Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 6, kaping 19 Dulkangidah Be 1856, utawi kaping 1 Juni 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ingkang nanggêl isinipun organ punika para pangrèhing Narpawandawa. Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1926.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50 Kapacak sapisan.

Sêrat Katur Presidhèning Pakêmpalan Narpawandawa

Ingkang kapatah dening Narpawandawa dados kumisi pralenan ingkang nandhani nama ing ngandhap punika, sampun sami angèstokakên, lajêng parêpatan amanah wontênipun pralenan wau, wondene pinanggihing rêmbag, lajêng kapacak ingèngrèng badhe lampah-lampahipun katur asarêng punika, mênggah kirang-langkungipun kula sumôngga.

Katur kaping: April 1926.

1. Kusumabrata, 2. Padmanagara, 3. Yasadipura, 4. Jayadilaga, 5. Sasrapurba, 6. Sastrahagnyana,

--- 66 ---

Lampah-lampah Anggènipun Pakêmpalan Narpawandawa Damêl Rêrukunan Pralenan

Bab I

Tujuning pralenan wau amitulungi warganipun ingkang tilar dunya utawi kasripahan, awujud pasumbang arta, bau utawi pitêdah.

Bab II

Warga

Ingkang kenging dados warga pralenan wau amung warganing pakêmpalan Narpawandawa, ingkang sumêdya mlêbêt mawi ambayar arta entre, tumrap warga mulya f 4. warga darma f 2. warga limrah f 1. botên mawi kontribisi, dene jiwa ingkang kalêbêt rukunan pralenan punika garwa utawi sêlir ingkang absah salah satunggal ingkang ing ngajêng dipun pralenakakên dhatêng pralenan dening semahipun, punika bilih tilar dunya angsal pasumbang saking warga.

Bab III

Ingkang sumêdya dados warga pralenan kêdah suka sêrat panêmbung dhatêng pangrèh ingkang nindakakên pralenan wau.

Têtêpipun dados warga manawi sampun 15 dintên saking tampining sêrat tôndha dados warga.

Bab IV

Warganing pralenan kabage dados tigang golongan.

1. Warga mulya, inggih punika ingkang pangkat bupati anom minggah, utawi warga ingkang sampun kathah pitulunganipun.

2. Warga darma, inggih punika kenging sadhengah tiyang ingkang purun darma arta bilih ambayar sapisan sakêdhikipun f 5. bilih ambayar sabên wulan sakêdhikipun f 0,25 sawulan utawi barang, ananging botên gadhah wawênang angsal pasumbang, namung angsal layadan.

3. Warga limrah inggih punika ingkang pangkat sangandhaping bupati anom mangandhap.

--- 67 ---

Bab V

Kèndêlipun warga.

1. Saking panêdhanipun piyambak.

2. Kakèndêlan saking sabab sakèndêlipun wau botên kenging ngudi arta sarta barangipun ingkang wontên ing rêrukunan pralenan punika, dene manawi badhe ngèndêli warga kêdah karêmbag wontên parêpatan agêng.

Bab VI

Manawi wontên warga utawi dhudha randhaning warga tilar dunya, warisipun kêdah lajêng lapur dhatêng rêrukunan pralenan, anjujug dhatêng wacaka utawi pangarsaning pangrèh kawrat ing sêrat, lapuripun wau katêmtokakên sasampunipun jam 6 enjing sadèrèngipun jam 11 dalu, sarta sasagêd-sagêd mawi katrangan angkating layonipun.

Bab VII

Bôndha sarta arta

Bandhaning pralenan wau.

1. Saking entre, 2. Saking pakêmpalan Narpawandawa, 3. Saking darma, 4. Tirahaning arta pasumbang saking ingkang sampun katamtokakên, 5. Utawi sanès-sanèsipun, 6. Sumimpênipun arta wontên pangarsaning pangrèh pralenan.

