Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 5, kaping 17 Sawal Be 1856, utawi kaping 1 Mèi 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ingkang nanggêl isinipun organ punika para pangrèhing Narpawandawa. Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Minôngka wrêdha pamong R. Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Mudha pamong: R. Sastrapurba, kampung Kapatihan Kilèn. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1924.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50 Kapacak sapisan.

Tatêdhakan

Panggêdhene Paprentahan Nagari Surakarta

Wus anggalih parlu namtokake wujuding plombê sarta karcis kareta tumrap bawah dalêm Surakarta kanggo ing taun 1926, sarta angèngêti bab 7 lan 10 ing layang kabar nagara taun 1925 ôngka 13.

Samêngko namtokake kanggo taun 1926. Ingatase kang kasêbut ing bab 10 adêg-adêg loro, layang kabar nagara taun 1925 ôngka 13 kaya ing ngisor iki.

Kang kapisan,

Karcis kang kasêbut ing adêg-adêg loro bab 7 layang kabar nagara taun 1925 ôngka 13 iku manawa kanggo têtunggangan kang

--- 50 ---

kasêbut bab 3 ing layang kabar mau warnane kaya ing ngisor iki.

Ha, Abang. Tumrap garobag kanggo momot barang utawa piranti-piranti, kang pancèn kagèrèt ing kewan siji utawa luwih.

Na, putih. Tumrap kareta kang mligi kanggo têtunggangan.

Ca, biru. Tumrap garobag cilik rodha loro kang lakune sarana kagèrèt utawa kasurung ing uwong kèh-kèhe loro.

Ra, kuning. Tumrap pelosipèt.

Kang kapindho,

Plombê tumrap bawah dalêm Surakarta wujude wilahan blèg, nganggo tulisan muni Rijk Soerakarta, angkaning taun sarta ôngka urut, blèg mau ana pirantine kanggo ngancing têmu gêlang.

Tumrap ing taun 1926 plombê mau kudu kapasang ana ing kareta sapanunggalane kang katon cêtha, dene pamasange tumrap siji-sijining têtunggangan kaya ing ngisor iki.

Tumrap têtunggangan kasêbut aksara: ha, dumunung ing gathukaning grobag karo bume kang sisih têngên.

Tumrap têtunggangan kasêbut aksara: na, dumunung ing panggulan ting kang sisih têngên.

Tumrap têtunggangan kasêbut ing aksara: ca, dumunung ing gathukaning grobag karo bume kang sisih kiwa.

Tumrap têtunggangan kasêbut aksara: ra, dumunung ing têngên sangisoring palinggihan (lapak).

Kang katêlu,

Karcis têtunggangan kang kasêbut ing adêg-adêg papat bab 7 ing layang kabar nagara ing taun 1925 ôngka 13 iku warnane putih, dene wujude padha karo karcis kang katamtokake ing pêpacak kang kapisan, nanging têngahe mawa garis ngadêg irêng, sarta pojok ing dhuwur sisih kiwa mawa ciri Duplicaat.

Kang kapat,

Karcis kang tumrap têtunggangan kang ora dikênakake pajêg, kaya

--- 51 ---

kang kasêbut ing adêg-adêg loro bab 10 ing kabar nagara taun 1925 ôngka 13 iku warnane oranyê, dene wujude kaya kang katamtokake ing pêpacak kang kapisan ing dhuwur mau.

Kantor Kapatihan kaping 20 Januari 1926.

Têrang dhawuhipun pêpatih dalêm

Pangageng kantor, V.B. Kapatihan Wg. Wôngsanagara.

Ôngka 158/II D/4.

Bab Abdi Dalêm Lara

Dhawuh marang bupati bêkêl jêro sajêro, awit saka layang paturane wadana kridhanirmala katitimangsan kaping 22 Januari 1926 ôngka 22/3 G. kang turunane manira paringake barêng iki, ing kawadanan kridhanirmala sok nampani layang saka sawatara kabupatèn, supaya ing kridhanirmala matah abdi dalêm dhoktêr kang wajib mariksa abdi dalêm kang pamit lara, kang pamit mau akèh kang durung nganggo pasaksèn saka abdi dalêm dhoktêr, nêtêpi dhawuh nagara katitimasan kaping 17 Dulkangidah Dal 1847 ôngka 3467/1 A/3, sapiturute kasbut paturan mau, iku pakênira andhawuhna warata marang karerehan pakênira, angêncêngake supaya padha nêtêpi kaya kang kasêbut dhawuh nagara ing dhuwur mau, manawa lara kudu jaluk jamu marang abdi dalêm dhoktêr, apa manèh pamitane kudu mawa katranganing dhoktêr, sarta tumrape para kabupatèn utawa kawadanan, panindake supaya nêtêpi sapamrayogane kawadanan kridhanirmala kang kasêbut paturan ing dhuwur mau.

