Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 4, kaping 17 Ramêlan Be 1856, utawi kaping 1 April 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ingkang nanggêl isinipun organ punika para pangrèhing Narpawandawa. Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Minôngka wrêdha pamong R. Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Mudha pamong: R. Sastrapurba, kampung Kapatihan Kilèn. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1924.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50 Kapacak sapisan.

Ôngka: 203.

Undhang-undhang

Têrang ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun ordhê ing Siyêm, Pêpatih ing Karaton Dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake wuwuhane layang undhang-undhang manira katitimasan kaping: 30 Jumadilawal Jimakir 1834, utawa kaping: 12 Agustus 1904, ôngka: 202 kaya ing ngisor iki.

1. Para santana dalêm kang wajib lapur manawa duwe anak, iku mung tumêka buyut dalêm.

--- 34 ---

2. Para santana dalêm, manawa salin jênêng sadhengaha nalare, iku kudu lapur manawa ngladèkake bali pikukuhe. Bakal banjur kaparingan liru pikukuh.

Iku padha angèstokna saprêlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 3 sasi Rêjêb taun Jimakir, ôngka 1834. Utawa kaping: 13: Sèptèmbêr taun 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Wg. Sasradiningrat.

Ôngka: 202.

Undhang-undhang

Têrang Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, opisiring ordhê oranyê nasao, opisiring krun ordhê ing Siyêm, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani akèhe para santana dalêm supaya gampang yèn ana prêlune, andhawuhake kaya ing ngisor iki:

Para santana dalêm, wayah buyut sarta canggahe panjênêngan dalêm nata, kajaba kang wus kakarsakake dadi pangeran, padha lapura marang nagara mêtu babêkêling putra santana dalêm, mawa katrangan salasilah urut-urutane saka panjênêngan dalêm nata, nagara bakal banjur maringi pikukuh.

Wiwit titimasane layang undhang-undhang iki, yèn ana santana dalêm kang duwe anak, utawa tinggal donya, sapa kang duwe wajib, banjur lapura marang babêkêling putra santana dalêm, sarta babêkêling putra santana dalêm banjur anglapurna marang nagara, bakal kaparingan pikukuh utawa dipèngêti ana ing buk nagara, manawa ana kang tinggal donya pikukuhe kudu kaladèkake bali marang nagara.

Sabên satêngah taun sapisan, ing sasi Mulud sarta Pasa, pêpatih dalêm bakal anglapurake suda wuwuhe santana dalêm konjuk ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. [Susu...]

--- 35 ---

[...hunan.]

Manawa ana kang ora ngampil pikukuh kaya surasane layang undhang-undhang iki yèn ana prêlune bakal ora kaanggêp santana dalêm.

Undhang-undhang iki uga tumrap marang para santana dalêm kang wus dadi abdi dalêm bupati sapêpadhane sapangisor.

Iku padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 30 sasi Jumadilawal taun Jimakir, ôngka 1834 utawa kaping 12 Agustus taun 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Wg. Sasradiningrat.

Jênu Tawa

Mênawi wontên tiyang dipun aruh-aruhi ing sadhèrèk utawi mitranipun, wangsulanipun badhe pados bêtah (butuh) mênggahing têmbung mathuk sangêt upami ingkang aruh-aruh wau lajêng wicantên, sumôngga ta bêtah kula kêkathahên mugi panjênêngan têmpil.

Gupêrmèn Walandi kalayan sasêlot-sêlotipun badhe nglumuntakakên wêwênangipun dhatêng paprentahaning karaton Jawi. Cêdhak ora senggolan, adoh tanpa wangênan, sasat ngêntosi silêming baita gabus, kambanging sela itêm, sintên baya ingkang sagêd suka pitêdah sarta minangkani sarananipun, parentah jawi punapa purun nêdha? namung ingkang pêrlu manah mênapa ingkang kêdah katêdha rumiyin.§ Mugi ingkang pitados, dangu-dangu tamtu kasêmbadan punapa ingkang dados pangônta-antaning panggalih.

Anggènipun marsudi kamajênganing bawahipun karaton Jawi badhe botên nilar paprentahanipun karaton Jawi, ning ragade, rencang mênawi nêdya nyumêrêpi sarta graita lampahing bandara, sapa sira sapa ingsun, pepe kêrtêke, mula aja

--- 36 ---

sok dhèmpèl-dhèmpèl.§ ?

