Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416

Katalog:Narpawandawa, Budi Utama, 1926, #416
Sambung:
1.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-01, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #351.
2.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-03, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #396.
3.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-04, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #397.
4.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-05, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #398.
5.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-06, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #399.
6.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-07, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #400.
7.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-08, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #401.
8.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-09, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #402.
9.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-10, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #403.
10.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-11, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #404.
11.Narpawandawa, Budi Utama, 1926-12, #416. Koran, Majalah dan Jurnal | Narpawandawa #405.

Ôngka 8, kaping 19 Mukaram Wawu 1857, utawi kaping 1 Agustus l926

Pangayoman Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

[Grafik]

Narpawandawa Surakarta

Ngêwrat punapa rêmbagipun pakêmpalan Narpawandawa, saha kawruh warni-warni, wêdalipun sabên tanggal sapisan wulan Walandi, tumrap para warga lêlahanan, sanèsipun warga kenging lêngganan.

Up rêdhaktur R. Ng. Purwasastra, Kapatihan. Mèdhê rêdhaktur R.Ng. Wiramarjaya, kampung Nirbitan Kidul. Administrasi katindakakên pangrèh p/a R. Ng. Purwasastra, Kapatihan, Surakarta. Rêginipun sataun f 2.50. Bayaran kasuwun rumiyin. TIJP. BOEDI-OETOMO SOLO 1926.

Adpêrtènsi I/4 kaca ... f 2.50, I/2 kaca ... f 4.-, I kaca ... f 7.50. Kapacak sapisan.

Pèngêtan

II

Mênggah santosaning pakêmpalan punika botên sanès saking sayuk-rukun, samôngsa botên rukun, saha cacongkrahan kalihan para sadhèrèk piyambak, tamtunipun pakêmpalan gampil risakipun, tundonipun botên sagêd kadumugèn ingkang sinêdya, para sadhèrèk kados botên kakilapan dhatêng têtêmbungan: rukun agawe santosa, congkrah agawe rusak. Amila murih supêkêting rêrukunan kêdah apura-ingapura, sampun èwêt-pakèwêt utawi anggalih lingsêm, ingkang lêpat angrumaosana lêpatipun, manawi sagêd kalampahan makatên pakêmpalan darah badhe saya mindhak santosa, kula nate maos bab donya, èngêt kula manawi botên kalèntu, ratu ing Ngêrum nama Sang Prabu Julius Cesar (Yulius Sesar) punika manawi badhe anglurug pêrang,

--- 98 ---

mawi andhawuhakên. Nagara kang arêp dilurugi akalên dhisik, para kawulane nagara mau bisaa cacongkrahan padha rowang, samôngsa wis padha cacongkrahan, mêsthine nagarane banjur ringkih, dadi gampang ênggone nêlukake. Mila manawi sampun mangsah ing pêrang ngandika mawi bêbasan Latin Vini Vidi Vici, Walandinipun: ik kwam ik zag ik overwon, Jawinipun aku têka, aku wêruh, aku mênang.

Têtondhenipun malih nalika pêrang agêng Eropah, punika pêrangipun Dhitslan katingal unggul, nanging sarêng para kawulanipun nagari Dhitslan sami cêcongkrahan piyambak, nagarinipun lajêng risak (kawon pêrangipun) botên têbih-têbih risakipun tanah Jawi punika ugi saking anggèning sami cêcongkrahan piyambak.

Sadhèrèk, kula aturi angèngêti wêkdal punika sawêg jaman gawat, mila dipun prayitna, sampun ngantos kalêbêtan sandiupaya, ingkang anggadhahi pangangkah kirang prayogi, amargi pangangkah ingkang badhe damêl risak, punika wontên ingkang ing lahalair. rêrencang sarta mitulungi, nanging sajatosipun ngangkah badhe damêl risak, tuwin sampun daya-daya lajêng pitados dhatêng pitulunging liyan, kêdah kagalih rumiyin, sarta ingkang mulat, sanadyan rencang piyambak sagêd ugi anglêbêti.

Kajawi ingkang sampun kula aturakên sadaya wau, pakêmpalan Narpawandawa wajib angaturakên gênging panuwun ing kangjêng guprêmèn, dene sampun kaparêng anggalih ewahing sêtatsêblat taun 1903, ôngka 8 kados suwunanipun Narpawandawa.

Tutuping atur sarta pangèsthi kula, mugi-mugi para warganing pakêmpalan Narpawandawa sagêda saya majêng sabar santosa, sagêd kalêksanan punapa ingkang sinêdya. Sapunika parêpatan kula bikak.