Dhawuhing parentah kaping 13 Pèbruari 1926.

Pêpatih dalêm Wg. Jayanagara.

Organ punika langkung parlu ngêwrat swaraning warga, mila sadhèrèk S.W.M. nglocita, bab panindaking pulisi tumrap para santana dalêm, lajêng kawêdhar wontên ing

--- 52 ---

organ nomêr 2 (organ ingkang sampun katata mêdal sabên wulan) ing ngriku anyariyosakên bab ewahing santana dalêm manawi kenging prakawis, sadhèrèk SWM. saya karaos sabagean agêng sudaning wêwênang sarta panguwaosipun karaton dalêm§ Ingatasing dhatêng santana dalêm.

upami tiyang olah-olah makatên wiwit pangracik bumbu dumugi pangolahipun (Voorloopig Onderzoek = papriksan sawatawis) sampun kapasrahakên ing sèksi,§ Kala sèksi taksih wontên. pradata dalêm amung kantun ngrampungi, makatên wêdharipun sadhèrèk S W M.

Mênggah kawontênaning panindak makatên wau saking pamanggihipun sadhèrèk S.W.M. saking pandhêsêging golongan agêng dhatêng jumênênging karaton dalêm, dening angsal dhadhakan, dhadhakan saking awak piyambak Zie Narpawandawa no. 2.

Awit saking kumêdah kula urun udhu prakawis punika, ngantos kula bandhani narutus takèn-takèn dhatêng mitra karuh§ Rêdhaksi botên kêndhat ngaturakên panuwun.

kula gadhah mitra mantri kring sarta mantri polisi ingkang nyambut damêl ing kantor ingkang winastan: berao, sèksi sapunika botên wontên. Ingkang kula pitakèkakên inggih bab pandhêsêg wau, punapa inggih kamêlokakên. Katêranganipun botên, têgêsipun kangjêng gupêrmèn botên dhawuhakên dhatêng pangagênging polisi ing Surakarta bilih kenging damêl papriksan utawi mriksa prakawisipun santana dalêm, nanging ungêling sêtatsêblat para pulisi ing Surakarta kenging mriksa utawi damêl papriksan prakawisipun sadhengah tiyang.§ Panjênêngan punika anggraji awu namanipun. Prakawis pandhesêg tamtu botên mêlok, nanging kabêkta wontên pranatan ingkang kêjêmbarên sangêt punika ingkang lajêng nukulakên dhêsêgan. Dening kirang waspadaning panindak. Sarèhning wèting pulisi Surakarta kados makatên, pulisi Surakarta lajêng damêl utawi pados coban-coban badhe nindakakên papriksan§ Hêm kojur. prakawisipun

--- 53 ---

santana dalêm: R.Ng. Dj.§ Prakawis punapa. mantri pulisi berao têpangan kula wau ingkang kautus mariksa dhatêng griyanipun R.Ng. Dj.§ Kala punapa. têmbungipun kautus pangagêng polisi kadhawuhan mriksa prakawisipun R.Ng. Dj. Nanging Radèn Ngabei Dj. dening gondhèli sêrat-sêrat dhawuh ingkang tumrap para santana dalêm bilih kenging prakawis, dèrèng wontên suwakan. Cêkakipun mantri pulisi wangsul lapur dhatêng kangjêng tuwan asistèn rêsidhèn pulisi, bab wurunging pamriksanipun. Tuwan asistèn rêsidhèn pulisi lajêng matah P.O. supados nyêpêng R.Ng. Dj wau badhe kalêbêtakên ing buwi,§ Punika wujuding pandhêsêg. (katahan) salêbêting tigang dintên, sabab mopo dhatêng tindaking pulisi nindakakên papriksan prakawis. Pangangkahipun santana dalêm ingkang katindakakên makatên wau kajêngipun kêlahkêdah. dhatêng parentah luhur: tuwan asistèn rêsidhèn badhe sumêrêp karampunganipun, karampungan wau badhe kangge waton panindak salaminipun,§ Manawi yêktos kados makatên, kirang mêmêlas punapa sadhèrèk ingkang kangge coban-coban, mila parentah Jawi kaparênga nguningani sarta naliti bab punika. P.O. lajêng tumindak badhe nyêpêng R.Ng. Dj. pinanggih. P.O. pitakèn. Kadospundi purun punapa botên katarik dhatêng kantor berao kapriksa prakawisipun. Bilih mopo R.Ng. Dj. kula cêpêng. R.Ng. lajêng miturut tumut P.O. dhatêng kantor berao lajêng kapriksa prakawisipun§ Punapa tanpa jawaban punapa-punapa, eman têmên.

