Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 7, kaping 19 Bêsar Be 1856, utawi kaping 1 Juli 1926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ingkang nanggêl isinipun organ punika para pangrèhing Narpawandawa. Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1926.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Nalika ing dintên malêm Rêbo angrintênakên tanggal kaping 27 Dulkangidah Be 1856 utawi kaping 8-9 Juni 1926 pakêmpalan Narpawandawa damêl parêpatan agêng wontên ing dalêm Kusumayudan. Warga ingkang sami rawuh wontên 180 langkung sakêdhik, dene pangrèh ingkang rawuh,

1. B.K.P.H. Kusumayuda, pangarsa. 2. R.M.H. Yasadipura, mudha pangarsa. 3. R.M.H. Padmawinata, panitra I. 4. R.Ng. Purwasastra, panitra II. 5. R.M.H. Suryaningrat, artaka I. 6. R.M.H. Bratadipura, artaka I. 7. B.K.P.H. Suryaamijaya, panitya.

--- 82 ---

Wanci jam 8 langkung 30 mênit pangarsa amêdhar sabda kados ing ngandhap punika:

Awit saking namanipun pakêmpalan Narpawandawa, kula ngaturakên panuwun dhumatêng para warga ingkang sami rawuh parêpatan dalu punika.

Kajawi punika kula ngaturi uninga, wontênipun parêpatan agêng ngantos kasèp sawêg kalampahan dalu punika, tamtunipun para warga botên kêkilapan awit saking kathahing pambênganipun para pangrèh amanah ingkang parlu.

Ing sadèrèngipun kula ambikak parêpatan, kula badhe ngaturakên kawontênanipun pakêmpalan Narpawandawa sawatawis, mênggah kawontênanipun pakêmpalan Narpawandawa saya lami saya katingal majêng, katôndha wêwah-wêwahing warga. Saha sabên parêpatan para warga kathah ingkang sami rawuh, ingkang makatên wau anelakakên bilih para warga sampun karaos dhatêng paedahing pakêmpalan, sarta kamajênganipun para warga manah dhatêng kawontênanipun praja ugi katingal majêng, katitik suwaraning organ kita saya mêntês. Sawênèh wontên usulipun warga manah bab kirang têntrêming para abdi dalêm saha kawula dalêm,prakawis wontênipun tatanan anyar saha awrating sêsanggèn paos, usul wau sarêng katindakakên lajêng wontên dhawuh kaparêngipun nagari, kados ingkang sampun kawrat ing organ ôngka 3 taun punika, dene bab awrating sêsanggèn paos punika saking palapuranipun kumisi nagari pancèn têmên, sêsanggènipun paos para kawula dalêm punika sampun awrat, mila nagari botên talompe inggih lajêng andhawuhakên sudaning paos, racakipun suda sapalihing paos ingkang sampun-sampun, pamanahan badhe ewahipun tatanan nagari, pangrèh sampun matah kumisi sapunika sampun rampung pangrêmbagipun, namung kantun angrêsikakên palapuran, sarèhning bab tatanan nagari wau gandhèng kalihan parluning para kawula dalêm, pangangkahipun para pangrèh, palapuran wau bilih sampun karêsikakên lajêng badhe kapacak ing organ rumiyin, supados kasumêrêpan ing akathah, ngiras angêntosi wawasan saking jawi, manawi kintên-kintên sampun cêkap saparlunipun pangrèh, badhe damêl parêpatan mirunggan ingkang mligi namung ngrêmbag bab tatanan rad nagari wau.

Miturut palapuranipun artaka, kawontênanipun arta kontribisi mêntês,

--- 83 ---

ingkang makatên wau amracihnani bilih para warga sampun anguningani dhatêng kabêtahanipun pakêmpalan, namung sarèhning adêgipun pakêmpalan punika saya lami saya kathah kabêtahanipun, kados ta: kangge wragad damêl pêpanggihan, angêdalakên organ, tumrap warga angsal lêlahanan, saha kangge wragad anyakolahakên putraning para warga sarta putranipun santana dalêm, tuwin kangge kabêtahan sanès-sanèsipun, têtela wêdaling arta saya mindhak, amila kula angajêng-ajêng dhumatêng para warga, ingkang wontên (kacêkapan) saha botên awrat, mugi kaparênga darma tambah indhaking bayaran kontribisi sapantêsipun, indhaking tampinipun kontribisi mêsthinipun pakêmpalan Narpawandawa saya mindhak kêkiyatanipun, soka pakêmpalan punika langkung kiyat, tamtu lajêng kathah sêdya ingkang badhe kadumugèn, jêr kiyating pakêmpalan kajawi pamanahan saha bausuku saking pambiyantunipun para warga ugi kanthi arta.