Bab VIII

Pasumbang

Manawi wontên warga utawi dhudha randhaning warga tilar dunya, angsal pasumbang, manawi warga kathahipun f 50, manawi warga utawi sêlir ingkang absah kados kasêbut ing bab II. angsalipun pasumbang amung f 25. dhudha randhaning warga ugi angsal pasumbang amung f 25. kapêndhêtakên saking arta kas rumiyin, sarta kapotong gangsal prêsèn

--- 68 ---

kangge wragad panyêratan akalihan ingkang mlampah ulêm sasaminipun, mênggah angsalipun pasumbang wau botên kenging rangkêp, kêdah namung angsal sumbangan satunggal bab pundi ingkang kathah.

Bab IX

1. Manawi wontên warga tilar dunya, satunggal-tunggaling warga katamtokakên nyumbang kados ing ngandhap punika.

1. Warga mulya kathahipun 1 rupiyah, 2. Warga darma kenging sakaparêngipun, 3. Warga limrah 25 sèn,

Bilih ingkang tilar dunya punika jiwa bêkta (angkatan) ning warga panyumbangipun namung nyapalih sumbangan kasêbut nginggil punika.

2. Pasumbang wau salêbêtipun 10 dintên saking anggènipun dipun prasabêni kêdah kabayar sah dhatêng griyanipun wacaka, manawi salêbêtipun 10 dintên botên ambayarakên sumbangan, lajêng dipun tariki lopêr kêdah pundhat salêbêtipun 5 dintên saking têmtuning ambayar wau, saha pambayaripun dhatêng lopêr punika mawi kaindhakakên wêwah 5 sèn, minôngka pasangonipun dhatêng lopêr ingkang lumampah nariki wau, arta wau lajêng kalêbêtakên kas minôngka lintunipun anggèning ngêjogi kasbut bab VIII bilih tirah lajêng dados kas.

3. Dene warga mulya ingkang saking katrimah bayaripun pasumbang katamtokakên namung sapalihing pasumbangipun warga limrah.

Bab X

Manawi wontên warga botên bayar pasumbang ngantos 20 dintên saking tampining prasabênan, môngka botên wontên sababipun ingkang parlu, badhe kawêdalakên saking anggènipun dados warga pralenan, kados kasêbut bab V adêg-adêg 2, sadèrèngipun kaputus ing parêpatan agêng manawi tilar dunya utawi kasripahan botên angsal pasumbang.

--- 69 ---

Bab XI

Manawi wontên warga tilar dunya, ingkang katamtokakên nglayat namung warga limrah, dene warga mulya, warga darma, namung sasagêd-sagêd prayogi nglayad, ingkang nglayad angkating layon punika kêdah mangagêm jangkêp, rasukan cêmêng, sarta salêbêtipun wontên panggenan ngriku saha salêbêting ngiringakên layon wau, botên kenging gêgujêngan, parlu angatingalakên bela sungkawa tuwin ngajèni dhatêng layonipun, dene ingkang kasripahan, wêkdal angkating layon punika botên kenging nyugata (nyuguh) punapa kemawon, amung maligi manah sampêting pangrukti layon.

Bab XII

Pangrèh

1. Pralenan wau dipun wontêni pangrèh piyambak, cacah sakêdhikipun 9 kalêbêt wakilipun Narpawandawa 1, sarta dipun wontêni pangarsa, mudha pangarsa, wacaka ngiras artaka, panitya.

2. Têtêpipun pangrèh kêdah wontên parêpatan agêng miturut pamilihipun para warga ingkang kathah piyambak, dene laminipun anggèning nindakakên pandamêlan namung 3 taun, nanging kenging kapilih malih.

3. Pangrèh wau wajib angrêksa sarta wênang nata lampah-lampah ingkang murih saening pakêmpalan, sarta anêtêpakên sadaya ungêling pranatan.

Bab XIII

Kawajibanipun pangrèh pangarsa

1. Wênang mutus sêdaya prakawis wontên parêpatan pangrèh utawi wontên parêpatan agêng sarta kêdah ngrêksa saening parêpatan.