lêstantun botên gigat dhatêng parentah Walandi (kangjêng gupêrmèn) nyuwun têtêpipun sêtatsêblat taun 1903, prakawisipun para santana dalêm lêstari kawêngku ing pangadilan dalêm. Malah kintên kula inggih botên lajêng lapur dhatêng parentah Jawi supados kaurus sapêrlunipun, utawi bokmanawi parentah Jawi inggih botên karsa biyantu ngurusakên§ Sababipun punapa? ngantos sayah anggèn kula damêl têmbung bokmanawi, hêm !!!, bokmanawi malih panindakipun pulisi angurus prakawisipun [pra...]

--- 54 ---

[...kawisipun] para santana dalêm inggih lajêng lêstari kados makatên, manah kula saya karêrantan, môngka dhatênging prakawis punika asring botên kanyanan, sarta angèl anggènipun nyingkiri, bilih nanggori santana dalêm ingkang agêng gèk kadospundi.§ Zie noot 9.

Dangu-dangu kula kèngêtan, panjurungipun sadhèrèk warga limrah, suraosipun: nagari kêparênga damêl tatanan garap ingkang maligi namung ngurus prakawisipun para putra santana dalêm ingkang kagugat prakawis, amargi parentah Jawi sampun botên kagungan polisi, sapunika kula mêwahi bilih para santana dalêm wontên ingkang kenging prakawis polisi, polisi ingkang mrakawis lajêng prasabên dhatêng garap ingkang wajib nindakakên prakawisipun para santana dalêm ingkang kenging prakawis polisi, garap wau kêdah milih ingkang sakolah Oplèdhêng, dados parentah têpang rêmbag kalihan kêpala nagari ing Surakarta. O: wis ora kêna dirêmbug manèh, mila bilih taksih kenging karêmbag dene ingkang pantês kangge sawung garap santana: 1. Radèn Tumênggung Sastradipura, 2. Radèn Tumênggung Jaksadipura (Oplèdhêng kalihan Rèhsêkul) bokmanawi botên badhe madal sumbi. S.L.

Bab Sèlêpbêstir

Nuwun, ênutipun sang wrêdha pamong tumrap ing organ ôngka 3 Marêt kapêngkêr punika ing alamat pangarêm-arêm babagan sèlêpbêstir (nguwaosi piyambak) ing praja dalêm Surakarta sampun langkung sèlêpbêstir. Ênut makatên punika anjalari muluring pamanggih kula nêdya anyumêrêpi têgês saha raosing têmbung sèlêpbêstir. Sarèhning sèlêpbêstir wau têmbung Walandi, panyuraos kula inggih grayung-grayung. Manawi botên kalintu saking têmbung aran: sêtir (kêmudhi) angsal atêr-atêr: bê, lajêng dados tanduk, lajêng dados têmbung piyambak ingkang têgês parentah, dados têmbung sambutan (têmbung saloka) kadosdene têmbung gulawênthah, gulung alang-alang sasaminipun. Ing sarèhning ingkang dipun wastani

--- 55 ---

sèlêpbêstir wawênang utawi panguwaos ingkang sapintên kathahipun kula botên sumêrêp, namung mêndhêt têgês ingkang nguwaosi piyambak, jumbuhipun kalihan karsanipun gupêrmèn ingkang sampun kalair wau. Manawi samangke ing praja dalêm ing Surakarta ngriki sampun langkung saking sèlêpbêstir, sok makatêna badhe angsal tambahan malih panguwaos saking kangjêng gupêrmèn, dados ngêmudhèni piyambak dalah panguwaosipun gupêrmèn ingkang kaluntakakên wau.§ Sasêlot-sêlotipun pancèn makatên.

