Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1929, #419

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1929, #419
Sambung:-

Narpandawa Surakarta

Organ punika wêdalipun pamahargya tingalan dalêm wiyosan tumbuk 64 taun, marêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 Rêjêb Alip 1859 utawi kaping 3 Januari 1929.

--- I ---

Kula nuwun, ing buku pangèngêt-èngêt tumbuk dalêm 64 taun, jilid I panitya sampun amratelakakên bilih pandamêlipun buku pangèngêt-èngêt wau kaslêpêg sangêt kalihan dintên tamtunipun, sarêng buku wau ambabar, kathah kakirangan sarta klèntuning pangêcap, dening kirang satitinipun sadhèrèk ingkang kawajibakên niti priksa (korèksi).

Awit saking punika murih sampun adamêl kalèntuning suraos, panitya nusuli katrangan kaêwrat ing buku punika, sarta malih buku pangèngêt-èngêt wau kasèp sangêt wêdalipun, punika saking kaslêpêgipun panindak, botên langkung para panitya sami nyuwun gênging pangapuntên.

Kajawi punika I. Isinipun buku pangèngêt-èngêt tumbuk dalêm jilid I wontên sawatawis karangan ingkang kècèr pangêcapipun, dèrèng dipun sukani namanipun ingkang ngarang, inggih punika: 1 Bab Pangadilan saha Pulisi, punika karanganipun Radèn Tumênggung Mangunwadana, 2. Bab Abên-abên saha Ngrampog Sima punika karanganipun Radèn Ngabèi Purwasastra, 3 Bab Pamulangan, punika karanganipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumabrata, II. Bab anggènipun sêrat kabar Darmakôndha ngrumiyini ngêdalakên karangan dalah gambar-gambar bab tumbuk dalêm, punika pangarsaning Narpawandawa Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sampun nyêrêg dhatêng dhirèksi saha rêdhaksinipun, angsal katrangan kados ingkang kawrat ing Darmakôndha ôngka 12 pêthikanipun kados ing ngandhap punika.

Kabar Rêdhaksi

Darmakôndha ingkang ngêwrat karangan dalah gambar-gambar bab tumbuk dalêm, punika dhirèksi saha rêdhaksi tampi sêrêgan saking panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya. Amargi lugunipun, sawênèhing karangan saha klise-klise gambar, punika pancèn kapasrahakên dhatêng dhirèksi, wasana pangêcapipun dèrèng rampung, kêsêsa Darmakôndha ngêdalakên rumiyin nyarêngi dintên wiyosan dalêm, botên mawi nyuwun idinipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

--- II ---

Ingkang punika dhirèksi saha rêdhaksi ngaturakên kalêpatan ing panjênêngan dalêm Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, saha nyuwun gênging pangapuntên.

Dhirèksi: Martadiharja

Rêdhaksi: Sudarya Cakrasiswara, Sastra Karyana.

Sadaya wau mugi andadosna kauninganipun para maos.

Kasêrat kaping 12 Pèbruari 1929.

Panitya

--- 1 ---

Mulabukanipun Wontên Abdi Dalêm Gadhing Mataram§ Luguning purwaka punika cara Walandi, ingkang Jawèkakên pangarsaning Narpawandawa.

Dèrèng dangu punika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya pratela ing kula, bilih rumiyin kraton Surakarta punika wontên golonganing abdi dalêm ingkang winastan Gadhing Mataram, kacariyos punika iyasanipun salah satunggiling nata nalika kraton taksih wontên ing Mataram, sarta ingkang kawajiban ngulat-ulatakên saening lêbêtipun sêsanggèn kalapa konjuk ing kraton. Punika Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya minta ing kula, supados kula ngupados sêsêrêpan ing Ngayoja ngriki, kadospundi mulabukanipun wontên abdi dalêm golongan Gadhing Mataram wau.

Awit saking punika kula botên awrat minangkani ngupados sêsêrêpan, sarta inggih tumuntên sagêd angsal, wosipun makatên, ing kabupatèn Bantul, sakidulipun kitha Ngayoja, punika dumugi samangke wontên dhusun nama: Gadhing, inggih punika ingkang sapunika kalêbêt ing talatah Bonongan, kinanipun wana agêng tur sitinipun êmbak, ewadene kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Sultan Agung,§ Ingkang Sinuhun Sultan Agung punika putranipun Kangjêng Panêmbahan Seda Krapyak, wayahipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, buyutipun Kyai Agêng Mataram, jumênêngipun wiwit taun Walandi 1638 dumugi taun 1645. ing riku kadhawuhan nanêmi klapa, danguning dangu sarêng tanêman kalapa wau sampun angrêbda, saèstunipun lajêng wontên ingkang nêngga, inggih punika kintên-kintên wiwitipun ing riku wontên padhukuhan, ingkang têmbenipun tumangkar dados dhusun, sarêng tanêman kalapa wau sampun sami awoh tur katingal sae-sae, kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Sultan Agung kawula dalêm ingkang adêdunung ing Gadhing wau, katamtokakên ngunjukakên sabagianipun pamêdalipun kalapa, sarta têmbenipun anyanggi kabêtahaning kraton lisah kalêntik, minôngka paos pangundhuhipun kagungan dalêm siti wau. Awit saking kawontênan punika, sagêd ugi nuwuhakên kaparêng dalêm iyasa golongan enggal ingkang kawajiban ngulat-ulatakên saening lêbêtipun sêsanggèn kalapa utawi lisah kalêntik wau, ingkang sagêd ugi anjalari golongan enggal wau kaparingan nama Gadhing Mataram.

--- 2 ---

Kajawi punika, sarèhne kala samantên Ingkang Sinuhun Sultan Agung punika kêrêp sangêt tindak ing Sagantên Kidul, mila kaparêng iyasa pasanggrahan ing dhusun Gadhing wau.

Punapa têgêsipun têmbung: gadhing? sawênèh wontên ingkang mastani bilih punika têmbung Kawi, atêgês êmbêl = rawa, êmbak, dados nama gadhing punika sakawit minôngka ancêr-ancêr manawi pakêbonan kalapa wau sitinipun sakalangkung êmbak, tumuntên katut namanipun pasanggrahan dalêm ing Gadhing Kadhaton, lajêng karan dhusun sacêlakipun pakêbonan kalapa wau inggih punika Gadhing Arja, pungkasanipun katut namaning golongan ingkang kawajibakên ngulat-ulatakên lêbêtan lisah, inggih punika abdi dalêm Gadhing Mataram.

Wondene rêroncènipun sajarah wau, kakanthèkakên purwaka kula punika, inggih punika karanganipun Ngabèi Prawirasugônda, Dêmang Kabonongan ingkang sampun lèrèh.

Sinêrat ing Ngayogyakarta kaping 28 Nopèmbêr 1928

J.E. JASPER. Guprênur ing Ngayogyakarta.

Sêrat Katrangan Bab Kawontênanipun Patilasan-patilasan ing Dhusun Gadhing Arja sarta Gadhing Lumbung Ingkang Dumunung Wontên ing Salêbêtipun Siti Kêbonongan

Saking cariyosipun tiyang sêpuh ing jaman kina, siti Bonong utawi siti Gadhing wau ing ngajêng kasêbut nama siti Buwana Rawa.

1. Têmbung, bu, têgêsipun lêbu, utawi bumi.

2. Têmbung wana, têgêsipun: alas (buwana têgêsipun: bumi alas).

3. Têmbung rawa, têgêsipun papan toya, ingkang sitinipun êmbêl, têmbung êmbêl kasamèkakên umbêl, umbêl ing têmbung Kawi (Sanskriet) nama gadhing. Dados têmbung siti êmbêl, têgêsipun siti gadhing.

--- 3 ---

Wondene purwanipun siti Bonong utawi siti Gadhing wau, ingkang kagungan karsa ambadhèni alamipun suwargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, ingkang jumênêng nata ing nagari Mataram (Mata-arum utawi Ngèksigônda). Awit ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung wau asring miyos dhatêng Sagantên Kidul, amargi kacariyos ingkang sinuhun wau sagêd têpang kalihan Kangjêng Ratu Kidul, ingkang ngêdhaton wontên salêbêtipun Sagêntên Kidul. Sarêng priksa siti Bonong wau taksih wujud, buwana rawa (siti wana) mila lajêng kagungan karsa ambadhèni wau, wiwit sakilèn lèpèn Opak, mangilèn dumugi sawetan lèpèn Praga, lajêng dipun kikisi, kikis wau dipun namèkakên mêngkang.

Ing sakidul mêngkang mangidul dumugi sak lèr Sagantên Kidul dipun namani siti Bonong utawi siti Gadhing. Ingkang sak lèr mêngkang mêngalèr dipun namani siti Mêntawisan (Mataram).

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung lajêng yasa pasanggrahan wontên ing siti Gadhing, pasanggrahan wau dipun paringi nama: Gadhing Kêdhaton. Dene pêrnahipun sapunika wontên sak lèr kilèn asistenan, Krètèk, ing sapunika tilasipun sampun dipun angge dhusun, ugi kasbut nama Gadhing Kêdhaton, kalurahan Gadhing Arja.

Dene siti wau sasampunipun dipun badhèni kangge sabin utawi kangge pemahan, lajêng ingkang papan sabin dipun tanêmi pantun. Dene ingkang dados pemahan dipun tanêmi klapa cikal utawi sanès-sanèsipun. Siti sabin utawi siti pemahan wau lajêng dipun paringakên anggadhuh dhatêng tiyang alit. Pamêdalipun sabin wau nama malihan, têgêsipun pamêdalipun ingkang sapalih lumados ing ngarsa dalêm kangjêng sultan, ingkang sêpalih tiyang ingkang nanêmi. Wondene ingkang badhe kangge wadhah pantun lajêng dipun yasakakên lumbung, dene papanipun wontên ing siti Gadhing wau, sarta lumbung wau dipun paringi nama lumbung Gadhing, utawi Gadhing Lumbung, pêrnahipun wontên sakilèn asistenan, Krètèk. Sarêng sampun môngsa panèn lumbung wau inggih lajêng kangge wadhah pantun.

Kacariyos sabakdanipun panèn, para tiyang alit ingkang nanêmi pantun ing sabin wau lajêng sami ngladosi unjuk-unjuk (punjungan) warni dhahar utawi

--- 4 ---

unjuk-unjuk nama tenong, lajêng sami sarêngan sowan ambêkta tênong dipun ladosakên ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung.

Sarêng kawuningan bilih tiyang alit sami sowan ambêkta tenong dipun ladosakên, ing wêkdal punika ing papan ngriku lajêng dipun paringi nama papan Bonong, amargi kapêndhêtakên ing têmbung ngoko: seba anggawa tenong, ing têmbung cêkakan kasêbut, bonong. Punika purwanipun siti wau nama siti Bonong.

Wondene siti ingkang kangge pemahan badhean, sarêng sampun dangu lajêng dados dhusun. Ingkang nglurahi tiyang alit ing dhusun wau nama bêkêl. Sarêng tanêmanipun wit kalapa wau sampun sami awoh, lajêng dipun pundhuti paos warni klapa garing, dipun namakakên paos pêgluntung. Ing dalêm wit kalapa satunggal wit, paosipun pêgluntung sabên kalih wulan 1 iji. Dene ladosan paos pêglantung wau lajêng kaparingakên kangge wiji dhatêng pemahan badhean salêbêtipun siti Bonong wau. Sarêng sampun saya dangu saya kathah pemahanipun badhean ingkang sampun sami dados dhusun, ladosanipun paos pêgluntung inggih sangsaya kathah. Sasampunipun makatên ladosan paos pêgluntung wau lajêng kadhawuhakên kèndêl, anamung lajêng kakarsakakên santun ladosan warni lisah klêntik (lisah klapa) dipun namakakên ladosan paos lisah wadal Kêbonongan. Pamundhutipun lisah wadal Kêbonongan wau inggih sabên 2 wulan sapisan. Wulan ingkang katamtokakên kangge ngladosakên paos wau inggih punika ing wulan:

1. Sura, 2. Mulud, 3 Jumadilawal, 4. Rêjêb, 5. Siyam, lan 6. Dulkangidah, gunggung kaping 6 sêtaun. Lumadosipun lisah wiwit tanggal kaping 10 dumugi tanggal kaping 25. Ladosan paos lisah wadal Kêbonongan wau kêdah sah.

Wondene panarikipun ladosaan paos wau sabên wit kalapa 10 wit ingkang awoh andados, ngladosi paos lisah wadal Bonong 1 bêkong, wêwah lisah bêr-bêran: 1 cawik, sarta yatra bêrahan kangge ngladosakên dhatêng nêgari saking Kadêmangan 5 dhuwit (4 1/2 cent), dene wit kalapa ingkang awon [awo...]

--- 5 ---

[...n] ngrênthil (sakêdhik) sabên wit kalapa 20 wit, ngladosi paos lisah wadal Bonong: 1 bêkong, 1 cawik, yatra 5 dhuwit. Dene takêran bêkong utawi cawik wau ingkang kadamêl saking bathok kalapa, ingkang bêkong bathok agêng, ingkang cawik bathok alit.

Dene lisah bêr-bêran ingkang 1 cawik wau sumêrêp nêb-nêban lisah ingkang dados, bladhêr, utawi kècèr.

Dene ingkang kenging ladosan paos lisah wadal Kêbonongan wau, namung saking pemahanipun tiyang alit. Dene pemahanipun bêkêl iyup songsong, botên angladosi paos lisah wadal Kêbonongan, wondene ingkang kakarsakakên nampèni paos abdi dalêm Dêmang Bonong, pamanggènipun inggih wontên salêbêtipun siti Bonong, têdhanipun ugi warni lisah kathahipun sapranêmanipun ladosanipun. Dene cacahipun Dêmang Bonong wau ing ngajêng: 7 lajêng dipun kantunakên 5 wêwah kamisêpuh 1. Dene pamanggènipun ingkang 3 wontên ing dhusun Mayungan, ingkang 1 wontên ing dhusun Piring Ginggong, kabawah ondhêr dhistrik Sandèn, ingkang 1 manggèn ing dhusun Cumêthuk. Dene kamisêpuhipun manggèn ing dhusun Tlurèn, sami bawah ondhêr dhistrik Krètèk. Lurahipun dêmang: 1 pangkat panèwu sêpuh Bonong, pamanggènipun wontên ing kitha, dene tiyang alit anggènipun angladosakên paos lisah wadal Kêbonongan wau dhatêng kadêmangan Bonong dipun irit bêkêlipun, wondene lumadosipun dhatêng nagari Dêmang Bonong ingkang ngladosakên, ingkang nampèni wêdana Bonong. Takêranipun ing kawêdanan Bonong dipun namakakên parah, wujud jun utawi ton. Dene paos lisah Bonong wau sasampunipun katampi wêdana Bonong, lajêng kagêm sulêdan dilah ing salêbêtipun kêdhaton, utawi kagêm gêgorèng ingkang dados dhahar dalêm ingkang sinuhun.

Kajawi punika manawi ingkang sinuhun kangjêng sultan kagungan damêl mantu putra dalêm utawi kaponakan sarta wayah dalêm ingkang mawi lênggahan, punika tiyang alit kenging ladosan pasumbang lisah Bonong kathahipun sapalih ladosan. Lisah wau lajêng kabêkta tugur dening Dêmang Bonong wontên ing kapatihan, kagêm sulêdan [sulê...]

--- 6 ---

[...dan] dilah utawi gorengan, ingkang kagêm salêbêtipun lênggahan wontên ing kapatihan.

Lisah wau manawi tirah, tirahanipun lajêng kaladosakên dhatêng kawêdanan Bonong. Saking bab siti Bonong wau, saking cariyosipun tiyang kina, karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, siti Bonong wau kagêm pusaka dhatêng trah-tumêrahipun ingkang jumênêng nata ing nagari Mataram, punika ingkang kagungan.

Amargi nalika ambabad wana dumugi ambadhèni siti kangge sabin utawi pemahan wau, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung ingkang kagungan karsa utawi mawi anjênêngi.

Sadaya ingkang kasbut nginggil punika miturut katrangan saking Ngabèi Prawirasugônda, abdi dalêm Dêmang Bonong pènsiyun ing Piring Ginggong.

Labuhan

Kawontênanipun karaton ing tanah Jawi, wiwit karaton nagari Mataram, punika sabên mêntas wontên ingkang jumênêngan nata anyar, saha panjênêngan nata badhe palakrama, sarta malih sabên mêntas jumênêngan saha badhe palakramanipun kangjêng gusti pangeran adipati anom, sami nindakakên sarat sarana anglabuh rupi pirantos pangagêman warni-warni, tumrap dhumatêng: 1. sagara Kidul, 2. Dalêpih, 3. rêdi Lawu, 4. rêdi Marapi, 5. guwa Kêwêdhusan. Adat tatacara ingkang makatên punika wiwit jumênêngipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga, nalika taun 1540 inggih punika ingkang ambukani karaton nagari Mataram. Wujud sarat sarana nglabuh pangagêman warni-warni wau, kinarya pratôndha angèngêti mulabukanipun ambadhèni karaton nagari Mataram, mênggah lêlampahanipun Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga nalika ambadhèni karaton nagari Mataram, punika linampahan kalihan têmên mantêp santosa panggalihipun, mêmayu hayuning bawana Jawi, nalôngsa èngêt waspada anggayuh wahyu narendra, pinêsu ing pujabrata mrih kacakup ing agal alus, anjajah wana guwa sêpi anggêbyur praga sagara dumugi ngalaming alus, katampi sri putri adi ingkang jumênêng nata ambawani kadhaton sagara Kidul, [Kidul...]

