Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 3, kaping 15 Ruwah Be 1856, utawi kaping 1 Marêt 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ingkang nanggêl isinipun organ punika para pangrèhing Narpawandawa. Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni,. wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Minôngka wrêdha pamong R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Mudha pamong: R. Sastrapurba, kampung Kapatihan Kilèn. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R.Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1924.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50 Kapacak sapisan.

Wara- wara

Kula nuwun, pangrèh ngaturi uninga, sarêng kalihan wêdalipun organ Narpawandawa punika, pangrèh ngaturakên buku pratelan namanipun para warga kaurutakên saking dêntawyanjananipun, sanadyan pandamêlipun pratelan punika sampun dipun atos-atos kalayan titi, sarta sagaduking sasêrêpanipun panitra II ugi sampun katindakakên saparlunipun, ewadene bokmanawi wontên kakiranganipun sasêbutan, saha klèntuning nama para warga mugi sampun kirang pamêngku, sarta lajêng maringana katêrangan dhatèng pangrèh. Awit pratelan wau namung lugu mêndhêt saking buku agêng cêcêpênganipun panitra lami, punapa malih manawi wontên putra santana dalêm ingkang sampun malêbêt dados warganing Narpawandawa, môngka asmanipun dèrèng [dè...]

--- 18 ---

[...rèng] kapacak wontên ing buku pratelan wau, lajêng kaparênga tumuntên paring katêrangan dhatêng panitra II badhe kalêbêtakên ing buku sarta kawara-warakakên wontên ing organ supados kauningan ing para warga, wontênipun pangrèh karaya-raya ngêcapakên buku pratelan namanipun para warga kalayan waragad kathah, punika botên sanès amung murih sagêdipun sangsaya supêkêt anggènipun pasadhèrèkan, ingkang tundonipun sagêd gumolong dados satunggal, manah dhatêng kabêtahanipun pakêmpalan, kados ungêl-ungêlan ing têtêngêr (insinyê) ripun Narpawandawa, inggih punika: eka paksa karya sakti, têgêsipun rukun agawe santosa, saiba bingahipun para pangrèh manawi para warga sagêd kalampahan sayuk rukun rumakêt ing damêl, karsa biyantu anggalih dhatêng pakêmpalan ingkang wusananipun sagêd saya santosa. Makatên malih tumrapipun para warga anyar, panindakipun sapunika bilih sampun wontên sawatawis, sarta para warga ingkang prasabên santun nama utawi asma namanipun ugi badhe kapacak ing organ, supados kauningan para warga.

Kajawi punika, sarèhning benjing parêpatan agêng ngajêng punika pangrèh dèrèng nampèni usul-usul saking para warga, mila pangrèh angajêng-ajêng sangêt, para warga kaparênga lajêng angintunakên dhatêng panitra I. R.M.H Padmawinata ing kampung Tamtaman (Baluwarti).

Kasêrat kaping 1 Marêt 1926.

Pangrèh

Pangarêm-arêm

Nuwun, sakalangkung andadosakên karaosing manah kula dene sabên wontên kabar sarêming-sarêming tansah adamêl sumêlanging manahipun ingkang sami kataman, liripun kabar sudaning kaluhuran, 2. sudaning abdi dalêm, 3. awrating sêsanggèn, kabar tigang prakawis wau sagêd adamêl kêtir-kêtiring manahipun para ingkang kataman, pangèsthining manah bokmanawi inggih botên liya sampun ngantos dhumawah. Satêmah [Satê...]

--- 19 ---

[...mah] ingkang sami kataman lajêng tutuh-tinutuh ingkang botên kantênan wusananipun, tuking kabar ingkang nyumêlangi wau saking pamanggih kula piyambak, botên liya saking dèrèng kalêrêsan panggulawênthahing praja punika pancèn botên gampil, sanadyan para nara panggulawênthah praja wau sampun pêpilihan sadaya, ewadene mêksa tansah adamêl kêtir-kêtiring manahipun ingkang sami kataman, dalasan para nara panggulawênthah praja piyambak ugi tumut kêtir-kêtir.§·Manawi saking pamawas kula dumadosing was sumêlang punika saking kêtêlasan piandêl, karaosna ingkang lêbêt, Wrd P.