Awit panguwasanipun kangjêng gupêrmèn badhe kalumuntakakên, katitik saking têmbung: manawi sakintên sampun kuwawi nampi panguwasanipun kangjêng gupêrmèn. Miturut têmbung punika ingkang badhe kaluntakakên wau harak panguwasa agêng, mênggah panampi panyuraos kula inggih panguwaosipun kangjêng gupêrmèn wontên ing tanah Jawi sadaya,§ Mila ingkang pitados kemawon, kangjêng gupêrmèn tamtu botên badhe anggorohi, wontênipun dèrèng kalumuntakakên punika sabab saking sawêg katata saenipun, nata kawontênan makatên tamtu botên sagêd kadaya-daya, gawating panata gandhèngipun kalihan sampun gêsanging pamanahan kita Jawi, manawi sadèrèngipun kawêngku lajêng katata, ing raos lajêng winastan ngupados pandamêlan. Mila ingkang dèrèng kawêngku pêrlu kapundhut punapa kasuwun rumiyin kawêngku, nanging manawi sampun kawêngku lajêng katata sae tamtu kawangsulakên malih. Mila sampun ngantos kalintu panampi. Wrd. P. mila ing ngriku nyêbutakên kraton tanah Jawi, tuwin sabrang. Têgêsipun: panguwaosipun kangjêng gupêrmèn wontên ing tanah Jawi, inggih kalumuntakakên dhatêng kraton Jawi, ingkang wontên sabrang inggih dhatêng karaton sabrang. Manawi panguwaosipun kangjêng gupêrmèn sampun kalumuntakakên, kraton dalêm tanah Jawi mêsthi inggih ngabdèkakên warni-warni kadosdene kangjêng gupêrnêmèn. Mila kêdah ambêg sagara, êmpan sapapanipun inggih kêdah sagêd, upaminipun kaparak kadadosakên kêmasan, punika nama mokal, nanging manawi sagêd saha kalêrêsan êmpanipun inggih sae. Nanging kosokwangsulipun manawi botên sagêd inggih sanès êmpanipun. Sanadyan samangke sampun kathah sêsêrêpan warni-warni, bokbilih botên wontên awonipun mirit cariyos kina, inggih punika Sêrat Pustakaraja, puwara pangandikanipun Prabu Yudaka

--- 56 ---

dhatêng Patih Sunjaya, nalika anggalih kuwajibanipun golongan pêpitu, brahmana, satriya, wisya, danuja, danèswara, sudra, saha raksasa, para pangagêngipun golongan pêpitu wau sami kadhawuhan nyêrêp-nyêrêpakên dhatêng kuwajiban saha pangupajiwanipun karerehanipun piyambak-piyambak sabên saminggu sapisan. Manawi samangke sawêg pulisi lan pangrèh praja sabên wulan konpêrènsi, pamuji kula dhatêng para ingkang nêdya ngudi tumuntênipun anguwaosi piyambak saha tumuntênipun panguwasanipun kangjêng guprêmèn kalumuntakakên dhatêng kraton dalêm, kanthia panggalih mintir sampun ngantos binarung panggalih bêbêg, nilar wêweka, sampun lingsêm pitakèn kanthi patitis, sadaya panguwaosipun kangjêng gupêrmèn ingkang badhe kalumuntakakên wau inggih kêdah kapitakènakên ingkang salêsih, dados panindakipun botên tidha-tidha, salêsihing pitakèn prasasat ngrampungakên pandamêlan sapalih, sampun kagalih muruki para manggalaning praja, namung ngemutakên, mila ngemutakên supados gampila panindakipun botên ngaping kalih damêl, awit manawi kasupèn, rèhning inggih sampun sami sagêd, lajêng nindakakên piyambak gencang-gèncêng, satêmah asring kalèntu, manawi kalèntu satêmah tansah dèn anggêp dèrèng kuwawi nampi, mila pangudi wau inggih kêdah botên kêndhat pitakèn kanthi patitis lan salêsih. Manawi sampun angsal wangsulan saha sampun mangêrtos, inggih lajêng katindakakên kanthi tumêmên, ngatos-atos, manawi botên kapitakènakên saha botên kaudi namung kamirêngakên kemawon, eman sangêt musthikaning kajêngipun kangjêng gupêrmèn sampun mungup, manawi botên wontên ingkang ngudi trubusipun.