--- [0] ---

[...,]

[Grafik]

Klise punika gadhahanipun Bale Pustaka.

--- 7 ---

aprasêtya sinanggupan ambêbantu rumêksa jumênêngipun nata mrih tulus mêngku wibawa. Dumugi tumêrahing wuri, sarêng dumugi wayah Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma saya linangkung kasudibyanipun, sêkti môndraguna kalokèng rat, agêng pangaribawanipun, kinèringan kinèdhêpan sasamining dumadi, kacakup agal alus kaparêng nganglang bawana, ngantêpi tekad ingkang sukci kawimbuhan mili dananipun maratani, andadosakên kalangkung wibawanipun, tanah Jawi kawêngku nagari Mataram, mila dipun lêluri ngantos dumugi sapunika.

Nalika mêntas jumênêng dalêm nata sampeyan dalêm ingkang wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X ingkang ngadhaton nagari Surakarta Adiningrat, watawis pitung wulan akalihan jumênêng dalêm nata, amarêngi ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 6 wulan Rabingulakir warsa Dal ôngka 1823 anglampahakên labuhan 5 panggenan, 1. dhumatêng sagara Kidul, 2. Dalêpih, 3 rêdi Lawu, 4 rêdi Marapi, 5 guwa Kêwêdhusan. Malêmipun Rêbo sadaya pirantos ingkang badhe kalabuh sampun katata wontên ing karaton pandhapa sasana sewaka. Enjingipun ing dintên Rêbo sasampuning abdi dalêm ingkang badhe kautus anglampahakên labuhan sampun sowan pêpak, mangangge prajuritan jangkêp, saha pangagêngipun lampah sasampuning nampèni dhawuh timbalan dalêm lajêng kalilan bidhal. Lampah-lampahipun kados ing ngandhap punika:

Wanji jam 9 enjing, sêsarêngan bidhal saking karaton.

1. Ingkang dhumatêng sagara Kidul, pangagêng Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah, 2. Radèn Tumênggung Arjadipura, abdi dalêm bupati gêdhong têngên, 3. abdi dalêm kaliwon galadhag, sami sakarerehanipun, 4. abdi dalêm urdhênas lurah panakawan, 5. abdi dalêm juru suranata, ingkang sami gadhah lampah. Ingkang badhe kalabuh kawadhahan kandhaga, kadèkèk ing joli karêmbat bau gladhag, lampahipun mêdal kori srimanganti lèr, dumugi margi gladhag numpak kapal saha dharat. Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah sakarerehanipun abdi dalêm èstri numpak kareta, dumugi sêtatsiyun Balapan numpak sêpur, lampahing sêpur dumugi sêtatsiyun kitha Klathèn, kèndêl nginggahakên bupati pamajêgan saha gladhag ing Klathèn, sakarerehanipun. [saka...]

--- 8 ---

[...rerehanipun.] Dumugi sêtatsiyun Tugu (Ngayogyakarta) bupati pangagênging lampah amatah abdi dalêm panèwu gêdhong nglampahakên nawalanipun pêpatih dalêm ing Surakarta katur pêpatih dalêm Ngayogyakarta, sadaya utusan dalêm lajêng dhumatêng Kutha Gêdhe lêrêm kalih dalu, anindakakên wilujêngan mêmule saha sowan nyêkar lêluhur dalêm, ingkang sumare ing Kutha Gêdhe, Kangjêng Panêmbahan Senapati Ngalaga sapanunggilanipun, 2. ing pasareanipun Kyai Agêng Karanglo. 3. ingkang sumare wontên ing Karangturi, saha 4. ingkang sumare wontên ing Panitikan. Sarampungipun anglajêngakên lampah dhatêng Imagiri, nindakakên wilujêngan mêmule, saha sowan nyêkar lêluhur dalêm ing pasarean dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, sapanunggilanipun lêluhur dalêm ingkang sumare wontên Imagiri sadaya, saha ingkang sumare wontên ing pasarean Girilaya, tuwin ingkang sumare pasarean Banyu Sumurup, lêrêm tigang dalu, bidhal anglajêngakên lampah dumugi kabupatèn Bantul lêrêm sadalu, enjing bidhal anglajêngakên lampah dumugi pasanggrahan Waru lêrêm sadalu, enjing wanci jam 5 bidhal saking pondhokan dhumatêng Sawangan Praga Brosot sagara Kidul, inggih punika papanipun palabuhan. Patrapipun sarat sarana pangagêman warni-warni ingkang wontên salêbêting wadhah kandhaga katumpangakên ing gèthèk dêbog (uwit pisang) dipun tangsuli kalihan gèthèk watawis wolu utawi sadasa gèthèk, songsong agêng gilap (pulas prada jêne) taksih mingkup katancêpakên ngadêg wontên ing gèthèk. Abdi dalêm juru suranata adêdupa anindakakên punapa adat utusan dalêm labuhan, sarampungipun gèthèk lajêng dipun culakên saking papan toya tegongan Praga Brosot, kentir dumugi Sawangan lumêbêt sagara, gèthèk saisinipun lajêng botên katingal, watawis saprapat jam jumêdhul wontên têngah sagara, songsongipun sami mêgar, lampahing gèthèk katut ing alun têrus mangidul, rêrentengan kêlap-kêlap sumoroting songsong gilap, ngantos botên katingal saking têbihipun. Sawatawis jam elokipun dene gèthèk kandhaga saisinipun ingkang kalabuh satunggal kalih wontên ingkang wangsul malih dumugi pinggir sagara sacêlakipun ingkang sami kautus anglabuh, kacariyos ingkang wangsul wau minôngka panampinipun [panampinipu...]

--- 9 ---

[...n] juru anampi. Sawatawis sadaya utusan dalêm lajêng wangsul dhatêng pondhokan, salajêngipun wangsul dhatêng Ngayogyakarta. Wontên ing kapatihan Ngayogyakarta lêrêm sadalu, enjingipun bidhal wangsul dhatêng ing nagari Surakarta. Dene utusan dalêm anglabuh dhumatêng sagara Kidul wau laminipun watawis sadasa dintên.

2. Labuhan dhumatêng Dalêpih (bawah Wanagiri).

Nunggil ing dintên Rêbo kasêbut nginggil, abdi dalêm mantri gêdhong gladhag, saha abdi dalêm mantri juru suranata lampahipun numpak kapal saha dharat, dumugi ing Sukaharja abdi dalêm panèwu ing Sukaharja sapunggawanipun sawatawis, andhèrèkakên dumugi Dalêpih, dumugi kapanèwon Nambangan lêrêm sadalu, enjingipun bidhal, panèwu Nambangan kanthi punggawanipun sawatawis, andhèrèkakên dumugi kapanèwon Nguntaranadi kèndêl lêrêm sadalu. Enjing bidhal, panèwu Nguntaranadi dhèrèkakên dumugi kapanewon Tirtamaya kèndêl lêrêm sadalu. Enjing bidhal panèwu Tirtamaya andhèrèk dumugi Dalêpih, anjujug griyanipun juru kunci, sasampuning nindakakên ajad mêmulèn, sadaya utusan dalêm sami santun pangangge cara èstri, lajêng bidhal, lampahipun dumugi Sela Bêthèk abdi dalêm juru suranata nindakakên dêdupa, sarampungipun anglajêngakên lampah dumugi Sela Songsong kèndêl nindakakên dêdupa malih. Lajêng bidhal dumugi Kayangan sanginggilipun grojogan Dalêpih, inggih punika papan palabuhan, salajêngipun sadaya pirantos labuhan, katata wontên Kayangan wau. Abdi dalêm juru suranata adêdupa anindakakên saparlunipun utusan dalêm labuhan, sawatawis lajêng wangsul dhatêng griyanipun juru kunci, sami santun mangangge prajuritan malih. Sarampungipun lajêng bidhal mantuk. Dumugi Nguntaranadi lêrêm sadalu, enjing bidhal dumugi Sukaharja lêrêm sadalu. Enjing bidhal mantuk dhumatêng Surakarta, laminipun utusan dalêm dhatêng Dalêpih wau mlampah mantuk 6 dintên.

3. Labuhan dhumatêng rêdi Lawu.

Nunggil ing dintên Rêbo wau utusan dalêm anglabuh dhumatêng rêdi Lawu, abdi dalêm mantri gêdhong galadhag, saha abdi dalêm juru, bidhal saking karaton, dumugi gladhag lampah dharat saha numpak kapal, dumugi kabupatèn Karanganyar (bawah

--- 10 ---

kadipatèn Mangkunagaran) kèndêl sawatawis lajêng bidhal dumugi Karangpandhan, lêrêm sadalu. Enjing bidhal dumugi Tawangmangu lêrêm sadalu. Enjing bidhal dumugi griyanipun juru kunci dhusun Blumbang. Sarampungipun nindakakên wilujêngan mamulèn, lajêng bidhal minggah kanthi juru kunci saha punggawa pulisi ingkang ambawahakên, dumugi Ngarga Dumilah. Dumugi Ngarga Dumiling kèndêl sawatawis, dumugi Ngarga Dalêm inggih punika papanipun palabuhan, sadaya pirantos sarat sarana warni-warni katata, sarampungipun abdi dalêm juru adêdupa saha anindakakên saparlunipun utusan dalêm labuhan. Sarampungipun lajêng bidhal wangsul, panyipêngipun wontên ing rêdi, manut saprayoginipun juru kunci, enjing mandhap saking rêdi, dumugi Tawangmangu lêrêm sadalu, enjing bidhal mantuk, dumugi kabupatèn Karanganyar kèndêl sawatawis, lajêng bidhal malih, dumugi nagari Surakarta sontên. Papan palabuhan rêdi Lawu wau kabawah kabupatèn Karanganyar, utusan dalêm labuhan dhumatêng rêdi Lawu wau mlampah mantuk laminipun 5 dintên.

4. Labuhan dhumatêng rêdi Marapi.

Nunggil ing dintên Rêbo kasbut ing ngajêng abdi dalêm mantri gêdhong galadhag, saha abdi dalêm juru, ingkang kautus labuhan dhatêng rêdi Marapi, bidhal saking karaton dumugi gladhag lampahipun numpak kapal saha dharat, dumugi ing Kartasura lêrêm sadalu, enjing bidhal, dumugi kabupatèn Bayalali lêrêm sadalu, enjing bidhal dumugi ing pasanggrahan Sêla nindakakên wilujêngan mamulèn lêrêm sadalu, enjing bidhal dumugi Sela Pakèndêl sawatawis minggah malih dumugi Sela Gajah kèndêl sawatawis, minggah malih dumugi Sela Paseban, inggih punika papanipun palabuhan, sadaya sarat sarana pirantos palabuhan katata sarampungipun abdi dalêm juru dêdupa, saha nindakakên saparlunipun utusan dalêm anglabuh, sarampungipun sadaya utusan dalêm lajêng mandhap wangsul dhumatêng pasanggrahan dalêm ing Sêla, kèndêl lêrêm sadalu. Enjing bidhal dumugi kitha Bayalali lêrêm sadalu. Enjing bidhal mantuk dumugi ing Surakarta sontên. Papan palabuhan rêdi Marapi wau kabawah kabupatèn Bayalali, lampahipun utusan dalêm labuhan dhumatêng rêdi Marapi mlampah mantuk laminipun 5 dalu 6 dintên.

--- 11 ---

5. Labuhan dhumatêng guwa Kêwêdhusan.

Nunggil ing dintên Rêbo wau utusan dalêm labuhan dhumatêng guwa Kêwêdhusan bidhal saking karaton, ingkang kautus abdi dalêm mantri gêdhong saha mantri galadhag, tuwin abdi dalêm juru, dumugi gladhag lampah dharat saha numpak kapal, dumugi dhusun Kayuapak anjujug griyanipun abdi dalêm pradikan, lêrêm sadalu, enjing bidhal dhumatêng guwa Kêwêdhusan, kadhèrèkakên abdi dalêm pradikan Kayuapak saha juru kunci, kanthi punggawa pulisi ingkang ambawahakên, dumugi guwa Kêwêdhusan sarat sarananipun palabuhan sarampungipun katata abdi dalêm dêdupa saha anindakakên adat saparlunipun utusan dalêm labuhan, sarampungipun lajêng ngêpang ajad dalêm mêmulèn, sawatawis utusan dalêm lajêng bidhal mantuk ing Surakarta, papan palabuhan ing guwa Kêwêdhusan wau kabawah kabupatèn salêbêting kitha nagari Surakarta, lampahipun utusan dalêm labuh dhumatêng guwa Kêwêdhusan, mlampah mantuk laminipun 2 dintên.

Dene sarat sarana wujudipun ingkang kalabuh wau ugi wontên beda-bedanipun.

Lampahipun utusan dalêm mundhut pêpundhèn sêkar wijayakusuma, 2. ajad dalêm Maesa Lawung, 3. lampahipun utusan dalêm anglabuh punika ingkang ngimpun Radèn Tumênggung Pujadipura, abdi dalêm bupati anom juru suranata. Titi tamating pangimpun amarêngi wulan Rajab ing warsa Alip, anuju môngsa kasapta, angkaning taun côndrasangkala tinêngêran, gapura pônca madyaning bumi.Sengkalan: gapura pônca madyaning bumi [1859 A.J., 1928 A.D.].

Kaimpun dening abdi dalêm Radèn Tumênggung Pujadipura.

--- 12 ---

Payung

Mênggah babadipun ing payung N. (songsong K. I.) punika sakalangkung kina. Gambaripun sampun kapêtha wontên ing gambar ukir ing badaning (awak-awakaning) candhi (relief) ingkang kina wontên ing gambar ukir wau, nitik wujudipun adhapur godhong wiyar, awarni godhong talês. Payung-payung ing gambar ukir wau payung tandhaning kaluhuran.

Kawontênaning payung ing sapunika wontên warni kalih, payung ingkang kaangge sadhengah, kalihan payung tandhaning kaluhuran.

Payung tandhaning kaluhuran punika tumrap ing Surakarta warni tiga:

Ha: Payung limrah ingkang kaangge, kenging kaingkupakên sarta kaêgarakên, punika dados agêmipun panjênêngan dalêm nata para luhur, priyagung, saha abdi dalêm dumugi ingkang pangkat lurah, sarta anakipun abdi dalêm panèwu mantri. Payonipun kaprada sarta kaêcèt awarni-warni, ingkang dados tandhaning kaluhuran.

Na: Songsong sungsun, kados: ha, sungsun tiga. Punika gotèkipun wontênipun songsong sungsun punika dados pangandika minôngka punaginipun salah satunggalipun nata, manawi mêningi supitipun putra dalêm ingkang ginadhang sumilih kaprabon, sang rajaputra badhe kasongsongan songsong sungsun. Mênggah yêktining gotèk wau kasumanggakakên para maos, amargi kawarti ing Bali ugi wontên songsong sungsun wau. Ca: Payung bawat, payonipun ing nginggil ingkang kadamêl godhong tal punika, sapunika namung dados kaprabon utawi upacara kemawon. Ingkang kinanipun gotèk kangge payungan samôngsa wontên kaparêng dalêm ngrampog sima. Songsong bawat wau dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, kapatihan, sarta para bupati gawe§ Bupati gawe punika 8 inggih punika: Ha. Golongan têngên: kaparak kiwa, kaparak têngên, gêdhong kiwa, gêdhong têngên. Na. Golongan jawi: panumping, bumi, agêng, K. (gêdhe N.) sèwu. [ga...]

--- 13 ---

[...we] pulasipun kados: ka.

Ra: songsong agung, kenging kaêgar saha kaingkupakên, tritisipun anglèmbrèh, ingkang kadamêl bôngsa sêmbêt, kapulas sarta mawi tundha-tundha, kasukanan gambaran guntingan grènjèng awujud buron wana. Songsong agung punika dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, pangeran, pêpatih dalêm sarta bupati jawi lêbêt saanon-anonipun, tuwin kolonèl komandhaning prajurit dalêm. Wontên ing cacriyosan, botên wontên ingkang nyriyosakên kanggenipun malih songsong agung punika, kajawi namung dados upacara.

Songsong Limrah

Payung limrah punika sarandunipun:

1. Dhandhan, wontên ingkang mawi sopal, tunjung, sawênèh karah, 2. Usuk, 3. Bungkul, 4. Ruji, usuk, sanggan, wontên sulamipun bênang, 5. Bungkul sanggan, 6. Payon, 7. Tritis, 8. Sindik, 9. Guna, 10. Kênur, 11. Sêkar Waru, 12. Mênur.

--- 14 ---

1. Dhandhan

Dhandhan punika minôngka garaning payung, ingkang kadamêl kajêng utawi dêling sarta kaêcèt, dhandhan punika warni sanggan.