Ragi nyalewo sakêdhik, para satriya punika mirit saking Pustakaraja, inggih punika para putra santananing ratu, kawajibanipun angenaki tyasing sasama, lan anggadhahi watak santosa ing budi botên ngêdhapan, satriya panêngah Pandhawa Radèn Janaka pêrang kalihan danawa, punika danawanipun anggêro-gêro saha jêmpalikan, Sang Dananjaya namung ayêm kewala botên rinaosakên panggêronipun, nanging namung prayitna, sarêng danawa nubruk, Sang Dananjaya endha têrus anjênggit sakala danawa gumêbrug dhawah ing siti, patitising ginêm kanthi santosaning panggalih sagêd kadosdene Sang Dananjaya.

Grembyang santun bab sèlêp bêstir§ Praja dalêm punika sampun langkung saking sèlêp bêstir. Wrd. P. (nguwaosi piyambak) saya angèl-angelan, ning: sapa têmên tinêmênan, kosokwangsulipun, sapa goroh ginorohan.

Gajêgipun para liding Narpawandawa sampun sami tampi têdhakan jawabipun Kangjêng Tuwan Murling wakiling pamarentah luhur Indhiya Nèdêrlan wontên ing polêkrad tumrap atur pitakènipun Kangjêng Gusti Arya Prabu Prangwadana, bab karaton saha praja tanah Jawi, wosipun kemawon, kangjêng guprêmèn botên badhe nyuda wawênanging pamarentah karaton saha praja tanah Jawi, malah badhe nyaèkakên ingkang tundonipun sagêd nampèni panguwaosipun kangjêng guprêmèn, awit manawi sakintên sampun kuwawi nampi, sêlot-sêlotipun kuwaosipun kangjêng guprêmèn lajêng badhe

--- 20 ---

kalumuntakakên (mokal yèn cidraa).

Dados kabar ingkang nyumêlangi wau mokal yèn nyataa, atur pamrayogi kula kabar ingkang nyumêlangi manah wau prayogi botên kagalih, balik anggondhèlana kajêngipun guprêmèn ingkang sampun kalairakên kasbut nginggil, tinimbang angraosakên kabar ingkang nyumêlangi manah, aluwung ngudi sagêdipun tumuntên sagêd kuwawi nampi kuwaosipun kangjêng guprêmèn ingkang badhe kalumuntakakên wau, dene pangudi wau kêdah sumêrêp patitis punapa ingkang badhe kaudi, manawi dèrèng sumêrêp, kêdah pitakèn dhatêng ingkang sampun sumêrêp, ingkang wênang sangkutan rêmbag bab punika prayogi pitakèn dhatêng guprêmèn, mênggah wujud, wujud punapa, manawi patindak, tindak ingkang kadospundi ingkang dipun wastani kuwawi nampi panguwaosipun kangjêng guprêmèn wau, dados sadaya kabar ingkang kirang sakeca botên parlu ginalih, mindhak angrêrônta panggalih. Manawi sampun têrang saupami tindak ingkang kuwawi nampi panguwaosipun kangjêng guprêmèn wau tindak ingkang makatên. La punika para nara panggulawênthah karaton saha praja Jawi, wajib lajêng rumagang angudi sagêdipun nindakakên ingkang dipun wastani kuwawi nampi wau.

Panggrayangan kula piyambak, nanging bokmanawi botên têbih kalihan nyatanipun. Ingkang dipun wastani kuwawi nampi panguwaosipun kangjêng guprêmèn wau, bokbilih manawi sampun sagêd ambêg sagara, liripun sampun sagêd amêngku kawula warni-warni, têgêsipun, sintên tiyangipun utawi punapa kemawon ingkang ngambah bawahipun, inggih kêdah sagêd anggulawênthah ingkang sae lan sampurna, amila inggih botên gampil. Ananging sanadyan angèl-angèla kados punapa manawi sampun kacêpêng gêlat-gêlitipun, inggih gampil ugi, botên beda petang suwalan, manawi sampun kacêpêng lampahipun inggih lajêng anggalidhik kemawon, manawi dèrèng kacêpêng lampahipun inggih tansah bêseyol botên sagêd cocog, manawi ingkang ngetang dèrèng sumêrêp lampahipun nanging sampun dipun dèkèki candhakanipun, punika asring dipun bêdhagal kemawon, candhakan lajêng kapasang, guru ingkang mariksa manawi titi sanadyan candhakanipun sampun cocog.

--- 21 ---

Ewadene sarèhning lampahipun wau bêdhagalan inggih mêksa dipun salahakên, kapurih ngetang malih.