Kaurmatan gôngsa Carabalèn, lajêng minggah gêndhing Pisangbali, sawatawis lajêng kasuwuk.

Panitya I maos pèngêtan parêpatan agêng kapêngkêr, kados ingkang kawrat ing organ I taun 1926 punika, kaca 12 dumugi kaca 16 lajêng katêtêpakên.

Maos palapuran taunan (jaar verslag) kados ing ngandhap punika.

Taksih wontên sambêtipun.

--- 99 ---

Pamanggih

Sampun kaping pintên sabên-sabên kula mirêng santana dalêm kenging prakawis kadakwa nglanggar punapa kemawon, sabên katarik sarta kacêpêng dhatêng ingkang wajib rumêksa tata-têntrêming praja tansah dados darêdah, dening sami anggondhèli wêwênangipun piyambak-piyambak. Pulisi anggondhèli wêwatonipun pulisi, kenging mriksa, sarta damêl papriksan datêng sadhengah tiyang. Santana dalêm anggondhèli wêwênangipun anggènipun sanès garapanipun pulisi, sasampunipun wontên kawontênan makatên, pulisi ugi lajêng mituruti kalayan ngèngêti pranataning para santana dalêm, punapa panduwanipun santana dalêm wau, ugêr sagêd nêdahakên tôndha-tandhaning santana dalêm ingkang cêtha absah, sadèrèngipun sagêd nêdahakên tandhaning santana dalêm, manawi pulisi manah pêrlu ingkang kenging prakawis kêdah dipun tahan, inggih lajêng katahan rumiyin. Tumindak makatên wau sampun lêrês, sabab pangakên wara punika manawi lajêng dipun anggêp, nama nganggêp ingkang botên pratitis, panahan wau sagêd dumugi 10 dalu, mawa-mawa prakawisipun.

Ing mangke pakêmpalan Narpawandawa parlu anggalih kadospundi tandhaning santana dalêm ingkang gampil sawanci-wanci dipun katingalakên. Manawi salêbêtipun katahan wontên kring, utawi sèksi, utawi up bero lajêng tilpon dhatêng kawadanan santana, utawi kengkenan mêndhêt pikêkahipun, punika dèrèng têmtu lajêng sagêd angsal katêrangan ingkang yêkti. 1e. Kawadanan santana sagêd dèrèng pirsa manawi tahanan wau têmên santana dalêm, dening saking kathahipun santana dalêm ingkang prasasat kapêndhêm. 2e. Mêndhêt pikêkah, sagêd ugi botên kêcêpêng, dening pancèn ical, ukuranipun tiyang langip punika kêrêp botên gadhah simpênan ingkang gumathok, sanadyan bab wau têtêp saking lêpatipun piyambak. Ananging pakêmpalan kêdah parlu anggalih rumêksa dhatêng watak-wantuning tiyang langip wau.

Awit saking ngèngêti kawontênan kasêbut ing nginggil, pamanggih kula parlu sangêt pakêmpalan Narpawandawa damêl tôndha ingkang sagêd dipun bêkta sadintên-dintên, ingkang langkung prayogi insinyê punika kemawon manawi sagêd tumindak kaêsahakên dhatêng parentah Jawi saha parentah Walandi, sasampunipun kaêsahan, lajêng kagêsangakên [kagêsanga...]

--- 100 ---

[...kên] yêktos, santana dalêm katêmtokakên kêdah gadhah, kêdah kabêkta, dene manawi wontên tiyang ingkang maha malsu, têgêsipun sanès santana dalêm, purun ngakên santana kanthi nêdahakên tôndha wau, inggih mawia kagantungan paukuman sapantêsipun, mawa-mawa prakawisipun wêkdal kacêpêng purun nêdahakên tôndha palsu, kados para wêwakilipun kangjêng gupêrmèn inggih botên awrat minangkani nganggêp sah dhatêng pangrêmbag insinyê punika, jêr kawajiban rumêksa têntrêming praja sakawulanipun, sampun ngantos wontên cêcongkrahan.

Bab pamanggih kula punika kula suwun karamèkakên, amargi inggih ngèngêti ribêding santana dalêm wontên ing jaman sarawungan punika, kula sumôngga. Andaga.

Sasêbutanipun Santana Dalêm Canggah

Ôngka 40/74 Na.

Turunan.

Sêrat paturanipun pakêmpalan Narpawandawa, katur ing pêpatih dalêm.