2. Anamtokakên sadaya parlu ingkang gêgayutan kalihan pralenan, sarta kêdah nandhani sadaya sêrat-sêrat.

3. Wênang angèndelakên utawi manawi wontên parlunipun wênang ambibarakên parêpatan.

--- 70 ---

4. Manawi nampèni palapuranipun warga tilar dunya, lajêng amatah panitya 2, ingkang nampèkakên pasumbang.

Mudha pangarsa

Mudha pangarsa punika dados kondhangipun pangarsa, kuwajibanipun miturut parentahipun pangarsa, sarta manawi wontên kapambênganipun pangarsa, anyulihi sadaya wajib wawênangipun pangarsa.

Wacaka ngiras artaka

1. Amèngêti sarta macak sadaya rêmbag-rêmbag salêbêting parêpatan, nyimpêni sadaya sêrat-sêrat buku-buku kabêtahaning pralenan.

2. Amèngêti cacahing warga ingkang tilar dunya, ingkang mlêbêt sarta ingkang mêdal punapadene dhudha randhaning warga.

3. Manawi anampèni prasabên wontên warga utawi dhudha randhaning warga tilar dunya, lajêng damêl wara-wara, layadan, lajêng kalampahakên lopêr bêrahan.

4. Anampèni sarta nariki pasumbang dhatêng para warga mawi pêthuk, ingkang mlampah lopêr bêrahan, salajêngipun sêtor dhatêng kas mawi sêrat.

5. Amèngêti sadaya lêbêt wêdalipun arta.

6. Sarta minôngka bêbaunipun pangarsa.

Panitya

1. Sabên kalih wulan sapisan mariksa kawontênanipun kas, dalah buku-bukunipun, giliran kalih-kalih, lajêng damêl pursès prêbal katur pangarsa.

2. Nampèkakên pasumbang dhatêng warisipun warga ingkang tilar dunya, sarta nari katindakakên pangrèh punapa katindakakên waris. Manawi katindakakên pangrèh lajêng nindakakên sarampunging pangruktining layon, manawi katindakakên waris arta lajêng kapasrahna, sarta amêlinga katindakna ingkang pantês, sarta kenging ningali kadospundi panindakipun, manawi sakintên kirang prayogi lajêng mratikêlna, makatên wau giliran kalih-kalih. [kalih-...]

--- 71 ---

[...kalih.]

Bab XIV

Parêpatan

1. Pangrèh apêsipun sataun sapisan, kêdah damêl parêpatan agêng, nyarêngi parêpatanipun agêng pakêmpalan Narpawandawa, anglapurakên lêbêt wêdaling arta, tumindakipun pandamêlan, cacahing warga, sarta sanès-sanèsipun ingkang parlu.

2. Manawi wontêr parlunipun kenging damêl parêpatan agêng piyambak.

Bab XV

1. Parêpatan agêng punika adêgipun manawi warga ingkang dhatêng apêsipun sapratigan, manawi kirang botên kenging damêl putusan.

2. Parêpatan pangrèh, adêgipun manawi ingkang dhatêng apêsipun sapalih, manawi kirang botên kenging damêl putusan.

3. Sadaya parêpatan ingkang nyêpêng wêwênangipun pangarsa, sadaya ingkang dhatêng parêpatan, kêdah nêtêpi cara parêpatan ngriku, sintên ingkang botên anêtêpi kenging kawêdalakên saking parêpatan, saking kuwasaning pangrèh.

Bab XVI

Adêgipun pralenan punika, manawi cacahing warga dèrèng anyêkapi kalihan petanging pasumbang, tampining pasumbang inggih namung sapintên wontênipun warga kemawon rumiyin, amung manawi cacahing warga sampun sagêd nyêkapi utawi langkung kalihan petangipun têmtuning pasumbang f 50, sèkêt rupiyah, lajêng katêmtokakên tampi pasumbang nêtêpi kados ingkang kasêbut lampah-lampah punika ing bab kaping VIII kosokwangsulipun manawi cacahing warga suda-suda, tampining pasumbang kadosdene nalika warga kirang wau.

Bibaring pralenan punika manawi cacahing warga kantun 30, saha mawi karêmbag ing parêpatan, kadospundi kawontênaning putusanipun parêpatan.