Ngrumaosi anggènipun sagêd nyaèkakên bawah wêwêngkon panguwaosipun karaton Jawi, badhe botên sagêd kalampahan mênawi sarana ngicali utawi nyuda wêwênangipun parentah Jawi. Inggih kalêbêt pados damêlan upami tiyang pados mawaning latu botên mawi supit, la mênika lo: slompretan kathah.§ Pancèn yêktos.

Inggih ngakêni anggènipun Indiya Nèdêrlan sagêd sae punika botên sanès kajawi nyaèkakên paprentahan ngriku, langkung malih wêwêngkon karaton Jawi. Têmbung sae pêrlu dipun pramanakakên, têgêsipun sae tumrap sintên,§ Taksih dados pitakenan. kula dandos-dandos, rencang kula ngewahi (maoni), kula botên rêna saking owêlipun sanadyan pratitis anggènipun mancahi, kula malah muring-muring. Bèke kapok, tunggale warung gunung, lengkongna dhisik.

Saking kawicaksananipun, sagêd nguningani karaton saha praja Jawi ugi nyambut damêl kangge wêwêngkonipun piyambak-piyambak kalihan yêktosan, mila gupêrmèn badhe nglawan sintên ingkang nêdya nyênyamah saha ngrèmèhakên.

Punika sae, mila dipun kêrêp dhatêngi pêpanggihanipun Narpawandawa, kathah sêsorah.§ Punika ingkang pêrlu, supados sagêd mangêrtos ubat-ubêt.

Ewah-ewahaning pangadilanipun santana dalêm, wontên ingkang mastani karaton Jawi manggih pituna, mênawi têmên kulawarga alit ingkang botên sumêrêp kayêktènipun, rumaos untung, namung untung sumêrêp, dene pitunanipun kula namung ngungun ing dalêm manah, dening ingkang kinajêngakên mêsthi botên makatên.§ Gawatipun tiyang lumampah, manawi kirang waspada inggih kêjêblos-jêblos.

Sêsorah-sosorah ing dalêm pêpanggihanipun Narpawandawa, kados ingkang sampun dipun lairakên K.P.H. Kusumadiningrat, K.P.H. Adiwijaya,

--- 37 ---

R.M.H. Wuryaningrat, R.T. Wedyadiningrat, R.M.H. Padmawinata, R.T. Jaksadipura, R.T. Nitipura, M.Ng. Yasawidagda, tuwin sanès-sanèsipun malih kados kenging kula gêrba namung kalih warni, inggih punika I. bab batos, II. bab kaprajan. Bab batos kula dèrèng sagêd ngrêmbag, dening taksih tuna nyamut-nyamut, namung bab kaprajan sanadyan sajêg kula gêsang dèrèng nate sinau ulah praja, sarèhning kataman tindakipun inggih cobi-cobi.

Nyarêngi wontênipun Narpawandawa wiwit ngadêg dumugi sapunika wêwênangipun karaton dalêm, kathah sudanipun.§ Punapa. Pangintên kula pamujinipun para warga kados botên sanès, namung mugi Gusti Allah botên ngosikakên manahing kawulanipun, tinimbang mati saiki, bêcik mati besuk. § Hêm. Para sadhèrèk mênawi badhe sare dalu prayogi dhahar pil tablèg 2 utawi 3 supados botên kaparak malaria.

Wêwênangipun karaton Jawi, kaprayogèkakên kasuwun supados kadhapur wèt, ing pangangkah supados botên sagêd ewah salami-laminipun, mila pamanggih wau kawêlingakên minôngka ngisèni panggalihanipun priyagung karaton dalêm Surakarta ingkang lênggah ing Polêgrad.

Panêdha punika gampil, anamung ingkang langkung pêrlu ngwontênakên pamanggih mênggah lêlajênganipun, liripun saupami dipun pituruti, wèt wau ingkang damêl ngrika punapa ngriki? Mênawi ngrika kene kapriye, mênawi ngriki, ngrika napa entuk.§ Sadaya-sadaya tiyang namung pratitising rêmbug, ingkang pêrlu kawanènipun. Puluh pratitis manawi ajrih inggih tanpa damêl. Werd P. Kula dèrèng ngêrtos caranipun tiyang damêl anggêr, saupami karêmbag sakalih-kalihipun, sarana ngwontênakên pitados (komisi) ingkang dumados saking pamilihipun parentah sarta para bêbadan, ananging ingkang langkung rumiyin sapunika kêdah mawas dhatêng kawontênanipun karaton dalêm, punapa malih kadospundi kawontênanipun parentah Jawi gêgandhènganipun kalihan kawula dalêm. Punika ingkang [ing...]