Sadhèrèk, tamtunipun panjênêngan sadaya sampun anguningani, mênggah pigunanipun pakêmpalan anggadhahi organ piyambak, inggih punika: I. Sagêd nguningani punapa kawontênanipun padamêlan ingkang katindakakên dening pangrèh. II. Sagêd anguningani suwaraning warga. III. Palapuranipun pangrèh bab lêbêt wêdalipun arta, pèngêtan parêpatan agêng, tuwin sapanunggalanipun. IV. Kosokwangsulipun pangrèh sagêd nyumêrêpi suwaraning para warga sasaminipun, pundi ingkang kintên-kintên sagêd mikantuki ing ngakathah, pangrèh lajêng sagêd manah saparlunipun, mila pangajêng-ajêngipun pangrèh, para sadhèrèk warga mugi sami kaparênga ambiyantu paring panjurung murih isinipun organ Narpawandawa wau sagêd saya langkung prayogi, maedahi ing ngakathah, amargi organ wau botên ngêmungakên dados waosanipun para warga kemawon, nanging ugi kakintunakên dhatêng sajawining warga ing môncanagari sarta para prayantun ingkang sami kaparêng dados lêngganan.

Kajawi ingkang sampun kula aturakên, kula parlu matur sakêdhik.

I. Sadhèrèk, mênggah pakêmpalan Narpawandawa punika pakêmpalanipun para darah turunipun panjênêngan dalêm nata, kula upamèkakên wit waringin, witipun punika panjênêngan dalêm nata, pang-pang saha suluripun punika para santana dalêm, manawi [ma...]

--- 84 ---

[...nawi] witipun subur, sulur-suluripun ugi subur, amargi witipun punika tansah andayani sulur-sulur, sulur-suluripun ugi andayani wit kuwawi gêsang, nanging samôngsa sulur-sulur wau bilih tansah dipun rampasi, tamtunipun gêsanging wit dados ringkih, amargi sulur wau ugi dados kêkiyatanipun wit, amila para darah mugi samia anggalih rumêksa saha angrêrencangi jumênêngipun panjênêngan dalêm nata, murih santosa, lêstari dados pangayomanipun para darah, sumarambahipun dhumatêng abdi dalêm saha kawula dalêm sadaya.

Taksih wontên sambêtipun.

Kareta Layon

Para maos kados sampun anguningani, bilih kagungan dalêm kareta layon punika wontên 3 iji, inggih punika ôngka I-II sarta III. sadaya wau sumimpênipun wontên ing Kapatihan, kareta layon ôngka II sarta III kaparêng dipun suwun ngampil kangge layonipun para abdi dalêm, mênggah pêpintanipun: kareta layon ôngka II ingkang kalilan ngangge santana dalêm riya minggah, abdi dalêm bupati saha mayor minggah. Kareta layon ôngka III ingkang kalilan ngangge abdi dalêm bupati anom, kaptin, opsir, santana panji wayah sarta buyut dalêm, abdi dalêm panèwu mantri ingkang santana dalêm dumugi canggah. Sarèhning bab punika sayêktosipun kula dèrèng sumêrêp wêwatonipun sêrat dhawuh, mila kula lajêng cumanthaka macak sêrat paturan mêdal ing kabupatèn, sapunika sampun angsal dhawuh saking nagari, turunanipun kados ing ngandhap punika:

Ôngka 1003 D/1.

Bab Kareta Layon

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng abdi dalêm bupati kaparak têngên, sêrat paturan katitimasan kaping 5 Siyam Be 1856 ôngka 142 kanthi sêrat paturanipun Ngabèi Purwasastra, sampun kauningan bab kagungan dalêm kareta layon ingkang wontên nagari lêrês bilih kaparêng kasuwun ngampil dening abdi dalêm sarta santana dalêm kados ingkang kawrat sêrat paturanipun Ngabèi Purwasastra wau, sarta sarèhning kagungan dalêm kareta layon wau sumimpênipun wontên Kapatihan, manawi wontên ingkang [ing...]

--- 85 ---

[...kang] nyuwun ngampil, lapuripun inggih mêdal pêpatih dalêm kados ingkang sampun§ Kados ingkang sampun, punika têrangipun kadospundi. sarta kêdah ngwontênakên kapal rakitan dalah kênèk kusiripun§ Murih botên amindho kardi, punapa botên prayogi kasuwunakên kadarman dalêm. dene bab wragad sêtrikan sarta sanès-sanèsipun kaparingan saking nagari, kapêndhêtakên arta bècèr karaton, lajêng kadhawuhan andhawuhakên saparlunipun.

Kantor Kapatihan kaping 5 Juni 1926.

Wg. Wuryaningrat.

Garapan sèkrêtari

Wg. Siswapradata.