1. Dhasaripun cèt cêmêng, lung kêncana praosan, mawi sopal sarta tunjung, punika agêm dalêm, para putra, tuwin pêpatih dalêm.

2. Dhasaripun cèt cêmêng, kagambar lung pakis mawi êcèt jêne, srunènipun abrit, mawi sopal sarta tunjung, dhandhan songsongipun pangeran kolonèl, pangeran santana, Radèn Ayu Sêdhahmirah sarta para priyantun dalêm.

3. Kados ôngka 2, kaot tanpa tunjung, dhandhan payungipun santana dalêm.

4. Kados ôngka 2, kaoskaot. dhasaripun ijêm, tanpa sopal sarta tunjung, namung kalintonan karah, dhandhan payungipun bupati, bupati anom, mayor, kaptin upsir.

5. Ijêm byur, tanpa karah, dhandhan payungipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap.

2. Usuk

Usukipun punika ingkang kadamêl kalimrahanipun dêling apus kairat miring, pucukipun kiwa têngên sarta têngah kabolong prêlu dipun surupi bênang, pucukipun ingkang sasisih kalêbêtakên ing bungkul, kaganthèt mawi pluntur rambut mamrih awètipun, dening rambut punika wulêd, makatên malih gandhèngipun usuk kalihan usuk sanggan, sarta manjingipun ruji sanggan dhatêng bungkul sanggan, ugi mawi pluntur rambut, amargi kalih ênggèn punika dunungipun tangsul ingkang nyôngga bot,abot. bênang ingkang anggandhèng usuk kalihan usuk sanèsipun, saengga êrèngipun punika lawe kemawon, pluntur ing pungkasaning tritis nama: trêntên.

3. Usuk Sanggan

Usuk sanggan punika upami balungan griya bau dhanyangipun (trêbil) ingkang kadamêl dêling kadosdene usuk, pucukipun ingkang sasisih manjing ing bungkul sanggan, [sang...]

--- 15 ---

[...gan,] ingkang sasisih manjing ing usuk, nyôngga usuk watawis kalih pra gangsalipun bagean ing nginggil, sampun kapratelakakên ing nginggil, tangsulipun ingkang ngatut mawi pluntur rambut.

Payon ingkang nglêbêt kalihan pra gangsalan bagean ing sisih nginggil punika botên kenging kaêcèt utawi kapraos, amargi anggèning mayoni punika sasampuning rampung pangruktining usuk utawi ruji, awit saking punika lajêng dipun aling-alingi sulaman bênang songa utawi lawe môncawarni, wontên ing saubêngipun ruji sanggan, ngrapêti sêla-sêlaning ruji sanggan wau, congkokipun wontên sakawan, lajêng kadamêl tundha gangsal.

1. Ing ngandhap piyambak nama: srempangan, 2. Nginggilipun nama: bogêman, 3. Nginggilipun malih nama: kêmanggan, punika rujinipun dipun katingalakên, kapraos utawi kaêcèt, 4. Nginggilipun malih nama: bogêman, malih, 5. Ingkang nginggil piyambak nama: langitan.

4. Bungkul sarta 5 Bungkul sanggan

Bungkul sarta bungkul sanggan punika ingkang kadamêl kajêng kabubud, ing têngah kabolong, tumrap bungkul kaanjingan dhandhan, dene bungkul sanggan bolonganipun kapara wiyar, logro kaanjingan dhandhan, lingiripun ingkang sasisih sami kagraji, lêtipun grajèn sakandêling usuk, lingir ingkang wêtah kabolong sarana bur utawi uncêg alit. Grajèn wau panggenan manjingipun pucuk utawi ruji.

6. Payon

Ing bab 5 sampun uluk-uluk bilih pangruktining ruji sampun rampung, punika sawêg kapayu, ingkang kangge mayu punika mori. Sarampungipun anèmplèkakên wiwit kaêcèt dhasar ing jawi sarta nglêbêtipun, lajêng kaêcèt sarta kapraos. Ing nglêbêt (ngandhap) manawi mawi gambar, inggih lajêng kagambar punapa lêrêsipun.

Mênggah tundha usuking payung punika ingkang baku wontên ing pulas utawi warni, tundha-tundhanipun wau makatên.

--- 16 ---

Ha: praos, Na: jêne atal, Ca: pêthak, Ra: ijêm, Ka: biru, Da: abrit (abrit jingga), Ta: cêmêng, Sa: abrit kêthèl.

Praos ingkang dumunung ing nginggil, punika nama sèrèt. Dene ingkang dumunung ing têngah nama kêndhit. Kêndhit punika langkung ciyut tinimbang sèrèt. Wiyaripun kêndhit sarta sèrèt punika wontên tundha-tundhanipun.

Dene praos êlêr lancip mujur urut usuk punika nama: sèrèt. Tumrap Kasunanan sèrèt punika dados tandhaning tinarimah, nama sri nugraha.

Mênggah cètipun punika dados dhasaring pulas, ewadene manawi ciyut dumunung ing têngah inggih punika nama kêndhit.

Dhasaring pulas ing nglêbêt punika awarni-warni, prada byur jêne, pêthak sarta ijêm.

Gêgambaran utawi pulas ing nglêbêt.

Ha: 1. pinggiran argulo sapêthik. 2. pinggiran argulo sadhompol. 3. pinggiran lung argulo.

Na: paksi dewata.

Ca: modangan

Ra: srunèn, ngandhap agêng nginggil alit.

7. Tritis

Tritising payung inggih pinggiring payon punika, punika tumrap songsong agêm dalêm mawi bara mubêng. Tumrap ing Ngayogyakarta agêm dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan tritisipun nyakêdhung mlêbêt (mandhap) kawastanan jlibir.

--- 17 ---

8. Sindik, 9. Gundha, 10. Kênur

Sindik punika kangge nyindik sanggan ngandhap bungkul sanggan samôngsa kaêgarakên, supados botên sagêd mingkup. Kalimrahanipun namung paku, para luhur botên ngangge paku tosan, malah manawi songsong agêm dalêm, sindikipun êmas. Sindik wau kacancang ing kênur, kangge kabêsusan, dipun sukani jêmbul, kawastanan gundha.

11. Sêkar waru

Sêkar waru punika mori kacon (pasagi), kadhasaran êcèt, kabrungkusakên ing bungkul nginggil, kangge nutupi bungkul wau. Kalêmpat-lêmpit ing têngahipun dados anyonthong, pojok sakawan taksih, tiningalan kados sêkar waru mangkurêb, mila inggih lajêng kawastanan sêkar waru. Tumrap songsong agêm dalêm sêkar warunipun mawi bara.

12. Mênur

Mênur punika ingkang kadamêl limrahipun kajêng, pandamêlipun kabubud, mawi purus manjing ing dhandhan, wontên ing bungkul. Grênging wêwangunanipun mêrit. Bungkul punika dhasaran êcèt, sarta kapraos. Congkoking bubudan:

Ha: nginggil piyambak, mênur, wujud sêkar mênur utawi malathi ingkang taksih kudhup, Na: kudhup, nginggil anjêbèr ing gulu alit, ngandhap agêng, Ca: krêntêng, lingir cacah tiga, Ra: gêgêl, wangun ambalêndhuk, Ka: srêntêng, kados ca, namung kalih, Da: jlèbèr, inggih makatên punika wujudipun.

Manawi katamatakên, kados wontên raosipun mênur ingkang gandhèng kalihan kawontênan kina.

Songsongipun kangjêng pangeran putra dalêm ingkang kondur saking kaselong punika tanpa mênur.

--- 18 ---

Wiyosipun, gêgubahan prakawis payung punika mêndhêt pêpiridan saking kagungan dalêm sêrat gambar songsong ingkang sumimpên ing Sanapustaka ôngka 402 sarta mêthik ing sawatawis saking pèngêtan-pèngêtan ingkang sumimpên ing musiyum Radyapustaka.

Mênggah wujudipun satunggal-satunggaling payung kapratelakakên ing ngandhap punika.

1. Songsong agêm dalêm

Gilap gubêg§ Gilap gubêg. Jawi saha nglêbêt praosan. sêkar waru saha tritisipun mawi bara, sangandhapipun sanggan ruji mawi kranthil, pinggiran argulo sapêthik, pêksi dewata, dhandhan lung kêncanan, sopal sarta tunjung, songsong pusaka dalêm ingkang kagêm pasamuwan agêng punika: kalih, Kangjêng Kyai Brawijaya, Kangjêng Kyai Guwawijaya. Punika mênuripun ing pucuk mawi musthika toya. Ing nglêbêt wontên waosipun, bungkulipun sanggan sinêlut ing êmas. Pèngêtan musiyum Radyapustaka mratelakakên dhandhanipun kajêng mursada.

2. Songsongipun pramèswari dalêm utawi kangjêng gusti pangeran adipati anom.

Gilap gubêg, pinggiran argulo sapêthik, pêksi dewata, kranthil, dhandhan lung kêncanan, mawi sopal sarta tunjung.

3. Songsongipun putra-putri dalêm saking pramèswari dalêm, saha putra dalêm saking garwa ampeyan, ingkang sasêbutan kangjêng gusti pangeran adipati.

Gilap gubêg, pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn, dhandhan lung kêncanan, sopal sarta tunjung.

4. Songsongipun putra dalêm saking ampeyan ingkang sêsêbutan kangjêng gusti utawi putri dalêm ugi saking garwa ampeyan, ingkang sêsêbutan kangjêng ratu.

Gilap,§ Gilap. Jawi praos, nglêbêt jêne atal. pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn, dhandhan lung kêncanan, sopal sarta tunjung.

5. Songsongipun wadananing putra santana dalêm sasêbutan bêkêl.

--- 19 ---

Sagara muncar mawi kêndhit. Pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn. Sèrèt praos, kêndhit jêne atal, kêndhit praos, kêndhit jêne atal, praos sapanginggil.

6. Songsongipun putra dalêm ingkang saking ampeyan.

Sagara muncar. Sèrèt praos, kêndhit jêne atal, praos sapanginggil. Pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn.

7. Songsongipun putri dalêm saking garwa ampeyan manawi sampun krama.

Padhang bulan. Sèrèt praos, kêndhit pêthak, praos sapanginggil. Pinggiran argulo sadhompol, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.

8. Songsongipun putra dalêm saking garwa ampeyan ingkang taksih timur.

Sèrèt praos, jêne, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, jêne sapanginggil. Pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.

9. Songsongipun putri dalêm saking garwa ampeyan ingkang dèrèng krama.

Sèrèt praos, jêne, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, jêne sapanginggil. Pinggiran, argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.

10. Songsongipun kangjêng pangeran santana.

Êndhog satugêl. Sapalih ngandhap praos, sapalih nginggil pêthak. Dhasar pêthak, pinggiran argulo mubêng, modang, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.

--- 20 ---

11. Songsongipun santana dalêm riya nginggil.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Dhasar pêthak, argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi karah.

12. Songsongipun santana dalêm riya ngandhap.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt kados ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.

13. Songsongipun santana dalêm wayah kakung putri.

Sèrèt praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.

14. Songsongipun santana dalêm buyut jalêr èstri.

Sèrèt praos, (radi alit) pêthak sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.

15. Songsongipun santana dalêm canggah jalêr èstri.

Pêthak, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt, sami ôngka 10. Dhandhan sami ôngka 11.

16. Songsongipun priyantun dalêm sasêbutan radèn ayu.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit jêne, pêthak sapanginggil. Dhasar pêthak, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.

17. Songsongipun prayantun dalêm sasêbutan radèn.

Sèrèt praos, ijêm kêndhit jêne, ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 16.

--- 21 ---

Dhandhan sami ôngka 16.

18. Songsongipun priyantun dalêm radèn kiranarukmi sapangandhap.

Sèrèt praos, ijêm, pêthak, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 16. Dhandhan dhasar cêmêng, lung pakis, mawi karah.

19. Payungipun Radèn Ayu Adipati Sêdhahmirah.

Sèrèt praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 16. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.

20. Payungipun abdi dalêm wadana èstri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, ijêm sapanginggil. Nglêbêt, dhasar ijêm, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.

21. Payungipun abdi dalêm riya èstri.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, pêthak. Nglêbêt sami ôngka 20. Dhandhan sami ôngka 20.

22. Payungipun abdi dalêm kaliwon èstri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 20. Dhandhan sami ôngka 20.

23. Payungipun abdi dalêm nyai lurah pangkat panèwu.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt, ijêm, lugas. Dhandhan, ijêm, tanpa karah.

--- 22 ---

24. Payungipun abdi dalêm nyai lurah pangkat mantri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 23. Dhandhan sami ôngka 23.

25. Payung abdi dalêm nyai lurah.

Sèrèt praos, ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 23. Dhandhan sami ôngka 23.

26. Songsongipun pêpatih dalêm.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt, dhasar ijêm pupus, pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis praos, mawi sopal sarta tunjung.

27. Payungipun abdi dalêm bupati bêkêl.

Sèrèt praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt, dhacardhasar. ijêm, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.

28. Payungipun abdi dalêm bupati nayaka.

Sèrèh sraos,Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, jêne sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 27: namung sêkaripun argulo biru. Dhandhan sami ôngka 27.

29. Payungipun abdi dalêm bupati anon-anon.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 27.

Dhandhan sami ôngka 27.

30. Payungipun abdi dalêm bupati pangrèh praja.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, [pra...]

--- 23 ---

[...os,] ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.

31. Payungipun abdi dalêm bupati pamajêgan.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, ijêm sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 28. Dhandhan sami ôngka 27.

32. Payungipun abdi dalêm bupati Imagiri.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, ijêm, pêthak, jêne atal. Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.

33. Payungipun abdi dalêm, kliwon gawe.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, jêne atal. Nglêbêt sami ôngka 28. Dhandhan sami ôngka 27.

34. Payungipun abdi dalêm, kliwon anon-anon.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak. Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.

35. Payungipun abdi dalêm, kliwon pangrèh praja.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 28. Dhandhan sami ôngka 27.

36. Payungipun abdi dalêm, kliwon pamajêgan.

Payungipun ahdiabdi. dalêm, kliwon pamajêgan. Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, biru.

--- 24 ---

Nglêbêt sami ôngka 27. Dhandhan sami ôngka 27.

37. Payungipun abdi dalêm panèwu damêl.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt, ijêm byur. Dhandhan, dhasar ijêm.

38. Payungipun abdi dalêm panèwu jaksa.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

39. Payungipun abdi dalêm panèwu narawrêksa.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, abrit, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

40. Payungipun abdi dalêm panèwu dhistrik (pangrèh praja).

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

41. Payungipun abdi dalêm panèwu pamajêgan Bayalali.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

42. Payungipun abdi dalêm panèwu pangrêmbe dhusun.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, biru, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 37.

--- 25 ---

Dhandhan sami ôngka 37.

43. Payungipun abdi dalêm mantri damêl saha anon-anon.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

44. Payungipun abdi dalêm mantri pulisi kabupatèn.

Sèrèt praos, abrit, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

45. Payungipun abdi dalêm mantri narawrêgsa sêpuh.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, abrit sêpuh, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

46. Payungipun abdi dalêm mantri narawrêgsa nèm.

Sèrèt praos, biru, abrit cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

47. Payungipun abdi dalêm mantri ondêr dhistrik (pangrèh praja).

Sèrèt praos, abrit, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

48. Payungipun abdi dalêm mantri cacar nagari.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, abrit, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

49. Payungipun abdi dalêm mantri cacar dhusun.

Sèrèt praos, cêmêng, abrit, biru. Nglêbêt sami ôngka 37.

--- 26 ---

Dhandhan sami ôngka 37.

50. Payungipun abdi dalêm mantri pamajêgan.

Sèrèt praos, ijêm, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

51. Payungipun abdi dalêm mantri pangrêmbe dhusun.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

52. Payungipun abdi dalêm dêmang (pangkat mantri) dhusun.

Sèrèt praos, abrit, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

53. Payungipun abdi dalêm lurah.

Sèrèt praos, biru sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

54. Payungipun abdi dalêm carik kabupatèn pangrèh praja pangkat I.

Sèrèt praos, abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

55. Payungipun abdi dalêm carik kabupatèn pangrèh praja pangkat II. Utawi carik kapanewon pangrèh praja pangkat I.

Sèrèt praos, abrit, kêndhit ijêm, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

56. Payungipun abdi dalêm bêkêl niti. Kêmasan sarta pandhe.

Sèrèt praos, cêmêng sapanginggil.

--- 27 ---

Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

57. Payungipun abdi dalêm carik kapanewon pangrèh praja pangkat II.

Sèrèt ijêm, abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 37. Dhandan sami ôngka 37.

58. Payungipun abdi dalêm jajar niti.

Biru byur. Nglêbêt, ijêm sêpuh byur. Dhandhan, dhasar ijêm sêpuh.

59. Payungipun abdi dalêm jajar kêmasan sarta pandhe.

Cêmêng byur. Nglêbêt, sami ôngka 37. Dhandhan sami ôngka 37.