--- 38 ---

[...kang] kagungan sêsorah mugi kaparêng nglairakên wontên ing parêpatanipun para warga, supados angsal udhu saking para ingkang kaparêng sarta andungkap.

Cêkak aos.

Kraton dalêm punika tansah manggih pituna, wêwênangipun saya suda.

1e. Kok dados makatên sababipun punapa?

2e. Supados botên wontên lêlampahan makatên ihtiyar kadospundi?

Sa.

Nirwignãstu

Kula nampèni sêrat saking pangrèhing Narpawandawa, katitimasan kaping: 28 Dhesèmbêr 1925 ôngka 73/55 na, suraosipun suka sumêrêp, manawi wiwit tumapaking taun 1926 punika, organ Narpawandawa dipun wêdalaken sabên wulan, kula dipun ajêng-ajêng ambiyantu angintuni panjurung karangan saprêlunipun.

Lugunipun manah kula ragi mangu-mangu aminangkani pangajêng-ajêngipun pangrèh Narpawandawa ingkang makatên wau, sababipun:

Sapisan pandamêlan kula ingkang gêgandhengan kalihan panggêsangan saha gesang kula saanak-bojo, pancèn kathah, mila wêkdal ingkang kenging kula angge prêlu sanèsipun kados ngarang-ngarang ing pustakawarti, punika kantun sakêdhik.§ Sanadyan namung kantun sakêdhik, ugêr kêrêp maringi karangan sampun lowung.

Kaping kalihipun sêsêrapan kula bab kawruh (wetenschap) prasasat sêpên, punika anuwuhakên pitakenan, punapa kasagêdan kula sagêd kêcêkap kangge ambiyantu organing pakêmpalan ingkang botên alit.

Kaping tiganipun, nadyan kula punika kalairan ing kitha Surakarta, saha alitan kula ngèngèr prayagung ingkang kalêbêt ahli sastra saha basa sarta ulah tatakrama, nanging sayêktosipun sampun kêdangon anggèn kula nilar kitha Surakarta, lajêng gêgriya ing dhusun parêdèn, ingkang makatên punika sampun têmtu anjalari kirang manising têtêmbungan kula, saha kirang kèwêsing ukara kula,§ Botên dados punapa. punapa malih lajêng nuwuhakên [nu...]

--- 39 ---

[...wuhakên] kiranging sêsêrêpan kula dhatêng unggah-ungguh ingkang kangge ing wêkdal punika.

Kaping sakawanipun, ugi gagandhengan kalihan sabab-sabab ing nginggil wau sadaya, kula botên gadhah prabot ingkang prêluning prêlu kangge pambantuning sêrat kabar, inggih punika overwicht têgêsipun daya ingkang nuwuhakên dipun anggêp linangkung dening ingkang sami maos, môngka sêpêning daya punika sagêd murugakên panganggêp cêmplang dhatêng karanganipun, ingkang sagêd ugi andadosakên cêmplanging sêrat kabaripun ingkang dipun biyantu.§ Dangu-dangu lajêng kosokwangsul, cêmplang malih dados sêdhêp.

Mênggah ingkang kasêbut ing bab I punika, kintên kula pangrèhing Narpawandawa botên kêkilapan, mila kintên kula pangrèh ugi botên gadhah pakèwêd manawi anggèn kula ambiyantu punika namung sasêlaning prêlu ingkang gêgandhengan kalihan panggêsangan saha gêsangkula.§ Pancèn inggih makatên. Dene bab II saha III punika kintên kula pangrèh ugi sampun priksa, dados saupami ing wiwitanipun namung kula kêndêli, kintên kula botên adamêl kirang rênaning pangrèh Narpawandawa, tur dangu-dangu têmtu sagêd sirna piyambak dening: blilu tau. Namung pakèwêd ingkang ôngka IV punika pancèn nama pakèwêd pamungkas, dening botên namung gêgandhengan kalihan pangrèh kemawon, mila anggèn kula metani sabab-sababipun ngantos kula wolak-walik, kados ta: 1. Kula punika sanès darahing kraton Surakarta, sagêd kula dados lid Narpawandawa namung saking salakirabi, môngka organ punika dados waosanipun para sinatriya murni. 2. Umur kula dèrèng nama kathah. enz, enz.

Ewadene sarêng kula manah-manah malih, lajêng kaconggah manèk-manèkakên manah kula, minangkani panêdhanipun pangrèh Narpawandawa. Wondene gêgondhelan kula namung piandêl: aku diandêl ing pangrèh Narpawandawa, tandhane dibubuhi panggawean. Sarta bokmanawi anggènipun pangrèh ngêndêl dhateng kula punika pancèn botên sêpên sabab, kados ta:

Ha. Bayu kula pancèn ugi kilenan êrah Mataram, lêluhur-lêluhur kula [ku...]