Rahayuning jagad.

Rukun

Pandamêl rukun, punika ingkang dados pangônta-antaning manahipun tiyang sadonya, ingkang sami ambêg rahayu ing budi, mila lacutipun sanadyan tumindak awon pisan, anggêr saiyêg rukun inggih sae. Anggènipun ngudi nyatunggalakên tekat [te...]

--- 57 ---

[...kat] rukun ngantos dipun saranani rekadaya maneka-neka, ingkang wosing sêdya ngudi têtêping rukun, ananging manawi pangudining karukunan wau taksih dèrèng eklas yêktos, liripun dèrèng rumasuk ing sanubari yêktos, ingkang cêpak tamtu kêplèsèt panjangkanipun, têmahan inggih malah ngoncèki samubarang ingkang kêdah kita umpêtakên, aluwung tanpa pakêmpalan, tiyang ing jawi botên sumêrêp kayêktènipun (sêmang-sêmang).

Dhasaring tiyang lumuh kaungkulan, rêmên katingal manjila miyambaki, ngantos kalair wontên têmbunganipun tiyang rêmbagan: tiyang kula punika anèh: lajêng anggènipun lumuh kaungkulan, sarta rêmên katingal manjila miyambaki wau ajak-ajak dhatêng ingkang dipun trêsnani, utawi ingkang cocog, ngantos nuwuhakên gêgolongan, watak ingkang makatên wau sadèrèngipun sirna kula wani namtokaken tangèh sagêdipun rukun yêktos, rukuna inggih namung swara, manawi wontên parlunipun saèstu pêngkêran§ Tiyang sawêg carakan kok. mila panyuwun kula dhatêng para warga Narpawandawa, mugi tumuntêna nyirnakakên dhatêng wêwatakan wau.§ Mugi ingkang pitados, dangu-dangu têmtu sagêd sirna piyambak, dening wirang kadhêsêk ing watak budi rahayu. Red.

Para maos, atur kula punika kula dhapur rêmbag ingkang tanpa têgês, nanging sajatosipun wontên ingkang kula tuju, pamanggih kula cêkap kula matur makatên kemawon, sagêd ugi sampun karaos, nanging manawi botên punika nama lêpat pangintên kula, lajêng sagêd ngukur, tibane mung samono.

Ngaso rumiyin. K.W.S.

Parlu Kawaos

Para lêngganan ingkang sampun dipun caosi blangko pos wisêl, lajêng kaparênga ngintunakên bayaranipun dhatêng artaka (Penningmeester) sadèrèng sasampunipun matur nuwun.

Kaping 1 Mèi 1926.

Rêdhaksi Administrasi.

--- 58 ---

Lambang

Lambang punika wancahaning têmbung pralambang, têgêsipun pralambang: panilas, praceka, utawi pasêmon. Ing Sêrat Jayabaya wontên lambang pasêmoning nagari, bokmanawi sagêd maedahi dhatêng para maos, lambang pasêmoning nagari wau kula pêthik kados ing ngandhap punika.

1. Caturana sêmune sagara asat, punika lambang pasêmonipun nagari sakawan, inggih punika ing Jênggala, ing Kadhiri, ing Ngurawan, sarta ing Singasari. Dados kala tanah Jawi kapara sakawan, utawi kadamêl karaton sakawan. Têgêsipun catur: sakawan, rana: paprangan. Mila dipun lambangi makatên, catur punika kajêngipun ing lambang: nagari sakawan, rana: punika pasêmonipun nagari sakawan wau panggenan prajurit, ratu sasantana abdinipun sami ulah kaprajuritan, wondene pasêmon: sagara asat punika, dene nagari sakawan wau kêkirangan bôndha beya, utawi sêpên saking pangadilan.