Kula nuwun, pangrèhing pakêmpalan Narpawandawa sampun nampèni sêrat dhawuh nagari katitimasan kaping 9 Pèbruari 1925 ôngka 293 A/1 bab sasêbutanipun santana dalêm canggah jalêr èstri, sawêg konjuk ing Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, sarèhning bab punika sampun sataun langkung dèrèng wontên dhawuhing timbalan dalêm, mila pakêmpalan Narpawandawa nyuwun ing pêpatih dalêm, mugi kaparênga saos unjuk malih nyuwun wiyosing dhawuh timbalan dalêm, supados andadosakên pamarêmipun para santana dalêm. Awit Narpawandawa mirêng têrang bilih sampun kathah swaraning para santana dalêm canggah sami nyuwun lastarinipun mawi sasêbutan radèn mas utawi radèn ayu. Mênggah punika nyuwun dhawuh.

Katur kaping 31 Mèi 1926.

Panitra II: Wg. Purwasastra, Pangarsa: Wg. Kusumayuda.

--- 101 ---

Pawitanipun Tiyang Wontên Praja

Piwulangipun para sêpuh ing kina, tiyang wontên ing praja punika ingkang prayogi sasagêd-sagêd kêdah sumêrêp utawi gadhah pawitan sêsêrêpan 8 prakawis, kados ing ngandhap punika:

1. Tatakrama, 2. Sastra, 3. Astra, 4. Wicara, 5. Wiraga, 6. Basa, 7. Sabawa, 8. Kriya, salah satunggal kêdah kacêkap, sukur tiga sakawan, langkung malih kacêkap sadaya, kalawan sampurna, botên-botênipun inggih ugêr ngêcaki botên cotho.

Mênggah pikantukipun sêsêrêpan 8 prakawis wau makatên.

1. Tatakrama, punika tataning sapolahipun badan, bau, suku, mripat, sarta pangucap, sampun dados anggèn-anggèning praja tuwin karaton. Tumrap patrap sêsrawungan kalihan panjênêngan dalêm nata, sarta para putra santana dalêm, tuwin abdi dalêm agêng alit, sagêd amangkat-mangkat beda-bedanipun anggèning angaosi, satindak sapêcak lampahipun sagêd amangkat-mangkat wontên ing sadhengah panggenanipun, tumrapipun pangangge ugi sagêd ngêtrapakên wontên ing pundi papanipun, utawi mawi-mawi parlunipun, dados botên nama slura-sluru.

2. Sastra punika sêsêratan, kanggenipun ing praja tuwin karaton, sampun caranipun mawi sêrat, sêsrawungan kintun-kinintun sêrat, mawi pangkat-pangkat patrapipun, kados ta: konjuk Ingkang Sinuhun, katur para pangagêng, dhatêng para madya tuwin alit, makatên ugi adat watoning praja tuwin karaton wontên sêrat, cariyos-cariyos lêlabuhan awon sae ugi wontên ing sêrat, dados botên tuna patrapipun.

3. Astra, punika dêdamêl, kangge ing praja tuwin karaton, amargi dèrèng mawi prajurit, ingkang anjagi pakèwêd, tumrap Ingkang Sinuhun utawi sanès-sanèsipun, kathah utawi sakêdhik, pakèwêd agêng utawi alit, samôngsa manggih pakèwêd dados botên kacipuhan.

4. Sumêrêpa ing wicara punika inggih ingkang sagêd wicantên kêkojahan warni-warni dhatêng salanggapanipun, nampèni pawicantênan utawi mangsuli wicantên. Manawi

--- 102 ---

wontên ingkang pantês mawi banyol ingkang murih sênêng kêdah sagêd nandukakên, lesanipun ingkang patitis cêtha.

5. Sumêrêp ing wiraga punika inggih ingkang sagêd anjogèd, sagêd nyolahakên raga ingkang luwês, ingkang prigêl, dalah tangan tuwin sukunipun, mripat ingkang dipun wastani polatan, utawi gulu lan lambungipun. Sagêd anumpak kapal dalah amolahakên turôngga pisan, sakapal-kapalipun, sarta sagêd nênumpak sarupining têtumpakan dalah awon-saenipun pisan, makatên malih mêmènèk ugi kêdah sagêd.

6. Sumêrêp ing basa punika inggih sumêrêp ing têmbung jarwa lan Kawi, dalah têgês sarta suraosing têmbung pisan, makatên ugi angêtrapakên manggènipun têmbung krama luhur, krama madya lan ngoko sarta têmbung karaton, tuwin sagêd ngikêt cariyos kamot ing sêrat utawi sarana pangucap sagêd luwês wilêt manis, sagêd adamêl agal lêmbating têmbung.

