Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 1, kaping 15 Jumadilakir Be 1856, utawi kaping 1 Januari 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ingkang nanggêl isinipun organ punika para pangrèhing Narpawandawa. Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni,. wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Minôngka wrêdha pamong R. Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Mudha pamong: R. Sastrapurba, kampung Kapatihan Kilèn. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1924.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50 Kapacak sapisan.

Kula nuwun, sarèhning isinipun organ Narpawandawa punika pamanahipun pangrèh parlu kauningan ing akathah, eman-eman bilih namung dipun uningani para warganipun Narpawandawa kemawon, mila wiwit wulan Januari punika organ Narpawandawa kawêdalakên sabên wulan, lajêng kakintunakên dhatêng para luhur utawi para prayantun ingkang kinintên-kintên karsa dados lêngganan, minôngka conto.

Awit saking punika mênggah sowanipun organ Narpawandawa punika, mugi kaparênga nampèni kalayan sênênging panggalih, namung bokbilih pangintênipun pangrèh wau lêpat, panjênêngan dèrèng karsa dados lênggananipun, kaparênga ngintunakên wangsul organ Narpawandawa dhatêng ingkang nindakakên kabêtahan (administrateur) R.Ng. Poerwosastro Kapatian Solo. Manawi sowanipun organ Narpawandawa ing ngarsa panjênêngan wau ngantos kalih

--- 2 ---

wêdalan, botên kakintunakên wangsul, panjênêngan lajêng katêtêpakên dados lêngganan, sarta lajêng badhe dipun caosi kwitantie utawi wissel formeelier bayaranipun organ punika, dene rêginipun namung f 2.50 sataun, mugi kauningana:

Atur Kula

Awit saking karampunganing parêpatan kumisi rêdhaksi organ Narpawandawa, ingkang kajênêngan pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa nalika salêbêtipun wulan Oktobêr 1925 wontên ing dalêmipun mudha pangarsa panjênênganipun Radèn Mas Arya Yasadipura: sarèhning wrêdha pamong panjênênganipun Radèn Ngabèi Purwasudarsa nyuwun kèndêl saking anggènipun mandhegani organ. Wondene sababipun sampun botên pêrlu kula aturakên, kula pun Wiramarjaya katêtêpakên dados wrêdha pamong nyulihi panjênênganipun wau, kula ugi lajêng nyandikani kemawon, botên manah dhatêng rungsidipun pandamêlan rêdhaksi, saking pamanah kula namung anggampilakên panindak, sanadyan kula wau têksih têbih sangêt saking wêwilanganipun tiyang ingkang mangrêtos dhatêng kridhaning nyêpêng karêdhaksèn, o kok kalêbêt wilangan, mèmpêr kemawon dèrèng, ewadene kula gumagah lajêng nyandikani, punika botên sabab saking punapa, muhung labêt saking ketang trêsna kula dhatêng pakêmpalan, mila inggih nadyan ngrêkaos dening tidha-tidhaning panindak, inggih badhe kula lampahi kalayan nyuwun barkah sêsêrêpan dhatêng para luhur ingkang sakintên kaparêng nuntun, awit saking punika panyuwun kula dhatêng para pangrèhing pakêmpalan, punapa malih para warganing Narpawandawa kaparênga ngrêrômpa sarana paring panjurung ingkang maedahi dhatêng pakêmpalan sawarganipun, sarta manawi wontên kalintuning panindak kula, kaparênga anglêrêsakên, badhe kula tampèni kalayan bingahing manah, uwohipun sagêd dados nama nyambut damêl sêsarêngan, tundonipun amulyakakên jumênênging karaton dalêm. Eka paksa karya sakti: (rukun agawe santosa). Wiramarjaya.