60. Payungipun abdi dalêm kolonèl komandhan sasêbutan pangeran.

Sêpalih jêne praos, sapalih ijêm. Nglêbêt, dhasar pêthak, pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhandhan, dhasar cêmêng, lung pakis, mawi sopal sarta tunjung.

61. Payungipun abdi dalêm kolonèl komandhan sasêbutan arya.

Sèrèt praos, ijêm, praos sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 60. Dhandhan dhasar cêmêng, lung pakis, mawi karah.

62. Payungipun abdi dalêm litnan kolonèl.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, jêne, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt, dhasar ijêm, pinggiran argulo mubêng, modangan, srunèn. Dhadhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.

63. Payungipun abdi dalêm mayor jawi lêbêt.

--- 28 ---

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.

64. Payungipun abdi dalêm kapitan jawi lêbêt.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.

65. Payungipun abdi dalêm irstê litnan jawi lêbêt.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.

66. Payungipun abdi dalêm, twèdhê litnan jawi lêbêt.

Sèrèt praos, biru, pêthak, abrit. Nglêbêt sami ôngka 62. Dhandhan sami ôngka 62.

67. Payungipun abdi dalêm, opêr wahmistêr prajurit mijipinilih.

Abrit, kêndhit praos, abrit, kêndhit praos, abrit, biru. Nglêbêt, ijêm. Dhandhan, dhasar ijêm.

68. Payungipun abdilêm,abdi dalêm. ondêr ajidan prajurit mijipinilih.

Abrit, kêndhit praos, abrit, pêthak, biru. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

69. Payungipun abdi dalêm, kopral prajurit mijipinilih.

Abrit, pêthak, biru. Nglêbêt sami ôngka 67.

--- 29 ---

Dhandhan sami ôngka 67.

70. Payungipun abdi dalêm pangulu.

Sèrèt praos, ijêm nèm, praos. Nglêbêt, dhasar ijêm nèm, pinggiran argulo mubêng ronipun jêne, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm nèm, lung pakis, mawi karah.

71. Payungipun abdi dalêm lurah kaji, katib, jimat Kuthagêdhe.

Sèrèt praos, pêthak, kêndhit praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

72. Payungipun abdi dalêm ngulama damêl, ngulama miji, sarta panèwu jaksa surambi.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

73. Payungipun abdi dalêm panèwu garap, golongan kawadanan yogaswara.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

74. Payungipun abdi dalêm mantri jaksa, garap, juru kunci Kuthagêdhe, kalang Kuthagêdhe, pangulu imam saha naib, juru kunci, pangulu imam ing Sela sarta jimat Lawiyan.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

75. Payungipun abdi dalêm rôngga masjid.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, cêmêng.

--- 30 ---

Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

76. Payungipun abdi dalêm lurah carik.

Sèrèt praos, biru sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

77. Payungipun abdi dalêm dêmang kalang Kuthagêdhe.

Sèrèt praos, abrit sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

78. Payungipun abdi dalêm kaliwon juru suranata.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, pêthak. Nglêbêt, dhasar ijêm, pinggiran argulo mubêng, srunèn. Dhandhan, dhasar ijêm, lung pakis, mawi karah.

79. Payungipun abdi dalêm panèwu juru suranata.

Sèrèt praos, biru, kêndhit praos, ijêm. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

80. Payungipun abdi dalêm mantri juru suranata.

Sèrèt praos, ijêm, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

81. Payungipun abdi dalêm lurah juru suranata sarta lurah marbot masjid paramasana.

Sèrèt praos, biru sapanginggil (zie ôngka 76). Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

82. Payungipun panèwu abdi kasantanan.

--- 31 ---

Abrit, kêndhit praos, biru. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

83. Payungipun mantri abdi kasantanan.

Abrit, kêndhit praos, cêmêng. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

84. Payungipun rôngga abdi kasantanan.

Abrit, kêndhit praos, abrit. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

85. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun pêpatih dalêm.

Sèrèt praos, ijêm, jêne atal sapanginggil. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

86. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm bupati nayaka.

Sèrèt praos, ijêm sapanginggil, mawi tlacap praos nginggil (cacah 8). Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

87. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm bupati kaliwon nagari tuwin dhusun.

Ijêm byur, mawi tlacap nginggil (cacah 4). Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

88. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm panèwu mantri.

Biru byur. Nglêbêt sami ôngka 67.

--- 32 ---

Dhandhan sami ôngka 67.

89. Payungipun anak utawi sadhèrèkipun abdi dalêm lurah bêkêl tuwin jajar.

Cêmêng byur, sêkar waru tuwin mênuripun jêne. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

90. Payungipun kawula dalêm pangindhung.

Jambon byur, sêkar waru tuwin mênuripun jêne. Nglêbêt sami ôngka 67. Dhandhan sami ôngka 67.

Martasuwignya.

--- [0] ---

[Grafik]

Luguning gambar punika wontên Sasanapustaka.

--- 33 ---

Adrès

Miturut putusan pangrèh, ingkang sampun dipun mupakati para warga sadaya, Narpawandawa kajawi saèstu ngêdalakên organ ingkang minôngka pahargyan ing dintên tingalan dalêm wiyosan tumbuk têtêp yuswa 64 taun, ugi ngunjukakên pêpuji kawrat ing sêrat. Sêrat unjuk pêpuji wau ing têmbung Walandi winastan adrès. Lakar sampun dados tatacara ing tanah Eropah, samôngsa wontên kawontênan ingkang pantês pinèngêtan, lajêng ngunjukakên adrès wau.

Adrès punika sampun mirit suraosing adrès saking rad kawula ingkang kaunjukakên ing sri bagendha maharaja putri amarêngi kawin perak dalêm, nalika taun 1926.

Sanadyan adrès punika kala wau dalu sampun kapitontonakên para warga wontên ing dalêmipun pangarsa, ewadene kamanah prêlu tinêdhak sungging kapacak ing organ ngriki, dadosa pangèngêt-èngêtipun Narpawandawa.

Mênggah wujudipun adrès kados ing ngandhap punika.

Adrès sinêrat ing mangsi Jawi wontên dalancang pêthak, dipun wêngkoni gambar sunggingan sarta praosan, awujud êlung kapas pari apêpulêtan, awoh agêm dalêm bintang sadaya.

Kapas pari wau ing ngandhap kinayut pita podhang nucup sari mawi kagandhulan insinyênipun Narpawandawa, nginggil pita kacirenan aksara wancahan Na.Wa. = Narpawandawa. Pêpulêtaning êlung wau wontên ing padon sakawan awoh bintang pusaka dalêm karajan Jawi.

Ing nginggil têngên, Kangjêng Kyai Agêng Suryawasesa. Ing nginggil kiwa Kangjêng Kyai Kasenapatèn. Ing ngandhap têngên, Kangjêng Kyai Kapakubuwanan (V.O.C). Ing ngandhap kiwa Kangjêng Kyai Dhandhêlês

Têpanganing pungkasanipun êlung dipun gandhuli bintang Kimkan saking nagari Anam, sadaya wau nyanggi aksara wancahan P.B. 10, ing nginggilipun rinêngga makutha karajan Jawi.

--- 34 ---

Makutha wau ingapit bintang agêm dalêm Nèdêrlansên Leyo, kiwa oranyê nasao. Dene ngandhapipun ingkang sisih têngên mêdhali opisir kris, saha mêdhali êmas pangèngêt-èngêt tingalan dalêm wiyosan tumbuk, ingkang sisih kiwa mobilasasi, sarta mêdhali salaka pangèngêt-èngêt kawin perak dalêm sri bagendha maharaja putri.

Menggokipun mangandhap ing sisih têngên urut saking nginggil, bintang agêm dalêm krun ordhê ing Siyêm, konênglêkê ordhê ing Kamboja, swartêsêtèr ing Benang, dhobêlêdrak ing Cina, sarta nisan ipthikar ing Tunis.

Sisihanipun ingkang kasêbut ing nginggil, ing sisih kiwa bintang agêm dalêm rudhê adhêlar ing Prèsên, Prantosèp ing karajan Ostênrik, sarta ordhê pan pêrdhinsêtên pan sinmigaèl ing Bèiyêrên.

Ing ngandhap minôngka pangapitipun pita pangayuting êlung kapas pari wau bintang agêm dalêm, ordhê Leyopol ing Bèlgi, sarta Èndrêk dhê Leyo ing Brunswik.

Adrès wau kaplangkanan kajêng praosan, badhe konjukipun kawadhahan bèri kancana, kalurupan ing bludru kêthèl, tinêpi ing renda sarta sêkar sêdhah, kaampil dening warga pangrèh, kairit ing panitra, kaaturakên ing abdi dalêm bupati ingkang caos.

Mênggah ingkang anggarap:

Sêratanipun Radèn Ngabèi Sastrasaputra, abdi dalêm mantri carik ing kadipatèn, warganing Narpawandawa.

Gambaripun: Citrasunarya kalihan Bagong, bêkêl garap kraton, kalih pisan pasowanipun wontên ing Sanapustaka.

Wondene gambar wau mêngku kajêng: Narpawandawa ingkang nyanggi lêstarining kaluhuran dalêm, mawi sanepa kina tumrap kaharjan inggih punika kapas pari.

Ungêlipun, adrès wau katêdhak sungging kados ing ngandhap punika.

Kawula nuwun, jrih kawula kaabdèkakên pakêmpalanipun para putra santana dalêm angunjukakên pêpuji wilujêng dalêm, konjuk ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana

--- 35 ---

Ingkang Kaping 10, dene benjing Kêmis Lêgi, wuku Wugu, môngsa kapitu, windu Sancaya, tanggal kaping 21 wulan Rêjêp ing taun Alip, angkaning warsa 1859, kalêrês dintên tingalan dalêm wiyosan tumbuk têtêp yuswa 64 taun. Unjuk pêpuji wau anartanana pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, saha putra putri dalêm sadaya.

Kawula nuwun, mênggah anggèning Narpawandawa angunjukakên wilujêng dalêm wau kanthi suka sokuring manah, awit dening nyumêrêpi kanthi têtela, bilih kawula dalêm agêng alit sadaya acipta ajrih asih. Makatên malih Narpawandawa nyumêrêpi bilih salêbêtipun sampeyan dalêm ingkang wicaksana angrênggani karaton dalêm Surakarta Adiningrat, tansah angawontênakên ewah-ewahan saha tatanan, ingkang kalarasakên akalihan jamanipun, tuwin mupangati dhatêng kawula dalêm agêng alit sadaya.

Kawula nuwun, awit saking punika, Narpawandawa mêmuji ing Gusti Allah, mugi-mugi sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, dinirgakna ing yuswa, winantua ing karaharjan, lêstari dados pandam pangaubanipun para putra santana, saha abdi tuwin kawula dalêm sadaya.

Konjuk ing dintên Salasa tanggal kaping 19 wulan Rêjêp ing taun Alip angkaning warsa 1859.

Pangarsa, (W.G.) Adiwijaya

Panitra, (W.G.) Gitadipura

--- 36 ---

Sêrat Katur Pangrèhing Pakêmpalan Narpawandawa

Kula nuwun, anggèn kula kapatah ing pangrèh ngunjukakên pisungsungipun Narpawandawa konjuk ing sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kanthi warga panitya R.M. Wignyakusuma saha R.M. Wiryasaputra, sampun kalampahan kala ing dintên Salasa Wage tanggal kaping 19 Rêjêb warsa Alip 1859 wuku Wugu, utawi kaping 1 Januari 1929 inggih punika dintên ingkang sampun katamtokakên miturut kaparêng dalêm kados prasabênan saking pangagêng parentah kraton.

Mênggah sowan kula sakônca wau mawi ambêkta sêrat sorogan saking pangarsa Narpawandawa, katur abdi dalêm prayagung bupati ingkang saos ing srimanganti, suraosipun nyuwun pitulungan supados anglantarakên konjukipun pisungsung Narpawandawa. Nanging kadadosanipun botên makatên, awit sarêng kula manggihi prayagung bupati ingkang saos, Radèn Mas Arya Wrêksadipura, lajêng katimbalan Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, prêlu kaparingan dhawuh ingkang sampun têrang timbalan dalêm, sadaya utusaning pakêmpalan kadhawuhan malêbêt, pisungsung botên kaparêng katampèkakên dhatêng prayagung bupati ingkang saos ing srimanganti, lajêng katampèn ing Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi. Lêbêtipun para utusan katata urut-urutan miturut panatanipun Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi.

Watawis jam sawêlas siyang para wakiling pakêmpalan ingkang ngunjukakên pisungsung wiwit malêbêt, ingkang botên badhe munjuk kapapanakên ing ngajêng, kula sakônca wakilipun Narpawandawa kapapanakên ing ngajêng piyambak, sawingkingipun utusanipun para putra putri dalêm, nanging lajêng kaewahan ing pangarsa Narpawandawa, rèhning kula sakônca sampun botên ambêkta barang pisungsung, dening sampun kaampil kônca nglêbêt, mila kaparêngipun pangarsa Narpawandawa, kula sakônca cêkap manggèn ing wingking piyambak kemawon.

Lêbêtipun para wakiling pakêmpalan saking kori kamandhungan, nêkuk mangilèn lajêng mangidul, malêbêt ing kori srimanganti nêkuk mangetan, dumugi wit sawo ngajêngan pandhapa agêng ingkang kilèn piyambak nêkuk mangidul, lajêng mandhêg ing sangajêng-

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar Pamudyastuti (Adrès)

--- 37 ---

ing pandhapa agêng lêrês, sahandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, sampun miyos, jumênêng dalêm wontên ing sasanasewaka, ingkang iring wetan, para wakiling pakêmpalan ingkang munjuk, majêng satunggal-satunggal, ugi kalihan lastari sami ngadêg wontên ing ngarsa dalêm.

Sasampunipun pisungsung-pisungsung konjuk sadaya, kaparênging karsa dalêm para wakiling pakêmpalan kalihan ningali dhatêng kaputrèn, watawis jam satunggal siyang rampung wontên ing srimanganti kaparingan paring dalêm ngombe, sarampungipun sami kalilan mundur.

Katur kaping 3 Januari 1929.

Gitadipura.

--- 38 ---

Gajahmati ing Surakarta

Karanganipun S Suhari

Kajawèkakên dhatêng R.M. Apsara.

Pêthikan saking kalawarti Jawa taun ingkang kaping kalih.

Bab aslinipun tiyang Gajahmati, punika dumugi sapriki kita taksih dèrèng cumêplong saking pundi, sêrat-sêrat ingkang mratelakakên bab wau, punika sasumêrêp kula botên wontên, kajawi anggitanipun Tuwan Rupar kapacak wontên ing ansiklopèdhi Indhiya Nèdêrlan, Tuwan Rupar wau ngintên bilih tiyang Gajahmati punika aslinipun saking kraton Sêngguruh ing talatah Pasuruhan, rumiyinipun nama kraton Gajahmada, prêlu ngalap barkahipun sang kalêkèng rad anindyamantri Majapait Sang Arya Gajahmada, nanging sarêng kraton wau katêlukakên Ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, lajêng kasantunan nama kraton Gajahmati dening prajurit Mataram, makatên punika minôngka pangèsi-èsi anggènipun kratonipun sampun kadamêl karang abang, nyuda brananipun kajarah rayah, têtiyangipun tinawan kabêkta dhatêng ing nagari Mataram. Sadaya wau anelakakên bilih wosipun tiyang Gajahmati punika dede asli sabrang, lugu tiyang Jawi saking bang wetan.

Pamirêng kula saking Mas Ngabèi Sôntaturôngga, abdi dalêm panèwu panêgar ingkang nalika dintên Kêmis surya kaping 10 wulan punika, kaparênging karsa dalêm kinawula wisudha kaganjar dados abdi dalêm kaliwon panêgar gamêl, sarta kapatêdhan santun nama Radèn Ngabèi Kudajagadipura§ Samangke sampun tilar donya nalika: Dulkangingah Ehe 1852. aluranipun abdi dalêm Gajahmati punika kados ing ngandhap punika:

Nalika jaman karaton ing Majapait, wontên satunggalipun tiyang èstri nuju tanêm manggih carak, wujudipun adi sangêt, salaka kandêl pinatik ing kancana tinatah lunglungan angrawit, sarèhne kamanah bilih barang wau kasaenên saupami lêstari kadarbea, pêpuntoning manahipun lajêng marak ing ngarsa nata, parlu angunjukakên barang panggihanipun wau, minôngka bêbêktèn sarta môngka pratôndha cihnaning sungkêmipun dhatêng sang prabu. Sang prabu nampèni pisungsung ingkang sakalangkung

--- 39 ---

adi wau sangêt ascaryaning panggalih, carak tumuntên kadhawuhan ngangge nyaraki titihan dalêm turôngga, dene tiyangipun ingkang unjuk-unjuk wau kaganjar dados abdi dalêm golongan panêgar gamêl, kawajibanipun anyaraki titihan dalêm manawi pinuju dipun titihi, dados wosipun botên pisah kalihan panggihanipun, nanging sarèhning piyambakipun tiyang èstri tamtunipun botên ajêg sagêd andhèrèk wiyos dalêm pêpara jalaran saking kêrêpipun sarta asring rumpil marginipun, mila kaparêng dalêm, tiyang èstri wau kadhawuhan nyaosakên êmban tiyang jalêr ingkang sagêd amakili sadaya pandamêlan ingkang sampun kadhawuhakên dados wajibipun.