Amila para manggalaning nara panggulawênthah praja, inggih kêdah titi pamariksanipun kadosdene guru sakolah mariksa petang suwalan ingkang panggarapipun sarana bêdhagalan utawi ingkang sumêrêp lampah, awit manawi panggarapipun sarana bêdhagalan, ingatasipun barang angèl, asring damêl sumêlanging manah ingkang tundonipun damêl susah, kosokwangsulipun, manawi panggarapipun kalêrêsan ing lampah inggih damêl mayar saha nyênêngakên manah tur panggarapipun gampil.

Mênggah panggarap ingkang bêdhagalan wau tukipun asring saking ingkang anggadhahi watak namung makolèhakên badanipun piyambak, janji badanipun kacêkap ngrika-ngrika rêkaos kajêngipun. Kana-kana sudanana balanjane wuwuhna aku. We la sasat rôngga thono-thono ane, sabarang sarwa gêduga, niyaga gih kula, pangulu ênggih kula, prajurit ênggih kula, la wong gêduga. Manawi para manggalaning nara panggulawênthah praja kèlu dhatêng pirêmbagipun sang para lir angganing rôngga thono kaping kalih, kintên kula tangèh sagêdipun kuwawi nampi panguwaosipun kangjêng guprêmèn. Awit ambêg sagara liniru ambêg pacêrèn. Langkung rupak sangêt, mêngku bala warni-warni malih sagêda, mêngku bala sakêdhik kemawon sampun camprèng, kabêkta kèlu dhatêng sang lir angganing rôngga thono kaping kalih. Ngrika-ngrika dipun anggêp tanpa damêl, dipun anggêp sakêdhik parlunipun, ngêmungna para sang lir angganing rôngga thono piyambak, dangu-dangu badanipun inggih tanpa damêl, awit kêkathahên pandamêlan, ngriki cèwèt, ngrika dèrèng rampung ngriku botên kasait. Beda manawi botên kèlu dhatêng sang lir angganing rôngga thono-thono, ananging nulat wulanging Prabu Kusumawicitra, saha Prabu Rama, sabarang kangge damêl, talethong awoning awon mêksa kangge ing damêl, saking sagêdipun ngêmpakakên, andadosakên suburing têtanêman. Sampun tanpa camprèng. Manawi sampun sagêd nindaki ingkang sagêd ambêg sagara kasêbut nginggil tamtu lajêng kuwawi nampi panguwaosipun kangjêng guprêmèn.

--- 22 ---

Mênggah kanyataanipun kemawon, abdinipun kangjêng guprêmèn samangke sampun warni pintên tiyang kemawon, Jawi Cina Landi Koja, Madura, Bali, bôngsa Indhiya Nèdêrlan. Lo rak inggih ta rama rêdhaktur, rak inggih kêdah momor makatên ta, punika lajêng bokbilih lajêng wontên pitakenan, we lah dianggo wragad apa yèn dikon ngingu batur kèhe samono, lah manawi wontên pitakenan makatên, wangsulan kula, pêrlu langkung rumiyin anggadhahi watêg sagara, dene waragad punika, sok-a panguwaos sampun kalumuntakakên inggih tamtu sagêd mragadi, awit tuking wragad wau saking panguwaos. Dalancang salêmbaripun dipun kanthèni panguwaos sagêd dados griya agêng intên sagriya dipun adhangi panguwaos, inggih botên sagêd dados punapa -punapa namung maligi intên kemawon.§ Karanganipun sadhèrèk rahayuning jagad, punika mêngku karsa ingkang lêbêt, inggih gawat, manawi botên kalintu panampi kula wosipun, yèn cidra iya gênti dicidrani, katôndha mawi sapa goroh ginorohan, sayêktosipun pancèn inggih kêdah makatên, jangji manut miturut tansah dipun têtêpi, nanging jangji ngamping- ampingi sarta nglastantunakên, dèrèng dipun têtêpi, kêdah dipun tagih. Wrd. P.

Tatanan Abdi Dalêm

Kados para sadhèrèk warga sampun sami mirêng, bilih pakêmpalan Narpawandawa mêntas angladosakên pamrayogi dhatêng nagari, bab anggènipun nagari nata cacahipun abdi dalêm, punika andadosakên kirang têntrêming manahipun ingkang kataman (abdi dalêm) kathah ingkang kuwatos bokbilih lajêng dipun kèndêli, awit saking kawontênan makatên wau, Narpawandawa nyuwun dhatêng nagari kaparênga andhawuhakên pranatanipun tumrap panataning abdi dalêm wau, sarta ingkang karucat-rucat supados sami sumêrêp badhe wusananipun, amargi manawi abdi dalêm punika kathah ingkang kirang têntrêm manahipun, badhe sagêd anjalari kirang prayogi dhateng kawontênaning praja. Nagari lajêng andangu dhatêng Narpawandawa, kawrat sêrat dhawuh katitimasan kaping 14 Sèptèmbêr 1925 ôngka 130 4/II D/3, suraosipun mundhut katrangan, [katrang...]