Gandhèng kalihan wontênipun pralenan Narpawandawa, kagungan dalêm kareta layon wau punapa botên langkung prayogi kaparêngakên dipun suwun ngampil dhatêng para santana dalêm ingkang sami dados warganing pralenan Narpawandawa.§ Manawi kula rujuk alias acc. Red. Prakawis punika kados sampun cêkap kula sumanggakakên kawicaksananipun para pangrèh. Purwasastra.

Sampun Kalèntu Tampi

Tiyang sadonya punika sami pados alêm, têgêsipun limrah (mêsthi) nanging mokal tanpa paedah, mêsthi mawi karana paedah, kula gurenda wiwit saking ngandhap.

Kuli pados alêm, rosa santosa srêgêp ing damêl. Pamrihipun larisa ingkang kèngkèn ngangkat junjung.

Tiyang tani ngandêlakên wêkêl sabaring budènipun, mantêp andhap-asoripun, pamrihipun kathaha tiyang nyrayakakên garapanipun sabin.

Priyayi, sarwa sae, sêtya sumungkêm ing gusti, sabaya-pêjah, sugih guna sarana, lan alusing bêbudènipun, rêsiking manahipun, trapsila ing patrap patitising [pa...]

--- 86 ---

[...titising] pamicara pamrihipun angadhang ganjaraning gusti.

Para satriya loma apura limpat ing panggraita jêmbar panggalihanipun sarwa putus ing wiweka, lila ing donya tumêkèng pati, têtêg ing pakèwêd, botên samar kawasanipun amisesa kang sami pusa, kathah panunggilanipun, gunanipun kinawulèn kinawêdèn ing kawula kathah, sagêd dados lantaran misuwuring jagad. Glèthèk-pêthèlipun, wosing uwos sami ngalap paedah, sarèhning sampun wontên têturutanipun sangking cariyosing dêdongengan ing nginggil, saha sarèhning sampun jaman pêrhuh tumindak, para dara panji punika punapa botên pêrlu mawi pêrhuh manawi sampun anglampahi 40 taun wilujêng, lajêng balônja f 50§ Rêdhaksi condhong sangêt, nanging kêdah têtêp sami ngalap paedahipun, têgêsipun sanadyan sampun 40 taun pasuwitanipun, nanging manawi kêkathahên cacahing taun botên srêgêp, botên wêkêl, inggih botên prayogi dipun pêrhuh. Red. coba Mas Kisman manawi parêng galih punika sampun pijêr nyinom parijatha. Jayaniman.

guna + kaya + purun = utama.

guna + kaya = mèh utama.

kaya + purun = sagêd utama.

guna + purun = sagêd dhawah nistha.

purun (tanpa guna tanpa kaya) ambilaèni.

Kula sampun sanggêm badhe ngrêmbag bab paos (zie organ Narpawandawa ôngka 6) namung rumiyin kula sampun matur, manawi sêsêrêpan kula dhatêng kawruh (wetenschap) prasasat sêpên (zie ôngka 4) môngka punika gêgandhengan kalihan kawruh warni-warni, nanging rèhning anggèn kula sabên-sabên jumêdhul ing organ punika saking pangajêng-ajêngipun pangrèh, tur rêdhaksi ugi sampun ngubyungi, mila môngsa boronga sawontênipun.

Sintên ingkang sampun nate maos sêrat babat kina, têmtu sagêd sumêrêp manawi wontênipun paos punika pancèn sampun kina-makina, amung wujudipun beda-beda, [beda-...]

--- 87 ---

[...beda,] wontên ingkang mligi lugu bausuku, wontên ingkang wujud asiling siti, sawênèh wujud barang sanès, botên prêlu upami dipun pratelakna sadaya. Murih sagêda ragi turut bokmanawi wontên prayoginipun kula pratelakakên wiwit mulabukanipun wontên paos, têmtu kemawon kula cêkak sangêt. Manawi kajlèntrèhakên sadaya, badhe nêlasakên papaning organ.

Nalika tiyang ing sabuwana punika taksih wanan, gêsangipun taksih kados kewan, sagêd ugi pancèn dèrèng wontên paos, nanging sarêng manungsa wiwit bêtah tulung-tinulung, punika lajêng thukul wontên praja (= Staat).

Punapa ta ingkang dipun wastani praja (= Staat).

Praja punika miturut kawruh praja (= Staatsrechf) pakêmpalaning tiyang kathah ingkang mawi tatanan, dêdunung nunggil wontên salêbêtipun peranganing buwana, kawêngku dhatêng salah satunggiling pamarentah (= Regering) ingkang inggil piyambak. Wiwit thukuling praja wau lajêng wontên paos, amargi lajêng gadhah kabêtahan, kados ta: nata supados warganipun (= kawula = volk) sampun cêcongkrahan kalihan kancanipun piyambak, ngudi sagêda nanggulangi parangmuka ingkang badhe dhatêng, saha ngangkah sagêda anjêmbarakên wawêngkonipun. Urunaning warga (= kawula) dhateng pakêmpalan (= praja) wau inggih namung bausuku, dangu-dangu ugi wujud pamêdaling siti, urunan wau nalika samantên namung manawi wontên damêl.