--- 40 ---

[...la] sadaya sami nyuwita nata Jawi, sadaya kapangkat agal, ngantos dumugi kula piyambak punika. Ingkang makatên punika nuwuhakên piandêl bilih tekad kula têmtu botên cêngkah kalihan sêdyaning Narpawandawa.

Na. Kula sampun nate sagêd sêsrawungan kalihan tiyang warni-warni, wiwit tiyang alit ing padhusunan tanah parêdèn, dumugi tiyang ingkang apangkat inggil piyambak. enz, enz.

Cêkakipun dayaning piandêl ing nginggil punika kula lajêng sagêd botên angwontênakên pakèwêd-pakèwêd wau, mila wiwit punika kula badhe lajêng mahyakakên krêntêging manah kula wontên ing organ Narpawandawa, kanthi sangu piandêl malih:

1. Botên namung pangrèh ingkang ngêndêl dhatêng kula, para maos ugi badhe karsa maos karangan kula mawi karaosakên suraosipun, supados anjalari têbihing panyakrabawa ingkang kirang sae.

2. Manawi wontên ingkang kirang rujuk, inggih karsaa ngrêmbag wontên ing organ Narpawandawa, botên karêmbag ing wingking, prêlunipun anêbihakên kêlintu tampi.

3. Rêdhaksi badhe karsa macak sadaya karangan kula, tanpa dipun ewahi, supados botên angewahakên pikajêngan sakawit, kosokwangsulipun sadaya karangan kula badhe kula tanggêl piyambak, mila inggih kula tandhani nama kula ingkang lugu.§ Inggih punika ingkang dipun padosi, dados panjênêngan kapatah dados pambantuning organ Narpawandawa punika pamawasipun pangrèh pancèn botên kalèntu, sapunika pambantu sanès-sanèsipun kadospundi, rêdhaksi angajêng-ajêng paringipun panjurung. Wrd.P.

Kados cêkap samantên rumiyin, kajawi punika kula ngaturakên panuwun dhatêng pangrèhing Narpawandawa anggènipun sampun karsa ngêndêl dhatêng kula.

Surakarta kaping 25 Pèbruari 1926.

Sukisman.

--- 41 ---

Nyuwun Katrangan

Sapisan, bab oreanipun sadhèrèk mudhapunggung, ing Narpawandawa, ôngka 2, kaping 15 Marêt Be 1856.

Sajatosipun pancèn kathah para warganipun Narpawandawa, ingkang dèrèng patos dhamang dhatêng tujunipun pakêmpalan Narpawandawa. Bokmanawi saking sami dèrèng nate maos sêrat tutêni (wawatoni)pun pakêmpalan jalaran para warga sami botên kasukanan, utawi botên kapurih tumbas, saha malih kula inggih ngungun, dene organ Narpawandawa botên angêmot tuju wau ingkang parlu-parlu kemawon. Kula piyambak ugi dèrèng têrang dhatêng tujunipun pakêmpalan Narpawandawa.§ Sêdyanipun pakêmpalan Narpawandawa inggih sampun kados ingkang dipun gêlarakên mudhapunggung. Wrd. P.

Miturut gancaranipun sadhèrèk: mudhapunggung, sêdyanipun pakêmpalan Narpawandawa punika: ngajêngaken ajining gêsang dalah panggêsanganipun santana dalêm, sarta anjagi wilujêng saha prayogining nagari, tuwin karaton dalêm Surakarta.

Ha. Ungêl-ungêlan: ajining gêsangipun santana dalêm, punika kula dèrèng sagêd anggagapi punapa têgêsipun. Kajêngipun ungêl-ungêlan punika, ajining gêsangipun santana dalêm kadosdene manusa, dados sami kalihan ajining gêsangipun pun dhadhap, pun waru, punapa ajining gêsangipun santana dalêm punika anggadhahi têgês langkung inggil tinimbang ajining gêsangipun pun dhadhap, pun waru.

Na. Anjagi wilujêng saha prayogining nagari tuwin karaton dalêm. Sêdya punika ugi dèrèng têrang. Wilujêng saha prayogi ingkang kadospundi. Tatanan nagari tuwin kraton ingkang kados punapa ingkang kaangkah pakêmpalan Narpawandawa.