7. Sumêrêp ing sabawa punika inggih sumêrêp dhatêng bangsaning krawitan, dalah nama-namaning gêndhing lan gôngsa kalêbêt larasipun, pathêt tuwin sapanunggilanipun, sarta sagêd angungêlakên. Sagêd dhatêng têmbang dalah nama-namanipun pisan, angreka gêndhing lan têmbang ugi sagêd, sagêd matrapakên swara tuwin lêlagon sêru lirihipun, beda-bedanipun wontên ing ngarsaning ratu utawi sanèsipun dumugi tiyang alit pisan.

8. Sumêrêp dhatêng kriya punika inggih sagêd dhatêng kriya lan mangêrtos, kados ta: angreka pangentha angrakit wêwangunan griya sapanunggilanipun, dalah namanipun wangun dhapur lan awon saenipun, makatên ugi awon saening dintên wiwiting panggarap lan dintên tanggal awon saenipun angênggèni pisan, lan sagêd sarta mangrêtos dhatêng kêmasan, pandhe, têluk, kunthi sasaminipun bangsaning kriya.

Manawi para sadhèrèk sampun sami kagungan pawitan samantên, salêbêtipun wontên ing praja lami-lamining dintên, lami-lamining wulan, lami-lamining taun, tamtunipun sagêd wêwah sêsêrêpanipun, jalaran saking sawang-sawunganipun warni-warni kados ta:

--- 103 ---

1. Atakrama,Tatakrama. wêwahipun sumêrêp ing dugi-dugi, têpa-tuladha, lan tatakramanipun bôngsa sanès.

2. Sastra, wêwahipun sastra ngamônca, kados ta: Arab, Cina, Walandi sasaminipun, lan patrap panganggenipun, dalah cariyos tuwin sêsêrêpanipun. 2. Sumêrêp wêwatoning pangadilan ingkang kangge angrampungi prakawis-prakawis, dalah panggaraping papriksan, inggahing prêbal sarta karampungan. 3. Sumêrêp adat-adating praja lan karaton, paprentahan nagari tuwin karaton, dalah sapanggarapipun pisan. 4. Sumêrêp dintên wulan ingkang prayogi kanggenipun anjodhokakên tiyang (lakirabi) lan sangat paningkah tuwin sanès-sanèsipun.

3. Astra, wêwahipun sumêrêp gamaning ngamônca, kados ta: Malajêng, Cina, Arab, Walandi sasaminipun, dalah panyolahipun pananduk panangkis.

4. Wicara, wêwahipun sumêrêp wicaranipun bôngsa ngamônca kados ta: Mlajêng, Cina, Arab, Walandi sasaminipun.

5. Wiraga, wêwahipun sumêrêp solahipun bôngsa ngamônca, kados ta: Cina, Walandi, Malajêng sasaminipun.

6. Basa, wêwahipun sumêrêp têmbung ngamônca, kados ta: Malajêng, Cina, Walandi, Arab sasaminipun.

7. Sabawa, wêwahipun sumêrêp swaraning tiyang ngamônca, kados ta: Malajêng, Cina, Walandi, Arab sasaminipun, dalah têtabuhan tuwin sasêndhonipun pisan.

Taksih wontên sambêtipun.

Kursèn ing Karaton

II.

2. Tingalan dalêm wiyosan taun saha jumênêngan, palênggahan dalêm lastari majêng mangetan.

Siyangipun, sowanipun para bandara kangjêng pangeran putra santana, riya nginggil, wontên ing kursi tharikan ingkang sisih êlèr, para amtênar Walandi sapanunggilanipun wontên sisih kidul. Abdi dalêm bupati, bupati anom sasaminipun, ingkang padatanipun sowan ing nglêbêt, sami wontên ing malige.

--- 104 ---

3. Dalunipun bilih mawi pasamuwan, tatananipun sêsêlingan lêrês, sampun ngantos dhumpyuk, para bandara kangjêng pangeran putra santana, riya nginggil, pêpatih dalêm, saha kolonèl komandhan, sasêlingan kalihan para amtênar Walandi sapanunggilanipun. Para bandara kangjêng pangeran putra santana, riya nginggil, tuwin pêpatih dalêm, kolonèl komandhan wau, miturut urut-urutanipun piyambak. Para amtênar Walandi sapanunggilanipun ugi miturut urut-urutanipun piyambak, wontên ing sisih kidul.