Nalika jaman karaton Dêmak ugi wontên lêlampahan ingkang ngêplêki kados ingkang sampun kasêbut nginggil, mila awit saking dhapur sarta garapipun sami kalihan ingkang rumiyin, ngantos kenging winastan sakêmbaran, kaparêng dalêm ingkang sinuhun sultan, kapatêdhan nama Kyai Sadewa, ingkang asli Majapait kanamakakên Kyai Nangkula, carak kalih wau kadadosakên rakitan botên kenging pisah, dene ingkang manggih, ugi kaparingan ganjaran pangkat kados ingkang rumiyin, katêtêpakên damêl êmban tiyang jalêr, punapadene lajêng kadadosakên sisihanipun ingkang asli saking Majapait, dene pamilihipun êmban wau, kadhawuhan ngupados piyambak-piyambak. Kajawi punika, kaparêng dalêm ganjaran dalêm pangkat wau tumurun dhatêng anak putu, namung sarèhning ingkang kaparingan punika sami tiyang èstri, tumurunipun inggih badhe dhatêng anak èstri, makatên sapiturutipun.

Kuwajiban ingkang sampun katata nalika jaman Majapait, punika kaparêngipun ingkang sinuhun sultan kalêstarèkakên, malah kawêwahan ugi kadhawuhan nyaraki titihan dalêm, dwipangga kinasih, nanging makatên punika sawêg sagêd katindakakên sapisan, jalaran mèh sami sanalika kalihan anggènipun nyaraki, titihan dalêm dwipangga wau ambruk anjarbabah ing bantala kalajêng dados pêjahipun, punapa makatên punika labêt saking toyanipun kawoworan wisa, punapa pancèn sampun kodratipun ingkang Maha Kawasa tumurunipun Kyai Nangkula Sadewa [Sade...]

--- 40 ---

[...wa] namung pasthi dados pangombening turangga, punika botên wontên ingkang sagêd anggagapi, namung kangjêng sultan lajêng andhawuhakên, ing têmbe Kyai Nangkula Sadewa wau namung kalilan kangge nyaraki titihan dalêm kuda, wiwit titimasa punika, abdi dalêm tiyang èstri wau karan Gajahmati.

Sajumênêngipun Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, kaparêng dalêm abdi dalêm Gajahmati kawêwahan ênêm dados jangkêp wolu, ugi tumurun dhatêng waris èstri, dene ingkang kadadosakên, kala samantên anak putunipun ingkang sami manggih pusaka dalêm carak wau, namung padamêlanipun kemawon dipun wêwahi, mawi kawajiban iyasa cêmêthi, sambuk, tuwin sadaya tamparan ingkang dados kabêtahanipun golongan panêgar gamêl. Tata ngadat makatên punika lêstari salami-laminipun, namung sarêng jaman kraton Surakarta pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara§ Jumênêng patih 1867-1887 seda taun 1894. anggalih parlu angewahi tatanan bab tumuruning waris tumrap golongan Gajahmati, supados turut runtut kalihan tatananipun abdi dalêm agêng alit sadaya, inggih punika tumurunipun waris dhatêng anak jalêr, sêpênipun anak jalêr lumunta dhatêng anak mantu jalêr, dados wosipun anak èstri punika botên sagêd gumantos, punika kawrat pranatan dalêm katitimasan kaping 8 Siyam Wawu 1801, ôngka 5 utawi kaping 1 Dhesèmbêr 1869§ Kainggalakên kawrat pranatan dalêm katitimasan kaping 6 Mèi 1918 ôngka 30/A/III. awit saking pranatan punika, tumuruning warisipun abdi dalêm Gajahmati wau, inggih dhatêng anak jalêr, dene minôngka pungkasanipun tiyang èstri, Nyai Jayèngriris, ingkang samangke sampun ajal, dilalah pungkasaning turunipun ingkang asli saking Majapait punika kala samantên inggih namung kantun Nyai Jayèngriris wau, dados samangke sampun nama curês, ewadene golonganipun dumugi sapriki taksih kalêstarèkakên, nama golongan Gajahmati.

Anèhipun abdi dalêm Gajahmati punika, dene lurahipun kêkalih, manawi kraton wontên pasamuwan agêng kados ta grêbêg, têdhak loji taun raja sasaminipun, ugêr miyosakên titihan dalêm pandêngan, sanajan panganggenipun [panganggeni...]

--- 41 ---

[...pun] nyamèni abdi dalêm jalêr sadaya, kados ta: ngangge kuluk, sikêpan agêng, wêdhung lan sasaminipun, dodotipun sêmbagi (kurasi) sarta pangampilipun pusaka dalêm carak dipun êmban cindhe, kados ngêpbanngêmban. rare alit, saking cariyosipun, makatên punika naluri, dene ingkang kadhawuhan ngampil sapisan tiyang èstri, dene lampahipun wontên ngajêng piyambak minôngka pêpucuking upacara dalêm pandêngan, tumuntên katungka jajaripun ngampil agêm dalêm panêmbung, priyayi sakawan wau kadosdene dados golongan piyambak, wondene manawi majêng nyaraki titihan dalêm, punika panindakipun mawi jogedan ngangge ulat-ulatan èstri, sadaya wau cariyosipun naluri dene asal èstri.

Miturut tatacaranipun abdi dalêm Gajahmati kasêbut nginggil, ingkang nelakakên asalipun èstri, pamanggih kula Gajahmati wau dede asli tiyang Jawi dêlês kadosdene cariyosipun Tuwan Rupar, nanging tiyang asli saking sabrang, dhatêngipun tanah Jawi kabêkta dados tawanan dening kasoran campuh yuda kalihan tiyang Jawi, dumuginipun ing ngriki lajêng kasukanan padamêlan ingkang cocog kalihan padamêlanipun nalika taksih wontên nagarinipun piyambak, pundi nagarinipun ingkang sajati, punika wêktu samangke taksih pakèwêd amastani, manawi namung ancêr-ancêr kemawon inggih sampun sagêd angsal, inggih punika nalaripun nagari ingkang kathah kapalipun, dados têtiyangipun ing ngriku inggih gornah sangêt dhatêng lambe atining kapal, wondene kawajibanipun damêl cumêthi tuwin sadaya têtamparan, punika ing pangintên kêkantunanipun adatipun nalika taksih dados tiyang wanan, inggih punika damêl sambuk panjang kangge ngajari kapal ingkang sawêg nêmbe kadadosakên kewan emahan, sarta laso kangge badhe panjirêtipun wontên wana namung anggèning kawajibakên nyaraki, punika sagêd ugi rekadaya murih alusipun padamêlanipun, nalika jaman kina bokmanawi namung dados tênggan utawi pakathik, rekadaya anggèning ngalusakên punika kintên-kintên sawêg wiwit suwaking kawajibanipun tawanan, lajêng kawisudha dados abdi dalêm, mila lajêng botên kalilan nindakakên kawajiban lami, amargi botên pantês saupami abdi dalêm majibi padamêlanipun tiyang tawanan, nanging ngêdalakên saking golongan panêgar

--- 42 ---

gamêl pakèwêd, dene nunggil dhôngka kalihan kapal, mila damêlanipun ingkang kasar kaparingakên tiyang tawanan sanès, piyambakipun namung kawajiban nyaraki, ewadene sanadyan gulat-gulêtipun kalihan kapal sangêt, numpaki kapal botên kalilan, punika kalêbêt kawajibanipun abdi dalêm panêgar, môngka nalaripun dhatêng numpak kapal tamtu lêbdanipun, dening rumiyinipun nunggil asli, dados wosipun kemawon, santuning kawajiban, punika mêksa dèrèng sagêd nyamèni alusing padamêlanipun tiyang Jawi, sadaya padamêlan ingkang mriyayi kaparingakên dados wajibipun tiyang Jawi.

Anggèn kula gadhah panggrayangan bilih tiyang Gajahmati wau dede tiyang Jawi baku, punika sajatosipun awêwaton adat caranipun, anggèning waris baku èstri, sulaya sangêt kalihan adatipun tiyang Jawi, ingkang bakuning waris wontên jalêr, punika Walandi mastani matriarchaat manawi waris baku jalêr winastan patriarchaat dados namanipun, punika tiyang sabrang angajawi, ingkang nagarinipun gadhah cara matriargat wau, amargi manawi botên makatên, kasêlak sèwu mokal ing tanah Jawi ngriki ngawontênakên adat ingkang sanyatanipun botên wontên, dados adat punika tamtu bêktan saking sabrang.

Wêwah cêthanipun malih manawi anyumêrêpi suraosipun bab 18 ing anggêr agêng§ Kawêdalakên dening Tuwan F. Roorda kaca 119 pangêcapan Johanes Miiller Amsterdam 1844. inggih punika wêwaton prajanjianipun pêpatih dalêm Surakarta lan Ngayojakarta, titimôngsa ingkang pinanggih Tuwan Rupar ingkang sêpuh piyambak§ Mirsanana Bijdrage Kon, Irst Jilid 54 kaca 114. amarêngi dintên Sêtu tanggal kaping 6 Sura Wawu 1697 utawi kaping 21 April 1771 ingkang kawêdalakên Tuwan Rurdha wau têtêdhakan enggal katitimasan ing dintên Akad tanggal kaping 3 Bêsar Wawu 1745 utawi kaping 4 Oktobêr 1818 mungêl: bilih pabên bab salakirabi, punika manawi abdi dalêm Kalang kamênangakên jalêripun, manawi abdi dalêm pinggir tuwin Gajahmati, kamênangakên èstrinipun, wêwatoning anggêr agêng ingkang anèh punika kaenggalakên malih wontên ing nawala [nawa...]

--- 43 ---

[...la]

pradata bab kaping 24§ Kawêdalakên dhatêng Tuwan Roorda lajêngipun mirsanana karanganipun D.L. Morenier kawrat ing Tijdsehr Van Ned. Ind taun VI jilid 1 taun 1844. ingkang tatêdhakanipun sampun kawêdalakên Tuwan Rurdha§ Lugunipun katiti taun Walandi 1759. lugunipun kadhawuhakên dening Sampeyan Dalêm ingkang kaping IV kala surya kaping 4 Oktobêr 1818 wosing suraos angenggalakên pranatan rumiyin, anggènipun sampeyan dalêm kaparêng ngenggalakên suraosipun anggêr agêng kawrat ing nawala pradata wau, pamanggih kula tamtu wontên sababipun ingkang wigatos, botên têka namung jangji nêdhak sungging pranatan kina kemawon, amargi kasêlak mokal manawi wêwatoning lêlêrêsan makatên sulaya kalihan raos pangraosipun tiyang ingkang badhe dipun adili, dêstun namung badhe nuwuhakên kirang pamarêming kawula, gambaripun jaman samangke punika manawi kangjêng guprêmèn iyasa anggêr ukum tumrap tiyang Jawi, saèstunipun sasagêd-sagêd inggih kacocogakên kalihan raosipun tiyang Jawi, dados wontênipun anggêr agêng bab kaping 18 sarta nawala pradata bab kaping 24 punika pamanggih kula sampun tamtu mawi landhêsan raosing manahipun ingkang badhe kadhawahan lêlêrêsan punika.

Sarèhne limrahipun raosing manahipun manungsa punika, alêlandhêsan piandêl utawi agaminipun, ingkang ugi minôngka pandumaning kasusilan, tatacara, punapadene tata ngadatipun, dados ing pangintên wêwaton kalih warni kasêbut nginggil wau, botên tuwuh saking agami Buda, Indhu utawi Islam, ingkang sami dipun rungkêbi bôngsa kita Jawi sadaya, dening agami-agami wau botên wontên ingkang gadhah cara matriargat, sapamirêng kula adat Jawi kina, sadèrèngipun bôngsa Indhu angajawi, inggih sêpên matriargat, dados pêpuntoning panaliti kula namung satunggal, inggih punika: tiyang Gajahmati makatên têlukanipun bôngsa Jawi saking tanah sabrang, ingkang gadhah adat matriargat, punapadene nagarinipun kathah kapalipun, têlukan wau tumuntên kabêkta dhatêng tanah Jawi, awit saking gornahipun dhatêng kapal, wontênipun ing ngriki kabêtahan nindakakên pamarsudining kapal (sagêd ugi kadadosakên prajurit kapalêri) sarta kalilan anglêstarèkakên ngangge tatacaranipun piyambak, malah sagêd ugi kawênangakên anglêstarèkakên agaminipun piyambak pisan, makatên punika [puni...]

--- 44 ---

[...ka] botên liya kajawi namung saking jêmbaring bêbudènipun tiyang Jawi.

Awit saking anggènipun wontên tanah Jawi lajêng sagêd sêsrawungan kalihan sanès bôngsa ingkang piandêlipun botên sami kalihan piyambakipun, makatên malih sagêd ugi lajêng salakirabi kalihan tiyang Jawi, tatacaranipun piyambak dangu-dangu saya tipis, dening kajawi kasoran prabawanipun tiyang ingkang nêlukakên, ugi karoban ing cacah, wêkasanipun sampun botên wontên satunggal kemawon ingkang sumêrêp aluranipun anggèning ngangge adat matriargat wau, dumugining don malah sirna babarpisan.

Suraosing sêratipun radèn pangulu katitimasan kaping 15 Rabingulawal Ehe 1852 ôngka 3/21-A/1 minôngka wangsulanipun pitakèn kula, punapa ungêling nawala pradata bab kaping 24 punika pêndhêtan saking suraosipun Kuran utawi anggêr agami sanès-sanèsipun, punika nyantosakakên manawi pangintên kula bab adat watonipun tiyang Gajahmati, punika namung dumunung anglêstarèkakên adat watonipun piyambak, botên pisan-pisan pêndhêtan saking anggêr Islam, wontênipun kalêstarèkakên namung saking jêmbaring bêbudènipun bôngsa kita Jawi, dene botên purun amlêksana dhatêng piandêlipun tiyang sanès, namung sulayaning pamanggih kula kalihan radèn pangulu, radèn pangulu mastani bilih aslinipun tiyang Gajahmati makatên saking Rajêgwêsi talatah ing Tênggêr, kula mastani saking sabrang, kajawi punika sêratipun radèn pangulu wau ugi mratelakakên, bilih tiyang Gajahmati saha tiyang pinggir punika manawi salakirabi botên wênang malèni, dados beda kalihan wawênangipun tiyang Islam limrah, mila janji wontên ingkang salakirabi, tamtu mawi nyuwun idi wali kakim, pranatan makatên punika wêwaton anggêr agami Islam, tiyang tawanan utawi tiyang tumbasan = abid§ Wontênipun basa Jawi lajêng kawalik dados abdi. punika botên kawênangakên malèni.

Kyai Muhamat Ilham abdi dalêm pamijèn pradikan ing Langênarja, cariyos ing kula bilih kinanipun tiyang pinggir punika talakipun namung kalih, jalaran tiyang pinggir wau rumiyinipun ugi tiyang tawanan, dados miturut pratelan [pratela...]

--- 45 ---

[...n] punika, ing nalar tiyang Gajahmati wau kinanipun talakipun inggih namung kalih, suda satunggal kalihan talakipun tiyang Islam limrah, malah manawi miturut gotèkipun abdi dalêm pradikan Jatisaba, sakalih-kalihipun wau, inggih punika tiyang pinggir kalihan tiyang Gajahmati, pancèn sajatosipun dèrèng kamardikakakên anggènipun sami dados tiyang tawanan, mila lêrêsipun wêwênangipun sanajana dumuginipun samangke inggih dèrèng sagêd nyamèni kalihan tiyang ingkang mardika.

Sarèhning sasumêrêp kula nalika luhur-luhuripun kraton Jawi punika wêwêngkonipun botên mêdal saking talatah Indhonesiah samangke, môngka sa-Indhonesiah punika ingkang gadhah cara matriargat namung tanah Sumatra Têngah kemawon, dados botên lôngka manawi kula gadhah pangintên aslinipun tiyang Gajahmati wau saking tanah Sumatra Têngah, dhasar ing ngriku kathah kapalipun, dados pangintên kula wau siti ngangkah sampun botên têbih kalihan nyatanipun, tamtunipun nalika tiyang Gajahmati wau sawêg nêmbe dhatêng saking sabrang, gêsangipun inggih kapilah kalihan tiyang Jawi, kadosdene kawontênanipun tiyang Kalang, punapadene kaawisan acampur salakirabi kalihan tiyang Jawi, danguning dangu sarêng jêjêripun anggèning dados tiyang tawanan sampun radi kalimput, adat caranipun piyambak sampun sawatawis kêndho sabab saking karoban dayaning tôngga têpalihipun, tiyang Gajahmati wau tumuntên sagêd anandukakên srênggara alêlinton salakirabi kalihan tiyang Jawi tuwin bôngsa sanès-sanèsipun, campuring bôngsa sami bôngsa makatên punika saya dangu saya ngrêbda, wêkasan tatacaranipun piyambak kaleban tatacaranipun ing liyan.