Ing alami-lami pangajêngipun (= para nata utawi para narapraja) sami ngêcakakên rêrigên murih prayogining prajanipun. Nadyan botên wontên damêl kados ta pêrang sasaminipun, inggih akèn dhatêng warganing pakêmpalan (= para kawula) angurunakên têtêdhan, lajêng dipun kalêmpakakên, pamrihipun supados samôngsa-môngsa wontên damêl, sampun ngantos kêcipuhan pangupadosipun têtêdhan ingkang kanggge nêdha para kawula ingkang tumut pêrang. Nalika jaman samantên ingkang sagêd andadosakên kuncaraning praja punika inggih manawi sagêd angêlar jajahan, amila para sagêd sami ngudi sangêt sagêda tansah nyimpên sangu kangge anglurug pêrang. Punika anjalari wontên parentah asok bulubêkti dhatêng pangajênging praja.

Sarêng mèh ngancik ing jaman enggal, wiwit wontên tiyang dêdagangan. Sakawit namung [na...]

--- 88 ---

[...mung] urup-urupan barang, nanging sarêng saya majêng-majêng para sudagar sami bêtah pirantos kangge anggampilakên lampahing dêdagangan, lajêng wiwit amigunakakên arta minôngka sarana liron barang dagangan.

Sadèrèngipun wontên arta, lampahing padagangan pancèn taksih kekuk sangêt, upami tiyang ing dhusun A badhe kilak dagangan dhatêng ing dhusun B inggih ambêkta barang saking A dhatêng B kalurupakên kalihan barang dagangan ingkang nêdya dipun kilaki, makatên punika kathah sangêt pakèwêdipun. Sampun reyang-reyong ngusung barang dhatêng B dèrèng têmtu manawi barang bêktan saking A wau dipun ajêngi tiyang B. Sarêng sampun wontên arta botên makatên. Manawi badhe kilakan barang dhatêng B cêkap ambêkta arta, ringkês pambêktanipun, tur tamtu dipun ajêngi tiyang ing dhusun B amargi para sudagar B inggih mangrêtos, manawi arta wau sagêd dipun lintokakên kalihan barang ingkang dipun bêtahakên.

Ingkang makatên wau tamtu kemawon lajêng andayani ewahing kawujudaning paos, bausuku saha barang dados paos arta, sagêd ringkês panyimpênipun, manawi wontên prêlu sawanci-wanci gampil anggènipun nanjakakên.

Saya ngancik ing jaman enggal, kawajibanipun praja saya mindhak-mindhak, upaminipun: ngajêngakên kasagêdaning kawula, ngajêngakên kasarasan, padagangan, pakriyan, kagunan, salajêngipun, anjalari indhaking kabêtahaning praja, sabab sadaya wau mawi beya. Ing jaman kina ingkang katêmtokakên urun wragading praja punika namung para kawula ingkang anggadhuh sitining praja, namung ing môngsa pêrang sadaya kawula taksih katêmtokakên urun bausuku. Ing jaman enggal nadyan botên wontên pêrang, sadaya kawula ingkang tumut ngraosakên kasawaban mupangating praja katêmtokakên urun beya, inggih punika ambayar arta paos. Saya dangu saya wêwah-wêwah kabêtahaning praja, kabêkta santuning jaman, santuning kawontênan, wragadipun ugi mindhak-mindhak, mahanani wontên paos warni-warni. Ing jaman sapunika sadaya praja ingkang sampun nama ngidak jamanipun, têmtu mupu paos dhatêng kawulanipun, dene para kawula ugi angrumaosi manawi punika kawajibanipun ingkang botên kenging dipun ungkiri.

--- 89 ---

Bab anggènipun praja mupu paos punika ing wêkdal punika cumithak sangêt dhatêng kawruh kaprajan (Staatkunde), dene kawruh kaprajan punika ing jaman samangke sami samad-sinamadan ing sabuwana. Sabên praja tamtu kapandukan dayaning kawruh kaprajan saking praja sanèsipun, saya malih tumrap praja ingkang botên mardika, botên sagêd uwal saking dayaning praja ingkang ngêrèhakên.

Miturut ing nginggil punika cêtha manawi wontênipun paos punika sampun kina-makina, namung santun wujud, rumiyin paos bausuku saha barang, sapunika paos arta, sarta inggih paos punika ingkang sagêd anglanggêngakên adêging praja.