2. Gônda kentir sêmune liman pêpeka. Punika lambangipun nagari ing Pajajaran. Ingkang dipun lambangi makatên punika nata ing Pajajaran ingkang wêkasan, ingkang nama Sri Pamêkas. Têgêsipun gônda: ambêt, kentir: kèli, liman: gajah, pêpeka: botên ngatos-atos, sêmbrana. Mila dipun lambangi gônda kentir, awit Sri Pamêkas wau dipun kèlèkakên ing banawi Krawang dhatêng Siyungwanara, dados gônda punika pikantuk dhatêng ratu. Mila dipun sêmoni liman pêpeka, dene anggènipun kakèlèkakên wau amargi saking pêpekanipun piyambak. (cariyosipun ing babad makatên: Siyungwanara damêl gêdhong wêsi, Sri Pamêkas têka malêbêt ing gêdhong wau saking karsanipun piyambak, wêkasan kainêb, lajêng dipun labuh ing banawi Krawang dhatêng Siyungwanara, dados Sri Pamêkas wau kirang wiweka, mila dipun sêmoni liman pêpeka, liman punika pikantuk dhatêng Sri Pamêkas).

3. Macan galak sêmune curiga kêthul, punika lambangipun nagari ing Majapait. Mila nagari Majapait dipun lambangi sima galak, dene kineringan dhatêng sasamining

--- 59 ---

ratu, ratu ing tanah sabrang kathah ingkang nungkul, botên mawi linawan pêrang, sami ajrih piyambak saking mirêng ing kasudibyanipun. Mila dipun sêmoni curiga kêthul, awit santana abdinipun ratu ing Majapait botên wontên ingkang kenging kaêmpakakên ing damêl. Têgêsipun, botên kenging kaêmpakakên ing damêl bab kasusastran, amargi budinipun sami kêthul sadaya.

4. Lunga pêrang putung watange. Punika lambangipun nagari ing Dêmak, kala nêluk-nêlukakên para adipati ing tanah Jawi, ingkang taksih agami Buda. Watang punika ngibarat para wali ingkang sami dados kanthinipun ratu ing Dêmak. Mila dipun basakakên putung watange, awit satêngahipun nênêlukakên, para wali wau kathah ingkang sami seda (seda pêrang utawi seda gêrah) dados kaputungan kanthi.

5. Alêlungan datan kongsi bêbasahan kasêlak kampuhe bêdhah. Punika lambangipun nagari ing Pajang, ingkang dipun sêmoni alêlungan datan kongsi bêbasahan punika ratu ing Pajang, awit anggènipun jumênêng nata dèrèng ngantos dumugi ing kamuktènipun. Alêlungan punika ngibarat cangkrama utawi pêpara, inggih punika ambêbingah manah, kasêlak kampuhe bêdhah, punika inggih ratu ing Pajang ingkang dipun sêmoni, awit panjênênganipun botên lami, kasêlak seda, karatonipun botên tumêdhak dhatêng putra.

Badhe kasambêtan.

Turunan

Ôngka 17/Ha.

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, awit saking sampun dados kawajibanipun pakêmpalan Narpawandawa, ingkang sampun kalêbêt wontên suraosipun pranataning pakêmpalan (statuten) bab: 2, sarta: 3D. mila lajêng angrumaosi kêdah gadhah atur pamrayogi katur ing pêpatih dalêm, supados amêwahi tata-têntrêmipun praja nagari dalêm, inggih punika Narpawandawa mirêng swara kiwa têngên, kawontênanipun paos-paos dipun wastani awrat.

--- 60 ---

Awit saking punika manawi kawontênanipun bab paos-paos wau pancèn têrang sampun awrat, sagêd ugi badhe andadosakên kirang tata-têntrêmipun praja nagari dalêm, mila mênggah punika pakêmpalan Narpawandawa nyuwun dhatêng pêpatih dalêm. Mugi-mugi kaparênga anggalih bab punika, ing wasana pakêmpalan Narpawandawa anyumanggakakên saha nyuwun dhawuh.

Katur tanggal kaping 29 Agustus 1925.

Pangarsa: Wg. Kusumayuda.

Panitra I

Wg. Padmawinata.

Bab Pajêg.

Ôngka 1983 A/1

Turunan

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng pakêmpalan Narpawandawa, sêrat paturan katitimasan kaping 29 Agustus 1925 ôngka 17/Ha, sampun kauningan bab kawontênanipun sêsanggèn pajêg, punika samangke sawêg kapariksa sapintên awratipun tumrap tiyang ingkang anggadhahi sêsanggèn, pakêmpalan Narpawandawa supados sumêrêp.