--- 23 ---

[...an,] mênggah anggènipun pakêmpalan Narpawandawa mirêng para abdi dalêm kirang têntrêm manahipun saking nagari nata cacahipun abdi dalêm, mirêngipun saking sintên, sarta ingkang kirang têntrêm wau namanipun sintên, parlu kangge anjangkêpakên panggalihanipun awit pêpatih dalêm botên angsal pamirêng. Pakêmpalan Narpawandawa lajêng angulari katrangan kawrat sêrat paturan katitimasan kaping 28 Sèptèmbêr 1925 ôngka 58/43 na, suraosipun manawi Narpawandawa kadangu pamirêngipun wau saking sintên, sarta sintên namanipun abdi dalêm ingkang kirang têntrêm manahipun, punika pakêmpalan Narpawandawa awrat angaturakên namanipun, dene manawi nagari kirang pitados dhatêng aturipun pakêmpalan Narpawandawa wau, langkung prayogi nagari andangu dhatêng para pangagêngipun abdi dalêm. Aturipun Narpawandawa kasêbut ing nginggil punika lajêng kadangokakên dhatêng para pangagêng, kawrat sêrat dhawuh katitimasan kaping 10 Oktobêr 1925 ôngka 1304/II D/3, sasampunipun nagari nampèni sêrat-sêrat paturanipun para pangagêng, lajêng andhawuhakên kawrat wontên ing sêrat kabar paprentahan, turunanipun kados ing ngandhap punika:

Ôngka 100/II D/3.

Tatêdhakan

Tatanan abdi dalêm.

Dhawuh marang para bupati sarta wadana, manira mirêng manawa para abdi dalêm ana kang ora têntrêm atine kagawa saka anane tatanan abdi dalêm, sumêlang manawa banjur diundur sabab tatanan mau sapiturute, sawuse manira nampani paturane para bupati sarta wadana, ngaturi katrangan anane pawarta mau, ing mêngko manira anggalih parlu paring sumurup marang para abdi dalêm, yèn pangira kang kaya mangkono iku kalèru, durung ana kang kalakon abdi dalêm katindakake kaya kang disumêlangi mau, anjaba pamajêgan kang wus karancang lawas marga wus ora duwe baku kawajiban, dene tumindake panata lan panyuda cacahe abdi dalêm mau, kang wus dadi kaparênge Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, mupakat kangjêng tuwan residhèn, ora bakal nyopoti marang abdi dalêm [da...]

--- 24 ---

[...lêm]

kang isih bisa nindakake pagaweane, tumindake panyuda mung sarana kaingsar-ingsêr nganti tumêka sarampunge. Awit saka iku marmane parlu bangêt abdi dalêm mau mituhu ing parentah manawa kaingsar-ingsêr saka pangkate lawas, parlu anindakake tatanan mau. Manawa ora ngèstokake kaingsêr iku manira kanggêp ora ngèstokake parentah, dhawuh manira iki kapacak ing kabar paprentahan supaya para bupati lan wadana padha sumurup lan anyurupake marang rèh-rehane.

Dhawuhing parentah kaping 11 Januari 1926.

Pêpatih dalêm, Wg. Jayanagara.

Garapan wisudha.

Wg. Prajalukita.

Wontênipun rêmbag bab punika kula sangsangakên ing organ ngriki, pamanah kula parlu dipun uningani para sadhèrèk warga saha para maos sadaya, supados sampun sami sumêlang panggalihipun, ing wêkasan sagêd têntrêm sarta tuwajuh anggènipun sami nindakakên pakaryan nagari.

Panitra.