Punapa praja Surakarta punika rumiyin-rumiyinipun inggih kados makatên, punika kula botên sagêd nêmtokakên, namung alitan kula taksih mênangi paos wujud barang, kados ta: sarêm, pantun, sêkar sapanunggilanipun, malah ing sapunika taksih wontên paos bausuku, kados ta: irêndhinês, rundha, sasaminipun, dados mirid punika ugi sagêd dipun kintên-kintên manawi ing ngriki rumiyin ugi kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Kula kintên samantên kemawon sampun lowung kangge sarana manggalih bilih:

1. Adêging praja Surakarta sapunika pancèn saking paos.

2. Manawi pamupunipun paos dipun suwak, adêging praja Surakarta inggih botên lastari.

3. Sirnaning praja Surakarta anjalari bibaripun pakêmpalan Narpawandawa, awit têmtu inggih badhe botên wontên santana dalêm.

Liding dongèng para warga Narpawandawa botên sagêd angrujuki icaling paos, malah sintên ingkang nêtêpi wajibing warga Narpawandawa, tamtu botên badhe wêgah nanggulangi dhatêng tindak ingkang ngarah suwaking paos.

Supados sampun adamêl kalintu sêrêp, bokmanawi wontên prayoginipun kula wêwahi katrangan, bilih ingkang kasêbut ing nginggil punika ugi wontên watêsipun, nanging bab punika benjing malih kemawon karêmbag.

Surakarta kaping 7 Juni 1926.

Sukisman.

--- 90 ---

Katêrangan: zie têgêsipun amirsanana. Dados manawi wontên zie ongka ... punika wontên prayoginipun amirsani malih dhatêng organ ingkang kasêbutakên wau. Sukisman.

Sampun Kasupèn Tancêping Karukunan

Satampi kula organ Narpawandawa, ingkang mêdal nalika tanggal sapisan wulan Juni 1926, ôngka 6 botên talompe, byak lajêng kula waos (kawaca) ing ngriku wontên wawasanipun Sang Pujyarja, ingkang mawi irah-irahan (barang bagus jual murah) satamating pamaos kula, clop andadosakên prihatosing manah, dene têka ing sêmu golonganing para satriya badhe wawan-wawan satunggal lan satunggalipun, eman-eman, iba suraking para lawanan ingkang sanès golongan, prayogi angèngêtana irah-irahan ing nginggil punika, saha angèngêtana panggalihan ingkang parlu-parlu ingkang kêdah wajib kagalih kemawon, pundi ta, ingkang nama parlu lajêng katindakna.

Panjênêngan sadaya (para canggah dalêm) sami pitadosa dhumatêng rumêksaning para pangrèhing Narpawandawa, botên-botênipun angêculakên sasêbutan ingkang pancèn kak panjênêngan piyambak, radèn mas§ Wosing karanganipun Pujyarja gadhah têgês gumun, dening sarêng wontên tatanan buyut dalêm lastari radèn mas, têka lajêng tuwuh golong-golongan malih. tondhayêktinipun manawi botên kalèntu èngêt kula nalika parêpatan agêng wontên ing dalêm Kusumayudan nalika anu punika, pangrèh sampun amêdhar sabda bilih para canggah dalêm ugi sampun katut kasuwunakên lilah manawi dados abdi dalêm mawi sasêbutanipun radèn mas. Nanging dèrèng dhumawah ing kalamasa nginggil marêngakên§ Pancènipun kêdah mawa sabab, dèrèngipun kaparêngakên punika, dados lajêng sagêd damêl pamarêm. mila disabara ing panggalih, mênggah sangking pamanggih kula saupami ing parentah marêngakên para canggah dalêm mawi sasêbutanipun radèn mas, punika botên rugi barang-barang, malah anglênggahi lêrês.

Makatên malih para canggah dalêm mugi sampun kalêbêtên panampi, golongan nginggil lan têngah (pangandikanipun Sang Pujyarja) kintên kula botên pisan-pisan manawi badhea angrèmèhakên dhumatêng golongan ngandhap, cacak dhumatêng ingkang alit pisan, kados ta putra wayahing canggah dalêm kados botên, jêr ing mangke sampun akir [a...]

--- 91 ---

[...kir] jaman, ambêg êdir sawênang-wênang sampun sirna tanpa lari kabuncang ing samirana dhumawah ing sagantên Kidul, jêgur, wontêna inggih namung satunggal kalih, botên dados punapa, sanadyan srêngenge taksih mawi balêntong: dados kêkêmbang, nanging kêmbanging beka (Kalatidha).

Sarèhning sampun wontên sêsungutan kados ingkang kapratelakakên Sang Pujyarja, punapa botên prayogi pakêmpalan Narpawandawa lajêng tumuntên anusuli atur malih bab para canggah dalêm supados kaparêngakên mawi sasêbutanipun radèn mas, paribasan pupur sadurunging bênjut.§ Sampun ngaturakên sêrat paturan malih.