Sarta malih ukara: wilujêng saha prayogining nagari tuwin kraton dalêm Surakarta, punika amêngku têgês, manawi wontên bêbadan kalih, inggih punika: nagari kalihan kraton. Punika ingkang kaanggêp prêlu ingkang pundi, nagari punapa kraton.

Pitakenan kula ing nginggil punika amung adhêdhasar karanganipun sadhèrèk mudhapunggung. [mudhapung...]

--- 42 ---

[...gung.] Amila saking panyuwun kula, mugi wontêna para sarjana, warganipun Narpawandawa, karsa aparing orean ingkang têrang wontên ing organ Narpawandawa, mênggah sêdyanipun pakêmpalan Narpawandawa punika kadospundi, supados para warganipun sagêd sumêrêp dhamang dhatêng sêdyanipun pakêmpalan, dados botên badhe anguciwani dhatêng kajêngipun ungêl-ungêlan: eka paksa karya sakti.

Kaping kalihipun: kajêngipun pitakenan kula ing nginggil, bokbilih sagêd sambêt kalihan bab ing ngandhapipun, inggih punika: usulipun Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana wontên ing polêkrat. (Narpawandawa, ôngka 2 kaping 15 Rêjêb Be 1856) dene sanajan botên sambêt saking pangintên kula, bab wangsulanipun Tuwan Murling, (wêwakilipun parentah luhur wontên ing polêkrad) têmtu dados rêmbag wontên ing praja dalêm Surakarta, saya malih wontên ing ngarsanipun para luhur, ingkang sami karsa anggalih dhatêng ajêngipun praja dalêm.

Wontênipun rêmbag kados makatên sampun dangu, nanging wusananipun kadospundi, kula botên têrang.

Tuwan Murling criyos makatên: saking panggalihipun kangjêng guprênêmèn, bab pamarsudinipun kamajêngan wau, saèstu botên sagêd kalampahan saupami mawi srana angicali, utawi anyuda panguwasanipun paprentahan Jawi, malah sagêdipun kasêmbadan paprentahan Jawi kêdah kasaèkakên sagêdipun cundhuk akalihan jamanipun samangke, dados saya lami saya sagêd miyambaki anggènipun ngêrèh ing bawahipun.

Panggalihipun kangjêng guprênêmèn ingkang dipun wêdharakên dening Tuwan Murling, punika manawi dipun rêmbag têmtu panjang. Nanging ing sarèhning kula botên têrang dhatêng têbaning panguwasanipun paprentahan Jawi, dados kula kapêksa amung pitakèn kemawon, inggih punika:

Ha. Bab pamarsudinipun kamajêngan wau saèstu botên sagêd kalampahan saupami mawi srana angicali utawi anyuda panguwasanipun paprentahan Jawi. Pitakenan kula: têbanipun panguwasanipun paprentahan Jawi punika sapintên. Bab punika [pu...]

--- 43 ---

[...nika] bokmanawi kamot ing prajanjianipun panjênêngan dalêm nata dhumatêng guprênêmèn, ananging prajanjian wau punapa kenging dipun sumêrêpi dening sadhengahing tiyang. Manawi kenging punapa awonipun, upami wawênangipun (prajanjianipun) paprentahan Jawi wau kapêthik wontên ing organ Narpawandawa, ingkang supados para santana dalêm sagêd sumêrêp kadadosanipun praja dalah kratonipun.

Na. Malah sagêdipun kasêmbadan, paprentahan Jawi kêdah kasaèkakên sagêdipun cundhuk akalihan jamanipun. Pitakenan kula: cundhuk akalihan jamanipun ingkang kadospundi. Dados badhe kasaèkakên kados punapa.

Malih: Manawi paprentahan Jawi kasaèkakên, wawênangipun paprentahan Jawi badhe mindhak, panggah, punapa malah suda.

Amung samantên panyuwun kula katrangan, salajêngipun amung mêmuji mugi wontêna para sarjana ingkang karsa aparing pêpadhang dhatêng kula.§ Suwawi sadhèrèk mudhapunggung lajêng kula aturi maringi katrangan saparlunipun, supados andadosakên dhamangipun para warga sarta para maos sadaya.

Pun Pangeman.§ Manawi wontên warga ingkang dèrèng tampi supados pratela. Nanging lêrêsipun utawi mêsthi sampun dipun kintuni. Wrd. P.