--- 72 ---

Wara-wara

Pangrèh ngaturi uninga, benjing dintên malêm Rêbo tanggal kaping 8/9 Juni 1926 utawi kaping: 27 Dulkangidah Be 1856, Narpawandawa badhe damêl parêpatan taunan Leden vergadering wontên ing Kusumayudan, wiwitipun parêpatan jam 8 lêrês, ingkang badhe karêmbag:

1e. Nêtêpakên pèngêtan parêpatan kapêngkêr (sampun kawrat ing organ ôngka 1 taun 1926.). 2e. Maos palapuran taunan (Jaar verslag). 3e. Maos palapuran arta, lajêng matah komisi. 4e. Bab badhe wontênipun pralenan Narpawandawa (rancangan pranatanipun kapacak ing organ punika). 5e. Tuwin rêmbag sanès-sanèsipun.

Ingkang punika para warga wanci jam 7 sontên kasuwun sampuna rawuh ing Kusumayudan, dene pangagêmanipun kenging jas-jasan. Kaping 1 Juni 1926. Pangrèh.

--- 73 ---

guna + kaya + purun = utama.

guna + kaya = mèh utama.

kaya + purun = sagêd utama.

guna + purun = sagêd dhawah nistha.

purun (tanpa guna tanpa kaya) = ambilaèni.

Tiyang sêpuh-sêpuh ingkang sampun kula sumêrêpi, nyirik sangêt dhatêng cidra ing ubaya. Manawi kula tandhing kalihan wêwarah Walandi belofte maakt schuld têka nyamlêng. Rêhning tiyang sêpuh-sêpuh ingkang kula cariyosakên ing nginggil, punapa malih tiyang ingkang sami gadhah wêwarah belofte maakt schuld punika gêsangipun ugi sami mèmpêr, inggih punika sami sagêd gêsang sakeca, mila kula inggih ngangkah niru, bokmanawi inggih sagêd botên ngrêkaosakên ing gêsang kula.

Ing organ Narpawandawa ôngka 4 kula sampun sanggêm mahyakakên krêntêging manah kula, ing Narpawandawa 5, kula nyêbutakên devies N. P.: eka paksa kahyarkarya. sakti, têgêsipun marginipun dhatêng sakti punika eka paksa, utawi rukun, nanging kadospundi sagêdipun rukun manawi dèrèng wontên ancêr-ancêripun. Amargi puluh-puluh gadhaha sêdya rukun, mokal sagêda kalampahan, manawi satunggal ngajak nyaèkakên praja, satunggalipun nêdya ambibrah jagad, satunggalipun malih taksih anggudèl bingung, dipun ajak mangetan tumut mangetan, dipun gèrèt mangilèn katut mangilèn,§ Sayêktosipun sêsêrêpan ing kêmrôngga, matêng botên mêntah botên, punika ing pamanah malah ambêbayani, aluwung anggudèl bingung kabêkta saking mêntah punika sampun gênah. Red. mila Narpawandawa ugi andamêl ancêr-ancêr wau, kacitra ing wêwatonipun (Statuten) bakunipun angajêngakên gêsang saha panggêsanganing warga, nagari saha karaton. Punika tumrap ingkang sampun pana dhatêng kawruh praja sarta botên kêkilapan dhatêng kajênging jaman, têmtu botên badhe worsuh, lajêng cêtha wela-wela, nanging tumrapipun warga limrah kados kula punika, namung gagap-gagap, adat asring tuna-dungkap. Upaminipun nêdya ngajêngakên panggêsanganipun, nanging kabêkta kalintu marginipun lajêng mêngsah nagari. Wontên malih ingkang nêdya ambelani kraton, nanging pamawasipun taksih

--- 74 ---

kados ing jaman Mataram wêkasan, têgêsipun anglêrêsakên tindakipun tiyang ingkang kados Trunajaya sasaminipun. Têmtu kemawon anjalari karisakan sadayanipun.