Pêpanggihan

Kadosdene wara-waraning pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa, parêpatan agêng taunan, lêrêsipun wontên ing wulan Januari kapêngkêr punika, namung sarèhning wontên pêrlunipun ngêntosi palapuran saking panitya (Commissie) ingkang kapatah nyinau badhe ewahing adêgipun rad nagari enz. Mila parêpatan agêng taunan wau kaundurakên kaangkah benjing wulan April, lajêng dipun sêlani pêpanggihan kemawon, pêpanggihan wau sampun kalampahan nalika dintên malêm Rêbo tanggal kaping 9/10 Pèbruari 1926 wontên ing dalêmipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat, klêmpakipun para warga wanci jam 8 sontên, ing pandhapi katingal asri dening sampêt uparêngganipun, para warga ingkang sami mêrlokakên rawuh ing

--- 25 ---

pêpanggihan wau watawis 200 kalih atusan, ing ulêm kasêbutakên mawi lêlangên, sasampunipun para warga ngalêmpak, pangarsa nêrangakên, pêpanggihan dalu punika kalêrêsan sangêt, anyarêngi wiyosan tumbukipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat yuswa 64 taun, mila pêpanggihan punika ngiras ngaturakên kasugênganipun, para warga lajêng sêsarêngan sami ngadêg, sanadyan botên kalair, ananging ing raos sampun sami ngaturakên pêpuji sugêng sarira dalêm kangjêng, sarta para warga nyuwun barkah sagêda kados panjênêngan dalêm kangjêng, lajêng sami ngunjuk sêsarêngan, Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat lajêng mêdhar sabda: wosipun sangêt gênging panuwunipun, sarta paring pêpuji mugi-mugi pakêmpalan Narpawandawa widadaa sapanginggilipun tambah- tambaha supêkêtipun. Sasampunipun punika pangarsa lajêng nêrangakên malih, sarèhning nêmbe kemawon putri dalêm Bandara Radèn Ajêng Kusbandinah seda, mila botên saèstu mawi lêlangên, sumêrêp para warga angunjukakên andhèrèk bela-sungkawanipun dhatêng pangayoman kita Sahandhap Ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun ing ngriku para warga sapandurat sami kèndêl kados ngêningakên cipta, ngunjukakên pêpuji, mugi-mugi gusti pêpundhèn kita tumuntêna lêjar panggalih dalêm. Pangarsa lajêng mêdhar sabda: sintên para warga ingkang kaparêng sêsorah ingkang sagêd maedahi dhatêng pakêmpalan, badhe katampèn kalayan rênaning panggalih.

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat jumênêng, wosipun paring pangandika badhe sêsorah bab kawontênanipun wayang sadalu, lajêng kawiwitan kados ing ngandhap punika:

Badhe kasambêtan.

Bedanipun Lair kalihan Batin, Inggih Atêgês Jawi lan Lêbêt

Kathah ingkang kula mirêngi, satunggal kalih nyipati piyambak, wontên santana dalêm kenging prakawis palanggaran, ingkang kêrêp palanggaran wau abên sawung, kasukan cêmèh punapa jèmèh, botên nêtêpi dhatêng pranatan wonêng, rêrêsik sapanunggilanipun, [sapanunggi...]

--- 26 ---

[...lanipun,] tumindakipun pamrakawis wontên ing lan-gêrèh, tumindak makatên wau: yakin saking sami lêpatipun, liripun makatên, wontên kalanipun ingkang dipun prakawis botên purun ngakên santana dalêm, wontên kalanipun sanadyan ingkang mrakawis sampun sumêrêp bilih punika santana dalêm, dupèh botên pratela lajêng rewa-rewa botên sumêrêp, namung ingkang kêrêp lêpatipun ingkang dipun prakawis, kula nate pitakèn dhatêng salah satunggiling santana dalêm ingkang pinuju badhe ambayar dhêndhan dhatêng lan-gêrèh, sababipun punapa dening botên karsa ngakên santana dalêm, wangsulanipun:

1. Lingsêm, dening santana dalêm kenging prakawis babagan palanggaran (rèmèh) kemawon ngangge ngakên santana dalêm, nama ngisab- isabakên ingkang kagungan santana.

2. Anggampilakên panindak, dening lajêng rampung, botên wira-wiri.

Mênggah kadadosan ingkang makatên wau, manawi dipun sawang sagrabyasan lêrês, sapisan sajak gadhah pikajêngan angrêksa dhatêng karaton dalêm, sagêda katingal sae. Kaping kalih: sapisan rampung lajêng pêrlu manah sanès. Ananging manawi dipun manah ingkang panjang (lêbêt) gêgancêngan prakawis panguwaos sarta wawênang, botên ngakên santana manawi kapêngkok ing pêrlu, namung ngangge sabab makatên punika kalintu sangêt. Amargi manawi ngèngêti pandhêsêking liyan, sarta sudaning panguwaos, sampun tamtu tumindak makatên wau botên sae, kula kêdah èngêt dhatêng glibêding jaman, rosaning pandhêsêg, manawi saya dangu saya katingal para santana dalêm sami ambalawur botên ngakên santana, saèstunipun lajêng mahanani pangintên-intên, bilih pangadilan dalêm wau botên sae. Sampun tamtu saya rikat anggènipun nyirnakakên. Sawêg ing kalairan kemawon, damêl pitunanipun praja dalêm. Kauningana: palanggaran punika karampunganipun namung kadhêndha ing pradata dalêm ugi sami kemawon tumindak dhêndha, dados manawi santana dalêm nêrak palanggaran punika dhêndhanipun katur ing parentah kajawèn, beda manawi botên ngakên santana, dhêndhanipun tamtu dhatêng parentah gupêrmèn.