Para putri sasêlingan akalihan nyonyah-nyonyah wontên sisih êlèr, riya ngandhap, abdi dalêm bupati, bupati anom, mayor kaptin, opsir, sami wontên ing malige.

4. Bilih ing kadhaton risèpsi utawi bilih wontên tamu Walandi pisitê sasaminipun, tatananipun ugi sêsêlingan lêrês. Para bandara kangjêng pangeran putra santana sêsêlingan kalihan tuwan-tuwan, para putri sêsêlingan kalihan nyonyah-nyonyah.

5. Pasamuwan paningkahing pangantèn.

Tatananipun kados bilih tingalan dalêm. Sowanipun pêpatih dalêm, kolonèl komandhan, nunggil para bandara kangjêng pangeran. Para abdi dalêm bupati, bupati anom, mayor, kaptin, opsir, sami wontên ing malige.

Majêngipun pangantèn, lampahipun lajêng kemawon, botên mawi kèndêl ing palataran, amung badhe minggahipun ing malige tuwin ing sasanasewaka, punapadene badhe linggihipun ing kursi mawi andhodhok nyêmbah, lampahipun wiwit malige mundhuk-mundhuk. Ningkahipun wontên ing ngarsa dalêm, pangantèn dalah ingkang ngirit, nganthi, ngayap, tuwin abdi dalêm pangulu, sami kalilan linggih kursi, abdi dalêm kêtip linggih ing ngandhap.

6. Supitan ingkang mawi tamu Walandi.

Tatananipun sami kados paningkahing pangantèn.

7. Manawi Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara sowan malêbêt kaparingan linggih kursi, tuwin manawi wontên tamu raja-raja saking sabrang, Bali Lombok sasaminipun, ingkang sami kaparingan linggih kursi, para putra santana saha abdi dalêm kasêbut [kasê...]

--- 105 ---

[...but] ing nginggil wau ugi lajêng sami kadhawuhan linggih kursi.

8. Bilih sampeyan dalêm pisitê dhumatêng paresidhenan utawi sanès-sanèsipun, abdi dalêm bupati, bupati anom sasaminipun ingkang andhèrèk, ugi sami linggih kursi.

Wondene bilih pasamuwan utawi pasowanan ingkang botên mawi tamu bôngsa Eropah, utawi tamu bôngsa sanès ingkang ugi katampèn linggih ing kursi, punika para putra santana dalêm tuwin para abdi dalêm, sowanipun taksih lastari linggih ing ngandhap, lampah-lampahipun ugi lastari kados adat.§ Adêg-adêg pungkasan punika kula têmênipun dèrèng nyandhak, kadospundi karsanipun ingkang damêl tatanan, bokmanawi sadhèrèk Kas kaparêng, kula suwun maringana katrangan wontên ing organ ngriki. Red.

Ôngka 46/8 Ha I.

Tatêdhakan

Dhawuh dalêm, kadhawuhan matêdhani uninga dhumatêng wadananing putra santana dalêm kiwa.

Pakuburanipun Kyai Sutawijaya (Cucuk) ingkang êmbah Kangjêng Ratu Jêruk, kaparênging karsa dalêm, badhe kamulyakakên botên mawi cungkup, namung kakijing kemawon saking marmêr palataranipun kabombong plêstèr, saprayoginipun, mawi dipun hèk tosan mubêng, punika sadaya darah dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IV. Manawi wontên ingkang sumêdya manjurung kalilan, sapintên kalêmpaking yatra panjurung, sakirangipun kangge waragat badhe kajangkêpan saking paring dalêm, wondene kaparêngipun karsa dalêm badhe panggarapipun, wontên salêbêting wulan Sura ngajêng punika, lajêng kadhawuhan andhawuhakên waradin saparlunipun.

Kaping 18 Bêsar Be 1856.

Pangagênging parentah karaton, Wg. Kusumayuda.

Garapan paprentahan.

Wg. Kusumabrata.

Sampun cocog kalihan lugunipun. Wirawardaya.

--- 106 ---

Javaasche vertaling van Staasblad 1903 No. 8

Awit Ingkang Asma Kangjêng Sri Maharaja Putri

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur general ing India Nèdêrlan, sawuse amiyarsakake atur pirêmbuge rad India Nèdêrlan, aparing wêruh marang sarupaning wong.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general, karsa ngagêm wêwênang kang kasêbut ing bab 1, ing nawala kêkancingan dalêm kangjêng sri maharaja putri, katitèn ping 20 Sèptèmbêr 1901, ôngka 48, kapacak ing layang sêtatsêblad taun 1903 ôngka 7.