Jalaran saking punika, ingkang kula angge wiwitan ingkang gampil rumiyin, inggih punika ingkang gêgandhengan kalihan nagari, jalaran lugunipun sok sumêrêp pundi ingkang dipun anggêp sae dhatêng nagari, punika limrahipun têmtu sumêrêp bêtahing karaton, sabab prêluning nagari punika ingkang kathah cocog kalihan kabêtahan kraton, apêsipun ugi sampun angsal idi saking panjênêngan dalêm nata, punapa malih têmtu murakabi dhatêng gêsang, saha panggêsanganing warga Narpawandawa.

Wondene ingkang sapunika taksih kêrêp dados rêrêmbagan punika bab tindaking praja anggènipun mupu paos. Kalêrêsaskalêrêsan. organ Narpawandawa ôngka 5 mêntas ngêwrat paturanipun Narpawandawa ingkang ngaturakên awrating paos, saha sampun angsal wangsulan dhawuh nagari. Nanging supados botên ngêbak-êbaki papan, prayogi benjing malih kemawon, sapunika kapunggêl samantên rumiyin.

Surakarta, 11 Mèi 1926.

Sukisman.

Waluyan Katur Sadhèrèk P.K.

Ing organ ôngka 4 wontên andharaning gagasanipun sadhèrèk P.K. supados: 1. Narpawandawa gadhaha wakil wontên rad nagari, 2. Supados pradata kenginga dipun sowani juru pambombong, (advocaat) punika sarèhne alit-alit kula inggih warga kawak. Pamanggih kula parlu ngaturi waluyan gagasanipun sadhèrèk P.K. wau sagaduging pamanahan kula supados kenginga kangge panglimbang panggalihipun, wondene waluyan kula kados ing ngandhap punika.

1. Bab wakil Narpa wontên rad nagari, miturut tatanan sapunika pamanggih kula pancèn botên sagêd, dening rad nagari wau namung minôngka paranpara dalêm, têtêp pocoting warga wontên ing asta dalêm, sarêmbag kalihan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, sarta parêpatanipun kangge wados, makatên punika manawi botên kalintu

--- 75 ---

ingkang dipun emba: manawi ing Nèdêrlan ingkang winastan: Raad van State ingkang punika paranparanipun sri bagendha maharaja, yèn ing Indhiya ngriki Raad van Nederlandsch Indie inggih punika paranparanipun ingkang wicaksana guprênur jendral, sadaya punika warganipun sami ugi dede wakiling kawula utawi golongan-golonganing kawula, partijen. saèstunipun tatananing rad nagari punika inggih dèrèng paja-paja nyamèni rad pan sêtatê utawi rad pan Indhi wau, nanging wiwit tatananipun rad nagari kaewahan punika ingkang dipun cengkok rad-rad kasebut nginggil, dados sagêd ugi malèncèng kalihan tujunipun sakawit kala jamanipun Kangjêng Tuwan Residhèn van Wijck. ingkang ngadani wontênipun rad nagari amargi kala samantên kula mirêng, manawi ingkang dipun emba utawi sagêda dados parlêmèn, mila dipun bêbahi ngrêmbag rantaman lêbêt wêdalipun arta nagari.

Kawuningana sadhèrèk P.K. rad ingkang warganipun nama wakiling sagolong-golonganing kawula punika miturut pranatan = wet botên wontên. Pasêgsènipun ingkang cêtha kemawon Staten Generaal ing Nèdêrlan, punika miturut ungêling anggêr buku = Grondwet bab kaping: 79. De Staten Generaal vertegenwoordingen het geheele Nederlandsche volk têgêsipun sêtatên general iku wakiling kawula Nèdêrlan kabèh, dene sagêdipun sagolong-golonganing kawula = partij gadhah wakil wontên ngriku punika, botên liya namung saking rekadaya nalika wêktu pilihan warga (Verkiezing) mila sabên adêgan anyar, cacahing wakilipun parte-parte wau kêrêp botên sami kalihan adêgan lami.