--- 27 ---

Wosing atur, manawi kita santana dalêm anggalih lingsêm, dening santana dalêm nêrak palanggaran, punika aluwung inggih botên nêrak kemawon, dados botên damêl lingsêm, namung sarèhning santana dalêm punika inggih sami kemawon mawi kadunungan kasupèn, dados manawi sampun kapêksa nêrak, inggih sampun ngantos botên ngakên santana dalêm.§ Santosa, waspada, punika pathining tiyang. Wrd.P.

S.W.M.

Samad- sinamadan

Nuwun, wêdalipun organ Narpawandawa ing Pèbruari 1926 ingkang ngalamat dhêsêg-dhinêsêg, punika mratelakakên anggèning para darah dalêm manawi kenging prakawis, tumrapipun pamariksa sapisan aliyas purlopêh ondêrsuk, kagarap wontên ing sèksi, pradata namung kantun ngrampungi, punika saking pamanggihipun sadhèrèk S.W.M. kamanah awit saking lêpatipun para darah dalêm piyambak, dene sabên dipun rampungi prakawisipun dening pradata namung tansah rumaos dèrèng adil, anjalari gampiling pandhêsêgipun golongan agêng dhatêng wawênangipun golongan alit.

Nuwun, sanadyan kula punika sanès bangsanipun tiyang ahli pangadilan, ananging gadhah pamanggih, dados inggih pêrlu urun rêmbag sagêda kenging kangge nglimbang ingkang sami nupiksani.

Mênggah bab karampungan punika adil lan botênipun saking pamanggih kula botên saking sabab purlopêh ondêrsuk, ananging sangking anggènipun ngrampungi, dados manawi anggènipun ngrampungi wau sampun andadosakên panarimahipun ingkang dipun rampungi, (panarimah ingkang botên saking lumuh sarta ajrih) inggih punika sampun kenging dipun wastani adil, amila ing pangadilan kabupatèn taksih kenging kainggahakên dhatêng landrad, landrad taksih kenging kainggahakên dhatêng rad pan yustisi, parlunipun inggih kangge saringaning pangadilan ngandhap ambokmanawi taksih

--- 28 ---

kalêmpit anggèning mancasi prakawis pangadilan ngandhap wau, dene purlopêh ondêrsuk punika minôngka prabotipun kangge ngrampungi, inggih punika ingkang badhe ngrampungi sampun nyumêrêpi urusing prakawis langkung rumiyin, dados ajêngipun wontên pangadilan, ingkang ngadili botên susah andangu kathah-kathah kantun nocogakên kalihan purlopêh ondêrsuk kemawon, sasampunipun cocog lajêng sagêd tumuntên andhawahakên karampungan.

Nuwun, bab anggèning purlopêh ondêrsuk saking pratelanipun sadhèrèk S.W.M. samangke prakawisipun para darah dalêm, pamariksa kang kawitan, kagarap wontên ing sèksi sarta kamanah wontênipun makatên wau saking lêpatipun para darah dalêm piyambak punika saking pamanggih kula botên saking lêpatipun para darah dalêm, manawi nyata tumrap purlopêh ondêrsuk kagarap wontên ing sèksi, punika saking pangintên kula kêtarik saking pilah-pilahing kuwajibanipun pulisi kalihan pangadilan, inggih punika pulisi anggarap mêntahipun, pangadilan sampun nyumêrêpi matêngipun, dados saupami pradata nêdya anggarap mêntah matêngipun tumrap prakawisipun para darah dalêm punika saking pangintên kula tumrap sèksi malah bingah, awit suda garapanipun, kalihan malih tiyang sèksi punika wawêngkon nagari, ugêr nagari dhawuh tumrap prakawisipun para santana dalêm wiwit purlopêh ondêrsuk dumugi rampung kêdah kagarap pangadilan pradata piyambak, tamtu inggih kalêksanan, sèksi botên susah tumut-tumut, bokmanawi malah ènthèng.