--- 3 ---

Surakarta - Cirêbon

Sampun marambah-rambah kula yêktosi ing sêrat-sêrat pawartos Jawi, ugêr ngrêmbag kraton Surakarta, mèh kenging katamtokakên manawi nyangking kraton Cirêbon, wosing suraos: ngati-ati lo, yèn nganti salah kêdadèn kaya Cirêbon, sajatosipun sadaya wau namung sak ngowêl, mila inggih botên kirang prayogi, kuciwanipun dene satunggal kemawon têka botên wontên ingkang ngandharakên kawontênanipun ing Cirêbon samangke, tuwin larah-larah kawontênanipun kala kina, namung kakêmêng kemawon. Tumrapipun para maos tamtu kathah ingkang lajêng kodhêng dening dipun sukani pêpiridan, nanging tanpa aluran babar pisan, samantên malih kula, raosipun manah ugi judhêg, badhe damêl wawasan botên sagêd sabab dening botên sumêrêp kawontênanipun ngrika, awit saking kumêdah-kêdah kula nyumêrêpi kawontênanipun, lajêng grèsèk-grèsèk madosi buku-buku ing sakadar gadhahan kula, wasana pinanggih ringkêsanipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang jumênêng wontên Cirêbon sapisan punika tiyang Arab nama Sèh Kurudin Ibrahim bin Maolana Isgail, watawis nalika taun Walandi 1560 ing pawingkingipun apêparab Susuhunan Gunungjati. Nalika taun 1527, putranipun nama Sèh Hasanudhin ngêlar jajahan mangilèn, lajêng jumênêng sultan wontên Bantên, ingkang rama sarta ingkang putra wau sami sumujud dhatêng Radèn Sitah. Akiripun jumênêng nata nama Sultan Sèh Alam Abdar ing Dêmak nalika taun 1615 Cirêbon sampun asok bulubêkti dhatêng Mataram, malah ing taun 1632 sampun têtêp dados wêngwêngkon wêwêngkon. = vazal.

Têdhakipun Susuhunan Gunungjati wau, jêjuluk Panêmbahan Girilaya, ingkang panênggak Pangeran Kartawijaya, ingkang waruju Pangeran Wôngsakêrta. Sarêng Sang Panêmbahan sampun yuswa, nagari Cirêbon kasigar sêmôngka, kaparingakên putra sêpuh akalihan putra panênggak, dumugi samangke kratonipun taksih karan: Kêsêpuhan sarta Kanoman, wondene sadhèrèk kalih wau, katêtêpakén paring [pa...]

--- 4 ---

[...ring] pêpancèn lênggah sabin dhatêng ingkang rayi Pangeran Wôngsakêrta, inggih punika dhusun Godhong, mila inggih lajêng aran: Pangeran Godhong.

Awit saking pangeran kalih kasêbut nginggil wau kawadaka anggèning sami dhêdhêmitan biyantu dhatêng Trunajaya anggènipun badhe ngraman dhatêng Mataram, mila sami kacêpêng katahan wontên ing Mataram, luwaripun sawêg nalika 1677, sarêng Trunajaya sagêd ngêjègi kraton Mataram sang pangeran sami dipun kondurakên dhatêng Cirêbon, wasana lajêng kairit kalihan Sultan Abulpatah ing Bantên, badhe ngayoni Mataram tuwin Kumpêni, sarêng Bantên kalampahan dipun gêpuk dening Kumpêni ing taun 1680, Cirêbon katut dipun jègi = bezet tiga pisan lajêng sami damêl prajangjian kalihan Kumpêni, katitimasan kaping 4 Januari 1681. Dene anggènipun Pangeran Godhong ugi tumut nandhani prajangjian wau, amargi salêbêtipun ingkang raka dados tawanan wontên Mataram, ingkang ngasta pusaraning praja panjênênganipun, mila lajêng kalantur jumênêng piyambak, ingkang ugi dipun anggêp dening Kumpêni, punapa malih panjênênganipun punika radi kêparêng mitulungi dhatêng Kumpêni. Suraosipun prajangjian: Kumpêni sagah anjagi (beschermen) tata têntrêming praja, (mila nalika taun 1686, damêl bètèng alit wontên kitha ngriku) kosokwangsulipun para pangeran sami dados bonipun Kumpêni, tuwin botên kenging ngupados pangayoman sanèsipun, manawi Kumpêni pêrang kêdah ambiyantoni, botên kenging nglilani tiyang dêdunung bawahipun, manawi tiyang wau mêngsahipun Kumpêni, botên wênang nantang pêrang dhatêng praja sanès, punapa malih botên wênang damêl bètèng piyambak, Kumpêni wênang ngoyak mêngsahipun ingkang lumêbêt bawah Cirêbon, wênang damêl loji dagang, wênang damêl monopoli apyun sasaminipun, punapadene daganganipun tiyang siti botên kenging kawêdalakên bilih botên angsal lilahipun Kumpêni, Kumpêni wênang mundhut sawarninipun babêktèn pawêdaling siti, nanging sadaya pangeran wau kêdah taksih lêstari ngèdhêp dhatêng Mataram.

Sarêng ing taun 1686 awit saking pêjahipun Kapitan Tak, Kumpêni campuh kalihan Kartasura, ingkang pungkasanipun Kartasura kèngsêr, Ingkang Sinuhun Mangkurat Mas [Ma...]

--- 5 ---

[...s] kaselong kaprabon sumendhe dhatêng ingkang paman, inggih punika jumênêngipun Ingkang Sinuhun P.B. I kapêksa damêl prajangjian (1705) ingkang ugi ngêwrat nguwalakên Pangeran Cirêbon.