Tumrapipun Indhiya, rad kawula punika sanajan wêwênangipun taksih namung ngaturi pamrayogi dhatêng gupêrnur jendral kemawon (adviseerend) botên kadosdene Staten Generaal = parlement anêtêpakên = wetgevend ewadene cengkoking pranatanipun sampun anyêlaki, amargi tujunipun pancèn badhe dipun dadosakên parlêmèn. Mila manawi sadhèrèk P.K. kapengin ngewahi tatananipun rad nagari, prayoginipun têtêpna santuning sipatipun rumiyin, saking sakêdhik sagêda dados parlêmèn, têmtunipun sagêdipun makatên inggih dangu sangêt, sarta kula purun totohan tamtu kathah pakèwêdipun, nanging tinimbang gadhah gagasan ingkang sulaya kalihan kawontênanipun, prayogi ingkang landhêsan kayakinan,

--- 76 ---

dene sagêd kalampahan utawi botên, punika namung gumantung wontên ingkang kuwaos, manawi kangge bodhon, jangji parêpatanipun sagêd opên bar kemawon kados ingkang sampun kêrêp dipun rêmbag ing sêrat-sêrat pawartos, pangintên kula sampun tamtu kathah paedahipun, amargi kita sadaya sagêd nyumêrêpi (publieke controle) rêmbag-rêmbagipun ngriku, dados saupami wontên kalèntu tuwin kalepyanipun, sagêd budidaya anglêrêsakên.

2. Juru pambombong supados kalilana sowan ing pradata, punika ugi botên sagêd malih, amargi:

Ha. Parêpataning pradata punika botên opên bar.

Na. Ing tanah Kajawèn ngriki pangadilanipun taksih kacampur kalihan paprentahan, liripun makatên, sanadyan ingkang kangge waton karampungan, punika sampun wontên pranatanipun piyambak, kados ta: anggêr agêng, nawala pradata, anggêr-anggêr sanèsipun, nanging ingkang nindakakên punika taksih narapraja, têtêping karampungan dipun gêsin jêjênêngipun gupêrmèn ingkang wontên Surakarta, inggih punika kangjêng tuwan residhèn, tuwin botên sagêd apèl, dados pakèwêd agêng saupamia dipun sowani juru pambombong.

Manawi gupêrmèn utawi nagari agêng sanèsipun botên makatên, pangadilan punika jumênêng piyambak, gadhah wêwaton kangge ngrampungi prakawis, sarta gadhah punggawa piyambak, pisah kalihan paprentahan, mila gupêrmèn kêrêp kemawon dipun gigad dhatêng pangadilan, wusana kawon, kadosdene prakawisipun Javabank kalihan gupêrmèn, makatên punika manawi Kajawèn botên sagêd.

Sarèhne sadhèrèk P.K. sampun kula aturi priksa bedanipun pangadilan Kajawèn kalihan gupêrmèn, têmtunipun lajêng sagêd gamblang punapa sababipun dene nalika prakawis Sragèn, kadosdene ingkang panjênêngan andharakên wontên gagasan panjênêngan, ingkang dhumawah landrad sagêd luwar nanging ingkang pradata kokum.

Kajawi punika, sadhèrèk P.K. kula aturi anggalih rumiyin ingkang panjang, manawi pradata sagêd kalêbêtan juru pambombong, môngka tatananipun taksih kados samangke punika, punapa botên malah damêl kuciwaning praja? Tur punapa putusanipun andadosakên pamarêming ingkang dipun putus, dèrèng kinantên, pasêksènipun pangadilan gupêrmèn, punika sagêd kalêbêtan juru pambombong pintên-pintên, ewadene putusanipun inggih kêrêp kemawon botên andadosakên pamarêm, pasêksènipun suwunan rêpisi sarta apèl, têka inggih kathah sangêt.

Wasana mugi-mugi andharan kula punika andadosakên pamarêmipun sadhèrèk P.K.

Kas.