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general wus anupiksani bab ping 20, 29, 31 lan 33 ing layang pranatan ingatasing pangastane panguwasa, kangjêng guprênêmèn, ing tanah India Nèdêrlan.

Marmane sôngka kaparênging karsane kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general, kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Kaananing pranatan bab panyêkêle babênêran sajroning paresidhenan ing Surakarta, lan ing Ngayogyakarta, iku kasuwak, apadene anane pangadilan sarta babênêran ing nagara karo pisan mau uga kasuwak, samono iku ana papilahane, lire kang pinilahake mau ora angowahi wêwaton sarta wawênanging pangadilan lan babênêran bab prakara parapadu kang lêlawanan padha kawulane kangjêng sultan ing Ngayogyakarta, kang ingaranan pangadilan pradata balemangu lan wadana, sarta wêwaton wawênanging pangadilan kang kalêstarèkake kanggo ing surambi tumrap para kawula mau, ananging mung bab ambênêri prakara pêgatan, awit saka panjaluke wong wadon, kang ora dadi karêpe kang lanang ingaranan rapak, dene karampungane mau kêna kaluhurake munggah marang pêpatihe kangjêng sultan, sarta pancasane pêpatih iku kêna kaluhurake munggah marang kangjêng sultan.

Para kawulane kangjêng sultan, kang padha ginugat prakara parapadu, akanthi para

--- 107 ---

kawulane kangjêng guprêmèn, iku padha kasêrêg ing ngarsane nunggal pangadilan kang kabênêr anggarap prakarane para kawulane kangjêng guprêmèn.

Bab 2

Layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl panguwasa nindakake babênêran tanah India Nèdêrlan, sarta nawala kêkancingan dalêm kangjêng sri maharaja kang katitimasan kaping 19 Januari 1882 ôngka 152 iku padha tumrap ing paresidhenan Surakarta, lan Ngayogyakarta, kajaba papilahane kang kapacak ana ing bab 1 ngarêp mau, sarta pêpacak kang kasêbut ing ngisor iki.

Perangan 1. Mungguh prakara kang ginantungan paukuman sarta prakara parapadu, kang papriksan lan karampungane kawêngku ing kangjêng susuhunan ing Surakarta, sarta panggêdhene trahing Mangkunagaran, lan panggêdhene trahing Pakualaman, sapira kang dadi wajibe dhewe-dhewe iku kaya ta:

a. Prakarane para garwa sarta para ampeyaning nata kang isih jumênêng.

b. Prakarane para garwaning nata kang padha jumênêng dhisik-dhisik.

c. Prakarane para putra nata kang isih jumênêng utawa kang padha jumênêng dhisik-dhisik, apadene para santana kang kalawan salakirabi, mangisor tumêkane canggah, sarta mandhuwur tumêkane eyang canggah, tuwin para sadhèrèk tumêkane putu kaponakan.

d. Prakarane pêpatih lan para bupati nayaka sarabine kang absah.

Mungguh prakara kang ginantungan paukuman, sarta prakara parapadu kang kapriksan lan karampungane kawêngku ing Kangjêng Sultan ing Ngayugyakarta iku kaya ta:

a. Prakarane para garwa sarta ampeyaning nata kang isih jumênêng utawa kang padha jumênêng dhisik-dhisik.

b. Prakarane para putraning nata kang isih jumênêng utawa kang jumênêng dhisik-dhisik, apadene para santana kang kalawan salakirabi mangisor tumêkane canggah, sarta mandhuwur tumêkane eyang canggah, tuwin para sadhèrèk tumêkane putu kaponakan.

c. Prakarane pêpatih, wadananing pangulu, para bupati nayaka, bupati patih kadipatèn, sarta para rabine lan para sêlire sarta prakarane para nyai riya [ri...]

--- 108 ---

[...ya] wadana kaparak.

d. Prakarane para sêlire pangeran adipati anom, para sêlire putra santananing nata kang isih jumênêng utawa kang padha jumênêng dhisik-dhisik, kanggo sasêbutan pangeran, sarta kang isih padha urip, anadene para sêlire pangeran putra kang wus padha tinggal dunya.

Mungguh tibaning karampungan ingatase papilahan kang padha kasêbut ing ngarêp iku kudu kalakon sarêmbug lan panggêdhene paprentahaning nagara.

Pêpacak-pêpacake bab 4 lan bab 179, ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake babênêran ing tanah India Nèdêrlan, padha ora tumrap ingatase papilahan kang kasêbut ing ngarêp iki.