Sasedanipun Pangeran Kartawijaya (Sultan Sêpuh) bawahipun kasigar sêmôngka malih, kaparingakên putra sêpuh, tuwin putra ênèm asma: Pangeran Arya Cirêbon, dumugi taun 1768 ingkang jumênêng buyutipun, anggènipun ngasta pusaraning praja botên sae, mila kalungsur dening Kumpêni, bawahipun kawangsulakên dhatêng Kasêpuhan, sasedanipun Panêmbahan Godhong ing taun 1773 sarèhning botên tilar putra kakung, bawahipun kapopokakên dhatêng Kasêpuhan kapalih kalihan Kanoman.

Miturut cariyos ing sêrat-sêrat Walandi ing satanah Jawi botên wontên nagari ingkang kasangsaranipun kadosdene Cirêbon, awit saking kapêksa nyanggi raja-pundhutipun Kumpêni, ingkang sampun kawrat ing prajangjian nalika 1681 kasêbut nginggil, tuwin murkanipun para natanipun piyambak-piyambak, punapadene lajêng kêdhatêngan Cina ingkang sami lajêng numbasi siti. Dados tumrapipun tiyang alit babarpisan lajêng botên wontên pangajêng-ajêngipun, mila rêrêsah sêsakit tuwin pacêklik inggih botên wontên sampunipun, dangu-dangu lajêng sami bêrontak ngawontênakên kraman alit utawi agêng marambah-rambah. Murih têntrêmipun Gupêrnur Jendral Dhandhêlês ngawontênakên pranatan: 1. Suwakipun tiyang tumbasan = pandeling. 2. Cina botên kenging dêdunung wontên dhusun. 3. Nyewakakên dhusun kaawisan. 4. Raja-pundhutipun Kumpêni tuwin para sultan kasuda. 5. Wêwênangipun para sultan kaungkrêt.

Dipun wontêni pranatan makatên wau, salêbêtipun sawatawis laminipun ingih têntrêm, nanging botên lami lajêng gegeran malih, nalika 1768 têtiyang siti nyuwun icalipun para sultan. Nalika taun 1806 panyunan panyuwunan. wau kaambalan malih,

--- 6 ---

Tuwan Dhandhêlês ugi mituruti, para sultan wau lajêng namung kadhapur antênaring Walandi, kawêngku dening Rêsidhèn Cirêbon, sarêng bôngsa Inggris ngajawi, sultan-sultan wau sami lajêng dipun pènsiyuni (1813. 1815) namung dipun wontêni bupati kemawon, panguwaosipun kasuwak babarpisan, namung kantun wênang nampèni pajêg pamêdaling siti wêwêngkonipun kemawon, dene ingkang nindakakên paprentahan kasantunan bupati abdinipun guprêmèn wau sami kalihan ing pundi-pundi, ing bab sêsêbutan sultan punika miturut sêrat-sêrat, botên wontên watonipun, wiwit kabawah Mataram dumugi sêsrawungan kalihan Walandi sapisan, sêsêbutanipun namung pangeran, malah nalika damêl prajangjian Kumpêni ing taun 1686 narimah botên sami ngangge sêsêbutan sultan, wontênipun karan sultan punika, namung saking katêlah dening Sultan Bantên manawi mastani: bonipun Sultan Cirêbon. Anggèn kula ngupadosi bab kraton Cirêbon namung pinanggih samantên.

Miturut larah-larah ingkang kapratelakakên ing nginggil, wontênipun Cirêbon kalihan Surakarta punika têtela yèn beda sangêt, ingkang cêtha kemawon, Surakarta punika karan baku, Cirêbon damêlan tur ingkang damêl saha anjumênêngakên tiyang mônca, punapa malih wujudipun kraton Cirêbon. = Rijk punika samangke kantun aran kemawon. Ingkang taksih anjênggêrêng kantun dalêmipun kraton paleis mila kawruh Walandi bab nitipraja, karajan punika dipun bage dados tiga: 1. Karajaan baku = Surakarta. 2. Karajaan sêmpalan, têgêsipun nyêmpal panguwasa ucal uwal. saking karajan baku = Ngayoja, Mangkunagaran. 3. Karajan yasan = Pakualaman.

Ewadene sarèhning pangowêl murih ngatos-atos punika botên wontên awonipun, mila kula nyumanggakakên dhatêng para sarjana kadospundi panggalihanipun, sagêdipun Surakarta sansaya luhur wilujêng botên wontên satunggal punapa, sukur bage sèwu sagêd saya mindhak- mindhak kaluhuranipun, sajarah Cirêbon namung kagêma ular-ular ngramèkakên samasa wontên ingkang sumêdya

--- 7 ---

ngambali ngrêmbag prakawis karajan Jawi. Namung sadèrèng sasampunipun, bokmanawi wontên sisiping andharan kula, mugi para nupiksa paringa samodra pangaksama. Kaping: Oktobêr 1925. S.H.