Nuwun, ingkang sinêbutakên pangadilan pradata manawi ngadili sanadyan sampun nêtêpi wêwaton mêksa taksih dèrèng andadosakên panarimahipun para ingkang dipun adili, punika manawi nyata karampunganipun botên tinarimah saèstu, punika pamuji kula sampun ngantos nutuh dhatêng ingkang dipun adili, malah sinaringa kalihan tindak botên wêgah anglaras dhudhuking prakawis ingkang badhe dhumawah ing karampungan sagêda adil saèstu ingkang ngantos tinarimah botên saking lumuh saha ajrihipun ingkang dipun rampungi, sampun ngantos cinacad ing sanès, manawi [ma...]

--- 29 ---

[...nawi] pangadilan pradata tansah ngadil saèstu, punika kajawi nêtêpi wajibing pradata, ugi ngrêksa amêwahi kaluhuraning panguwaos dalêm pangadilan ingkang kapatêdhakakên majibi dhatêng pradata.

H.P.M.P.§ Dumadosipun pêpilahan punika tamtu wontên sababipun, sabab wau warni-warni inggih ugi gawat, dening sabab warni-warni wau S.W.M. ugi wontên lêrêsipun. Wrd. P.

Sambêtipun Organ Narpawandawa ôngka II

Dene êmpaning daya punika manawi lêlantaran kados ing ngandhap punika:

Awrating karya punika saking kirang rêna. Wontênipun sah saking ginagasah. Wontênipun nêpsu saking kasêndhu. Wontênipun bingah saking kasludhah. Wontênipun mutung saking botên kapetung. Wontênipun pakewuh saking dèrèng wanuh. Wontênipun wêdi saking sônggarunggi. Wontênipun jirih saking tanpa pamrih. Wontênipun kuwur saking kablawur. Wontênipun kêndêl saking ngandêl. Wontênipun nguthuh saking kabutuh.

Pramila para marsudi budi sampun ngantos kengguh yèn kataman dayaning liyan, kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, kosokwangsulipun sampun susah yèn ginagasah, sampun nêpsu yèn kasêndhu, makatên sasaminipun.

Wosipun sampun mijèni panggalih awon, sampun kawijenan saking awoning liyan, awit bilih kataman utawi anamakakên ingkang mokal, saèstu badhe tuwuh kasusahan, mila ingkang awas emut lampahing daya, awit [awi...]

--- 30 ---

[...t] lêpasing daya punika bilih sampun katrucut awon rêkaos anggènipun nututi, dene manadhimanawi. badhe nandukakên daya, anggayuh dhatêng wiryan, kapintêran, kasugihan, kasênêngan sasaminipun, punika salah satunggal ingkang dados tuking karsa dayaning karsa sampun ngantos kawoworan galih sanès-sanèsipun, sampun ngantos cuwa yèn dèrèng dumugi kang sinêdya, mênggah patrapipun kadosdene kasmaran ing wanodyayu, linampahan ngêningakên cipta, kadosdene ingkang kasêbut ing ngajêng wau, dene bilih sampun kasmaran, saèstu punika tôndha bilih tumama, badhe kadumugèn ing sakarsa.

Mênggah ingkang dados wêwalêr lampahing daya wau, sampun anyipta manawi badhe kakirangan, sampun was sumêlang, tuwin sampun anyipta manawi badhe karisakan, sapanunggilanipun, awit manawi katrucut badhe anêmahi, pramila traping panyipta ing salami-laminipun ingkang awas prayitna.

Samukawis panêdya punika sampun ngantos katingal lawan panyêngka, awit bilih daya sumêngka sadaya botên kadadosan, sanadyan pandamêl lair ugi botên prayogi saha saru bilih dinulu ing liyan, prayogi tumindak ing sapikantukipun, kanthi dêdugi lan prayogi, jalaran tumanduking daya pangaya wau kanthi srênging driya, dados kanthi daya awon, sanadyan sagêda kadugèn ing karsa badhe wontên wêwagêlipun, yèn kaluhuran botên lami tumuntên apês, sarta botên sagêd turun dhatêng putra, yèn kasugihan wêwagêlipun badhe kamlaratan, pramila kathah tiyang tampi barang tilaranipun tiyang tilar (pêjah) punika dados kamlaratan, awit wêwinihing kasugihan wau saking srênging driya.