Kantor Kapatihan kaping 12 Sèptèmbêr 1925.

Wg. Sasranagara.

Garapan A/1

Wg. Suradipura.

Pamirêng kula bab sêsanggèn paos ing nginggil punika, tumrap pasitèn ing nglêbêt kampung, wiwit taun 1926 sampun kathah sudanipun. Red.

Eka Paksa Karya Sakti

[Sinom]

cirining Narpawandawa / eka paksa karya sakti / cêtha ngalela nèng organ / kadi sang Hyang Bagaspati /

--- 61 ---

sumunar manêrangi / maring ingkang siluk-siluk / sumilak têtrawangan / dêdalan kang marang sakti / kang ingaran dalan eka paksa sêtrat //

nanging iya boya gampang / nadyan wikan unggyan margi / lamun botên bangkit ngambah / awit wingite kêpati / Ijajil ajêjawil / ngajak-ajak ngrujak sêntul / lor ngidul ngulon ngetan / wênèh menggokkên manginggil / wontên malih anjlungupkên marang jurang //§ Mila kêdah ingkang waspada.

marmane Narpawandawa / mawiwir talikêm tali / ancêr-ancêr nêring sêdya / supadya tan katut kontit / kumentar têbih-têbih / pisah eka paksa lurung / malar tumêkèng paran / milalu lumèngkèt tali / kang cinitrèng wêwaton Narpawandawa = (statuten) //

têtali ungêl-ungêlan / kang winahya ing bab kalih / ngajêngkên ajining gêsang / saha panggêsanganing lid / myang ngudi dadi adi / nagari kaprabon prabu / panampine kang nurat / murade iktikad iki / budidaya mêmayu mulyaning praja //

praja pamoring narendra / satriya punggawa mantri / santana wadya kawula / cêkake kawula gusti / wawasan limang cuwil / mung môngka murwani ênu / marmane têmbe benjang / binabarkên yèn kêsait / ing karangan panjurung saking Sukisman //§ Rêdhaksi tansah ngajeng-ajêng. Red.

Surakarta kaping 5 April 1926.

--- 62 ---

Pangrêksa

Wêdalipun organ Narpawandawa ôngka 3 taun 1925 kapêngkêr punika, mawi lampiran wawasanipun pangrèh bab sêrat dhawuh pêpèngêt, sarèhning wawasanipun pangrèh wau kula manah parlu dipun uningani para ingkang kaparêng maos organ Narpawandawa, mila manawi rama wrêdha pamong marêngakên, kula suwun supados kapacak ing organ ôngka 5 amargi lampiran wau sajakipun ingkang dipun paringi namung tumrap para warga, dados tumrap para santana dalêm ingkang dèrèng malêbêt warga Narpawandawa pangintên kula kathah ingkang botên maos, sanadyan sampun malêbêt warga, nanging bilih lêbêtipun wau sawêg punika ugi sagêd dèrèng maos, dene ungêlipun kula têdhak sungging kemawon, kados ing ngandhap punika:

Wawasan

Nalika ing dintên malêm Rêbo tanggal kaping 5/6 Mèi 1925, pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa parêpatan wontên ing dalêm Kusumayudan, angraosakên sêrat dhawuh pêpeling nagari katitimangsan kaping 4 Mèi 1925 ôngka 969 A/I, ingkang turunanipun kawrat ing organ punika, pangrèh amastani dhawuh wau pancèn lêrês sarta parlu, sabab wêkdal punika sampun têtela têrang bilih kathah rêmbag-rêmbag sarta pakêmpalan-pakêmpalan ingkang warni-warni tindak utawi tujunipun. Manawi kita (para santana) botên angatos-atos, lajêng kaluyu-luyu tumut dados warganipun, tamtu sagêd kablowok, ingkang tundonipun dhawah kapitunan, mila panganggêpipun pangrèh Narpawandawa dhawuh wau nama panjagi tumrap dhatêng para santana dalêm, pangrèh ugi sumêrêp bilih wêkdal punika kêkiyatanipun anjunjung drajading bôngsa botên wontên malih marginipun, kajawi amung saking karukunan. Mila Narpawandawa ugi lila upami wontên santana dalêm ingkang purun malêbêt dados warganing pakêmpalan punapa kemawon, ugêripun botên anyulayani dhatêng dhêdhasaraning santana, saha botên angrisak katêntrêmaning nagari, awit ajênging bôngsa punika tamtu andudut ajining para santana, nanging kosokwangsulipun, manawi [ma...]