Kajawi punika, kula mêmuji mugi pakêmpalan Narpawandawa, kaparênga anggalih pisan dhumatêng wayahing canggah dalêm mawi sasêbutan radèn, nama junjung darajading têdhakipun piyambak§ Sampun kuwatos, pamirêng kula pangrèhing Narpawandawa sampun anggalih, nanging ngêntosi sêsêbutanipun para santana canggah dalêm lastarinipun mawi radèn mas. badhe sapintên wêwah-wêwahing sungkêmipun ing panjênêngan dalêm nata, dene taksih kaakên kawula karaga, saha kula angèngêti warèng Mangkunagaran ngabdi ing Kasunanan kaparengakên mawi sasêbutan radèn. Dados manawi wayahing canggah dalêm botên kaparêngakên mawi sasêbutan radèn, iyak kok têka mêmêlas sangêt, tiyang sawêg grat nênêm sangking panjênêngan dalêm nata kemawon sampun têlas rahadinipun, môngka gajêgipun manawi supaos punika ngantos tobat turun pitu, wasana orehaning atur kula kasêbut ing nginggil, kula sumanggakakên para wajib anggalih, tablo.§ Piwulangipun Rêsidhèn Aye Sêpan, wong duwe karêp iku, anjaluka bae, sapisan ora olèh, iya dipindho, sabanjure, dak wangêni nganti rongèwu jalukan, mêsthi kalakon karêpmu: ugêr bêcik têmbungmu. Red.

Prayangan ing Arjadipuran.

Lambang

Sambêtipun organ Narpawandawa 6

6. Surakalpa sêmune lintang sinipat, punika lambangipun nagari ing Mataram, kala panjênênganipun Kangjêng Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga. Têgêsipun sura:

--- 92 ---

kêndêl, kawasa, dewa, danawa, kalpa: sêsupe, kinirangan, katunan, linukakan. Lintang sinipat, lintang karinan. Kajêngipun surakalpa, punika pikantuk prajurit atêtapa, kinirangan wau ngibarat tapa, kalpa punika garba saking kaalpa, purba saking alpa, têgêsipun kirang: tuna, lukak. Wondening ingkang dipun wastani prajurit atêtapa punika inggih Kangjêng Panêmbahan Senapati wau. Mila dipun wastani prajurit atêtapa, awit anggènipun nênêlukakên para adipati ing tanah Jawi amung kalayan santosaning galih kemawon, botên pêpak praboting pêrang, botên kathah balanipun, namung pitados dhatêng pitulungipun Gusti Allah. Mila dipun sêmoni lintang karinan, dene dèrèng ngantos dumugi anggènipun nênêlukakên kasêlak seda. Wondening têgêsipun sipat, pilis, lêrês, panuli, dados kajêngipun sinipat ing soroting srêngenge, inggih punika kapadhangan ing srêngenge.

7. Kêmbang sempol sêmune lêbe kêkêthu: punika taksih lambangipun nagari Mataram, kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Adi Prabu Anyakrawati Senapati Ing Ngalaga, ingkang seda ing Karapyak, kalihan kala panjênênganipun ingkang putra Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatadinan. Kêmbang sempol punika manawi ing tanah Pagêlèn wastanipun sêkar tunjung, sawênèh mastani sêkar wanan warninipun sae, punika kadamêl pasêmon saening panjênênganipun nata kêkalih wau, lêbe punika kaum, pikantuk dene nata kêkalih wau sami rêmên dhatêng kasantrèn.

8. Kalpa sru sêmune kanaka putung, punika lambangipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat, ingkang sumare ing Têgalarum. Têgêsipun têmbung sru: sangêt, sêru, kanaka: kuku, putung, tugêl, kajêngipun ing lambang kalpa sru, sêsupe sêsak, pikantuk dening ingkang Sinuhun Amangkurat wau langkung saking kêras, asring karsa mêjahi tiyang tanpa dosa, utawi ingkang dèrèng lêrêsipun katrap ing kisas, kanaka putung punika pikantuk dene andêl-andêling nagari kathah ingkang sami dipun pêjahi.

9. Layon kèli sêmune satriya brôngta. Punika lambangipun nagari ing Kartasura, [Kartasu...]

--- 93 ---

[...ra,] kala panjênênganipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat putranipun ingkang Sumare ing Têgalarum wau, têgêsipun brôngta: birahi, susah, layon kèli punika pikantuk dening ingkang sinuhun wau jumênêngipun nuju andhèrèk lolos ingkang rama, satriya brôngta pikantuk dening Ingkang Sinuhun Amangkurat punika sasampunipun jumênêng nata lajêng nglurug. (Ing ngriki têmbung brôngta dipun têgêsi anglurug, amargi tiyang nglurug punika saèstunipun botên bingah, dene murugi bêbaya, môngka ingkang limrah ratu punika bilih mêntas jumênêng lajêng angadhaton amangun kasukan).

