyantun dalêm kang ana sajabaning kadhaton, santana dalêm wayah munggah. Abdi dalêm kaliwon kaptin upsir munggah, sarta bôngsa Walônda utawa sabrang kang dadi abdi dalêm, kabèh mau kang padha manggon ing kutha Surakarta kalêbu anak bojo lan sêlire kang nunggal saomah.

Na. Anggarap kang padha lara manggon ana ing panti roga (klinik).

2. Abdi dalêm kaliwon dhoktêr katamtokake amajibi:

Ha. Mariksa sarta nambani lêlahanan, putra sarta prayantun dalêm apadene santana sarta abdi dalêm kang padha manggon ana sajroning kadhaton.

Na. Rumêksa kawarasane tahanan sarta ukuman ing srimanganti.

3. Abdi dalêm dhoktêr mayor sarta dhoktêr panèwu 3 siji-sijine padha katamtokake majibi mariksa sarta nambani lêlahanan, santana buyut canggah sarta abdi

--- 31 ---

dalêm panèwu mantri sapangisor tumêka punakawan sapêpadhane, apadene abdi dalêm prajurit kang pangkat sangisoring upsir, kabèh mau kang padha manggon ing bawah kamantrèn dhistrik kang dadi wajibe dhewe-dhewe, kalêbu anak bojo sarta sêlire kang tunggal saomah.

4. Abdi dalêm dhoktêr mayor sarta dhoktêr panèwu cacah 3 kasêbut adêg-adêg 3 ing dhuwur mau uga padha kawajiban anggarap kang padha lara manggon ing panti roga sarta kang amung sabên esuk têka ing panti roga parlu nambakake utawa anjaluk rêsèp, dene tumindake miturut panatane abdi dalêm bupati dhoktêr.

5. Abdi dalêm dhoktêr mayor sarta dhoktêr panèwu kasêbut adêg-adêg 3 ing dhuwur mau, salah siji êndi kang kapatah dening abdi dalêm bupati dhoktêr, kawajiban rumêksa kawarasane wong miskin ing Wangkung.

6. Abdi dalêm dhoktêr panèwu 1 liyane kang kasêbut adêg-adêg 3 ing dhuwur mau, kawajiban maligi anindakake papriksan mayit (lijkschouw) kawajibane mariksa sakabèhing mayite wong Jawa ing sawawêngkon kabupatèn pangrèh praja Surakarta, kalêbu mayite wong ngulandara kang tinêmu ana ing lurung-lurung gêdhe utawa sapinggire, dadi sajabaning pakampungan.

7. Abdi dalêm bupati dhoktêr têrang pêpatih dalêm bakal andhawuhake marang abdi dalêm dhoktêr mayor sarta dhoktêr panèwu 3 kaya kang kasêbut ing adêg-adêg 3 ing dhuwur mau, namtokake bawah kamantrèn dhistrik sajroning kutha Surakarta kang dadi wajibe siji-sijine dhoktêr, sarta amatah marang salah sawijining abdi dalêm dhoktêr panèwu sapa kang katamtokake majibi nindakake papriksan mayit kasêbut adêg-adêg 6 ing dhuwur mau, sabên abdi dalêm dhoktêr kang majibi bawah kamantrèn dhistrik utawa papriksan mayit mau salin, abdi dalêm bupati dhoktêr kudu ambayawarakake kamot ing layang kabar paprentahan, sapa jênênge dhoktêr kang majibi mawa katrangan liya-liyane kang parlu.

8. Santana wayah dalêm wadon kang wus omah-omah miturut kang mêngku, para abdi dalêm wadon, sarta santana dalêm wadon kang omah-omah olèh dudu abdi dalêm, iku uga kalêbu anak bojone. Dene santana wayah dalêm lanang manawa [mana...]

--- 32 ---

[...wa] dadi abdi dalêm, miturut pangkate.

9. Anake santana dalêm wayah utawa abdi dalêm kaliwon, kang wus dadi abdi dalêm, kudu miturut pangkate dhewe.

10. Anake santana dalêm canggah utawa anake abdi dalêm kang wus cêkêl gawe nanging ora dadi abdi dalêm utawa laki olèh dudu abdi dalêm, iku padha ora wênang nganggo abdi dalêm dhoktêr lêlahanan sarta jamune.

11. Randhane santana sarta abdi dalêm kang durung laki manèh, iku isih miturut pangkate bojone.

12. Santana sarta abdi dalêm kang manggon sajabane kutha Surakarta, manawa arêp mariksakake utawa anjaluk rêsèp sapanunggalane kudu têka marang ing panti roga (klinik) yèn anjaluk têkane abdi dalêm dhoktêr kudu nyuwun marang kawadanan kridhanirmala, mawa ambayar dhêklarasine abdi dalêm dhoktêr (waragad laku miturut kêkancingan nagara katitimasan kaping 30 Sèptèmbêr 1912 ôngka 59/3 A/ manawa malarat ora bisa ambayar dhêklarasi mau, anggone anjaluk têkane abdi dalêm dhoktêr nyuwuna marang nagara mêtu abdi dalêm pangrèh praja, dene yèn lara manggon sajroning kutha Surakarta kêna nêkakake abdi dalêm dhoktêr kang ambawahake pamanggone utawa kang majibi.

13. Abdi dalêm dhoktêr kang padha majibi panti roga iku ana ing panti roga kalilan maringi rêsèp lêlahanan marang wong liyane kang wênang nganggo abdi dalêm dhoktêr kasêbut ing pranatan iki, janji wong mau kagolong miskin, ananging kèhing rêsèp kang diparingake ing dalêm sadinane ora kêna luwih saka 20 iji.

14. Kabèh abdi dalêm dhoktêr padha kawajiban andhèrèk, manawa sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan têdhakan, tumindake miturut sakaparênging karsa dalêm, utawa sapamatahe abdi dalêm bupati dhoktêr.

Taksih wontên sambêtipun.