Kidung Subastuti

[Pangkur]

ngrêpi pangkur paripurna / pelog barang rangkêp iramanyatri / ulon mêlung ulêm landhung / êdhonge rum arênyah / duk mangêlik ngaluk-luk angêntul-êntul / lir liking suling sumêla / mêmêla mulêt malat sih //

kramaning lumakyèng marga / sikatan bang tèbèng tilam setadi / langkung sukur sukèng kalbu / dêlêging taruwara / kêlud sada kaga nèng guwa kang susuh / dening wiwit sapunika / organ Narpawandawadi //

pandaya bênting prasita / surapsara sudarmèng ngawôngga ji / sabên candra wimbanipun / ing tanggap tanggal surya / tambang kaga sasara munggwing têtaru / kasidanya pinurwaka / duking wulan Januari// [Ja...]

--- 44 ---

[...nuari//]

ranta putrèng Dyah Sumbadra / kadang Prabu Dasaswa kang pinêkik / ôngka sèwu sangang atus / nêmlikur lumaksana / kolik priya garwèng Sang Wisrawa luhung / tuhu karya arsèng driya / sanggyanirèng sang nupèksi //

pêparikan ancur rikma / jarwèng dênta pantun kang madha warni / jêr mêne tan ngantu-antu / lir tatanan ing purwa / garwèng Rama tiris sumêdhêng ingundhuh / sarta gatining gosita / kang winot ing organ ngriki //

dasanamèng dwijawara / jêjuluknya satriyèng Plôngkawati / ing sayêkti tumaruntun / gya dènnya aman driya / gudhe rambat wêwangsalan sabuk pinjung / niskarèng rèh ginupita / wastu paripurna nuli //

paksi seta sabèng wisma / dindang gora prajèng Sri Dasarati / dhuh sudara warga sagung / kang samya ngayubagya / numbang bala lukita wrêdining sadu / bantu makisthèng pawarta / manggupitèng rèh arjanti //

buron netranya nut môngsa / mardi aswa senthe tuwuh wanadri / nun sumôngga dipun laju / amuryèng rèh sêjarja / gêng ning candra kêkatang kang pindha rayung / mumpung jêmbar kalangannya / ri sêdhêng purnama siddhi //

ombaking kang wau daya / jarwosada netra pramanèng ngaksi / ulun muhung andêdamu / mawas saking mandrawa / banthèng wadu Patih Suryèngngalam mulku / dening lugu Jawi wantah / dahat mudhadamèng budi //

saron gêng môngka manggala / pasilaning bupati anom nguni / wrêdha mung kêmalan taun / Pon Kliwon datan wikan / sêkar pisang pamantuning we panginum / patute têngga kantoran / jaga angêjogi mangsi //

kawi wismèng para raja / atmajendra pamadya Wirathadi / ing puwara pudyèng ulun / ratri pantara siyang / purnèng karya jêjuluknya Sang Hyang Guru / dening barkat nabi kita / miwah rohmating Hyang Widdhi //

pêparikan kelor rawa / têmu rêkta wrêda kadanging wibi / organ Narpawandawa nung / winong dinirgèng yuswa / klabang mraba wantuning janma akulum / rinakêta para rêna / wimbuh amêntês kang isi //

nendra ècèr sarwi sila / samuning don dasanamaning ardi / mahanana na pakantuk / mring sagung para warga / atmantara kawining wilangan satu / lêbda jiwa yèku wohnya / eka paksa karya sakti //

pari nom tinutu mônda / parang jaja wong agung acangkrami / kaping kalih pinudyèstu / sudara para warga / sambating prang pêpandam pandoming kayun / têtêpa saabipraya / mayu hayuning dumadi //

satriya gung ing Singgêla / babal wrêda wulan kontha kinawi / purnèng

--- 45 ---

pamarnining kidung / ri ditya candrakanta / wuking karya susilèng solah pinatut / Rêjêb Be sangkalèng warsa / ngraras tata ngèsthi aji //Sengkalan: ngraras tata ngèsthi aji (1856 A.J., 1925/26 A.D.).

pun Danumaya: lami pangarang Sribagya.

Mugi-mugi kabula. Wrd. P.

Wêdharing Pangandikanipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Kusumadiningrat

Sambêtipun organ Narpawandawa nomêr: 3, kirang langkung makatên.