Sasêbutan

II

Bab 3

Buyut dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kasêbut nama para bandara santana.

Manawi putraning bandara pangeran santana, ingkang saking garwa padmi putri, pambajêng kakung timuripun nama bandara radèn mas ariya, ananging manawi wayahing songsong gilap, kenging kaangkat nama pangeran, manawi dede pambajêng timuripun nama dèn mas, sêpuhipun nama bandara radèn mas panji, manawi putri ingkang pambajêng timuripun nama radèn ajêng, sêpuhipun nama radèn ayu, ananging manawi wayahing songsong gilap kenging kaangkat nama radèn ayu anggèr, manawi ingkang saking wingking pambajêng utawi dede pambajêng inggih sami kemawon, kakung timuripun nama radèn mas, sêpuhipun nama radèn mas panji, putri timuripun nama radèn ajêng, sêpuhipun nama radèn ayu, manawi buyut putranipun para bandara ariya, utawi panji, ingkang saking garwa padmi putri, kakung timuripun nama radèn mas, sêpuhipun nama radèn mas panji, putri timuripun nama radèn ajêng, sêpuhipun nama radèn ayu. Manawi saking wingking kakung timuripun nama radèn mas, sêpuhipun nama radèn mas panji, putrinipun nama radèn ayu.

Bab 4

Canggah dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, kasêbut nama para abdi santana.

Manawi canggah wayahing para bandara pangeran santana, saking ngajêng utawi saking wingking, kakung timuripun nama radèn mas, sêpuhipun nama radèn mas panji.

Putri timuripun nama radèn ajêng, sêpuhipun nama radèn ayu. Manawi canggah wayahing para bandara ariya, panji saking ngajêng utawi saking wingking, kakung timuripun nama radèn bagus, sêpuhipun nama radèn, putri timuripun nama radèn rara, sêpuhipun nama radèn ngantèn.

--- 8 ---

Bab 5

Warèng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kasêbut nama abdi kawulawarga.

Manawi dèrèng buyuting para bandara pangeran santana, saking ngajêng utawi saking wingking, ingkang jalêr kala alitipun nama radèn bagus, sêpuhipun nama radèn, ingkang èstri alitipun nama radèn rara, sêpuhipun nama radèn ngantèn, manawi warèng buyuting para bandara ariya, panji, saking ngajêng utawi saking wingking, ingkang jalêr kala alitipun nama mas agus, sêpuhipun nama radèn, ingkang èstri kala alitipun nama mas rara, sêpuhipun nama radèn ngantèn.

Dene mênggah têdhak turuning ratu, ingkang kasêbut nama udhêg-udhêg utawi gantung-siwur, grêpak-molo, ing salajêngipun, punika sampun sami dados abdi dalêm alit, botên kalêbêt pranatan dalêm, amung mêndhêt sasêbutan saking pamrayogi kemawon, kados ing ngandhap punika pratelanipun.

Manawi udhêg-udhêg, ingkang jalêr sasêbutanipun kala alit mas, sêpuhipun inggih taksih kasêbut mas, manawi kinulawisudha taksih kenging kasêngkakakên nama radèn, ingkang èstri sasêbutanipun kala alit mas rara, sêpuhipun nama mas ngantèn, manawi sumêngka taksih kenging kasêbut nama radèn ngantèn.

Manawi gantung-siwur, ingkang jalêr kala alit sasêbutanipun bagus, sêpuhipun awasta mas, ingkang èstri kala alit awasta rara utawi bok rara, sêpuhipun awasta: bok mas, inggahipun nama mas ajêng. (?)

Manawi grêpak-molo, ingkang jalêr kala alit awasta bagus, sêpuhipun taksih kasêbut nama bagus, ingkang èstri kala alit awasta bok rara, sêpuhipun awasta mas ngantèn, inggahipun taksih kenging nama bok mas.

Manawi anak putuning grêpak-molo ingkang jalêr kala alit sampun awasta: si utawi pun, sêpuhipun awasta kiyai, inggahipun awasta kiyai mas. Ingkang èstri kala alit awasta: si, utawi: pun, sêpuhipun awasta nyai, inggahipun awasta nyai ajêng.