Kangge anjangkêpakên prabot bokmanawi prêlu ing ngriki kula mratelakakên, bilih ukiraning dhuwungipun abdi dalêm Gajahmati punika kawical anèh, wujudipun beda sangêt kalihan jêjêranipun tiyang Jawi ingkang limrah, miturut cariyosipun ingkang ahli dhuwung, jêjêran ingkang dhapur makatên punika salaminipun ing Surakarta dèrèng nate modhèl, kajawi namung ingkang kangge abdi dalêm Gajahmati kasêbut nginggil, sanadyan jêjêran kita tunggaksêmi punika kalêbêt ênèm, amargi cariyosipun punika namung anggitan dalêm Sampeyan Dalêm kaping tiga kemawon, [kema...]

--- 46 ---

[...won,] ewadene sadèrèngipun wontên tunggaksêmi jêjêripun bôngsa kula tiyang Jawi sampun têrang manawi wangunipun botên kados ingkang samangke kangge abdi dalêm Gajahmati.

Sanajan kula sampun rumaos badhe kalangkahên jangkah kula, bilih awit saking kawontênan kasbut nginggil, kula lajêng damêl putusan lêpating pangintên kula bab wau, sabab saking sajatosipun dumugi sapriki dèrèng wontên sajarah utawi sêrat-sêrat ingkang mratelakakên asal usuling jêjêran, ewadene kula mêksa cumanthaka ngaturi gambar jêjêran tiga iji supados dipun galiha piyambak dening para nupiksa, anggèn kula nêsêlakên wangun C punika jalaran pangraos kula dhapuripun radi wontên èmpêripun kalihan wangun A§ Eman sangêt, dene gambaring jêjêran botên sagêd kapacak ing buku ngriki. Com. v. Redactie. kang môngka miturut pratelanipun Sutan Mudha ing Indragiri, kawrat sêrat katitimasan surya kaping 20 Agustus 1921, jêjêran ingkang dhapuripun kados makatên, punika wontênipun ing Indragiri dumugi sapriki taksih kalampah, dados bilih kalaras panjang, bokmanawi botên lôngka anggèn kula gadhah gagapan, samôngsa aluranipun ukiran punika dipun sinau sayêktos, wohipun anelakakên manawi gambar A lan gambar C punika nunggil asli, wondene wujuding ukiran, Indragiri dalah sandhuwungipunsadhuwungipun. pisan, samangke wontên griya kula, angsal kula saking Sutan Mudha wau minôngka pracihnaning pawongmitran.

Saking pamanggih kula cariyosipun Mas Ngabèi Sôntaturôngga bab asalipun abdi dalêm Gajahmati kasêbut nginggil wau, sanadyan katingalipun ing ngriku inggih tharik-tharik runtut, ewadene punika namung damêlan enggal, iyasan wiwit nalika sampun botên têrang dhatêng aluran wontênipun cara matriargat, dening bêtah gadhah aluran aslinipun tiyang Gajahmati minôngka kangge asal-silahipun. Iyasan enggal wau punapa damêlanipun tiyang Jawi, punapa malah anggitanipun tiyang Gajahmati piyambak, punika kula botên sagêd anggagapi babarpisan, awit saking sampun kapêjahan margi, wondene wontênipun anggèning damêl aluran wau kagathukakên kalihan wontênipun kagungan dalêm carak, punika sampun layak kemawon, [ke...]

--- 47 ---

[...mawon,] jalaran pancèn sampun botên sumêrêp babarpisan dhatêng mulabukaning sajarahipun ingkang lugu, mila namung murih sagêdipun mencok kalihan cêpênganipun, mênggah anggèning nama Gajahmati punika mirit andharan ngriku jalaran saking pêjahipun dipangga titihanipun kangjêng sultan ing Dêmak, punika pangintên kula inggih iyasan enggal malih, kangge anggathukakên kalihan wontênipun pusaka dalêm carak. Iyasa sajarah makatên punika punapa anèh, botên sampun anglênggahi mêsthinipun manungsa ing donya, manawi kecalan têtalêranipun. Ngadat makatên punika botên ewah, rumiyin makatên, samangke inggih makatên, ing têmbe taksih lêstari makatên.

Wondene bab ênèm sêpuhipun Kyai Carak, punika sarèhne kita sampun kêkilapan sajarahipun ingkang saèstu, pêpuntoning manah kula sagêdipun mastani namung sarana ningali wujudipun, wêwangunan sarta garapipun cocok kalihan tangguhing pundi. Mirit sawangan kula, manawi kula botên kalintu, carak wau pancèn inggih sêpuh, amargi dhapuripun, garapipun sarta cakriking ukir-ukiranipun wontên èmpêripun lunglungan candhi kados gambar sasisih punika, miturut wujudipun ing ngriku, dhasaripun pancèn pèni sangêt, ingkang kadamêl singat banthèng dipun lapis salaka sinarasah ing kancana rinêngga ing ukir-ukiran lung patran sarta tumpalan sairip lung candhi, dados mirit lêlewanipun kasêbut nginggil, barang wau tamtu damêlanipun tiyang jaman kina pintêr sadèrèngipun agami Islam angajawi.

Satunggal kaol wontên ingkang cariyos, bilih Kyai Nangkula Sadewa, punika ing jaman kina pamanggihipun taksih awujud singat banthèng walaka, panggarapipun dados carak ingkang sakalangkung endah ing warna wau, sawêg jamanipun Sampeyan Dalêm ingkang kaping sakawan kemawon, amargi panggalih dalêm kuciwa manawi pusaka dalêm singat banthèng wau botên dipun busanani ingkang sarwa endah, amantêsi dados pusakaning kraton dalêm Surakarta. Cêcriyosan ingkang kados makatên warninipun punika, kula botên sagêd ngajêngi, jalaran:

1. Cakriking ukir-ukiran, tuwin ngrawiting lunglunganipun, sawangan kula langkung sêpuh tinimbang kalihan wêwangunan jaman kaping sakawan.

--- 48 ---

2. Garapipun langkung endah katimbang nalika jaman kaping sakawan, manawi kaparêng mirsani gambar ôngka V sarta VI lajêng sagêd amastani têtimbanganipun.§ Gambar ôngka VI punika ricikanipun agêm dalêm kambil karajan iyasan dalêm Sampeyan Dalêm kaping sakawan, sanadyan wujudipun inggih sampun sae, ewadene manawi katandhing sayêktos kalihan Kyai Carak, tamtu lajêng katingal bedanipun, wondene kambil krajan, punika praboting titihan dalêm kapal manawi katitihan sampeyan dalêm pinuju mangagêm kapraboning nata, samangke namung kantun kagêm ampilan kemawon, winastan pandêngan, sarakit kalihan kambil kasenapatèn, punika rumiyinipun kagêm manawi miyos dhatêng pêpêrangan. Gambaripun kambil karajan, ingkang kapratelakakên ing nginggil punika ugi botên sagêd kapacak ing buku ngriki. Com. v. Red.

3. Ing pangintên mokal sangêt bilih kala jaman samantên wontên tiyang ingkang gadhah sêja unjuk-unjuk singat banthèng ing sang nata, awit saking sampun kathahipun, amargi nalika jaman Majapait tanah Jawi punika saèstunipun taksih prasasat wana agêng sadaya, labêt saking dèrèng sapintêna ingkang dêdunung manawi katimbang kalihan jaman sapunika, dados tamtunipun banthèng inggih taksih kathah sangêt, kathahing banthèng wau adatipun nyudakakên ajining singatipun, sudaning ajining singat, ngicalakên têgêsipun unjuk-unjuk, kula sumêrêp manawi limrahipun jaman sapunika, singat banthèng makatên kaanggêp gadhah daya agêng tumrap panulak warni-warni, sarta saupami kula samangke gadhah saèstu nêja badhe kula unjukakên sampeyan dalêm minôngka bêbêktèn kula, nanging makatên punika rak sampun cêtha bilih krêntêging manah kula punika namung katarik saking èdining barang, wujudipun èdi makatên dening botên sadhengah gadhah, mila inggih lajêng winastan manawi gadhah daya warni-warni wau, pamanggih makatên punika saèstu botên anèh sarta botên maligi gadhahanipun tiyang Jawi kemawon, ing pundi-pundi ugi wontên, manawi nagari Walandi ingkang dipun wastani gadhah daya agêng, punika ron klaver ingkang sari sakawan, amargi limrahipun namung tiga. Lo, makatên punika sasaminipun, punapa punika inggih botên kenging winastan sami dening gugon tuhon? dados wosipun kemawon, kula botên nampèni dhatêng kaol kasêbut nginggil bilih anggèning ngunjukakên Kyai Nangkula Sadewa rumiyin taksih wuda dèrèng wujud carak, pamanggih kula punika pancèn panggihan sayêktos, nalika pamanggihipun tamtu inggih sampun [sa...]

--- 49 ---

[...mpun] wujud makatên, namung titimasaning anggèning manggih kemawon, punapa inggih lêrês nalika jaman Majapait sarta Dêmak, punapa jaman Mataram, punapa langkung sêpuh malih, punapa malah nèm sangêt, punika kula botên kawasa anggagapi dening sêpêning pasaksèn-pasaksèn.

Kadosdene cariyos kula ing inginggil, kagungan dalêm carak punika, pancèn barang ingkang èdi sayêktos, pantês kangge tuladha wêwangunanipun, saupami ing têmbe pakêmpalan Yapha Insêtitit, saèstu sagêd kasêmbadan sêdyanipun anggèning badhe damêl pasinaon ing bab kagunan. Wondene wujuding carak wau sarta ubarampenipun, kados ing ngandhap punika.

Wanguning carak, pamanggih kula sakalangkung saèstu anglungit, cucukipun amêrit pèni, tapêlipun salaka kandêl tur salakanipun sae, sinarasah ing jêne sêpuh, tinatah tumpalan, sarta patrap angrawit, cakrik candhi, saking saening garapan, sarta salêbêting kruwinganipun, ngantos katingal gêsang kadosdene tarulata saèstu, wondene panyimpênipun kyai wau, sami kasingêpan kanthong baludru kêthèl piyambak-piyambak, kalih pisan kasarèkakên ing gêndhaga mawi lurup sarta kasuran sami baludru kêthèl, tumuntên sumimpên ing bênèt dhapur griya alit inggil, kadosdene wanguning romah dhewa ing Bali, inggih punika griya alit kangge nyimpêni putran kêncana minôngka sêsêmbahanipun griya dhewa wau, ing ngrika kawastanan sanggah.§ Wontênipun tanah Jawi dados sos, sanggar. Wondene miyosipun pusaka dalêm wau namung manawi titihan dalêm pandêngan kamiyosakên, wêdalipun saking pasarean mawi sarana nyaosi dhahar rumiyin.

Saking cariyosipun tiyang sêpuh, Kyai Nangkula Sadewa wau, kagungan daya agêng, tumrap pangruwating dursila juti mila kathah sangêt para têtiyang kecalan sami nyuwun pitulunganipun Kyai Nangkula Sadewa, murih sagêdipun wangsul barang ingkang ical wau, mênggah lampah-lampahipun makatên.

Sakawit tiyang ingkang kecalan barang, sowan malêbêt manggihi kamisêpuhipun abdi dalêm ingkang gadhah wajib rumêksa Kyai Nangkula Sadewa, parlu nyuwun lilah badhe [ba...]

--- 50 ---

[...dhe] nyuwun pitulunganipun pusaka dalêm, sagêdipun wangsul barangipun ingkang ical. Sasampunipun abdi dalêm lurah nêtêpakên dintênipun, ingkang gadhah sêdya wau tumuntên mantuk, benjing anyarêngi dintên ingkang sampun dipun têtêpakên dening abdi dalêm lurah wau, tiyang ingkang kecalan wangsul malêbêt ing kraton, mawi ngirit tiyang ingkang dipun dakwa nyalingkuhakên barangipun, sarta ambêkta sajèn tuwin jajan pêkên warni: pisang agung satangkêp, sêdhah ayu sacandhik, gambir wêtahan satunggal, jambe tanganan (jambe ingkang gandhèng 2 utawi 3) satunggal, sata eca sadêlêg, jungkat suri pangilon nyatunggal, lawe satukêl, lisah klêntik sagêndul gasiyus, gêlaran bôngka satunggal, sêkar konyoh wangi satêmpelang, sêkar sataman kawadhahan cuwo enggal satunggal, jajan pêkên saprangkat, jodhog tuwin clupak sami enggal nyatunggal, kêndhi tumumpang cuwo sami enggal nyatunggal, uwos sapitrah, klapa wêtah satabonipun satunggal, ayam jalêr gêsang satunggal, mênyan wawrat gangsal ringgit, gêndhis arèn satangkêp, jênang abrit sarta pêthak, arta kalih wang saprapat = 19 sèn.

Tumuntên bêbêktanipun kasêbut nginggil, katata sumaji wontên sangandhaping dhampar, ingkang badhe kangge wadhah kêndhi enggal§ Rèhne mangke badhe kangge damêlipun, anggèning milih enggal punika, bokmanawi kangge nyingkiri pandamêl ingkang botên salêrêsipun. jodhog kasumêt. Lajêng lapur dhatêng kamisêpuhing abdi dalêm ingkang gadhah wajib rumêksa, wigatosing pisowanipun malêbêt. Sasampunipun nampèni atur panuwun wau, kamisêpuh lajêng ngobong dupa kanthi lapur dhatêng Kyai Nangkula Sadewa, ing saprêlunipun, mawi nyuwun kaparênga anyirnakakên dhatêng tiyang ingkang gadhah pakarti dur, lapuripun wau sora sarta mawi satatacaranipun imbal wacana kalihan para luhur, dene murih mandining kajat, salêbêtipun kamisêpuh lapur wau, ingkang gadhah sêdya numpangi lapur piyambak namung sarana kabatos kemawon.

Manawi anggèning matur wau sampun palêstha sarta kamanah sampun kaidèn panuwunipun, kamisêpuh tumuntên miyosakên Kyai Carak saking pasarean, kalolos saking singêpipun, lajêng kapandhi sanginggiling dupa, mawi kaêsuran toya walaka pêndhêtan saking sumur sacêlakipun ngriku, ingkang sadèrèngipun kaisèkakên [kaisèka...]

--- 51 ---

[...kên] ing carak ingkang sanès kyai dados lêbêting toya dhatêng Kyai Nangkula Sadewa wau, saking carak padintênan§ Caraning kraton punika, manawi sampeyan dalêm nitih titihan, môngka kapal sampun katingal ngêlak, kaparingan ngombe sarana kaêsurakên saking carak, malah kinanipun para luhur ugi ngagêm cara makatên. sasampuning toya wontên ing salêbêtipun Kyai Nangkula Sadewa sawatawis, tumuntên kailingakên dhatêng kêndhi enggal bêktanipun tiyang ingkang gadhah panyuwunan, kêndhi wau kawadhahan cuwo nunggil bêktanipun ingkang gadhah kajat, supados tetesanipun toya suci sampun ngantos kocrat-kacrit dhawah ing pundi-pundi. Sasampunipun makatên, toya kêndhi wau kaombèkakên dhatêng tiyang ingkang kadakwa nyalingkuhakên barang, namung sadèrèngipun ingkang miwiti ngombe rumiyin ingkang gadhah panuwun, sintên ingkang cidra badhe tampi sapudhêndhanipun Kyai Nangkula Sadewa. Wondene watêsanipun dhumawahing sapudhêndha wau, namung salêbêtipun kawan dasa dintên, manawi ingkang ngombe wilujêng, tôndha manawi botên gadhah dosa barang-barang, wondene anggèning ingkang gadhah panuwun katamtokakên ngombe rumiyin, punika ngawekani ambokmanawi panuwunipun makatên punika namung kangge sarana anyirnakakên satru gêgêthinganipun, punapa manawi makatên sayêktos, rèhne piyambakipun ingkang miwiti ngombe inggih badhe piyambakipun ingkang sirna rumiyin, wondene kajat makatên punika winastan nyuwun toya carak.

Miturut piandêlipun tiyang kathah, Kyai Nangkula Sadewa punika agêng sangêt dayanipun, sadaya ingkang kalêbêtan toya gontoranipun, môngka gadhah manah salah, tamtu sirna tanpa kukuban sayêktos, dene ingkang botên salah, inggih wilujêng salami-laminipun, mila limrahipun tiyang kêkecalan botên age-age nyuwun toya carak wau, budidaya sanès-sanèsipun rumiyin, manawi sampun tita botên wontên wusananipun, sawêg purun nyuwun pitulunganipun Kyai Nangkula Sadewa minôngka dêdamêl pamungkas, punika ingkang sampun tamtu wontên wusananipun, wondene bleberanipun toya ingkang dhumawah ing cuwo, punika lajêng kabucal ing lèpèn supados sampun ngantos kaombe ing sadhengaha ingkang satêmah anjalari kasangsaranipun.

Sasampunipun rampunging damêl, Kyai Carak wau kakonyohan sêkar borèh [bo...]