10. Gunung Kêndhêng sêmune kênya musoni: punika lambangipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana I: gunung kêndhêng punika pikantuk dening ingkang sinuhun wau jumênêngipun nata sampun sêpuh, kajênging lambang rêdi Kêndhêng punika panjang andhêndhêng, pikantuk dhatêng ngumur panjang, ngumur panjang makatên sêpuh. Kênya musoni pikantuk dening ingkang sinuhun wau sarêng sampun jumênêng nata, galihipun kapilare, asring anggalih ingkang botên parlu.

11. Lung gadhung sêmune rara nglikasi: punika lambangipun ingkang Sinuhun Prabu Amangkurat, putranipun ingkang Sinuhun Pakubuwana I. Têgêsipun rara: lare èstri, lung gadhung punika pikantuk dening jumênêngipun Ingkang Sinuhun Prabu Amangkurat wau sarwa sêmbada, sarwa parigêl, dados dipun sêmoni prayogi utawi asri kados êlunging gadhung, rara nglikasi pikantuk dening panjênênganipun nata kuciwa rêsah dhatêng èstri. (Têranging pasêmon wau makatên: lare punika manawi anglikasi saèstunipun rêsah êtraping bênang, mila kadamêl pasêmon rêsah dhatêng èstri)

12. Gajah mêta sêmune têngu lêlakèn, punika lambangipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping II, ingkang sumare ing Lawiyan, wayahipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping I. Têgêsipun mêta: galak, ngamuk, gajah mêta punika pikantuk dening ingkang sinuhun wau jumênêngipun nata kinèringan ing para ratu. Mila dipun sêmoni têngu lêlakèn, pikantuk dening ingkang sinuhun punika kadhatêngan mêngsah têka alit galihipun, wêkasan mundhut bantu dhatêng Panaraga, utawi dhatêng Madura, asarana krama putranipun Adipati Panaraga.

Badhe kasambêtan.

--- 94 ---

Kula nuwun, kula santana dalêm gêgriya ing bawah dalêm ingkang taksih angsal ampilan sêrat pikêkah, kula nyuwun pitulungan sagêdipun atur kula ing ngandhap sagêd kalampahan.

Nuwun bokmanawi wontên salah satunggiling santana dalêm ingkang ugi taksih angsal pikêkah, kenging prakawis, kados ta: palanggaran utawi sanès-sanèsipun, upami katarik lumantar kapala kampung dhateng pangadilan, punika kêdah dhatêng, punapa cêkap cariyos bilih taksih santana dalêm, saha anêdahakên sêratipun pikêkah, awit saking punika punapa Narpawandawa botên prayogi macak sêrat katur nagari, minôngka kangge waton.§ Pamanggihipun rêdhaksi, dipun tarik ing pulisi kêdah dhatêng rumiyin, lajêng mratelakakên bilih santana dalêm kanthi wêwaton ingkang cêtha, pulisi satampinipun pratelan lajêng nglanturakên dhatêng pundi mêsthinipun, manawi namung lajêng botên purun tanpa wêwaton ingkang pratitis badhe lajêng kenging prakawis sanès, amargi wèting pulisi kenging mriksa dhatêng sadhengah tiyang sadèrèngipun angsal katêrangan. Red.

Pa.

Pêrlu Kawaos

I. Wêdalipun organ Narpawandawa ôngka 7 punika, kaaturakên dhatêng para bandara sarta dhatêng para prayantun ingkang garwanipun taksih santana dalêm, nanging dèrèng malêbêt dados warga Narpawandawa, supados uninga sukur lajêng kaparêng malêbêt dados warga, dene manawi badhe malêbêt dados warga kenging lajêng prasabên ijêman utawi mawi sêrat dhatêng panitra I Rm.H. Padmawinata ing kampung Tamtaman, utawi dhatêng panitra II R.Ng. Purwasastra ing kampung Têgalarja Kapatihan, amratelakna dalêm sarta pangkatipun, kanthi maringakên turunan pikêkahipun santana, sarta ambayar kontribisi pisan, saha organ punika kaaturakên dhatêng para luhur utawi para prayantun ingkang kintên-kintên kaparêng dados lêngganan, amung kemawon bokmanawi para bandara, para luhur sarta para prayantun ingkang dipun caosi organ punika, wontên ingkang dèrèng kaparêng dados lêngganan, kasuwun tumuntên kaparingna wangsul dhatêng panitra II ing nginggil.