--- 9 ---

Nusuli Katrangan

Panjurung kula ing organ Narpawandawa ôngka 4 (wêdhar pamanggih), dipun paringi katrangan sadhèrèk rêdhaksi tumrap ing nutipun gangsal bab, imbêt dhawuh pêpèngêt bab kasusastran anyar. Nanging wontên sawatawis bab ingkang parlu kêdah kula usulakên utawi kula susuli katrangan malih sawatawis panjang kados ing ngandhap punika.

Bab komisi kas sarta buku (mirid suraosing buku wêwaton) pamanggih kula kêdah mawi kanthi warga limrah apêsipun kalih. Katrangan nut rêdhaksi: bilih bab punika tumindakipun sampun makatên, têgêsipun sabên komisi sampun mawi kanthi warga limrah: bokmanawi. Sukur: ta, yèn sampun tumindak makatên. Ananging kauningana, mênggah kula bab komisi wau ingkang kula bêtahakên makatên ing dalêm buku, dados dede bab tindak utawi tumindaking damêl para pangrèh. Têrangipun ingkang kula kajêngakên punika makatên: sarèhning buku wêwaton wau botên amratelakakên bab komisi arta kas sarta buku mawi kanthi warga limrah, punapa botên langkung parlu saupami ing buku ugi kasêbutakên mawi kanthi warga limrah, apêsipun kalih. Parlunipun supados mêwahi têrang tuwin rêsik, cocog kalihan panindakipun, bokmanawi para warga inggih sampun sami mangrêtos bilih tumindakipun komisi sampun kanthi warga limrah, nanging jangkêpipun kados prayogi kapratelakakên ing buku.

Bab para warga anyar, pamanggih kula kêdah dipun sukani pratelan asmaning para bêstir (pangrèh) katrangan nut rêdhaksi: mirsanana ing organ ôngka 3 (kula supados nyumêrêpi organ ôngka 3). Punika taksih ragi salingsingan sakêdhik, bokmanawi sabab kirang rêsik anggènipun amanggalih dhatêng pamanggih kula wau.§ Noot rêdhaksi matur nuwun, dipun cocog ing pèn. Red. Têrangipun makatên: samôngsa wontên ingkang malêbêt warga, anjawi lajêng kaparingan bêwis pratôndha cêcêpênganing lid tuwin buku wêwaton Narpawandawa, punapa botên langkung prayogi saupami ugi kaparingan pratelan asmanipun para pangrèh anyar, amargi ing buku wêwaton sanadyan sampun ngêwrat asmanipun para pangrèh, ananging pangrèh

--- 10 ---

lami. Lêrês ing organ ôngka 3 ugi sampun ngêwrat asmaning para pangrèh anyar, tumrapipun warga anyar: kados kula punika sampun mangrêtos bilih pangrèh lami kêsêbut buku wêwaton sapunika sampun salin kados ingkang kacithak ing organ ôngka 3, ananging makatên punika amung tumraping warga anyar kula, kula dening sampun nyumêrêpi organ ôngka 3 wau. Wangsul tumrapipun warga anyar, anyar sasampuning organ ôngka 3 lair punapa sampun mangrêtos, mêsthinipun dèrèng, awit ingkang dipun sumêrêpi amung pangrèh ingkang kêsêbut ing buku wêwaton kemawon. Anjawi bilih sabên wontên ingkang malêbêt dados warga anyar ing buku wêwaton cêpênganipun lajêng dipun salini utawi kaewahan asmaning para pangrèh anyar, punika sawêk mangrêtos utawi sumêrênsumêrêp. têrangipun ingkang jumênêng pangrèh sapunika.

Wondene nutipun rêdhaksi ôngka 4 bab namaning para sadhèrèk warga badhe kawrat ing organ, punika kula ragi botên mupakat. Pamanggih kula prayogi kasêrat ing kêrtas piyambak kemawon, amargi têrang bilih patamananipun Ki Bagus Narpawandawa taksih rupêk sangêt, ingkang sami kaparêng ngenggar-inggarngenggar-enggar. panggalih rawuh ing ngriku kathah botên sande amung badhe ngêbak-êbaki papan kemawon. Tôndha-yêktinipun para ingkang sami rawuh wontên sawatawis ingkang dèrèng sagêd malêbêt ing patamanan, kêpêksa ngêntosi ing jawi anyarantosakên sasêlanipun, môngka wênganing tamanan namung tigang wulan sapisan, inggih botên kirang ngantu-antu.

Botên langkung sadaya wau kula amung nyumanggakakên, saha nyuwun gunging pangapuntênipun para pamong utawi para pangrèh. Titi

Katur kaping 25 Nopèmbêr 1925

Atur taklim kula: Kolot.