--- 52 ---

[...rèh] pêpunjangipun ingkang gadhah panuwun, lajêng kasarèkakên malih ing gêndhaga, wondene padantênanipun,padintênanipun. anggèning nyaosi dhahar namung sabên malêm Jumungah sarta malêm Anggara Kasih, kados sacaraning kraton dalêm Surakarta.

Prakawis piandêl ngombe toya suci kangge tôndha katêmênaning tiyang, punika ingatasipun kitha Surakarta sasumêrêp kula inggih namung satunggal toya carak punika§ Bab minum sumpah ing saantero Indhonesiah mirsanana Wilken Verspreide geschriften sarta van ossenbrugge jilid II kaca 498 sarta 519 lan sapiturutipun. manawi ngombe toya sataman utawi sanès-sanèsipun, punapadene mupuki toya ing êmbun-êmbunan kangge nyuwun barkah pangèstu wilujêng, punika kathah sangêt, malah kenging winastan sampun limrah, namung ngombe kangge ngrêsikakên badan utawi nyirnakakên tiyang ingkang dosa, punika ing Surakarta têtela botên wontên. Adat ingkang sawarni kados toya carak makatên, ing nagari Siyêm ugi wontên, saking pratelanipun utusan Nèdêrlan ingkang wontên ing Bangkok (Nederlandsche Gezant) kawrat sêrat katitimasan kaping 11 Oktobêr 1919 ôngka 113 makatên ... sadaya dêdamêl kagungan dalêm Sri Maharaja Siyêm, punika dipun aji-aji sangêt, sarta sabên kalamôngsa dipun wiyosakên parlu dipun rêsiki, namung pusaka sabêt, punika miyosipun namung sabên taun kangge nyumpah para abdi dalêm prajurit sarta narapraja, patrapipun sabêt wau kaadêgakên wontên bokor kêncana, lajêng kasiraman sarana katuruhan toya saking nginggil, toya siraman wau tumuntên dipun ombe abdi dalêm ingkang têtêp enggal minôngka nêmênakên prasêtyanipun, pundi ingkang ing têmbe lampah cidra dhatêng sang nata, saèstu badhe sirna saking dayanipun pusaka sabêt wau ...

Sanadyan êmpaning pangombening toya sabêt ing Siyêm kalihan toyaning carakipun abdi dalêm Gajahmati samangke sampun wontên gèsèhipun sawatawis, ewadene pikajêngipun sami, inggih punika nêmênakên tiyang ingkang lampah palacidra mila sagêd ugi toya carak punika sakawitipun inggih kangge nindakakên kados cara ing nagari Siyêm, namung ing alami lajêng santun salaga kados kawontênanipun samangke punika.

--- [0] ---

[Grafik]

Gambar carak

--- 53 ---

Kangjêng Nyai Satomi

Para sadhèrèk tamtu sampun sami uninga, bilih ing karaton punika kathah kagungan dalêm mariyêm agêng, ingkang kina-kumina kalêbêt dados pusaka dalêm, mriyêm-mriyêm wau pamanggènipun wontên ingkang kangge pasrèn wontên ing alun-alun lèr (salèripun sasanasumewa) wontên ingkang kangge pasrèn ing sitinggil. Ingkang kangge pasrèn wontên ing alun-alun, saking wetan mangilèn, 1 Kyai Pôncawara, punika cariyosipun saking wancahaning sêngkalan: pandhita carêm wuruk ing ratu: 1527,1767. namung saking agêngipun tiyang-tiyang mastani Kyai Sapujagad, mirid kawujudanipun, Kyai Pôncawara wau yasan Jawi, amargi garapanipun katingal groboh, Kyai Swuhbrastha, 3. Kyai Sagarawana, katêlahing nama Subrastha Sagarawana, punika sami damêlan Walandi, kala taun 1400 (kala samantên jaman Dêmak) mriyêm kalih wau sabên garêbêg MulunMulud. kaungêlakên gêntosan, namung manawi Mulud Dal kaungêlakên kalih pisan, utawi manawi wontên damêl agêng, kados ta: kala amarêngi tingalan dalêm tumbuk yuswa 64 taun kapêngkêr punika. Namung emanipun mriyêm-mriyêm wau sami dipun cèt, dados botên sagêd nyumêpinyumêrêpi. awon saening prugunipun.prunggunipun.

Ingkang kangge pasrèn wontên ing sitinggil, wiwit saking wetan mangilèn, 1 Kyai Kadhalbuntung, inggih Kyai Pamêcut, inggih Kyai Maesakumali, 2. Kyai Sadewa, 3. Kyai Tulus, 4. Kyai Kumbarawi, 5. Kyai Kumbarawa, 6. Kyai Bagus, 7. Kyai Nangkula, 8. Kyai Gringsing.

Namung sadaya kagungan dalêm mariyêm wau pamêtri utawi pangaji-ajinipun botên kados Kangjêng Nyai Satomi, amila têtiyang kathah sangêt ing pamundhi-mundhinipun, dalasan tiyang môncanagari ugi tumut sami mundhi-mundhi. Pamanggènipun Kangjêng Nyai Satomi punika wontên ing gajah ing bangsal witana (sitinggil) wontên ing nglêbêt gêdhong gêdhah ingkang karêga-rênggakarêngga-rêngga. sakalangkung èdi, warnining gêdhahipun kêlêm sarta ing nglêbêt kalangse ing mori, dados manawi dipun tingali saking ing jawi botên katingal babarpisan, namung sabên garêbêg tuwin wiyos dalêm têdhak loji taun raja, langsenipun mori wau kabikak, lajêng dipun gubah ing cindhe. Makatên ugi saliranipun kangjêng nyai punika

--- 54 ---

padintênanipun kasingêban mori, lajêng kaluruban kurasi, namung manawi pasamuwan kados ing nginggil wau, ugi dipun singêbi cindhe. Jarambah ingkang kalêrês dalêmipun kangjêng nyai punika dipun kajog inggil, katègêl sêkar pèni tiningalan, ingkang makatên wau mratandhani manawi Kangjêng Nyai Satomi punika sangêt dipun aji-aji.

Wontênipun kangjêng nyai wau dipun pundhi-pundhi, amargi babadipun ingkang anjalari ingaji-aji wau miturut gotèkipun ing akathah, kangjêng nyai punika sisihanipun Kangjêng Kyai Satama, ingkang sapunika wontên ing Batawi, limrahipun dipun wastani: Si Jagur, Kangjêng Kyai Satama saha Kangjêng Nyai Satomi punika kacariyos sami kadadosanipun tiyang, dene aluranipun miturut Sêrat Pusaka Jawi taun 1927, kados ing ngandhap punika:

Kacariyos kala jaman ing nagari Galuh (Pajajaran) jumênêngipun Sang Prabu Banjaransari, supêna kaparingan mariyêm sakêmbaran dening Sang Hyang Jagadnata, enjingipun sang nata dhawuh dhatêng Kyai Patih Satama, ngupadosi supênanipun sang prabu, wantêring dhawuhipun sang prabu, kyai patih sakalangkung putêking manah, dèrèng uninga dhatêng wujudipun dêdamêl ingkang dipun supênakakên sang prabu, mila namung mêmpên wontên ing dalêm saha ambantêr puja sakalihan ingkang garwa, katarimah ing pujabratanipun, kyai patih sakalihan garwa dados mriyêm agêng-agêng sakêmbaran. Sang prabu kaaturan uninga sakalangkung singkêl ing panggalih sirnanipun kyai patih, pinupus ing pêpasthèn, ing wasana wontên lilihipun dening sirnanipun wau dados jalaran kalaksanan ingkang dipun supênakakên, wasana malah dados suka pirêna, dening malihanipun kyai patih, malah badhe ingaji-aji, dados bêbrêkatan ing tanah Jawi, mariyêm sakêmbaran kagêm pusakanipun karaton, kanamakakên Kyai Satama tuwin Nyai Satomi.

Kacariyos mariyêm sakêmbaran wau sabên malêm dintên malang tansah gathik, gathikipun dados sabab tanah Jawi, kala samantên tansah kirang têntrêm, sarêng jaman karaton Mataram, Nyai Satomi kapundhut dhatêng Mataram, dene ingkang jalêr botên kapundhut, sabab botên purun, tandhanipun kausung tiyang pintên-pintên botên kuwawi, mariyêm kêkalih wau ing têmbe kêmpal malih, sarta mungêl piyambak jumêgur marambah-rambah dados [dado...]

--- 55 ---

[...s] ngalamat badhe dhatêngipun kiyamat.

Pindhah-pindhahipun karaton, Nyai Satomi kabêkta minôngka pusakanipun tanah Jawi, sarta ngantos dumugi sapunika taksih dados pêpundhènipun karaton Surakarta, lacutipun ing ginêm sangajênging kangjêng nyai wau wontên pangaronipun, kangge tadhah waspanipun kangjêng nyai anggènipun tansah muwun.§ Waspa tuwin turuhan jamasanipun kangjêng nyai satomi punika dados rêbatan, prêlu kaombe utawi kaangge sanèsipun, saking piandêlipun dados sarana têguh rahayu, nyumêrêpi ing bab makatên punika, têka lajêng kèngêtan dhatêng kawontênan ing Bali, sabên ing pura (candhi) wontên wilujêngan agêng-agêngan, ngumbah (anjamasi Kr. 1) rêca pêpundhènipun, punika toya turuhanipun kabage waradin dhatêng têtiyang kukuban ngriku, kangge tumbal utawi sarana sanès-sanèsipun murih wilujêng. Sampun pintên-pintên atus taun pisah akalihan ingkang raka Kyai Satama dèrèng sagêd kapanggih.

Miturut dêdongengan Bantên, cariyosipun tuwan pujôngga Grikê, lêrês mariyêm kêkalih punika asli malihan tiyang, nanging aluranipun gèsèh sangêt kalihan ingkang kapratelakakên ing nginggil, makatên:

Wontên dhukuh marêgil dumunung wontên ing pèrèngipun rêdi Canghas, namung dipun ênggèni tiyang sêpuh sajodho nama kaki Rabaniyah, akalihan Nini Rabaniyah, kaki Rabaniyah kesah mara tapa, wontên sapinggiripun têlaga Cimarang. Nini Rabaniyah kantun têngga griya ijên, sakesahipun ingkang jalêr, nini Rabaniyah karaos wawrat, dumugi êlèkipun, nini Rabaniyah nglairakên jabang bayi, mêdal jalêr warninipun sakalangkung awon, saking sangêting wirang kamoran ajrih, jabang bayi kabucal dhatêng têlaga, jabang bayi wau dipun panggih ing tiyang anjala, ketang wêlasipun dhatêng bayi, kabopong nyemot kabêkta mantuk, botên kèngêtan sêdyanipun ngupados ulam, dumugi ing griya bayi kasukakakên dhatêng Rubiyahipun, nama kalêrêsan sangêt dene tiyang wau botên gadhah anak, mila anggènipun ngopèni sarta anggèning ngitik-itik inggih botên beda kalihan dhatêng anakipun piyambak, anakipun pupon dipun namakakên Buncirêng. Kacariyos agêngipun Buncirêng wau kaugung, mila sakalangkung nakal, botên namung wontên ing griya kemawon, wontên ing dolanan inggih sakalangkung nakal, bapa biyungipun angkat kêrêp kasêrêg ing tôngga têpalih, mila sanadyan kasok katrêsnanipun, [katrêsnani...]

--- 56 ---

[...pun,] ewadene kapêksa kêrêp mala dhatêng anakipun pupon, kanakalanipun Buncirêng misuwur, ewasamantên nyolong pêthèk dene gadhah wêwatêkan akosokwangsul, badhe kapratelakakên ing wingking, Buncirêng pancèn lare ugungan, mila sarêng kadhawahan gêbag wiwit botên karaos, ing alami-lami kesah botên pêpoyan, dhatêng bapa biyungipun angkat.

Kesahipun Buncirêng botên kantênan ingkang tinuju, wontên ing margi mitulungi sawêr ingkang kogal-kogèl jalaran katancêpan carang, carangipun dipun dudut, sawêr waluya jati, kajawi punika mitulungi lalêr ingkang kenging pulut, lalêr sagêd uwal, sato kalih sami nglairakên panarimahipun, sarta sami aprasêtya ing têmbe manawi Buncirêng manggih pakèwêd, sagah gêntos mitulungi luwaripun saking bêbaya. Lampahipun Buncirêng kalunta-lunta dumugi ing wana, ing têngah wana ngriku wontên padhukuhan alit, ingkang gêgriya ing ngriku nama Ki Pakêbon akalihan Rubiyahipun, Buncirêng suwita dhatêng Ki Pakêbon wau.

Kacariyos, Ki Pakêbon botên gadhah anak, pakarêmanipun nêdha ulam sawêr kalêmêng, Buncirêng ugi kapurih nêdha, nanging botên nate dipun pêpoyani bilih ingkang kalêmêng wau ulam sawêr.

Anuju satunggiling dintên Ki Pakêbon kêkesahan sarta sipêng, Buncirêng kapurih têngga griya, ing sadèrèngipun pangkat atilar wêling, Buncirêng kawantos-wantos sampun ngantos ningali lêmênganipun, Buncirêng nyagahi.

Ing wanci têngah dalu Buncirêng nglilir saking anggènipun tilêm, kagèt mirêng sabawa pating krusêk wontên ing jawi griya, manahipun trataban, nyipta bêbaya agêng ingkang andhatêngi, Buncirêng ngangên-angên punapa ingkang badhe dipun lampahi sanalika mênyat saking patilêmanipun alon-alon, lajêng lumampah jinjit dhatêng kontên, kontên leregan kasêblakakên kalihan kasêsa, brabat malajêng dhatêng jawi, trangginas mènèk wit-witan, dumugi paragak kèndêl anggèning mènèk, ngrangkul pang sakalangkung kêncêng, ambêganipun taksih ngangsur. Sasampunipun aring napasipun, Buncirêng mramanakakên dhatêng sabawa pating krusêg sanalika ing ngandhap katingal sawêr agêng alit pating talosor malêbêt dhatêng pawon, ingkang dados pangajênging lampah agêng piyambak, [pi...]

--- 57 ---

[...yambak,] punika ratunipun. Ratunipun sawêr lajêng mêndhêt lêmêng ulam sawêr ingkang sampun dados lawuh dipun tètèsi toya gêsang, ingkang sampun têngkêl-têngkêlan tuntum malih, wasana waluya jati gêsang kados wingi uni, sumêrêp sawêr ewon pating karogèl ngêbêki latar, Buncirêng mangkarag githokipun, sangêt ajrih carub kamigilan, untunipun narêthêk gathik, mirêng sabawaning tiyang, sawêr-sawêr kagèt, lumajêng sarsaran botên tolèh dhatêng cupu manik, isi toya gêsang kantun tinilar. Sarêng sawêr sampun botên wontên ingkang katingal kumliwêr, Buncirêng mudhun alon-alon, cupu manik kapêndhêt dipun kandhut, piyambakipun lajêng malêbêt dhatêng griya mapan tilêm malih. Enjingipun Ki Pakêbon jalêr èstri mantuk anjujug ing pawon, nuwèni lêmêngipun, sapintên kagèting manahipun nyumêrêpi têlasing lêmêngipun, Buncirêng ingkang dipun tarka nêlas-nêlasakên, sanalika lajêng katundhung, Buncirêng kesah, lampahipun kasurang-surang, wontên ing margi kêpanggih bangkening kêthèk, Buncirèng mêndhêt cupu manik, bangkening kêthèk katetesan toya gêsang, sanalika gêsang, kêthèk anglairakên panarimahipun, sarta aprasêtya ing têmbe badhe malês.

Buncirêng nglajêngakên lampahipun ngantos dumugi ing Bantên, wontên ing ngriku mirêng undhang sayêmbara, pramèswarinipun sang nata seda, sintên ingkang sagêd nyugêngakên sedanipun sang pramèswari wau, badhe kadhaupakên kalihan putrinipun. Buncirêng sagêd nyugêngakên sang pramèswari yêktos. Mila sapintên kemawon suka pirênanipun sang prabu, saha bingahing para putra santana, ananging sarêng nguningani wujudipun Buncirêng, sang prabu sakalangkung piduwung ing galih, dene ingkang dipun angge sayêmbara putrinipun, dados kapêksa badhe kagungan putra mantu ingkang warninipun sakalangkung awon, saha botên kantênan tambang pranteanipun, badhe nyuwak dhawuh ingkang sampun kabayawarakakên, rumaos nistha ingatasing panjênênganipun ratu, pinanggihipun panggalih sêsintrèn pêpanggil ingkang elok-elok, lajêng dhawuh mangun waringin ingkang wontên ing alun-alun sadaya pang-pangipun ingkang moncol katutuha, amurih katingal sumilak tuwin asri, dumugining môngsa dhaupipun supados botên nguciwani, panggarapipun sagêda rampung sadalu, dene manawi ngantos botên sagêd rampung, badhe kasandèkakên dhaupipun.