--- 77 ---

Wawasan

(Barang bagus jual murah)

Adêging pakêmpalan Narpawandawa, èngêt-èngêtan dumugi sapunika kirang langkung sampun 10 taun wilujêng botên wontên sambekalanipun, para warga ing sêmu katingal iyêg karukunanipun, woh sarta paedahipun kenging dipun wastani sawatawis kathah, tumrap dhatêng parentah, dene ingkang tumrap warga dèrèng sapintêna. Malah-malah kathah kaciwanipun sabab anggèning dèrèng kadumugèn ing kabêtahanipun, ananging inggih sampun untung, amargi sawanganipun ingkang sampun-sampun katingal ing kathah sae, ananging wêkdal sapunika kadospundi? sajak-sajakipun badhe dhumawah ing kosokwangsul, katitik saking sabên kalamasa dintên pêpanggihanipun para warga, botên sagêd carup supêkêt-sinupêkêtan, golongan agêng sami agêng, têngahan sami têngahan, alit saya tansah gandhèng sami alit, dening ngrumaosi alitipun, sanajan sawêg sami kapinujon sêsrawungan abên-ajêng wontên pêpanggihan wau, golongan ôngka I, punika sêmu kemawon babarpisan botên wontên antawisipun bilih badhe rêna wanuh utawi ngaruh-aruhi sakêcap dhatêng pun pangalit wau.§ Pamanggihipun rêdhaksi makatên wau nama andhêng-andhêng, nama botên punapa dèrèng sagêd nyirnakakên kalilip.

Lajêng tuwuh wontên kêmpaling golong-golongan santana dalêm, darah kaping gangsal piyambak, kaping sakawan piyambak, badhe wontên golongan pundi malih, dèrèng kacêtha, sarta punapa ingkang dados sêdya tuwin tujunipun inggih dèrèng têrang.§ Ingkang kula mirêngi namung bab layadan.

Wiyosing dhawuh timbalan dalêm bab santana dalêm buyut dadosa punapa kemawon, kalilan ngangge sêsêbutanipun santana, dumugi wêkdal punika sêsrawunganipun golongan santana dalêm lajêng dados 3 perangan, inggil, têngahan sarta andhap, punika wontêna pajagongan, wontêna pasowanan, katingal sumisihipun [su...]

--- 78 ---

[...misihipun] ing sêmu malah sajak lirik-lirikan,§ Wah, punika ingkang matosi sangêt, badhe ical jêjêripun. punapa têgêsipun? kintên-kintên: ingkang inggil sumêlang manawi dipun anggêp sami dhatêng ingkang têngahan, ingkang têngahan kuwatos manawi botên katingal beda kalihan ingkang alit, ingkang alit sarèhning rumaos ugi santana dalêm kayêktèn ing pikukuhipun santana dalah kukuming pangadilanipun, nanging kraos sangêt anggèning alit, tôndha-yêktinipun kabeda sêsêbutanipun kalihan ingkang têngahan, punika sajak-sajakipun sami lajêng tuwuh manahipun jajagi bokmanawi dipun trapi têmbung utawi tindantindak. ingkang kirang mungguh saking ingkang inggil saha têngahan wau, ingkang alit punika sêmu-sêmunipun ugi badhe malês kirang mungguh, têrkadhang malah sampun dhêdhasar anjarag lo, harak wontên antawisipun dhumawah ing kosokwangsul ta, eyang wrêdha pamong?§ Adhuh, botên sae sangêt, rêdhaksi nyuwun kalayan sangêt, panggalihan ingkang sampun botên sagêd cog [cocog] kalihan jaman ingkang kinajêngakên, prayogi kasingkirakên ingkang têbih.

Mirit kawontênan sapunika wau larap-larapipun botên ngêmungakên sami abêbencengan botên wanuh kemawon, anamung sagêd anjalari tuwuhing nalar-nalar ingkang parlu, ingkang sadangu-dangunipun dèrèng nate kasumêrêpan, amargi ugi ingkang sampun kasumêrêpan, wiji gêgêthingan punika saya dangu saya kandêl, wahananipun, pêcahing karukunan nyudakakên kasungkêman, manawi para santana dalêm sami bèncèng-cèwèng pêcah rukunipun, sintên ingkang pituna? eyang wrêdha pamong tamtu langkung nguningani, utawi kula sumanggakakên ingkang sami wajib anggalih.§ Ngisin-isini sangêt.