Bab Sêsêbutanipun Para Warèng

[Balabak]

Têmbang blabak patute amung cablaka / abarès / wah mangkono dhasare kang ngura gita / tan tèngèng / ngriptèng kidung sinawung ing karawitan / wit angèl //

marma muhung anggêr muni: ya sanadyan / ginuyèng / sagung para sarjana ingkang makanjar / karêbèn [ka...]

--- 11 ---

[...rêbèn] / tan ngapaa mapan satêmêne lagya / nglêlantèh //

malah cikmèn tinetah marang paduka / sadhèrèk / wrêdha mudha pamonging Narpawandawa / gih radèn / supayantuk barkahing para sudara / ing têmbe //

la, la, la, la, kêbacut rêmbuge nglômpra / rak rèwèl / mula lamun mangripta sêkar macapat / wakdèkèng / kurang kawruh luwih karêp nora tônja / ting slèwèng //

myang tan bisa cêkak aos amirasa / ngalèwèr / ewadene lumaksa mangsah ing ngrana / kêkènjèr / bêtèk saking ngrungu umyunging suwara / arame //

darma kôndha pêpèngêt Narpawandawa / kêkêlèng / sami ngrêmbag ajining darah sri nata / tumêkèng / dèn mas canggah kakung putri kang ginustha / mrih têmbe //

tumrap para buyut canggah putri ingkang / mung pancèn / dadya ampil utawi sêlir kewala / kaprustèl / kaparênga sinêbut dyan ayu samya / lan manèh //

para canggah kakung nadyan wus rumagang / ing gawe / lirira wus ngasta pakaryan nagara / suwitèng / sang sri nata sinung pangkat antuk têdha / pêpancèn //

dipun suwun lêstari sinêbut dèn mas / la cècèg / ananging: ta rèhning prakawis punika / samangke / sampun konjuk ing ngarsa dalêm sang nata / pasêksèn //

lir kang kawrat ing organ Narpawandawa / wus jèrèng / bab paturan pangrèh myang dhawuh nagara / arentasarèntès. / marma mangkya wus tan parlu kawicara / bênêre //

amung kantun pinudya mantra kewala / lah dimèn / tumulyèngggal dhawah pangandika nata / tumètès / dyan kaparêng kabul sapanuwunira / kêdugèn //

mung samangke wontên bab sapele ingkang / ngong comèl / tumrap warèng (grad V)baca: grad lima. sutèng pra canggah / kok dèrèng / katut tumut kalêbêt sami karêmbag / pragambèn //

awit bilih rinaos turuting laras / lah pancèn / inggih kêdah andhèrèk minggah satatar / ajine / yèn ajining pra warèng botên kamanah / bilaèn //

sampun mêsthi badhe dados wiraosan / kêmèrèn / wit kang kasbut dhawuh wêwaton nagara / katitèn / ping 26 Rêjêb ing warsa Dal ôngka / kêsupèn //

taun 1840baca: sèwu wolung atus kawan dasa. / saptawèh / sêsilahan wêwatoning sêsêbutan / pra warèng / kang wus dadya narapraja tuk sêbutan / ki radèn //

lah punika wujudipun kang sanyata / yèn dèrèng / angsal aji dene ta mawi ki barang / samangke / parlu nyuwun icaling [i...]

- -- 12 ---

[...caling] ki mung kantuna / rahadèn //

dados sami kalihan sêbutanira / pra putrèng / bupati kang mung walaka kaparingan / rahadèn / tur upami ginanjar minggah darajad / ing têmbe //

dadya mantri, panewu, kliwon, bupatya / mak grèwèl / kine gugolbaca: sèwu wolung atus kawan dasa. ilang mung kari ngalela / radène / ah punika rak prakawis taksih jênggan / wit mangke //

sampun dungkap wanci lingsir tunggang arga / mèh lungse / dèrèng kinaryèn tumuntên minggah pangkat / mak griyèt / bok kasêlak lajêng kasêrapan surya / ajidhèt //

o: iya ta: yèn pinikir-pikir dawa / têmêne / mawa: ki lan kang tan kathik boya beda / anggêre / patrap laku tindake tan rêmên karya / sêpele //

mring sadhengah janma sarawunganira / cêkake / kudu duwe dhasar watêk myang klakuan / kang sae / lawan dhêmên ngajèni marang sasama / samane //

brèntèn nora duwe ambêg sumantana / ywa dumèh / rumôngsa yèn isih rada mambu darah / ayaknèn / wani tohan sak ril mêsthi ingajenan / ing akèh //

wus tan susah nyuwun ilange: ki barang / wis kajèn / ewadene ala apa jêr ngupaya / mrih sae / sae dening katut mindhak ajinira / pra warèng //

nanging manèh nanging nadyan kine ilang / nanging yèn / isih ana nanginge ya: tanpa karya / mangkene / puluh murni: rahadining gawe susah / rak rèwèl // (1)§ Noot Redactie: Mila ing jaman samangke ingkang pêrlu kêdah kaudi punika sagêda tumuntên andandosi budi, nyirnakna dhatêng sadaya ingkang nama awon sarta nistha, dados sagêd tumbuk kalihan têgêsipun, rahadi tur mawi mas. Red.