Perangan ping II

Kang kaanggêp pangkat bupati, panggêdhene dhistrik sarta panggêdhene Jawa liya-liyane, iku para panggêdhene pulisi kang padha katêtêpake ing kalungguhane dening utawa têrang paprentahane Ratu Jawa, mupakat lan panggêdhene paprentahan nagara.

Perangan ping III

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general kang amatah liding para landrad, piniji saka panggêdhe Jawa kang dhuwur pangkate.

Perangan ping IV

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general kang namtokake ing ngêndi kudu ana babênêran dhistrik lan babênêran kabupatèn, sarta kang nêtêpake bawah wawêngkone para babênêran kabupatèn.

Perangan ping V

Sarupaning panggonan kang ora kabawahake wawêngkone babênêran dhistrik, iku prakara kang pancèn dadi bubuhane babênêran dhistrik, padha kudu karampungan dening babênêran kabupatèn.

Perangan ping VI

Panggêdhene paprentahan nagara sarêmbug karo paprentahane Ratu Jawa kang amatah para panggêdhe Jawa cilik pangkate minôngka dadi kancane urun rêmbug ana

--- 109 ---

ing babênêran dhistrik sarta babênêran kabupatèn.

Perangan ping VII

Sakèhing karampungane babênêran dhistrik kasêbut ing bab 80 ing layang pranatan bab kawujudane kang anyêkêl pangawasa anindakake babênêran ing tanah India Nèdêrlan, iku kêna kaluhurake munggah marang babênêran kabupatèn.

Perangan ping VIII

Ing kutha paresidhenan Ngayugyakarta iku kadunungan landrad, kabawah wawêngkone sumrambah ing paresidhenan Ngayogyakarta kabèh.

Bab 3

Sakèhing prakara parapadu, kang ing wêktu tumapake layang undhang-undhang iki gumantung ing residhènsi rat ing Ngayogyakarta, lan ing Surakarta, ing sakèhing pradata ing sajroning paresidhenan Surakarta lan sakèhing surambi sajroning paresidhenan Surakarta lan ing Ngayogyakarta, ananging sapira mungguh tumrape ing paresidhenan Ngayogyakarta kajaba sakèhing prakara papêgatan awit saka panjaluke wong wadon kang ora dadi karêpe kang lanang ingaranan rapak, iku padha kabênêr kapasrahake marang pangadilan sarta priyayi kang padha nyêkêl babênêran, kang wênang anitipariksa prakara mau.

Bab 4

Sakèhing prakara ginantungan paukuman, kang waktu tumapaking layang undhang-undhang iki wus padha gumantung pangadilan residhènsi rat ing pangadilan prakara kriminal lan ing sakèhing pangadilan pradata, apa manèh sakèhing prakara pulisi sajroning paresidhenan Surakarta ing bawahe Kangjêng Susuhunan, kang wus padha gumantung ana ing para panggêdhening kabupatèn, sarta ing bawahe panggêdhene trah Mangkunagaran, kang wus padha gumantung ana para wadana gunung, iku padha kabênêr kapasrahake marang ing pangadilan utawa priyayi nyêkêl babênêran, kang wênang anitipariksa prakara mau.

Bab 5

Mungguh wawênang angulurake sakèhing prakara parapadu utawa prakara kang ginantungan [ginantung...]

--- 110 ---

[...an] paukuman, kang wus padha kadhawuhan karampungan, sadurunge waktu tumapake layang undhang-undhang iki, iku kawêngku ing pranatan wêwatoning kukum kang nalika samana isih tumindak.

Layang undhang-undhang iki kapacaka ing layang sêtatsêblade tanah India Nèdêrlan, lan katuruna têmbung Jawa, Malayu lan Cina, turunane ing saparlune banjur katèmplèkna ana ing panggonan sing salumrahe, supaya aja ana kang mitambuhi ing unine.

Sarupaning priyayi kang lumaku ing gawe lêdhegêdhe. cilik, padha kadhawuhan sapira kang dadi bubuhane dhewe-dhewe, amurih kalakone unining layang undhang-undhang mau tanpa mawang wonge.

Dhawuh ing Bogor kaping 7 Januari 1903.

Katandhan asta kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur general ing India Nèdêrlan. W. Rosêbum,

Katandhan kangjêng tuwan algêmènê sèkêrtaris C.B. Nèdhêrburêh.

Kaundhangake kaping 30 Januari 1903.

Katandhan kangjêng tuwan algêmènê sèkêrtaris C.B. Nèdhêrburêh.

Ôngka 1405 A/1.