Sarèhning wontên ingkang nandhang pituna, sintên ingkang badhe ngukup kauntunganipun? kula sumanggakakên malih dhatêng para maos, rak inggih makatên ta eyang wrêdha pamong?§ Sampun sami kraosipun.

Wawasan punika mugi wontêna ingkang urun pamanggih punapa kawontênanipun, tutuping atur kula sadaya wau kula sumôngga ingkang sami kaparêng anglaras kawontênan santana, namung kula mêmuji, ingkang makatên wau sampun ngantos kalajêng-lajêng, awit tamtu mahanani sami botên prayoginipun, tumrap ingkang sami nandhang pituna. Pun Pujyarja.

--- 79 ---

Turunan

Tatêdhakan Kêkancingan Ôngka 6 A/1

Manira pêpatih karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat têrang dhawuhing timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan angèngêti:

I. Bab kaping 13 ing pranatan bab pajêge wong omah-omah kasêbut layang kabar nagara taun 1922 ôngka 7.

II. Bab kaping 4 adêg-adêg 2 ing pranatan bab pajêg kareta motor kasêbut layang kabar nagara taun 1925 ôngka 12.

III. Bab kaping 4 adêg-adêg 2 ing pranatan bab pajêg kareta, kasêbut layang kabar nagara taun 1925 ôngka 13.

Ing mêngko namtokake têtunggangane para putra santana sarta abdi dalêm, kang kaluputake saka pajêg mau, kaya ing ngisor iki.

Bab1

1. Putra-putri dalêm kolonèl komandhaning prajurit dalêm, abdi dalêm bupati sapêpadhane. Bupati anom sapêpadhane. Sarta santana dalêm wayah kang suwita dadi abdi dalêm, padha kaluputake saka pajêge sarupaning têtunggangan kang mawa rodha, ananging mung salah sawiji cacah siji êndi kang dipilih, sarta kaluputake saka pajêging jaran têtunggangan cacah siji, dene têtunggangan kang mawa rodha mau manawa kang dipilih kareta, iku jaran rakitane uga kaluputake saka pajêg.

2. Abdi dalêm panèwu mantri sapêpadhane. Sarta santana dalêm buyut, kang suwita dadi abdi dalêm, kaluputake saka pajêging kareta rodha papat utawa rodha loro, utawa pit, salah sawiji cacah siji êndi kang dipilih, sarta yèn kang dipilih kareta, iku jaran rakitane uga kaluputake saka pajêg. Tumrap panèwu panggêdhe dhistrik sarta mantri panggêdhe ondêr dhistrik, yèn prêlu anduwèni jaran tunggangan kanggo nindakake pagawean wajibe, iku kêna kaluputake saka pajêging jaran têtunggangan mau cacah siji.

--- 80 ---

3. Abdi dalêm kang pangkat sangisoring mantri, tumêka pambantu, sarta santana dalêm canggah kang suwita dadi abdi dalêm, kaluputake saka pajêging pit cacah siji, amung tumrape lurah kampung sarta lurah desa kaluputake saka pajêging pit utawa jaran tunggangan salah sawiji cacah siji êndi kang dipilih.

Bab 2

Kang kasêbut ing bab 1 adêg-adêg 2 sarta 3, manawa ana kang prêlu nganggo têtunggangan kagawa saka kuwajibane tumrap prêluning karaton utawa nagara, liyane kang katamtokake bab 1 adeg-adêg 2 utawa 3 mau, iku kêna kaparêngake milih liru tunggangan kang prêlu mau cacah siji kaluputake saka pajêg.

Bab 3

Wiwit tumapake kêkancingan iki, sarupaning kêkancingan utawa dhêdhawuhan bab angluputake saka pajêg têtunggangan kang wus kadhawuhake ing ngarêp, padha kasuwak.

Bab 4

Kêkancingan iki kaanggêp wus tumapak ana tanggal sapisan Januari 1926.

Dhawuhing kêkancingan tanggal kaping 17 April 1926.

Pêpatih dalêm Kangjêng Radèn Adipati Wg. Jayanagara.

Garapan A/1, wg. Suradipura.

[Iklan]