II. Pralenan Narpawandawa saèstu kaadêgakên, miturut karampunganipun rêmbag parêpatan [pa...]

--- 95 ---

[...rêpatan] agêng kala malêm Rêbo kaping 8-9 Juni kapêngkêr punika, sapunika sampun wontên warga kirang langkung 111, èntrènipun f 1,- sumbanganipun sabên wontên warga tilar donya sakêdhik-sakêdhikipun à f 0,25. Mila para warga Narpawandawa ingkang sami botên rawuh ing parêpatan agêng kapêngkêr punika, manawi badhe malêbêt warga pralenan lajêng prasabêna dhatêng panitra I utawi II, dene para bandara sarta para prayantun ingkang kaparêng badhe malêbêt warga pralenan punika, kêdah malêbêt dados warga Narpawandawa rumiyin, kauningana.

Kaping 1 Juli 1926.

Rêdhaksi administrasi

Kursèn ing Karaton

Miturut sêrat dhawuhipun kangjêng parentah agêng katitimasan kaping 19 Juni 1926 ôngka 1156 D/1, kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, manawi ing karaton wontên pasamuwan, kados ta: miyos dalêm garêbêg, tingalan dalêm wiyosan taun sarta jumênêngan, risèpsi lan sanès-sanèsipun ingkang mawi tamu Walandi, punapa malih miyos dalêm têdhak pisitê dhatêng ing paresidhenan sarta sanès-sanèsipun, para bandara kangjêng pangeran putra santana, riya nginggil, riya ngandhap, saha abdi dalêm bupati tuwin bupati anom, kangjêng pangeran kolonèl, litnan kolonèl, mayor, kaptin, opsir, sami kalilan linggih kursi, kawiwitan kala miyos dalêm garêbêg Bêsar kapêngkêr punika, namung manawi pasamuwan ingkang botên mawi tamu Walandi, punika sowanipun para bandara kangjêng pangeran putra santana dalêm sarta abdi dalêm, taksih lastari linggih ing ngandhap, lampah-lampahipun ugi lastari kados adat ingkang sampun kalampahan, dene tatananipun kados ing ngandhap punika.

1. Sabên garêbêg.

Wontênipun ing pandhapa Sasanasewaka, palênggahan dalêm lastari majêng mangalèr, sowanipun para bandara kangjêng pangeran putra santana, riya nginggil, sami wontên ing kursi tharikan sisih kilèn, para amtênar Walandi sapanunggilanipun wontên sisih [si...]

--- 96 ---

[...sih] wetan, santana dalêm riya ngandhap, abdi dalêm bupati, bupati anom sasaminipun, ingkang pasowananipun wontên ing nglêbêt, ugi kalilan linggih ing kursi wontên malige.

Abdi dalêm kolonèl komandhan, litnan kolonèl, mayor, kaptin, opsir, ingkang botên anindhihi baris, sowanipun malêbêt kados adat, lajêng kalilan linggih kursi, kolonèl komandhan nunggil para bandara pangeran, litnan kolonèl, mayor, kaptin, opsir, nunggil bupati.

Abdi dalêm bupati, bupati anom, ingkang sami sowan wontên ing bale marakata, botên mawi sowan malêbêt, kondur dalêm saking sitinggil ugi botên mawi sowan malêbêt, lajêng kèndêl wontên ing bale marakata.

Wontênipun ing sitinggil, para bandara kangjêng pangeran putra, kolonèl komandhan, para kangjêng pangeran santana, riya nginggil, abdi dalêm bupati, mayor intêndhan, riya ngandhap, bupati anom sasaminipun, sowanipun wontên ing kursi tharikan sisih wetan. Para amtênar Walandi sapanunggilanipun wontên sisih kilèn. Abdi dalêm mayor, kaptin, opsir ingkang nindhihi baris ing sitinggil, sarampungipun drèl lajêng sowan nunggil abdi dalêm bupati, punapa malih abdi dalêm bupati anom gêdhong ingkang mêntas anjajari parêdèn, lajêng sowan nunggil abdi dalêm bupati anom. Abdi dalêm panèwu mantri ingkang sowan ing ngarsa dalêm, kaêlih sowanipun wontên sawingkinging kursi sisih kilèn sarta wetan kapalih, panèwu ordhênas saha mantri ordhênas ingkang wayah dalêm, sami sowan wontên sakilênipun bangsal manguntur tangkil. Abdi dalêm wadana bilih nampèni dhawuh timbalan dalêm kautus andhawuhakên dhumatêng pêpatih dalêm, saha kautus andhawuhakên ungêling gamêlan, manawi sampun wancinipun lajêng sami mandhap saking kursi, sowan ing ngarsa dalêm, linggih ngandhap, anggènipun ngunjuk lapur ugi linggih ngandhap, sasampunipun lapur lajêng wangsul sowan linggih ing kursi malih.

Taksih wontên sambêtipun.