Kula badhe anggancarakên kawontênanipun wayang sadalu, lampahing wayang sadalu punika kenging kagathukakên kados gêsanging tiyang padintênan punika. Kula wiwiti saking sontên, talu punika gangsanipun pathêt manyura, pamanggih kula wontênipun nama pathêt manyura punika namung mêndhêt namaning pêksi ingkang sae, inggih punika cohung (manyura) punika kadosdene pêksi ingkang kadamêl beda dhatêng Gusti Allah, kathah ingkang mastani ratuning pêksi, dening kaparingan prabot ingkang sae, pancèn inggih elok saening wulunipun. Sabab punapa dening ngangge namaning pêksi manyura, botên liya saking amratandhani sadaya tiyang punika rêmên dhatêng barang sae utawi rêmên dhatêng ratu, sasampunipun talu kèndêl. Lajêng wiwit jêjêr, jêjêr makatên adêgan ratu jalêr, Gusti Allah angodratakên bilih ingkang kangge jêjêr punika jalêr, botên wontên ingkang kangge jêjêr ratu èstri, ing ngriku gôngsa sampun santun pathêt nênêm, têgêsipun anganam-anam. Sasampunipun jêjêr lajêng andhawuhakên punapa-punapa, lajêng angadhaton. Tamtu kapêthukakên garwa (ratu putri) punika têgêsipun badhe amijèkakên punika kêdah mawi sarana wadhah, mila tamtu pêpanggihan kalihan sang putri (garwa) lajêng ing pangurakan rêmbag badhe lampahing utusan, taksih salêbêtipun pathêt nênêm. Lajêng bodhol, sampun ngangge gôngsa pathêt sanga: têgêsipun sampun jangkêp adêging manusa ngangge babahan nawasanga, sabên bodhol tamtu mawi kapalan. Mawi prampogan, têgêsipun tumindaking tiyang punika sagêda kados kapal lan panêgaripun, runtut, beda manawi kapal ingkang dèrèng mawa pangrèh, plajêngipun sakajêng-kajêng, dene [de...]

--- 46 ---

[...ne] prampogan punika têgês dêdamêl ingkang kangge bengkas sadaya ingkang rungkut-rungkut. Anggènipun bengkas rungkut kados sawêrni pêpêrangan (prampogan lan parêdèn) sasampunipun rêsik sawêg tumindak sakeca, gandhèngipun kaalusan punika tamtu mawi kaangkaran, mila sasampunipun punika, lajêng jêjêr malih sabrangan, ingkang kangge jêjêr sabrangan punika ingkang tamtu mawi siyung, kados ta danawa, ing ngriku ugi lajêng nglampahakên cundaka, dumugining wana papagan kalihan ingkang kapalan wau, sami botên purun sumingkir, mila lajêng ngawontênakên pêrang gagal. Pêrang gagal punika limrahipun botên wontên pêpêjah, sasampunipun pêrang dêdrêg rame lajêng simpang-simpangan. Sami nglampahakên kajêngipun piyambak-piyambak, dados têgêsipun sakalih-kalihipun sami rumagang sêsarêngan. Adad ingkang sampun-sampun nitik babad-babad, kawontênaning dunya punika manawi ubaling angkara saya andados, lajêng ngawontênakên rêrêtu, Gusti Allah lajêng anurunakên panuntun, utawi tiyang ingkang sagêd nata; mila lajêng jêjêr malih pandhita dipun adhêp ing bambang, bambang punika lêrêsipun bang-bang, têgêsipun tiyang ingkang dipun calon-calon, sasampunipun winêlêk ing wulang, sampun sampurna, lajêng kaatag dhatêng sang pandhita kapurih nata wau, ing ngriku bangbang lajêng mandhap saking ngarsanipun sang pandhita, ingiring prêpat, têgêsipun sampun diwasa, sagêd mangrèh, dumugi ing wana kapapag utusaning danawa (mandhaping panuntun wau pun angkara sampun saya liwung), ing ngriku lajêng ngawontênakên pêrang sêkar, punika sanepanipun lampahing ngagêsang dipun upamèkakên lampahing têtuwuhan, mila ing pêrang sêkar ngriku sampun wiwit ngawontênakên pêpêjah, inggih punika pêjah ing ngriku sanepanipun prithiling sêkar, prithiling sêkar lajêng ngawontênakên uwoh. Sarampungipun pêrang sêkar, pun bambang nglajêngakên lampahipun, lajêng sawêg ngawontênakên lêlampahanipun. Kula jugag samantên lajêng dumugi amuk-amukan enjing tancêp kayon. Tancêp kayon punika lêrêsipun tancêp kayun (karêp) wosipun sampun kacêpêng punapa pikajêngipun, adad dhalang kina manawi sampun tancêp kayon punika lajêng golekan (nanging sapunika sampun awis) têgêsipun minôngka sasmita, golèkana [go...]