--- 63 ---

[...nawi] ngantos malêbêt dados warganing pakêmpalan, ingkang tujunipun anyulayani dhêdhasaripun santana, utawi tumindak adamêl kirang têntrêming praja, santana ingkang makatên punika nama kasupèn dhatêng wajibing gêsangipun anggèning dados santana dalêm sarta kenging katêtêpakên anyelaki dhatêng santananipun. Narpawandawa inggih sampun rumaos, bilih kawontênanipun nagari sapunika taksih kathah kêkiranganipun, sampun malih nagari dalêm ing Surakarta, sanadyan nagari ingkang agêng-agêng ingkang madêg piyambak, tatananipun inggih katingal dèrèng marêmakên dhatêng manahing têtiyangipun, mila Narpawandawa ugi botên makèwêdakên angrêmbag kawontênanipun nagari murih prayoginipun, sarta Narpawandawa pancèn nêdya angudi sagêdipun nagari dalêm kalampahan sae, amargi tatananipun praja punika kêdah ewah-ewah kacocogakên kalihan kawontênanipun, manawi kawontênan wau botên sagêd jumbuh tamtu badhe kirang prayogi kadadosanipun. Gambaranipun sami kemawon kalihan adêgipun bêbadaning manungsa, inggih punika raga kalihan sukma, tumrapipun nagari inggih praja kalihan tiyangipun, punika botên kenging pisah, kêdah sami sumêrêp-sinumêrêpan, mila Narpawandawa anglêpatakên bilih kita ngantos botên manah sarta ngraosakên kawontênanipun nagari, tuwin tumindak amurang-tata, amargi risaking nagari punika têgêsipun inggih sadaya karisakan.

Mênggah kajêngipun pamanggih-pamanggih kasêbut ing nginggil punika botên liya pangrèh nêdya anjêjêgakên adêging para santana dalêm, katêtêpakên para santana punika dados bêbauning praja, dados kêdah rumêksa dhatêng nagarinipun, amargi kawontênaning santana punika saking panjênêngan dalêm nata, ing môngka nata wau kawajiban amêngku praja, inggih botên gampil sarta botên ènthèng kawajiban rumêksa, awit kêdah adhêdhasar purun angurbanakên sarira, nama dèrèng sanyataning rumêksa bilih taksih tumolih sariranipun kemawon, manawi kita sami sagêd lugu angurbanakên sarira, ingkang amung murih hayuning praja, sintên ingkang botên mastani utami dhatêng pandamêl kita wau, saha punapa inggih botên punika [pu...]

--- 64 ---

[...nika] ingkang kawastanan nêtêpi paribasan: amikul dhuwur amêndhêm jêro ing lêluhur kita. Sadhèrèk, pathining satriya punika botên liya amung angurbanakên sarira kangge hayuning praja, suwawi sami kajôngka. Pangrèh.

Makatên ungêling sêrat wawasanipun pangrèh, manawi panjênêngan sami karsa ngraosakên ingkang lêbêt, panjênêngan dados santana dalêm punika botên ènthèng, kêdah botên kenging tumindak sakarsa-karsa, awit para santana punika dipun têtêpakên dados bêbauning praja, dados kêdah rumêksa dhatêng nagarinipun, nadyan pandamêl ingkang makatên punika sayêktosipun angèl sangêt gêgayuhanipun, ugêr panjênêngan sami saiyêg nêdya tumandang ing damêl§ Perlu sangêt kita andandosi budi. Nanging gawatipun lajêng kabedhung ing sambang-sarawungan. kados inggih tamtu lajêng gampil, karukunaning sêmut punika kenging kangge pangilon, sapintên ta agêngipun sêmut, ewadene sagêd anggondhol bathang dhatêng lèngipun, idham-idhamanipun pangrèh, kula sadaya (para santana) punika sami angurbana sarira kangge hayuning praja.§ Katrêsnan kita ingkang sampun maatusan taun anggèning tilêm, sampun wancinipun kagugah. Red. Mila sumôngga sadhèrèk, sami ambudidaya sagêdipun kalêksanan jangkanipun pangrèh kita ing nginggil punika. Mudhapunggung.