titi katur Dhungkopi ri Rêbo tanggal / ping slawe / nuju wulan Nopèmbêr sangkalèng warsa / jinèrèng / para warèng nyuwun margining kamulyan / wus êntèk //

Pak Dhampit ing Dhungkopi.

Parêpatan agêng taunan, Akat sontên kaping: 16/17-11-24, utawi kaping 18/4 55 wontên ing dalêm Kusumayudan, pangrèh ingkang rawuh: 1. K.P. Angabèi, presidhèn. 2. K.P.H. Cakraningrat, pisê presidhèn. 3. R.Ng. Sumapranata, sèkrêtaris I.

--- 13 ---

4. R.Ng. Surapaninggar, sèkrêtaris II. 5. R.T. Wôngsanagara, pènêng mistêr II. 6. R.M.H. Yasadipura, komisaris.

Dene sanèsipun pamit amargi kapambêng, warga limrah kakung putri kirang langkung 160.

Wakil pakêmpalan I. darah, 2. waduaji, saha 3. B.O.

Jam 8 sasampunipun pangrèh ngaturakên panuwun dhatêng para warga, utusan ingkang kagungan dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan anggènipun sampun maringi lêlangên, parêpatan kabikak.

Ingkang karêmbag:

I. Maos pèngêtan parêpatan agêng taun kapêngkêr.

II. Usul saking pangrèh: bab badhe wontênipun pamulangan èstri, sasampunipun parêpatan angintên badhe kalampahan adêgipun dening ngèngêti sêsorah nalika parêpatan agêng ingkang kapêngkêr wontên ing Cakraningratan, sadaya katrangan saha badhe paedahipun pamulangan èstri, sêsorahipun kagêlarakên dhatêng R.Ng. Yasawidagda, dipun wiwiti pintên-pintên tuladan cariyos kina, sarta lêlabuhanipun para linangkung, sasampunipun rampung,

1. R.Ng. Sastrausada, nêdha katrangan: ingkang kapratelakakên punika wau tumrap sawêg badhe panggulawênthahipun lare, mênggah badhe dhidhikanipun biyung, pangrèh punapa dèrèng anggalih ?

2. R. Padma Hartana pitakèn: badhe lir-planipun kadospundi ?

3. R.M.H. Bratadipura, pitakèn: ingkang kapratelakakên sadaya tumindakipun badhe kêdah ngèngêti kasusilan Jawi punika kadospunapa?

M.Ng. Yasawidagda jawab, ingkang karumiyinakên pitakèn ôngka 2 ( R. Padma Hartana ) lir-plan punika têmbung Walandi, Jawinipun kawruh ingkang badhe kawulangakên (lir = ajar, plan = nanêm) dados pancènipun sampun- [sampu...]

--- 14 ---

[...n-] botên susah katakèkakên, dening punika wau sampun kapratelakakên, kawruh dalah panatanipun punika namung miturut ingkang ngwontênakên, dados sarèhning pamulangan èstri ingkang badhe kaadêgakên punika, ingkang ngwontênakên Narpa, mêsthinipun piwulangipun milihi mêndhêt tuladan lêluhur Jawi ingkang kagalih cocog kalihan kawontênanipun.

Sapunika pitakèn ôngka 3. (R.M.H. Bratadipura) kasusilan punika botên wontên wujudipun, manawi kapêndhêt gampil namung gumolonging sêmu pôncadriya, inggih mobah-mosik polah muna-muni kita punika, anamung sarèhning parêpatan punika ingkang kathah têmtu sampun sami angranggoni bab punika, cêkap namung samantên anggèn kula ngaturi katrangan. Dene pitakèn ôngka 1 (R.Ng. Sastrausada) badhe dhidhikanipun biyung punika lêrês pancèn kêdah dados pamanahan ingkang langkung rumiyin, namung sarèhning pamulangan punika wau, manawi sagêd kalampahan namung tumrap para putri, môngka ingkang badhe dados biyung punika inggih para putri punika wau, dados pamulangan punika ugi sampun kenging kawastanan dhidhikan badhe biyungipun lare ingkang sawêg balabari, ingkang pitakèn sampun sami trimah.

Pangrèh ngaturakên panuwun dhatêng M.Ng. Yasawidagda.