--- 58 ---

Buncirêng lajêng andhatêngakên pamitranipun kêthèk dipun jatosi karibêdanipun, sami sanalika kêthèk wau ngirid bangsanipun ewon, lêksan. Sadaya sami mapali godhong tuwin nyêmpali pang ingkang pating paroncol, sami sadalu punika waringin-waringin ing alun-alun sampun katingal prayogi, enjingipun konjuk ing sang nata, sang prabu sangêt kagawokan, ing salêbêtipun panggalih taksih ngangkah sandenipun, mila andhawuhakên pêpanggilan malih mundhut mriyêm agêng sarakit ingkang sae wêwangunanipun, badhe kangge ngurmati benjing dhaupipun, Buncirêng nyandikani, nanging nyuwun sumêne. Buncirêng sangêt ing susahipun anggagas pêpundhutanipun sultan ing Bantên, ingkang sakalangkung mokal, saking putêking manah anis saking Bantên mara tapa wontên ing rêdi Canghas, tinarimah pujabratanipun, angsal wasita kapurih manggihi bapa biyungipun, inggih tiyang sêpuhipun wau ingkang sagêd anglaksanani pêpundhutanipun sang prabu, Buncirêng enggal dhatêng Cimarang manggihi bapa biyungipun, sarèhning pisah sangkaning jabang Buncirêng mawi apratela bilih piyambakipun punika anakipun, saha ngandharakên lêlampahanipun sadaya dumugi angsal wasita botên wontên ingkang kalangkungan, kaki Rabaniyah kalihan Rubiyahipun lajêng sami mêmuja, tinarimah samadinipun sami sanalika jênggêlêk dados mariyêm sarakit, Buncirêng sakalangkung lêga manahipun, lajêng ngaturi uninga dhatêng Bantên. Sang prabu dhawuh mundhut mariyêm dhatêng Cimarang, ingkang ngusung tiyang pintên-pintên èwu botên kuwawi, saking awratipun mriyêm, siti tilasipun mariyêm wau amblêg, sapriki dados rawa nama rawa Kondur.

Dangu-dangu kamirêngan wontên swara lamat-lamat, ingkang kuwawi ambêkta mriyêm wau Buncirêng, Buncirêng tumandang ing damêl, mriyêm sarakit kajunjung, kabêkta kacangking tangan kiwa têngên, tiyang kathah sami kagawokan, lampahipun Buncirêng wontên ing margi kapêthuk pandhe, kiyai pandhe ngaruh-aruhi mriyêm wau wangunipun kirang sae, sami sanalika lajêng dipun ewahi, pucukipun dipun ukir sawatawis, ing têngah dipun êluk, sarta ing wingking dipun sukani gêlangan. Dhusun panggenan dandosi mriyêm wau ngantos sapunika katêlah nama Pandhegêlang.

Kacariyos mriyêm sampun konjuk ing sang nata, lajêng kaparingan nama Si Jagur akalihan [a...]

--- 59 ---

[...kalihan] Nyai Satomi, sang nata mupus ing pêpasthèn, putrinipun ingkang dipun angge sayêmbara saèstu kadhaupakên angsal Buncirêng, mawi wiwahan agêng-agêngan.

Anuju satunggiling dintên, kêmiri agêng amêng-amênganing putranipun sang prabu kalêbêt ing Nyai Satomi, botên wontên tiyang ingkang sagêd malêbêt, nanging lajêng kaingkêman, ngantos sapriki botên sagêd mêdal.

Ing alami-lami ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram midhangêt pawartos, bilih Sultan Bantên kagungan dêdamêl ingkang sakalangkung elok kadadosanipun, mila saking karsanipun ingkang satunggal kapundhut, kalampahan ingkang satunggal, Si Jagur kaaturakên, nanging wontên ing Mataram Si Jagur botên kraos, mila nuju ing wanci dalu kesah piyambak saking Mataram, sawêg dumugi ing Jakarta karainan, botên sagêd andumugèkakên lampah, ngantos dumugi sapunika taksih wontên ing kutha Intên, sakesahipun Si Jagur, Nyai Satomi kaaturakên dhatêng Mataram minôngka lêlintunipun. Gotèkipun ing akathah, mriyêm kalih wau ing têmbe sami mungêl piyambak, dados ingalamatipun dintên kiyamat.

Aluran warni kalih ing nginggil punika sanadyan sami nyariyosakên bilih punika sami kadadosan saking malihan tiyang, nanging nama tuwin gancaripun gèsèh, makatên wau punapa anèh, punika botên, kauningana, mèh nama limrah ugêr nyariyosakên aluranipun barang kina, dongenganipun mêsthi warni-warni, malah bab Si Jagur tuwin Nyai Satomi punika kemawon ing Bantên wontên sajarahipun warni kalih malih.

Sawênèhing kaol, Si Jagur kadadosan saking Radèn Nayagati asli saking kadhaton Giripati, dene Nyai Satomi kadadosan saking Dèwi Gorajati, putranipun Dèwi Kunthiwati ing Bantên.

Wontên malih ingkang nyariyosakên makatên:

Ing dhusun Karangrayung bawah Dêmak wontên rêdinipun alit nama Bayangkaki§ Ing sêrat Cênthini, rêdi Bayangkaki punika wontên talatahipun tanah Kadhiri. asalipun

--- 60 ---

Nyai Satomi punika kala ing kinanipun saking ngriku, sarêng sampun dados mriyêm, kapundhut dhatêng Mataram, kausung ing tiyang pintên-pintên èwu botên kuwawi, nanging sarêng dipun usung anak putunipun piyambak ènthèng kemawon. Lastantun katur dhatêng Mataram, wasana rêdinipun katêlah nama Bayangkaki.

Miturut pèngêtanipun suwargi Radèn Tumênggung Sutanagara, bupati pangrèh praja ing Klathèn, inggih punika priyagung ingkang marsudi ngimpun sajarah tanah Jawi, Kyai Satama (Si Jagur) tuwin Nyai Satomi punika botên kadadosan saking tiyang, sajatosipun pisungsungipun tiyang Portêgis nama Sêtum dhatêng Pangeran Jakarta, nalika antawisipun taun Walandi 1513 utawi 1515 (ing tanah Jawi Têngah sarênganipun jaman Dêmak) sang pangeran maringi nama dhatêng mriyêm kalih punika, ingkang satunggal Sêtum Utama, satunggalipun Sêtum Utami, kalanturipun nama Satama Satomi. Wontên kaol nyariyosakên, sêtum wau têmbung Portêgis, têgêsipun: mriyêm.

Dadakan kula sagêd ngaturi katrangan, sêtum wau sinêngguh têmbung Portêgis atêgês mriyêm punika kalintu, têtiyang Portêgis mastani mriyêm punika Canon, Canchao Walandi kanon Prancis canon.

Kula nate mirêng cêcriyosan sanès malih, Nyai Satomi punika pancèn pisungsungipun tiyang Portêgis, botên nama sêtum lêrêsipun Pieter Wiliem Stompiek sarta botên dhatêng Pangeran Jakarta, lêrêsipun kapisungsungakên dhatêng Sultan Bantên, sawêg sadlerengan nitik saking nama, kula sampun sagêd mastani bilih cariyos punika kathah lêpatipun, kauningana, nama ngajêng Pieter Willem, dene nama Portêgis, dados kapara mokal manawi wontên tiyang Portêgis gadhah nama makatên, mênggah nama wingking Stompiek kula ajrih miyagah anglêpatakên, amargi sanadyan sajakipun nama Walandi, nanging sagêd ugi namung namanipun kemawon ngangge têturutan nama Walandi, dene tiyangipun bôngsa Portêgis yêktos kadosdene Rooseveld (punika bôngsa Amerikan) Witte (Bôngsa Rus) sasaminipun, kosokwangsulipun wontên bôngsa Walandi ingkang namanipun ngangge nama mônca, kados ta: Baumgarten (nama Jêrman) Spencer Ece (nama Inggris) Du Ceroo (nama Prancis), sasaminipun, [sasa...]

--- 61 ---

[...minipun,] dene nama ngajêng mêsthi nama Walandi.

Samantên kathahipun cariyos ingkang kula sumêrêpi, pancèn anggawokakên dene sajarahipun Kangjêng Nyai Satomi têka kathah tur awarni-warni, ing sapunika ingkang prêlu kamanah kangjêng nyai wau sajatosipun damêlan tiyang kados cariyos ingkang kantun, punapa kadadosan saking tiyang kados cariyos ingkang rumiyin, badhe nêtêpakên ing bab punika salah satunggal radi gawat, dening cariyos wau namung kados dêdongengan, utawi nama gotèk, utawi malih namung saking pèngêtanipun para ahli mèngêti ingkang botên mênangi wontênipun lêlampahan wau, dados pèngêtan wau wangsul nama pèngêtan gotèk, ewadene awit saking sangêtipun kapengin kula, nyumêrêpi dhatêng jatining kawontênan, kalampahan ing sapunika kula sampun sagêd angsal sêsêrêpan ingkang gumathok, saking pamanggih kula katrangan wau sampun botên kenging pinaibên, kajawi namung ingkang badhe nyulayani, oreanipun makatên:

Mriyêm ingkang dumugi ing tanah Jawi rumiyin piyambak punika bêktanipun bôngsa Portêgis, pabrikipun wontên ing nagari St. Thomé (Santome) inggih punika kitha krajanipun bawah Portêgis ing tanah Indhi ngajêng Goa ingkang sapunika nama Madras, sadaya dêdamêl wêdalan ing ngriku kacêkak karan St. Thomé wontên ing tanah Jawi têmbung wau kalantur dados nama Satomi, satunggalipun kaanggêp kêmbaranipun nama Satama, ing salajêngipun nama Kyai Satama, Nyai Satomi.

Kangjêng Nyai Satomi kalihan Si Jagur wau kala kinanipun kaanggêp dados sisihanipun, punika kula botên sagêd nyulayani, jalaran barang ingkang sanès wangun, tarkadhang sanès wujud, punika sagêd ugi kadamêl sisihan, ingkang rèmèh kemawon sapunika, kaca agêng dipun apit-apit piring tembok kalihan gambar, pot kuningan dipun sisihi rêca mawi bancik, makatên punika manawi griya Walandi limrah, nagari sanajan gèsèh wujud sarta kawontênanipun, wontên ingkang kaanggêp sisihan, Bantên, poncot tanah Jawi sisih kilèn, kalihan Bali pulo ing sawetan poncotipun tanah Jawi, Bantên akalihan Bali punika sami atêgês sajèn, ing cara Jawi kina (Oud Javansch) Bantên kaanggêp kramanipun [krama...]

--- 62 ---

[...nipun] têmbung Bali. Lênggahipun Bali punika basa Polinesiah, sajèn têmbung Sangskrita. Ewadene manawi Satama Satomi wau kacriyos sakêmbaran punika dora, mirid wujudipun beda sangêt kados ta:

ha. Kangjêng Nyai Satomi prunggunipun jêne, calangapipun ing pucuk alus, ing bongkot ngangge gêlangan, ing nginggil wontên tatahanipun (jêglogan tigang panggenan, wapên Portêgis (Portugeesche Rijkswapen) sarta wapênipun Prabu Dhonkarlos (wapen van Don Carlos) tuwin wontên sêratan Latin sêkar-sêkar: half gegraveerd nanging wosipun XOLXS wancahanipun (verkorting) têmbung Chtiste Olux salvotionis têgêsipun Christus O. recht mijner redding kirang langkung Jawinipun: Nabi Ngisa, o, pandam sêsuluhing kasampurnan kina.

Kyai Satama prunggunipun sulak abrit, calangaping pucukipun mawi gêgêl, ing bongkot ngangge rêrênggan dhapur tangan ambithi = anjagur (mila karan Si Jagur)§ Patrap tangan makatên punika kinanipun minôngka tuladha samukawis awon, winastan manus in fquo. nginggil mawi tatahan sastra Latin Exmeipsaranatasum kirang langkung Jawinipun, dumadiku manèh iku saka awakku dhewe = saking pangintên kula kajêngipun, awakku dhewe wau: awake dhewe mriyêm, dados ingkang kacithak dados Si Jagur wau lêburan mriyêm lami ingkang sampun botên kangge = têmbung: awakku dhewe ingkang nuwuhakên pangothak-athik, atêgês punapa malih kajawi tiyang, lajêng ngawontênakên dongengan warni-warni, sami mastani manawi asli saking malihan tiyang.

Miturut katrangan ingkang kantun piyambak, pamanggih kula sampun têrang manawi Kyai Satama sarta Kangjêng Nyai Satomi punika asli saking Portêgis, kalih pisan sapunika sami dados pêpundhènipun tiyang kathah.§ Sarèhning dêdongengan asli saking ing Bantên, mila ing tanah Jawi Kilèn, ingkang sangêt mêmêtri Si Jagur punika tiyang Bantên Com. v. Red.

Makatên cariyos aluranipun Kangjêng Nyai Satomi ingkang kawrat wontên ing Pusaka Jawi, ing mangke kula badhe ngaturakên pasêksèn manawi kangjêng nyai wau sangêt ingaji-aji, kajawi pamanggènipun sampun kula pratelakakên ing ngajêng, kangjêng nyai punika sabên ngajêngakên prêpêganing garêbêg dipun jamasi kalihan abdi dalêm [dalê...]

--- 63 ---

[...m] saragêni kiwa têngên, sajènipun warni-warni kados ing ngandhap punika:

Mênyan, arêng, jodhog, sêkar roncèn, lisah sundhul langit, uwos, klapa, gêndhis klapa, ayam gêsang, pisang ayu, sêdhah, gambir, jambe, sata, jungkat suri, kaca, lisah sêpuh, lètrèk, kêndhi, bêkakak tiyang sajodho (jalêr èstri) sêkar sêtaman, gêncok mêntah, rujak carobo, rujak dêgan, dhawêt, cikal kalih, sêkaran warni 4 (sindur, wayua, gadhung-mlathi, bangun-tulak) srêbèt pêthak 1, kacu, sêkul golong pêcêl pitik jangan mênir, ulam asahan, sêkul tumpêng slewah panggang ayam, tumpêng magana, tumpêng ropoh, sêkul wuduk warni 4 (biru, abrit, jêne, pêthak) ulam lêmbaran, clorot warni 4 (biru, abrit, jêne, pêthak) kêtan warni 4 (biru, abrit, jêne pêthak) êntèn-êntèn, ulêr-ulêran warni 4 (biru, abrit, jêne pêthak) glali gêtingan, klêpon warni 4 (biru, abrit, jêne pêthak) dipun krawu klapa. Srabi warni 4 (biru, abrit, jêne, pêthak) têbu kêrêtan dipun krawu klapa. Bikang warni 4 (biru, abrit, jêne, pêthak), kêmbang pari, ampyang dhêle. Jênang sliringan warni 4 (biru, abrit, pêthak, jêne) ampyang kacang ampyang wijèn, jênang baro-baro, jênang kapurônta, jênang abrit, jênang pêthak, jênang katul, lintingan katul, jongkong inthil, jajan pêkên, jajan dhusun, sadaya wau bilih wontên gothangipun salah satunggal kemawon têmtu wontên bêbaya agêng ingkang andhatêngi, kados ta: prahara agêng tanpa sangkan.

Sabên dintên malang, kangjêng nyai wau kajawi dipun caosi dhahar dupa tuwin sêkar, manawi nuju wulan sae, (kathah tiyang gadhah damêl) kangjêng nyai kathah ingkang nyaosi dhahar sêkul wuduk sapirantosipun, prêlu nyuwun barkah wilujêng anggènipun badhe gadhah damêl, ngantos wontên 20 dumugi 30 ambêngan têrkadhang langkung, dados rêsipun abdi dalêm ingkang sami caos ing sitinggil, ing wasana lêrês lêpatipun aluran kasêbut ing nginggil wau kula sumôngga para sarjana ingkang kaparêng anggalih.

Purwasastra

--- 64 ---

Kraton Kartasura

Schaal 1: à 5000

Katrangan

A. Ringin sêngkêran ngalun-alun lèr, sapunika dados dhusun, B. Masjid agêng sapunika dados kramatan, C. Èrêp loji tangsi, sapunika dados dhusun, D. Èrêp sitinggil, sapunika dados dhusun, E. Èrêp kandhang sima, sapunika dados dhusun, F. Èrêp kêputrèn sêntana, sapunika dados dhusun, G. Èrêp kradenayon, sapunika dados dhusun, H. Èrêp kêputrèn putra (putra dalêm), I. Èrêp kadipatèn, sapunika dados dhusun, J. Gêdhong piring, tembokipun taksih ngadêg, K.Griya pajagèn drahgondêr, L. Gêdhong obat, sapunika dados kramatan, M. Èrêp kraton, sapunika dados kramatan kalihan dhusun, N. Magangan, sapunika dados cusun,dhusun. O. Rêdi kunci tuwin sagaran sapunika dados sabin tuwin kramatan.

1. Kontên gapit lèr, 2. Kontên brajanala mandhungan lèr, 3. Kontên sri panganti lèr, 4. Kontên sri panganti kidul, 5. Kontên mandhungan, 6. Kontên gapit, 7. Butulan kadipatèn, 8. Butulan kaputrèn.

[Grafik]

--- [0] ---

Anglêrêsakên lêpating pangêcap, tumrap buku pangèngêt-èngêt jilid I

[Grafik]