--- 47 ---

[...lèkana] apa têgêse lakon wayang sawêngi mau. Lajêng kukud, sadaya dipun gulungi namung balencong ingkang botên dipun pêjahi, anggènipun mêjahi manawi sampun wontên griyanipun dhalang, punika têgêsipun sadaya-sadaya sagêd sirna (pêjah) namung gêsang ingkang botên sagêd pêjah salaminipun namung wungsal-wangsul;wongsal-wangsul. namung samantên.

Lajêng kasambêtan sêsorahipun Radèn Tumênggung Jaksadipura, bab pangadilan, kirang langkung makatên:

Badhe kasambêtan.

Gagasan Kawêdal

Sadèrèngipun kula anglairakên pamanggih, ingkang langkung rumiyin kula matur nuwun dhatêng rama wrêdha pamong, mugi pinarêngna paring papan wontên ing taman Narpawandawa ngriki.

Kauningana, para maos saha para sadhèrèk bokmanawi sami dèrèng kasupèn, bilih nalika parêpatan agêng (Algemiene vergadering) Narpawandawa taun kapêngkêr 1925, sampun ngrêmbag babagan pangadilanipun putra santana dalêm. Saha pêrslahipun pakêmpalan ugi sampun kawrat organ Narpawandawa ingkang mêdal wulan Januari 1926 kapêngkêr punika.

Kula angsal kabar saking sadhèrèk ingkang kenging kula pitados, bilih nalika tanggal kaping 23 Pèbruari kapêngkêr punika, ing Kapatihan mêntas damêl parêpatan para bupati, ugi ngrêmbag bab pangadilanipun putra santana dalêm, pinanggihing rêmbag:

I. Putra santana dalêm ingkang kenging prakawis botên kenging kapriksa sadhengah pulisi, ingkang pancèn sanès dados wêwakilipun pradata dalêm.

II. Pradata dalêm botên namung nampèni matêngipun prakawis (botên kados sapunika), nanging kêdah garap mêntah, dumugi rampungipun.

III. Ingkang kapatah dados wakilipun pradata dalêm, bilih wontên santana dalêm ingkang kenging prakawis ingkang dêdunung sajawining kitha Surakarta, inggih punika abdi dalêm bupati pangrèh praja, ingkang ambawahakên.

Bilih kabar wau nyata, rak inggih sampun lowung ta rama wrêdha pamong, dene sampun [sampu...]

--- 48 ---

[...n] radi mindhak ajining putra santana dalêm§ Inggih, nanging tumindakipun botên makatên. Wrd P. saha sanadyan babagan kasbut nginggil wau dèrèng kasumêrêpan, punapa saking kaparêngipun kangjêng parentah nagari piyambak, utawi saking panyuwunipun Narpawandawa, nanging kita wajib ngaturakên panuwun dhatêng wêwakil kita ingkang lênggah wontên parêpatan bupati wau.

Sarêng kula nampèni pakabaran kados nginggil punika, lajêng tuwuh gagasan kula kados ing ngandhap punika.

Ha. Narpawandawa pêrlu gadhah wakil wontên salêbêtipun parêpatan rad nagari (Rijksraad). Wêwakil wau kêdah kapilih utawi katêtêpakên wontên parêpatan agêng Narpawandawa, ngangge swaranipun para warga ingkang kathah piyambak (stem) wondene paedahipun, Narpawandawa tumut gadhah swara wontên parêpatan kasêbut nginggil wau, bokmanawi botên pêrlu kula têrangakên, panjênêngan sadaya mêsthi botên kakilapan.

Na. Narpawandawa, prayogi ngaturakên pursêtèl (pamanggih) dhumatêng ingkang wajib, supados pradata dalêm punika kenginga dipun lêbêti juru pambombong prakawis (Advocaat) mênggah paedahipun:

1. Damêl pamarêmipun para ingkang anglêbêtakên prakawis, utawi kaputus. 2. Badhe saya mindhak sampurna panindakipun pradata dalêm. 3. Amargi kula kèngêtan nalika ing Sragèn wontên rêrêsah, ingkang sagolongan kaputus pangadilan landrad Sragèn sagêt luwar, ingkang satunggal, kalêrês santana dalêm, kaputus wontên pradata dalêm kokum, punika lajêng judhêgakên manah, têka wontên putusan warni kalih makatên. Ingkang prakawisipun nunggil dados satunggal: mila gagasan kula kawêdal ing nginggil punika, manawi pêrlu dados panggalihanipun para pangrèh prayogi karamèkakên wontên parêpatan agêng Narpawandawa.

Wasana minôngka tutuping atur kula, kula ambali malih matur nuwun saha bilih wontên kalintuning panyêrat kula, mugi angêgungna pangaksama. P.K.