III. Organ kawêdalakên sabên 3 wulan sapisan, para warga ingkang pambayaripun kontribisi ajêg, kasukanan lêlahanan parêpatan mupakat.

IV. Usul saking para warga:

1. M.Ng. Rêsawilata, bab balônja santana, sarèhning ingkang gadhah usul botên dhatêng parêpatan botên sagêd anêrangakên, punapa malih bab punika pamanahipun Narpawandawa sampun rampung. (Sampun gadhah panyuwun kangge bôndha pasinaon) dados botên karêmbag.

2. R. Padma Hartana,

Ha. Armênsorêh, kangge santana, parêpatan mupakat namung kangge ingkang sampun jêmpo sarta tumrap lare lola.

--- 15 ---

Na. Bab pangadilan, sarèhning sampun wontên komisi ingkang kapatah manah bab punika, mila usul punika lajêng kapasrahakên komisi.

Ca. Pikukuh santana, supados bupati pangrèh praja tumut mèngêti, parêpatan botên mupakat mêwahi prayoginipun pikukuh punika kasumanggakakên wadana kasantanan.

Ra. Padpindêr, pangrèh ngakêni manawi dèrèng kados ingkang dipun kajêngakên, mila usul punika badhe kapasrahakên dhatêng ingkang kapitados manah (Suryabratan).

3. M.Ng. Wiryarumêksa.

Ha. Tutupipun Sriwêdari, parêpatan mupakat, namung manawi wontên sedan garwa saha putra dalêm salêbêtipun 3 dintên.

Na. Pasang bandera sabên ing dintên agêng Jawi, parêpatan mupakat, namung bab sedan mupakat tumrap garwa putra, salêbêtipun 7 dintên, bandera-bandera wau abrit kalihan jêne (podhang nucup sari) K.P.H. Kusumayuda mêwahi, sarèhning bandera punika niru bôngsa kilenan, manawi purun pasang inggih kêdah botên bingah- bingah.

Ca. Paring dalêm prajurit jagabraja, pangangge grudni, K.P.H. Kusumayuda nêrangakên, sarèhning para panglayat punika panganggenipun inggih dede nama pangangge agêng, ingkang pêrlu punika cêmêng, sarèhning jagabraja wau panganggenipun inggih sampun cêmêng, kados sampun cêkap kados ingkang sampun punika kemawon rumiyin, parêpatan mupakat.

V. Pangrèh mratelakakên sêrat saking K.P.H. Adiwijaya ing Batawi, anggèning sampun anglairakên wontên ing rad kawula, bab wangsulanipun parentah tumrap pangadilan, nanging sarèhning dhatêngipun sêrat wau sampun kaslêpêg kalihan parêpatan agêng, dados dèrèng sagêd manah saprêlunipun, ewadene para warga supados sami nyumêrêpi salajêngipun manah sêratipun K.P.H. Adiwijaya kawaos dhatêng sèkrêtaris I.

--- 16 ---

VI. Pilihan pangrèh enggal.

1. K.P.H. Kusumayuda. 2. K.P.H. Prabuwinata. 3. K.P.H. Kusumadiningrat. 4. K.P.H. Suryaamijaya. 5. R.M.H. Suryaningrat. 6. R.M.H. Bratadipura. 7. R.M.H. Padmawinata. 8. R.M.H. Yasadipura. 9. R.T. Wrêksadiningrat.

Jam 11 ngaso ½ jam, pangrèh lami mundur.

VII. Jam ½12 sasampunipun parêpatan katapukakên dhatêng pangrèh enggal, R.M.H. Wuryaningrat purstèl bab kasangsaran ing Wanasaba, têmbungipun mawi kapratelakakên ngêmis, Narpawandawa prayogi darma K.P.H. Kusumayuda usul manawi para warga sami rujuk prayogi darma f 100 parêpatan mupakat.

Jam 12¼ parêpatan katutup.

Para warga lajêng sami nglajêngakên lalênggahan sambèn mirsani lêlangên pêthilan ringgit tiyang lampahan ing jaman gêdhog.

Presidhèn.

Sèkrêtaris.

Anglêrêsakên Kalêpatan

Ing organ ôngka 3 wontên ingkang lêpat sarta kirang pangêcapipun, inggih punika:

1. Miturut putusan parêpatan agêng nalika dintên malêm Sêtu tanggal kaping 29 Sapar Be 1856, punika lêpat, lêrêsipun 1848.

2 Sasêbutanipun putra dalêm saking pramèswari ingkang dede pambajêng sêpuhipun nama kangjêng pangeran arya, punika kirang, lêrêsipun kangjêng gusti pangeran arya.