Turunan

Awit saka dhawuhing timbalan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, manira paring sumurup marang para putra santana sarta abdi dalêm kabèh, minôngka sêsambungane dhawuh manira pêpeling katitimasan kaping 4 Mèi 1925 ôngka 969 A/1, ing samêngko kangjêng guprêmèn andhawuhake marang para priyayi gêdhe cilik abdine kangjêng guprêmèn, kaya kang kasêbut layang idêran saka kangjêng tuwan wakil, irstê guprêmèn sèkrêtaris katitimasan kaping 25 Mèi 1926,

--- 111 ---

ôngka 193 X, surasane samêngko kangjêng guprêmèn anguningani kalawan têrang, yèn pakumpulan Perserikatan Komimunist Indonesia utawa Partij Kommunist India kang cêkakane aran: P.K.I. apadene pakumpulan kang dadi dhêdhasare, yaiku pakumpulan Sarekat Rakjat (S.R.), iku kang dadi sêdyane padha anglawan lan angrubuhake parentah. Ing samêngko para abdine kangjêng guprêmèn kalarangan ora kêna pisan-pisan dadi wargane pakumpulan loro mau utawa salah sawiji, sadhengaha carane, sarta wiwit tanggal sapisan Juli 1926 yèn ana kang dadi warga banjur kaundur saka kalungguhane.

Awit saka iku, kaparênging karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, uga andhawuhake marang sarupane putra santana sarta abdi dalêm kabèh dalah bêbau sapanunggalane, aja nganti ana kang dadi wargane pakumpulan loro kasêbut ing dhuwur utawa salah sawiji utawa ambiyantu marang pakumpulan mau sadhengaha carane, manawa sawuse têlung puluh dina saka titimasane dhawuh manira iki, ana kang ora ngèstokake, môngka wus nandhani jênêng ana ing layang idêran kanthine dhawuh manira iki, iku kaanggêp nêrak dhawuh manira pêpeling katitimasan kaping 4 Mèi 1925 ôngka 969 A/1, sarta kapatrapan kaya kang kasêbut dhawuh pêpeling mau.

Para kabupatèn, para kawadanan sarta para panggêdhe banjur amratakna dhawuh manira iki marang karerehane kabèh aja ana kang kliwatan, sarta padha kadhawuhana nandhani jênêng ana ing layang idêran (Lijst) kanthine dhawuh iki, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup sawuse lijst mau kaladèkna bali ing nagara sajroning sêsasi saka titimasa dhawuh iki.

Pêpatih dalêm, Kangjêng Radèn Adipati Wg. Jayanagara,

Garapan A/1

Wg. Sasranagara.

--- 112 ---

Pangandikanipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, wontên parêpatan rad kawula 18 Juni 1926

(Pêthikan saking Sêdyatama).

Suraosipun kirang langkung kados ing ngandhap punika:

Tuwan pangarsa: kados taun ingkang sampun-sampun, sapunika kula inggih badhe ngrêmbag prakawis paprentahanipun para panjênêngan nata Jawi, umum, sarta ingkang baku paprentahan nagari Surakarta.

Prakawis sèlèhipun (exterritorialiteit) tiyang guprêmenan, wontên salêbêting paprentahan Jawi, ingkang sapunika sampun kapasrahakên dhateng satunggiling panitya, miturut kêkancingan gupêrmèn nalika 22 April 1926 ôngka 1/X, supados dipun sinau, sampun kaping pintên-pintên dados rêmbaging rad punika.

Bab punika sangêt sami andadosakên bingah kula sadaya, dene prakawis punika parentah kêparêng ngewahi anyas sakawit, dening panyaruwe kula kasêbut palapuran parêpatan abdhèling, sabab punapa ing panitya wau botên wontên nakilipunwakilipun. parentah Jawi.

Tuwan pangarsa, kula badhe matur ragi lêbêt prakawis punika. Satunggiling panitya ingkang ngrêmbag sèlèhipun tiyang gupêrmenan salêbêting paprentahan Jawi, liripun lêlayananipun tiyang ingkang sami manggèn salêbêting paprentahan Jawi, ingkang kalêpatakên ing anggêr paprentahan ngriku (exterritorialiteit) pangintên kula kêdah ngrêmbag bab-bab ing ngandhap punika:

1. Pranatan ingkang sapunika têksih tumindak.

2. Pêpalang-pêpalang ingkang mêdal saking pranatan wau.

3. Rekadaya andandosi kawontênan lêlayananipun tiyang gupêrmenan salêbêting paprentahan Jawi sagêda kadamêl gampil.

Taksih wontên sambêtipun.