Lampahing badan, yèn kataman coba, amusthia: trima, têmên.§ Ingkang kathah lajêng lacut, wêkasan murugakên apês, mila trima ing ngriki trima kadospundi, kêdah dipun kandhasakên yêktos. Wrd. P.

Lampahing manah, yèn kataman pangrudah amusthia: lêgawa.

Lampahing jiwa, sarèhning jiwa sampun alus tuwin suci, kêdah amusthia: kandêl-kumandêl.

--- 31 ---

Lampahing rahsa, sarèhning rahsa punika sampun mulya, kêdah amusthia: awas èngêt.

Mênggah lalampahanipun tiyang gêsang punika, saèstu badhe kadunungan suka tuwin sungkawa, punapadene bêgja tuwin cilaka, wondene ingkang dipun wastani agêng-angênging kabêgjan wau, kawan prakawis, kados ing ngandhap punika:

I. Kagunan, têgêsipun kasagêdan, pamrihipun kinèdhêpan, witipun saking puruita, kalampahanipun saking tabêri, kadadosanipun saking mindêng lawan wêweka, nanging ingkang dados sambikalanipun manawi rêsah lawan sungkanan.

II. Kasinggihan, têgêsipun: kaluhuran, pamrihipun kajèn kinurmatan, witipun saking nastapa lawan têtaki, kalampahanipun saking puja lawan pangabêkti, kadadosanipun saking anuraga, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi loba angkara murka.

III. Kabêgyan, têgêsipun kasugihan, pamrihipun kinalulutan, witipun saking anggaota, kalampahanipun saking sabar narima, kadadosanipun saking gêmi nastiti sarta angati-ati, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi lèrwèh lawan angumpêt.

IV. Kabrayan, têgêsipun: wrêdèn sugih putra wayah, pamrihipun kopèn kinamulèn, witipun saking sih, kalampahanipun amêpêt pangandika, kadadosanipun saking môntra lawan sarana, nanging ingkang dados sambekalanipun manawi para sêngitan lawan sumêlangan.

Sadaya wau sampun têtela, yèn dados panggayuh geyonganing agesang, pintên banggi sadaya, botênipun inggih salah satunggal, suprandosipun kathah ingkang botên kalêksanan, jalaran botên kuwawi nanggulang pakartining pôncawisaya, môngka punika dados sêsêpuhing badan, tuwin sêsanglinging budi, sanggitanipun makatên.

Upaminipun sêdya mawa sangsara, sapira gêdhening sangsara, dadi sarananing nugraha, sangsara mau yèn tinampan sajatine mung dadi coba, sanadyan sampun wontên wulang [wu...]

--- 32 ---

[...lang] ingkang kados makatên, inggih taksih sami botên bêtah tumahaning pôncawisaya. Dene ingkang dipun wastani pôncawisaya wau makatên.

I. Rogarda, têgêsipun sakiting badan. II. Sangsararda, têgêsipun rêkaosing badan. III. Wirang arda, têgêsipun sakiting manah. IV. Cuwarda, têgêsipun rêkaosing manah. V. Durgarda, têgêsipun pakèwêding manah.

Gangsal prakawis punika saminipun makatên:

I. Yèn kataman sakiting badan, angèsthia: rila, têmên, lêgawa. II. Yèn kataman rêkaosing badan, angèsthia: bêtah ngangkah lêmbah manah. III. Yèn kataman sakiting manah, angèsthia: tata titi têtêg ngati-ati. IV. Yèn kataman rêkaosing manah angèsthia: ênêng, êning, awas-eling. V. Yèn kataman pakèwêding manah, angèsthia ngandêl, kandêl, kumandêl.

Ing puwara kula nyumanggakakên ing panimbangipun saking wahyaning môngsakala, ingkang pantês dhawah sêmbada kalihan sambawa, môngsa borong ing saprayoginipun. Pun Mudha.

Pariwara

Pangêcapan Budi Utama Kauman Surakarta, Bêbathonipun Para Sadhèrèk Jawi

Sadhiya sadaya prabot panyêratan, kados ta: dlancang, mangsi, amplop, buku-buku, kwitansi, pêrtêpèl tuwin sanès-sanèsipun, pêlpèn. Wiwit rêgi f 0,45 dumugi f 13,- ingkang sangking maspilèt.

Nampèni wêlingan cap-capan sadaya modhèl agêng alit, rêrêgènipun kapetang mirah katimbang sanèsipun.

Prayogi nyobi rawuh nyatakakên dhatêng toko drikkre Budi Utama.